The New Testament of our Lord and Saviour Jesus Christ
1 Iki sarasilahé Yésus Kristus, tedhaké Daud, tedhaké Abraham. 2 Abraham peputra Ishak, Ishak peputra Yakub, Yakub peputra Yéhuda sasadhèrèké; 3 Yéhuda peputra Pèrès lan Zérah, patutan saka Tamar; Pèrès peputra Hèzron, Hèzron peputra Ram; 4 Ram peputra Aminadab, Aminadab peputra Nahason, Nahason peputra Salmon; 5 Salmon peputra Boas patutan saka Rahab; Boas peputra Obèd patutan saka Rut; Obèd peputra Isai, 6 Isai peputra Daud, Daud peputra Salomo, patutan saka tilas bojoné Uria, 7 Salomo peputra Réhabéam, Réhabéam peputra Abia, Abia peputra Asa, 8 Asa peputra Yosafat, Yosafat peputra Yoram, Yoram peputra Uzia; 9 Uzia peputra Yotam, Yotam peputra Akhas, Akhas peputra Hizkia; 10 Hizkia peputra Manasyé, Manasyé peputra Amon, Amon peputra Yosia; 11 Yosia peputra Yékhonya sasadhèrèké, nalika jaman pambuwangan menyang Babil. 12 Sawusé jaman pambuwangan menyang Babil, Yékhonya peputra Séaltièl, Séaltièl peputra Zèrubabél; 13 Zèrubabél peputra Abihud, Abihud peputra Élyakim, Élyakim peputra Azor; 14 Azor peputra Zadok, Zadok peputra Akhim, Akhim peputra Éliud; 15 Éliud peputra Éléazar, Éléazar peputra Matan, Matan peputra Yakub; 16 Yakub peputra Yusuf bojoné Maria, kang mbabar Yésus, kang sinebut Kristus. 17 Dadi gunggungé saka Abraham tumeka Daud iku ana patbelas turunan, saka Daud tumeka jaman pambuwangan menyang Babil ana patbelas turunan lan saka jaman pambuwangan menyang Babil tumeka Sang Kristus patbelas turunan. 18 Anadéné wiyosé Yésus Kristus iku kalakoné mangkéné: Nalika Maria kang ibu lagi pacangan karo Yusuf, sadurungé tunggal sapaturon, tinemu wis ngandheg marga saka Roh Suci. 19 Sarèhné Yusuf bojoné iku wong mursid sarta ora gelem mirangaké Maria ana ing ngarepé wong akèh, mulané sumedya medhot pacangané kanthi sesidheman. 20 Nanging bareng lagi duwé gagasan mangkono iku, tumuli ana malaékating Pangéran ngatingali sajroning pangimpèn, dhawuhé, "Hé, Yusuf, tedhaké Daud, aja sumelang anggonmu ngepèk Maria dadi bojomu, awit Putra kang kabobotaké iku marga saka Roh Suci, 21 sarta Maria bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yésus; awit iya iku kang bakal ngluwari umaté saka ing dosané." 22 Iku mau kabèh kelakon supaya katetepan apa kang kapangandikakaké déning Pangéran lantaran nabi, mangkéné, 23 "Lah, sang kenya bakal nggarbini sarta mbabar putra kakung, kang asmané bakal sinebut Imanuèl, tegesé: Allah nunggil kalawan kita." 24 Satanginé turu, Yusuf banjur ngèstokaké kayadéné kang kadhawuhaké déning malaékating Pangéran, lan nampani Maria dadi bojoné, 25 nanging ora diwori turu, nganti tumekané wus mbabar putra, kang banjur dinamakaké Yésus.
1 Nalika Yésus wus miyos ana ing Bètlehèm, wilayah Yudéa, yaiku nalika jamané Raja Hérodès, lah ana para pandhita saka Wétan padha teka ing Yérusalèm 2 lan takon-takon, "Rajanipun tiyang Yahudi ingkang nembé miyos punika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing Wétan, déné anggèn kula mriki punika badhé sami sujud wonten ing ngarsanipun." 3 Bareng miyarsa kang mangkono iku, Hérodès banget geteré, mangkono uga wong sakutha Yérusalèm kabèh. 4 Banjur nimbali sakèhé para pangareping imam lan para ahli Torèt bangsa Yahudi, lan padha kadangu ana ngendi Sang Kristus bakal miyos. 5 Unjuké kang padha kadangu, "Wonten ing Bètlehèm, wilayah Yudéa, awit ingkang sampun kaserat déning nabi, makaten: 6 Anadéné sira, hé Bètlehèm wilayah Yéhuda, sira iku babar pisan ora kang cilik dhéwé ana ing antarané para kang ngasta papréntahan ing wilayah Yéhuda, amarga saka sira bakal ana panutan miyos, kang bakal ngengon umatingsun Israèl." 7 Hérodès banjur nimbali para pandhita mau kanthi sesidheman, padha kadangu kanthi tlesih bab wektu katoning lintangé; 8 nuli padha didhawuhi menyang Bètlehèm sarta kaweling, "Padha mangkata, titi-priksanen sing tlesih bab Sang Timur iku, déné samangsa wus ketemu, énggal padha ngaturana uninga marang aku, supaya aku iya bisa mrana nyembah marang Panjenengané." 9 Para pandhita sawisé ngrungu dhawuhé raja iku, banjur padha mangkat. Lah nalika iku, lintang kang wis kadeleng ana ing Wétan mau, nuntun lakuné para pandhita nganti tekan papan kang katuju, lan banjur mandheg ing sandhuwuré padunungané Sang Timur. 10 Bareng weruh lintangé, padha bungah banget. 11 Banjur padha lumebu ing omah lan ndeleng Sang Timur karo Maria kang ibu, nuli padha sujud nyembah marang Panjenengané. Tumuli padha mbukaki pethiné raja-brana, Padha nyaosaké pisungsung marang Panjenengané arupa mas, menyan lan blendok mur. 12 Sabanjuré, sarèhné padha diélingaké ing sajroning impèn, supaya aja bali sowan ing ngarsané Hérodès, mula mulihé menyang tanahé padha metu dalan liya. 13 Sapungkuré para pandhita mau tumuli ana malaékating Pangéran, kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning impèn lan dhawuh,"Tangia, Sang Timur lan kang ibu ungsèkna menyang Mesir, sarta manggona ing kana nganti Ingsun paring pangandika marang sira. Awit Hérodès bakal nggolèki Sang Timur lan arep nyédani Panjenengané." 14 Yusuf tangi lan ing bengi iku uga nambut Sang Timur dalah kang ibu, tumuli ngungsi menyang Mesir, 15 lan manggon ing kana nganti sasédané Hérodès. Mangkono dadiné katetepan apa kang kapangandikakaké déning Pangéran, lantaran nabi, "Saka Mesir anggoningsun nimbali Putraningsun." 16 Bareng Hérodès pirsa yèn Panjenengané diapusi, banget dukané, banjur dhawuh matèni sakèhé bocah lanang ing Bètlehèm lan sakubengé, sing umur rong taun sapangisor, manut wektu kang kadangokaké kanthi tlesih marang para pandhita. 17 Kang mangkono iku, katetepan kang kapangandikakaké lantaran nabi Yérémia, 18 "Ana swara kaprungu ing Rama, panangis lan pangadhuh kang banget; Rahèl nangisi anak-anaké lan emoh kalipur, awit anak-anaké wus padha ora ana." 19 Bareng Hérodès wis séda, ana malaékating Pangéran kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning impèn ana ing Mesir, kang dhawuh, 20 "Tangia, Sang Timur lan kang ibu gawanen bali menyang Israèl, amarga sing padha ngarah sédané Sang Timur wus padha mati." 21 Yusuf banjur tangi, nambut Sang Putra lan kang ibu tumuli mangkat menyang Israèl. 22 Ananging bareng krungu pawarta, yèn Arkhélaus nggentosi kang Rama Hérodès jumeneng raja ing Yudéa, dadi sumelang yèn mrana. Éwadéné sarèhné diparingi pitedah ing sajroning impèn, banjur ngener menyang wilayah Galiléa. 23 Satekané ing kono, tumuli manggon ing kutha kang aran Nasarèt. Kang mangkono iku supaya katetepan apa kang kapangandikakaké déning para nabi, yèn Yésus bakal kasebut: Wong Nasarèt.
1 Ing nalika samana Yohanes Pambaptis rawuh ing pasamunan wilayah Yudéa, nggelaraké piwulang, pangandikané, 2 "Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wis cedhak!" 3 Déné satemené iya panjenengané iku kang kapangandikakaké déning Nabi Yésaya, mangkéné, "Ana swara kang nguwuh-uwuh ana ing pasamunan: Padha nyawisna margining Pangéran, lurung-lurung kagem Panjenengané padha lencengna." 4 Yohanes iku agemané kang kagawé wulu unta, sarta apaningset walulang; kang kadhahar walang lan madu alas. 5 Banjur diparani déning wong-wong saka Yérusalèm, saka Yudéa kabèh lan saka wilayah sakiwatengené Yordan. 6 Wong-wong mau tumuli padha dibaptisi déning Yohanes ana ing kali Yordan, kalawan ngakoni dosané. 7 Nanging bareng panjenengané pirsa para Farisi lan para Saduki padha teka nyuwun kabaptis, banjur padha dipangandikani, mangkéné, "Hé, tetesaning ula bedhudhak, sapa kang marahi kowé nyingkiri bebendu kang bakal teka? 8 Yèn mangkono padha metokna woh kang sembada marang pamratobat. 9 Lan aja padha duwé pikiran, mangkéné: Aku rak padha duwé Rama Abraham. Awit aku pitutur marang kowé, sanadyan saka watu iki Allah kwaos mijilaké anak kanggo trahé Abraham. 10 Karodéné wadung wis cumawis ing poking wit-witan; saben wit kang ora metokaké woh kang becik, mesthi kategor lan kacemplungaké ing geni. 11 Aku iki mbaptisi kowé kabèh nganggo banyu amrih patobatmu, nanging kang bakal rawuh nungka aku, iku luwih kwasa katimbang aku lan mbok nyopot agemé trumpah baé aku ora pantes. Iku bakal mbaptisi kowé kalawan Roh Suci lan geni. 12 Panjenengané wis ngasta tampah; panutoné bakal diresiki nganti tapis sarta gandumé bakal diklumpukaké ing lumbung, nanging mrambuté bakal diobong ing geni kang ora kena sinirep." 13 Nalika samana Yésus saka Galiléa rawuh ing Yordan murugi Yohanes, karsané supaya dibaptis. 14 Nanging Yohanes menggak, unjuké, "Kawula ingkang prelu Paduka baptis, lah kok Paduka murugi kawula." 15 Nanging Yésus paring wangsulan, pangandikané,"Wis ta, cikbèn saiki mangkono, amarga iya mangkono iku patuté Aku lan kowé padha netepi sakèhé karsané Allah." Yohanes tumuli sumarah. 16 Sawisé kabaptis, Yésus banjur mentas saka ing banyu, lah ing kono langit tumuli piyak lan Panjenengané pirsa Rohing Allah tumedhak pindha manuk dara, nedhaki Panjenengané. 17 Banjur ana swara saka swarga, kang ngandika, "Iki Putraningsun, kang kinasih, kang ndadèkaké keparengingsun."
1 Sawusé mangkono Yésus kapurugaké déning Roh menyang ara-ara samun supaya kagodha déning Iblis. 2 Salebaré siyam patang puluh dina patang puluh bengi, wekasan kraos luwé. 3 Juru panggodha banjur marek ing ngarsané sarta munjuk marang Panjenengané, mangkéné, "Manawi Panjenengan Putranipun Allah, sumangga séla-séla punika Panjenengan sabdakaken dados roti." 4 Nanging Panjenengané paring wangsulan, pangandikané, "Ana tulisan, mangkéné: Uripé manungsa iku ora mung saka roti baé, nanging saka sakèhing sabda kang miyos saka ing lésaning Allah." 5 Iblis tumuli nambut Panjenengané menyang kutha Suci lan dijumenengaké ana ing ndhuwur payoné Padaleman Suci, 6 banjur munjuk marang Panjenengané, mangkéné, "Manawi Panjenengan Putranipun Allah, sumangga kula aturi anjlog mangandhap, awit wonten seratan makaten: Pangéran bakal ndhawuhi para malaékaté tumrap sira, sarta sira bakal ditadhahi ing tangané, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu." 7 Pangandikané Yésus, "Ana manèh tulisan mangkéné: Sira aja nyoba Pangéran Allahira." 8 Iblis banjur nambut Panjenengané manèh munggah ing gunung kang dhuwur banget lan diaturi mirsani sakèhé kraton ing donya dalah kamulyané, 9 nuli munjuk mangkéné, "Punika sadaya badhé kula aturaken dhateng Panjenengan, anggeripun Panjenengan karsa sumungkem sujud dhateng kula." 10 Yésus banjur ngandika, "Wis, lungaa, sétan!" Sabab ana tulisan mangkéné: Pangéran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengané Piyambak kang kudu sira bektèni." 11 Iblis banjur ninggalaké Panjenengané; lah ing kono tumuli ana malaékat-malaékat kang padha marek lan ngladosi Panjenengané. 12 Nanging bareng Yésus miyarsa pawarta, yèn Yohanes wis kacepeng, Panjenengané banjur tindak sumingkir menyang Galiléa, 13 pindhah saka Nasarèt lan dedalem ana ing Kapèrnaum, ing sapinggiring sagara wilayah Zébulon lan Naftali, 14 supaya katetepan apa kang kapangandikakaké déning Nabi Yésaya, mangkéné, 15 "Tanah Zébulon lan tanah Naftali, dalan menyang ing sagara, ing sabrangé Kali Yordan, Galiléa, panggonané bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah. 16 Bangsa kang manggon ing pepeteng, iku wis ndeleng Pepadhang kang gedhé, sarta wong kang padha manggon ing tanah kang kalimputan ing wewayanganing pati, iku wis kaplethèkan Pepadhang." 17 Wiwit nalika iku Yésus nggelaraké piwulang, pangandikané, "Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wis cedhak!" 18 Nalika pinuju tindak ing sapinggiring Tlaga Galiléa, Panjenengané pirsa wong loro padha sadulur, yaiku Simon kang karan Pétrus karo Andréas saduluré, lagi padha nibakaké jala ing tlaga, amarga padha dadi juru-amèk-iwak. 19 Panjenengané banjur ngandika marang wong loro iku, dhawuhé, "Payo, padha mèlua Aku, kowé bakal padha dakdadèkaké juru-amèk-wong." 20 Sanalika banjur padha ninggal jalané, ndhèrèkaké Panjenengané. 21 Sabanjuré nalika tindak saka kono, Panjenengané pirsa wong loro manèh, uga padha sadulur, yaiku Yakobus anaké Zébédéus karo Yohanes saduluré, ana ing prau lagi ngréwangi Zébédéus bapakné anggoné nyulami jalané. Panjenengané banjur nimbali wong loro iku. 22 Sanalika padha ninggalaké prauné lan bapakné, nuli padha ndhèrèkaké Panjenengané. 23 Yésus tumuli ndlajahi sawilayah Galiléa kabèh, memulang ana ing papan-papan pangibadahé wong kono, sarta nggelaraké Injiling Kraton, apadéné marasaké sarupané lelara lan sarupané memala, kang tinemu ing satengahing bangsa kono. 24 Pawarta bab Panjenengané iku banjur sumebar ing wilayah Siria kabèh; sakèhé wong kang nandhang lelara banjur padha digawa menyang ngarsané, kang rupa-rupa lelarané lan sangsarané, wong kasurupan, wong ayan lan wong lumpuh, sarta Panjenengané tumuli marasaké wong-wong iku. 25 Wong golongan akèh padha gumrudug ndhèrèkaké Panjenengané, saka Galiléa, Dékapolis, Yérusalèm, Yudéa sarta saka sabrangé Yordan.
1 Bareng Yésus pirsa wong golongan iku, banjur minggah ing gunung lan sawisé lenggah, para sakabaté padha ngadhep ing ngarsané. 2 Panjenengané tumuli medhar sabda, paring piwulang, pangandikané, 3 "Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit iku kang padha nduwèni Kratoning Swarga. 4 Rahayu wong kang prihatin, awit iku kang bakal padha kalipur. 5 Rahayu wong kang lembah-manah, awit iku kang bakal padha tampa warisan bumi. 6 Rahayu wong kang kaluwèn lan ngelak marang karsané Allah, awit iku kang bakal padha kawaregan. 7 Rahayu wong kang ambek-welasan, awit iku bakal padha olèh piwelas. 8 Rahayu wong kang resik atiné, awit iku bakal padha sumurup marang Allah. 9 Rahayu wong kang dhemen gawé tentrem, awit iku kang bakal padha kasebut para putraning Allah. 10 Rahayu wong kang kaaniaya marga nindakaké karsané Allah, awit iku kang padha nduwèni Kratoning Swarga. 11 Rahayu kowé, menawa kowé diwewada lan dianiaya sarta didakwa nindakaké sarupaning piala kang ora nyata, marga saka Aku. 12 Padha bungaha lan sukarenaa, sabab gedhé ganjaranmu ana ing swarga, awit iya kaya mangkono anggoné wong-wong padha nganiaya para nabi sadurungé kowé." 13 "Kowé iku uyahing bumi. Lah yèn uyah iku ilang asiné, arep diasinaké nganggo apa? Wus ora ana gunané manèh kajaba mung dibuwang lan diidak-idak ing wong. 14 Kowé iku pepadhanging jagat. Kutha kang ana ing ndhuwur gunung iku ora kaling-kalingan. 15 Lan manèh wong nyumed lampu iku ora disèlèhaké ing sangisoré genthong, nanging ditumpangaké ing cagak-lampu, temah madhangi kabèh kang ana ing jero omah iku. 16 Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, temah padha sumurup marang panggawému kang becik, banjur padha ngluhuraké Ramamu kang ana ing swarga." 17 "Kowé aja padha ngira, yèn Aku teka supaya mbatalaké Torèt utawa kitabé para nabi. Tekaku iki ora supaya mbatalaké, nanging nyampurnakaké. 18 Awit satemené Aku pitutur marang kowé: Nganti langit lan bumi iki sirna, dadia aksara kang cilik dhéwé utawa titik siji baé ora ana kang kabuwang saka ing Torèt, sadurungé iku kabèh kalakon. 19 Mulané sing sapa mbatalaké salah siji saka pepakoning angger-angger iki, sanadyan kang cilik dhéwé, sarta mulangaké mangkono marang wong, iku bakal kasebut kang cilik dhéwé ana ing Kratoning Swarga. Nanging sing sapa nindakaké lan mulangaké pepakoning Torèt kabèh, iku bakal kasebut kang gedhé ana ing Kratoning Swarga. 20 Mulané Aku pitutur marang kowé: Menawa anggonmu netepi karsané Allah ora ngungkuli para ngulama lan para Farisi, kowé mesthi ora bakal lumebu ing Kratoning Swarga." 21 "Kowé wis padha krungu, yèn wus kapangandikakaké marang para leluhur: Sira aja mematèni, sing sapa mematèni kudu diladèkaké marang pangadilan. 22 Nanging Aku pitutur marang kowé: Sing sapa nepsu marang saduluré, kudu diladèkaké marang pangadilan; sing sapa ngunèkaké saduluré: Kapir, kudu diukum déning pangadilan agama, lan sing sapa ngunèkaké: Murtad, kudu kacemplungaké ing naraka murub. 23 Mulané menawa kowé lagi lumaku nggawa pisungsung menyang misbyah, mangka banjur kèlingan yèn sadulurmu lagi duwé ganjelan ing atiné tumrap kowé, 24 pisungsungmu tinggalen ana ing ngarepé misbyah kono, nuli maranana sadulurmu mau, rukuna dhisik, sawisé iku banjur balia, nyaosna pisungsungmu. 25 Endang rukuna karo lawananmu nalika lagi lumaku bebarengan menyang pangadilan, supaya kowé aja nganti diladèkaké déning lawananmu mau marang jaksa, jaksa banjur masrahaké kowé marang pambantuné, temahan kowé dilebokaké ing pakunjaran. 26 Satemené Aku pitutur marang kowé: Kowé ora bakal metu saka ing kono, sadurungé kowé nyaur utangmu nganti sah." 27 "Kowé wis padha krungu pangandika mangkéné: Sira aja laku jina! 28 Nanging Aku pitutur marang kowé: Sing sapa mandeng wong wadon kalawan derenging napsu marang dhèwèké, iku wus laku jina sajroning atiné. 29 Mulané menawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen, amarga luwih becik kélangan salah siji saka péranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungaké ing naraka. 30 Lan manèh menawa tanganmu tengen dadi jalaraning piala, kethoken banjur buwangen, amarga luwih becik kélangan salah siji péranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungaké ing naraka. 31 Uga ana pangandika mangkéné: Sing sapa megat bojoné, kudu mènèhi layang pegat. 32 Nanging Aku pitutur marang kowé: Sing sapa megat bojoné ora jalaran saka laku jina, iku ndadèkaké bojoné laku jina lan sing sapa ngalap bojo wong wadon kang kapegat mau, dadi laku jina." 33 "Kowé wis padha krungu, yèn para leluhur padha tampa pangandika mangkéné: Aja nglairaké sumpah palsu, nanging tetepana sumpahira ana ing ngarsaning Pangéran. 34 Nanging Aku malah pitutur marang kowé: Aja supata babar pisan, dadia demi swarga, awit iku dhamparing Allah, 35 dadia demi bumi, awit iku ancik-anciking sampéyané, dadia demi Yérusalèm, awit iku kuthané Nata Agung. 36 Iya aja supata demi sirahmu, awit kowé ora bisa mutihaké utawa ngirengaké rambutmu saeler baé. 37 Yèn iya, kandhaa: Iya, yèn ora, kandhaa: Ora. Saluwihé saka iku, asalé saka pangawak dursila." 38 "Kowé wis padha krungu pangandika mangkéné: Mripat winales mripat, untu winales untu. 39 Nanging Aku pitutur marang kowé: Kowé aja nglawan marang wong kang gawé piala marang kowé, malah sapa kang napuk pipimu tengen, pipimu kiwa ulungna pisan. 40 Lan menawa ana wong kang arep prakaran karo kowé, sedyané ngepèk klambimu, jubahmu pasrahna pisan. 41 Apadéné menawa kowé dipeksa dikon ngiringaké lakuné wong samil, iringna nganti rong mil. 42 Yèn ana wong njejaluk marang kowé, wènèhana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowé." 43 "Kowé iya wis padha krungu pangandika: Sira tresnaa marang sapepadhanira lan sengita marang mungsuhira! 44 Nanging aku malah pitutur marang kowé: Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowé padha dongakna slamet, 45 sarana mangkono kowé padha dadi putrané Ramamu kang ana ing swarga, kang mlethèkaké srengéngé marang wong ala lan wong becik, sarta nurunaké udan marang wong kang ambek adil lan kang ora. 46 Déné menawa kowé tresna marang wong kang nresnani kowé, iku kowé olèh pituwas apa? Para juru-mupu-béya rak ya tumindak mangkono, ta? 47 Lan menawa kowé awèh salam mung marang sadulur-sadulurmu baé, kaluwihanmu apa? Wong kang ora wanuh marang Allah rak ya tumindak mangkono, ta? 48 Mulané kowé padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna."
