1:1 Sadurungé jagad dititahaké, Sang Sabda wis ana. Sang Sabda mau tetunggilan karo Gusti Allah, sarta Sang Sabda kuwi pancèn Allah. 2 Sadurungé jagad iki ana, Sang Sabda wis nunggil karo Gusti Allah. 3 Lan lantaran Sang Sabda mau Gusti Allah nitahaké samubarang kabèh. Ora ana barang siji waé ing alam donya iki sing ora dititahaké déning Sang Sabda. 4 Sang Sabda kuwi sumbering uripé sakèhing titah sing ana ing donya iki, lan dadi pepadhanging para manungsa. 5 Pepadhang sumunar ana ing pepeteng, lan pepeteng ora bisa ngalahaké Pepadhang mau. 6 Gusti Allah ngutus utusané, jenengé Yohanes. 7 Tekané Yohanes nggawa pawarta bab Sang Pepadhang mau marang wong kabèh, supaya wong-wong padha precaya marang Sang Pepadhang. 8 Yohanes dhéwé dudu Sang Pepadhang, awit tekané Yohanes didhawuhi nyritakaké bab Sang Pepadhang. 9 Panjenengané kuwi Sang Pepadhang sing sejati, sing rawuh ing donya lan madhangi wong kabèh. 10 Sang Sabda wis ana ing jagad. Lan senajan jagad dititahaké déning Gusti Allah lantaran Sang Sabda, éwasemono jagad mau ora wanuh marang Panjenengané. 11 Sang Sabda ngrawuhi bangsané dhéwé, nanging bangsané mau padha nampik marang Panjenengané. 12 Éwasemono uga ana wong-wong sing padha nampani lan precaya. Wong-wong mau padha diparingi wewenang dadi putrané Allah. 13 Enggoné dadi para putrané Allah mau ora merga dilairaké déning manungsa, lair saka karepé wong lanang, nanging saka kersané Allah. 14 Sang Sabda wis dadi manungsa, manggon awor karo kita. Kita wis padha ndeleng kamulyané Sang Manungsa mau. Iya kamulyan kang kaparingaké marang Putraning Allah Sang Rama, Putra ontang-anting. Kamulyané Sang Putra mau mengkéné: Lantaran Sang Putra mau Gusti Allah wis mratélakaké Sarirané piyambak lan katresnané marang kita sakatogé. 15 Nabi Yohanes neksèni mungguh Sang Putra mau karo ngandika sora: "Ya iki wong sing dakkarepaké nalika aku kandha: 'Panjenengané rawuh samburiku, nanging Panjenengané luwih dhisik tinimbang karo aku', sebab Panjenengané wis ana, sadurungé aku lair." 16 Sih-rahmaté Sang Putra mau gedhé banget. Saka lubèring sih-rahmaté, Sang Putra tansah mberkahi kita kabèh ora kendhat-kendhat. 17 Gusti Allah maringaké Kitab Torèt lantaran Nabi Musa, nanging lantaran Gusti Yésus Kristus, Gusti Allah mratélakaké sarirané piyambak sarta sih-katresnané marang kita. 18 Ora ana wong siji waé sing wis tau weruh Gusti Allah. Nanging Putrané Allah ontang-anting, sing jumeneng Allah piyambak, lan sing tetunggilan karo Sang Rama, kuwi sing ngetingalaké Gusti Allah marang kita. 19 Para penggedhéné wong Yahudi ing kutha Yérusalèm kongkonan imam-imam lan wong-wong turunané Lèwi marani Nabi Yohanes, dikon takon marang nabi mau: "Panjenengan menika sejatosipun sinten?" 20 Nabi Yohanes emoh goroh, Panjenengané kanthi barès ngandika: "Aku dudu Sang Kristus." 21 Pitakoné wong-wong mau: "Menawi mekaten, lajeng Panjenengan menika sinten? Menapa panjenengan menika Nabi Élia?" Wangsulané Nabi Yohanes: "Dudu." Pitakoné menèh: "Menapa panjenengan menika Sang Nabi?" *Sang Nabi: Tegesipun ing ngriki: Nabi ingkang kaweca badhé dhateng sadèrèngipun Sang Mèsias utawi Kristus. Mirsanana Kitab Andharaning Torèt 18:15,18; Yohanes 6:14.* "Uga dudu," mengkono wangsulané Nabi Yohanes. 22 Wong-wong mau padha pitakon menèh: "Menawi mekaten panjenengan kersaa blaka, panjenengan menika sinten, supados kula saged nerangaken dhateng tiyang-tiyang ingkang kèngkènan kula mriki." 23 Nabi Yohanes nuli mangsuli nganggo ayat saka Kitabé Nabi Yésaya: "Aku iki swara sing ngumandhang ana ing ara-ara samun: 'Dalan sing kagem Gusti padha ratanen!' " 24 Ing antarané wong-wong sing padha takon mau ana sing dikongkon déning wong Farisi. 25 Wong-wong kuwi padha takon marang Nabi Yohanes: "Menawi panjenengan sanès Sang Kristus, sanès Nabi Élia, utawi nabi sanèsipun, menapa sebabipun panjenengan mbaptisi tiyang?" 26 Wangsulané Nabi Yohanes: "Aku mbaptis nganggo banyu, nanging ing antaramu ana Wong, sing kowé ora wanuh. 27 Wong kuwi tekané samburiku, nanging nguculi taliné trumpahé waé aku ora patut." 28 Iki kedadéané ana ing désa Bètani, ing sisih wétané Kali Yardèn, yakuwi panggonané Nabi Yohanes mbaptisi wong-wong. 29 Ésuké Nabi Yohanes weruh Gusti Yésus rawuh marani dhèwèké. Nabi Yohanes nuli ngandika: "Delengen, kuwi Cempéning Allah, sing nebus dosané jagad. 30 Ya Panjenengané kuwi sing dakkandhakaké bakal rawuh samburiku. Nanging Panjenengané mau luwih dhisik tinimbang aku, sebab Panjenengané wis ana sadurungé aku lair. 31 Mauné aku durung wanuh karo Panjenengané, nanging supaya bangsa Israèl padha wanuh marang Panjenengané, aku diutus mréné mbaptis nganggo banyu." 32 Paseksiné Nabi Yohanes bab Panjenengané mengkéné: "Aku weruh Rohé Allah tumurun saka ing langit kaya manuk dara, banjur andhok *andhok: mboten késah-késah saking ngriku.* ana ing Panjenengané. 33 Nalika semana aku ora wanuh karo Panjenengané, nanging Gusti Allah sing ndhawuhi aku mbaptis nganggo banyu, Panjenengané sing ngandika marang aku, 'Menawa kowé ndeleng Rohé Allah nedhaki sawijining Wong lan manggon ana ing Wong mau, Wong kuwi sing bakal mbaptis nganggo Rohé Allah.' 34 Aku wis nyipati lelakon mau," mengkono pangandikané Nabi Yohanes, "Padha ngandela yèn Panjenengané kuwi pancèn Putraning Allah." 35 Ésuké Nabi Yohanes wis ana ing panggonan mau menèh, karo muridé loro. 36 Bareng weruh Gusti Yésus liwat, Nabi Yohanes nuli ngucap mengkéné: "Delengen, Panjenengané kuwi Cempéning Allah, sing bakal dienggo kurban!" 37 Bareng muridé Nabi Yohanes padha krungu pangandika sing mengkono mau, nuli padha mangkat ndhèrèkaké tindaké Gusti Yésus. 38 Gusti Yésus nolèh lan pirsa wong loro mau padha ndhèrèkaké Panjenengané, nuli ngandika: "Kowé padha nggolèki sapa?" Aturé para murid mau: "Rabbi, *'Rabbi': Tembung Ibrani, ingkang tegesipun: 'Guru'.* dalem Panjenengan wonten pundi?" 39 "Ayo, mèlua Aku, nyatakna dhéwé," dhawuhé Gusti Yésus. Wong loro mau nuli padha ndhèrèk lan ndeleng omah sing didalemi Gusti Yésus. Ing dina kuwi murid loro mau padha nginep ana ing kono. (Nalika semana kira-kira jam papat soré.) 40 Murid loro sing padha krungu pangandikané Nabi Yohanes lan wis bebarengan karo Gusti Yésus niliki dalemé mau, sing siji jenengé Andréas, seduluré Simon Pétrus. 41 Andréas nuli énggal-énggal nemoni Simon, kandhané: "Aku wis padha ketemu karo Sang Mèsias! *'Mèsias' utawi Mèsiah: tegesipun 'Jinebadan'.* Juru Slamet sing dijanjèkaké déning Gusti Allah." 42 Andréas nuli ngeteraké Simon sowan Gusti Yésus. Sawisé mirsani Simon, Gusti Yésus nuli ngandika: "Kowé Simon, anaké Yohanes. Kowé bakal disebut 'Kéfas'." *'Kéfas': Tembung Ibrani; basanipun Yunani: "Pétrus", tegesipun "watu karang."* 43 Ésukè Gusti Yésus ngersakaké tindak menyang tanah Galiléa. Ana ing kana ketemu karo Filipus. Pangandikané Gusti Yésus marang Filipus: "Mèlua Aku." 44 Filipus asalé saka kutha Bètsaida, yakuwi kutha asalé Andréas lan Pétrus.) 45 Sawisé kuwi Filipus nuli nggolèki Natanaèl, Filipus kandha karo Natanaèl: "Aku wis ketemu karo wong sing disebut déning Nabi Musa ing Kitab Torèt, sing uga disebut déning para nabi ana ing Kitabé Para Nabi. Wong kuwi jenengé Yésus, anaké Yusuf, wong Nasarèt." 46 Nanging Natanaèl mangsuli: "Saka Nasarèt apa ana barang sing becik?" Wangsulané Filipus: "Wis ta, delengen dhéwé." 47 Gusti Yésus pirsa Natanaèl sowan ing ngarsané, banjur ngandika: "Iki wong Israèl sejati, wong sing jujur!" 48 Aturé Natanaèl: "Saking sinten Guru pirsa kawontenan kula?" Pangandikané Gusti Yésus: "Sadurungé Filipus ngajak kowé, yakuwi nalika kowé isih ana ing sangisoré wit anjir, Aku wis weruh kowé." 49 Aturé Natanaèl: "Guru, Panjenengan menika Putraning Allah! Ratunipun bangsa Israèl!" 50 Gusti Yésus ngandika: "Apa enggonmu precaya kuwi merga Aku kandha, yèn Aku wis weruh kowé nalika kowé isih ana ing sangisoré wit anjir? Kowé bakal ndeleng lelakon-lelakon sing luwih élok ketimbang iki." 51 Gusti Yésus banjur ngandika marang para murid mau: "Ngandela! Kowé bakal padha weruh langit kabukak lan weruh para Malaékaté Pangéran padha munggah-mudhun sowan marang Putrané Manungsa."
2:1 Let rong dina, ing kutha Kana, tanah Galiléa, ana wong duwé gawé. Ibuné Gusti Yésus jagong mrono. 2 Semono uga Gusti Yésus lan para muridé padha diulemi. 3 Bareng angguré entèk kabèh, ibuné Gusti Yésus nuli ngandika marang Panjenengané: "Padha kentèkan anggur." 4 Gusti Yésus ngandika: "Ibu, sampun ndhawuhi kula nindakaken menapa-menapa, jalaran samenika dèrèng dumugi wekdalipun." 5 Ibuné Gusti Yésus mau nuli ngandika marang para peladèn: "Apa sing didhawuhaké Yésus marang kowé, padha lakonana!" 6 Ing kono ana genthong wadhah banyu enem, sing disedhiyakaké kanggo sesuci, manut prenatané agama Yahudi. Saben genthong mau bisa amot wolung puluh tekan satus liter. 7 Gusti Yésus ndhawuhi marang para peladèn: "Genthong-genthong kuwi padha isènana banyu." Para peladèn nuli ngisèni genthong-genthong mau nganti kebak. 8 Sawisé kuwi Gusti Yésus ngandika: "Saiki nyidhuka banyu kuwi sethithik lan aturna marang pemimpining pésta!" Peladèn mau banjur nindakaké apa sadhawuhé. 9 Pemimpining pésta banjur ngicipi banyu mau, sing saiki wis malih dadi anggur. (Pemimpining pésta ora ngerti saka endi asalé anggur mau, awit mung para peladèn sing padha ngisèkaké banyu ana ing genthong-genthong kuwi waé sing padha ngerti.) Pemimpining pésta nuli ngaturi pirsa marang pengantèn lanang, 10 banjur matur: "Limrahipun ingkang dipun ladosaken rumiyin menika anggur ingkang éca, lan menawi para tamu sampun ngunjuk radi kathah, lajeng saweg anggur ingkang limrah. Nanging menapa sebabipun anggur ingkang saé kokpanjenengan simpen lan saweg kaladosaken samenika?" 11 Iki mujijat sing kawitan, sing ditindakaké Gusti Yésus, kelakoné ana ing kutha Kana, tanah Galiléa. Srana mujijat mau Gusti Yésus ngetingalaké kamulyané; mulané para murid nuli padha precaya marang Panjenengané. 12 Sakonduré saka ing kono, Gusti Yésus, ibuné, lan sedulur-seduluré, banjur tindak menyang Kapèrnaum sarta nginep ana ing kono sawetara dina. 13 Bareng wis nyedhaki Riaya Paskahé wong Yahudi, Gusti Yésus nuli tindak menyang kutha Yérusalèm. 14 Ana ing Pedalemané Allah, Gusti Yésus mirsa ana wong lagi dol-tinuku sapi, wedhus lan manuk dara; uga mirsa tukang ngijoli dhuwit, padha lungguh ana ing kono. 15 Gusti Yésus banjur damel pecut saka tali, nuli nggusah kéwan-kéwan mau, dalasan wedhus-wedhus lan sapi-sapi. Méja-méja panggonané wong padha ngijolaké dhuwit digulingaké, nganti dhuwit-dhuwité mawut tekan ngendi-endi. 16 Gusti Yésus nuli ndhawuhi marang wong sing padha adol manuk dara: "Manuk-manuk kuwi padha singkirna kabèh saka kéné. Pedalemané Rama-Ku aja padha kokenggo dodolan!" 17 Para sekabaté Gusti Yésus banjur padha kèlingan ayat ing Kitab Suci sing surasané: "Katresnan Kawula dhateng Pedaleman Paduka menika kados latu ingkang ngalad-alad!" 18 Para pengareping wong Yahudi padha madoni Gusti Yésus karo muni: "Cobi, kula aturi damel mujijat, ingkang mbuktèkaken, bilih Panjenengan wenang nindakaken ingkang kados mekaten menika!" 19 Pangandikané Gusti Yésus: "Pedalemané Allah iki bungkaren, mengko sajroné telung dina bakal Dakadegaké menèh." 20 Aturé wong-wong mau: "Laminipun mbangun Pedalemanipun Allah menika ngantos kawan dasa nem taun, lhakok Panjenengan badhé ngedegaken salebetipun tigang dinten?" 21 Nanging Pedalemané Allah sing dikersakaké déning Gusti Yésus kuwi sarirané piyambak. 22 Mula nalika Gusti Yésus wungu saka ing séda para sekabaté padha kèlingan yèn Panjenengané naté ngandika mengkono. Para sekabat nuli padha precaya marang surasané Kitab-kitab, lan marang apa sing dipangandikakaké déning Gusti Yésus. 23 Nalika Gusti Yésus ana ing kutha Yérusalèm, sajroné Riaya Paskah, akèh wong sing padha precaya marang Panjenengané awit saka mujijat-mujijat sing ditindakaké. 24 Nanging Gusti Yésus piyambak ora maèlu marang precayané wong-wong mau, sebab Panjenengané pirsa atiné siji-sijiné wong. 25 Ora susah diaturi pirsa bab kaanané siji-sijiné wong mau, awit Panjenengané pirsa apa sing ana sajroning atiné manungsa.
3:1 Ana wong Farisi, pemimpining agama Yahudi, jenengé Nikodémus. 2 Ing wayah bengi Nikodémus mau sowan Gusti Yésus, lan nyuwun pirsa: "Guru, kawula sami sumerep, bilih Panjenengan menika Guru, ingkang kautus déning Gusti Allah. Awit mboten wonten tiyang ingkang saged damel mujijat-mujijat kados ingkang Panjenengan tindakaken, menawi Gusti Allah mboten nunggil kaliyan tiyang wau." 3 Gusti Yésus nuli ngandika: "Élinga! Ora ana wong sing bisa ngrasakaké Kratoné Gusti Allah, yèn wong mau ora kalairaké menèh." 4 Aturé Nikodémus: "Kadospundi? Tiyang sampun diwasa rak mboten saged lair malih? Tiyang wau rak mboten saged mlebet ing wetenganing ibunipun, lajeng dipun lairaken malih?" 5 Pangandikané Gusti Yésus: "Menawa wong ora dilairaké saka banyu lan saka Rohé Allah, wong mokal bisané ngalami Kratoné Gusti Allah. 6 Sing lair saka wong tuwa kita ana ing donya, kuwi badan wadhag, nanging badan rohani kita lairé saka Gusti Allah ing swarga. 7 Aja gumun yèn Aku kandha: 'Kowé kabèh kudu kalairaké menèh.' 8 Lakuné angin kuwi manut sakarepé dhéwé; kita krungu swarané, nanging ora weruh sangkan parané. Semono uga kaanané wong sing dilairaké menèh déning Rohé Allah." 9 Aturé Nikodémus: "Prekawis menika sagedipun kelampahan kadospundi?" 10 Pangandikané Gusti Yésus: "Kowé kuwi guru sing misuwur ana ing tanah Israèl, lah kokora ngerti prekara sing mengkono? 11 Ngandela, Aku mung ngandhakaké prekara-prekara sing Dakngertèni, lan Aku nerangaké prekara-prekara sing wis Dakweruhi; nanging kowé padha ora gelem precaya marang Aku. 12 Yèn Aku nyritakaké sing ana ing jagad iki waé kowé wis ora precaya, kepriyé bisamu precaya marang Aku, yèn Aku nyritakaké marang kowé prekara-prekara sing ana ing swarga? 13 Ora ana wong siji waé sing tau munggah swarga, nanging saka swarga wis ana sing mudhun menyang bumi, yakuwi Putrané Manungsa. 14 Nalika ana ing ara-ara samun Nabi Musa manjer ula tembaga ana ing kayu, iya kaya mengkono Putrané Manungsa bakal dipanjer ana ing kayu, 15 supaya saben wong sing precaya marang Panjenengané ngalami urip sing sejati. 16 Awit saka gedhéning sih-katresnané Gusti Allah marang jagad, nganti Panjenengané ngurbanaké Putrané ontang-anting, supaya saben wong sing precaya marang Sang Putra mau ora nemu karusakan, nanging ngalamana urip langgeng. 17 Mulané enggoné Gusti Allah ngutus Putrané rawuh ing jagad kuwi ora supaya dadi Hakim, nanging supaya dadi Juru Slameté jagad mau. 18 Sing sapa precaya marang Sang Putra ora bakal diukum. Nanging sing sapa ora precaya, kuwi wis diukum, awit wong kuwi ora precaya marang Putra ontang-antingé Gusti Allah mau. 19 Déné sebabé mengkéné: pepadhang wis ana ing jagad, nanging manungsa luwih seneng karo pepeteng, ketimbang karo pepadhang, awit penggawé-penggawéné ala. 20 Saben wong sing nglakoni piala, sengit karo pepadhang; wong mau ora gelem marani pepadhang, supaya penggawéné sing ala mau aja nganti konangan. 21 Nanging sing sapa mbangun-turut marang kersané Allah, wong kuwi malah marani pepadhang, supaya cetha yèn apa sing dilakoni mau manut kersané Allah." 22 Sawisé kuwi Gusti Yésus lan para sekabaté padha menyang tanah Galiléa. Ana ing kana nganti sawetara dina, sarta mbaptisi wong-wong sing padha mratobat. 23-24 Nalika semono Nabi Yohanes durung dilebokaké ing pakunjaran. Panjenengané mbaptis wong-wong ana ing désa Ainon, ora adoh saka kutha Salim, sebab ing kana akèh banyu. Wong-wong mau padha marani panjenengané, nuli padha dibaptisi. 25 Nalika semana ana sawetara muridé Nabi Yohanes Pembaptis padha bebantahan karo wong Yahudi bab Prenatan sesuci. 26 Para muridé Nabi Yohanes Pembaptis mau padha matur: "Guru, menapa Panjenengan kèngetan dhateng tiyang ing sabranging Lèpèn Yardèn, ingkang Panjenengan tedahaken dhateng kula kala semanten? Tiyang menika ugi mbaptisi, lan tiyang sedaya sami mrika, murugi tiyang wau!" 27 Nanging Nabi Yohanes mangsuli: "Ora ana wong sing duwé apa-apa, yèn ora kaparingaké déning Gusti Allah marang dhèwèké. 28 Kowé dhéwé wis padha krungu tembungku: aku iki dudu Sang Kristus. Mung kadhawuhan ndhisiki tindaké. 29 Pengantèn wadon kuwi duwèké pengantèn lanang. Kancané pengantèn lanang mung ngadeg, ngancani lan ngrungokaké; wong mau wis seneng yèn krungu swarané pengantèn lanang. Kaya mengkono uga aku. Saiki aku seneng banget. 30 Wis samesthiné yèn Panjenengané saya mundhak, lan aku saya suda." 31 "Sing rawuh saka ing ngaluhur kuwi ngungkuli sekabèhé. Sing asalé saka jagad iki kegolong wong-wong jagad lan sing diomongaké ya prekara-prekara sing magepokan karo jagad. Panjenengané sing pinangkané saka ing ngaluhur, kuwi ngungkuli sekabèhé. 32 Panjenengané ngandikakaké apa sing wis dipirsani lan wis dipirengaké, nanging ora ana wong siji waé sing precaya marang pawartané. 33 Wong sing padha precaya marang pangandikané, padha ngakoni yèn Gusti Allah kuwi bener. 34 Wong sing diutus déning Gusti Allah kuwi nggawa pawarta saka Gusti Allah, sebab Gusti Allah wis maringaké Rohé marang utusané mau tanpa wangenan. 35 Sang Rama ngasihi marang Sang Putra lan wis masrahaké samubarang kabèh marang Sang Putra. 36 Wong sing precaya marang Sang Putra ngalami urip sejati. Nanging wong sing ora precaya marang Sang Putra ora bakal ngalami urip sejati, lan bebenduné Gusti Allah tetep nempuh marang wong mau."
