Jawa

Kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah. Kita padha nglambrang kaya wedhus, dhewe-dhewe kang kita ener. Sarta padha kayadene manungsa katetepake mati mung sapisan bae, lan sawise iku diadili. Awit pituwase dosa iku pati. Wong manawa ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah. Apa kang lair saka ing daging iku daging lan kang lair saka ing Roh, iku Roh. Ana dalan kang dikira bener dening wong, mangka wekasane anjong marang pati. Panjenengan sami nguningani bilih boten wonten tiyang satunggal-satunggala kemawon ingkang kaanggep leres margi saking nglampahi angger-anggering Toret.

Anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah, iku dudu wohing panggawemu; aja ana wong kang gumunggung. Pangandikane Gusti Yesus: Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku. Kaliyan malih boten wonten karahayon wonten ing sintena kemawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanesipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita. Awit Gusti Allah ora nyadhangake kita marang bebendu, nanging supaya oleh karahayon marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita kang wus seda kanggo kita. Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng. Sakehe duraka kita ditempahake marang Panjenengane dening Yehuwah. Sabab Gusti Yesus Kristus uga wus nglampahi seda sapisan marga dosa kita kabeh, Panjenengane kang tanpa kaluputan kanggo wong-wong kang kaluputan, supaya kita padha bisa kasowanake marang ing ngarsaning Allah. Sih-peparinge Gusti Allah iku urip-langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.

Panjenengane uga saged mitulungi rahayu kalawan sampurna marang sakehing wong kang sowan ing ngarsane Gusti Allah lumantar Panjenengane. Jalaran Panjenengane gesang ing salawase prelu jumeneng dadi Pantarane wong-wong mau. Panjenengane kang kuwasa ngreksa marang kowe kabeh supaya padha ora kesandhung sarta mrenahake kowe kalawan tanpa cacad ana ing ngarsaning kamulyane kanthi sukarena. Jalaran sarehne Panjenengane piyambak wis nandhang sangsara marga saka kagodha, dadi Panjenengane saged mitulungi marang wong kang padha kena ing panggodha. Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar. Gusti Allah sapunika martosaken dhateng manungsa, bilih wontena ing pundhi-pundhi kemawon, sadaya tiyang kedah mratobat. Kula aturi pitados dhateng Gusti Yesus Kristus, temah penjenengan badhe wilujeng, panjenengan dalah brayat panjenengan. Manawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengane iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehing dosa kita, sarta ngresiki sakehing piala kita. Manawa sarana tutukmu kowe ngakoni yen Gusti Yesus iku Gusti, lan atimu pracaya yen Gusti Allah wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati, kowe bakal kapitulungan rahayu. Sabab, kalawan ati wong iku anggone pracaya, sarta kabenerake, lan kalawan tutuk wong anggone ngakoni pracaya, sarta kapitulungan rahayu.

free web site hit counter