1 "Padha diéling, aja padha nglakoni kamursidanmu ana ing sangareping wong, supaya katona ing wong iku, awit yèn mangkono, kowé ora bakal nampa ganjaran apa-apa saka Ramamu kang ana ing swarga. 2 Mulané yèn kowé dedana, aja kokwara-warakaké kaya adaté para wong lamis ana ing sinagogé-sinagogé lan ing lurung-lurung, pamrihé supaya dialem ing wong. Satemené Aku pitutur marang kowé, iku wus padha tampa pituwasé. 3 Nanging menawa kowé dedana, tanganmu kiwa aja nganti sumurup apa kang ditindakaké tanganmu tengen. 4 Dadi anggonmu dedana iku aja nganti katon; Ramamu kang nguningani tindakmu kang ora katon iku, bakal paring piwales marang kowé." 5 "Déné menawa kowé padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga wong iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan-papan pangibadah lan ing pojok-pojoking lurung, pamrihé supaya katona ing wong. Satemené Aku pitutur marang kowé: Wong iku wus padha tampa pituwasé. 6 Nanging menawa kowé ndedonga, lumebua ing kamarmu, lawangé inebna, banjur ndedongaa marang Ramamu kang ora katon. Déné Ramamu kang pirsa tindakmu kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowé. 7 Apamanèh, sajroné ndedonga, aja nganggo tembung akèh-akèh kaya adaté wong kang ora wanuh marang Allah, awit iku padha nduwèni pangira, yèn marga saka akèhing tetembungané, pandongané bakal katrimah. 8 Dadi aja tiru-tiru wong iku, awit Ramamu pirsa apa sing kokbutuhaké, sadurungé kowé matur. 9 Marga saka iku ndedongaa mangkéné: Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga, Asma Paduka mugi kasucèkaken. 10 Kraton Paduka mugi rawuh. Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdéné wonten ing swarga. 11 Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika. 12 Saha Paduka mugi ngaputen kalepatan kawula, kadosdéné kawula inggih ngapunteni tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. 13 Punapa déné kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. Awitdéné Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisésa tuwin kamulyan ing salami-laminipun. Amin. 14 Sabab, menawa kowé padha ngapura kaluputaning wong, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura marang kowé. 15 Nanging menawa kowé ora ngapura marang wong, Ramamu iya bakal ora ngapura kaluputanmu." 16 "Anadéné menawa kowé padha pasa, ulatmu aja kokgawé aclum kaya para wong lamis, awit iku padha nyengungusaké ulaté, supaya wong-wong padha weruh yèn lagi pasa. Satemené Aku pitutur marang kowé: iku wus padha tampa pituwasé. 17 Nanging kowé menawa pasa, sirahmu lenganana lan raupa, 18 supaya anggonmu pasa aja ketara marang wong, ngemungna kauningan ing Ramamu kang ana ing papan pasingidan. Ramamu kang pirsa sajroning pasingidan iku bakal paring piwales marang kowé." 19 "Aja padha nglumpukaké bandha ana ing donya; ana ing donya bandha bakal karusak déning renget lan taiyèng, apadéné dibabah lan dicolong déning maling. 20 Nanging padha nglumpukna bandha ing swarga, ana ing swarga bandha ora karusak dadia déning renget utawa déning taiyèng, sarta ora dibabah lan dicolong déning maling. 21 Amarga ing ngendi dunungé bandhamu, iya ana ing kono dunungé atimu. 22 Diyaning badan iku mripat; menawa mripatmu waras, badanmu sakojur kapadhangan. 23 Nanging menawa mripatmu cacad, badanmu dadi peteng kabèh. Dadi menawa pepadhang kang ana ing kowé dadi peteng, saiba ta petengé iku." 24 "Ora ana wong kang bisa ngawula marang bendara loro, awit ora wurung bendarané kang siji bakal disengiti; sijiné ditresnani, utawa bakal nengenaké marang kang siji lan nyepèlèkaké marang sijiné. Kowé ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon. 25 Mulané Aku pitutur marang kowé: Aja padha sumelang ing bab uripmu, bab apa kang bakal kokpangan utawa kokombé, lan bab badanmu, apa kang bakal kokanggo. Ajiné urip iku apa ora ngungkuli pangan, lan ajiné badan apa ora ngungkuli sandhangan? 26 Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, éwadéné padha kaparingan pakan déning Ramamu kang ana ing swarga. Apa kowé ora kinacèk luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku? 27 Sapa ta panunggalanmu kang bisa nyambungi umuré saasta baé marga saka sumelang? 28 Mangkono manèh yagéné kowé padha sumelang bab sandhang-panganggo? Padha nyawanga kembang bakung ing ara-ara anggoné tumuwuh, ora nganggo nyambut-gawé lan ngantih. 29 Éwadéné Aku pitutur marang kowé: Sanadyan Salomo sajroné sagunging kaluhurané, pangagemané ora madhani salah sijining kembang iku. 30 Mulané yèn suket ing ara-ara kang dina iki isih ana, sésuk diobong, iku dipanganggoni nganti kaya mangkono déning Allah, saya manèh kowé, hèh, wong kang cupet ing pangandel! 31 Awit saka iku aja padha sumelang kanthi calathu: Apa kang padha dakpangan? Utawa: Apa kang padha dakombé? Lan manèh: Apa kang padha daksandhang? 32 Awit iku kabèh diupaya déning bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah; kowé aja mangkono, awit Ramamu ing swarga wus pirsa, yèn iku mau kabèh dadi kabutuhanmu. 33 Ananging Kratoning Allah lan apa kang dadi karsané, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabèh bakal kaparingaké marang kowé. 34 Mulané aja padha sumelang ing bab dina sésuk, amarga dina sésuk iku kadunungan kasusahan dhéwé. Kasusahan sadina, wus cukup kanggo sadina."
1 "Aja padha netepaké luputing wong, supaya kowé aja ditetepaké luputmu. 2 Amarga wewaton kang kokanggo ngukumi, yaiku kang bakal dianggo ngukumi kowé. Sarta takeran kang kokanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowé. 3 Kepriyé déné kowé weruh tatal kang ana ing mripaté sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu dhéwé, kowé kok ora weruh? 4 Kepriyé déné kowé kok bisa kandha karo sadulurmu: Mara, tatal sing ana ing mripatmu iku dakilangané, mangka mripatmu dhéwé ana glondhongé? 5 Hé, wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing ana ing mripatmu, mengko kowé bakal kanthi pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing mripaté sadulurmu." 6 "Barang kang suci aja kokwènèhaké marang asu, lan mutiyaramu aja kokuncalaké marang ngarepé babi, supaya ora diidak-idak sarta banjur minger nyronggot kowé." 7 "Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan. Padha golèk-golèka, temah bakal nemu. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan. 8 Sabab saben wong kang nyuwun, tampa, sing golèk, nemu lan sing thothok-thothok iku kawenganan lawang. 9 Apa ana panunggalanmu kang dijaluki roti anaké, kok mènèhi watu, 10 utawa yèn dijaluki iwak, kok mènèhi ula? 11 Dadiné yèn kowé kang ala padha mangerti ing bab pawèwèh kang becik marang anak-anakmu, saya manèh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang Panjenengané." 12 "Mulané sabarang panggawé sing kokkarepaké ing bab tumindaké wong marang kowé, iku iya tindakna uga marang wong, awit iya mangkono iku surasané Torèt lan kitabé para nabi. 13 Padha lumebua liwat ing lawang kang ciyut, awit amba lawangé lan jembar dalané kang anjog ing karusakan, mangka akèh wong kang padha metu ing kono. 14 Kosok-baliné ciyut lawangé lan rupit dalané kang anjog ing urip, mangka mung sathithik wong kang nemu iku." 15 "Sing waspada marang para nabi palsu, kang padha nekani kowé nganggo nylamur kaya wedhus gèmbèl, mangka sajatiné iku asu ajag kang galak. 16 Bakalé kowé bisa nitik marang bab mau saka wohé. Apa ana wong ngundhuh anggur saka thethukulan eri, utawa woh anjir saka rerungkudan? 17 Dadiné wit kang becik metokaké woh becik, wit kang geringen wohé iya ora apik. 18 Wit kang becik ora bisa metokaké woh kang ala, lan wit kang geringen ora bisa metokaké woh kang becik. 19 Sarupané wit kang ora metokaké woh kang becik, mesthi kategor lan banjur kacemplungaké ing geni. 20 Dadiné wong-wong mau bakal katitik saka wohé. 21 Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni karsané Ramaku kang ana ing swarga. 22 Ing dina wekasan bakal akèh wong kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti, punapa kawula mboten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, punapa malih sampun ngawontenaken mukjijat kathah atas asma Paduka? 23 Ing waktu iku bakal padha dakblakani mangkéné: Aku durung tau wanuh karo kowé. Padha sumingkira saka ing ngarepku, hé, wong kang padha duraka." 24 "Mulané saben wong kang ngrungokaké tembungku iku mau lan banjur dilakoni, iku kayadéné wong wicaksana, kang ngadegaké omahé ana ing sandhuwuré watu padhas. 25 Bareng udan deres, banjur banjir sarta ana angin gedhé, kang nempuh omah mau, nanging ora ambruk, amarga katalesan ing watu padhas. 26 Nanging saben wong kang ngrungokaké tembungku iku mau mangka ora dilakoni, iku upamané kaya wong kang bodho, kang ngadegaké omahé ana ing sandhuwuré wedhi. 27 Bareng udan deres, terus banjir, sarta ana angin gedhé kang nempuh, omah mau banjur ambruk lan banget rusaké." 28 Kacarita, bareng Yésus wis mungkasi pangandikané iku mau, wong kabèh padha gumun banget marang piwulangé, 29 jalaran anggoné mulang kaya kang kagungan pangwasa, ora kaya para ahli Torèt.
1 Sawisé Yésus tumedhak saka ing gunung, wong golongan pirang-pirang padha ngetut buri Panjenengané. 2 Lah ing kono ana wong lara kusta marek sarta sujud marang Panjenengané, unjuké, "Gusti, manawi Paduka karsa, inggih tamtu saged mbirat najis kawula." 3 Panjenengané nuli mulungaké astané, ndemèk wong mau sarta ngandika, "Aku karsa, birata najismu." Padha sanalika iku kabirat kustané temahan dadi resik. 4 Yésus banjur ngandika marang wong mau, dhawuhé, "Poma bab iki aja kokkandhakaké marang sapa-sapa. Wis lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan saosa kurban, sing dipréntahaké déning Musa, minangka paseksi marang wong." 5 Nalika Yésus lumebet ing kutha Kapèrnaum, ana sawijining opsir panatus marek ing ngarsané sarta darbé atur panyuwun, unjuké, 6 "Gusti, réncang kawula sakit lumpuh, nggluntung wonten ing griya, langkung sanget anggènipun ngraosaken sakit." 7 Panjenengané banjur ngandika, "Aku dakmrana, dakwarasné." 8 Nanging atur wangsulané opsir mau, unjuké, "Gusti, kawula mboten pantes nampèni Paduka wonten ing gubug kawula, mugi karsa ngandika satembung kémawon, réncang kawula tamtu lajeng saras. 9 Amargi kawula piyambak punika tiyang ingkang kaerèh lan inggih ngerèh prajurit. Manawi kawula akèn dhateng ingkang satunggal: Lungaa! lajeng késah; utawi dhateng sanèsipun: Mrénéa! inggih lajeng dhateng. Tuwin dhateng réncang-tumbasan kawula: Iku lakonana! inggih lajeng dipun lampahi." 10 Bareng Yésus miyarsa kang mangkono iku, Panjenengané kaéraman, banjur ngandika marang kang padha ndhèrèkaké, "Satemené Aku pitutur marang kowé: Pangandel kang saméné gedhéné iki Aku durung tau tumon ana ing satengahing bangsa Israèl. 11 Aku pitutur marang kowé: Bakal akèh wong kang teka saka ing wétan lan ing kulon kang padha mèlu kembul bujana karo Abraham, Ishak lan Yakub ana ing Kratoning Swarga, 12 mangka para putraning Kraton bakal padha kabuwang menyang pepeteng ing jaba, ing kono bakal ana tangis lan keroting untu." 13 Yésus banjur ngandika marang opsir panatus mau, "Wis, mundura, katekana kaya kang dadi pangandelmu." Sanalika iku uga abdiné waras. 14 Bareng Yésus rawuh ing omahé Pétrus, Panjenengané pirsa embokné maratuwa nggluntung ana ing paturon, lara panastis. 15 Tumuli didemèk tangané, panasé banjur ilang, nuli ngladèni tamuné. 16 Soréné akèh wong kang padha kesurupan sétan kang padha digawa menyang ngarsané Yésus. Sétané padha ditundhungi sarana pangandika lan sarupané wong kang nandhang lelara padha disarasaké. 17 Bab iki kelakoné supaya katetepana apa kang kapangandikakaké déning Nabi Yésaya, "Panjenengané wus ngrembat karingkihan kita lan nyanggi lelara kita." 18 Bareng Yésus pirsa wong golongan padha ngrubung Panjenengané, banjur dhawuh supaya padha nyabrang. 19 Nuli ana sawijining ahli Torèt kang marek sarta munjuk, "Guru, kula badhé ngetut wingking Panjenengan dhateng pundia kémawon tindak Panjenengan." 20 Yésus ngandika, "Asu-wawar padha duwé rong, lan manuk ing awang-awang padha duwé susuh, nanging Putraning Manungsa ora duwé panggonan kanggo nyèlèhaké sirahé." 21 Wong liyané, yaiku salah sijining muridé, matur marang Panjenengané, "Gusti, kawula mugi Paduka parengaken késah rumiyin badhé ngubur bapa kawula." 22 Nanging Yésus ngandika, "Kowé mèlua Aku, déné wong mati cikbèn padha ngubur wong mati panunggalané." 23 Yésus banjur minggah ing prau, para sakabaté padha ndhèrèk. 24 Dumadakan ana prahara ing sagara kono, prauné nganti ketungkeban ing ombak, nanging Yésus saré. 25 Para sakabaté tumuli padha marek mungu, unjuké, "Dhuh, Gusti, nyuwun tulung, kawula sami katiwasan." 26 Panjenengané banjur ngandika marang para sakabat, dhawuhé, "Yagéné kowé padha wedi, hé, wong kang cupet ing pangandel?" Panjenengané banjur jumeneng lan ndukani angin sarta sagara, tumuli sirep. 27 Wong-wong padha gumun, pangucapé, "Iki wong apa ta, déné dalah angin lan sagara kok iya padha ngéstokaké dhawuhé!" 28 Bareng Panjenengané wis mentas ing sabrang, yaiku ing wilayahé wong Gadhara tumuli dipethukaké wong loro kang padha kasurupan dhemit, tekané saka ing pakuburan sarta banget mutawatiri, nganti ora ana wong siji-sijia sing wani liwat ing dalan kono. 29 Lah tumuli sakaroné padha nguwuh seru, unjuké, "Prekawisipun punapa ta Panjenengan kaliyan kawula, dhuh, Putranipun Allah? Punapa rawuh Panjenengan badhé misakit kawula sadèrènging mangsanipun?" 30 Sawatara adoh saka ing kono ana babi sapantha gedhé, kang lagi diengon. 31 Dhemité nuli padha duwé panyuwun marang Panjenengané, unjuké, "Manawi kawula sami Paduka dhawuhi késah, mugi kawula kadhawuhana manjing ing babi sapantha punika." 32 Panjenengané banjur ngandika, "Padha lungaa!" Banjur padha metu lan manjing ing babi-babi mau. Babi sapantha iku kabèh nuli padha mlayu gumrudug medhun saka ing èrèng-èrènging jurang, ambyur ing sagara temahan padha mati klelep ana ing banyu. 33 Kang padha ngengon babi mau padha mlayu sarta bareng wis tekan kutha, padha nyritakaké lelakon iku mau kabèh, uga bab wong-wong kang kapanjingan dhemit mau. 34 Lah ing kono wong sakutha padha metu methukaké Yésus lan bareng wis padha weruh Panjenengané, padha nyuwun kanthi adreng, supaya Panjenengané karsa nilar wilayahé.
1 Yésus tumuli minggah ing prau banjur nyabrang lan rawuh ing kuthané piyambak. 2 Banjur ana wong lumpuh nggluntung ing paturon diusung menyang ngarsané. Bareng Yésus pirsa pangandelé wong-wong iku, nuli ngandika marang kang lumpuh, "Hé, nggèr, diteguh atimu, dosamu wis kaapura." 3 Lah tumuli ana ahli Torèt sawatara sing padha ngunandika, "Wong iku nyenyamah marang Allah." 4 Nanging Yésus pirsa kang dadi panggraitané wong-wong mau, mulané banjur ngandika, "Yagéné kowé padha duwé panggraita kang ala ana ing atimu? 5 Gampang endi kandha: Dosa-dosamu wis diapura, karo kandha: Ngadega lan lumakua? 6 Nanging supaya kowé padha mangerti, yèn Putraning Manungsa duwé pangwasa ngapura dosa ana ing bumi iki," -- banjur ngandika marang kang lumpuh --: "Ngadega, paturonmu angkaten lan muliha!" 7 Wongé iya banjur ngadeg lan mulih. 8 Wong golongan bareng padha ndeleng bab iku, padha wedi lan banjur padha ngluhuraké Allah, kang wis paring pangwasa nganti samono marang manungsa. 9 Sawusé Yésus jengkar saka ing kono, banjur pirsa wong kang jenengé Matius linggih ing pabéyan iku, nuli dipangandikani, "Mèlua Aku!" Matius banjur ngadeg lan ndhèrèkaké Panjenengané. 10 Kacarita nalika Yésus lenggah dhahar ana ing omahé, ana juru-narik-pajeg akèh lan wong-wong dosa kang padha teka ndhèrèk dhahar kalawan Yésus dalah para sakabaté. 11 Bareng para Farisi weruh kang mangkono iku, banjur kandha marang para sakabaté, "Yagéné gurumu kok mangan bebarengan karo juru-narik-pajeg lan wong dosa?" 12 Yésus midanget, nuli ngandika, "Wong waras iku ora butuh dhokter, sing butuh iku wong sing lara. 13 Wis, padha sumingkira, padha sinaua ngerti isining pangandika, kang surasané: Kang sunkarsakaké iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaku iki ora ngundang wong mursid, nanging wong dosa." 14 Kacarita para sakabaté Yohanes padha sowan ing ngarsané Yésus, lan munjuk, "Kawula kaliyan tiyang Farisi sami netepi siyam, nanging para sakabat kok mboten?" 15 Yésus banjur paring wangsulan marang wong-wong iku, "Apa iya bisa para dhayohé bawahan manton padha susah-susah sasuwéné pengantèné isih ana? Nanging bakal ana wektuné, pengantèn iku kabedhol, ing kono bakal padha pasa. 16 Lan uga ora ana wong nambal sandhangan lawas nganggo suwèkan anyar, awit tambalané iku bakal nyuwèkaké sandhangan mau, temahan malah saya amba bedhahé. 17 Mangkono anggur kang anyar iku iya ora diwadhahi ing kanthong kulit kang lawas, amarga yèn mangkono kanthong kulité mesthi bedhah, angguré banjur wutah, kanthong kulité rusak. Nanging anggur kang anyar iku diwadhahi ing kanthong kulit anyar, dadi loro-loroné tetep kanggo ing gawé." 18 Sajroné Yésus ngandika mangkono iku, nuli ana lelurahing papan pangibadah kang marek sujud lan matur, "Anak kawula èstri saweg kémawon tilar donya éwasemanten mugi Paduka karsa rawuh saha numpangi asta, tamtu badhé gesang malih." 19 Yésus banjur jumeneng sarta tedhak bebarengan karo lurah mau kanthi para sakabaté. 20 Nalika iku ana wong wadon kang lara nggrajag getih wus rolas tahun lawasé, kang nyedhaki Panjenengané saka ing buri lan ndemèk gombyoking jubahé. 21 Amarga duwé osik mangkéné, "Angger aku bisa ndemèk jubahé, mesthi waras." 22 Nanging Yésus banjur minger, mirsani wong wadon iku mau sarta ngandika, "Diteteg atimu, nggèr, pracayamu kang mitulungi kowé." Wiwit ing nalika iku wong wadon mau dadi waras. 23 Bareng Yésus rawuh ing omahé lelurah mau, sarta pirsa panyuling lan wong golongan kang padha ribut, 24 banjur ngandika, "Wis, padha sumingkira; bocahé ora mati, mung lagi turu." Nanging wong-wong padha nggeguyu Panjenengané. 25 Sawisé wong golongan iku padha sumingkir, Panjenengané nuli lumebet sarta ngasta tangané si bocah. Bocahé banjur tangi. 26 Pawartané lelakon iku banjur sumebar ing satanah kono kabèh. 27 Nalika Yésus nglajengaké tindaké saka ing kono, ana wong wuta loro padha nututi lan nywara sora, unjuké, "Dhuh, tedhakipun Daud, kawula mugi Paduka welasi." 28 Bareng Panjenengané wis lumebet ing dalem, wong wuta mau padha marek ing ngarsané, Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau, "Apa kowé padha ngandel yèn Aku bisa nindakaké mangkono?" Atur wangsulané, "Inggih, Gusti, kawula sami pitados." 29 Panjenengané banjur ndhumuki mripaté wong-wong mau sarta ngandika, "Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu." 30 Mripaté banjur kaelèkaké. Yésus banjur manti-manti marang wong-wong mau, "Poma, aja nganti bab iki kaweruhan ing wong." 31 Éwasamono saunduré tumuli padha nyuwuraké Panjenengané ana ing sawratané wilayah kono kabèh. 32 Saunduré wong-wong mau banjur ana wong bisu kapanjingan sétan kang kairid ing ngarsané Yésus. 33 Bareng sétan wis ditundhung, kang bisu mau bisa guneman. Wong-wong padha kaéraman kabèh, pangucapé, "Kang kaya mangkono iku durung tau kelakon ana ing Israèl." 34 Nanging ujaré para Farisi, "Anggoné nundhungi sétan iku kanthi pangwasané panggedhéning para dhemit." 35 Yésus tumuli tindak ndlajahi sakèhing kutha lan désa, memulang ana ing papan-papan pangibadahé sarta nggelaraké Injilé Kraton, apadéné nyarasaké sakèhing lelara lan memala. 36 Bareng Panjenengané pirsa wong golongan iku, trenyuh banget panggalihé marga saka welas; awit wong-wong mau padha katon sayah lan ora kopèn kaya wedhus kang ora ana pangoné. 37 Panjenengané banjur ngandika marang para sakabaté, "Panèné gedhé, nanging kang derep mung sathithik. 38 Mulané padha nyuwuna marang Gusti kang kagungan panèn, supaya karsa maringi wong derep kanggo panènané iku."
