Jawa

Mulané ndedongaa mengkéné:

'Rama kawula ingkang wonten ing swarga; Asma Paduka ingkang suci mugi dipun urmati déning sedaya tiyang. Pangrèh Paduka mugi dipun èstokaken déning sedaya tumitah ing salumahing bumi, kados-déné pangréh wau wonten ing swarga inggih dipun èstokaken déning para malaékat. Mugi kawula Paduka paringi rejeki ing dinten menika. Kalepatan kawula mugi Paduka apunten, kadosdéné kawula inggih ngapunten tiyang-tiyang ingkang sami damel kalepatan dhateng kawula. Kawula mugi sampun ngantos Paduka tégakaken kénging ing godha, nanging mugi Paduka uwalaken saking piawon. (Awit Paduka menika ingkang ngerèh samukawis, ingkang kagungan pangwaos saha Ratu ingkang mulya ing salamilaminipun. Amin').

free web site hit counter