4:1 Wong Farisi padha krungu yèn Gusti Yésus olèh murid lan mbaptisi wong luwih akèh ketimbang karo Nabi Yohanes. 2 Satemené Gusti Yésus dhéwé ora mbaptis; sing mbaptis para sekabat. 3 Nalika pirsa yèn wong Farisi padha krungu bab kuwi, Gusti Yésus nuli tindak saka tanah Yudéa, menyang tanah Galiléa. 4 Tindaké mau ngersakaké miyos tanah Samaria. 5 Ing tanah Samaria kono Gusti Yésus rawuh ing kutha Sikhar, ora adoh saka palemahan, sing biyèn déning Yakub diparingaké marang putrané sing jeneng Yusuf. 6 Ing kono ana sumuré Rama Yakub. Sarèhné sayah banget, Gusti Yésus nuli lenggah ing pinggir sumur mau. Nalika semana kira-kira jam rolas awan. 7 Nuli ana wong wadon Samaria teka arep ngangsu. Gusti Yésus nuli ngandika marang wong mau: "Aku wènèhana ngombé." 8 Para sekabaté lagi padha lunga menyang kutha, tuku pangan. 9 Wong wadon Samaria mau mangsuli: "Panjenengan rak priyantun Yahudi lan kula menika tiyang Samaria. Kénging menapa Panjenengan mundhut ngunjuk dhateng kula?" (Awit wong Yahudi karo wong Samaria padha sesengitan.) 10 Pangandikané Gusti Yésus: "Yèn kowé ngerti bab ganjaran peparingé Gusti Allah lan ngerti sapa sing njaluk ngombé marang kowé, mesthi kowé dhéwé sing malah bakal njaluk ngombé marang wong mau lan wong kuwi bakal mènèhi kowé banyu sing marakaké urip." 11 Aturé wong wadon mau: "Panjenengan mboten kagungan timba, mangka sumur menika lebet sanget. Saking pundi enggèn Panjenengan saged maringi toyaning gesang? 12 Sumur menika tilaranipun leluhur kita, Rama Yakub. Rama Yakub piyambak ngunjuk saking toya sumur menika, mekaten ugi para putra lan raja-kayanipun. Menapa Panjenengan ngungkuli leluhur kita Yakub?" 13 Pangandikané Gusti Yésus: "Kabèh wong sing ngombé banyu iki bakal ngelak menèh, 14 nanging wong sing ngombé banyu sing Dakwènèhaké, selawasé ora bakal ngelak. Awit banyu sing Dakwènèhaké kuwi bakal dadi sumber sing mili terus, lan ndadèkaké wong mau lestari urip ing selawasé!" 15 Aturé wong wadon mau: "Kula mbok Panjenengan paringi toya menika, supados kula mboten ngelak malih, lan mboten prelu ngangsu mriki." 16 Pangandikané Gusti Yésus: "Lungaa, bojomu undangen lan balia mréné." 17 Aturé wong wadon mau: "Kula mboten gadhah sémah." Pangandikané Gusti Yésus: "Pancèn bener kandhamu: 'Kula mboten gadhah sémah,' 18 sebab kowé wis kawin karo wong lanang lima, lan wong lanang sing saiki urip bebarengan karo kowé, kuwi satemené dudu bojomu. Mulané, kandhamu mau bener." 19 "Samenika kula sumerep, bilih Panjenengan menika Nabi," aturé wong wadon mau. 20 "Leluhur kula sami manembah Gusti Allah wonten ing redi menika, nanging bangsa Panjenengan, bangsa Yahudi, criyos bilih panggènanipun tiyang manembah Gusti Allah menika namung wonten ing kitha Yérusalèm kémawon." 21 Pangandikané Gusti Yésus: "Ngandela. Bakal ana wektuné wong manembah marang Gusti Allah ora ana ing gunung iki lan uga ora ana ing kutha Yérusalèm. 22 Kowé wong Samaria padha ora ngerti sapa sing koksembah, nanging Aku wong Yahudi ngerti, sebab keslametan kuwi tekané lantaran wong Yahudi. 23 Bakal ana wektuné, malah saiki wis kelakon, wong-wong sing nyembah marang Sang Rama kanthi temenan, kuwi panyembahé klawan Roh Suci lan kanthi jujuring ati. Sebab iya srana patrap mengkono kuwi Sang Rama kersa disembah. 24 Gusti Allah kuwi Roh, lan wong sing arep nyembah marang Gusti Allah kudu nyembah Panjenengané kaya sapamisiké Roh." 25 Wong wadon mau nuli matur marang Gusti Yésus: "Kula sumerep bilih Sang Kristus badhé rawuh. Menawi rawuh, Panjenenganipun badhé nerangaken samukawis dhateng kita." 26 Pangandikané Gusti Yésus: "Iya Aku, sing lagi ngandikan karo kowé iki Panjenengané." 27 Nalika semana para sekabaté Gusti Yésus padha teka. Wong-wong mau padha gumun weruh Gusti Yésus ngandikan karo wong wadon. Nanging ora ana siji waé sing nyuwun pirsa: "Panjenengan ngandikan bab menapa?" Utawa: "Menapa sebabipun Panjenengan ngandikan kaliyan tiyang èstri menika?" 28 Wong wadon mau nuli ninggal klenthingé ana ing kono, banjur énggal-énggal lunga menyang kutha, sarta kandha karo wong-wong ing kutha, 29 "Ayo padha ndelenga, ing kana ana Wong sing ngandikakaké lelakonku kabèh marang aku. Bisa uga kuwi Sang Kristus!" 30 Wong-wong mau nuli padha metu saka kutha marani Gusti Yésus. 31 Nalika semana para sekabaté Gusti Yésus ngaturi dhahar, aturé: "Guru, mangga kula aturi dhahar rumiyin!" 32 Nanging Gusti Yésus ngandika: "Aku duwé pangan sing ora kokngertèni." 33 Para sekabat nuli padha takon-tinakon: "Apa ana wong sing nyaosi dhahar?" 34 Gusti Yésus banjur ngandika: "Pangan-Ku, yakuwi nindakaké kersané Gusti Allah, sing ngutus Aku, lan ngrampungaké pegawéan sing wajib Daklakoni. 35 Kowé padha muni: 'Isih patang sasi engkas, lagi panèn.' Nanging kowé padha Dakkandhani: Padha ngungaka ing sawah-sawah. Pariné wis padha kuning, wis wayahé dienèni! 36 Wong-wong sing padha derep kuwi saiki padha nampa bawon lan padha nglumpukaké asilé pegawéané, yakuwi urip langgeng. Kuwi sebabé wong sing nyebar lan wong sing ngundhuh loro-loroné padha bungah bebarengan. 37 Tumraping prekara iki ana paribasan: 'Wong liya sing nandur, wong liyané menèh sing ngenèni.' 38 Kowé padha Dakutus ngenèni ing sawah, sing digarap déning wong liya; wong liya sing nggarap lan kowé sing ngenèni pametuning garapané." 39 Akèh wong Samaria ing kutha kono, sing padha precaya marang Gusti Yésus, merga wong wadon mau kandha: 'Panjenengané wis mbèbèraké marang aku, samubarang sing wis tau daklakoni.' 40 Wong-wong Samaria bareng wis ketemu karo Gusti Yésus, banjur padha nyuwun kanthi banget, supaya Panjenengané kersa pinarak ing omahé wong-wong mau. Gusti Yésus kèndel ana ing kono nganti rong dina. 41 Sawisé kuwi saya akèh menèh wong sing padha precaya merga saka piwulangé Gusti Yésus piyambak. 42 Wong-wong Samaria kuwi padha kandha karo wong wadon mau: "Saiki aku padha precaya marang Gusti Yésus, ora mung merga saka paseksimu, nanging merga aku dhéwé wis padha ngrungokaké pangandikané, lan ngerti yèn Panjenengané kuwi pancèn Sang Kristus." 43 Sawisé kèndel ana ing tanah Sikhar rong dina, Gusti Yésus nuli tindak menyang tanah Galiléa. 44 Panjenengané wis ngandika: "Nabi kuwi yèn ana ing negarané dhéwé ora kajèn." 45 Nanging nalika tekan ing tanah Galiléa, wong-wong ing kana padha nampa Panjenengané klawan bungah, sebab nalika padha ana ing kutha Yérusalèm, yakuwi nalika Riaya Paskah, wong-wong mau wis padha weruh apa sing dhèk semana ditindakaké déning Gusti Yésus. 46 Gusti Yésus nuli tindak menèh menyang kutha Kana, ing tanah Galiléa, panggonan enggoné Panjenengané damel mujijat banyu dadi anggur. Ing kono ana sawijining pegawé kraton, sing anaké lagi lara ing Kapèrnaum. 47 Nalika krungu yèn Gusti Yésus rawuh saka tanah Yudéa menyang tanah Galiléa, wong mau nuli sowan ing ngarsané Gusti Yésus, sarta nyuwun, supaya kersa tindak menyang Kapèrnaum, marasaké anaké, sing wis mèh mati. 48 Gusti Yésus ngandika marang pegawé kraton mau: "Apa kowé durung precaya, yèn durung ndeleng mujijat-mujijat lan kaélokan-kaélokan." 49 Wangsulané pegawé kraton mau: "Kula aturi énggal tindak, Guru, mumpung anak kawula dèrèng pejah." 50 Dhawuhé Gusti Yésus: "Wis balia, anakmu urip." Wong mau precaya marang pangandikané Gusti Yésus, banjur mulih. 51 Nalika lagi mlaku mulih, ana abdiné sawetara padha methukaké lan matur: "Keng putra sampun saras." 52 Pegawé kraton mau nuli nakokaké jam pira anaké wiwit waras. Para abdi mau padha mangsuli: "Kala wingi wetawis jam kalihwelas bentèripun ical." 53 Bapakné mau banjur kèlingan yèn ing wayah kuwi Gusti Yésus ngandika marang dhèwèké, 'Anakmu urip'. Pegawé kraton mau sebrayaté kabèh nuli padha precaya marang Gusti Yésus. 54 Kuwi lelakon sing kaping pindhoné, sing ditindakaké déning Gusti Yésus ana ing Galiléa, sawisé Panjenengané rawuh saka tanah Yudéa.
5:1 Sawisé kuwi mbeneri riayané wong Yahudi, Gusti Yésus tindak menyang kutha Yérusalèm. 2 Ing kutha Yérusalèm kono, ing sacedhaké gapura, sing karan 'Gapura Wedhus', ana blumbangé. Ing basa Ibrani blumbang mau diarani: 'Bèthèsda.' Blumbang mau dikubengi èmpèr lima. 3 Èmpèr mau kebak wong sing padha gumléthak; ana sing wuta, ana sing pincang, lan ana sing lumpuh. Wong kabèh mau padha ngentèni banyuné blumbang mau kocak. 4 Sebab ana Malaékaté Pangéran sing mudhun menyang blumbang mau, sarta ngocakaké banyuné. Yèn banyuné lagi kocak, wong lara sing dhisik dhéwé nyemplung ing blumbang, bakal mari, ora preduli apa lelarané. 5 Ing panggonan mau, ana wong lanang sing olèhé lara wis telung puluh wolu taun lawasé. 6 Gusti Yésus pirsa wong mau gumléthak ana ing kono, lan uga pirsa yèn wong mau olèhé lara wis suwé banget. Mulané Gusti Yésus ngandika marang wong mau: "Apa kowé kepéngin waras?" 7 Wong kuwi nuli matur: "Guru, kula menika mboten gadhah réncang ingkang saged nyemplungaken kula wonten ing blumbang, samangsa toyanipun blumbang menika kocak. Lan salebetipun kula saweg nyobi badhé nyemplung ing blumbang, sampun wonten tiyang sanès ingkang ngrumiyini." 8 Gusti Yésus nuli ngandika marang wong mau: "Tangia, mlakua, klasamu gawanen!" 9 Sanalika wong mau dadi waras. Banjur mlaku karo nggawa klasané. Kelakoné kuwi mau ing dina Sabbat. 10 Mulané para penggedhé Yahudi ngaruh-aruhi wong sing mentas diwarasaké mau: "Saiki dina Sabbat. Kowé ora kena nggawa klasa, kuwi nerak prenataning agama." 11 Nanging wong mau mangsuli: "Kula dipun kèngkèn tiyang ingkang nyarasaken kula, dhawuhipun: 'Mlakua lan klasamu gawanen!' " 12 "Sapa wongé sing akon kowé: 'Mlakua lan klasamu gawanen!' ", pitakoné para penggedhé marang wong mau. 13 Nanging wong sing diwarasaké mau ora ngerti sapa jenengé sing marasaké dhèwèké. Sebab ana ing kono wongé akèh banget, lan Gusti Yésus wis nylimpet ing antarané wong akèh, lan tindak saka kono. 14 Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli ketemu karo wong sing diwarasaké mau ana ing Pedalemané Allah, Panjenengané banjur dhawuh marang wong mau: "Kowé saiki wis waras, mulané dingati-ati, aja gawé dosa menèh. Menawa kowé gawé dosa menèh, kowé bakal ngalami sing luwih abot ketimbang karo sing kokalami saiki." 15 Wong mau nuli lunga, banjur kandha karo para penggedhéné bangsa Yahudi, yèn sing marasaké dhèwèké kuwi Gusti Yésus. 16 Merga saka kuwi para penggedhé mau padha arep nganiaya Gusti Yésus, sebab Panjenengané wis marasaké wong ing dina Sabbat. 17 Nanging Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau: "Rama-Ku ora kendhat nyambut-gawé; mulané Aku ya wajib tansah nyambut-gawé." 18 Pangandikané sing mengkono mau marakaké para penggedhé Yahudi saya nemen enggoné ngarah sédané Gusti Yésus. Enggoné padha tumindak mengkono mau ora mung merga Gusti Yésus nerak prenatané dina Sabbat, nanging uga merga Panjenengané ngandika yèn Gusti Allah kuwi Ramané. Kuwi ateges yèn Panjenengané madhakaké sarirané karo Gusti Allah. 19 Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau mengkéné: "Aku kandha satemené: Sang Putra ora nindakaké apa-apa saka kersané dhéwé. Mung apa sing dipirsani katindakaké déning Sang Rama, yakuwi sing ditindakaké Sang Putra. Sebab apa sing ditindakaké déning Sang Rama, kuwi uga sing ditindakaké déning Sang Putra. 20 Awit Sang Rama ngasihi Sang Putra. Sang Rama mau nedahaké sabarang sing ditindakaké piyambak marang Sang Putra. Malah Sang Rama bakal nedahaké prekara-prekara sing luwih gedhé menèh marang Sang Putra nganti kowé padha gumun. 21 Awit padha kaya Sang Rama enggoné nangèkaké wong sing wis mati, lan maringi urip marang wong-wong mau, mengkono uga Sang Putra kuwi maringi urip marang wong-wong sing dikersakaké. 22 Sang Rama piyambak ora ngadili sapa-sapa, sebab sakèhé pangwasa kanggo ngadili wis dipasrahaké marang Sang Putra. 23 Enggoné Sang Rama nindakaké mengkono mau supaya wong kabèh padha ngurmati Sang Putra, padha karo enggoné ngurmati Sang Rama. Wong sing ora ngurmati Sang Putra, uga ora ngurmati Sang Rama, sing ngutus Sang Putra. 24 Kowé padha Dakkandhani: Wong sing ngrungokaké tembung-Ku lan precaya marang sing ngutus Aku, wong kuwi ngalami urip sejati. Wong mau ora bakal diukum, wis lolos saka ing pati lan mlebu ing urip. 25 Padha ngandela: Bakal ana wektuné -- malah saiki wis kelakon -- wong mati padha krungu swarané Putrané Allah. Lan wong sing padha ngrungokaké bakal urip. 26 Sang Rama maringi urip marang samubarang sing ana ing donya kéné; kaya mengkono uga Sang Rama wis maringaké pangwasa marang Sang Putra dadi sumbering urip, supaya maringi urip marang samubarang sing ana ing donya! 27 Sang Rama wis maringi pangwasa marang Sang Putra nindakaké pengadilan, sebab Panjenengané iya jumeneng Putraning Manungsa. 28 Aja gumun menawa kowé padha krungu prekara iki, yakuwi yèn bakal tekan wektuné, sakèhing wong mati sing ana ing kubur bakal krungu swarané Sang Putra, 29 banjur padha metu saka kuburé. Kabèh wong sing nglakoni kabecikan bakal katangèkaké, supaya urip ing selawasé. Nanging wong sing nglakoni piala, bakal ditangèkaké prelu diukum." 30 "Aku ora bisa nindakaké apa-apa saka karepku dhéwé. Enggon-Ku ngadili kuwi manut apa sing didhawuhaké déning Gusti Allah marang Aku. Mulané putusan-Ku kuwi adil, awit Aku ora nuruti karep-Ku dhéwé. Aku mung manut kersané Sang Rama, sing ngutus Aku. 31 Yèn Aku mènèhi paseksi tumrap awak-Ku dhéwé, paseksi-Ku kuwi ora sah. 32 Nanging ana liyané menèh sing mènèhi paseksi mungguh ing Aku, lan Aku ngerti yèn paseksiné kuwi bener. 33 Kowé wis padha kongkonan wong marang Nabi Yohanes Pembaptis, supaya takon bab Aku, lan Nabi Yohanes Pembaptis wis mènèhi paseksi sing bener mungguh ing Aku. 34 Karep-Ku ora merga butuh paseksiné manungsa, nanging kandha-Ku mengkono kuwi kanggo keslametanmu. 35 Nabi Yohanes kuwi kaya lampu sing murub lan sing madhangi, lan mung sawetara mangsa kowé gelem kepadhangan sunaré lampu mau. 36 Nanging Aku duwé paseksi sing luwih kuwat ketimbang karo paseksiné Nabi Yohanes, yakuwi sakèhing penggawé sing didhawuhaké déning Sang Rama, sing kudu Daklakoni, lan sing Daktindakaké saiki iki. Kabèh penggawé sing Daktindakaké saiki kuwi mbuktèkaké, yèn Aku iki diutus déning Sang Rama. 37 Apa menèh Sang Rama sing ngutus Aku uga wis maringi paseksi mungguh ing Aku. Kowé durung tau padha krungu swarané, utawa weruh rupané. 38 Kowé padha ora gelem ngèstokaké pangandikané, sebab kowé padha ora precaya karo wong sing diutus déning Sang Rama mau. 39 Kowé padha nyinau Kitab Suci, merga ngira yèn srana nyinau Kitab Suci mau kowé bakal olèh urip sejati. Mangka Kitab Suci kuwi neksèni bab Aku! 40 Nanging kowé padha ora gelem marani Aku supaya olèh urip sejati. 41 Aku ora kepéngin diurmati déning wong. 42 Nanging Aku ngerti kaananmu, yèn ing sajroning atimu kowé ora tresna marang Gusti Allah. 43 Teka-Ku iki atas asmané Rama-Ku, nanging kowé padha nampik Aku. Menawa ana wong liya sing teka, atas jenengé dhéwé, kowé padha gelem nampa wong mau. 44 Kowé padha ora gelem precaya, sebab kowé padha duwé pamrih, kepéngin diurmati déning pepadhamu, lan ora nggayuh kaurmatan kang saka Gusti Allah, sing asipat Tunggal. 45 Aja ngira yèn Aku bakal nggugat kowé ing ngarsané Sang Rama. Sing nggugat kowé kuwi malah Nabi Musa, sing kokendel-endelaké. 46 Menawa kowé precaya temenan karo Nabi Musa, kowé mesthi uga precaya karo Aku, sebab Nabi Musa nulis bab Aku. 47 Nanging yèn kowé padha ora precaya marang sing ditulis déning Nabi Musa, kepriyé bisamu precaya marang apa sing Dakkandhakaké?"