1 Yésus tumuli nimbali sakabaté rolas sarta padha diparingi pangwasa nundhungi sétan lan nyarasaké sarupaning lelara lan sarupaning memala. 2 Déné jenengé para rasul rolas mau yaiku: Kang wiwitan Simon kang karan Pétrus, lan Andréas saduluré, Yakobus anaké Zébédéus, lan Yohanes saduluré, 3 Filipus lan Bartoloméus, Tomas lan Matius juru-narik-pajeg, Yakobus anaké Alféus, lan Tadéus, 4 Simon wong Zélot lan Yudas Iskariot, kang ngulungaké Panjenengané. 5 Wong rolas mau padha diutus déning Yésus sarta diparingi piweling mangkéné, "Kowé aja padha nyimpang menyang dalané wong kang ora wanuh marang Allah lan aja lumebu ing kuthané wong Samaria, 6 nanging luwih becik padha maranana wedhus-wedhusé Banisraèl kang padha ketriwal. 7 Padha mangkata lan padha memulanga mangkéné: Kratoning Swarga wus cedhak. 8 Wong lara padha warasna, wong mati tangèkna, biraten najisé wong lara kusta; sétan-sétan padha tundhungana. Kowé wis padha nampani kanthi lelahanan, mulané wènèhna kanthi lelahanan uga. 9 Aja padha nggawa emas utawa salaka lan tembaga ana ing sabukmu. 10 Aja padha nggawa sangu kanggo ana ing dalan; aja nggawa kotang rangkep utawa trumpah. Sabab wong nyambut-gawé iku wis sapantesé yèn tampa pituwas. 11 Menawa kowé lumebu ing kutha utawa ing désa, golèka wong kang pantes, banjur manggona ana ing kono nganti salungamu. 12 Menawa kowé lumebu ing omahé wong, ulukana salam. 13 Menawa kanthi pantes nampani salammu, salammu tumanduk marang wong-wong iku, nanging menawa ora pantes, salammu iku bali marang kowé manèh. 14 Déné yèn ana wong kang ora nampani kowé lan ora ngrungokaké tetembunganmu, endang lungaa lan metua saka omah utawa kutha kono, sarta ketabna lebuné sikilmu. 15 Satemené Aku pitutur marang kowé: Bésuk ing dina pangadilan kang sinangga déning Sodom lan Gomora bakal luwih ènthèng katimbang karo kutha iku." 16 "Lah kowé padha dakutus kayadéné wedhus gèmbèl menyang ing satengahing asu ajag, mulané dingati-ati kaya ula lan dibarès kaya manuk dara. 17 Nanging sing waspada marang wong kabèh; sabab ana kang bakal ngladèkaké kowé marang pradata agama, kang banjur nggitiki kowé ana ing papan-papan pangibadahé. 18 Lan marga saka Aku, kowé bakal padha diirid menyang ngarsané para kang padha ngasta pangwasa lan para raja, minangka paseksi tumrap wong-wong mau lan tumrap para wong kang ora wanuh marang Allah. 19 Anadéné menawa kowé padha kelakon diladèkaké, aja padha sumelang ing bab kepriyé lan apa kang bakal kokaturaké, amarga ing sanalika iku uga kowé bakal kaparingan apa kang prelu kokaturaké. 20 Awit dudu kowé kang celathu, nanging Rohé Ramamu kang ngandika lantaran kowé. 21 Sadulur bakal masrahaké padha sadulur marang paukuman pati, samono uga bapa masrahaké anaké, lan anak-anak bakal padha wani marang wong-tuwané lan banjur dipatèni. 22 Lan kowé bakal disengiti ing wong kabèh marga saka Aku; nanging sing sapa mantep tumeka ing wekasan, bakal slamet. 23 Menawa kowé dianiaya ana ing sawijining kutha, padha ngungsia menyang kutha liyané; awit satemené Aku pitutur marang kowé: Sadurungé kowé ndlajahi kutha-kutha Israèl kabèh, Putraning Manungsa wus rawuh. 24 Mungguh sakabat iku ora ngungkuli guruné, utawa abdi iya ora ngungkuli bendarané. 25 Tumraping sakabat wis cukup, yèn nganti karengkuh padha kaya guruné, lan tumrap abdi, yèn karengkuh padha kaya bendarané. Menawa kang duwé omah disebut Bèèlzebul, apa manèh brayaté saomah. 26 Mulané wong iku aja padha kokwedèni, awit ora ana barang kang kasasaban, kang ora bakal kawiyak, lan ora ana barang kang kadhelikaké, kang bakal ora kaweruhan. 27 Apa kang dakpituturaké ana ing petengan, iku kandhakna ana ing padhangan; lan apa kang kokrungokaké kanthi bisik-bisik, iku padha wartakna saka ing payon-payon. 28 Aja wedi marang wong-wong kang bisa matèni raga, nanging ora bisa matèni nyawa, aluwung wedia marang Panjenengané, kang bisa ngrusak karo-karoné ana ing naraka, iya jiwamu iya ragamu. 29 Manuk glathik loro apa ora mung payu saasarion? Éwadéné siji baé ora ana kang tiba ing lemah, yèn ora saka karsané Ramamu. 30 Mangka kowé iku, malah dalasan rambutmu wis padha diétung kabèh. 31 Mulané aja padha wedi, amarga ajimu iku ngluwihi manuk glathik pirang-pirang. 32 Saben wong kang ngakoni Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal dakakoni ana ing ngarsané Ramaku kang ana ing swarga. 33 Nanging sing sapa nyélaki Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal daksélaki ana ing ngarsané Ramaku kang ana ing swarga." 34 "Kowé aja padha ngira, yèn tekaku nggawa pirukun ana ing bumi. Tekaku iku ora nggawa pirukun nanging pedhang. 35 Sabab tekaku iku njalari wong crah karo bapakné, anak wadon karo embokné; mantu wadon karo embokné maratuwa, 36 karodéné mungsuhé wong yaiku para kang nunggal saomah kabèh. 37 Sing sapa nresnani bapa utawa biyungé nganti ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku, lan sing sapa nresnani anaké lanang utawa wadon ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku. 38 Sing sapa nampani ora manggul salibé lan ngetut-buri marang Aku, iku ora pantes tumraping Aku. 39 Sing sapa ngéman nyawané, bakal kélangan nyawané, lan sing sapa kélangan nyawané marga saka Aku, iku bakal olèh nyawané. 40 Sing sapa nampani kowé, iku dadi Aku sing ditampani. Lan sing sapa nampani Aku, iku dadi nampani kang ngutus Aku. 41 Sing sapa nampani nabi marga saka anggoné dadi nabi, bakal tampa pituwasing nabi, lan sing sapa nampani wong mursid, marga saka anggoné mursid, bakal tampa pituwasing wong mursid. 42 Apadéné sing sapa awèh banyu adhem sacangkir baé marang salah sawijining wong cilik iki, marga iku sakabatku, Aku pitutur marang kowé satemené: wong iku mesthi bakal tampa pituwasé."
1 Sawisé Yésus mungkasi piwelingé marang sakabaté rolas, Panjenengané banjur tindhak saka ing kono, bakal memulang lan nggelaraké Injil ana ing kutha-kuthané. 2 Kacarita ana ing pakunjaran Yohanes midhanget pawarta bab pakaryané Kristus, 3 banjur ngutus sakabaté supaya munjuk marang Panjenengané, mangkéné, "Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula kedah sami ngentosi sanèsipun?" 4 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Wis, padha mundura, wartakna marang Yohanes apa kang kokrungu lan kokdeleng: 5 wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong lara kusta padha kabirat najisé, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangèkaké lan wong mlarat padha kawartanan kabar kabungahan. 6 Rahayu wong kang ora rumangsa isin ngakoni Aku." 7 Saunduré para utusan mau, Yésus wiwit medhar pangandika marang wong golongan iku bab Yohanes, mangkéné, "Kowé padha menyang pasamunan arep ndeleng apa? Arep ndeleng glagah sing diobat-abitaké déning angin? 8 Utawa arep apa kowé mrana? Arep ndeleng wong kang nganggo sandhangan kang sarwa alus? Wong kang manganggo sarwa alus iku panggonané ana ing kraton. 9 Dadi arep apa kowé mrana? Arep ndeleng nabi? Iya, bener, lan Aku pitutur marang kowé, malah kang ngungkuli nabi. 10 Awit iya iku kang kapratélakaké ing Kitab, mangkéné: Lah, Ingsun ngutus malaékatingsun lumaku ndhisiki Sira, arep nyawisaké dalanira ana ing ngarepira. 11 Satemené Aku pitutur marang kowé: Ing antarané wong-wong kang lair saka wong wadon, ora ana tokoh kang luwih gedhé katimbang Yohanes Pambaptis, éwasamono wong kang cilik dhéwé ana ing Kratoning Swarga, iku luwih gedhé katimbang Yohanes Pambaptis. 12 Sabab wiwit nalika Yohanes Pambaptis tumapak ing gawé nganti sapréné, Kratoning Swarga iku karuda-peksa lan para kang ngruda-peksa iku mbudidaya arep ngrebut pangwasa. 13 Sabab sakèhing nabi lan kitab Torèt iku padha meca nganti satekané Yohanes. 14 Sarta, -- menawa kowé padha gelem nganggep mangkono --, iya wong mau iku Élia kang bakal rawuh. 15 Sing sapa duwé kuping, ngrungokna. 16 Dakpadhakaké apa wong golongan iki? Upamané kaya bocah-bocah kang lelungguhan ana ing pasar, cluluk marang kancané mangkéné: 17 Aku wis padha nyuling kanggo kowé, nanging kowé ora padha njogèd. Aku wis padha ngidungaké kidung pangadhuh, nanging kowé ora padha tangisan. 18 Sarèhning Yohanes iku teka tanpa mangan tanpa ngombé, mulané wong-wong padha ngucap: Wong iku kepanjingan sétan. 19 Tekané Putraning Manungsa nganggo mangan lan ngombé, lan wong-wong padha ngucap: Delengen kuwi, wong grangsangan lan seneng ngombé anggur, kancané para juru-narik-pajeg lan wong dosa. Nanging kawicaksananing Pangéran iku anggoné kabeneraké marga saka pandamelé." 20 Panjenengané banjur wiwit nenetah marang kutha-kutha awit padha ora mratobat, mangka ana ing kono Panjenengané nindakaké mukjijat kang akèh dhéwé, 21 "Bilai kowé Khorazin, bilai kowé Bètsaida, sabab menawa ing Tirus lan ing Sidon iya kalakon ana mukjijat-mukjijat kaya kang wus kalakon ana ing tengah-tengahmu, mesthi wis biyèn-biyèn anggoné padha mratobat lan sedhih banget. 22 Nanging Aku pitutur marang kowé: Bésuk ing dina pangadilan kang kasangga déning Tirus lan Sidon bakal luwih ènthèng katimbang kowé. 23 Apadéné kowé Kapèrnaum, apa kowé bakal kaluhuraké nganti sundhul ing langit? Ora, kowé bakal kacemplungaké ing teleng palimenganing pati. Sabab menawa ing Sodom kalakon ana mukjijat-mukjijat sing tumindhak ana ing tengah-tengahmu, kutha iku mesthi lestari tekan sapréné. 24 Nanging Aku pitutur marang kowé: Bésuk ing dina pangadilan kang kasangga déning tanah Sodom bakal luwih ènthèng katimbang karo kowé." 25 Ing wektu iku Yésus munjuk, "Dhuh, Rama, Pangéraning swarga lan bumi, kawula ngaturaken agenging panuwun, déné bab punika sadaya Paduka damel wados tumrap tiyang wicaksana saha tiyang wasis, nanging Paduka lairaken dhateng laré-laré. 26 Inggih, Rama, pancèn makaten karsa Paduka." 27 "Samubarang kabèh wus kapasrahaké marang Aku déning Ramaku, lan ora ana wong kang mangerti marang Sang Putra, aliya Sang Rama, lan ora ana wong kang mangerti marang Sang Rama, aliya Sang Putra lan wong kang wus jinatènan saka karsané Sang Putra. 28 Hé, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrénéa, Aku bakal gawé ayemmu. 29 Pasanganku padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lan lembah-manah, satemah kowé bakal padha olèh ayeming nyawamu. 30 Amarga pasanganku iku kapénak lan momotanku iku ènthèng."
1 Ing nalika samana, mbeneri dina Sabat, Yésus tindak nglangkungi paganduman. Para sakabaté padha luwé, mulané banjur padha nyethuti wewulèn sarta dipangan. 2 Para Farisi bareng weruh, padha munjuk marang Panjenengané, "Lah, sakabat Panjenengan sami nindakaken prakawis ingkang mboten pareng katindakaken ing dinten Sabat." 3 Nanging Panjenengané ngandika marang wong-wong mau, "Apa kowé ora maca bab tumindaké Daud dalah para pandhèrèké nalika padha kaluwèn? 4 Bab anggoné banjur padha lumebu ing Padalemaning Allah lan anggoné padha mangan roti sesaosan, kang pancèné ora kena kapangan déning Daud utawa déning pandhèrèké, kajaba déning para imam? 5 Mangkono uga apa kowé ora maca ing Torèt, yèn ing dina Sabat para imam padha nerak pranataning Sabat ana ing Padaleman Suci, lan ora padha kaluputan? 6 Aku pitutur marang kowé: Ing kéné ana kang ngluwihi Padaleman Suci. 7 Menawa kowé pancèn mangerti apa karsané pangandika iki: Kang sunkarsakaké iku kawelasan, dudu kurban, mesthi kowé ora ngukum wong kang ora kaluputan. 8 Amarga Putraning Manungsa iku iya Gustiné dina Sabat." 9 Sawusé tindak saka ing kono, Yésus banjur lumebet ing papan pangibadahé wong-wong mau. 10 Ing kono ana wong kang tangané mati sasisih. Wong-wong banjur padha matur marang Panjenengané, "Ing dinten Sabat punapa dipun parengaken nyarasaken tiyang?" Pamurihé supaya bisa nggugat Panjenengané. 11 Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong iku, "Menawa panunggalanmu duwé wedhus siji, mangka wedhusé iku kacemplung ing luwangan pinuju dina Sabat, apa ora banjur dicekel lan dientasaké? 12 Iba ta kacèké ajiné manungsa katimbang karo wedhus? Mulané kalilan baé nindakaké kabecikan ing dina Sabat." 13 Panjenengané banjur dhawuh marang kang tangané mati sasisih mau, "Tanganmu athungna." Wong mau tumuli ngathungaké, temah dadi waras pulih kaya tangan sijiné. 14 Ananging para Farisi banjur padha metu sarta padha rerembugan bab anggoné bakal nyédani Panjenengané. 15 Bareng Yésus miyarsa bab iku, banjur tedhak saka ing kono. Akèh wong golongan kang padha ndhèrèkaké, lan Panjenengané nyarasaké wong-wong mau kabèh. 16 Nanging klawan kenceng padha ora diparengaké nyuwuraké Panjenengané, 17 supaya katetepan pangandika kang dilantaraké déning Nabi Yésaya, 18 "Lah iku Abdiningsun, pilihaningsun, kekasihingsun, kang ndadèkaké keparenging galihingsun, Ingsun bakal maringaké Rohingsun marang Panjenengané, sarta bakal ngundhangaké pangadilan marang sakèhing bangsa. 19 Panjenengané ora bakal nganakaké padudon lan ora bakal alok-alok. Siji baé ora ana wong krungu swarané ing lurung-lurung. 20 Glagah kang pepes ora bakal dikethok lan uceng-uceng kang urubé melik-melik ora dipatèni nganti Panjenengané wus ndadèkaké menangé kabeneran. 21 Apadéné bangsa-bangsa bakal padha ngarep-arep marang Panjenengané." 22 Sawusé iku wong-wong mau banjur nggawa wong kang kasurupan, tur picak lan bisu, menyang ngarsané, Panjenengané banjur marasaké wong iku, satemah kang picak lan bisu mau banjur bisa guneman lan ndeleng. 23 Wong-wong golongan kabèh padha kaéraman sarta padha calathu, "Wong iku sajaké tedhaké Daud." 24 Nanging bareng para Farisi krungu bab iku, banjur padha ngucap, mangkéné, "Wong iku anggoné nundhungi dhemit nganggo pangwasané Béèlzebul, panggedhéning para dhemit." 25 Sarèhné Yésus pirsa pikirané wong-wong iku, Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong mau, "Saben kraton, kang ora manunggal iku mesthi ambruk lan saben kutha utawa omah kang ora manunggal iku ora bisa lestari. 26 Menawa Iblis nundhung Iblis, iku dadi dredah karo awaké dhéwé; menawa mangkono kratoné bisané lestari kepriyé? 27 Dadiné yèn Aku nundhungi sétan nganggo jenengé Béèlzebul, lah nganggo jenengé sapa anak-anakmu olèhé nundhungi? Mulané anak-anakmu iku kang bakal padha ngadili kowé. 28 Nanging menawa anggonku nundhungi sétan iku kanthi pangwasané Rohing Allah, satemené Kratoning Allah wis ana ing kowé. 29 Utawa kepriyé bisané wong lumebu ing omahé wong kang rosa lan njarah rayah barang darbèké, yèn wong sing rosa iku ora dibanda dhisik? Menawa uwis, lagi bisa ngrampog omah mau. 30 Sing sapa ora ngrujuki marang Aku, iku nglawan marang Aku, lan sing sapa ora mèlu ngumpulaké karo Aku, iku mbuyaraké. 31 Mulané Aku pitutur marang kowé: Sakèhing dosa lan panyenyamahing wong bakal kaapura, nanging panyenyamah marang Roh Suci iku bakal ora diapura. 32 Yèn ana wong nglawan Putraning Manungsa, iku bakal kaapura, nanging menawa nglawan Roh Suci, iku bakal ora kaapura, dadia jaman saiki, samono uga ing jaman bésuk. 33 Menawa uwité becik. wohé iya becik; menawa uwité ora becik, wohé iya ora becik. Amarga ketitiking wit iku marga saka wohé. 34 Hé, tetesaning ula bedhudhak, kepriyé anggonmu bisa ngucapaké barang-barang kang becik, lah wong kowé dhéwé ala? Sabab apa kang kaucapaké ing cangkem iku saka bludaging ati. 35 Wong becik iku metokaké barang-barang kang becik saka simpenané kang becik lan wong ala metokaké barang-barang kang ala saka simpenané kang ala. 36 Nanging Aku pitutur marang kowé: Saben tembung kang tanpa guna, kang diucapaké déning wong, iku bésuk ing dina pangadilan kudu kapratélakaké kanthi tanggung jawab. 37 Awit anggonmu bakal kabeneraké iku adhedhasar tembungmu lan anggonmu bakal kapatrapan paukuman iku iya adhedhasar tembungmu." 38 Nalika samana ana ahli Torèt lan para Farisi sawatara, kang padha matur, "Guru, kula sami kapéngin sumerep pratandha saking Panjenengan." 39 Nanging paring wangsulané, "Golongan kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan, kajaba mung pratandhané Nabi Yunus. 40 Awit padha kaya Yunus anggoné ana ing wetengé iwak telung dina telung bengi, mangkono uga Putraning Manungsa bakal ana ing jeroné telenging bumi telung dina telung bengi. 41 Bésuk ana ing pangadilan wong-wong Niniwé bakal tangi bareng karo golongan iki lan bakal ngadili golongan iki. Sabab wong-wong Niniwé iku sawusé ngrungokaké piwulangé Yunus, banjur padha mratobat, lah satemené kang ana ing kéné iki ngungkuli Yunus. 42 Bésuk ing wektu pangadilan, Raja saka Kidul bakal kawungokaké bareng karo golongan iki lan bakal ngadili golongan iki, awit rawuhé saka pungkasaning bumi, banjur mirengaké bab kawicaksanané Salomo, lah mangka ing kéné ana kang ngungkuli Salomo." 43 "Mungguh roh jahat iku menawa wus metu saka ing wong, banjur nglembara golèk panggonan menyang papan-papan kang cengkar lan suwung. Nanging ora olèh. 44 Tumuli ngucap mangkéné: Aku dakbali menyang omah sing daktinggal kaé. Banjur bali, omahé tinemu suwung, wus resik kasaponan lan katata becik. 45 Roh jahat mau banjur lunga ngajak roh pepitu liyané kang luwih ala katimbang roh iku, tumuli padha lumebu sarta manggon ana ing kono. Wekasan wong mau alané ngluwihi sing uwis. Mangkono uga bakal kadadéané golongan kang ala iki." 46 Nalika Panjenengané lagi ngandika marang wong golongan iku, ingkang ibu lan sadhèrèk-sadhèrèké padha ana ing jaba, nedya ketemu karo Panjenengané. 47 Banjur ana kang munjuk marang Panjenengané, "Lah punika ingkang ibu tuwin sadhèrèk-sadhèrèk Panjenengan sami wonten jawi saha ngangkah sagedipun kapanggih kaliyan Panjenengan." 48 Nanging, Yésus paring wangsulan marang kang munjuk, pangandikané, "Sapa ta Ibuku? lan sapa ta sadulur-sadulurku?" 49 Panjenengané banjur mulungaké astané marang para sakabaté sarta ngandika, "Iki ibuku lan sadulur-sadulurku! 50 Sabab sing sapa nglakoni karsané Ramaku kang ana ing swarga, yaiku sadulurku lanang lan wadon sarta ibuku."
