/1 Kang wus ana ing wiwitan mula, kang wus padha dakrungu, kang wus padha dakdeleng kalawan mripatku, kang wus dakwaspadakake, iya kang wus dakgrayang kalawan tanganku bab ing ngatase Sabdaning kauripan, yaiku kang dakwartakake marang kowe. Dene urip iku wus kababar lan wus padha dakdeleng, dene saiki aku padha dadi seksi sarta ngundhangake marang kowe bab urip langgeng kang dumunung ana ing Sang Rama lan kang wus kalairake marang aku kabeh. Kang wus padha dakdeleng lan dakrungu iku mau iya dakwartakake marang kowe, supaya kowe uga bisaa tetunggalan karo aku kabeh; Lan anggonku padha tetunggalan iku karo Sang Rama lan karo Sang Putra, Gusti Yesus Kristus. Dene anggonku nulis bab iki mau kabeh marang kowe iku supaya kabungahanku dadia sampurna. Anadene iki pawarta kang wus padha dakrungu saka ing Panjenengane, kang dakwartakake marang kowe: Gusti Allah iku pepadhang lan Panjenengane ora kadunungan pepeteng babar pisan. Saupama kita padha ngaku tetunggalan karo Panjenengane, mangka laku kita ana ing pepeteng, dadi kita goroh lan ora nglakoni ing kayekten. Balik manawa laku kita ana ing pepadhang kayadene Panjenengane iya ana ing pepadhang, dadi kita padha tetunggalan, sarta rahe Gusti Yesus Kang Putra iku ngresiki kita saka sakehe dosa. Saupama kita padha ngaku ora duwe dosa, dadi padha ngapusi awak kita dhewe lan ora kadunungan kayekten. Manawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengane iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehing dosa kita, sarta ngresiki sakehing piala kita. Saupama kita padha ngaku ora gawe dosa, dadi padha nganggep Panjenengane dora, sarta pangandikane ora dumunung ana ing kita.
/2 He, anak-anakku, anggonku nulis bab prakara iku marang kowe iku supaya kowe aja padha gawe dosa; Ewadene manawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, iya iku: Gusti Yesus Kristus kang adil.