6:1 Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli tindak menyang sabrangé Tlaga Galiléa, sing uga disebut: Tlaga Tibérias. 2 Akèh wong sing ndhèrèkaké Panjenengané, sebab wis padha ndeleng mujijat-mujijat sing ditindakaké déning Gusti Yésus, nalika Panjenengané marasaké wong-wong lara. 3 Gusti Yésus nuli minggah ing gunung, banjur lenggah ana ing kono karo para sekabaté. 4 Nalika semana ngarepaké Paskah, riayané wong Yahudi. 5 Bareng mirsani ngiwa-nengen, Gusti Yésus mirsa wong akèh gumrudug marani Panjenengané. Gusti Yésus nuli ngandika marang Filipus: "Ana ing ngendi enggoné bisa tuku pangan, kanggo wong kabèh iki?" 6 Enggoné Gusti Yésus ngandika mengkono mau mung kanggo nyoba Filipus; Gusti piyambak wis pirsa apa sing arep ditindakaké.) 7 Filipus mangsuli: "Roti pengaos kalih atus dinar *dinar: arta Rumawi. Sedinar menika épahipun tiyang glidhig ingkang nyambut-damel sedinten muput.* dèrèng cekap kanggé tiyang-tiyang menika, senajan saben tiyang namung dipun sukani sekedhik-sekedhik." 8 Sekabaté Gusti Yésus liyané, yakuwi Andréas, seduluré Simon Pétrus, matur, 9 "Ing ngriki wonten laré jaler, ingkang gadhah roti sair *sair: bangsanipun canthèl.* gangsal iji lan ulam loh kalih. Nanging menapa ginanipun kanggé tiyang semanten kathahipun?" 10 Gusti Yésus nuli dhawuh marang para sekabaté: "Wong-wong kabèh konen padha linggih!" Ing panggonan kono suketé akèh banget. Wong-wong nuli padha linggih -- sing lanang cacahé wetara limang èwu. 11 Gusti Yésus mundhut roti mau, banjur saos sukur marang Gusti Allah. Nuli ngedum-edum marang sing padha linggih ana ing kono; mengkono uga iwaké. Wong kabèh padha mangan nganti wareg. 12 Gusti Yésus ngandika marang para sekabaté: "Sisané padha klumpukna; aja ana sethithik waé sing dibuang." 13 Para sekabat nuli njupuki sisa-sisa mau kabèh. Bareng diwadhahi dadi rolas rinjing kebak; semono sisané roti sair lima lan iwak loh loro, sing dipangan déning wong-wong mau. 14 Bareng wong akèh mau weruh kaélokan sing ditindakaké déning Gusti Yésus, nuli padha muni: "Nyata, iki Sang Nabi sing rawuhé kita anti-anti!" 15 Sarèhné Gusti Yésus pirsa, yèn wong-wong mau arep meksa ngangkat Panjenengané dadi ratu, Gusti Yésus nuli sumingkir, sarta minggah gunung menèh piyambakan. 16 Bareng wis surup, para sekabaté Gusti Yésus nuli padha mudhun menyang tlaga. 17 Banjur padha mrau, arep nyabrang menyang kutha Kapèrnaum. Nalika semana wis bengi, éwasemono Gusti Yésus durung rawuh. 18 Kocapa, ombaké tlaga saya gedhé, sebab anginé sansaya banter. 19 Bareng para sekabat enggoné nunggang prau kira-kira wis olèh papat tekan limang kilomèter, dumadakan padha weruh Gusti Yésus tindak napak ing banyu nyedhaki prauné. Para sekabat padha wedi banget, 20 nanging Gusti Yésus ngandika: "Aja padha wedi, iki Aku dhéwé!" 21 Sawisé mengkono para sekabat ngaturi Gusti Yésus mlebet ing prau. Nanging prauné wis tekan panggonan sing dituju. 22 Ésuké wong-wong sing isih ana ing sabrangé tlaga padha weruh yèn ing kono prauné mung kari siji. Wong-wong mau iya padha weruh, yèn para sekabaté Gusti Yésus wis padha mangkat dhisik, lan Gusti Yésus ora nitih prau bebarengan karo para sekabaté. 23 Prau-prau liyané teka saka kutha Tibérias, padha labuh cedhak panggonané wong-wong wingi padha mangan roti, sing didongani Gusti Yésus. 24 Bareng wong-wong mau padha weruh, yèn Gusti Yésus lan para sekabaté ora ana ing kono, nuli padha nunggang prau, nggolèki menyang kutha Kapèrnaum. 25 Bareng wong-wong mau padha ketemu karo Gusti Yésus ana ing sabrangé tlaga, nuli padha nyuwun pirsa marang Panjenengané: "Guru, kala menapa Panjenengan dumugi ing ngriki?" 26 Gusti Yésus ngandika: "Aku kandha satemené: Enggonmu padha nggolèki Aku kuwi ora merga kowé wis padha ngerti tegesé kaélokan-kaélokan sing Daktindakaké, nanging merga kowé wis padha mangan roti nganti wareg. 27 Aja padha ngudi marang pangan sing bisa rusak, nanging padha ngudia olèh pangan sing tahan selawasé, lan sing mènèhi urip sejati. Pangan sing mengkono kuwi bakal diparingaké déning Putraning Manungsa; awit Panjenengané wis diparingi pangwasa déning Allah Sang Rama." 28 Wong-wong mau nuli padha nyuwun pirsa: "Menapa ingkang kedah sami kula lampahi, supados saged nindakaken kersanipun Gusti Allah?" 29 Pangandikané Gusti Yésus: "Sing dikersakaké déning Gusti Allah supaya koklakoni, yakuwi precaya marang wong sing diutus déning Panjenengané." 30 Pitakoné wong-wong mau: "Menawi mekaten, mujijat menapa ingkang Panjenengan tindakaken, supados kula saged sami nyipati, lajeng pitados dhateng Panjenengan? Panjenengan saged nindakaken menapa? 31 Para leluhur kula sami nedha manna wonten ing ara-ara samun, kados ingkang kaserat ing Kitab Suci: 'Padha diparingi mangan roti saka swarga.' " 32 Gusti Yésus nuli ngandika marang wong-wong mau: "Aku kandha satemené marang kowé: Roti sing diparingaké déning Nabi Musa kuwi roti saka swarga; sing maringi roti sejati saka swarga marang kowé kabèh kuwi Rama-Ku. 33 Awit roti sing diparingaké déning Gusti Allah, yakuwi Putraning Allah sing tumedhak saka swarga, sarta sing maringi urip sejati marang jagad." 34 Aturé wong-wong mau: "Guru, kula mugi Panjenengan paringi roti menika ing selaminipun." 35 Pangandikané Gusti Yésus: "Aku iki roti sing nguripi; sing sapa marani Aku, ora bakal luwé menèh. Lan wong sing precaya marang Aku, ora bakal ngelak menèh. 36 Kowé wis padha Dakkandhani: senajan kowé wis padha ndeleng Aku, éwasemono kowé padha ora precaya. 37 Kabèh wong sing diparingaké déning Sang Rama marang Aku, kuwi bakal padha marani Aku. Aku ora bakal nampik sapa waé sing marani Aku. 38 Sebab enggon-Ku tumedhak saka swarga kuwi ora supaya Aku nglakoni karep-Ku dhéwé, nanging kersané Gusti Allah sing ngutus Aku. 39 Déné kersané Gusti Allah sing ngutus Aku kuwi mengkéné: Kabèh wong sing wis diparingaké marang Aku, kuwi aja nganti ana sing ilang, nanging supaya Daktangèkaké menèh ing Dina Kiamat. 40 Sebab yakuwi kersané Rama-Ku: supaya wong kabèh sing ndeleng Sang Putra lan precaya marang Panjenengané bisa olèh urip langgeng lan mbésuk ing Dina Kiamat Daktangèkaké." 41 Wong-wong Yahudi padha pating kedumel, nggrenengi Gusti Yésus, sebab Panjenengané ngandika: "Aku iki roti sing tumurun saka swarga." 42 Wong-wong mau padha muni mengkéné: "Apa kuwi dudu Yésus, anaké Yusuf? Aku rak padha wanuh karo bapa-biyungé? Kepriyé bisané kandha yèn dhèwèké kuwi tumurun saka swarga?" 43 Gusti Yésus nuli ngandika marang wong-wong mau: "Kowé aja padha nggrundel. 44 Ora ana wong siji waé sing bisa marani Aku, kejaba menawa Sang Rama, sing ngutus Aku kuwi, nggèndèng wong mau marang Aku, temah wong mau bakal Daktangèkaké ing Dina Kiamat. 45 Ing Kitabé para nabi ana tulisan mengkéné: 'Wong kabèh bakal diwulang déning Gusti Allah!' Mulané sakèhing wong sing wis padha ngrungokaké lan sing nampani piwulang saka Sang Rama mau, bakal marani Aku. 46 Kuwi ora ateges yèn wis ana wong sing tau weruh marang Sang Rama. Mung Sang Putra, sing pinangkané saka Allah, kuwi sing wis ndeleng Sang Rama. 47 Padha élinga! Sing sapa precaya marang Aku, bakal ngrasakaké urip sejati. 48 Aku iki roti sing nguripaké. 49 Leluhurmu padha mangan manna ana ing ara-ara samun, nanging padha ngalami mati. 50 Béda banget karo roti, sing tumurun saka swarga; wong sing mangan roti kuwi ora bakal mati. 51 Aku iki roti sing nguripaké, yakuwi roti sing tumurun saka swarga. Wong sing mangan roti mau bakal urip selawasé. Roti sing Dakwènèhaké yakuwi daging-Ku. Daging-Ku Dakwènèhaké, supaya jagad iki urip." 52 Pangandikané Gusti Yésus sing mengkono mau marakaké wong-wong Yahudi banjur padha bebantahan siji karo sijiné. Uniné: "Kepriyé bisané wong kuwi mènèhaké dagingé, supaya kita pangan?" 53 Gusti Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau: "Élinga, yèn kowé padha ora mangan dagingé Putrané Manungsa kuwi lan ora ngombé getihé, kowé mesthi padha ora kadunungan urip. 54 Wong sing mangan daging-Ku lan ngombé getih-Ku, wong kuwi nduwèni urip langgeng, sarta Aku bakal nangèkaké wong mau ing Dina Kiamat. 55 Awit daging-Ku kuwi pangan sing sejati, lan getih-Ku kuwi ombèn-ombèn sing sejati. 56 Wong sing mangan daging-Ku lan ngombé getih-Ku, wong kuwi uripé bakal nunggil karo Aku lan Aku bakal nunggil karo wong mau. 57 Padha kaya Sang Rama, sing ngutus Aku sipat gesang, lan Aku urip déning Sang Rama. Mengkono uga wong sing mangan daging-Ku bakal urip déning Aku. 58 Iki roti sing tumurun saka swarga. Dudu roti kaya sing dipangan déning para leluhurmu, awit sawisé padha mangan roti mau isih ngalami mati. Nanging wong sing mangan roti iki bakal urip ing selawasé." 59 Iku mau kabèh dingandikakaké déning Gusti Yésus nalika Panjenengané memulang ana ing sinagogé ing Kapèrnaum. 60 Akèh para muridé Gusti Yésus sing padha krungu pangandikané mau. Banjur padha muni: "Piwulangé kuwi kokangèl temen. Sapa sing ngerti?" 61 Tanpa ana sing matur marang Panjenengané, Gusti Yésus wis pirsa yèn para muridé padha nggrundeli piwulangé. Mulané Gusti Yésus nuli ngandika: "Apa kowé padha ora seneng karo piwulang iki? 62 Yèn mengkono, kepriyé saupama kowé mengko padha weruh Putraning Manungsa sumengka kondur menyang ing swarga? 63 Sing nguripaké manungsa kuwi Rohé Allah. Kekuwatané manungsa ora ana paédahé babar-pisan. Tembung-tembung sing Dakkandhakaké marang kowé iki saka Rohé Allah lan tembung-tembung kuwi sing nguripaké. 64 Éwasemono ing antaramu ana sing ora precaya." (Saka wiwitan mula Gusti Yésus wis pirsa sapa waé sing ora padha gelem precaya, lan sapa sing bakal ngulungaké Panjenengané.) 65 Gusti Yésus nuli ngandika menèh: "Kuwi sebabé Aku ngandhani kowé, yèn ora ana wong siji waé sing bisa marani Aku, yèn ora digèndèng déning Sang Rama." 66 Wiwit nalika semana akèh para muridé sing padha mundur lan ora gelem ndhèrèkaké Panjenengané. 67 Gusti Yésus nuli ndangu marang para sekabaté rolas mengkéné: "Apa kowé uga padha arep ninggal Aku?" 68 Simon Pétrus mangsuli: "Gusti, sinten ingkang badhé kula dhèrèki? Panjenengan ingkang kagungan pangandika ingkang maringi gesang sejatos. 69 Samenika kula sampun sami pitados lan yakin bilih Panjenengan menika Tiyang Suci, Utusanipun Allah." 70 Gusti Yésus nuli ngandika: "Sing milih kowé wong rolas kuwi Aku dhéwé. Nanging siji saka panunggalanmu kuwi Iblis!" 71 Sing dikersakaké déning Gusti Yésus yakuwi Yudas, anaké Simon Iskariot. Sebab senajan Yudas mau panunggalané murid rolas, nanging bakal ngulungaké Panjenengané.
7:1 Sawisé mengkono, Gusti Yésus nuli tindak mider-mider ing tanah Galiléa. Panjenengané ora kersa tindak menyang tanah Yudéa, sebab para penggedhéné bangsa Yahudi ing kana padha ngarah arep nyédani Panjenengané. 2 Nalika semana ngarepaké riayané wong Yahudi, sing disebut Riaya Tarub Godhong. 3 Mulané para sedhèrèké Gusti Yésus padha matur: "Beciké kowé menyang tanah Yudéa, supaya para murid-Mu ing kana uga ndeleng penggawé-Mu. 4 Wong sing kepéngin misuwur kuwi penggawéné ora diumpetaké. Apa sing saiki koktindakaké kuwi beciké diweruhi déning wong sajagad." 5 Sebab para sedhèrèké Gusti Yésus piyambak padha ora precaya marang Panjenengané.) 6 Pangandikané Gusti Yésus: "Kanggoné Aku, iki durung wektuné, béda karo kowé. Kowé bisa lunga sawayah-wayah, 7 sebab jagad ora sengit karo kowé. Nanging karo Aku, jagad kuwi sengit banget. Sebab Aku selawasé kandha marang jagad, yèn penggawéné ala. 8 Padha mangkata dhéwé nekani riaya kuwi. Aku ora arep mrana, jalaran iki durung wektu-Ku." 9 Mengkono pangandikané Gusti Yésus marang para sedhèrèké. Panjenengané kantun ana ing tanah Galiléa. 10 Bareng para sedhèrèké wis padha mangkat nekani Riaya Tarub Godhong ing kutha Yérusalèm, Gusti Yésus kantun piyambakan, tanpa ana wong sing ngerti. 11 Ana ing riaya kono para penggedhéné wong Yahudi padha nggolèki Panjenengané, karo takon-takon: "Endi sing jenengé Yésus?" 12 Ing antarané wong akèh sing padha ngumpul ing pahargyan mau ana sing padha rerasanan bab Gusti Yésus. Ana sing kandha: "Panjenengané kuwi wong sing becik", ana sing kandha: "Ora! Wong kuwi tukang ngapusi." 13 Nanging ora ana siji waé sing wani muni ngeblakakaké bab Panjenengané, awit padha wedi marang para penggedhéné wong Yahudi. 14 Bareng wis nengah-nengahi riaya, Gusti Yésus mlebet ing Pedalemané Allah, banjur memulang. 15 Para penggedhéné wong Yahudi padha gumun, lan muni: "Wong kuwi olèhé kawruh semono kuwi saka ngendi, mangka ora tau sekolah?" 16 Gusti Yésus ngandika: "Piwulang sing Dakwulangaké iki dudu piwulang-Ku dhéwé, nanging piwulangé Allah sing ngutus Aku. 17 Wong sing ngèstokaké dhawuhé Allah, ngerti apa piwulang-Ku iki asalé saka Gusti Allah, apa saka karep-Ku dhéwé. 18 Wong sing memulang manut karepé dhéwé, kuwi mung golèk alem lan pakurmatan kanggo awaké dhéwé. Nanging wong sing ngupaya kaluhurané Allah, sing ngutus wong mau, kuwi piwulangé jujur, lan ora nasaraké. 19 Nabi Musa rak wis maringaké dhawuh-dhawuhé Allah marang kowé? Nanging siji waé ora ana sing nglakoni dhawuh-dhawuh mau. Apa sebabé kowé padha arep matèni Aku?" 20 Wong akèh mau padha mangsuli: "Panjenengan menika mboten saras! Sinten ingkang badhé nyédani Panjenengan?" 21 Gusti Yésus ngandika: "Aku mung lagi nindakaké prekara siji sing ora lumrah, kowé wis padha gumun kabèh. 22 Nabi Musa wis gawé prenatan kanggo kowé, supaya kowé padha netaki anak-anakmu. Lan merga saka kuwi kowé padha gelem netaki wong, senajan ana ing dina Sabbat. (Mangka satemené dudu Musa sing sekawit netaki wong, nanging para leluhur kita sadurungé Nabi Musa.) 23 Yèn kowé padha netaki wong ing dina Sabbat, mung supaya aja nerak angger-anggeré Nabi Musa, apa sebabé kowé padha panas atimu, merga Aku marasaké badan sekojur ing dina Sabbat? 24 Aja padha ngukumi wong manut apa sing katon waé, nanging padha ngukumana kanthi adil lan bener." 25 Sawisé kuwi ana wong sawetara saka kutha Yérusalèm padha muni: "Rak iki wongé sing digolèki arep dipatèni? 26 Nanging, coba delengen! Wong kuwi kokmemulang ana ing ngarepé umum, tanpa ana sing ngganggu, lan ora ana wong siji waé sing ngaruh-aruhi? Apa para penggedhé kita saiki wis precaya, yèn Wong iki Sang Kristus? 27 Jaréné yèn Sang Kristus rawuh, wong padha ora ngerti asalé saka ngendi; mangka tumrap wong iki, kita padha ngerti saka ngendi asalé." 28 Nalika Gusti Yésus memulang ana ing Pedalemané Allah, Panjenengané ngandika klawan swara sora: "Apa kowé padha ngerti temenan sapa Aku iki? Lan saka ngendi asal-Ku? Teka-Ku ora saka karep-Ku dhéwé. Panjenengané sing ngutus Aku kuwi ora goroh, nanging kowé padha ora wanuh karo Panjenengané. 29 Aku kang wanuh marang Panjenengané, lan iya Panjenengané kuwi sing ngutus Aku mréné." 30 Wong-wong mau padha kepéngin nyekel Gusti Yésus, nanging ora ana sing wani, sebab durung tekan mangsané. 31 Kejaba saka kuwi ing antarané wong akèh mau, uga ora sethithik cacahé sing precaya marang Panjenengané. Wong-wong sing precaya mau padha muni: "Saupama Sang Kristus sing dijanjèkaké déning Gusti Allah kuwi rawuh, apa Panjenengané iya bakal nindakaké mujijat luwih akèh ketimbang karo sing ditindakaké déning Wong iki?" 32 Para wong Farisi padha krungu enggoné wong akèh padha rerasanan bab Gusti Yésus, mulané bebarengan karo para pengareping imam, banjur kongkonan para wong sing jaga Pedalemané Allah sawetara, supaya nyekel Panjenengané. 33 Pangandikané Gusti Yésus: "Enggon-Ku awor karo kowé mung kari sedhéla. Sawisé kuwi Aku bakal bali sowan Panjenengané sing ngutus Aku. 34 Kowé bakal padha nggolèki Aku, nanging ora bakal bisa nemokaké, sebab kowé ora bisa nekani papan sing Dakenggoni." 35 Para penggedhéné wong Yahudi nuli padha takon-tinakon: "Wong iki arep lunga menyang ngendi, kokkita nganti ora bisa nemokaké? Apa arep lunga menyang panggonané wong-wong Yahudi, sing ana ing manca negara, ana ing antarané wong Yunani, lan memulang wong-wong kuwi? 36 Apa karepé muni: 'Kowé bakal nggolèki Aku, nanging ora bisa nemokaké?' Lan menèh tembungé: 'Kowé ora bisa tekan papan sing Dakenggoni.' " 37 Dina pungkasaning riaya kuwi dina sing penting dhéwé. Ing dina mau Gusti Yésus jumeneng, banjur ngandika klawan sora: "Wong sing ngelak, padha mrénéa supaya Dakwènèhi ngombé. 38 Ing Kitab Suci ana tulisan mengkéné: 'Wong sing precaya marang Aku, ana ing njeroning atiné wong mau bakal mili banyu sing nguripaké.' " 39 Sing dingandikakaké déning Gusti Yésus kuwi bab Rohé Gusti Allah, sing bakal diparingaké marang wong sing padha precaya marang Panjenengané. Sebab nalika semana Sang Roh Suci durung diparingaké, merga Gusti Yésus durung sumengka menyang swarga.) 40 Akèh wong sing padha ngrungokaké pangandikané Gusti Yésus mau. Ing antarané wong-wong mau ana sing muni: "Panjenengané kuwi mesthi Nabi." 41 Nanging ana liyané menèh sing muni: "Panjenengané kuwi Sang Kristus." Nanging uga ana wong sing muni: "Ah, mosok, Sang Kristus koktekané saka tanah Galiléa? 42 Ing Kitab Suci rak katulis, yèn Sang Kristus sing dijanjèkaké déning Gusti Allah kuwi asalé saka tedhaké Sang Prabu Dawud, lan miyosé ana ing Bètléhèm, yakuwi kutha kelairané Sang Prabu Dawud." 43 Wusana wong-wong mau padha padu dhéwé prekara Gusti Yésus. 44 Ana wong sing arep padha nyekel Gusti Yésus, nanging ora ana siji waé sing wani nggepok Panjenengané. 45 Para wong sing jaga Pedalemané Allah wis didhawuhi nyekel Gusti Yésus, padha bali menèh nekani para pengareping imam lan wong-wong Farisi. Wong-wong mau padha ditakoni: "Apa sebabé Wongé ora kokgawa mréné?" 46 Wangsulané: "Wah, dèrèng naté wonten tiyang ingkang micara kados Tiyang menika." 47 Wangsulané wong-wong Farisi: "Lho, apa kowé wis padha katut karo Wong kuwi? 48 Apa ana ing antarané para penggedhé Yahudi utawa wong Farisi sing precaya marang Wong mau? 49 Kena ing laknat wong-wong gebleg sing padha ora ngerti marang dhawuhing Torèt." 50 Ing antarané wong-wong Farisi mau ana sing tau nemoni Gusti Yésus ing wayah bengi, jenengé Nikodémus. Nikodémus mau nuli kandha karo wong-wong Farisi liya-liyané: 51 "Manut prenataning agami, kita mboten kénging ngukum tiyang, sadèrèngipun prekawisipun dipun priksa, lan menawi kita dèrèng sumerep menapa ingkang katindakaken." 52 "É, é, é," wangsulané para wong Farisi liyané, "Menapa panjenengan inggih klebet golonganipun tiyang Galiléa? Cobi panjenengan tliti saking Kitab Suci, rak mboten wonten Nabi ingkang asalipun saking tanah Galiléa?" 53 Sawisé kuwi wong kabèh banjur padha mulih saka Pedalemané Allah ing kutha Yérusalèm.