1 Ing dina iku Yésus miyos saka ing omah mau lan banjur lenggah ing pinggir tlaga. 2 Tumuli ana wong akèh padha gumrudug marek lan ngrubung Panjenengané, mulané Panjenengané banjur minggah ing prau lan lenggah ing kono, déné wong akèh mau padha ngadeg ana ing gegisik. 3 Panjenengané banjur ngandika akèh-akèh marang wong-wong mau nganggo pasemon, dhawuhé, "Ana juru nyebar wiji metu arep nyebar wiji. 4 Sajroné nyebar iku wijiné ana kang tumiba ing pinggir dalan, banjur ana manuk kang padha teka, nucuki. 5 Ana kang tumiba ing watu padhas, kang ora akèh lemahé. Wiji mau énggal thukul, amarga lemahé tipis. 6 Nanging bareng srengéngé wus saya dhuwur, banjur alum, wekasan dadi garing, sabab ora ana oyodé. 7 Ana manèh kang tumiba ing satengahing thethukulan eri. Bareng eri-eriné saya gedhé, wijiné kelindhih banget temahan ora ngetokaké woh. 8 Lan ana manèh kang tumiba ing lemah becik; iku banjur metu wohé, ana kang tikel satus, ana kang tikel sawidak lan ana kang tikel telung puluh. 9 Sapa kang duwé kuping ngrungokna." 10 Para sakabaté tumuli padha ngadhep lan matur, "Punapa sababipun, déné anggèn Panjenengan ngandika dhateng tiyang-tiyang punika kok mawi pasemon?" 11 Paring wangsulané Yésus, "Kowé padha kaparingan kamurahan diparengaké mangretèni wadi-wadining Kraton Swarga, nanging wong-wong iku padha ora kaparingan. 12 Amarga sapa kang duwé, iku bakal kaparingan, malah nganti lubèr, nanging sing sapa ora duwé, apa baé kang kaduwé, bakal dipundhut. 13 Iya iku sababé anggonku paring pangandika marang wong-wong iku nganggo pasemon, awit sanadyan mripaté padha ndeleng, nanging ora weruh, lan sanadyan padha ngrungokaké, nanging padha ora krungu lan ora ngerti. 14 Lah ana ing wong-wong iku katetepan pamecané Yésaya, kang ngandikakaké: Sira bakal krungu lan krungu, nanging ora mangerti, sira bakal ndeleng lan ndeleng, nanging ora sumurup. 15 Amarga atiné bangsa iki ndableg lan kupingé jampeng sarta mripaté dieremaké, supaya aja padha ndeleng kalawan mripaté lan krungu kalawan kupingé sarta atiné bisa mangerti banjur mratobat, satemah sunwarasaké. 16 Nanging rahayu mripatmu, jalaran bisa ndeleng lan kupingmu, amarga bisa krungu. 17 Awit satemené Aku pitutur marang kowé: Akèh para nabi lan wong mursid kang padha kepéngin ndeleng apa kang padha kokdeleng, nanging ora kelakon ndeleng, lan padha kapéngin krungu apa kang kokrungu, nanging ora kelakon krungu. 18 Mulané rungokna maknané pasemon bab juru nyebar iku. 19 Menawa ana wong kang krungu pangandika bab Kratoning Swarga, mangka ora mangerti, banjur si pangawak dursila teka ngrebut apa kang kasebar ing atiné; yaiku wiji kang kasebar ing pinggir dalan. 20 Déné wiji kang kasebar ing watu padhas, yaiku wong kang ngrungokaké pangandika sarta énggal-énggal nampani pangandika mau kanthi bungah, 21 nanging ora ana oyodé ing batiné, dadi ora antepan. Bareng tuwuh panyiya-nyiya utawa panganiaya marga saka pangandika iku, wong mau banjur énggal murtad. 22 Sabanjuré kang kasebar ing satengahing eri, yaiku wong kang ngrungokaké pangandika, banjur sumelanging donya lan daya pamblithuking kasugihan padha ngendhih pangandika mau, satemah ora metu wohé. 23 Nanging kang kasebar ing lemah becik iya iku wong kang ngrungokaké pangandika lan mangerti, mulané iya banjur metu wohé, ana sing tikel satus, ana sing tikel sawidak, ana sing tikel telung puluh." 24 Panjenengané medharaké pasemon liyané marang wong-wong mau, pangandikané, "Kratoning Swarga iku umpamané kaya wong kang nyebar wiji becik ing pategalané. 25 Nanging nalika wong-wong padha turu kabèh, satruné teka nyebar wiji alang-alang ing tengahé gandum,+ banjur lunga. 26 Bareng gandumé thukul lan wiwit metu wewulèné, alang-alangé iya katon. 27 Batur-baturé sing duwé pategalan padha marani lurahé lan matur: Bendara, punapa sanès wiji saé ingkang panjenengan sebar ing pategilan panjenengan? Saking pundi kambengan punika? 28 Wangsulané lurahé: Iku panggawéné satru. Batur-baturé matur manèh: Punapa panjenengan ngersakaken, supados kula sami mbedholi kambengan punika? 29 Nanging wangsulané: Aja, sabab anggonmu padha mbedholi alang-alang iku, bisa uga ngatutaké gandumé. 30 Cikbèn padha thukul bebarengan nganti mangsané panèn. Ing wektu iku aku bakal tutur marang sing padha derep: Klumpukna dhisik alang-alangé lan bentèlana, banjur obongen, sawusé iku gandumé klumpukna ing lumbungku." 31 Panjenengané medharaké pasemon liyané manèh marang wong-wong mau, pangandikané, "Kratoning Swarga iku upamané kaya wiji sawi kang kajupuk lan kasebar déning wong ana ing pategalané. 32 Padha-padha wiji, wiji sawi iku pancèn cilik dhéwé, nanging yèn wus thukul, gedhéné ngluwihi janganan liya-liyané, malah banjur dadi wit-witan, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha saba mrono lan nusuh ing pang-pangé." 33 Panjenengané medharaké pasemon liyané manèh marang wong-wong mau, pangandikané, "Kratoning Swarga iku upamané kaya ragi kang kajupuk ing wong wadon, kacarubaké ing glepung trigu patang puluh liter nganti mumbluk kabèh." 34 Sakèhé prakara iku mau kabèh didhawuhaké déning Yésus marang wong akèh kanthi pasemon lan ora ana kang kapangandikakaké kang ora dhapur pasemon, 35 supaya ketetepana kang kapangandikakaké déning nabi, mangkéné, "Ingsun bakal ngangapaké tutukingsun lan mangandikakaké pasemon. Ingsun bakal ngucapaké prakara kang kineker wiwit jagat tinalesan." 36 Yésus banjur nilar wong golongan mau sarta banjur kondur. Para sakabaté tumuli padha marek lan matur, "Pasemon kambengan ing pategilan punika mugi Panjenengan terangaken dhateng kawula." 37 Yésus banjur maringi wangsulan, pangandikané, "Wong kang nyebar wiji becik iku Putraning Manungsa. 38 Pategalan iku jagat. Wiji kang becik iku para putraning Kraton, déné alang-alangé iku para anaké si pangawak dursila. 39 Satru kang nyebar wiji alang-alang iku Iblis. Wektu panèn iku wekasaning jaman lan kang padha derep iku malaékat. 40 Kang iku kayadéné alang-alang banjur kaklumpukaké lan kaobong ing geni, mangkono uga ing wekasaning jaman, 41 Putraning Manungsa bakal ngutus para malaékaté kadhawuhan nglumpukaké saka ing Kratoné samubarang kabèh kang dadi sandhungan lan sakèhing wong kang nglakoni duraka, 42 padha kacemplungaké ing pawon murub; ing kono kang bakal tinemu panangis lan keroting untu. 43 Lah ing nalika iku para wong sampurna bakal padha mancorong kaya srengéngé ana ing Kratoning Ramané. Wong kang duwé kuping, ngrungokna." 44 "Kratoning Swarga iku umpamané kaya raja-brana kang kependhem ing pategalan, kang ketemu déning wong banjur dipendhem manèh. Marga saka bungahé, wong mau banjur lunga ngedoli barang-darbèké kabèh, lan nuku petegalan mau. 45 Mangkono manèh Kratoning Swarga iku umpanané kayadéné wong dagang kang golek mutiyara kang adi. 46 Bareng wis olèh mutiyara kang banget ajiné, banjur lunga ngedoli barang-darbèké kabèh, lan nuku mutiyara iku mau." 47 "Karodéné manèh Kratoning Swarga iku upamané kaya krakad kang ditibakaké ing sagara, banjur ngumpulaké iwak warna-warna. 48 Bareng wus kebak banjur digèrèd mentas menyang ing gegisik, wongé tumuli padha linggih milihi iwak-iwak kang becik sarta diwadhahi, déné iwak kang ora becik dibuwang. 49 Iya kaya mangkono kaanané bésuk ing wekasaning jaman. Malaékat-malaékat bakal padha teka misahaké para wong kang ala saka tengahé para wong mursid, 50 padha kacemplungaké ing pawon murub; ing kono kang tinemu panangis lan keroting untu. 51 Kowé apa padha mangerti iku mau kabèh?" Atur wangsulané para sakabat, "Inggih, Gusti." 52 Yésus banjur ngandika, "Mulané saben ahli Torèt kang nampani piwulang bab Kratoning Swarga iku upamané kaya wong kang duwé omah, kang metokaké barang anyar lan barang lawas saka ing pasimpenané." 53 Sawisé rampung anggoné paring pasemon-pasemon mau, Yésus banjur tindak saka ing kono. 54 Sarawuhé ing kutha asalé, wong-wong ing kono padha diparingi piwulang ana ing sinagogé. Wong-wong mau padha kaéraman, pangucapé, "Wong iku olèhé kawicaksanan lan pangwasa nindakaké mukjijat saka ing ngendi? 55 Apa iku dudu anaké tukang kayu? Embokné jenengé rak Maria, lan saduluré Yakobus, Yusuf, Simon lan Yudas? 56 Lan sadulur-saduluré wadon rak padha ana ing kéné kabèh? Dadi olèhé iku kabèh saka ing ngendi?" 57 Wong-wong mau satemah padha serik atiné marang Panjenangané. Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau, "Kang jenengé nabi iku ana ing ngendi-endi kajèn, kajaba ana ing papan asalé lan ing omahé dhéwé." 58 Mulané Panjenengané ora nindakaké mukjijat akèh ana ing kono, jalaran saka anggoné padha ora pracaya iku.
1 Nalika samana Hérodès, raja-wilayah, midhanget pawarta bab Yésus, 2 banjur ngandika marang para abdiné, "Iku Yohanes Pambaptis; wus wungu saka ing antarané wong mati, mulané pangwasa kang ngéram-éramaké iku makarya ana ing Panjenengané kaya mangkono." 3 Amarga Hérodès pancèn biyèn wus dhawuh nyepeng Yohanes, banjur dibesta lan dilebokaké ing pakunjaran, gegayutan karo lelakoné Hérodias, garwané Filipus, sadhèrèké. 4 Jalaran Yohanes ngèngetaké Herodès, "Mboten kénging panjenengan mundhut garwa Hérodias!" 5 Sanadyan Hérodès kagungan karsa nyédani Yohanes, nanging ajrih karo wong akèh, amarga iku padha nganggep nabi marang panjenengané. 6 Éwadéné bareng pinuju wiyosané Hérodès, putriné Hérodias, mbeksa ana ing satengahing pahargyan, nengsemaké panggalihé Hérodès, 7 nganti Hérodès nglairaké sumpah bakal maringi apa baé, sing disuwun. 8 Wasana, marga saka wus diajani ingkang ibu, putri mau banjur munjuk, "Keparenga kula nyuwun sirahipun Yohanes Pambaptis wonten ing ngriki, linambaran baki." 9 Raja dadiné sungkawa panggalihé, nanging marga saka wus supaos lan marga saka anané para tamu, banjur dhawuh maringaké, 10 sarta utusan nigas janggané Yohanes ana ing pakunjaran 11 lan mustakané digawa ana ing talam kapasrahaké marang putri mau, banjur disaosaké marang ibuné. 12 Sawusé iku para sakabaté Yohanes tumuli teka ngukup layoné, disarèkaké, banjur padha lunga ngaturaké pawartané marang Yésus. 13 Bareng Yésus midhanget pawarta iku, banjur tindak sumingkir saka ing kono, nitih prau, arep miyambak menyang panggonan kang sepi. Nanging bareng wong golongan padha krungu bab iki, tumuli padha nusul, lumaku ing dharatan saka ing kutha-kuthané. 14 Nalika Panjenengané minggah ing dharatan, lan pirsa wong golongan kang akèh banget cacahé, panggalihé trenyuh marga saka welasé marang wong-wong mau. Panjenengané banjur marasaké sing padha lara. 15 Soréné para sakabaté padha sowan ing ngarsané lan matur, "Panggénan punika sepi tur wancinipun sampun lungsé. Pramila tiyang kathah punika Panjenengan parengaken supados sami késah dhateng dhusun-dhusun tumbas tedha piyambak-piyambak." 16 Nanging Yésus ngandika marang para sakabat, "Ora usah padha lunga, kowé baé padha mènèhana mangan." 17 Unjuké para sakabat, "Ing ngriki kawula sami mboten gadhah punapa-punapa, kejawi roti gangsal lan ulam toya kalih." 18 Dhawuhé Yésus, "Gawanen mréné, wènèhna Aku." 19 Panjenengané banjur paring dhawuh marang wong golongan supaya padha linggih ana ing pasuketan. Lan sawisé nampani roti lima karo iwak loro mau, Yésus banjur tumenga ing langit ndedonga nyuwun berkah, tumuli nyuwil-nyuwil roti lima karo iwak loro mau, diparingaké marang para sakabat, lan para sakabat banjur padha ngedum marang wong golongan mau. 20 Kabèh banjur padha mangan nganti wareg. Sawisé mangkono wong-wong nuli padha ngumpulaké cuwilan-cuwilan turahané nganti rolas wakul kebak, 21 sing mèlu mangan mau cacahé wong lanang kira-kira limang èwu, iku wong wadon lan bocah-bocah ora kapétung. 22 Sawisé iku Yésus banjur meksa marang para sakabaté, supaya padha nunggang prau, ndhisiki tindaké menyang sabrang, déné wong golongan padha kadhawuhan mulih. 23 Bareng wong golongan wis padha kadhawuhan mulih, Yésus banjur minggah ing gunung piyambakan, arep ndedonga. Bengi iku Panjenengané piyambakan baé ana ing kono. 24 Nalika iku lakuné prauné para sakabat wis sawatara stadi saka pinggir lan lagi montang-manting katempuh ing ombak, amarga anginé nampek. 25 Bareng wayah giliraning rondha kaping pat Yésus tindak nusul para sakabaté, tindaké napak ing sagara. 26 Nalika para sakabat weruh Panjenengané tindak ing sandhuwuring banyu iku, padha kagèt lan alok, "Ana memedi!" banjur padha jerit-jerit, marga saka wediné. 27 Nanging Yésus tumuli ngandika marang para sakabat, dhawuhé, "Padha ditatag atimu! Iki Aku, aja wedi!" 28 Pétrus banjur munjuk marang Panjenengané kalawan mbengok, "Gusti, manawi saèstu Panjenengan, mugi andhawuhana kawula murugi Panjenengan kaliyan napak ing sanginggiling toya." 29 Panjenengané banjur dhawuh, "Mrénéa!" Pétrus banjur mudhun saka ing prau, lumaku napak ing banyu, marani Yésus. 30 Nanging bareng kena angin gedhé, banjur wedi, satemah wiwit ambles, tumuli mbengok, "Gusti, nyuwun tulung!" 31 Yésus énggal-énggal mulung astané, nyepeng Pétrus sarta ngandika, "Hé, wong kang cupet ing pangandel, yagéné kowé mangu-mangu?" 32 Banjur padha munggah ing prau, anginé tumuli mendha. 33 Wong saisiné prau padha sujud ana ing ngarsané lan matur, "Panjenengan punika saèstu Putranipun Allah." 34 Sawisé nyabrang, padha mentas ana ing Genesarèt. 35 Bareng wong-wong ing panggonan kono wis padha ora pangling marang Yésus, banjur padha awèh weruh marang sawewengkon kono kabèh. Wong-wong banjur padha ngirid sakèhing wong lara, digawa marang ngarsané. 36 Kalawan matur, keparenga mung ndemèk gombyoking jubahé waé, déné sapira kang ndemèk jubahé, padha dadi waras.
1 Sawisé iku banjur ana para Farisi lan ahli Torèt sawatara saka ing Yérusalèm kang padha marek marang ngarsané Yésus sarta matur, 2 "Punapa sababipun, déné sakabat Panjenengan kok sami nerak adat-tata-caranipun para leluhur kita? Manawi badhé nedha kok sami mboten wisuh tangan rumiyin?" 3 Nanging Panjenengané paring wangsulan marang wong-wong mau, pangandikané "Yagéné kowé kok uga padha nerak angger-anggeré Allah kanggo nuhoni adat-tata-caramu dhéwé? 4 Sabab Allah ngandika: Sira ngajènana bapa biyungira; lan manèh: Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyungé kudu mati. 5 Éwadéné kandhamu: sing sapa kandha marang bapa utawa biyungé: Punapa ingkang maédahi tumraping panjenengan ingkang mesthinipun kula aturaken, punika sampun kanggé kurban pisungsung, 6 lah wong iku banjur wis ora kuwajiban ngajèni bapakné utawa biyungé manèh. Dadiné kowé wis ngorakaké pepakoning Allah kanggo nuhoni adat-tata-caramu dhéwé. 7 Hé, wong lamis, cèples temen pamecané Yésaya tumrap kowé: 8 Bangsa iki anggoné ngluhuraké Ingsun kanthi lambéné, déné atiné adoh karo Ingsun. 9 Tanpa guna anggoné padha ngabekti marang Ingsun, déné piwulang kang diwulangaké iku pepakoning manungsa." 10 Yésus banjur nimbali wong golongan, kang dipangandikani mangkéné, 11 "Padha ngrungokna lan mangertia: Kang njemberi wong iku dudu kang mlebu ing cangkem, nanging kang metu saka ing cangkem, iku kang njemberi wong." 12 Ing nalika iku para sakabaté padha marek ing ngarsané lan munjuk, "Punapa Panjenengan pirsa, bilih para Farisi sareng mireng pangandika punika wau lajeng sami serik manahipun?" 13 Panjenengané paring wangsulan, "Sadhéngaha thethukulan kang dudu tanemané Ramaku ing swarga iku bakal kabedhol saoyod-oyodé. 14 Jarna baé wong-wong iku, iku wong picak nuntun padha wong picak. Yèn wong picak nuntun wong picak, loro-loroné mesthi padha kecemplung ing luwangan." 15 Pétrus tumuli munjuk marang Panjenengané, "Pasemon punika mugi Panjenengan terangaken." 16 Panjenengané banjur ngandika, "Dadi kowé iya padha durung mangerti? 17 Apa kowé padha ora mangerti, yèn samubarang kang lumebu ing cangkem, iku parané menyang weteng banjur dibuwang ing pakiwan? 18 Nanging samubarang kang metu saka ing cangkem iku asalé saka ing ati sarta iya iku kang njemberi marang wong. 19 Amarga saka ing ati iku kawetu pikiran kang ala, gawé pepati, laku jina, cabul, nyenyolong, sumpah palsu lan pitenah. 20 Lah iya iku kang gawé jembering wong. Nanging mangan ora nganggo wisuh iku ora njemberi wong." 21 Yésus banjur jengkar saka ing kono tindak menyang wilayahé Tirus lan Sidon. 22 Tumuli ana wong Kanaan saka ing jajahan kono kang teka kanthi nguwuh-uwuh, "Dhuh, Gusti, tedhakipun Daud, mugi melasi kawula, anak kawula èstri kapanjingan dhemit, mesakaken sanget." 23 Nanging Panjenengané ora maringi wangsulan babar pisan. Para sakabaté padha marek lan nyuwun marang Panjenengané, unjuké, "Tiyang punika kadhawuhana késah, déné kok ngetutaken kita kaliyan bengok-bengok." 24 Panjenengané banjur paring wangsulan, pangandikané,"Aku mung kautus marani wedhus-wedhus Banisraèl kang padha ilang." 25 Nanging wong wadon mau banjur marek lan sujud marang Panjenengané sarta matur, "Dhuh, Gusti, nyuwun tulung!" 26 Nanging Panjenengané paring wangsulan, pangandikané, "Ora becik, wong njupuk rotiné bocah-bocah banjur diuncalaké marang asu." 27 Atur wangsulané wong wadon mau, "Kasinggihan Gusti, nanging segawon rak inggih sami nedha cuwil-cuwilan ingkang dhawah saking méjaning bendaranipun." 28 Ing kono Yésus tumuli paring wangsulan, pangandikané, "Hèh, wong wadon, gedhé pangandelmu, mulané katekana apa kang dadi karepmu." Wiwit nalika iku uga, anaké wong wadon mau dadi waras. 29 Yésus sawisé jengkar saka papan kono, banjur tindak menyang sapinggiring sagara Galiléa lan minggah redi, tumuli lenggah ing kono. 30 Banjur ana wong golongan kang padha gumrudug marek ing ngarsané nggawa wong lumpuh, wong pincang, wong picak, wong bisu lan liya-liyané akèh, padha kaaturaké ing ngarsané Yésus, lan Panjenengané banjur marasaké wong mau kabèh. 31 Satemah wong golongan padha kaéraman ndeleng wong bisu padha guneman, wong pincang padha waras, wong lumpuh padha lumaku, wong picak bisa ndeleng, lan kabèh banjur padha ngluhuraké Allahé Israèl. 32 Sawusé iku Yésus tumuli nimbali para sakabaté, padha dipangandikani mangkéné, "Atiku trenyuh banget saka welasku marang wong golongan iki. Wis telung dina anggoné padha ngetutaké Aku, mangka padha ora duwé apa kang kena dipangan. Aku ora bakal akon mulih wong-wong iku, kanthi padha kaluwèn, gèk-gèk padha ambruk ana ing dalan." 33 Para sakabaté banjur padha munjuk marang Panjenengané, "Wonten ing papan ingkang sepi punika saking pundi kita angsal roti ingkang kathah, ngantos nuwuki tiyang kathah ingkang samanten cacahipun?" 34 Pangandikané Yésus marang para sakabat, "Kowé padha duwé roti pira?" "Pitu," atur wangsulané para sakabat, "sarta wonten ulam alit-alit sawatawis." 35 Yésus banjur dhawuh marang wong golongan iku, supaya padha lungguh ing lemah. 36 Sawisé mangkono Panjenengané banjur mundhut roti pitu lan iwak-iwak mau, sawisé saos sokur, banjur padha dicuwil-cuwil lan diparingaké marang para sakabat, sarta para sakabat padha ngedum marang wong golongan. 37 Wong kabèh banjur padha mangan nganti wareg. Sawisé mangkono turahané diklumpukaké, nganti dadi pitung kranjang kebak. 38 Anadéné kang mangan wong patang èwu cacahé, mung wong lanang baé, ora kapétung wong wadon lan bocah-bocah. 39 Sawisé dhawuh marang wong golongan, supaya padha mulih. Panjenengané banjur nitih prau tindak menyang wilayah Magadan.
1 Para Farisi lan Saduki padha marek arep nyoba marang Yésus. Wong-wong iku padha nyuwun marang Panjenengané, supaya ngatingalaké pratandha saka ing swarga. 2 Panjenengané paring wangsulan marang wong-wong iku, pangandikané, "Ing wayah soré kowé kandha, 'Iki bakal terang', marga langité abang sumilak; 3 lan ing wayah ésuk kowé kandha, 'Dina iki ora becik', marga langité abang surem. Kowé bisa mbédakaké rupaning langit, nanging tandha-tandhaning jaman ora ngerti. 4 Golongan kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan, kajaba mung pratandhané Nabi Yunus." Panjenengané banjur tindak nilar wong-wong mau. 5 Nalika para sakabat padha nyabrang sagara, padha lali ora nggawa roti. 6 Yésus ngandika marang para sakabat, "Padha diawas, padha kang waspada marang raginé para Farisi lan Saduki!" 7 Para sakabat padha rerembugan bab pangandika iku, pangucapé, "Anggoné ngandika mangkono iku rak marga kita padha ora sangu roti." 8 Bareng Yésus pirsa apa sing padha dirembug iku, tumuli ngandika, "Yagéné kowé padha rerembugan bab ora ana roti, hé, wong kang cupet ing pangandel? 9 Apa kowé durung padha mangerti? Apa padha ora kèlingan bab roti lima kanggo wong limang èwu lan pirang kranjang sing kokklumpukaké? 10 Mangkono uga bab roti pitu kanggo wong patang èwu lan pirang kranjang kang kokklumpukaké? 11 Kepriyé ta déné kowé kok padha ora mangerti, yèn kang dakkarepaké iku dudu roti. Nanging padha diwaspada marang raginé para Farisi lan Saduki!" 12 Ing kono para sakabat lagi padha mangerti, yèn dhawuhé Gusti iku mau, ora supaya waspada marang ragining roti, nanging marang piwulangé para Farisi lan Saduki. 13 Bareng Yésus rawuh ing wilayah Kaisaréa Filipi, banjur ndangu marang para sakabaté, "Wong-wong ngarani, Putraning Manungsa iku sapa?" 14 Atur wangsulané para sakabat, "Wonten ingkang cariyos: Yohanes Pambaptis, wonten ugi ingkang mastani: Élia; wonten malih ingkang mastani: Yérémia utawi salah satunggaling nabi." 15 Panjenengané banjur ndangu, "Nanging kowé dhéwé padha ngarani Aku iki sapa?" 16 Déné Simon Pétrus ngaturi wangsulan, aturé, "Paduka punika Mésias, Putranipun Allah ingkang gesang!" 17 Nanggapi aturé Pétrus, Yésus banjur ngandika, "Rahayu kowé! Simon anaké Yunus, amarga kang medharaké marang kowé iku dudu manungsa, nanging Ramaku kang ana ing swarga. 18 Lan Aku dhawuh marang kowé: Kowé iku Pétrus, lan ing sandhuwuring watu karang iki, Aku bakal mbangun pasamuwanku, lan pangwasané alam pati ora bakal ngalahaké. 19 Kowé bakal dakpasrahi soroging Kraton Swarga. Apa kang koktalèni ana ing donya bakal katalènan ana ing swarga, lan apa kang kokuculi, bakal kauculan ana ing swarga." 20 Panjenengané banjur ngawisi para sakabaté, supaya ora ngandhakaké marang sapa baé, yèn Panjenengané iku Kristus. 21 Wiwit nalika iku Yésus mratélakaké marang para sakabaté, yèn Panjenengané kudu tindak menyang Yérusalèm, lan bakal nandhang sangsara warna-warna marga saka panggawéné para pinituwa, para pangareping imam lan para ahli Torèt sarta banjur disédani, lan ing telung dinané kawungokaké. 22 Nanging Pétrus narik Panjenengané, karo munjuk, "Gusti, mugi Gusti Allah nebihaken bab punika! Sampun pisan-pisan Gusti ngantos kataman ingkang makaten punika." 23 Nanging Panjenengané banjur méngo sarta ngandika marang Pétrus, "Hé, sétan, sumingkira. Kowé iku dadi sandhunganku, sabab kowé ora mikir apa kang kagalih déning Allah, nanging mung manut pikiraning manungsa." 24 Yésus banjur ngandika marang para sakabaté, "Menawa ana wong kang arep ngetut-buri Aku, iku nyingkura awaké dhéwé sarta manggula salibé lan mèlua Aku. 25 Amarga sing sapa kumudu-kudu nylametaké nyawané, iku bakal kélangan nyawané, nanging kang kélangan nyawané marga saka Aku, iku bakal nemu. 26 Apa gunané wong olèh donya iki kabèh, yèn kélangan nyawané? Lan apa kang bakal dipasrahaké minangka ijolé nyawané? 27 Awit Putraning Manungsa bakal rawuh ngagem kamulyané Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaékaté; ing nalika iku Panjenengané bakal ngganjar marang sawiji-wijining wong manut panggawéné. 28 Satemené Aku pitutur marang kowé: Wong-wong kang padha ana ing kéné iki ana kang ora bakal padha mati, sadurungé weruh Putraning Manungsa rawuh ing Kratoné."