8:1 Nanging Gusti Yésus tindak menyang Gunung Zaitun. 2 Ésuké Panjenengané tindak menèh menyang Pedalemané Allah, lan akèh wong sing padha marani Panjenengané. Gusti Yésus nuli lenggah, banjur wiwit mulang wong-wong mau. 3 Satengahé memulang, para ahli Torèt lan wong-wong Farisi padha ngirid wong wadon sing konangan lagi laku jina. Wong wadon mau nuli digawa sowan ing ngarsané Gusti Yésus, lan dikon ngadeg ana ing tengah. 4 Wong-wong mau banjur padha nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: "Guru, tiyang èstri menika pinanggih lampah jina. 5 Ing Kitab Torèt, ingkang ngewrat pepakèn-pepakènipun Allah, Nabi Musa mrenata, bilih tiyang èstri ingkang kados mekaten menika kedah dipun benturi séla ngantos pejah. Menawi pemanggih Panjenengan kados pundi?" 6 Pitakoné para wong Farisi sing mengkono mau kanggo njégal marang Gusti Yésus, kenaa kanggo nggugat Panjenengané. Nanging Gusti Yésus tumungkul waé, karo nyerat ing lemah ngagem driji. 7 Bareng wong-wong mau padha ngangseg nyuwun wangsulan, Gusti Yésus nuli ndengèngèk, sarta ngandika marang wong-wong mau: "Sapa ing antaramu sing ora duwé dosa, ndhisikana mbenturi watu marang wong wadon kuwi." 8 Sawisé ngandika mengkono, Gusti Yésus tumungkul menèh nyerat ana ing lemah. 9 Bareng krungu pangandikané Gusti Yésus mau, wong-wong nuli padha lunga saka kono siji-siji, wiwit saka sing tuwa dhéwé. Wekasané sing ana ing kono kari Gusti Yésus piyambak karo wong wadon, sing isih ana ing panggonané. 10 Gusti Yésus nuli jumeneng lan ngandika marang wong wadon mau: "Ana ngendi wong-wong mau? Apa ora ana sing ngukum kowé?" 11 Wangsulané wong wadon mau: "Mboten wonten, Guru." Pangandikané Gusti Yésus: "Sukur, yèn ngono Aku iya ora ngukum kowé. Wis lungaa, lan aja gawé dosa menèh." 12 Gusti Yésus ngandika menèh marang wong akèh sing padha ana ing Pedalemané Allah, mengkéné: "Aku iki Pepadhanging jagad. Wong sing ngetut buri Aku bakal olèh pepadhang sing nguripi. Wong mau ora bakal mlaku ing sajroning pepeteng." 13 Aturé wong-wong Farisi marang Gusti Yésus: "Panjenengan suka paseksi tumrap badan Panjenengan piyambak. Paseksi Panjenengan ingkang mekaten menika mboten sah." 14 Pangandikané Gusti Yésus: "Senajan Aku neksèni awak-Ku dhéwé, éwasemono paseksi-Ku iki bener, sebab Aku ngerti saka ngendi pinangka-Ku lan menyang ngendi paran-Ku. Balik kowé ora padha ngerti asal-Ku saka ngendi, lan paran-Ku menyang ngendi. 15 Kowé padha ngadili wong, manut carané manungsa. Aku ora ngadili sapa-sapa. 16 Nanging saupama Aku kepeksa kudu ngadili, putusan-Ku kuwi adil, sebab Aku ora ijèn, Sang Rama sing ngutus Aku selawasé bebarengan karo Aku. 17 Ana ing Torètmu ana tulisan mengkéné: 'Paseksi sah yakuwi paseksiné wong loro.' 18 Sing mènèhi paseksi mungguh Aku, kuwi uga loro, yakuwi Aku lan Sang Rama sing ngutus Aku." 19 Pitakoné wong-wong mau: "Rama Panjenengan menika wonten ing pundi?" Pangandikané Gusti Yésus: "Kowé padha ora wanuh karo Aku. Kowé uga ora wanuh karo Rama-Ku. Menawa kowé wanuh karo Aku, kowé mesthi uga wanuh karo Rama-Ku." 20 Kuwi kabèh dipangandikakaké déning Gusti Yésus nalika Panjenengané lagi memulang ana ing Pedalemané Allah, cedhak karo kothak-kothak pisungsung, kagem Gusti Allah. Éwasemono ora ana wong siji waé sing nyekel Panjenengané, sebab durung tekan mangsané. 21 Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau: "Aku iki bakal lunga, lan kowé bakal padha nggolèki Aku, nanging kowé bakal padha mati nggawa dosamu. Aku lunga menyang panggonan sing ora bisa kokparani." 22 Mulané para penggedhéné wong Yahudi padha muni: "Apa wong kuwi arep nglalu, kokmuni: 'Menyang ngendi paran-Ku, kowé padha ora bisa mrana?' " 23 Gusti Yésus nuli ngandika marang wong-wong mau: "Kowé kuwi pinangkamu saka ing ngisor; nanging Aku saka ing ngaluhur. Pinangkamu saka ing donya kéné, nanging pinangka-Ku ora saka ing donya kéné. 24 Mulané Aku kandha karo kowé, yèn kowé bakal mati nggawa dosa-dosamu, yakuwi yèn kowé ora precaya, yèn 'Aku iki Panjenengané Kang Ana!' " 25 Pitakoné wong-wong mau: "Panjenengan menika saleresipun sinten?" Pangandikané Gusti Yésus: "Kuwi wis ora prelu Dakkandhakaké menèh! 26 Akèh prekara sing arep Dakkandhakaké marang kowé, dhapur pandakwa. Nanging apa sing Dakkandhakaké marang jagad kuwi mung prekara sing Dakrungu saka Panjenengané sing ngutus Aku, sebab Panjenengané kuwi bener." 27 Wong-wong padha ora ngerti, yèn Gusti Yésus ngandikakaké bab Sang Rama. 28 Mulané Gusti Yésus nglajengaké pangandikané: "Mengko yèn kowé wis padha nyalib Putraning Manungsa, kowé bakal weruh yèn 'Aku iki Panjenengané Kang Ana!' Ing wektu kuwi kowé bakal ngerti, yèn apa sing Daklakoni, kuwi ora ana siji waé sing manut karep-Ku dhéwé, lan prekara sing Dakkandhakaké mung apa sing wis diwulangaké déning Sang Rama marang Aku. 29 Panjenengané sing ngutus Aku, kuwi selawasé bebarengan karo Aku. Panjenengané ora tau nilar Aku ijèn, sebab Aku tansah nindakaké sing dadi renaning penggalihé." 30 Sawisé Gusti Yésus ngandikakaké kuwi mau kabèh, akèh wong sing nuli precaya marang Panjenengané. 31 Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli ngandika marang wong-wong Yahudi, sing padha precaya marang Panjenengané: "Kowé kuwi nyata dadi murid-Ku, yèn kowé padha nglakoni piwulang-Ku. 32 Nuli kowé bakal nglakoni kersané Allah, lan srana mengkono kowé dadi wong merdika." 33 "Kula menika sami anak-turunipun Rama Abraham," aturé wong-wong mau, "Kula sami dèrèng naté dados réncang tumbasan! Menapa ingkang Panjenengan kersakaken, kokngandika: 'Kowé bakal merdika?' " 34 Pangandikané Gusti Yésus: "Padha élinga! Kabèh wong sing gawé dosa, kuwi dadi baturé dosa. 35 Lan batur ora selawasé manggon dadi saomah karo bendarané. Sing olèh manggon selawasé dadi saomah, kuwi para putra. 36 Yèn Sang Putra wis merdikakaké kowé, kowé lagi dadi wong merdika temenan. 37 Aku ngerti yèn kowé kuwi anak-turuné Abraham. Éwasemono kowé arep matèni Aku, sebab kowé ora gelem nampani piwulang-Ku. 38 Sing Dakkandhakaké iki apa sing dituduhaké déning Sang Rama marang Aku; déné kowé padha nglakoni préntahé bapakmu." 39 Wong-wong Yahudi mau padha mangsuli: "Bapak kula menika Rama Abraham." Pangandikané Gusti Yésus: "Yèn kowé kuwi putrané Abraham temenan, kowé mesthi padha nglakoni apa sing dilakoni déning Rama Abraham. 40 Aku mung awèh weruh marang kowé bab kayektèn sing Dakrungu saka Gusti Allah, nanging kowé kokmalah arep matèni Aku. Rama Abraham ora nindakaké sing kaya mengkono kuwi! 41 Kowé padha nglakoni apa sing dilakoni dhéwé déning bapakmu." Wong-wong Yahudi mau nuli padha mangsuli: "Kula menika sanès anak jadah. Rama kula namung setunggal, inggih menika Gusti Allah piyambak." 42 Gusti Yésus nuli ngandika marang wong-wong mau: "Yèn Gusti Allah kuwi Ramamu temenan, kowé mesthi tresna marang Aku, sebab teka-Ku iki saka kersané Gusti Allah, lan saiki ana ing kéné. Teka-Ku mréné ora saka karep-Ku dhéwé. Gusti Allah sing ngutus Aku. 43 Apa sebabé kowé kokora ngerti marang apa sing Dakkandhakaké? Nyatané kowé padha ora betah ngrungokaké piwulang-Ku. 44 Bapakmu kuwi Iblis. Mulané kowé iya arep padha nuruti kekarepané bapakmu. Wiwit-wiwitan mula Iblis kuwi tukang matèni wong. Iblis kuwi tumindaké ora tau bener, sebab pancèn ora duwé kayektèn. Iblis kuwi pancèn tukang goroh, jalaran pancèn mengkono kaanané. Lan sakèhing goroh kuwi asalé saka dhèwèké. 45 Sarèhné Aku mulangaké bab sing bener, sing saka Gusti Allah, mulané kowé padha ora precaya marang Aku. 46 Sapa ing antaramu sing bisa mbuktèkaké, yèn Aku duwé dosa? Menawa Aku mulangaké bab kayektèn sing saka Gusti Allah, apa sebabé kowé padha ora precaya marang Aku? 47 Wong sing asalé saka Allah, kuwi precaya marang pangandikané Allah. Nanging kowé kuwi pinangkamu ora saka Allah, mulané kowé padha ora precaya." 48 Wong-wong Yahudi mau nuli padha mangsuli: "Rak leres enggèn kula mestani Panjenengan. Panjenengan menika tiyang Samaria ingkang kesurupan sétan." 49 Pangandikané Gusti Yésus: "Aku iki ora kesurupan sétan. Aku ngurmati Rama-Ku, nanging kowé ngina marang Aku. 50 Aku ora golèk kaurmatan kanggo awak-Ku dhéwé. Ana siji sing mundhut, yakuwi Panjenengané sing uga ngadili yèn Aku iki bener. 51 Élinga! Wong sing nggugu marang tembung-Ku kuwi selawasé bakal ora ngalami mati." 52 Wong-wong Yahudi nuli padha mangsuli: "Samenika kula ngertos, bilih Panjenengan menika èstu kesurupan sétan! Jalaran Rama Abraham piyambak ngalami séda, mekaten ugi sedaya nabi. Nanging Panjenengan kokngandika: 'Wong sing nggugu marang tembung-Ku bakal ora mati.' 53 Menawi Rama Abraham piyambak ngalami séda, lan nabi-nabi sedaya ugi ngalami séda. Panjenengan menika sinten? Menapa Panjenengan menika ngungkuli Rama Abraham?" 54 Gusti Yésus gentos ngandika: "Yèn Aku ngluhuraké awak-Ku dhéwé, kaluhuran-Ku kuwi ora ana tegesé. Sing ngluhuraké Aku kuwi Rama-Ku sing koksebut Allahmu. 55 Mangka sejatiné kowé ora wanuh marang Panjenengané. Nanging Aku wanuh marang Panjenengané. Menawa Aku kandha yèn Aku ora wanuh marang Panjenengané, Aku goroh, padha karo kowé. Aku wanuh marang Gusti Allah lan ngèstokaké dhawuhé. 56 Ramamu Abraham bungah banget, nalika arep pirsa dina-Ku. Saiki wis kelakon, mulané nuli bungah!" 57 Wong-wong Yahudi mau banjur padha matur marang Gusti Yésus: "Yuswa Panjenengan dèrèng wonten sèket taun, kados pundi déné Panjenengan koksampun naté pirsa Rama Abraham?" 58 Pangandikané Gusti Yésus: "Kowé Dakkandhani satemené, sadurungé Abraham lair Aku wis ana." 59 Wong Yahudi mau nuli padha njupuk watu, arep mbenturi Gusti Yésus; nanging Gusti Yésus ngoncati lan nilar Pedalemané Allah kono.
9:1 Nalika Gusti Yésus tindak, Panjenengané mirsa wong wuta lair mula. 2 Para sekabaté padha nyuwun pirsa: "Guru, menapa sebabipun tiyang menika wuta? Menapa margi tiyang menika damel dosa utawi tiyang sapuhipun ingkang damel dosa?" 3 Gusti Yésus ngandika: "Wong kuwi enggoné wuta ora merga dhèwèké gawé dosa, lan uga ora merga wong tuwané sing gawé dosa. Wong kuwi wuta, supaya wong-wong padha weruh pangwasané Allah makarya ana ing wong wuta mau. 4 Kita kudu nyambut-gawé nglakoni ayahané Sang Rama sing ngutus Aku, mumpung isih awan, sebab sedhéla engkas banjur bengi. Ing wayah bengi wong ora bisa nyambut-gawé. 5 Sasuwéné Aku ana ing donya, Aku dadi Pepadhanging jagad." 6 Sawusé ngandika mengkono Gusti Yésus nuli kecoh ing lemah. Kecohé nuli diulet karo lemah, dilèlètaké ing mripaté wong wuta mau. 7 Gusti Yésus ngandika marang wong mau: "Lungaa lan raupa ing blumbang Siloam." (Siloam tegesé 'Diutus'.) Wong mau nuli mangkat lan raup. Bareng bali menèh mripaté wis bisa ndeleng. 8 Tangga teparoné lan wong-wong sing mauné weruh wong wuta mau enggoné ngemis, padha muni: "Apa iki dudu wong sing adaté lungguh ngemis kaé?" 9 Ana wong sing muni: "Pancèn ya wong kuwi," nanging ana uga sing muni: "Dudu, mung rupané waé sing mèmper." Nanging wong wuta mau kandha dhéwé: "Inggih kula menika ingkang rumiyin wuta." 10 Wong-wong padha takon: "Kepriyé koksaiki bisa kokenggo ndeleng?" 11 Wangsulané: "Wonten tiyang namanipun Yésus, damel luluhan siti sekedhik, lajeng nglèlètaken luluhan wau wonten ing mripat kula. Kula lajeng dipun dhawuhi raup wonten ing blumbang Siloam. Kula inggih lajeng mrika. Sareng kula sampun raup, kula lajeng saged ningali." 12 Wong-wong padha takon menèh: "Saiki wongé ana ing ngendi?" Wong sing mauné wuta mau mangsuli: "Kula mboten ngertos." 13 Wong-wong nuli nggawa wong sing mauné wuta mau marang para wong Farisi. 14 Nalika Gusti Yésus ngulet lemah nganggo kecohé lan marasaké mripaté wong wuta mau, mbeneri dina Sabbat. 15 Wong Farisi nuli takon menèh marang wong sing mauné wuta mau, kepriyé patrapé nganti bisa ndeleng. Wong mau nuli mangsuli: "Tiyang menika nglèlètaken blethok wonten ing mripat kula; kula lajeng raup, bibar menika kula saged ningali." 16 Ana wong Farisi sawetara sing muni: "Mokal yèn wong kuwi pinangkané saka Allah, sebab dhèwèké nerak prenatan dina Sabbat." Nanging wong liyané menèh muni: "Mokal yèn wong dosa bisa gawé kaélokan-kaélokan kaya wong iki!" Panemuné wong-wong mau béda-béda. 17 Para wong Farisi nuli padha takon menèh: "Manut kandhamu, Wong kuwi sing marasaké mripatmu. Yèn mengkono, kepriyé panemumu bab Wong kuwi?" Wangsulané: "Panjenenganipun menika Nabi." 18 Nanging para penggedhéné wong Yahudi padha ora precaya yèn wong kuwi mauné wuta wiwit lair mula, lan saiki bisa ndeleng. Wong-wong Farisi mau durung gelem precaya, yèn durung takon dhisik marang wong tuwané wong sing mauné wuta mau. 19 Para wong Farisi nuli takon marang wong tuwané: "Apa bener anakmu iki wuta lair mula? Kepriyé déné saiki kokbisa ndeleng?" 20 Wong tuwané mangsuli: "Pancèn menika anak kula; lan pancèn wiwit lair mila piyambakipun wuta. 21 Nanging bab kadospundi enggènipun samenika saged ningali, kula mboten mangertos. Kula aturi ndangu piyambak, sebab larénipun sampun diwasa, saged mangsuli piyambak." 22 Aturé mengkono mau sebab padha wedi karo para penggedhéné wong Yahudi. Para penggedhé mau wis padha sarujuk, yèn saben wong sing ngakoni Gusti Yésus kuwi Sang Kristus, bakal disébrataké saka sinagogé (pasamuwané wong-wong sing nganut agama Yahudi). 23 Kuwi sebabé, wong tuwané wong sing mauné wuta mau muni: "Piyambakipun sampun diwasa, kula aturi ndangu piyambak." 24 Wong sing mauné wuta mau banjur diundang menèh, sarta ditakoni: "Kowé ngakua ana ing ngarsané Allah, yèn kowé kandha sabeneré, sebab aku padha weruh yèn Wong kuwi Wong dosa." 25 Wangsulané: "Bab piyambakipun menika tiyang dosa menapa mboten, kula mboten mangertos. Saprekawis ingkang kula mangertosi, inggih menika, kala rumiyin kula wuta, samenika kula saged sumerep." 26 Pitakoné wong-wong Farisi: "Kowé dikapakaké? Kepriyé carané Wong kuwi marasaké kowé?" 27 Wangsulané: "Kula sampun sanjang, nanging panjenengan mboten kersa mirengaken. Menapa ginanipun pitakèn malih? Menapa panjenengan ugi kepéngin dados muridipun?" 28 Wong-wong Farisi mau nuli padha nepsu lan muni: "Kowé kuwi muridé; aku dudu! Aku padha muridé Nabi Musa. 29 Bab Nabi Musa, kita wis padha ngerti, yèn Gusti Allah pancèn wis ngandika marang panjenengané. Nanging mungguh Wong iki, aku padha ora ngerti asal-usulé." 30 Wangsulané: "Kokanèh temen, panjenengan mboten pirsa asal-usulipun tiyang menika, mangka piyambakipun sampun damel mujijat, nyarasaken mripat kula. 31 Kita mangertos bilih Gusti Allah mboten miyarsakaken atur panyuwunipun tiyang dosa, nanging miyarsakaken tiyang-tiyang ingkang ngurmati Panjenenganipun, sarta nglampahi kersanipun. 32 Wiwit dumadosipun jagad sepriki dèrèng naté wonten tiyang wuta wiwit lair mila kasarasaken ngantos saged ningali. 33 Menawi tiyang menika mboten saking Gusti Allah, mokal sagedipun nindakaken kaélokan kados mekaten." 34 Para wong Farisi mau nuli mangsuli: "Kowé kuwi wong kebak dosa sabadan sekojur, wiwit saka pucuking rambut tekan tlapakané sikilmu, tur wiwit lair mula, lha kokarep mulang aku!" Wusanané wong mau banjur disébrataké saka sinagogé. 35 Gusti Yésus midhanget yèn wong sing mauné wuta kuwi disébrataké saka sinagogé. Bareng ketemu karo wong mau, Gusti Yésus nuli ngandika: "Apa kowé precaya marang Putraning Manungsa?" 36 Wong mau mangsuli: "Putraning Manungsa menika sinten, Guru? Kula aturi ngandikakaken, supados kula saged pitados dhateng Panjenenganipun." 37 Pangandikané Gusti Yésus: "Kowé wis ndeleng Panjenengané, yakuwi sing saiki lagi ngandikan karo kowé." 38 Aturé wong mau: "Kula pitados Gusti," banjur sujud ing ngarsané. 39 Gusti Yésus nuli ngandika: "Teka-Ku ing jagad iki supaya ngadili, supaya wong wuta bisa ndeleng, lan wong sing ndeleng dadi wuta." 40 Ing kono ana wong Farisi sawetara sing padha krungu pangandikané Gusti Yésus mau. Wong-wong mau padha muni: "Menapa Panjenengan nginten, kula inggih sami wuta?" 41 Gusti Yésus ngandika: "Menawa kowé wuta, kowé ora dosa. Nanging sarèhné kowé kandha 'Aku weruh', mula kowé tetep dosa."