1 Nem dina sawisé iku Yésus ngajak Pétrus lan Yakobus sarta Yokanan saduluré, miggah ing gunung kang dhuwur, prelu miyambak. 2 Panjenengané banjur katon santun cahya ana ing ngarepé para sakabat mau, pasuryané mancorong kaya srengéngé, sarta pangagemané putih sumorot. 3 Tumuli padha dikatingali Musa lan Élia, kang padha ngandikan karo Panjenengané. 4 Pétrus banjur matur marang Yésus, "Gusti, iba saénipun, bilih kawula sadaya wonten ing ngriki. Manawi Gusti marengaken, kawula badhé damel tarub tiga, satunggal kagem Gusti, satunggal kagem Musa saha satunggalipun malih kagem Élia." 5 Sajroné lagi matur, dumadakan ana méga padhang kang ngayomi wong golongan, sarta banjur ana swara kaprungu saka sajroning méga, pangandikané, "Iki Putraningsun, kang kinasih, kang damel renaning penggalihingsun. Iku sira rungokna!" 6 Krungu kang mangkono iku para sakabat padha sumungkem ing bumi lan banget wediné. 7 Yésus banjur nyelak njawili para sakabaté, sarta ngandika, "Padha ngadega, aja wedi." 8 Lan bareng padha melèk, mandeng mendhuwur, para sakabat padha ora weruh sapa-sapa, kajaba mung Panjenengané, Yésus piyambak, ora ana wong liyané manèh. 9 Nalika padha mudhun saka ing gunung, Yésus paring piweling marang para sakabaté mau, pangandikané, "Tetingalan iku mau aja kokkandhak-kandhakaké marang sapa baé, nganti Putraning Manungsa kawungokaké saka ing antarané wong mati." 10 Para sakabaté tumuli padha matur pitakon, "Manawi makaten, punapaa déné para ahli Torèt sami cariyos, bilih Élia pinasthi rawuh rumiyin?" 11 Panjenengané paring wangsulan, "Pancèn Élia bakal teka mbenakaké samubarang kabèh, 12 nanging Aku pitutur marang kowé: Élia wis teka, mung baé wong-wong ora wanuh marang wong iku, malah digawé sawenang-wenang. Mangkono uga Putraning Manungsa iya bakal nandhang sangsara marga saka panggawéné wong-wong mau." 13 Nalika iku para sakabaté padha mangerti, yèn kang kapangandikakaké iku Yohanes Pambaptis. 14 Bareng wis padha bali tekan panggonané wong golongan, ana wong kang marek sujud ing ngarsané Yésus, 15 lan matur, "Gusti, anak kawula mugi Panjenengan welasi. Piyambakipun sakit ayan, lan sangsara sanget. Asring dhawah ing latu lan inggih asring dhawah ing toya. 16 Sampun kawula bekta dhateng ngajenging para sakabat Panjenengan, nanging sami mboten saged nyarasaken." 17 Yésus banjur ngandika, "Hé, golongan kang ora duwé pangandel lan kang keblinger, nganti pira lawasé anggonku isih kudu tetunggalan karo kowé kabèh? Nganti pira lawasé anggonku isih kudu tahan ana ing antaramu? Bocahé gawanen mréné!" 18 Yésus banjur nggertak dhemité klawan sereng, satemah metu saka ing bocah iku lan wiwit nalika iku bocahé dadi waras. 19 Para sakabat tumuli padha marek marang ngarsané Yésus lan bareng wis karo Panjenengané piyambakan, banjur padha matur, "Punapa sababipun déné kawula sami mboten saged nundhung dhemit wau?" 20 Panjenengané banjur ngandika, "Jalaran kowé padha kurang pangandelmu. Sabab satemené Aku pitutur marang kowé: Saupama kowé duwé pangandel sawiji sawi baé, kowé bisa akon gunung: Sumingkira saka ing kéné mrana. Gunungé iku mesthi ngalih, sarta ora ana barang kang mokal tumraping kowé. 21 Jinis iki ora bisa katundhung yèn ora sarana ndedonga lan pasa." 22 Nalika padha ngumpul ana ing Galiléa, Yésus ngandika marang para sakabat, "Putraning Manungsa bakal dipasrahaké marang tangané manungsa, 23 sarta bakal padha nyédani Panjenengané lan ing telung dinané Panjenengané bakal kawungokaké." Para sakabat banjur padha susah banget. 24 Bareng padha lumebu ing Kapèrnaum, para juru-mupu-pajegé Padaleman Suci padha marani Pétrus lan calathu, "Guru, Panjenengan punapa mboten asok paos Padaleman Suci kalih drakhma?" 25 Wangsulané Pétrus, "Inggih asok!" Nalika Pétrus lumebu ing omah, Yésus ngrumiyini kalawan ndangu, "Simon, panemumu kepriyé? Sapa sing dipundhuti béya utawa pajeg déning para raja ing donya iki, para rakyaté apa wong manca?" 26 Aturé Pétrus, "Tiyang manca!" Yésus ngandika marang Pétrus, "Dadiné rakyaté ora. 27 Nanging supaya aku kabèh aja dadi sandhungan tumrap wong-wong iku, kowé mancinga menyang sagara. Iwak kang kena kokpancing dhisik dhéwé iku cekelen, angapna cangkémé, kowé bakal nemu dhuwit patang drakhma ana ing jeroné. Jupuken bayarna marang wong-wong iku, kanggo Aku lan kowé."
1 Ing nalika iku para sakabat padha marek ing ngarsané Yésus lan matur pitakon, "Sinten ta ingkang pinunjul wonten ing Kratoning Swarga punika?" 2 Yésus banjur nimbali bocah cilik siji, diadegaké ana ing satengahé para sakabat, 3 lan ngandika, "Satemené Aku pitutur marang kowé: Menawa kowé ora mratobat lan dadi kaya bocah cilik iki, kowé ora bakal lumebu ing Kratoning Swarga. 4 Dadi sing sapa ngesoraké awak lan dadi kaya bocah cilik iki, yaiku kang pinunjul ana ing Kratoning Swarga. 5 Karodéné sing sapa nampani bocah pepadhané iki atas saka jenengku, iku Aku kang ditampani. 6 Nanging sing sapa dadi sandhungan tumrap salah sijiné bocah cilik saka ing antarané bocah-bocah cilik iki, kang pracaya marang Aku, iku luwih becik dikalungi watu panggilingan banjur dicemplungaké ing sagara baé. 7 Bilai jagat karana sakèhing sesandhungané. Sandhungan iku pancèn kudu ana, nanging bilai wong kang njalari tekané. 8 Menawa tanganmu utawa sikilmu dadi sandhungan tumrap kowé, kethoken lan buwangen, amarga luwih becik tumraping kowé, urip kanthi tangan kuthung utawa buntung, katimbang karo tanganmu lan sikilmu karo-karoné wutuh nanging kacemplungaké ing geni langgeng. 9 Sarta menawa mripatmu dadi sandhungan tumrap kowé, cuplaken lan buwangen saka ing awakmu, amarga luwih becik tumrap kowé lumebu ing urip kalawan pécé katimbang kacemplungaké ing geni naraka kalawan ganep mripatmu. 10 Poma, aja nganti ngrèmèhaké salah sijiné bocah saka ing antarané bocah-bocah cilik iki. Amarga Aku pitutur marang kowé: Malaékaté ing swarga tansah padha mandeng marang pasuryané Ramaku kang ana ing swarga. 11 Déné rawuhé Putraning Manungsa iku prelu nylametaké kang ketriwal." 12 "Panemumu kepriyé? Menawa ana wong duwé wedhus satus, banjur ana siji kang ketriwal, apa ora bakal ninggal sing sangang puluh sanga ana ing pagunungan tumuli lunga nggolèki wedhus kang ketriwal mau? 13 Satemené Aku pitutur marang kowé: Menawa bisa ketemu, kabungahané tumrap wedhus sing siji iki ngluwihi katimbang wedhus sangang puluh sanga kang ora ketriwal. 14 Mangkono uga dudu karsané Ramamu kang ana ing swarga, yèn salah siji bocah saka ing antarané bocah-bocah cilik iki ilang." 15 "Menawa sadulurmu gawé dosa, paranana lan élingna dhedhèwèkan. Menawa nggugu marang kandhamu, iku tegesé kowé wus ngentas sadulurmu. 16 Déné yèn ora nggugu, kowé ngajaka wong siji utawa loro engkas, supaya marga saka katrangané seksi loro utawa telu, prakarané banjur rampung. 17 Éwadéné yèn ora gelem manut, aturna marang pasamuwan. Lan yèn meksa ora manut karo pasamuwan, anggepen wong kang ora wanuh marang Allah utawa juru-narik-pajeg. 18 Satemené Aku pitutur marang kowé: Samubarang kang koktalèni ana ing donya iku bakal katalènan ana ing swarga lan apa kang kokuculi ana ing donya iku bakal kauculan ana ing swarga. 19 Lan manèh Aku pitutur marang kowé: Menawa panunggalanmu ing donya ana wong loro kang saiyeg nyuwun apa baé, panyuwuné iku bakal dikabulaké déning Ramaku kang ana ing swarga. 20 Sabab ing ngendi ana wong loro utawa telu padha nglumpuk kalawan nganggep marang jenengku, ing kono Aku ana ing tengahé." 21 Sawisé iku Pétrus nuli marek lan munjuk marang Panjenengané, "Gusti, manawi sadhèrèk kawula gadhah kalepatan dhateng kawula, ngantos kaping pinten anggèn kawula kedah ngapunten? Punapa ngantos kaping pitu?" 22 Yésus paring wangsulan, "Aku pitutur marang kowé: Aja mung ping pitu, malah ngantia kaping pitung puluh ping pitu. 23 Kang iku bab Kratoning Swarga kena kaupamakaké kaya raja kang karsa étang-étangan karo abdiné. 24 Bareng wiwit étang-étangan, ana wong siji kang duwé utang saleksa talènta kasowanaké. 25 Sarèhné wong iku ora bisa ngesahi utangé, rajané banjur dhawuh, supaya wong iku dalah anak-bojoné lan sakèhé barang-darbèké padha didoli kanggo nglunasi utangé. 26 Abdi mau tumuli sumungkem sujud ana ing ngarsané raja lan munjuk: Dhuh, Gusti, mugi wontena kasabaran dhateng kawula, sedaya sambutan kawula badhé kawula lunasi. 27 Rajané trenyuh ing galih marga saka welasé marang abdi iku, mulané abdiné banjur diluwari, utangé dililakaké. 28 Nanging saunduré abdi mau banjur kepethuk karo kanca abdi liyané kang utang marang abdi iku satus dinar, tumuli dicekel lan ditekak guluné, calathuné: Utangmu sauren! 29 Kanca abdi mau banjur sumungkem kanthi ngucap: Kula aturi sabar rumiyin, sambutan kula badhé kula lunasi. 30 Nanging kang motangaké ora ngrèwès, malah kancané mau banjur kapasrahaké marang pakunjaran nganti salunasé utangé. 31 Bareng kanca-kancané padha déné abdi weruh apa kang kalakon, temah padha banget sedhihé, banjur padha marek marang gustiné, nglapuraké kabèh apa kang wis kelakon. 32 Gustiné nuli dhawuh nimbali wong mau sarta banjur dipangandikani: Hé, abdi kang ala, utangira kang semana akèhé wus sunlilakaké kabèh, marga sira matur memelas marang Ingsun. 33 Apa sira ora wajib melasi marang kancanira padha déné abdi, kayadéné Ingsun iya wus melasi marang sira? 34 Gustiné duka banget. Abdi mau banjur kapasrahaké marang juru panyiksa, nganti sapundhaté utangé kabèh. 35 Samono uga Ramaku kang ana ing swarga iya bakal tumindak mangkono tumraping kowé, menawa kowé siji lan sijiné ora gelem ngapura marang kaluputané sadulurmu kanthi trusing ati."
1 Bareng Yésus wis mungkasi pangandika iku mau, Panjenengané banjur tindak saka Galiléa menyang wilayah Yudéa ing sabrangé Yardèn. 2 Wong golongan padha gumrudug ndhèrèkaké tindaké, Panjenengané nuli nyarasaké wong-wong iku ana ing kono. 3 Para Farisi banjur marek ing ngarsané, sumedya nyoba Panjenengané, aturé, "Tiyang punapa dipun parengaken megat sémahipun awit saking sadhèngaha sabab?" 4 Panjenengané paring wangsulan, "Apa kowé padha ora maca, yèn Kang Nitahaké anggoné nitahaké manungsa wiwit wiwitan mula wus arupa lanang lan wadon? 5 Lan pangandikané: Mulané wong lanang iku kudu ninggal bapa-biyungé sarta banjur manunggal karo rabiné, temah loro-loroné dadi daging siji. 6 Mulané wus mari dadi loro, mung daging siji. Awit saka iku, apa kang wis katunggilaké déning Allah, aja ana manungsa kang misahaké." 7 Para Farisi mau nuli munjuk marang Panjenengané, "Manawi makaten, punapaa déné Musa dhawuh supados nyukani serat pegat manawi megat sémahipun?" 8 Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong iku, "Marga saka wangkoting atimu, Musa marengaké kowé megat bojomu, nanging wiwitan mula ora mangkono. 9 Malah Aku pitutur marang kowé: Sing sapa megat rabiné, kejaba jalaran saka laku jina lan banjur rabi karo liyané, iku dadi laku bandrèk." 10 Para sakabat tumuli padha munjuk marang Panjenengané, "Manawi kados makaten punika kawontenanipun tiyang ingkang sesémahan, langkung saé mboten émah-émah." 11 Nanging Panjenengané ngandika marang para sakabat, "Ora kabèh wong nyandhak marang tembungku, mung kang wis padha kaparingan bisa ngerti. 12 Ana wong kang ora bisa omah-omah, awit wiwit lair saka ing guwa-garbané ibuné, kaanané wis kaya mangkono lan ana wong kang didadèkaké mangkono déning wong liya lan ana manèh kang nggawé awaké dhéwé mangkono saka karepé dhéwé marga saka Kratoning Swarga. Sing sapa bisa ngerti, iku mangertia." 13 Tumuli ana wong kang padha nggawa bocah cilik-cilik marang ngarsané Yésus, supaya ditumpangana asta sarta didongakaké; nanging banjur padha disrengeni déning para sakabat. 14 Nanging Yésus ngandika, "Cikbèn bocah-bocah iku, aja kokalang-alangi anggoné padha marek ing ngarsaku, sabab Kratoning Swarga iku duwèké wong-wong kang kaya mangkono iku." 15 Panjenengané nuli numpangi asta marang bocah-bocah mau, banjur tindak saka ing kono. 16 Lah tumuli ana wong anom marek ing ngarsané Yésus lan matur, "Gusti, kasaénan kados punapa ingkang kedah kula lampahi, supados kula ngalami gesang langgeng?" 17 Panjenengané ngandika marang wong iku, "Apa sababé, déné kowé takon marang Aku bab apa kang becik? Kang becik iku mung Siji. Éwadéné menawa kowé kepéngin lumebu ing urip, tetepana sakèhing pepakon." 18 Unjuké wong mau, "Pepakèn ingkang pundi?" Yésus tumuli dhawuh, "Sira aja mematèni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapaké paseksi goroh. 19 Sira ngajènana bapa-biyungira lan sira tresnaa marang sapepadhanira kaya marang awakira dhéwé." 20 Unjuké wong anom iku marang Panjenengané, "Punika sadaya sampun kula tetepi, kula taksih kirang punapa malih?" 21 Yésus ngandika marang wong iku, "Yèn kowé arep sampurna, wis lungaa, barang darbèkmu kabèh dolana, lan pepayoné kabèh wènèhna marang wong miskin, satemah kowé oléh bandha ana ing swarga, banjur mrénéa, mèlua Aku." 22 Bareng krungu pangandika kang mangkono iku, banjur mundur kalawan sedhih, amarga wong anom mau duwé bandha akèh. 23 Yésus tumuli ngandika marang para sakabaté, "Satemené Aku pitutur marang kowé, yèn wong sugih iku angèl banget bisané lumebu ing Kratoning Swarga. 24 Sapisan manèh Aku pitutur marang kowé, luwih gampang unta lumebu ing bolonganing dom katimbang wong sugih lumebu ing Kratoning Allah." 25 Para sakabaté bareng krungu kang kaya mangkono iku, padha ilang babar pisan semangaté sarta padha ngunandika, "Yèn mangkono iku, sapa kang bisa kaslametaké?" 26 Yésus banjur mandeng marang para sakabat sarta ngandika, "Tumraping manungsa bab iku mokal, nanging mungguhing Allah samubarang kabèh bisa kelakon." 27 Pétrus tumuli matur, unjuké, "Kawula sadaya punika sampun sami nilar samukawis lajeng ndhèrèk Panjenengan; ingkang punika kawula sami badhé angsal punapa?" 28 Yésus banjur ngandika, "Satemené Aku pitutur marang kowé, bésuk ing waktuning pamulihan, menawa Putraning Manungsa lenggah ing dhampar kamulyan, kowé kang wis padha ndhèrèk Aku, iya bakal linggih ing dhampar rolas sarta ngadili taler Israèl rolas. 29 Lan saben wong kang marga saka jenengku wus ninggal omahé, saduluré lanang utawa wadon, bapa-biyungé, anak-anaké apadéné palemahané, iku bakal tampa sembulih tikel satus lan bakal olèh warisan urip langgeng. 30 Ananging akèh pangarep kang bakal dadi pamburi lan para pamburi bakal dadi pangarep."
1 "Anadéné bab Kratoning Swarga iku kena diupamakaké kaya bendara kang ing wayah ésuk umun-umun metu arep mburuhaké pagawéan ing kebon angguré. 2 Bareng wis mupakat karo para buruh iku bab opah sadina sedinar, bendara iku banjur akon para buruh menyang kebon angguré. 3 Kira-kira jam sanga bendara mau metu manèh, nuli weruh wong-wong kang padha nganggur ana ing pasar. 4 Tumuli kandha marang wong-wong mau: Kowé iya padha menyanga ing kebon anggur lan aku bakal mènèhi kowé ing sapatuté. Wong-wong mau uga banjur padha mangkat. 5 Kira-kira jam rolas lan jam telu awan metu manèh lan iya nindakaké kaya ing ngarep mau. 6 Lan watara jam lima soré iya metu manèh sarta mrangguli wong-wong liyané kang padha nganggur, banjur kandha marang wong-wong iku: Yagéné kowé padha nganggur ana ing kéné sadina muput tanpa gawéan? 7 Wangsulané wong-wong marang bendara mau: Awit mboten wonten tiyang ingkang mberahaken padamelan dhateng kula. Wong iku tumuli dikandhani: Kowé iya padha menyanga ing kebon anggurku. 8 Bareng wus surup sing duwé kebon anggur kandha karo mandhoré: Buruh-buruh mau padha undangen, padha wènèhana buruhané, wiwit sing mlebu kèri dhéwé nganti tekan sing mlebu dhisik dhéwé. 9 Wong-wong kang kira-kira jam lima wiwit nyambut-gawé padha teka, lan diopahi nyadinar. 10 Sawusé iku kang mlebuné ésuk dhéwé padha mara, iku padha ngira bakal tampa opah luwih akèh, mangka iku iya tampa sedinar wong siji. 11 Nalika padha nampani opahé, padha protès marang kang duwé kebon anggur. 12 Tembungé: Tiyang-tiyang punika mlebetipun kantun piyambak, dados namung nyambut-damel sajam, mangka lajeng panjenengan damel sami kaliyan kula ingkang nyambut-damel awrat sadinten muput saha sami kebentèren. 13 Nanging kang duwé kebon anggur mangsuli marang wong mau: Aku rak ora luput karo kowé. Kowé karo aku rak wis padha mupakat nyadinar sadina? 14 Tampanana bagéanmu, banjur lungaa. Iki wis dadi karepku mènèhi wong kang mlebu kèri dhéwé padha karo kowé. 15 Apa aku ora wenang nindakaké apa kang dakkarepaké nganggo duwèkku dhéwé? Utawa, apa kowé mèri, déné aku iki loma? 16 Iya kaya mangkono iku, kang dadi pamburi bakal dadi pangarep lan kang dadi pangarep bakal dadi pamburi." 17 Nalika Yésus arep tindak menyang Yérusalèm, Panjenengané nimbali sakabat rolas ndhéwé sarta ana ing dalan Panjenengané ngandika marang para sakabat iku, 18 "Lah, Aku lan kowé padha menyang Yérusalèm lan Putraning Manungsa bakal diulungaké marang para pangarepé imam lan para ahli Torèt; wong iku bakal nibakaké paukuman pati marang Panjenengané, 19 sarta masrahaké Panjenengané marang wong-wong kang ora wanuh marang Allah, supaya dipoyoki lan disapu banjur disalib, sarta ing telung dinané bakal kawungokaké." 20 Nuli ibuné anak-anaké Zébédéus marek ing ngarsané Yésus karo anak-anaké, lan kanthi sujud sarta arep ngaturaké panyuwunan. 21 Panjenengané banjur ngandika marang wong wadon iku, "Apa sing kokkarepaké?" Aturé wong wadon iku, "Gusti mugi ndhawuhaken supados anak kawula kekalih punika mbénjing sami linggiha ingkang satunggal wonten ing tengen lan satunggalipun ing kiwa Panjenengan wonten ing Kraton Panjenengan." 22 Nanging Yésus mangsuli, "Kowé iku padha ora ngerti kang koksuwun. Apa kowé bisa ngombé ing tuwung, kang kudu dakombé?" Karo-karoné padha munjuk marang Panjenengané, "Inggih saged." 23 Panjenengané paring pangandika marang sakabat loro iku, "Tuwungku pancèn bakal kokombé, nanging bab linggih ing tengenku utawa ing kiwaku, iku Aku ora wenang nglilani. Iku bakal kaparingaké marang wong-wong, kang wus cinadhang déning Ramaku." 24 Sakabat kang sapuluh, bareng krungu kang mangkono iku, padha nepsu marang sadulur loro mau. 25 Éwasamono Yésus banjur nimbali marek para sakabat lan ngandika, "Kowé padha ngerti, yèn para pangrèhé bangsa-bangsa iku tumindaké kaya bendara marang rakyaté, lan para panggedé padha nindakaké pangwasa kanthi sawenang-wenang marang kang kabawah ing pangwasané. 26 Déné ana ing antaramu aja kaya mangkono, nanging sapa sing ngangkah dadi gedhé ana ing antaramu, iku dadia peladènmu, 27 lan sing sapa kepéngin dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia budhakmu. 28 Kayadéné Putraning Manungsa rawuhé, ora supaya diladosi, nanging supaya ngladosi sarta masrahaké nyawané minangka tebusan kanggo wong akèh." 29 Nalika padha metu saka Yèrikho, wong sagolongan gedhé padha ndhèrèkaké Panjenengané. 30 Ana wong picak loro linggih ing pinggir dalan krungu yèn Yésus langkung, banjur padha nywara sora, "Gusti, mugi karsa melasi kawula, dhuh Putranipun Daud!" 31 Wong golongan banjur padha nyendhu supaya padha meneng. Éwasamono malah saya seru anggoné padha nywara aturé, "Dhuh, Gusti, mugi melasi kawula, dhuh Putranipun Daud!" 32 Yésus banjur kèndel anggoné tindak sarta nimbali wong loro mau, lan ngandika, "Apa sing padha kokkarepaké supaya daktindakaké marang kowé?" 33 Wong loro mau ngaturi wangsulan marang Panjenengané, "Dhuh Gusti, supados mripat kawula sageda sumerep." 34 Klawan trenyuh ing galih awit saka welasé, Panjenengané banjur ndumuki mripaté wong loro mau, lan sanalika padha bisa ndeleng, banjur padha ndhèrèkaké Panjenengané.
1 Bareng tindaké wis cedhak Yérusalèm, wis tekan ing Bètfagé ing Gunung Zaitun, Yésus banjur utusan sakabaté loro, 2 dhawuhé marang para sakabaté mau, "Padha menyanga ing désa ngarepmu iku, ing kono kowé bakal énggal mrangguli kuldi wadon kacancang karo beloné ana ing sandhingé, padha uculana padha gawanen mréné. 3 Déné menawa ana wong aruh-aruh marang kowé, padha kandhaa: Gusti kang ngarsakaké. Panjenengané bakal énggal mbalèkaké." 4 Bab iku kalakoné supaya katetepana apa kang kawedharaké déning nabi, pangandikané, 5 "Tutura marang putri Sion: Delengen, Rajanira ngrawuhi sira, alus ing panggalih, lan klawan nitih kuldi wadon, sarta beloning kuldi momotan." 6 Sakabat-sakabat mau banjur mangkat lan nindakaké kaya kang kadhawuhaké déning Yésus. 7 Kuldiné karo beloné digawa, banjur dilarabi sandhangané. Panjenengané tumuli nitih. 8 Wong golongan kang akèh cacahé iku padha njèrèng panganggoné ana ing dalan, ana manéh kang padha mecoki pang-panging wit-witan, padha disebar ana ing dalan. 9 Lan wong golongan kang padha lumaku ana ing sangareping Panjenengané lan kang lumaku ana ing saburiné padha nguwuh-uwuh pangucapé, "Hosana konjuk ing Putranipun Daud, binerkahana ingkang rawuh atas asmanipun Pangéran. Hosana wonten ing ngaluhur." 10 Nalika Panjenengané lumebet ing Yérusalèm, wong sakutha kabèh padha horeg, lan padha ngucap, "Sapa ta wong iki?" 11 Wong golongan padha mangsuli, "Iku Nabi Yésus saka Nasarèt ing Galiléa." 12 Yésus banjur lumebet ing Padaleman Suci sarta nundhungi wong kang padha adol-tinuku ana ing Padaleman Suci, méja-méjané wong juru-tukar dhuwit lan bangku-bangkuné wong adol manuk dara padha digolingaké, 13 Panjenengané ngandika marang wong-wong iku, "Wus tinulis, Padalemaningsun bakal kasebut dalem pamujan, nanging kokdadèkaké guwaning bégal." 14 Tumuli ana wong wuta lan wong pincang padha marek ing ngarsané Yésus ana ing Padaleman Suci lan Panjenengané banjur nyarasaké wong loro iku. 15 Éwadéné bareng para pangarepé imam lan para ahli Torèt padha weruh mukjijat-mukjijat kang katindakaké, sarta bocah-bocah kang padha nguwuh-uwuh ana ing Padaleman Suci, "Hosana konjuk ing Putranipun Daud!", atiné padha jèngkèl banget, 16 banjur matur marang Panjenengané, "Panjenengan punapa mireng ingkang dipun cariyosaken laré-laré punika?" Yésus ngandika marang wong-wong iku, "Iya, krungu; apa kowé durung tau maca: Paduka sampun nyawisaken puji lantaran cangkemipun laré-laré saha bayi-bayi?" 17 Panjenengané banjur nilar wong-wong mau, miyos saka kutha menyang Bètania lan nyaré ana ing kono. 18 Ing wayah bangun ésuk nalika wangsul menyang kutha, Yésus kraos kerapan. 19 Bareng pirsa wit anjir ana ing pinggir dalan, Panjenengané tumuli murugi, nanging ora manggih apa-apa ana ing wit iku, kajaba mung godhong thok, banjur ngandika, "Ora bakal metu wohmu manèh ing salawas-lawasé!" Padha sanalika wit anjir mau dadi garing. 20 Weruh kang kaya mangkono iku para sakabat padha kaéraman sarta munjuk, "Kadospundi, déné wit anjir punika lajeng dados garing sanalika?" 21 Nanging Yésus paring wangsulan lan ngandika marang para sakabat, "Satemené Aku pitutur marang kowé, menawa kowé pracaya lan ora mangu-mangu, kowé bakal ora mung nindakaké apa kang wus kelakon tumraping wit anjir iku, nanging malah saupama kowé guneman marang gunung iki, 'Kaangkata lan kajegurna ing sagara', iku bakal kelakon. 22 Lan apa baé kang koksuwun ing pandonga kalawan pracaya, kowé bakal kaparingan." 23 Yésus lumebet ing Padaleman Suci, lan nalika Panjenengané lagi memulang para pangarepé imam lan pinituwané bangsa Yahudi padha marek ing ngarsané, lan padha matur, "Atas pangwaos punapa Panjenengan nindakaken sedaya punika? Saha sinten ingkang maringi pangwaos punika dhateng Panjenengan?" 24 Yésus paring wangsulan, "Aku iya arep takon marang kowé lan yèn kowé wis mangsuli Aku, Aku iya bakal kandha marang kowé, Aku tumindak mangkono iku atas pangwasa saka ngendi. 25 Pambaptisé Yohanes iku saka ngendi? Saka swarga apa saka manungsa?" Wong-wong mau banjur padha nimbang-nimbang lan padha rembugan, "Yèn aku padha kandha: saka swarga. Wong iku bakal kandha: yèn mangkono yagéné kowé ora pracaya? 26 Nanging menawa aku kandha: Saka manungsa, aku padha wedi karo wong golongan iku, awit wong iku kabèh padha nganggep Yohanes iku nabi." 27 Banjur padha ngaturi wangsulan marang Yésus, "Kula sami mboten sumerep." Yésus tumuli ngandika marang wong-wong mau, "Yèn mangkono Aku iya ora kandha marang kowé atas pangwasa saka ngendi kabèh iku daktindakaké." 28 "Nanging kepriyé panemumu? Ana wong duwé anak lanang loro. Wong mau marani kang pambarep lan kandha: Nggèr, dina iki kowé nyambuta gawé ana ing kebon anggur. 29 Anaké mangsuli: Inggih, pak. Nanging ora mangkat. 30 Wong mau banjur marani anaké lanang kang angka loro sarta dikandhani mangkono uga, nanging anaké mangsuli: Kula mboten purun. Sawusé iku kaduwung, nuli mangkat. 31 Anak loro mau endi sing nindakaké karepé bapakné?" Atur wangsulané wong-wong mau, "Ingkang kantun." Pangandikané Yésus, "Satemené Aku pitutur marang kowé: para juru-mupu-béya lan para wanita tuna-susila bakal ndhisiki kowé lumebu ing Kratoning Allah. 32 Sabab Yohanes nekani kowé kanthi ngambah margining Allah, nanging kowé padha ora pracaya, mangka para juru-mupu-béya lan para wanita tuna-susila padha pracaya. Déné kowé kabèh sanadyan padha weruh, ora keduwung lan sabanjuré pracaya marang panjenengané." 33 "Kowé padha ngrungokna pasemon liyané. Ana sawijining bendara kang nanduri kebon-angguré lan masang pager ngubengi kebon-anggur iku sarta ngedhuk jugangan pamipitan anggur sajroné pakebonan anggur iku, apadéné mbangun panggung pajagan, banjur nyéwakaké keboné marang tani-tani kang nggarap séwan, tumuli lelungan menyang nagara liya. 34 Bareng mangsané ngundhuh wus cedhak, bendara iku kongkonan réwang-réwangé menyang anggoné para kang nyéwa, njupuk pametu kang dadi pandumané. 35 Nanging para kang nyéwa iku padha nyekel réwang-réwangé bendara mau; nggebugi kang siji, matèni sijiné, lan mbenturi watu sijiné manèh. 36 Bendara iku banjur kongkonan manèh réwang-réwang liyané, luwih akèh katimbang kang dhisik, nanging para kang nyéwa iku nggawé para réwang mau padha kaya kang dhisik. 37 Wasana banjur kongkonan anaké, celathuné: Bakal padha éring marang anakku. 38 Nanging bareng wong-wong kang nyéwa weruh anaké mau, banjur padha rasanan mangkéné: Iku ahli warisé, payo padha kita patèni lan kita padha ndarbèni warisané. 39 Anaké mau banjur dicekel lan diuncalaké menyang sanjabaning kebon anggur, sarta dipatèni. 40 Mulané samangsa kang duwé kebon anggur mau wus teka, iku bakal nindakaké apa marang kang padha nyéwa iku?" 41 Kang padha kadangu munjuk, "Bendara wau badhé nyirnakaken tiyang-tiyang duraka punika lan nyéwakaken kebon angguripun dhateng tiyang-tiyang sanèsipun ingkang badhé ngladosaken pamedalipun ing mangsanipun." 42 Yésus ngandika marang wong-wong iku "Apa kowé durung tau maca ing Kitab Suci mangkéné: Watu kang ditampik déning tukang-tukang gawé omah, iku wis dadi watu pojokan. Kadadéan iki saka Pangéran, sarta élok ana ing pandeleng kita. 43 Mulané Aku pitutur marang kowé, yèn Kratoning Allah bakal kapundhut saka ing kowé lan bakal kaparingaké marang sawenèhing bangsa kang bakal metokaké wohé. 44 Lan sing sapa tiba ing watu iku, bakal ajur mumur lan sing sapa katibanan bakal remuk." 45 Bareng para pangareping imam lan para Farisi krungu pasemon-pasemon mau, padha rumangsa yèn Panjenengané iku ngandika bab awaké. 46 Lan nalika padha mbudi-daya nyekel Panjenengané, wong-wong iku padha wedi marang wong golongan, amarga iku padha nganggep nabi marang Panjenengané.
1 Yésus tumuli medhar pangandika manèh marang wong-wong mau nganggo pasemon, pangandikané, 2 "Kratoning Swarga upamané kaya ratu kang nganakaké pahargyan nikah kanggo putrané. 3 Banjur utusan abdi-abdiné nimbali para kang kauleman, ana ing pahargyan iku, nanging padha ora gelem nekani. 4 Nuli utusan manèh abdi-abdi liyané, dhawuhé: Sing padha diulemi kandhanana mangkéné: Lah Ingsun wus nyawisaké bujananingsun, sapiningsun lan kéwaningsun lemon wis padha kasembelèh, sarta samubarang wus cumepak, padha tekaa ing pahargyan. 5 Éwadéné iku padha ora maèlu lan lunga sumingkir. Sawenèh menyang pategalané, sawenèh ngurusi dagangané, 6 déné liyané padha nyekel, nganiaya lan matèni para abdiné ratu iku. 7 Mulané ratu iku duka lan banjur utusan wadyabalané kadhawuhan numpes para kang gawé pepati iku lan ngobongi kuthané. 8 Sawisé iku nuli ngandika marang para abdiné: Bujana manton wis cumawis, nanging wong-wong sing diulemi padha ora pantes. 9 Mulané padha menyanga simpangan-simpanganing dalan, lan saben wong kang kokprangguli ing kono padha ulemana menyang pahargyan manton iki. 10 Para abdi tumuli padha metu menyang dalan-dalan, padha ngumpulaké kabèh wong kang diprangguli, dadia wong ala, mangkono uga wong becik, nganti papan pahargyan manton dikebaki wong kang padha lungguh kembul bujana. 11 Nalika ratu lumebet karsa manggihi kang padha kembulan, panjenengané pirsa ing kono wong siji kang ora manganggo sandhangan pésta. 12 Panjenengané banjur ngandika marang wong mau: Hé, kanca, kepriyé déné kowé lumebu ing kéné ora nganggo sandhangan pésta? Wong mau meneng baé. 13 Raja iku banjur ngandika marang para abdiné: Bandanen tangané lan sikilé, nuli uncalna menyang panggonan kang peteng dhéwé, ing kono kang bakal ana panangis lan keroting untu. 14 Sabab akèh kang katimbalan, nanging mung sathithik kang pinilih." 15 Para Farisi banjur lunga, ngrancang kepriyé carané njiret Panjenengané. 16 Nuli kongkonan murid-muridé marek marang Panjenengané bebarengan karo wong-wong Hérodian, matur, "Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur saha mulang bab margining Allah kanthi jujur, punapa déné Panjenengan mboten preduli dhateng sinten kémawon, amargi Panjenengan mboten mawang tiyang. 17 Ingkang punika mugi Panjenengan ngandika dhateng kula sadaya, kadospundi penggalih Panjenengan, menggah mbayar paos dhateng Kaisar punika kénging punapa mboten?" 18 Nanging Yésus pirsa alaning sedyané wong-wong mau, banjur ngandika, "Yagéné kowé padha nyoba marang Aku, hé wong-wong lamis? 19 Aku tuduhana dhuwit kang kanggo pajeg iku!" Wong-wong mau banjur ngaturi Panjenengané dhuwit dhinar siji. 20 Panjenengané nuli ngandika, "Iki gambaré lan tulisané sapa?" 21 Atur wangsulané, "Gambar saha seratanipun Kaisar." Panjenengané banjur ngandika, "Mulané saosna marang Kaisar apa kang dadi kagungané Kaisar lan marang Allah apa kang dadi kagungané Allah." 22 Bareng wong-wong mau krungu pangandika mangkono iku padha kaéraman, tumuli ninggal Panjenengané lan lunga bablas. 23 Ing dina iku ana para Saduki kang padha ngarani yèn ora ana tanginé wong mati, padha marek ing ngarsané Gusti Yésus lan padha matur pitakon, 24 tembungé, "Guru, Musa ngandika, menawi wonten tiyang pejah mboten tilar anak, sadhèrèkipun tiyang wau mendheta wulanjaripun dados sèmahipun, supados nyukani turun dhateng sadhèrèkipun punika. 25 Kelampahan ing satengah kula sadaya wonten sadhèrèk jaler pitu; lan ingkang kapisan sasampunipun émah-émah lajeng pejah. Sarèhné mboten nilar anak, dados nilaraken wulanjaripun dhateng sadhèrèkipun. 26 Makaten ugi ingkang kaping kalih saha ingkang kaping tiga, ngantos dumugi ingkang kaping pitu pisan. 27 Wasana sapengkeripun sadaya punika wau ingkang èstri inggih lajeng pejah. 28 Ingkang punika bénjing ing dinten patangèn, tiyang pitu wau pundi ingkang dados sémahipun tiyang èstri punika, sadaya rak sampun naté gesang sesarengan kaliyan piyambakipun." 29 Yésus mangsuli, pangandikané marang wong-wong iku, "Kowé iku padha kesasar, jalaran kowé padha ora ngerti bab Kitab Suci lan bab pangwasané Allah. 30 Awit bésuk ing jaman patangèn ora ana wong kang omah-omah utawa diomah-omahaké, nanging padha kaya malaékat kang ana ing swarga. 31 Apadéné bab tanginé wong mati apa kowé ora maca apa kang kapangandikakaké marang kowé déning Allah, nalika Panjenengané ngandika: 32 Ingsun iki Allahé Abraham, Allahé Iskak lan Allahé Yakub? Panjenengané iku dudu Allahé wong mati, nanging Allahé wong urip." 33 Wong golongan kang padha ngrungokaké, padha kaéraman ing bab piwulangé. 34 Para Farisi bareng krungu, yèn Yésus wis mbungkem cangkemé para Saduki, banjur padha nglumpuk. 35 Nuli salah siji saka panunggalané wong-wong iku, yaiku ahli Torèt, matur pitakon kanggo nyoba marang Panjenengané, 36 "Guru, angger-angger ing salebeting Torèt punika ingkang ageng piyambak ingkang pundi?" 37 Panjenengané ngandika marang wong iku, "Sira tresnaa marang Pangéran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira. 38 Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé. 39 Déné angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé. 40 Kabèh isining Torèt lan kitabé para nabi iku gumantung ing angger-angger loro mau." 41 Nalika para Farisi lagi padha nglumpuk, Yésus ndangu marang wong-wong mau, pangandikané, 42 "Kepriyé panemumu bab Kristus? Iku tedhaké sapa?" Wangsulané kang padha kadangu, "Tedhakipun Daud." 43 Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong iku, "Yèn mangkono, kepriyé déné Daud marga saka katuntun déning Roh kok nyebut Gustiné, yaiku nalika ngandika: 44 Pangéran wis dhawuh marang Gustiku: Sira linggiha ana ing tengeningsun, nganti sakèhing mungsuhira wus Sunpapanaké ing sangisoring tlapakanira. 45 Dadi yèn Daud nyebut Panjenengané iku Gusti, kepriyé déné Panjenengané iku dadi tedhaké?" 46 Ora ana siji baé kang bisa mangsuli Panjenengané, lan mangkono uga wiwit ing dina iku ora ana kang wani matur pitakon manèh marang Panjenengané.
1 Yésus banjur ngandika marang wong golongan lan marang para sakabaté, pangandikané, 2 "Para ahli Torèt lan para Farisi iku padha nglinggihi palenggahané Musa. 3 Mulané apa kang dituturaké marang kowé iku padha lakonana kabèh lan padha tetepana, nanging aja padha tumindak nulad tindak-tanduké, awit wong-wong iku padha memulang, nanging ora padha nglakoni dhéwé. 4 Mula mangkono, awit padha mbongkoki momotan-momotan kang abot lan rekasa olèhé nggawa, banjur ditumpangaké ing pundhaké wong, mangka awaké dhéwé nyénggol baé ora gelem. 5 Panggawéné kabèh iku padha katindakaké supaya disawang déning wong, awit padha ngambakaké sabuk-sabuk sembahyangané lan nggedhèkaké gombyok-gombyoking jubahé; 6 Padha seneng lungguh ing papan kang kajèn ana ing pésta-pésta, lan marang palungguhan kang nomer siji ana ing papan pangibadah, 7 apadéné seneng nampa pakurmatan ana ing pasar-pasar lan disebut déning wong, "Rabbi". 8 Nanging kowé aja disebut "Rabbi", amarga mung siji Rabbimu lan kowé kabèh padha-padha sadulur. 9 Apamanèh kowé aja nyebut sapa baé ing bumi iki "rama", awit mung siji Ramamu, yaiku Panjenengané kang ana ing swarga. 10 Kowé aja gelem disebut panutan, amarga mung siji Panutanmu, yaiku Kristus. 11 Sing sapa gedhé dhéwé ana ing satengahmu iku dadia paladènmu. 12 Lan sing sapa ngluhuraké awaké dhéwé, bakal kaasoraké, déné kang ngasoraké awaké dhéwé bakal kaluhuraké." 13 "Bilai kowé, hé, para ahli Torèt lan para Farisi, wong-wong lamis, awit kowé nutup lawang-lawang Kratoning Swarga tumraping wong, sabab kowé dhéwé ora mlebu lan wong-wong kang arep lumebu kokalang-alangi. 14 Bilai kowé, hé, para ahli Torèt lan para Farisi, wong-wong lamis, amarga kowé padha ngemplok omahé randha-randha nganti entèk, ngapusi nganggo padonga dawa-dawa, mulané kowé mesthi bakal tampa paukuman kang luwih abot. 15 Bilai kowé, hé, para ahli Torèt lan para Farisi, wong-wong lamis, sabab kowé padha ngambah segara lan ndlajah dharatan, supaya kowé olèh wong sing mlebu ing panunggalanmu, lan menawa kalakon mangkono, wong iku kokgadhang mlebu naraka, kang alané tikel loro katimbang karo kowé. 16 Bilai kowé, hé, para panuntun kang picak, kang clathu: Sing sapa supata demi Padaleman Suci, supatané iku ora absah; nanging sing sapa supata demi emasé Padaleman Suci, supatané iku katemahan. 17 Hé, kowé wong-wong bodho lan picak, endi sing luwih gedhé maknané, emas apa Padaleman Suci sing nucèkaké emasé? 18 Apamanèh sing sapa supata demi misbyah, supatané iku ora absah, nanging sing sapa supata demi pisungsung kang ana ing misbyah, supatané iku katemahan. 19 Hé, wong-wong picak, endi sing luwih gedhé maknané, pisungsungé apa misbyah kang nucèkaké pisungsungé? 20 Mulané sing sapa supata demi misbyah, iku supatané demi misbyah lan uga demi barang-barang kang tumumpang ing kono. 21 Lan sing sapa supata demi Padaleman Suci, iku iya supata demi Padaleman Suci lan uga demi Panjenengané kang adedalem ing kono. 22 Apadéné sing sapa supata demi swarga, iku iya supata demi dhamparing Allah lan iya demi Panjenengané kang lenggah ing kono. 23 Bilai kowé, hé, para ahli Torèt lan para Farisi, wong-wong lamis, awit dalah godhong slasih lan adas tuwin jinten iku kokbayar prasapuluhané, nanging prekara-prekara kang luwih gedhé boboté mungguhing angger-angger, yaiku: kaadilan, kawelasan lan kasetyan iku koklirwakaké. Sing siji kudu ditindakaké, sijiné aja dilirwakaké. 24 Hé, kowé, pemimpin-pemimpin kang picak, lemud koksaring saka ing ombèn-ombènmu, nanging unta kokulu. 25 Bilai kowé, hé, para ahli Torèt lan para Farisi, wong-wong lamis, sabab njabané tuwung lan pinggan padha kokresiki, mangka ing njeroné kebak isi rampasan lan kamurkan kang tanpa kendhali. 26 Hé, wong Farisi kang picak, resikana dhisik njeroné tuwung iku, temah njabané iya bakal dadi resik. 27 Bilai kowé, hé, para ahli Torèt lan para Farisi, wong-wong lamis, sabab kowé iku padha kaya kuburan, kang dilabur putih; njabané pancèn katon apik, nanging njeroné kebak isi balungé wong mati lan rereged warna-warna. 28 Samono uga kowé, lairmu katon mursid ana ngareping wong, nanging ing batinmu kebak isi lelamis lan duraka. 29 Bilai kowé, hé, para ahli Torèt lan para Farisi, wong-wong lamis, awit kowé, mbangun pasaréané para nabi lan ngrengga-ngrengga tugu-tuguné wong-wong mursid ing pakuburan, 30 lan ngucap: Saupama aku padha urip ing jamané para leluhurku, mesthi aku ora padha mèlu sekuthon karo wong-wong iku ing bab ngwutahaké getihé para nabi. 31 Nanging marga kang mangkono iku, kowé padha dadi seksi tumrap awakmu dhéwé, yèn kowé kabèh iku padha turuné wong-wong kang nyédani para nabi. 32 Dadi kowé padha ngganepi lelakoné leluhurmu! 33 Hé, ula, hé para tetesaning ula bedhudhak, kepriyé anggonmu bisa oncat saka paukumaning naraka?" 34 "Mulané, delengen, Aku ngutus nabi-nabi lan wong-wong wicaksana sarta ahli-ahli Torèt nekani kowé, mangka kowé bakal padha matèni lan nyalib wong sawatara saka panunggalané kang dakutus iku, lan tumrap sawatara liyané saka panunggalané iku bakal padha koksapu ana ing papan-papan pangibadahmu, lan kokoyak-oyak saka ing kutha kang siji menyang kutha sijiné, 35 supaya padha katempuhna marang kowé sakèhé getih resik kang wus kawutahé ana ing bumi, wiwit saka getihé Abil kang mursid iku, nganti tekan getihé Zakharia anaké Bérékhya, kang kokpatèni ana ing antarané pasucèn lan misbyah. 36 Satemené Aku pitutur marang kowé: Kabèh iku bakal katempuhaké marang golongan iki. 37 Yérusalèm, Yérusalèm kang matèni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang kautus nemoni kowé, wus nganti ping pira anggonku kepéngin nglumpukaké anak-anakmu, kaya babon anggoné nglumpukaké kuthuk-kuthuké ing sangisoring swiwiné, nanging kowé padha ora gelem. 38 Titènana, omahmu iki bakal ditinggalaké dadi suwung. 39 Lan Aku pitutur marang kowé: Wiwit saiki kowé ora bakal padha ndeleng Aku manèh, nganti kowé padha kandha: Binerkahana Ingkang rawuh atas asmanipun Pangéran."