10:1 "Kowé Dakkandhani sing sanyatané: Wong sing mlebu ing kandhang wedhus ora metu lawang, nanging mlumpat pager, kuwi maling lan rampog. 2 Nanging sing sapa mlebuné kandhang metu lawang, wong kuwi pangoné. 3 Sing jaga kandhang bakal ngengakaké lawangé. Wedhus-wedhus iya nitèni swarané samangsa pangon mau ngundangi wedhusé manut jenengé dhéwé-dhéwé lan digiring metu. 4 Sawisé wedhus-wedhus mau metu, pangon kuwi nuli mlaku ana ing ngarep, lan wedhus-wedhusé ana ing mburiné, sebab padha wanuh karo swarané pangoné. 5 Wedhus-wedhus mau ora bakal gelem mèlu wong liya, malah bakal padha ngadoh saka wong mau, sebab wedhus-wedhus kuwi ora wanuh marang swarané." 6 Wong-wong sing padha ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus mau padha ora ngerti apa sing dikersakaké. 7 Gusti Yésus nuli ngandika menèh: "Ngertia, yèn Aku iki lawang dalané wedhus-wedhus kuwi. 8 Sakèhing wong sing tekané sadurungé Aku, kuwi maling lan rampog, mulané wedhus-wedhus ora padha ngrungokaké swarané wong mau. 9 Aku iki lawangé. Wong sing ngliwati Aku, bakal slamet; wong kuwi mlebu metu olèh pangan. 10 Yèn maling tekané mung arep nyolong, arep matèni lan ngrusak. Nanging teka-Ku iki supaya sepira sing nilingaké swara-Ku padha urip sajroning kalubèran. 11 Aku iki Pangon sing utama. Pangon sing utama kuwi lila mati mbélani wedhus-wedhusé. 12 Nanging buruh opahan kuwi dudu pangon, lan dudu sing duwé wedhus-wedhus mau. Yèn buruh sing mengkono mau weruh asu ajag teka, nuli bakal mlayu, wedhus-wedhusé ditinggal, nganti wedhus-wedhus mau ditubruk déning asu ajag mau lan dibuyaraké. 13 Buruh mau mlayu, sebab wong kuwi enggoné nyambut-gawé mung mburu opah lan ora mreduli karo wedhus-wedhusé. 14-15 Aku iki Pangon sing utama. Kaya déné Sang Rama wanuh karo Aku, lan Aku wanuh karo Sang Rama, kaya mengkono uga Aku wanuh karo wedhus-wedhus-Ku, lan wedhus-wedhus-Ku wanuh karo Aku. Aku lila mati nglabuhi wedhus-Ku. 16 Aku uga duwé wedhus-wedhus liyané menèh, sing ora ana ing kandhang kéné. Wedhus-wedhus kuwi uga kudu Dakengon lan bakal padha ngrungokaké swara-Ku; kabèh bakal dadi sapantha lan tunggal pangon. 17 Sang Rama ngasihi Aku, sebab Aku lila ngurbanaké nyawa-Ku, supaya Aku bisa nampa nyawa-Ku menèh. 18 Ora ana wong sing bisa ngrebut nyawa-Ku. Aku rila ngurbanaké nyawa-Ku. Aku wenang ngurbanaké nyawa-Ku, lan uga wenang nampa nyawa-Ku menèh. Lan ya kuwi sing dikersakaké Sang Rama, supaya Daklakoni." 19 Merga pangandikané Gusti Yésus sing mengkono mau, wong Yahudi nuli padha padu dhéwé. 20 Akèh sing kandha: "Wong kuwi kesurupan sétan! Wong kuwi édan! Apa gunané ngrungokaké tembungé wong kaya mengkono!" 21 Nanging iya ana wong sing muni: "Mokal, yèn wong kesurupan sétan bisa mulang kaya mengkono! Sétan rak ora bisa marasaké wong wuta?" 22 Wong Yahudi padha ngriayakaké dina adeging Pedalemané Allah, ing kutha Yérusalèm. Nalika semana mbeneri mangsa bedhidhing. 23 Gusti Yésus lagi tindak-tindak ana ing Bangsal Suléman, ing Pedalemané Allah. 24 Para penggedhéné wong Yahudi nuli padha marani Gusti Yésus lan ngrubung Panjenengané. Nuli padha matur: "Ngantos pinten laminipun enggèn Panjenengan damel mangu-manguning manah kula? Kula aturi ngandika kalayan blaka, menapa Panjenengan menika Sang Kristus?" 25 Pangandikané Gusti Yésus: "Kowé wis padha Dakkandhani, nanging kowé padha ora precaya. Sarupaning penggawé sing Daklakoni atas Asmané Sang Rama, kuwi kabèh neksèni mungguh ing Aku. 26 Kowé padha ora precaya, jalaran kowé dudu wedhus-Ku. 27 Wedhus-wedhus-Ku padha nitèni swara-Ku. Aku wanuh karo wedhus-wedhus-Ku lan wedhus-wedhus-Ku padha ngetutaké Aku. 28 Wedhus-wedhus kuwi padha Dakwènèhi urip sejati, temahan ora ana sing bakal mati, lan ora ana wong sing bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka ing tangan-Ku. 29 Sang Rama sing maringaké wedhus-wedhus kuwi marang Aku, kuwi ngungkuli sekabèhé. Lan ora ana wong siji waé sing bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka astané Rama-Ku. 30 Sang Rama lan Aku kuwi siji." 31 Para penggedhéné wong Yahudi mau nuli padha njupuk watu, arep kanggo mbenturi Gusti Yésus. 32 Nanging Panjenengané malah ngandika marang wong-wong mau: "Kowé wis padha ndeleng enggon-Ku nindakaké penggawé becik, sing didhawuhaké Sang Rama marang Aku, supaya Daklakoni. Lah saiki, apa ana ing antarané penggawé-Ku mau sing njalari kowé arep mbenturi watu Aku?" 33 Para penggedhé mau nuli mangsuli: "Kula sami badhé mbenturi Panjenengan mboten margi pendamel-pendamel saé Panjenengan, nanging margi Panjenengan nyenyamah Gusti Allah! Panjenengan menika rak namung manungsa, kénging menapa Panjenengan ngaken yèn Panjenengan menika Allah?" 34 Gusti Yésus gentos ngandika: "Apa ing Kitab Torèt ora ana tulisan mengkéné: Allah ngandika: 'Kowé kuwi allah?' 35 Lan kita kabèh padha ngakoni yèn apa sing katulis ana ing Kitab Suci kuwi ora kena dibatalaké. Lah, yèn wong-wong sing padha nampa pangandika mau disebut déning Gusti Allah piyambak 'allah', 36 apa sebabé kowé padha ngarani Aku nyewiyah marang Allah, merga Aku muni yèn Aku iki Putrané Allah? Mangka Aku iki sing wis dipilih déning Sang Rama piyambak, lan diutus menyang jagad. 37 Yèn Aku ora nindakaké kersané Sang Rama, kowé kena ora precaya marang Aku. 38 Nanging yèn Aku nindakaké kersané Sang Rama, senajan ta kowé ora precaya marang Aku, wis samesthiné kowé saora-orané precaya marang apa sing Daktindakaké, supaya kowé weruh lan ngerti yèn Sang Rama lan Aku iki siji, kaya déné Aku karo Sang Rama kuwi siji." 39 Ing kono wong Yahudi mau padha ngarah nyekel Gusti Yésus menèh, nanging Panjenengané jengkar saka tengahé wong-wong mau. 40 Gusti Yésus nuli kondur menèh menyang sabrangé Kali Yardèn, ing panggonané Yohanes Pembaptis biyèn mbaptisi wong-wong. Gusti Yésus nuli manggèn ana ing kono. 41 Akèh wong sing padha teka mrono. Wong-wong mau padha kandha mengkéné: "Nabi Yohanes Pembaptis ora nindakaké kaélokan-kaélokan, nanging apa sing dingandikakaké déning Nabi Yohanes bab Wong iki, kabèh cocog." 42 Banjur akèh wong sing padha precaya marang Gusti Yésus.
11:1 Ana wong lara, jenengé Lasarus. Omahé ana ing désa Bètani. Yakuwi désa Bètani panggonané Maryam lan Marta. 2 Maryam kuwi wong wadon sing ngesokaké lenga wangi ing sampéyané Gusti Yésus lan ngusapi nganggo rambuté. Déné Lasarus sing lara mau seduluré.) 3 Maryam lan Marta padha ngaturi pirsa marang Gusti Yésus: "Guru, Lasarus, mitra Panjenengan ingkang Panjenengan tresnani samenika sakit." 4 Nalika Gusti Yésus mireng pawarta mau, Panjenengané ngandika: "Larané Lasarus ora bakal njalari patiné, nanging supaya dadi lantarané Asmané Allah kaluhuraké, lan srana mengkono Putrané Allah uga kaluhuraké." 5 Gusti Yésus pancèn tresna marang Marta lan mbakyuné, tuwin Lasarus, seduluré. 6 Éwasemono nalika Gusti Yésus mireng bab larané Lasarus mau, Panjenengané malah nginep rong dina menèh ana ing panggonan kono. 7 Lagi sawisé kuwi Gusti Yésus ngandika marang para sekabaté: "Ayo, kita padha bali menyang tanah Yudéa." 8 Para sekabat nuli padha matur: "Guru, nembé kémawon tiyang-tiyang Yahudi badhé mbenturi séla Panjenengan, lha koksamenika Panjenengan sampun ngajak tindak mrika malih?" 9 Pangandikané Gusti Yésus: "Sedina kuwi apa ora rolas jam? Yèn mlaku ing wayah awan, wong ora kesandhung, merga padhang. 10 Nanging yèn wong mau mlaku ing wayah bengi, bakal kesandhung, merga peteng." 11 Sawisé kuwi Gusti Yésus nyambeti, pangandikané: "Mitra kita Lasarus lagi turu, mulané arep Dakgugah." 12 Aturé para sekabaté: "Guru, menawi Lasarus namung tilem, temtunipun mangké badhé saras." 13 Mangka sing dikersakaké Gusti Yésus kuwi satemené Lasarus wis mati. Saka pengirané para sekabat, Gusti ngandika yèn Lasarus turu temenan. 14 Mulané Gusti Yésus nuli mblakakaké yèn satemené, "Lasarus wis mati. 15 Aku bungah déné Aku ora mbeneri ana ing kana. Kuwi ana beciké tumrap kowé kabèh, supaya kowé padha precaya. Ayo kita padha mangkat menyang omahé Lasarus." 16 Tomas, sing diparabi "Didimus" (tegesé wong kembar), kandha marang kanca-kancané para sekabat: "Ayo kita padha ndhèrèk Guru, karebèn kita mati bareng karo Panjenengané." 17 Nalika tindaké Gusti Yésus tekan désa Bètani, Lasarus wis dikubur patang dina kepungkur. 18 Bètani kuwi saka kutha Yérusalèm adoh-adohé mung telung kilomèter. 19 Wong Yahudi wis akèh sing padha layat mrono, prelu nglipur Maryam lan Marta, sing kepatèn Lasarus, seduluré. 20 Bareng Marta krungu yèn Gusti Yésus rawuh, banjur metu mbagèkaké, nanging Maryam kèri ana njero omah. 21 Marta banjur matur marang Gusti Yésus: "Guru, saupami Panjenengan wonten ing ngriki, temtu Lasarus sedhèrèk kula, mboten badhé pejah. 22 Éwasemanten kula pitados, bilih samenika ugi Gusti Allah badhé njurungi menapa ingkang Panjenengan suwun." 23 Pangandikané Gusti Yésus marang Marta: "Sedulurmu bakal urip menèh." 24 Wangsulané Marta: "Kula pitados, bilih Lasarus badhé gesang malih ing Dinten Kiamat, samangsa tiyang-tiyang pejah katangèkaken." 25 Pangandikané Gusti Yésus marang Marta: "Sing nangèkaké wong mati kuwi Aku, lan sing mènèhi urip marang manungsa kuwi Aku. Wong sing precaya marang Aku, senajan wong mau wis mati, bakal urip menèh. 26 Lan wong sing isih urip, sing precaya marang Aku, ora bakal mati ing selawasé. Apa kowé precaya bab kuwi?" 27 Wangsulané Marta: "Guru, kula pitados bilih Panjenengan menika Putraning Allah, Sang Kristus, ingkang kautus rawuh ing donya." 28 Sawisé matur mengkono, Marta nuli ngundang Maryam, mbakyuné, sarta dibisiki: "Guru wis rawuh lan nakokaké kowé." 29 Bareng krungu mengkono, Maryam nuli énggal-énggal ngadeg lan methukaké Gusti Yésus. 30 Nalika semana Gusti Yésus durung mlebet ing désa Bètani, nanging isih ana ing panggonan nalika ketemu karo Marta.) 31 Bareng wong-wong Yahudi sing lagi padha linggih ana ing omah nglipur Maryam, weruh Maryam ngadeg lan metu rerikatan, nuli padha ngetutaké, sebab dikira arep lunga menyang kubur lan nangis ana ing kono. 32 Bareng Maryam tekan panggonané Gusti Yésus lan weruh Panjenengané, banjur jèngkèng ana ngarsané sarta matur: "Guru, saupami Panjenengan wonten ing ngriki, sedhèrèk kula mesthi mboten pejah!" 33 Bareng pirsa Maryam nangis, lan wong-wong Yahudi sing padha ngetutaké iya padha nangis, Gusti Yésus penggalihé trenyuh banget. 34 Panjenengané nuli ndangu: "Dikubur ana ing endi?" Wangsulané sing padha didangu: "Mangga Gusti, menawi badhé pirsa." 35 Gusti Yésus nuli muwun. 36 Temah wong-wong Yahudi padha muni: "Semono tresnané marang Lasarus." 37 Nanging ana uga sing muni: "Panjenengané wis ngelèkaké mripaté wong wuta, yagéné ora bisa nyegah patiné Lasarus?" 38 Gusti Yésus tindak menyang kuburan karo trenyuh penggalihé. Kubur mau wujudé kaya guwa, sing ditutupi watu gedhé. 39 Gusti Yésus dhawuh: "Watuné singkirna." Marta, seduluré sing mati mau, nuli matur: "Guru, piyambakipun sampun dipun kubur kawan dinten kepengker. Temtu sampun mambet." 40 Pangandikané Gusti Yésus: "Aku rak wis kandha: 'Yèn kowé precaya, kowé bakal weruh gedhéning pangwasané Allah!' " 41 Watu sing nutupi kubur mau nuli padha disingkiraké. Gusti Yésus banjur tumenga ing langit lan ndedonga: "Kawula ngaturaken panuwun dhateng Paduka, dhuh Rama, margi Paduka sampun miyarsakaken panyuwun Kawula. 42 Kawula sumerep, bilih Paduka tansah miyarsakaken panyuwun Kawula. Éwadéné enggèn Kawula matur menika, karana tiyang-tiyang ingkang sami wonten ing ngriki, supados sami pitados, bilih Kawula menika utusan Paduka!" 43 Sawisé matur mengkono, Gusti Yésus nuli ngandika klawan sora: "Lasarus, metua!" 44 Lasarus sing wis mati kuwi banjur metu. Tangan lan sikilé isih pocongan mori putih, semono uga rainé isih ketutupan kain kringet (kacu). Dhawuhé Gusti Yésus marang wong-wong sing ana ing kono: "Moriné uculana, karebèn bisa uwal!" 45 Bareng ndeleng lelakon mau, wong-wong Yahudi sing padha layat, banjur padha precaya marang Gusti Yésus. 46 Nanging ing antarané wong-wong mau uga ana sing banjur marani wong-wong Farisi lan nglapuraké tumindaké Gusti Yésus. 47 Mulané wong-wong Farisi lan para pengareping imam nuli padha nganakaké parepatan karo Mahkamah Agama. Wong-wong mau padha muni mengkéné: "Saiki apa sing kudu kita tindakaké? Wong kuwi wis gawé mujijat semono kèhé! 48 Yèn dijaraké mengkono terus, wong kabèh bakal padha precaya marang dhèwèké kuwi. Pungkasané Pemeréntah Rum bakal nggempur Pedalemané Allah lan bangsa Yahudi kabèh." 49 Ing antarané wong-wong mau, sing jenengé Kayafas, ing taun kuwi dadi Imam Agung. Kayafas mau muni: "Kowé padha ora ngerti. 50 Apa kowé iya padha ora sumurup yèn kanggo keslametané rakyat kabèh, luwih becik yèn wong siji sing mati, ketimbang wong sabangsa mati kabèh?" 51 Satemené Kayafas enggoné muni mengkono mau ora saka karepé dhéwé; nanging sarèhné jumeneng Imam Agung ing taun kuwi, meca enggoné Gusti Yésus bakal séda kanggo bangsa Yahudi kabèh. 52 Malah ora mung kanggo bangsa Yahudi waé, nanging kanggo para putrané Allah kabèh, sing sumebar ing ngendi-endi, supaya kakumpulaké dadi siji. 53 Wiwit ing dina kuwi para penggedhéné bangsa Yahudi padha sekongkelan arep nyédani Gusti Yésus. 54 Mulané Gusti Yésus ana ing tanah Yudéa kono ora ngétok ing ngarepé wong akèh. Panjenengané nuli tindak saka tanah Yudéa menyang kutha, sing aran Éfraim, cedhak karo ara-ara samun. Panjenengané manggèn ana ing kono karo para sekabaté. 55 Nalika semana wis mèh Riaya Paskahé wong Yahudi. Akèh wong saka désa-désa padha menyang kutha Yérusalèm, arep nindakaké prenatan sesuci. 56 Nalika wong-wong kabèh mau ana ing Pedalemané Allah, nuli padha nggolèki Gusti Yésus, lan padha takon-tinakon: "Saka pengiramu kepriyé? Wong kuwi mesthi ora bakal nekani riaya iki!" 57 Para pengareping imam lan para wong Farisi wis padha andum préntah, yèn sapa waé sing weruh panggonané Gusti Yésus, kudu lapur, supaya kena dicekel.
12:1 Nem dina sadurungé Riaya Paskah, Gusti Yésus tindak menyang désa Bètani; ana ing omahé Lasarus, sing wis tau mati, ditangèkaké menèh. 2 Ana ing kono Gusti Yésus dicaosi dhahar; sing ngladèni Marta. Déné Lasarus lungguh kembul karo Panjenengané. 3 Maryam nuli njupuk lenga wangi nared tulèn, sing ajiné akèh banget, boboté setengah liter, banjur dienggo njebadi sampéyané Gusti Yésus. Lenga mau nuli diusapi nganggo rambuté. Ambuné ngebeki saomah kabèh. 4 Yudas Iskariot, panunggalané sekabaté Gusti Yésus, muni mengkéné: 5 "Généa lenga wangi kuwi ora diedol waé, rak bisa payu akèh, nuli dhuwité didanakaké marang wong miskin?" 6 Enggoné Yudas muni mengkono mau ora kokmerga mikiraké nasibé wong miskin, nanging merga saka culikané. Yudas kerep nganggo dhuwit sing dadi rereksané.) 7 Nanging Gusti Yésus ngandika: "Wis ta, wong wadon kuwi nengna waé, aja kokganggu! Penggawéné mengkono kuwi minangka pacawisan enggon-Ku mbésuk bakal dikubur! 8 Awit wong miskin kuwi selawasé ana ing antaramu, nanging Aku ora selawasé ana ing antaramu." 9 Akèh wong Yahudi sing padha krungu, yèn Gusti Yésus ana ing désa Bètani. Mulané wong-wong mau nuli padha nusul Panjenengané mrana. Enggoné marani Gusti Yésus kuwi ora mung merga kaélokan sing wis katindakaké, nanging uga padha kepéngin weruh Lasarus, sing wis urip menèh. 10 Kuwi sebabé para pengareping imam uga kepéngin matèni Lasarus, 11 jalaran akèh wong Yahudi sing padha ninggal para pemimpiné lan precaya marang Gusti Yésus, merga lelakoné Lasarus mau. 12 Ésuké akèh wong sing wis padha teka ing kutha Yérusalèm, arep ngriayakaké Paskah. Wong-wong mau padha krungu, yèn Gusti Yésus isih ana ing dalan arep tindak mrono. 13 Wong-wong mau nuli padha njupuk pang-pangé wit palem, banjur methukaké klawan surak-surak: "Pinujia Asmané Allah! Sugenga sing rawuh ing Asmané Pangéran! Sugenga ratuné wong Israèl!" 14 Dhèk semana Gusti Yésus nitih kuldi, isih belo, cocog karo sing katulisan mengkéné: 15 "Aja wedi, hé putri Sion! Delengen ratumu rawuh, nitih beloning kuldi." 16 Nalika semana para sekabat durung padha ngerti apa tegesé kuwi mau kabèh. Nanging sawisé Gusti Yésus kaluhuraké, yakuwi sawisé sinalib lan wungu menèh, lagi padha kèlingan yèn lelakoné Gusti Yésus mau wis katulis ana ing Kitab Suci, lan saiki kelakon temenan. 17 Wong-wong sing padha ndhèrèkaké Gusti Yésus nalika Panjenengané nimbali Lasarus metu saka ing kubur lan nangèkaké saka ing pati, ora uwis-uwis enggoné nyritakaké lelakon mau marang wong-wong liyané. 18 Kuwi sebabé wong akèh padha methukaké Gusti Yésus, jalaran padha krungu bab lelakon sing wis ditindakaké. 19 Wong Farisi padha rerasanan: "Kita padha ora olèh gawé! Delengen, wong sajagad wis padha kèlu karo Wong kuwi!" 20 Ing antarané wong akèh sing padha teka ing kutha Yérusalèm arep nindakaké ibadah sajroné dina riaya mau, ana wongé Yunani sawetara. 21 Wong-wong mau padha nemoni Filipus lan kandha: "Sedhèrèk, kula kepéngin kepanggih kaliyan Guru Yésus!" (Filipus kuwi wong saka kutha Bètsaida ing tanah Galiléa.) 22 Filipus nuli kandha karo Andréas, wong loro mau banjur padha matur marang Gusti Yésus. 23 Panjenengané nuli ngandika marang para sekabat mau: "Saiki wis tekan wektuné Putraning Manungsa diluhuraké. 24 Padha élinga, yèn wiji gandum sing ditandur ing lemah lan mati, wiji mau ora bakal tetep mung seglintir waé. Nanging sawisé wiji mau mati, bakal ngetokaké woh akèh. 25 Wong sing nengenaké uripé ing donya kéné, bakal kélangan urip sing sejati. Nanging wong sing nyingkur uripé dhéwé ing donya kéné, bakal ngalami urip sejati, sing langgeng. 26 Wong sing ngawula marang Aku, kuwi kudu ngetut buri Aku, supaya bisa mèlu Aku menyang endi waé paran-Ku. Wong sing ngawula marang Aku, kuwi bakal dimulyakaké déning Rama-Ku." 27 "Saiki ati-Ku was-was. Banjur arep matur apa? Apa Aku kudu matur: 'Rama, mugi sampun négakaken Kawula ngalami kasangsaran menika?' Ora, sebab enggon-Ku urip tekan sepréné iki preluné supaya ngalami kasangsaran mau. 28 'Dhuh Rama, Asma Paduka mugi kaluhuraken.' " Nuli ana swara saka ing langit: "Wis Dakluhuraké, lan isih bakal Dakluhuraké menèh." 29 Wong akèh sing ana ing kono padha krungu swara mau. Wong-wong nuli padha rerasanan: "Kuwi swarané gludhug!", nanging ana uga sing kandha: "Dudu! Ana malaékat sing lagi ngandikan karo Panjenengané." 30 Gusti Yésus nuli ngandika marang wong akèh mau: "Anané swara kuwi ora kanggo Aku, nanging kanggo kowé. 31 Saiki wis tekan wektuné jagad iki diadili. Saiki penggedhéné jagad iki bakal ditelukaké. 32 Mengko samangsa Aku wis dipanjer, Aku bakal nggèndèng wong kabèh mèlu Aku." 33 Enggoné ngandika mengkono kuwi kanggo nuduhaké patrapé Gusti Yésus enggoné bakal disalib. 34 Wong akèh mau nuli matur marang Panjenengané: "Manut suraosé Kitab-kitab, Sang Kristus ingkang badhé rawuh menika badhé gesang ing selami-laminipun; kadospundi déné Panjenengan kokngandika, bilih Putraning Manungsa menika kedah nglampahi sinalib? Lajeng Putranipun Manungsa menika sinten?" 35 Pangandikané Gusti Yésus: "Mung kari sawetara mangsa Pepadhang ana ing tengahmu. Mulané terusna lakumu, mumpung Sang Pepadhang isih ana ing tengahmu, supaya kowé aja kesaput ing pepeteng. Wong sing mlaku ing pepeteng ora ngerti bakal tekan endi. 36 Precayaa marang Pepadhang kang ana ing tengahmu, supaya kowé padha dadi Putraning Pepadhang." Sawisé ngandika mengkono, Gusti Yésus nuli tindak saka kono lan ora kersa ngetingal menèh ing ngarepé wong akèh. 37 Akèh banget mujijat lan kaélokan sing ditindakaké ana ing ngarepé wong akèh mau. Éwasemono wong-wong mau meksa ora precaya marang Panjenengané. 38 Srana mengkono kelakon temenan, apa sing wis kaweca déning Nabi Yésaya, sing uniné mengkéné: "Dhuh Pangéran, sinten ingkang pitados dhateng pawartos kawula? Sinten ingkang kepareng ningali kwaosipun Allah?" 39 Wong-wong mau padha ora bisa precaya, merga Nabi Yésaya wis ngandika mengkéné: 40 Gusti Allah ngandika, "Mripaté wis Dakgawé wuta, atiné dadi kaku, lan nalaré banjur peteng; supaya wong-wong mau aja padha mratobat, temahan Dakwarasaké." 41 Enggoné Nabi Yésaya ngandika mengkono mau merga wis pirsa marang kamulyané Gusti Yésus. 42 Éwasemono akèh uga para penggedhéné wong Yahudi sing padha precaya marang Gusti Yésus. Nanging wong-wong kuwi ora wani ngakoni precayané terang-terangan, merga padha wedi, aja-aja disébrataké saka sinagogé déning para wong Farisi. 43 Wong-wong kuwi padha luwih seneng diurmati déning manungsa ketimbang nampa pakurmatan sing saka Gusti Allah. 44 Gusti Yésus nuli ngandika: "Wong sing precaya marang Aku, kuwi ora mung Aku sing diprecaya, nanging uga Panjenengané sing ngutus Aku. 45 Sing sapa ndeleng Aku, kuwi uga ndeleng Panjenengané sing ngutus Aku. 46 Teka-Ku ing jagad iki dadi Pepadhang, supaya wong sing precaya marang Aku, ora tetep ana ing pepeteng. 47 Dudu Aku sing bakal ngadili wong sing padha krungu, nanging ora nglakoni piwulang-Ku. Merga teka-Ku ora arep ngadili jagad, nanging arep nylametaké. 48 Wong sing ora precaya lan ora gelem manut marang pitutur-Ku, kuwi ana sing ngadili dhéwé. Iya Injil sing Dakwartakaké, kuwi sing bakal dadi hakim, sing ngadili wong-wong mau ing Dina Kiamat! 49 Lan pancèn mengkono! Merga Aku ora tau memulang metu saka karep-Ku dhéwé. Sang Rama sing ngutus Aku, Panjenengané kuwi sing dhawuh marang Aku samubarang sing kudu Dakkandhakaké utawa Dakwulangaké. 50 Lan Aku ngerti yèn dhawuhé Sang Rama kuwi dalaning urip sing sejati. Mulané apa sing Dakkandhakaké iki, kabèh merga saka dhawuhé Sang Rama."
13:1 Bareng dina Riaya Paskah kurang sedina, Gusti Yésus pirsa yèn wis tekan wektuné Panjenengané nilar jagad iki lan kondur menyang ngarsané Sang Rama. Panjenengané tresna marang para kagungané kang ana ing jagad, lan enggoné nresnani nganti tekan ing wekasan. 2 Nalika semana ing wayah bengi Gusti Yésus lan para sekabat lagi padha dhahar. Ing kono Iblis ngosikaké atiné Yudas Iskariot, supaya ngulungaké Gusti Yésus. 3 Gusti Yésus pirsa, yèn Sang Rama wis masrahaké sakèhing pangwasa marang Panjenengané. Panjenengané uga pirsa, yèn asalé saka Allah, lan bakal kondur menyang ngarsané Allah. 4 Mulané Panjenengané nuli jumeneng, ngrucat jubahé, sarta ngubetaké kain mau ana ing lambungé. 5 Panjenengané banjur ngesok banyu ana ing pengaron, sarta wiwit misuhi sikilé para sekabat; sawisé kuwi banjur dilapi nganggo kain sing diubetaké ana ing lambungé mau. 6 Bareng tekan gilirané Simon Pétrus, Simon matur: "Gusti, prelunipun menapa Panjenengan misuhi suku kawula?" 7 Pangandikané Gusti Yésus: "Saiki kowé durung ngerti apa maknané sing Daktindakaké iki, nanging mengko kowé bakal ngerti." 8 "Sampun ngantos, Gusti," aturé Pétrus, "Panjenengan sampun ngantos misuhi suku kawula!" Nanging Gusti Yésus nuli ngandika: "Yèn kowé ora gelem Dakwisuhi, kowé ora kena dadi murid-Ku." 9 Wangsulané Simon Pétrus: "Menawi mekaten Gusti, sampun ngemungaken suku ingkang dipun wisuhi, nanging ugi tangan lan sirah kawula!" 10 Pangandikané Gusti Yésus: "Wong sing wis adus, badané sakojur wis resik, wong kuwi ora prelu didusi menèh. Mung sikilé waé sing prelu diresiki. Kowé pancèn wis padha resik, nanging ora kabèh." 11 Gusti Yésus wis pirsa, sapa sing bakal ngulungaké Panjenengané. Mulané Panjenengané ngandika: "Kowé wis padha resik, nanging ora kabèh.") 12 Sawisé Gusti Yésus rampung enggoné misuhi sikilé para sekabat, Panjenengané nuli ngagem jubahé menèh, sarta wangsul lenggah. Panjenengané nuli ngandika marang para sekabaté mengkéné: "Apa kowé ngerti tegesé apa sing mentas Daktindakaké marang kowé mau? 13 Kowé padha nyebut Aku Guru lan Gusti. Lan panyebutmu kuwi bener, awit Aku iki pancèn Guru lan Gusti. 14 Lah saiki yèn Aku sing dadi Gusti lan Gurumu wis misuhi sikilmu, dadi kowé iya kuwajiban wisuh-winisuhan sikil. 15 Enggon-Ku mènèhi tuladha marang kowé kabèh kuwi supaya kowé padha nglakonana kaya sing wis Daktindakaké marang kowé. 16 Padha éling-élingen; batur kuwi ora ngungkuli bendarané, lan utusan ora ngluwihi sing ngutus. 17 Saiki kowé wis padha ngerti prekara kuwi. Begja kowé menawa kuwi koklakoni. 18 Kandha-Ku iki ora kanggo kowé kabèh, lan Aku ngerti sapa waé sing wis Dakpilih. Nanging apa sing katulisan ana ing Kitab Suci kudu kelakon. Tulisan mau surasané mengkéné: 'Tiyang ingkang sesarengan nedha roti kaliyan Kawula, menika badhé nglawan Kawula!' 19 Kowé saiki padha Dakwènèhi weruh sadurungé prekara kuwi kelakon, supaya yèn mengko kelakon, kowé padha precaya yèn Aku iki Panjenengané kang disebut 'Aku iki Panjenengané Kang Ana.' 20 Padha titènana: Sapa sing nampa wong sing Dakutus, kuwi ateges nampani Aku dhéwé. Lan sapa sing nampa Aku, kuwi ateges nampani Gusti Allah, sing ngutus Aku." 21 Sawisé ngandika mengkono, Gusti Yésus penggalihé trenyuh banget. Nuli Panjenengané ngandika blak-blakan: "Kowé padha Dakkandhani sing satemené: Panunggalanmu salah siji bakal ngulungaké Aku." 22 Para sekabat padha bingung, sarta padha pandeng-pandengan, merga padha ora ngerti sapa sing dikersakaké. 23 Sekabat sing dikasihi déning Gusti Yésus, linggih ana ing sisihé, 24 disasmitani déning Simon Pétrus, supaya nyuwun pirsa, sapa sing dikersakaké mau. 25 Sekabat mau nuli nyedhaki Gusti Yésus lan nyuwun pirsa: "Sinten tiyangipun menika, Gusti?" 26 Pangandikané Gusti Yésus: "Aku arep nyelupaké roti ana ing mangkok; wong sing nuli Dakulungi roti mau, yakuwi wongé." Gusti Yésus nuli mundhut roti secuwil, banjur dicelupaké ana ing mangkok; sawisé kuwi roti mau banjur diulungaké marang Yudas anaké Simon Iskariot. 27 Bareng Yudas nampani roti mau, sanalika iku uga Iblis ngangslupi. Gusti Yésus nuli ngandika marang Yudas: "Énggal lakonana apa sing dadi sedyamu!" 28 Ora ana wong siji-sijia ing antarané sing padha linggih ana ing kono ngerti, apa sebabé Gusti Yésus ngandika mengkono marang Yudas. 29 Ana sing ngira, yèn Gusti Yésus ngutus Yudas tuku apa-apa sing dibutuhaké kanggo riaya, utawa bisa uga Gusti Yésus ndhawuhi Yudas mènèhi dhuwit marang wong-wong miskin, sebab Yudas kuwi sing tukang nyekel dhuwit. 30 Sawisé nampa roti mau, sanalika Yudas banjur metu. Nalika semana wayahé wis bengi. 31 Sawisé Yudas lunga, Gusti Yésus nuli ngandika: "Saiki Putrané Manungsa bakal kamulyakaké. 32 Lan lantaran Putraning Manungsa mau kamulyané Gusti Allah iya bakal kebabar. Yèn kamulyané Gusti Allah kebabar lantaran Putraning Manungsa, nuli kamulyaning Putrané Manungsa iya bakal diketingalaké déning Gusti Allah piyambak. Lan kuwi kabèh bakal tumuli kelakon. 33 Anak-anak-Ku, enggon-Ku kumpul karo kowé kari sedhéla. Kowé bakal nggolèki Aku, nanging kaya sing wis Dakkandhakaké marang wong Yahudi, mengkono uga saiki Dakkandhakaké marang kowé: Kowé ora bisa mara ing panggonan sing arep Dakparani. 34 Kowé padha Dakwènèhi pepakon anyar, yakuwi supaya padha tresna-tinresnan. Dikaya enggon-Ku nresnani kowé, mengkono uga kowé padha tresna-tinresnana. 35 Titikané enggonmu padha dadi murid-Ku, yakuwi menawa wong kabèh padha neksèni enggonmu tresna-tinresnan." 36 Simon Pétrus matur marang Gusti Yésus: "Gusti badhé tindak dhateng pundi?" Pangandikané Gusti Yésus: "Aku lunga menyang panggonan sing kowé ora bisa marani mrana, nanging mbésuk kowé bakal mèlu Aku." 37 Pitakoné Pétrus: "Guru, kénging menapa kula mboten saged ndhèrèk Panjenengan? Kula wantun pejah kagem Panjenengan." 38 Pangandikané Gusti Yésus: "Temenan? Kowé wani mati temenan kanggo Aku? Rungokna sing becik: Mengko sadurungé jago kluruk, kowé bakal ngaku, yèn kowé ora wanuh karo Aku, nganti ambal ping telu!"
14:1 Pangandikané Gusti Yésus marang para sekabat: "Atimu aja was-was. Padha ngandela marang Gusti Allah, lan iya ngandela marang Aku. 2 Ing dalemé Rama-Ku akèh panggonan; mulané Aku mrana supaya nyawisaké panggonan kanggo kowé. Saupama ora mengkono, mesthi kowé ora padha Dakkandhani. 3 Sawisé Aku nyawisaké panggonan kanggo kowé, nuli Aku bakal bali mréné methuk kowé, supaya kowé uga anaa ing papan sing Dakenggoni mau. 4 Panggonan sing Dakparani, kowé wis padha weruh dalané." 5 Tomas nuli nyuwun pirsa: "Guru, kula sami mboten ngertos papan ingkang Panjenengan tuju, kadospundi enggèn kula sumerep merginipun?" 6 Gusti Yésus ngandika: "Aku iki dalané marang Gusti Allah lan Aku sing nuduhaké, Gusti Allah kuwi sapa lan kepriyé kaanané; Aku uga sing mènèhi urip marang manungsa. Ora ana wong siji waé sing bisa sowan marang Sang Rama, yèn ora lantaran Aku. 7 Yèn kowé wanuh marang Aku, kowé iya mesthi wanuh karo Rama-Ku. Wiwit saiki kowé wanuh karo Sang Rama, lan wis ndeleng Panjenengané." 8 Filipus nuli matur: "Gusti, kawula mugi Panjenengan tedahi Sang Rama menika, supados kawula sami marem." 9 Pangandikané Gusti Yésus: "Wis semono lawasé enggon-Ku urip bebarengan karo kowé kabèh; éwasemono kowé kokrumangsa durung wanuh karo Aku, Filipus! Sing sapa wis ndeleng Aku, kuwi uga wis ndeleng Sang Rama; kepriyé déné kowé muni: 'Kawula mugi Panjenengan tedahi Sang Rama?' 10 Apa kowé ora ngandel yèn Aku lan Sang Rama kuwi siji? Sarta Sang Rama lan Aku kuwi siji? Kabèh sing Dakkandhakaké marang kowé kuwi ora metu saka karep-Ku dhéwé. Nanging Sang Rama sing ana ing Aku, sing nindakaké kuwi mau kabèh. 11 Ngandela, yèn Aku lan Sang Rama kuwi siji, sarta Sang Rama lan Aku kuwi siji. Utawa apa kowé ora ngandel karo apa sing wis Daklakoni mau? 12 Aku kandha satemené marang kowé: Wong sing precaya temenan marang Aku, bakal bisa nglakoni prekara-prekara sing wis Daktindakaké, malah wong kuwi bisa nindakaké prekara-prekara sing luwih gedhé ketimbang karo kuwi. Sebab Aku bakal sowan menyang ngarsané Rama-Ku. 13 Apa waé sing koksuwun atas jeneng-Ku, bakal Daksembadani, supaya Sang Rama kaluhuraké lantaran Sang Putra. 14 Nyuwuna apa waé atas jeneng-Ku, Aku bakal nyembadani." 15 "Menawa kowé padha tresna marang Aku, padha nglakonana pepakon-Ku. 16 Aku bakal nyuwun marang Sang Rama, nuli kowé bakal padha diparingi Juru Panglipur liyané, yakuwi Rohé Allah, sing nuduhaké bab kersané Gusti Allah. Roh mau bakal nunggal karo kowé selawasé. 17 Jagad ora bisa nampani Rohé Allah, sebab ora bisa ndeleng Rohé Allah mau, lan ora wanuh marang Panjenengané. Nanging kowé wanuh marang Panjenengané, merga Panjenengané tansah nunggal karo kowé lan dedalem ana ing njeromu. 18 Aku ora bakal négakaké kowé; kowé ora bakal padha kapiran. Aku bakal bali menèh. 19 Sedhéla engkas, jagad bakal ora ndeleng Aku, nanging kowé bakal padha ndeleng Aku; lan merga Aku urip, kowé iya bakal padha urip. 20 Ing wektu kuwi kowé bakal ngerti yèn Aku ana ing Sang Rama, mengkono uga kowé padha ana ing Aku, lan Aku ana ing kowé. 21 Sing sapa nampani lan nglakoni pepakon-pepakon-Ku, kuwi ateges tresna marang Aku. Rama-Ku bakal nresnani wong sing tresna marang Aku. Aku uga bakal nresnani wong mau, lan Aku bakal blaka marang wong mau, sapa Aku iki sejatiné." 22 Yudas, dudu Yudas Iskariot, nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: "Gusti, kénging menapa Panjenengan kersa mblakakaken bab Panjenengan piyambak dhateng kula sedaya, nanging mboten kersa blaka dhateng jagad?" 23 Pangandikané Gusti Yésus: "Wong sing tresna marang Aku kuwi wong sing nglakoni piwulang-Ku. Sang Rama bakal nresnani wong mau. Rama-Ku lan Aku dhéwé bakal nekani wong kuwi lan manggon bebarengan ana ing wong kuwi. 24 Wong sing ora tresna marang Aku, kuwi ora nglakoni piwulang-Ku. Piwulang sing kokrungu, kuwi dudu piwulang-Ku, nanging piwulang saka Sang Rama, sing ngutus Aku. 25 Kabèh kuwi Dakkandhakaké marang kowé, mumpung Aku isih awor karo kowé. 26 Déné sing arep mulangaké sakèhing prekara mau marang kowé kuwi Sang Roh Suci. Panjenengané kuwi Sang Juru Tetulung, sing bakal diutus déning Sang Rama atas saka jeneng-Ku. Sang Juru Tetulung kuwi sing bakal ngélingaké kowé prekara-prekara sing wis Dakwulangaké marang kowé. 27 Kowé padha Daktinggali katentreman. Yakuwi katentreman-Ku dhéwé sing Dakwènèhaké marang kowé. Cara-Ku mènèhi katentreman mau ora kaya patrapé jagad; atimu aja was-was. Kowé aja padha wedi. 28 Kowé wis krungu: 'Aku bakal lunga, nanging Aku bakal bali menèh.' Yèn kowé tresna marang Aku, kowé bakal bungah, samangsa Aku lunga menyang ngarsané Rama-Ku, merga Sang Rama kuwi ngluwihi Aku. 29 Kowé padha Dakwènèhi weruh saiki, sadurungé kabèh mau kelakon, supaya kowé padha precaya. 30 Aku ora arep rembugan akèh-akèh menèh karo kowé, awit penggedhéné jagad (yakuwi Iblis) iki wis teka. Nanging Iblis ora duwé pangwasa ing ngatasé Aku. 31 Nanging jagad prelu ngerti yèn Aku tresna marang Sang Rama, lan kuwi sebabé déné Aku mung nglakoni apa sing didhawuhaké marang Aku. Ayo, kita padha lunga saka kéné."
15:1 Gusti Yésus ngandika menèh, "Aku iki wit anggur sing sejati, lan Rama-Ku sing ngupakara kebon anggur mau. 2 Saben pang sing ora ngetokaké woh, dipagas déning Sang Rama. Déné pang sing ngetokaké woh, diresiki, supaya wohé mundhak akèh. 3 Kowé kuwi wis padha diresiki srana piwulang-piwulang sing Dakwènèhaké marang kowé. 4 Padha nunggala karo Aku, lan Aku bakal nunggal karo kowé. Pang kuwi dhéwé ora bisa metokaké woh. Awit bisané metokaké woh, mung yèn nunggal karo wité. Kaya mengkono uga tumrap kowé. Kowé mung bisa metokaké woh, yèn kowé nunggal karo Aku. 5 Aku iki wité anggur, lan kowé pang-pangé. Wong sing nunggal karo Aku, lan Aku nunggal karo wong mau, bakal metokaké woh akèh. Tanpa Aku, kowé ora bisa apa-apa. 6 Wong sing ora nunggal karo Aku, kuwi kaya pang sing dipagas, banjur dadi garing. Pang-pang sing mengkono mau bakal diklumpukaké lan dicemplungaké ing geni, sarta kaobong. 7 Yèn kowé nunggal karo Aku, lan piwulang-Ku koklakoni, kowé kepareng nyuwun apa waé sing kokkarepaké; panyuwunmu mau bakal dikabulaké. 8 Yèn kowé metokaké woh akèh, Rama-Ku ing swarga diluhuraké; kuwi buktiné yèn kowé murid-Ku temenan. 9 Enggon-Ku nresnani kowé, kaya Sang Rama enggoné nresnani Aku. Padha tetepa ana ing katresnan iki. 10 Menawa kowé padha nglakoni pepakon-pepakon-Ku, Aku bakal tetep nresnani kowé. Ora béda karo Aku dhéwé: Sang Rama nresnani Aku, sebab Aku nglakoni dhawuh-dhawuhé Sang Rama. 11 Kabèh iki Dakkandhakaké marang kowé, supaya kowé uga ngrasakaké kabungahan-Ku, lan supaya kabungahanmu dadia sampurna. 12 Pepakon-Ku mengkéné: Kowé kudu padha tresna-tinresnan, padha kaya enggon-Ku nresnani kowé. 13 Katresnan sing gedhé dhéwé yakuwi menawa wong rila mati kanggo nglabuhi mitrané. 14 Yèn kowé padha nglakoni apa sing Dakdhawuhaké marang kowé, kowé dadi mitra-mitra-Ku. 15 Kowé ora padha Daksebut batur menèh, awit batur ora ngerti apa sing lagi ditindakaké déning bendarané. Kowé padha Daksebut mitra, awit kabèh sing Dakrungu saka Rama-Ku wis dakkandhakaké marang kowé. 16 Dudu kowé sing milih Aku, nanging Aku sing milih kowé, lan Dakdadèkaké utusan, supaya kowé metokaké woh akèh kaya wit anggur mau, sing wohé lestari ing selawasé. Rama-Ku bakal maringi apa waé sing koksuwun atas jeneng-Ku. 17 Iki dhawuh-Ku marang kowé: Padha tresna-tinresnana." 18 "Menawa kowé padha disengiti déning jagad, ngertia yèn Aku wis disengiti luwih dhisik déning jagad. 19 Yèn pinangkamu saka jagad, jagad kuwi bakal nresnani kowé, kaya wongé jagad dhéwé. Nanging kowé wis Dakpilih saka jagad lan Daksengker dadi duwèk-Ku. Mulané kowé wis dudu wongé jagad. Kuwi sebabé jagad mau sengit karo kowé. 20 Élinga marang sing wis Dakkandhakaké marang kowé: 'Batur kuwi ora ngluwihi bendarané.' Menawa wong-wongé jagad wis nganiaya marang Aku, wong-wong mau uga bakal nganiaya kowé. Yèn wong-wong mau nampani pangandikané Gusti Allah sing Dakwartakaké, mesthi uga bakal precaya marang piwulang sing kokwartakaké. 21 Jagad bakal nindakaké panganiaya kuwi mau kabèh marang kowé, merga kowé kuwi wong-wong-Ku, lan merga jagad ora wanuh marang Panjenengané sing ngutus Aku. 22 Saupama Aku ora teka lan ngandhakaké kuwi mau kabèh marang wong-wong kuwi, wong-wong kuwi ora kena disalahaké. Nanging saiki wong-wong mau ora duwé alesan kanggo nutupi dosané. 23 Wong sing sengit marang Aku, kuwi uga sengit marang Sang Rama sing ngutus Aku. 24 Aku wis nindakaké mujijat-mujijat lan kaélokan-kaélokan ana ing satengahé wong-wong mau, sing durung tau ditindakaké déning sapa waé. Saupama Aku ora nindakaké pretandha-pretandha ana ing satengahing wong-wong mau, wong-wong kuwi ora kena disalahaké. Nanging saiki, senajan wis padha ndeleng pretandha-pretandha, éwadéné wong-wong mau malah padha sengit marang Aku, lan uga marang Rama-Ku. 25 Nanging sing mengkono kuwi, supaya kelakon apa sing wis ditulis ana ing Kitab Suciné wong-wong mau, surasané: 'Tiyang-tiyang menika sami sengit dhateng Kawula tanpa sebab.' 26 Nanging Sang Panglipur mau bakal rawuh ndhawuhaké bab kersané Gusti Allah, yakuwi Sang Roh Suci, sing miyos saka Sang Rama, sing bakal Dakutus marang kowé. Sang Roh Suci kuwi bakal maringi paseksi bab Aku. 27 Kowé uga bakal padha dadi seksi-Ku, sebab kowé wis padha bebarengan karo Aku wiwit-wiwitan mula."