1 Sawisé iku Yésus miyos saka Padaleman Suci lan tindak saka ing kono. Para sakabaté tumuli padha marek ngaturi Panjenengané mirsani tata pangrakiting bangunan Padaleman Suci. 2 Panjenengané ngandika marang para sakabat, "Apa kowé padha ndeleng iku kabèh? Satemené Aku pitutur marang kowé, ing kéné bakal ora ana watu siji baé kang lestari tumumpang ing watu liyané, kabèh bakal dijugrugaké." 3 Nalika Panjenengané lenggah ing Gunung Zaitun, para sakabat padha sowan ing ngarsané piyambakan lan matur, "Gusti mugi ngandika dhateng kawula, bénjing punapa punika sedaya badhé kalampahan, saha punapa pratandhanipun rawuh Paduka saha pratandhanipun wekasaning jaman?" 4 Yésus paring wangsulan lan ngandika marang para sakabat, "Padha diawas, aja nganti ana wong kang nasaraké kowé! 5 Amarga akèh wong kang bakal teka nganggo jenengku lan ngucap: Aku iki Sang Kristus, sarta bakal nasaraké wong akèh. 6 Kowé bakal krungu swaraning perang utawa kabar-kabar bab perang. Nanging diawas, aja padha kagèt, sabab iki kudu kelakon, éwadéné iku durung wekasané. 7 Sabab bangsa bakal nempuh nglawan bangsa, kraton nglawan kraton. Bakal ana pailan lan lindhu, ing pirang-pirang panggonan. 8 Nanging iku kabèh mung lagi wiwitaning sangsara ngarepaké jaman anyar. 9 Ing nalika iku kowé bakal padha kaulungaké marang panganiaya lan kowé bakal dipatèni, sarta kowé bakal disengiti déning sakèhing bangsa marga saka jenengku. 10 Ing kono bakal akèh wong kang ninggal pangandelé sarta padha ulung-ingulungaké lan sengit-sinengitan. 11 Lan manèh bakal akèh nabi palsu kang muncul lan nasaraké wong pirang-pirang. 12 Apamanèh marga saka saya wuwuhé duraka, satemah katresnané wong akèh padha dadi ngabar. 13 Nanging sing sapa mantep tekan ing wekasan, iku bakal kaslametaké. 14 Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakaké ing saindenging jagat minangka paseksi marang sakèhing bangsa. Sawisé iku bakal tekané dina wekasan." 15 "Anadéné samangsa kowé padha weruh 'ambeksiyaning juru pangrusak' ngadeg ing panggonan suci, kang kapangandikakaké lantaran Danièl -- sing sapa maca siyagaa -- 16 wong-wong ing Yudéa padha ngungsia menyang pagunungan. 17 Wong kang lagi ana ing payon aja mudhun njupuk barang-barang saka ing omahé. 18 lan wong sing lagi ana ing pategalan aja mulih njupuk sandhangané. 19 Cilaka wong kang lagi ngandheg lan kang lagi nusoni ing wektu iku. 20 Padha ndedongaa, supaya anggonmu padha ngungsi ora kelakon ing mangsa bedhidhing utawa ing dina Sabat. 21 Amarga ing wektu iku bakal ana sangsara gedhé; kang durung tau kalakon wiwit wiwitaning jagat nganti sapréné lan uga ora bakal kalakon manèh. 22 Lan saupama dina-dinané sangsara iku ora dicepetaké, sarupaning wong ora tulus slamet; nanging marga wong-wong kang pinilih, dina-dina iku bakal dicepetaké. 23 Ing wektu iku, menawa ana wong kang kandha marang kowé: Delengen Mésias ana ing kéné, utawa Mésias ana ing kana, kowé aja padha ngandel. 24 Sabab Mésias-mésias palsu lan nabi-nabi palsu bakal muncul sarta padha gawé pratandha-pratandha gedhé lan kaélokan-kaélokan kanggo nasaraké, saupama bisa iya tumrap para kang pinilih. 25 Lah Aku wus ngandhakaké iku marang kowé sadurungé kelakon. 26 Mulané yèn ana wong kandha marang kowé: Lah Panjenengané ana ing pasamunan, kowé aja banjur mrana; utawa: Panjenengané ana ing kamar singidan, kowé aja padha ngandel. 27 Sabab kayadéné kilat muncul saka ing wétan sumunar nganti tumeka ing kulon, iya mangkono iku bésuk bakal rawuhé Putraning Manungsa. 28 Ing ngendi ana bathang, ing kono manuk garudha bakal padha gegrombolan." 29 "Sawisé kasangsaran ing wektu iku, banjur sanalika srengéngé bakal dadi peteng lan rembulan bakal ora nyunaraké padhangé sarta lintang-lintang bakal padha runtuh saka ing langit, apadéné pikukuh-pikukuhing langit bakal padha gonjang-ganjing. 30 Ing nalika iku bakal katon pratandhané Putraning Manungsa ana ing langit lan sakèhing bangsa ing salumahing bumi bakal padha ngadhuh-adhuh, banjur padha ndeleng Putraning Manungsa rawuh nitih me'ganing langit, ngagem pangwasa lan kamulyan gedhé. 31 Panjenengané tumuli bakal ngutus para malaékaté kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, lan iku bakal padha ngumpulaké wong-wong pilihané saka ing kéblat papat, saka tepining langit tekan ing tepi sisihé. 32 Padha sinaua saka wit anjir, kang mangkéné: Menawa pang-pangé memes lan wiwit semi, kowé padha ngerti, yèn wis mèh mangsa panas. 33 Samono uga, menawa kowé padha weruh lelakon iku mau kabèh, padha mangertia, yèn wus cedhak, wus ana ing ngarep lawang. 34 Satemené Aku pitutur marang kowé, golongan iki ora bakal sirna, nganti iku mau kabèh kelakon. 35 Langit lan bumi bakal sirna, nanging tembung-tembungku ora bakal sirna pisan-pisan. 36 Mung baé, mungguh dina lan waktuné iku, ora ana wong siji-sijia kang mangerti, dadia para malaékat ing swarga ora, mangkono uga Sang Putra, iya ora, kajaba mung Sang Rama piyambak." 37 "Sabab kayadéné nalika jamané Nuh, iya mangkono uga bakalé rawuhé Putraning Manungsa. 38 Marga padha kaya dhèk jaman sadurungé banjir patopan, wong-wong padha mangan lan ngombé, omah-omah lan ngomah-omahaké, nganti dina anggoné Nuh lumebet ing prau, 39 lan padha ora nglegéwa nganti tekané banjir kang nyirnakaké wong-wong mau kabèh, mangkono uga bésuk ing dina rawuhé Putraning Manungsa. 40 Ing wektu iku bakal ana wong loro ana ing pategalan, kang siji bakal kapulung, sijiné bakal katinggal. 41 Bakal ana wong wadon loro kang padha nggiling nganggo watu panggilingan, siji bakal kapulung sijiné katinggal. 42 Mulané padha rumantia, amarga kowé ora ngerti ing dina apa Gustimu bakal rawuh. 43 Nanging iki kawruhana: Saupama kang duwé omah ing wayah bengi ngerti wayahé tekané maling, mesthi banjur jaga-jaga, ora bakal olèh omahé dibabah. 44 Awit saka iku, kowé uga padha rumantia, amarga Putraning Manungsa iku rawuh ing wayah kang ora koknyana." 45 "Sapa abdi kang setya lan pinter, kang tinanggenah déning bendarané nglurahi para kalèrèhané, kapasrahan nyadhongi pangan marang para kalèrèhané ing wektu kang katemtokaké? 46 Rahayu abdi kang nalika bendarané rawuh ketemu nindakaké mangkono. 47 Satemené Aku pitutur marang kowé, bendara iku bakal netepaké abdi mau mengku sabarang kagungané kabèh. 48 Nanging menawa abdi iku ala lan nggagas ing sajroning atiné, mangkéné: 49 Bendaraku nyumenékaké rawuhé, banjur wiwit nggitiki kanca-kancané padha déné abdi lan mangan ngombé bebarengan karo wong-wong kang dhemen mendem, 50 bendarané abdi iku mau nuli rawuh ing dina kang ora kanyana lan ing wayah kang ora disumurupi, 51 abdi mau bakal dipatèni sarta dipatrap padha karo para wong lamis. Ing kono bakal ana tangis lan keroting untu."
1 "Ing wektu iku bab Kratoning Swarga kaupamakaké kaya prawan sapuluh, kang njupuk lampuné tumuli mangkat methuk pangantèn lanang. 2 Lima saka kang sepuluh iku bodho, déné kang lima wicaksana. 3 Kang bodho mau nggawa lampuné ora nganggo nggawa lenga sèrepan, 4 déné kang wicaksana, nggawa lampu lan lenga ing wadhahé. 5 Nanging sarèhné pangantèné suwé ora teka-teka, prawan-prawan mau padha ngantuk lan banjur turu. 6 Bareng wayah tengah wengi ana wong alok-alok: Lah iku pengantèné! Padha pethukna! 7 Prawan-prawan mau padha tangi lan nata lampu-lampuné. 8 Prawan-prawan kang bodho banjur nembung marang kang wicaksana: Aku padha wènèhana lengamu sathithik, awit lampuku padha arep mati. 9 Nanging prawan-prawan kang wicaksana padha mangsuli klawan celathu: Aja, mbokmenawa ora nyukupi kanggo aku lan kowé. Aluwung padha lungaa menyang enggoné sing adol lan tukua kanggo awakmu dhéwé. 10 Nanging nalika lagi padha lunga arep tuku, pengantèné teka, lan kang wis miranti padha bareng pengantèné lumebu ing pahargyan, lawangé banjur dikancing. 11 Sawusé mangkono prawan-prawan liyané iya teka lan matur: Bendara, bendara, kawula nyuwun kori! 12 Nanging pangantèné mangsuli, tembungé: Satemené Aku pitutur marang kowé: Aku ora wanuh karo kowé. 13 Mulané padha melèka, awit kowé padha ora weruh iya dinané lan wayahé." 14 "Awit bab iku kayadéné wong kang arep lelungan marang ngamanca, banjur ngundangi abdi-abdiné, lan mitayakaké barang darbèké marang abdi-abdiné mau. 15 Marang kang siji bendara iku mènèhi limang talènta, marang sijiné rong talènta, lan marang sijiné manèh satalènta, siji lan sijiné miturut kabisané dhéwé, lan bendara mau banjur énggal mangkat. 16 Kang tampa limang talènta banjur lunga, laku dagang nganggo dhuwité iku lan olèh bathi limang talènta. 17 Mangkono uga kang tampa rong talènta iya olèh bathi rong talénta. 18 Nanging kang tampa satalènta iku lunga ndhudhuk lemah gawé luwangan, lan nyimpen dhuwité bendarané. 19 Sawusé watara lawas bendarané abdi-abdi mau teka, banjur étung-étungan karo abdi-abdiné. 20 Kang tampa limang talènta ngaturaké bebathèn limang talènta, klawan matur: Bendara, panjenengan mitadosaken gangsal talènta dhateng kula; lah punika kula angsal bathi gangsal talènta. 21 Bendarané kandha marang batur iku: Prayoga hé abdi kang becik lan tumemen; kowé wus tumemen tumrap prakara kang cilik, kowé bakal dakpitayani prakara kang gedhé; mara lumebua mèlu ngrasakaké kabungahané bendaramu. 22 Kang tampa rong talènta uga maju, klawan matur: Bendara, panjenengan mitadosaken kalih talènta dhateng kula; lah kula angsal bathi kalih talènta. 23 Bendarané kandha marang batur iku: Prayoga hé abdi kang becik lan tumemen; kowé wis tumemen tumrap prakara kang cilik, kowé bakal dakpitayani prakara kang gedhé; mara lumebua mèlu ngrasakaké kabungahané bendaramu. 24 Kang tampa satalènta uga banjur maju klawan matur: Bendara, kula ngertos, bilih panjenengan punika tiyang kereng ingkang ngenèni ing papan ingkang mboten panjenengan sebari lan ngempal-ngempalaken saking papan ingkang mboten panjenengan tanemi. 25 Mila kanthi ajrih, kula lajeng késah nyimpen talènta panjenengan ing salebeting siti. Lah mangga panjenengan tampèni punapa ingkang dados kagungan panjenengan! 26 Bendarané banjur mangsuli: Hé, abdi kang ala lan kesèd, kowé wis ngerti, yèn aku ngenèni ing papan kang ora daksebari lan ngumpul-ngumpulaké saka papan kang ora daktanduri. 27 Yèn mangkono, kowé kuduné masrahaké dhuwitku marang wong kang nglakokaké dhuwit, lan samangsa aku teka aku nampani bali, iku dalah saanakané. 28 Mulané talèntané iku jaluken, banjur wènèhna marang kang duwé sapuluh talènta iku. 29 Sabab sing sapa duwé, bakal kaparingan, lan bakal duwé nganti lubèr-lubèr. Nanging saka wong kang ora duwé, bakal kapundhutan sabarang darbèké kabèh. 30 Anadéné abdi kang tanpa guna iku uncalna menyang pepeteng kang peteng dhéwé. Ing kono bakal ana tangis lan keroting untu." 31 "Bésuk menawa Putraning Manungsa rawuh ngagem kamulyané lan sakèhing malaékat padha ndhèrèkaké, Panjenengané banjur lenggah ing dhampar kamulyané. 32 Sakèhing bangsa nuli bakal kaklumpukaké ana ing ngarsané lan Panjenengané bakal misah-misahaké bangsa-bangsa iku siji lan sijiné, kayadéné pangon anggoné misah-misahaké wedhus-gèmbèl karo wedhus-bérok, 33 lan pangon iku mapanaké wedhus gèmbèl ana ing tengené, déné wedhus jawa ana ing kiwané. 34 Tumuli Sang Nata bakal ngandika marang kang ana tengené: Hé, para kang binerkahan déning Ramaningsun, mara, padha tampanana warisan Kraton, kang wus kacawisaké marang sira wiwit dumadining jagat. 35 Awitdéné nalika Ingsun kerapan, sira nyaosi dhahar Ingsun; nalika Ingsun kasatan, sira nyaosi kang kanggo ngunjuk; nalika Ingsun neneka, sira nyaosi palereban; 36 nalika Ingsun kelukaran, sira ngagem-ngagemi Ingsun, nalika Ingsun gerah, sira niliki Ingsun; nalika Ingsun kinunjara, sira mara nemoni Ingsun. 37 Ing kono para wong kang lakuné bener iku bakal padha munjuk: Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan lajeng kawula nyaosi dhahar, utawi kasatan lajeng kawula nyaosi ngunjuk? 38 Kala punapa kawula sumerep Paduka neneka lajeng kawula nyaosi palereban, utawi kelukaran kawula agem-agemi? 39 Kala punapa kawula sumerep Paduka gerah utawi kinunjara, lajeng kawula marek manggihi Paduka? 40 Sang Nata bakal paring wangsulan, pangandikané marang wong-wong iku: Satemené Ingsun pitutur marang sira: Sepira kang sira tindakaké marang salah siji saka sedulur-seduluringsun kang cilik dhéwé iki, iku sira tindakaké kagem Ingsun. 41 Sawusé mangkono Panjenengané iya bakal ngandika marang kang ana ing kiwané: Hé wong kang padha kena ing laknat, sumingkira saka ing ngarsaningsun, menyang ing geni langgeng, kang wis kacawisaké kanggo Iblis lan para malaékaté. 42 Awit nalika Ingsun kerapan, sira ora nyaosi dhahar Ingsun; nalika Ingsun kasatan, sira ora nyaosi ngunjuk; 43 nalika Ingsun neneka, sira ora nampani Ingsun ing brayatira; nalika Ingsun kelukaran sira ora ngagem-agemi Ingsun; nalika Ingsun gerah lan ana ing kunjara, sira ora niliki Ingsun. 44 Ing kono wong-wong mau iya bakal padha mangsuli klawan munjuk: Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan, utawi kasatan, utawi neneka, utawi kelukaran utawi gerah, utawi kinunjara lan kawula mboten ngladosi Paduka? 45 Panjenengané banjur bakal mangsuli wong-wong mau klawan ngandika: Satemen-temené Ingsun pitutur marang sira, sepira kang ora sira tindakaké marang kang cilik dhéwé iki, iku iya ora sira tindakaké kagem Ingsun. 46 Anadéné wong-wong iku bakal padha lumebu ing paukuman langgeng, déné para wong kang lakuné bener bakal lumebu ing urip langgeng."