16:1 "Iki kabèh Dakkandhakaké marang kowé, supaya kowé mbésuk ora gela lan banjur nampik Aku. 2 Wong-wong bakal nyébrataké kowé saka ing papan pangibadah. Bakal ana mangsané wong sing matèni kowé, lan srana penggawéné kang mengkono kuwi, rumangsa caos pangabekti marang Gusti Allah. 3 Enggoné padha tumindak mengkono mau merga ora wanuh karo Sang Rama lan uga ora wanuh karo Aku. 4 Nanging saiki kowé wis padha Dakkandhani, supaya yèn wong-wong nindakaké panganiaya marang kowé, kowé padha kèlingan, yèn sadurungé kuwi Aku wis ngandhani kowé." "Prekara iki ora Dakkandhakaké marang kowé saka wiwitan mula, merga Aku isih awor karo kowé. 5 Nanging saiki Aku bakal sowan menyang ngarsané Panjenengané sing ngutus Aku. Éwasemono ing antaramu ora ana sing takon, 'Guru badhé tindak dhateng pundi?' 6 Bareng wis Dakkandhani prekara kuwi, saiki atimu malah dadi sedhih. 7 Aku kandha satemené karo kowé: Tumrapé kowé, luwih becik yèn Aku lunga; sebab yèn ora, Sang Juru Tetulung kuwi ora bakal ngrawuhi kowé. Nanging yèn Aku lunga, Aku bakal ngutus Panjenengané. 8 Déné yèn rawuh, Panjenengané bakal ngélingaké marang jagad, yèn kawruhé jagad bab dosa kuwi salah. Semono uga kawruhé bab kersané Allah lan bab paukumané kuwi salah kabèh. 9 Penemuné bab dosa kuwi salah, merga wong-wong mau padha ora precaya marang Aku. 10 Penemuné jagad bab kersané Allah, kuwi uga salah, merga Aku lunga menyang ngarsané Rama-Ku, lan kowé ora bakal ndeleng Aku menèh. 11 Semono uga penemuné bab paukumané Allah, uga salah, sebab pangwasané jagad (Iblis) kuwi wis diadili! 12 Isih akèh prekara sing arep Dakkandhakaké marang kowé, nanging saiki kowé durung bisa nyandhak. 13 Nanging menawa Sang Roh Suci mau wis rawuh, yakuwi Roh sing maringi weruh bab kersané Allah, Panjenengané bakal nuntun kowé supaya ngerti sakabèhing prekara sing dikersakaké déning Gusti Allah. Sang Roh Suci mau ora bakal ngandikakaké apa-apa manut kersané dhéwé, nanging mung ngandikakaké apa sing diparingaké déning Sang Rama, lan ngandhani kowé prekara-prekara sing mbésuk bakal kelakon. 14 Panjenengané bakal ngluhuraké Aku, sebab Panjenengané bakal nampa saka Aku, samubarang sing arep didhawuhaké marang kowé. 15 Samubarang sing ana ing Sang Rama kuwi duwèk-Ku. Kuwi sebabé Aku kandha, yèn Sang Roh Suci bakal mundhut saka Aku, lan apa sing ditampa saka Aku, kuwi sing diparingaké marang kowé." 16 "Kurang sedhéla menèh, kowé bakal ora ndeleng Aku, nanging ora suwé sawisé kuwi, kowé bakal ndeleng Aku menèh." 17 Para sekabaté Gusti Yésus padha takon-tinakon: "Apa sing dikersakaké? Panjenengané ngandika: 'Sedhéla menèh kowé bakal ora ndeleng Aku.' Karo menèh pangandikané: 'Sebab Aku sowan menyang ngarsané Rama-Ku.' 18 Lan apa tegesé pangandikané: 'Sedhéla menèh'? Aku padha ora ngerti apa sing dingandikakaké kuwi." 19 Gusti Yésus pirsa yèn para sekabat arep padha nyuwun pirsa marang Panjenengané. Mulané banjur ngandika: "Aku kandha: 'Sedhéla menèh kowé bakal padha ora weruh Aku, lan sawisé kuwi ora suwé kowé bakal weruh Aku menèh.' Apa prekara kuwi sing lagi kokrembug? 20 Kowé padha Dakkandhani ing satemené: kowé bakal padha nangis lan sesambat, nanging jagad bakal bungah. Kowé bakal padha sedhih, nanging kasusahanmu bakal malih dadi kabungahan. 21 Yèn wong wadon nglarani arep nglairaké anak, wong mau atiné susah. Nanging samangsa bayiné wis lair, wong wadon mau bakal lali marang larané lan bakal bungah, sebab bayiné wis lair ing donya. 22 Semono uga tumraping kowé, saiki atimu susah, nanging Aku bakal nemoni kowé menèh, atimu bakal bungah, lan ora ana wong siji waé, sing bisa ngrebut kabungahan kuwi saka ing atimu. 23 Yèn wis tekan semono, kowé bakal ora padha takon apa-apa menèh marang Aku. Ngandela: apa sing koksuwun marang Sang Rama atas jeneng-Ku, kuwi bakal diparingaké déning Sang Rama. 24 Tekan sepréné kowé durung tau nyuwun apa-apa atas saka jeneng-Ku. Tansah nyenyuwuna, kowé mesthi bakal kaparingan, supaya kowé bisa bungah temenan." 25 "Kabèh sing Dakkandhakaké marang kowé iki awujud pasemon. Nanging bakal ana mangsané Aku ora migunakaké pasemon menèh. Aku bakal ngandhakaké marang kowé bab Sang Rama, apa sanyatané. 26 Ing wektu kuwi kowé bakal padha nyuwun marang Sang Rama atas jeneng-Ku, lan Aku ora kandha yèn Aku bakal nyuwunaké kowé marang Sang Rama. 27 Sebab Sang Rama piyambak nresnani kowé. Enggoné Sang Rama nresnani kowé, merga kowé nresnani Aku, lan kowé precaya yèn Aku diutus déning Sang Rama. 28 Teka-Ku pancèn saka Sang Rama, lan Aku wis teka ana ing jagad. Nanging saiki Aku bakal lunga saka jagad iki lan sowan menyang ngarsané Sang Rama." 29 Para sekabat nuli padha matur marang Gusti Yésus: "Panjenengan ngandika sawontenipun, tanpa pasemon. 30 Samenika kula sami mangertos, bilih Panjenengan pirsa samukawis, lan sinten kémawon mboten prelu nyuwun pirsa menapa-menapa dhateng Panjenengan. Awit saking menika kula sami pitados bilih Panjenengan menika pinangkanipun saking Gusti Allah." 31 Gusti Yésus ndangu marang para sekabat: "Apa saiki kowé padha precaya? 32 Élinga, bakal tekan wektuné, malah ya wis mangsané, kowé padha dibuyaraké. Kowé kabèh bakal padha bali menyang omahmu dhéwé-dhéwé lan ninggal Aku ijèn. Nanging Aku ora ijèn, sebab Sang Rama nunggil karo Aku. 33 Iki mau kabèh Dakkandhakaké marang kowé, supaya atimu tentrem, merga kowé padha nunggal karo Aku. Jagad bakal gawé sengsaramu, nanging padha ditatag atimu, awit Aku wis ngalahaké jagad iki."
17:1 Sawisé ngandikakaké kuwi mau kabèh, Gusti Yésus nuli tumenga ing langit lan matur: "Dhuh Rama, samenika sampun dumugi wekdalipun. Mugi kersa ngluhuraken Sang Putra, supados Sang Putra saged ngluhuraken Sang Rama. 2 Paduka sampun maringaken dhateng Kawula pangwasa ing ngatasipun sedaya manungsa, supados Kawula nyukani gesang sejatos dhateng sedaya tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula. 3 Gesang sejatos inggih menika, menawi tiyang wanuh dhateng Paduka, Allah ingkang sejatos, ingkang mboten wonten tunggilipun, sarta tepang kaliyan Yésus Kristus, utusan Paduka. 4 Kawula sampun ngluhuraken asma Paduka wonten ing donya menika, sarta Kawula sampun ngrampungaken pedamelan ingkang Paduka bebahaken dhateng Kawula. 5 Dhuh Rama, mugi Paduka samenika kersa ngluhuraken Kawula ing ngarsa Paduka. Kawula mugi kaluhuraken kalayan kamulyan, ingkang Kawula gadhahi sesarengan kaliyan Paduka sadèrèngipun jagad katitahaken. 6 Kawula sampun ngetingalaken Paduka dhateng tiyang-tiyang ing donya, ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula. Tiyang-tiyang menika kagungan Paduka, lan Paduka sampun maringaken tiyang-tiyang wau dhateng Kawula. Tiyang-tiyang wau sampun pitados dhateng pangandika Paduka, 7 lan samenika tiyang-tiyang menika sami sumerep, bilih sedaya ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula menika kagungan Paduka. 8 Kawula sampun nyariyosaken dhateng tiyang-tiyang menika pawartos ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, lan tiyang-tiyang wau inggih sampun sami pitados. Tiyang-tiyang wau mangertos saèstu, bilih asal Kawula menika saking Paduka, lan bilih Paduka ingkang ngutus Kawula. 9 Kawula ndongakaken tiyang-tiyang menika. Kawula mboten ndongakaken jagad. Kawula namung ndedonga kanggé tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula kémawon, sebab tiyang-tiyang menika kagungan Paduka. 10 Menapa ingkang dados gadhahan Kawula, menika ugi kagungan Paduka, lan sedaya kagungan Paduka menika inggih gadhahan Kawula, sarta Kawula sampun kaluhuraken lantaran tiyang-tiyang menika. 11 Samenika Kawula sowan wonten ing ngarsa Paduka. Kawula badhé mboten wonten ing donya malih, nanging tiyang-tiyang menika taksih wonten ing donya ngriki. Dhuh Rama, ingkang Mahasuci! Tiyang-tiyang peparing Paduka dhateng Kawula menika mugi tetepa wonten ing pangwaos Paduka, inggih menika pangwaos kados ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, supados tiyang-tiyang wau dados setunggal, kados déné Paduka lan Kawula menika setunggal. 12 Nalika tiyang-tiyang menika taksih tetunggilan kaliyan Kawula, sami Kawula reksa, supados sami tetepa wonten ing pangwaos Paduka, inggih pangwaos ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula. Tiyang-tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula menika sampun Kawula ayomi, lan mboten wonten setunggal kémawon ingkang ical, kejawi tiyang ingkang pancèn sampun tinakdir manggih karisakan, supados kelampahan menapa ingkang sampun kaserat wonten ing Kitab Suci. 13 Samenika Kawula sowan wonten ing ngarsa Paduka. Lan Kawula ngaturaken sedaya menika ing salebetipun Kawula taksih wonten ing donya, supados tiyang-tiyang menika saged tumut ngraosaken kabingahan Kawula wonten ing manahipun. 14 Piwulang-piwulang saking Paduka sampun Kawula sukakaken dhateng tiyang-tiyang menika, mila piyambakipun dipun sengiti déning jagad, awit sami sanès tiyangipun jagad, kados déné Kawula inggih sanès tiyangipun jagad. 15 Kawula mboten nyuwun supados tiyang-tiyang menika Paduka pundhut saking jagad, namung supados Paduka reksa, sampun ngantos piyambakipun dipun kwaosi déning Iblis. 16 Kawula sanès tiyangipun jagad, mekaten ugi tiyang-tiyang menika inggih sanès tiyangipun jagad. 17 Tiyang-tiyang menika mugi Paduka sengker dados kagungan Paduka piyambak, srana kayektosan Paduka. Pangandika Paduka menika kayektosan. 18 Kados déné Paduka sampun ngutus Kawula dhateng ing jagad, kados mekaten ugi Kawula inggih ngutus tiyang-tiyang menika dhateng jagad. 19 Lan kanggé kepreluanipun tiyang-tiyang menika, Kawula masrahaken badan Kawula dhateng Paduka, supados tiyang menika inggih saèstu enggènipun nucèkaken badanipun kados déné tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka sengker kagem Paduka piyambak. 20 Kawula ndedonga mboten namung kanggé tiyang-tiyang menika kémawon, nanging ugi kanggé tiyang-tiyang ingkang pitados dhateng Kawula, merga saking piwulangipun para sekabat menika. 21 Panyuwun Kawula, supados sedaya tiyang pitados menika dados setunggal, kados déné Paduka kaliyan Kawula menika setunggal, sarta Kawula kaliyan Paduka ugi setunggal. Mugi sami dadosa setunggal, supados jagad menika pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula. 22 Tiyang-tiyang menika sampun Kawula sukani kamulyan, ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, supados srana mekaten tiyang-tiyang wau dados setunggal, kados déné Paduka kaliyan Kawula inggih setunggal. 23 Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyang menika, sarta Paduka nunggil kaliyan Kawula, supados sampurnaa enggènipun dados setunggal, temah jagad sumerep, bilih Paduka menika ingkang ngutus Kawula, sarta bilih Paduka nresnani tiyang-tiyang wau, kados déné enggèn Paduka nresnani dhateng Kawula. 24 Dhuh Rama! Kawula kepéngin supados tiyang-tiyang menika sesarengan kaliyan Kawula, wonten ing papan ingkang Kawula enggèni, supados sami sumerep dhateng kamulyan Kawula, inggih menika kamulyan ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, awit Paduka nresnani Kawula, wiwit jagad menika dèrèng katitahaken. 25 Dhuh Rama ingkang mahaadil. Jagad menika mboten tepang kaliyan Paduka, nanging Kawula tepang kaliyan Paduka, lan tiyang-tiyang menika mangertos bilih Paduka ingkang ngutus Kawula. 26 Kawula sampun mratélakaken kawontenan Paduka dhateng tiyang-tiyang menika, lan Kawula tansah badhé nindakaken mekaten, supados tiyang-tiyang wau sami saged ngraosaken katresnan Paduka dhateng Kawula lan supados Kawula inggih dados setunggal kaliyan tiyang-tiyang menika."
18:1 Sawisé Gusti Yésus ndedonga mengkono mau, Panjenengané nuli tindak menyang sabrangé Kali Kidron, kadhèrèkaké déning para sekabaté. Ing kono ana petamanan, sing nuli dilebeti déning Gusti Yésus lan para sekabaté. 2 Déné Yudas, sing arep ngulungaké Panjenengané, ngerti panggonan kono, sebab Gusti Yésus kerep tindak mrono karo para sekabaté. 3 Yudas nuli mrono, nggawa prejurit lan wong sing jaga Pedalemané Allah, didhawuhi déning para pengareping imam lan wong-wong Farisi. Wong-wong mau padha nggawa gaman, lampu ting lan obor. 4 Gusti Yésus pirsa kabèh apa sing bakal kelakon tumrap sarirané. Mulané banjur nyedhaki wong-wong mau karo ndangu: "Kowé padha nggolèki sapa?" 5 Wangsulané wong-wong mau: "Yésus, wong Nasarèt." Pangandikané Gusti Yésus: "Ya Aku iki wongé." Yudas, sing ngulungaké Gusti Yésus kuwi uga ngadeg ana ing kono bebarengan karo wong-wong mau. 6 Nalika Gusti Yésus ngandika: "Ya Aku iki wongé," wong-wong mau nuli padha mundur kabèh lan tiba ana ing lemah. 7 Gusti Yésus nuli ngambali ndangu: "Kowé nggolèki sapa?" Wangsulané wong-wong mau: "Yésus wong Nasarèt." 8 Pangandikané Gusti Yésus: "Aku wis kandha, Aku iki wongé. Lan menawa sing kokgolèki kuwi Aku, wong-wong liyané iki karebèn padha lunga." 9 Srana ngandika mengkono kelakon apa sing wis dingandikakaké déning Gusti Yésus sadurungé, mengkéné: "Dhuh Rama, tiyang-tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, mboten wonten setunggal kémawon ingkang ketriwal.") 10 Simon Pétrus sing nalika semana nggawa pedhang, ngunus pedhangé, banjur disabetaké marang abdiné Imam Agung, nganti kupingé tengen wong mau perung. Jenengé abdi mau Malkus. 11 Gusti Yésus nuli ngandika marang Pétrus: "Pedhangmu rangkakna menèh! Apa kokkira Aku ora gelem nandhang kasangsaran sing diparingaké déning Sang Rama marang Aku?" 12 Para prejurit lan komandhané tuwin para wong sing jaga Pedalemané Allah nuli padha nyekel lan mbanda Gusti Yésus. 13 Gusti Yésus diirid dhisik menyang dalemé Hanas, bapakné maratuwa Kayafas, sing dhèk semana dadi Imam Agung. 14 Lan Kayafas kuwi sing wis mènèhi pamrayoga marang wong-wong Yahudi, yèn luwih becik menawa wong siji waé sing mati, kanggo sabangsa kabèh. 15 Simon Pétrus lan sekabat siji liyané, padha ngetutaké Gusti Yésus. Sekabat liyané mau kenalané Imam Agung, dadi bisa terus mlebu ing pekarangané Imam Agung, bebarengan karo Gusti Yésus, 16 nanging Pétrus ngentèni ana ing njaban régol. Sekabat kenalané Imam Agung mau nuli metu lan nembung karo wong wadon sing jaga lawang, banjur mlebu menèh karo ngajak Pétrus. 17 Abdi wadon sing jaga lawang mau takon karo Pétrus: "É, é, napa sampéyan sanès tunggilé tiyang-tiyang sing ndhèrèk tiyang niku?" Wangsulané Pétrus: "Sanès." 18 Nalika semana lagi mangsa bedhidhing. Mulané para abdi lan para wong sing jaga padha gawé bedhiyang lan padha ngadeg gegeni sakubengé bedhiyang mau. Pétrus uga ngadeg ana ing kono mèlu gegeni. 19 Ing kono Imam Agung nuli wiwit ndangu marang Gusti Yésus bab para sekabaté lan bab piwulangé. 20 Gusti Yésus ngandika: "Kula selaminipun mucal wonten ing ngajengipun tiyang kathah ing sinagogé-sinagogé lan ing Pedalemanipun Allah, ing panggènan ingkang limrahipun kanggé kempalan tiyang-tiyang Yahudi. Mboten naté kula mucal sesidheman. 21 Kénging menapa Panjenengan ndangu dhateng Kula? Mbok ndangu kémawon dhateng tiyang-tiyang ingkang sampun sami mirengaken enggèn Kula mucal? Panjenengan ndangu tiyang-tiyang menika menapa ingkang Kula wucalaken. Tiyang-tiyang menika sampun sami mangertos!" 22 Nalika Gusti Yésus ngandika mengkono, ana salah sawijining wong jaga ing sacedhaké kono napuk Gusti Yésus karo muni: "Kokkaya ngono wangsulanmu marang Imam Agung!" 23 Pangandikané Gusti Yésus: "Yèn atur-Ku iki salah, kandhakna endi sing salah! Nanging yèn kandha-Ku bener, apa sebabé kowé napuk Aku?" 24 Hanas banjur akon nggawa Gusti Yésus menyang panggonané Imam Agung Kayafas. Astané Gusti Yésus dibanda. 25 Simon Pétrus isih ngadeg ana ing kono gegeni. Wong-wong ing sacedhaké padha takon marang Pétrus: "Kowé rak ya muridé Wong kuwi ta?" Nanging Pétrus sélak, karo muni: "Dudu!" 26 Salah sijiné abdiné Imam Agung, yakuwi seduluré wong sing kupingé kaperung déning Pétrus, kandha: "Aku weruh kowé bebarengan karo Wong kuwi ana ing petamanan, rak iya ta?" 27 Pétrus banjur muni menèh: "Ora." Ing wektu kuwi nuli ana jago kluruk. 28 Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur diirid saka omahé Kayafas menyang dalemé gubernur. Nalika semana isih ésuk banget. Wong Yahudi dhéwé padha ora mlebu ing dalem gubernuran, supaya (miturut prenatané agama) ora dadi najis, sebab arep padha ngriayakaké Paskah. 29 Mulané Gubernur Pilatus metu nemoni wong-wong mau, sarta ngandika: "Wong kuwi salahé apa?" 30 Wong-wong mau padha mangsuli: "Menawi mboten lepat, mboten badhé kula sowanaken mriki!" 31 Gubernur Pilatus nuli ngandika menèh: "Priksanen dhéwé lan putusana dhéwé, apa ukumané miturut prenatané agamamu!" Nanging wong-wong Yahudi mau padha matur: "Kula mboten wenang ndhawahaken ukuman pejah." 32 Kuwi kabèh supaya kelakona apa sing wis dingandikakaké déning Gusti Yésus bab sédané.) 33 Gubernur Pilatus nuli mlebu menèh ing dalem gubernuran lan nimbali Gusti Yésus. Gubernur Pilatus banjur ndangu: "Apa kowé kuwi ratuné wong Yahudi?" 34 Pangandikané Gusti Yésus: "Menapa pitakènan menika saking panjenengan piyambak, menapa wonten tiyang sanès ingkang ngaturi pirsa dhateng panjenengan?" 35 Gubernur Pilatus mangsuli: "Apa rumangsamu aku iki wong Yahudi? Bangsamu dhéwé lan para pengareping imam kuwi sing ngladèkaké kowé marang aku. Apa penggawému koknganti dicekel?" 36 Pangandikané Gusti Yésus: "Kraton Kula mboten saking donya. Menawi Kraton Kula saking donya menika, tiyang-tiyang Kula temtunipun sampun nglawan perang, supados Kula sampun ngantos dhawah ing tanganipun tiyang Yahudi. Pancèn Kraton Kula mboten saking donya ngriki!" 37 Gubernur Pilatus banjur ndangu menèh: "Yèn mengkono apa kowé kuwi ratu temenan?" Pangandikané Gusti Yésus: "Kados ingkang panjenengan ngandikakaken. Kula menika pancèn ratu! Prelunipun Kula lair wonten ing donya menika namung setunggal, inggih menika: neksèni bab kayektosanipun Allah. Sok tiyanga ingkang pitados dhateng kayektosan menika, mesthi mirengaken lan nggatosaken dhateng Kula." 38 Gubernur Pilatus nuli takon: "Kayektèn kuwi apa?" Gubernur Pilatus banjur metu menèh nemoni wong-wong Yahudi lan ngandika marang wong-wong mau: "Aku ora weruh kaluputané Wong iki! 39 Nanging manut padatan, pendhak Riaya Paskah aku ngluwari wong ukuman siji. Apa kowé setuju yèn aku ngluwari ratuning wong Yahudi kuwi?" 40 Wong-wong akèh mau padha mbengok: "Mboten! Sampun ngantos dipun luwari Tiyang menika! Kula nyuwun luwaripun Barabas kémawon!" (Barabas kuwi bégal.)
19:1 Gubernur Pilatus nuli dhawuh nggawa Gusti Yésus, supaya dipecuti. 2 Para prejurit sing ana ing kono nuli padha nganam eri, diéntha kaya makutha. Makutha eri mau banjur diagemaké ana ing mestakané Gusti Yésus. Sawisé kuwi Panjenengané nuli diagemi jubah wungu. 3 Prejurit-prejurit mau nuli padha maju ing ngarsané Gusti Yésus, karo muni: "Ngaturi sugeng ratunipun tiyang Yahudi!" Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli dikamplengi. 4 Gubernur Pilatus nuli metu sepisan menèh lan ngandika marang wong akèh mau: "Delengen, Wongé arep dakgawa ana ing ngarepmu, supaya kowé padha weruh; yèn miturut panemuku Wong kuwi ora salah apa-apa." 5 Gusti Yésus nuli digawa metu, diagemi makutha eri lan jubah wungu. Gubernur Pilatus nuli ngandika: "Delengen, iki Wongé!" 6 Bareng para pengareping imam lan para wong sing jaga padha weruh Gusti Yésus, banjur padha bengok-bengok: "Kasaliba, kasaliba!" Gubernur Pilatus ngandika marang wong akèh mau: "Gawanen lan saliben dhéwé. Manut panemuku Wong kuwi ora salah apa-apa." 7 Wangsulané wong Yahudi: "Manut angger-anggering agami kula, Tiyang menika kedah dipun ukum pejah, sebab piyambakipun ngaken-aken Putranipun Allah." 8 Bareng Gubernur Pilatus krungu tembungé wong-wong sing mengkono mau, panjenengané saya wedi. 9 Gubernur Pilatus banjur mlebu menèh ing dalem gubernuran lan takon marang Gusti Yésus: "Asalmu saka ngendi?" Nanging Gusti Yésus ora kersa mangsuli. 10 Gubernur Pilatus banjur takon menèh: "Apa kowé ora gelem caturan karo Aku? Ngertia yèn aku wenang ngluwari kowé, nanging uga wenang nyalib kowé." 11 Pangandikané Gusti Yésus: "Panjenengan babar-pisan mboten gadhah wewenang dhateng Kula, menawi mboten kaparingan pangwaos saking Gusti Allah. Milanipun tiyang-tiyang ingkang ngladosaken Kula dhateng panjenengan, menika dosanipun langkung ageng ketimbang kaliyan dosa panjenengan." 12 Bareng Gubernur Pilatus krungu sing mengkono mau, panjenengané banjur ngudi supaya bisa ngluwari Gusti Yésus. Nanging wong-wong Yahudi saya banget enggoné nguwuh-uwuh: "Menawi panjenengan ngluwari Tiyang menika, panjenengan sanès mitranipun Kaisar. Tiyang ingkang ngaken dirinipun ratu menika mengsahipun Kaisar!" 13 Krungu wong padha muni mengkono, Gubernur Pilatus nuli dhawuh, supaya Gusti Yésus digawa metu, panjenengané nuli lenggah ana ing kursi pengadilan, sing karan Gabata, tegesé 'Jrambah Watu.' 14 Nalika semana wektuné mèh jam rolas awan, ngarepaké Riaya Paskah. Gubernur Pilatus nuli ngandika marang wong-wong Yahudi: "Iki Ratumu!" 15 Wong mau banjur padha bengok-bengok: "Dipun pejahi! Dipun pejahi! Kasaliba!" Gubernur Pilatus mangsuli: "Apa karepmu supaya aku nyalib Ratumu?" Para pengareping imam padha mangsuli: "Kula mboten gadhah Ratu, kejawi Sang Kaisar!" 16 Gubernur Pilatus banjur masrahaké Gusti Yésus marang wong-wong Yahudi, supaya disalib. Gusti Yésus nuli diirid metu, digawa lunga. 17 Sawisé kuwi Gusti Yésus digawa metu saka dalemé Gubernur Pilatus, karo manggul salibé, menyang panggonan sing aran Golgota, tegesé 'Panggonan Cumplung.' *Cumplung: tengkorak (bhs. Ind.).* 18 Ana ing kono Gusti Yésus disalib. Ana wong loro sing uga disalib bareng karo Panjenengané, sing siji ana ing kiwa, sijiné ana ing tengené; Gusti Yésus ana ing tengah. 19 Gubernur Pilatus wis mréntahaké supaya ing kayu salibé Gusti Yésus ditulisi: "Yésus saka Nasarèt, Ratuné wong Yahudi." 20 Akèh wong Yahudi sing padha maca tulisan kuwi, sebab ora adoh saka kutha. Tulisan ing kayu salib mau ditulis nganggo basa Ibrani, basa Latin lan basa Yunani. 21 Para pengareping imam bangsa Yahudi nuli padha matur marang Gubernur Pilatus: "Sampun dipun serat 'Ratuné wong Yahudi,' nanging kaserata 'Wong kuwi kandha, Aku Ratuné wong Yahudi.' " 22 Nanging Gubernur Pilatus mangsuli: "Apa sing wis ditulis, aja diowahi!" 23 Sawisé para prejurit mau padha nyalib Gusti Yésus, nuli padha njupuk agemané. Ageman mau diedum dadi patang bagéan, saben wong siji olèh sebagéan. Banjur padha njupuk jubahé. Jubah mau ora ana dondomané, ditenun lajuran saka ndhuwur mengisor. 24 Para prejurit mau padha kandha: "Jubah kuwi beciké aja disuwèk-suwèk. Dilotré waé, bèn karuwan sapa sing olèh." Kedadéan kuwi cocog karo sing wis katulis ing Kitab Suci, sing surasané mengkéné: "Sandhangan Kawula sami dipun edum-edum, saha jubah Kawula dipun lotré." Sing mengkono kuwi wis katindakaké déning para prejurit. 25 Ibuné Gusti Yésus lan seduluré wadon, yakuwi Maryam bojoné Klopas, sarta Maryam Magdaléna, padha ngadeg ana ing sacedhaké salibé Gusti Yésus. 26 Panjenengané mirsa ibuné lan sekabat sing ditresnani padha ngadeg ana ing kono. Gusti Yésus nuli matur marang ibuné: "Ibu, menika ingkang Putra." 27 Nuli ngandika marang sekabaté mau: "Kuwi ibumu." Lan wiwit dina kuwi sekabat mau mboyong ibuné Gusti Yésus ana ing omahé dhéwé. 28 Sawisé kuwi Gusti Yésus pirsa yèn samubarang kabèh saiki wis rampung, Gusti Yésus nuli ngandika supaya kelakon apa sing katulis ing Kitab Suci: "Aku ngelak." 29 Ing kono ana mangkok isi anggur sing rasané kecut. Nuli ana wong sing nyelupaké jamur karang ing anggur kecut mau, banjur dicublesaké ing pucuking hisop, banjur ditèmpèlaké ing lathiné Gusti Yésus. 30 Sawisé nyecep anggur kecut mau, nuli nguwuh: "Wis rampung!" Mestakané banjur tumungkul lan séda. 31 Nalika semana dina Jemuah, yakuwi dina pacawisan Riaya Paskah. Supaya ing dina Sabbat layon-layon mau aja nganti isih tetep ana ing kayu salib, mulané wong Yahudi padha nyuwun idin marang Gubernur Pilatus, ngremuk sikilé wong-wong sing padha disalib, lan ngudhunaké layon-layon mau saka ing kayu salibé. 32 Para prejurit nuli wiwit ngremuki sikilé wong sing disalib ana ing kiwa lan tengené Gusti Yésus. 33 Nanging bareng marani Gusti Yésus, kétok yèn Panjenengané wis séda. Mulané samparané Gusti Yésus ora diremuk. 34 Éwasemono salah sijiné prejurit njojoh lambungé Gusti Yésus nganggo tumbak, temah sanalika metu getihé lan banyuné. 35 Wong sing ndeleng dhéwé lelakon kuwi sing ngandhakaké prekara mau, mangka apa sing dikandhakaké kuwi nyata, supaya kowé uga padha precaya, awit wong mau weruh dhéwé. 36 Srana mengkono kelakon apa sing katulis ana ing Kitab Suci, sing uniné mengkéné: "Ora ana balungé sing diremuk." 37 Lan ana uga tulisan liyané sing uniné mengkéné: "Wong-wong bakal padha ndeleng marang Panjenengané sing wis dijojoh lambungé." 38 Sawisé kuwi Yusuf saka kutha Arimatéa, nyuwun idin marang Gubernur Pilatus diparengna ngukup layoné Gusti Yésus. (Yusuf kuwi wong precaya, nanging olèhé ndhèrèk Gusti Yésus sesidheman, awit wedi karo penggedhéné wong Yahudi.) Gubernur Pilatus ngidini, mulané Yusuf banjur mangkat njupuk layoné Gusti Yésus. 39 Nikodémus sing biyèn tau sowan ing ngarsané Gusti Yésus ing wayah bengi, uga mangkat bebarengan karo Yusuf. Nikodémus nggawa mur lan gaharu sing wis diadoni. Kabèh boboté kira-kira telung puluh kilogram. 40 Wong loro mau nuli ngudhunaké layoné Gusti Yésus, banjur diulesi kain mori sarta nganggo adonan sing digawa mau, miturut carané wong Yahudi. 41 Ing panggonan sing kanggo nyalib Gusti Yésus mau ana petamanan. Ing petamanan kono ana kuburan anyar, sing durung tau dienggo. 42 Sarèhné kuburan kuwi cedhak, mangka ésuké wis dina Sabbat, mulané layoné Gusti Yésus nuli disarèkaké ana ing kono.
20:1 Ing dina Minggu, nalika isih ésuk umun-umun, dadi isih peteng, Maryam Magdaléna lunga menyang pesaréané Gusti Yésus. Ing kono Maryam Magdaléna weruh watu tutupé guwa pesaréan mau wis sumingkir saka ing panggonané. 2 Mula Maryam Magdaléna nuli mlayu nggolèki Simon lan sekabaté Gusti Yésus sing dikasihi, banjur kandha: "Layoné Gusti Yésus wis dijupuk wong, aku ora ngerti ana ing ngendi olèhé nyèlèhaké!" 3 Pétrus lan sekabat sing dikasihi Gusti Yésus mau sanalika nuli mangkat menyang pesaréan. 4 Wong loro mau padha mlayu, nanging sekabat sing sijiné playuné luwih rikat ketimbang karo Pétrus. Mulané tekané ing pesaréan luwih dhisik. 5 Bareng nginguk ing njero pesaréan, sakabat mau weruh kain mori ana ing kono, nanging dhèwèké ora terus mlebu. 6 Simon Pétrus sing tekané kèri, terus mlebu ing pesaréan. Pétrus weruh kainé mori sumèlèh ana ing kono, 7 nanging kacu sing ditalèkaké ana ing mestakané Gusti Yésus ora ana ing kono. Kacu kuwi wis lempitan sumèlèh pisah karo kain mori mau. 8 Sekabat sing teka dhisik mau uga banjur mlebu ing pesaréan. Weruh kuwi mau kabèh, temahan precaya. 9 Nganti wektu kuwi para sekabat durung padha ngerti apa sing katulis ana ing Kitab Suci, yèn Gusti Yésus bakal wungu saka ing séda.) 10 Sawisé kuwi para sekabat mau banjur padha mulih. 11 Maryam isih kari ana ing ngarep pesaréan karo nangis. Sajroné nangis Maryam mbungkuk karo nginguk ing njero pesaréan. 12 Maryam weruh ana malaékat loro ngagem sandhangan putih. Malaékat loro mau padha lenggah ana ing panggonan sing mentas kanggo nyarèkaké layoné Gusti Yésus. Malaékat sing siji lenggah ana ing prenahé mestaka, sing sijiné ana ing prenahé samparané Gusti Yésus. 13 Para malaékat mau padha ndangu marang Maryam: "Ibu, yagéné kowé koknangis?" Wangsulané Maryam: "Wonten tiyang ingkang mendhet layonipun Gusti kawula, lan kawula mboten sumerep wonten pundi enggènipun nyèlèhaken!" 14 Sawisé matur mengkono, Maryam nuli méngo, sarta weruh Gusti Yésus jumeneng ana ing kono. Nanging Maryam ora ngerti yèn kuwi Gusti Yésus. 15 Pendanguné: "Ibu, yagéné kowé nangis? Kowé nggolèki sapa?" Maryam ngira wong kuwi juru-taman. Mulané kandhané: "Pak, menawi sampéyan ingkang mindhah layonipun Gusti kula saking ngriki, wonten pundi enggèn sampéyan nyèlèhaken. Mangké badhé kula purugi mrika." 16 Gusti Yésus nuli ngandika: "Maryam." Maryam banjur nolèh, banjur muni nganggo basa Ibrani: "Rabuni" (tegesé: 'Guru'). 17 Gusti Yésus ngandika: "Aja nggepok Aku, awit Aku durung sowan marang Rama-Ku. Lungaa nemoni sedulur-sedulur-Ku. Kandhanana: 'Aku arep sumengka sowan marang ngarsané Rama-Ku, iya Ramamu; ing ngarsané Gusti-Ku lan iya Gustimu.' " 18 Maryam nuli mangkat ngandhani para sekabat, yèn dhèwèké wis ketemu Gusti Yésus, lan ngandhakaké welingé mau kabèh. 19 Ing dina Minggu kuwi uga, nalika wayah bengi, para sekabaté Gusti Yésus padha ngumpul ana ing sawijining omah; lawang-lawangé dikunci kabèh, awit padha wedi marang penggedhéné wong Yahudi. Dumadakan Gusti Yésus rawuh ing tengah-tengahé para sekabat mau, karo ngandika: "Tentrem rahayu anaa ing kowé kabèh." 20 Sawisé ngandika mengkono nuli nedahaké astané lan lambungé. Bareng weruh Gusti Yésus, para sekabat mau padha bungah banget. 21 Gusti Yésus nuli ngandika sepisan menèh marang para sekabat mau: "Tentrem rahayu anaa ing kowé kabèh. Kaya déné enggon-Ku diutus déning Sang Rama, mengkono uga Aku ngutus kowé." 22 Sawisé ngandika mengkono, para sekabat nuli padha didamoni karo dipangandikani: "Padha nampanana Roh Suci. 23 Menawa kowé ngapura dosané wong, dosa mau uga diapura déning Gusti Allah; lan menawa kowé netepaké dosané wong, dosa kuwi uga ditetepaké déning Gusti Allah." 24 Tomas (sing uga ketelah Didimus, utawa 'wong kembar') kuwi panunggalané sekabat rolas; nalika Gusti Yésus ngetingal marang para sekabat, Tomas ora mèlu ngumpul. 25 Mulané para sekabat liyané nuli kandha marang Tomas: "Aku wis padha ndeleng Gusti!" Nanging Tomas mangsuli: "Yèn aku durung ndeleng tilasing paku ing astané lan durung ndemèk tatu sing ana ing astané mau nganggo drijiku dhéwé sarta durung nggrayang lambungé nganggo tanganku, aku durung ngandel." 26 Wolung dina sawisé kuwi para sekabaté Gusti Yésus padha ngumpul menèh ing omah mau; Tomas uga ana. Lawangé kabèh padha dikuncèni. Nanging Gusti Yésus mlebet lan jumeneng ana ing tengah-tengahé para sekabat mau, karo ngandika: "Tentrem rahayu anaa ing kowé kabèh!" 27 Gusti Yésus nuli ngandika marang Tomas: "Delengen tangan-Ku, endi drijimu, sing arep kokenggo ndemèk tatu ing tangan-Ku. Endi tanganmu, grayangana lambung-Ku, kowé aja mangu-mangu, nanging precayaa!" 28 Tomas nuli matur marang Gusti Yésus: "Gusti kawula, Allah kawula!" 29 Gusti Yésus banjur ngandika marang Tomas: "Apa enggonmu precaya kuwi merga kowé wis ndeleng Aku? Begja wong sing padha precaya senajan ora ndeleng Aku." 30 Isih akèh mujijat-mujijat sing ditindakaké déning Gusti Yésus ana ing ngarepé para sekabat, sing ora kasebut ing Kitab Suci iki. 31 Olèhé ditulis ana ing Kitab Suci iki, supaya kowé padha precaya yèn Gusti Yésus kuwi Sang Kristus, Putrané Allah. Lan supaya srana precayamu kuwi kowé padha urip merga saka pangwasané.
21:1 Sawisé kuwi Gusti Yésus ngetingal menèh marang para sekabaté ing sapinggiré Tlaga Tibérias. Critané mengkéné: 2 Ing sawijining dina Simon Pétrus lan Tomas, sing karan Didimus, Natanaèl sing asalé saka désa Kana, ing tanah Galiléa, anak-anaké Zébedéus, lan sekabat loro liyané, lagi padha nglumpuk. 3 Simon Pétrus nuli kandha marang kanca-kanca liyané mau: "Aku arep njala!" "Aku mèlu", kandhané para sekabat-sekabat liyané marang Pétrus. Para sekabat mau nuli padha lunga, nunggang prau menyang tengah tlaga. Nanging sawengi muput para sekabat mau ora olèh iwak siji-sijia. 4 Bareng srengéngéné mlethèk, Gusti Yésus rawuh, jumeneng ana ing gisik, nanging para sekabat ora padha ngerti yèn sing jumeneng kuwi Gusti Yésus. 5 Gusti Yésus nuli ngandika: "Bocah-bocah, apa kowé padha duwé iwak kanggo lawuh?" Wangsulané para sekabat: "Mboten!" 6 Gusti Yésus nuli ngandika: "Jalamu tibakna ing satengené prau, mengko kowé rak olèh iwak." Para sekabat nuli nibakaké jalané ana ing sisih tengené prau. Jala mau banjur ora kena digèrèd, jalaran saka akèhé iwak. 7 Sekabat sing dikasihi déning Gusti Yésus banjur ngandhani Pétrus: "Kuwi Gusti!" Bareng Pétrus krungu yèn wong kuwi Gusti Yésus, Pétrus énggal-énggal nganggo jubahé menèh (sebab Pétrus ngliga), banjur nggebyur ing banyu. 8 Para sekabat liyané padha nusul nganggo prau menyang gisik, karo nggèrèd jalané sing kebak iwak mau. Prau mau ora adoh saka dharatan, kira-kira mung wetara satus mèter. 9 Bareng padha mudhun saka prau, para sekabat weruh ing kono ana mawa, lan ana iwak tumumpang ing ndhuwuré; kejaba kuwi uga ana roti. 10 Gusti Yésus nuli ngandika: "Nggawaa iwak sawetara olèhmu njala mau!" 11 Simon Pétrus nuli marani prauné lan nggèrèd jalané menyang dharatan. Jala kuwi kebak iwak gedhé-gedhé. Kabèh cacahé ana satus sèket telu iji; senajan iwaké semono akèhé, jalané ora bedhah. 12 Gusti Yésus ngandika marang para sekabat: "Mrénéa padha sarapan." Para sekabat mau siji waé ora ana sing wani takon: "Panjenengan menika sinten?" Sebab padha ngerti yèn kuwi Gusti Yésus. 13 Gusti Yésus banjur mundhut roti mau, lan diparingaké marang para sekabat, semono uga iwaké. 14 Kuwi wis ping teluné enggoné Gusti Yésus ngetingal marang para sekabat, sawisé wungu saka ing séda. 15 Sawisé padha sarapan, Gusti Yésus nuli ndangu marang Simon Pétrus: "Simon, anaké Yohanes, apa katresnanmu marang Aku ngungkuli katresnanmu marang wong-wong iki?" Wangsulané Pétrus: "Inggih Gusti, Gusti pirsa kawula tresna dhateng Panjenengan." Pangandikané Gusti Yésus: "Cempé-cempé-Ku padha engonen!" 16 Gusti Yésus ndangu sing kaping pindhoné: "Simon, anaké Yohanes, apa kowé tresna karo Aku?" Wangsulané Pétrus: "Inggih Gusti, Panjenengan pirsa bilih kawula tresna dhateng Panjenengan." Dhawuhé Gusti Yésus: "Wedhus-wedhus-Ku padha engonen!" 17 Gusti Yésus ndangu menèh marang Pétrus sing ping teluné: "Simon, anaké Yohanes, apa kowé tresna karo Aku?" Pétrus dadi sedhih, sebab Gusti Yésus ndangu dhèwèké nganti ping telu: "Apa kowé tresna karo Aku?" Pétrus banjur matur menèh: "Gusti, Panjenengan pirsa samukawis. Gusti inggih pirsa, bilih kawula tresna dhateng Panjenengan." Gusti Yésus nuli ngandika: "Wedhus-wedhus-Ku padha engonen!" 18 Kowé Dakkandhani ing satemené: "Nalika kowé isih enom, kowé nganggo klambi dhéwé, lan lunga menyang endi waé sing kokkarepaké. Nanging samangsa wis tuwa, kowé bakal ngulungaké tanganmu, lan wong liya sing bakal nglambèni kowé, lan nuntun kowé menyang panggonan sing ora kokkarepaké." 19 (Pangandikané Gusti Yésus sing mengkono mau nedahaké bab enggoné Pétrus mbésuk bakal mati kagem kaluhurané Gusti Allah.) Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli ngandika marang Pétrus: "Mèlua Aku." 20 Bareng Pétrus nolèh, weruh sekabat sing dikasihi déning Gusti Yésus, uga mèlu. (Kuwi sekabat sing linggih jèjèr karo Gusti Yésus nalika dhahar, lan nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: "Gusti, sinten ingkang badhé ngulungaken Panjenengan?") 21 Bareng Pétrus weruh sekabat sing mèlu mau, Pétrus nuli matur marang Gusti Yésus: "Gusti, kadospundi menggah tiyang menika?" 22 Pangandikané Gusti Yésus: "Saupama Dakkersakaké supaya wong kuwi urip nganti sateka-Ku, kuwi rak dudu prekaramu. Nanging kowé, mèlua Aku!" 23 Mulané nuli dikabaraké ana ing kalangané para sekabaté Gusti Yésus, yèn sekabat kuwi mau ora bakal ngalami mati. Nanging satemené Gusti Yésus ora ngandika mengkono; pangandikané satemené: "Saupama Dakkersakaké supaya wong kuwi tetep urip nganti sateka-Ku, kuwi rak dudu prekaramu!" 24 Iya sekabat sing ngetutaké Pétrus lan Gusti Yésus mau sing neksèni lan wis nulis bab iki kabèh. Lan kita padha weruh yèn paseksiné kuwi nyata. 25 Isih akèh menèh prekara-prekara sing ditindakaké déning Gusti Yésus. Saupama kabèh mau ditulis siji-siji, dakkira jagad iki ora amot kanggo madhahi buku-buku sing ditulis mau.