1 Sawisé Yésus mungkasi pangandikané kabèh iku mau, banjur ngandika marang para sakabaté, 2 "Kowé padha mangerti, yèn rong dina manèh nyandhak dinané riyaya Paskah, lan Putraning Manungsa bakal kaulungaké supaya kasalib." 3 Ing nalika samana para pangareping imam lan para pinituwaning bangsa padha nglumpuk ana ing padalemané Imam Agung kang asma Kayafas, 4 pirembugan bab anggoné arep nyekel Yésus kanthi paékan lan nyédani Panjenengané. 5 Nanging padha celathu, "Aja pinuju ing riyaya, supaya aja ndadèkaké gègèr ing satengahé umat." 6 Nalika Yésus ana ing Bétania, ana ing omahé Simon kang lara kusta iku, 7 ana wong wadon kang marek ing ngarsané Yésus, nggawa guci watu isi lenga jebad kang larang regané, banjur diesokaké ing mustakané Yésus, nalika lagi lenggah dhahar. 8 Nanging para sakabat bareng weruh padha muring-muring, pangucapé, "Apa karepé pangecèh-ecèh iku? 9 Sabab lenga iku rak kena didol payu larang, lan didanakaké marang wong-wong miskin." 10 Nanging Yésus pirsa, banjur ngandika marang para sakabat, "Yagéné kowé padha ngganggu-gawé wong wadon iki? Awit panggawé becik kang katandukaké marang Aku. 11 Wong-wong miskin iku salawasé ana ing kowé, nanging ora salawasé Aku ana ing kowé. 12 Amarga anggoné ngesokaké lenga ing awakku iku, kanggo nyawisaké anggonku bakal kakubur. 13 Sanyatané Aku pitutur marang kowé, ana ing ngendi baé Injil iki diwartakaké ing saindenging jagat, apa kang katindakaké iku bakal kacaritakaké uga minangka pangéling-éling marang wong wadon iku." 14 Sawisé iku salah sawijining sakabat rolas, kang jenengé Yudas Iskariot, marani para pangareping imam, 15 lan matur, "Panjenengan badhé maringi punapa dhateng kula, supados kula masrahaken tiyang punika dhateng panjenengan?" Para pangareping imam banjur ngulungaké telung puluh sèkel pérak marang Yudas. 16 Lan wiwit nalika iku Yudas golèk wektu kang cocog kanggo masrahaké Yésus. 17 Ing dina wiwitaning riyaya Roti Tanpa Ragi, para sakabat padha marek ing ngarsané Yésus lan matur, "Gusti ngersakaken wonten ing pundi anggèn kawula nyawisaken papan kagem dhahar Paskah?" 18 Panjenengané ngandika, "Padha menyanga kutha, menyang enggoné si Anu lan kandhaa: Dhawuhipun Guru: Wektuku wus cedhak, Aku arep mahargya Paskah karo para sakabatku ana ing omahmu." 19 Para sakabat banjur nindakaké kaya kang kadhawuhaké déning Yésus lan nyawisaké Paskah. 20 Bareng wus soré, Panjenengané lenggah dhahar bebarengan karo para sakabaté rolas. 21 Lan sajroné padha mangan, Panjenengané ngandika, "Satemené Aku pitutur marang kowé, yèn salah siji saka ing antaramu bakal ngiyanati Aku." 22 Para sakabat padha sedhih banget sarta wiwit padha munjuk mbaka siji genti-genti, "Rak sanès kawula, ta, Gusti?" 23 Déné minangka wangsulan, Panjenengané ngandika, "Sing bebarengan karo Aku nyelupaké tangan ing mangkok iki, iya iku kang bakal ngulungaké Aku. 24 Putraning Manungsa pancèn bakal jengkar, kaya kang katulis tumrap Panjenengané, nanging bilai wong kang awit saka pokal-gawéné Putraning Manungsa kaulungaké. Saupama wong iku ora kalairaké, iku luwih becik." 25 Yudas kang bakal ngulungaké Panjenengané banjur matur, "Rak sanès kawula, ta, Guru?" Panjenengané ngandika marang Yudas, "Kowé wus kandha dhéwé!" 26 Nalika padha mangan, Yésus mundhut roti, lan sawusé saos-sokur, banjur nyuwil-nyuwil roti iku sarta maringaké marang para sakabat lan ngandika, "Padha tampanana, panganen, iki badanku." 27 Panjenengané nuli mundhut tuwung lan sawusé saos-sokur banjur maringaké marang para sakabaté, pangandikané, "Padha ngombéa kabèh saka ing tuwung iki. 28 Sabab iki getihku, getihing prajanjian kang kawutahaké kanggo wong akèh, murih apuraning dosa. 29 Nanging Aku pitutur marang kowé: Wiwit saiki Aku ora bakal ngombé manèh pametuning wit anggur iki, nganti tekan wektuné Aku lan kowé padha ngombé kang anyar ana ing Kratoning Ramaku." 30 Sawisé padha ngunjukaké kidung pamuji, banjur padha mangkat menyang Gunung Zaitun. 31 Yésus banjur ngandika marang para sakabat, "Ing bengi iki kowé kabèh bakal padha kecuwan marga saka Aku. Sabab wis tinulis, mangkéné: Ingsun bakal nggebag juru pangoné lan wedhus-wedhusé ing pepanthané bakal kabuyaraké. 32 Nanging sawisé Aku tangi, Aku bakal ndhisiki kowé kabèh menyang Galiléa." 33 Pétrus tumuli matur marang Panjenengané, "Sanadyan sadaya sami kecuwan dhateng Gusti babar pisan kawula mboten badhé kecuwan." 34 Pangandikané Yésus marang Pétrus, "Satemené Aku pitutur marang kowé: Ing bengi iki, sadurungé jago kluruk, kowé bakal nyélaki Aku kaping telu." 35 Pétrus matur marang Panjenengané, "Sanadyan kawula kedah pejah sareng kaliyan Gusti, kawula mboten badhé nyélaki Gusti." Para sakabat kabèh iya padha matur kaya mangkono. 36 Yésus banjur tindak karo para sakabat menyang ing panggonan kang aran Gètsémani, lan Panjenengané ngandika marang para sakabat, "Padha linggiha ing kéné, sasuwéné Aku lunga mrana prelu ndedonga." 37 Panjenengané ngajak Pétrus lan anaké Zébédéus loro, Panjenengané banjur wiwit sungkawa ing galih lan gorèh. 38 Panjenengané nuli ngandika marang sakabat telu mau, "Atiku sedhih banget, nganti kaya arep tumeka ing pati. Padha tetepa ana ing kéné lan padha melèka ngancani Aku." 39 Panjenengané banjur tindak maju sethithik sumungkem wedanané lan ndedonga, klawan matur, "Dhuh, Rama Kawula, manawi kepareng, mugi tuwung punika sumingkira saking Kawula, nanging mboten awit saking pikajeng Kawula, nanging karana karsa Paduka." 40 Panjenengané banjur murugi sakabat mau lan padha ketemu turu. Panjenengané ngandika marang Pétrus, "Apa kowé padha ora kuwat melèk ngancani Aku sajam baé? 41 Padha melèka lan ndedongaa, supaya kowé aja kena ing panggodha. Roh iku pancèn cumadhang, nanging sipating manungsa iku ringkih." 42 Kang kaping pindhoné Panjenengané tindak manèh lan ndedonga, "Dhuh, Rama Kawula, manawi tuwung punika mboten saged sumingkir, kajawi Kawula ombé, lah kalampaha ing sakarsa Paduka." 43 Lan nalika Panjenengané wangsul manèh, para sakabat ketemu padha turu, sabab mripaté mbliyut. 44 Panjenengané banjur nilar para sakabaté manèh tindak ndedonga kaping teluné, pandongané padha kaya kang uwis. 45 Sawisé mangkono banjur murugi para sakabaté lan ngandika, "Apa kowé isih padha turu lan ngaso? Lah wis tekan wektuné Putraning Manungsa kaulungaké marang tanganing wong-wong dosa. 46 Padha tangia, payo padha lunga, kang ngulungaké Aku wus cedhak." 47 Nalika Yésus isih ngandika, Yudas, yaiku salah sawijining sakabat rolas, teka bebarengan karo wong golongan gedhé kongkonané para pangarepé imam lan para pinituwané bangsa, kanthi nggawa pedhang lan penthung. 48 Déné kang ngulungaké Panjenengané wis awèh tandha marang wong-wong mau klawan ngucap, "Kang bakal dakcucup, yaiku wongé, cekelen wong iku!" 49 Lan Yudas tumuli marek ing ngarsané Yésus sarta matur, "Ngaturaken salam, Rabbi," sarta nyucup Panjenengané. 50 Yésus tumuli ngandika marang Yudas, "Hé, kanca, prelumu apa kowé teka mréné?" Wong-wong mau banjur padha ngangseg lan nyepeng Panjenengané. 51 Salah siji saka kang padha ndhèrèk Yésus gumragèh tangané ngunus pedhangé lan nyabet abdiné Imam Agung, merung kupingé. 52 Yésus tumuli ngandika marang kang medhang iku, "Pedhangmu balèkna ing rangkané, awit kabèh wong kang olah-pedhang, bakal tiwas déning pedhang. 53 Utawa apa kokkira yèn Aku ora bisa nyuwun marang Ramaku lan Panjenengané sanalika bakal ngirimaké marang Aku malaékat luwih saka rolas legiun? 54 Yèn mangkono, banjur kepriyé anggoné katetepan tulisan-tulisan kang mratélakaké yèn pancèn kudu kalakon kaya mangkono iku?" 55 Ing nalika iku Yésus ngandika marang wong akèh mau, "Kowé padha teka arep nyekel Aku kok kaya ngadhepi bégal kanthi nganggo pedhang lan penthung? Mangka saben dina Aku linggih lan memulang ana ing Padaleman Suci lan kowé ora nyekel Aku. 56 Nanging kabèh iki kelakon supaya katetepan tulisan-tulisané para nabi." Para sakabat kabèh banjur padha ninggal Panjenengané lan padha lumayu sumingkir. 57 Para kang nyekel Yésus banjur ngirid Panjenengané menyang dalemé Imam Agung Kayafas. Ing kono para ahli Torèt lan para pinituwa wus padha nglumpuk. 58 Pétrus ngetutaké Panjenengané saka kadohan nganti tekan ing plataran dalemé Imam Agung, lan bareng wis mlebu banjur linggih ing antarané para abdi, arep nyumurupi kepriyé kedadéané prakara. 59 Para pangareping imam, malah sapepaké Pradata Agama padha golèk seksi palsu kang nglawan Yésus, supaya bisa nyédani Panjenengané, 60 nanging padha ora bisa nemu, sanadyan akèh seksi palsu kang padha maju. Wasana ana loro kang maju, 61 lan matur, "Tiyang punika naté cariyos: Aku bisa mbubrah Padalemané Allah lan bisa mbangun manèh sajroning telung dina." 62 Imam Agung banjur jumeneng lan ngandika marang Panjenengané, "Apa kowé ora mangsuli apa-apa marang pandakwané seksi-seksi iki?" 63 Nanging Yésus kèndel baé. Imam Agung banjur ngandika marang Panjenengané, "Demi Allah kang asipat gesang, kowé kandhaa marang aku kabèh, apa kowé iku Kristus, Putraning Allah?" 64 Yésus ngandika marang Imam Agung, "Kowé wus nyebutaké. Éwasamana Aku pitutur marang kowé kabèh: Wiwit saiki kowé padha ndeleng Putraning Manungsa lenggah ing satengené Kang Mahakwasa lan rawuh nitih méganing langit." 65 Ing kono Imam Agung banjur nyuwèk pangagemané lan ngandika, "Wong iki ngucapaké panyenyamah. Yagéné kita kok isih mbutuhaké seksi-seksi? Lah sapunika panjenengan sampun mireng anggènipun nyenyamah. 66 Kadospundi panimbang panjenengan?" Wong-wong padha mangsuli klawan celathu, "Tiyang punika kedah kaukum pejah." 67 Banjur padha ngidoni pasuryané lan njotosi Panjenengané; déné liyané napuki. 68 kanthi ngucap: "Hé, Kristus, coba kandhakna marang aku kabèh, sapa kang napuk kowé?" 69 Nalika samana Pétrus linggih ana ing jaba, ana ing plataran. Banjur ana sawijining abdi wadon kang nekani lan alok, "Sampéyan inggih tumut kaliyan Yésus, tiyang Galiléa niku?" 70 Nanging Pétrus sélak ana ing ngarepé wong kabèh, pangucapé, "Kula mboten ngerti sampéyan niku kandha napa." 71 Bareng dhèwèké menyang ing régol, ana abdi liyané kang weruh, banjur kandha karo wong-wong kang ana ing kono, "Wong iki iya mèlu Yésus, wong Nasarèt iku." 72 Nanging Pétrus sélak manèh kanthi sumpah, "Kula mboten wanuh kalih tiyang niku." 73 Ora let suwé wong-wong sing padha ngadeg ana kono padha marani Pétrus lan celathu, "Satemen-temené kowé iya panunggalané wong iku, omonganmu kanthi cetha mratélakaké kowé iku sapa." 74 Pétrus banjur wiwit nyupatani awaké dhéwé lan sumpah, "Kula mboten wanuh kalih tiyang niku." Ing nalika iku uga banjur ana jago kluruk. 75 Pétrus nuli kèlingan pangandikané Yésus marang dhèwèké, " Sadurungé jago kluruk, kowé wus nyélaki Aku ping telu." Mulané banjur metu lan nangis kelara-lara.
1 Bareng wis ésuk, pangareping imam kabèh lan pinituwaning bangsa padha nglumpuk lan gawé keputusan tumrap Yésus nedya nyédani Panjenengané. 2 Lan sawisé mbanda Panjenengané, wong-wong iku banjur ngirid Panjenengané lan masrahaké marang Pilatus, Gubernur ing wilayah kono. 3 Nalika Yudas, sakabat kang ngulungaké iku weruh Panjenengané bakal kasédanan, temah kanthi keduwung, banjur mbalèkaké dhuwit telung puluh sèkel pérak marang para pangarepé imam lan pinituwa, 4 kalawan matur, "Kula damel dosa, kanthi ngulungaken rah resik." Nanging wong-wong iku padha mangsuli, "Apa urusané iku karo aku sakkanca? Mesthiné kowé dhéwé kang ngrampungi prekara iku!" 5 Lan karo nguncalaké dhuwité iku ana sajroning Padaleman Suci, Yudas sumingkir saka kono lan nggantung. 6 Para pangareping imam padha njupuki dhuwit mau lan padha kandha, "Dhuwit iki ora kena kalebokaké ing pethi pisungsung, sabab iki dhuwit getih." 7 Sawisé padha rembugan banjur tuku palemahané kundhi nganggo dhuwit iku minangka pakuburané wong-wong manca. 8 Mulané palemahan mau sapréné diarani: Palemahan Getih. 9 Kang mangkono iku dadi wus katetepan pangandika lantaran Yérémia kang dhawuh, "Padha nampani dhuwit telung puluh sèkel pérak, yaiku ajiné wong manut katetepaning rega ing satengahé bani Israèl, 10 lan dhuwit mau banjur katukokaké palemahané kundhi, kaya anggoné Pangéran dhawuh marang aku." 11 Yésus banjur kaadhepaké ing ngarsané gubernur, lan gubernur nuli ndangu Panjenengané klawan ngandika, "Punapa panjenengan rajanipun tiyang Yahudi?" Yésus ngandika, "Panjenengan piyambak mastani makaten." 12 Déné tumrap panggugat marang Panjenengané déning para pangarepé imam lan para pinituwa, Panjenengané ora paring wangsulan apa-apa. 13 Pilatus banjur ngandika marang Panjenengané, "Punapa Panjenengan mboten mirengaken gugatanipun para seksi ingkang samanten kathahipun punika?" 14 Panjenengané ora paring wangsulan, nganti ndadèkaké gumuné Pilatus. 15 Anadéné ing saben mangsa riyaya, adaté gubernur nglilani luwaré tawanan siji kang dikarepaké wong akèh. 16 Mangka ing nalika iku ana wong siji kang kawentar alané, jenengé (Yésus) Barabbas. 17 Sarèhné wong-wong wus padha nglumpuk, Pilatus ngandika marang wong-wong iku, "Sapa sing kokkarepaké supaya dakluwari, (Yésus) Barabbas, apa Yésus kang kasebut Kristus?" 18 Sabab Pilatus wus pirsa, yèn wong-wong iku padha masrahaké Panjenengané awit saka drengkining ati. 19 Nalika Panjenengané lagi lenggah ing kursi pangadilan, garwané utusan matur, "Sampun ngantos panjenengan tumut-tumut ing prekawisipun tiyang mursid punika, awit wau dalu damel sisah kula salebetipun ngimpi karana Panjenenganipun." 20 Nanging para pangarepé imam lan para pinituwa, padha ngojok-ojoki wong golongan supaya nyuwun Barabbas kaluwarana lan Yésus diukum pati. 21 Gubernur banjur mangsuli lan ngandika marang wong golongan iku, "Saka ing antarané wong loro iku sapa kang kokkarepaké supaya dakluwari?" Wong golongan tumuli matur, "Barabbas!" 22 Pilatus ndangu manèh, "Yèn mangkono apa kang kudu daktindakaké tumrap Yésus kang kasebut Kristus iku?" Kabèh padha matur, "Tiyang punika kasaliba!" 23 Éwadéné Pilatus ngandika, "Iku awit saka kadurakan apa kang wus katindakaké?" Nanging wong golongan iku sangsaya seru pambengoké, tembungé, "Tiyang punika kasaliba!" 24 Bareng Pilatus pirsa, yèn pambudidayané bakal tanpa guna, nanging malah wiwit gègèran, panjenengané tumuli mundhut banyu sarta wijik asta ana ing ngarepé wong golongan iku karo ngandika, "Aku ora kaluputan tumrap getihé wong iki; padha rampungana dhéwé!" 25 Lan wong kabèh padha mangsuli klawan matur, "Rahipun dhumawaha ing kawula lan anak-anak kawula." 26 Pilatus banjur ngluwari Barabas nuruti karebé wong akèh iku, lan sawisé nindakaké paukuman sapu marang Yésus, panjenengané banjur masrahaké Yésus supaya kasalib. 27 Para prajurité gubernur banjur ngirid Yésus mlebu ing gedhong pangadilan lan nglumpukaké prajurit sabataliyon wutuh ngepung Panjenengané. 28 Lan sawusé ngrucat jubah agemané, para prajurit iku banjur ngagemaké jubah wungu marang Panjenengané, 29 sarta padha nganam makutha eri diagemaké ing mustakané, apadéné ing astané tengen dicepengi glagah. Tumuli padha jèngkèng ana ing ngarsané kambi moyoki, pangucapé, "Ngaturaken salam bekti, dhuh Rajanipun tiyang Yahudi!" 30 Lan karo ngidoni Panjenengané, banjur padha njupuk glagahé iku mau sarta kagebagaké ing mustakané. 31 Sawusé padha moyoki Panjenengané, tumuli padha ngrucat jubahé lan ngagemaké pangagemané piyambak, banjur nglarak Panjenengané metu arep disalib. 32 Nalika padha lumaku metu menyang njaban kutha, kepethuk wong saka ing Kiréné, jenengé Simon. Para prajurit meksa wong iku supaya manggul salibé Yésus. 33 Lakuné banjur tekan ing panggonan kang aran Golgota, tegesé pacumplungan. 34 Padha nyaosi ngunjuk Panjenengané anggur kang dicampur rempelu; lan bareng ngedhapi, Panjenengané ora karsa ngunjuk. 35 Sawisé padha nyalib Panjenengané, para prajurit banjur padha ngedum-edum pangagemané sarana dilotré. 36 Para prajurit nuli padha lungguh, njaga Panjenengané. 37 Sarta padha masang pandakwa bab kaluputané Panjenengané sarana tulisan ana ing sandhuwuré mustakané, uniné, "Iki Yésus rajané wong Yahudi." 38 Nalika samana ana bégal loro kasalib bareng karo Panjenengané, siji ana ing tengen, sijiné ana ing kiwa. 39 Anadéné wong-wong kang padha liwat, padha ngala-ala marang Yésus, kambi gèdhèg-gèdhèg 40 lan padha ngucap, "Hé, kowé, kang arep mbubrah Padaleman Suci lan mbangun sajroné telung dina, luwarana awakmu dhéwé: Déné menawa kowé iku Putrané Allah, mudhuna saka ing salib!" 41 Mangkono uga para pangarepé imam padha moyoki bareng karo para ahli Torèt sarta para pinituwa, pangucapé, 42 "Wong iku wis nylametaké wong liya, nanging nylametaké awaké dhéwé ora bisa! Menawa wong iku rajané Israèl, saiki karebèn mudhun saka ing salib lan aku bakal padha pracaya. 43 Wong iku wis kumandel marang Allah, déné saiki karebèn Allah sing nylametaké, yèn pancèn Allah kepareng ing penggalih, sabab wong iku rak wus kandha: Aku iku Putrané Allah." 44 Dalah bégal-bégal kang bareng disalib iya ngala-ala Panjenengané mangkono. 45 Wiwit jam rolas nganti tekan jam telu ana pepeteng kang nglimputi satanah kabèh. 46 Kira-kira jam telu, Yésus nywanten sora, "Éli, Éli, lama sabakhtani?" Tegesé: Dhuh Allah Kawula, Allah Kawula, punapaa déné Paduka nilar Kawula? 47 Krungu kang mangkono iku wong sawatara kang padha ngadeg ana ing kono padha ngucap, "Wong iki ngundang Élia." 48 Sanalika ana wong siji saka antarané wong-wong iku mlayu, njupuk jamur karang, lan sawisé dicelupaké anggur kecut, diubetaké ing glagah banjur kacaosaké Panjenengané supaya kaunjuk. 49 Nanging wong-wong liyané padha ngucap, "Wis ta enengna baé, kita arep padha weruh, apa Élia rawuh nylametaké wong kuwi." 50 Yésus banjur nywanten sora, nuli masrahaké nyawané. 51 Ing kono geberé Padaleman Suci suwèk dadi loro wiwit saka ndhuwur nganti tekan ngisor, lan ana lindhu, sarta parang-parang padha bengkah, 52 apadéné kubur-kubur padha menga, lan akèh para suci kang wus padha mati, padha katangèkaké. 53 Bareng wis padha metu saka ing kubur, lan sawisé wunguné Panjenengané, para suci kang katangèkaké iku padha lumebu ing kutha suci sarta padha ngaton marang wong akèh. 54 Panggedhéning prajurit lan para kang njaga Yésus bebarengan padha ngrasakaké lindhu lan nyipati apa kang wus kelakon, padha banget wediné, lan padha ngucap mangkéné, "Sanyata Panjenengané iku Putraning Allah." 55 Ing kono ana wong wadon akèh kang padha ngawasaké saka kadohan, yaiku wong-wong wadon kang padha ndhèrèkaké Yésus saka ing Galiléa prelu ngladosi Panjenengané. 56 Ing antarané yaiku: Maria Magdaléna, lan Maria ibuné Yakobus lan Yusuf, sarta ibuné anak-anaké Zébédéus. 57 Bareng soré ana wong sugih teka saka Arimatéa, jenengé Yusuf, kang uga wus dadi muridé Yésus, 58 wong iku séba ing ngarsané Pilatus nyuwun layoné Yésus. Pilatus banjur dhawuh maringaké marang wong mau. 59 Bareng Yusuf wis njupuk layoné, tumuli ngulesi layon iku nganggo mori putih kang resik, 60 lan banjur nyarèkaké layon iku ana ing pakuburané kang anyar, kang tinatah ana ing padhas, lan sawisé ngglundungaké watu gedhé ana ing lawangé pasaréan, nuli mulih. 61 Maria Magdaléna lan Maria sijiné padha ana ing kono padha linggih ing ngarep pasaréan. 62 Ésuké, yaiku sawisé dina pacawisan, para pangareping imam lan para Farisi padha nglumpuk ing ngarsané Pilatus 63 lan padha matur, "Tuwan, kula sami ènget, bilih juru panasaran punika nalika taksih gesang, cariyos makaten: Sawisé telung dina Aku bakal tangi. 64 Awit saking punika, mugi panjenengan ndhawuhaken, supados kuburipun kajagi ngantos dumugi tigang dintenipun. Manawi mboten mekaten, saged ugi para sakabatipun lajeng dhateng mandung Piyambakipun, nunten cariyos dhateng tiyang kathah, "Panjenengané wus wungu saka ing antarané wong mati, satemah juru panasaran ingkang kantun badhé langkung awon katimbang ingkang rumiyin." 65 Pangandikané Pilatus marang wong-wong mau, "Kowé padha daklilani nggawa prajurit, padha mangkata, padha jaganen kaya kang kokkarepaké." 66 Sawisé padha mangkat, wong-wong iku padha njaga pasaréan, sarta kabantu déning para prajurit nyègel watuné.
1 Bareng dina Sabat wis kliwat, ing wayah bangun ésuk, ngarepaké dina kapisan ing minggu iku, Maria Magdaléna karo Maria sijiné padha lunga niliki pasaréan. 2 Lah tumuli ana lindhu gedhé, awit ana malaékating Pangéran tumedhak saka langit lan nyelak ngglundhungaké watuné, nuli dilenggahi. 3 Pasuryané katon kaya kilat, pangagemané putih kaya salju. 4 Awit saka wediné marang malaékat, sing padha jaga gumeter wedi banget nganti kaya wong mati. 5 Ananging malaékat mau ngandika marang wong-wong wadon iku, "Kowé aja padha wedi, sabab aku ngerti, kowé padha nggolèki Yésus kang disalib iku. 6 Panjenengané ora ana ing kéné, awit wis wungu, kaya kang wus kapangandikakaké. Padha mrénéa, delengen papan panggonané sumaré. 7 Lan diénggal padha lungaa sarta kandhakna marang para sakabaté, yèn Panjenengané wis wungu saka ing antarané wong mati lan mangertia, Panjenengané ndhisiki kowé tindak menyang Galiléa. Ana ing kana, kowé bakal padha ndeleng Panjenengané. Lah mangertia, Aku wis tutur marang kowé." 8 Wong-wong wadon iku banjur énggal-énggal padha lunga saka ing pasaréan klawan wedi lan kanthi kabungahan gedhé, padha lumayu arep awèh warta marang para sakabaté Yésus. 9 Lah sanalika Yésus methukaké wong-wong wadon iku lan ngandika, "Bagéa!" banjur padha nyedhaki Panjenengané lan nyandhak sampéyané sarta nyembah Panjenengané. 10 Yésus tumuli ngandika marang wong-wong wadon iku, "Aja padha wedi. Padha lungaa, awèh pawarta marang sadulur-sadulurku supaya padha menyang Galiléa, ana ing kana bakal padha ndeleng Aku." 11 Nalika wong-wong wadon iku padha mangkat, lah wong sawatara sing padha njaga padha lumebu ing kutha, ngaturi pawarta marang para pangarepé imam, bab kabèh kang kalakon. 12 Lan sawusé ngumpul karo para pinituwa sarta gawé putusan, banjur padha mènèhi dhuwit akèh marang para prajurit, 13 sarta dhawuhé, "Kowé padha kandhaa mangkéné, 'Ing wayah bengi para sakabaté padha teka nyolong layoné, nalika aku padha turu.' 14 Déné menawa prekara iki kapireng déning gubernur, aku bakal padha matur panjenengané, supaya kowé ora nemu reruwed." 15 Bareng wis padha nampani dhuwité, para prajurit banjur padha nglakoni kaya anggoné padha kawarah. Lan carita iku sumebar ana ing antarané wong Yahudi nganti sapréné. 16 Para sakabat sawelas nuli padha mangkat menyang Galiléa, menyang gunung kang wus kadhawuhaké Yésus marang para sakabat mau. 17 Bareng padha ndeleng Panjenengané banjur padha sujud, nanging sakabat sawatara padha mangu-mangu. 18 Yésus banjur nyelaki para sakabat lan ngandika, "Sakèhé pangwasa ana ing swarga lan ing bumi wis kaparingaké marang Aku. 19 Mulané padha lungaa, sakèhing bangsa padha dadèkna muridku, klawan dibaptisi ing asmané Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci, 20 lan padha diwulanga netepi sabarang kang wis dakdhawuhaké marang kowé kabèh. Lah, Aku nunggal karo kowé ing sadina-dina, nganti tumeka ing wekasaning jaman."
1 Iki wiwitaning Injilé Yésus Kristus, Putrané Allah. 2 Kaya kang wis katulis ana ing kitabé Nabi Yésaya, "Lah, Ingsun ngutus utusaningsun ana ing ngarsanira, kang bakal nyawisaké marginira; 3 ana swarané wong kang nywara sora ana ing pasamunan: Padha nyawisna margining Pangéran, lencengna lurung-lurungé." 4 Mangkono Yohanes Pambaptis rawuhé ana ing pasamunan sarta ngundhangaké baptising pitobat murih apuraning dosa. 5 Wong saisiné wilayah Yudéa kabèh lan sakèhé wong kang manggon ing Yérusalèm, padha sowan panjenengané sarta padha dibaptisi ana ing Kali Yordan kalawan padha ngakoni dosané. 6 Yohanes ngagem ageman wulu unta lan ing lambungé ngagem sabuk lulang, apadéné dhaharané walang lan madu alas. 7 Déné panjenengané iku ngundhangaké pawarta klawan ngandika, "Ing sapungkurku, Panjenengané kang luwih kwasa tinimbang aku rawuh; tumungkul nguculi talining trumpahé baé aku ora pantes. 8 Aku mbaptis kowé sarana banyu, nanging Panjenengané iku bakal mbaptis kowé sarana Roh Suci." 9 Nalika samana Yésus rawuh saka Nasarèt ing wilayah Galiléa, lan Panjenengané banjur dibaptis déning Yohanes ana ing Kali Yordan. 10 Bareng Panjenengané mentas saka ing banyu, sanalika pirsa langit piyak, sarta Roh kang pindha manuk dara nedhaki Panjenengané. 11 Nuli ana swara saka swarga, "Sira iku Putraningsun kang kinasih, kang ndadèkaké renaning galihingsun." 12 Sawisé iku, Roh tumuli nuntun Panjenengané menyang pasamunan. 13 Sajroné patang puluh dina, Panjenengané ana ing kono kagodha déning Iblis. Pamanggèné sesarengan karo kéwan alas, déné malaékat-malaékat padha ngladosi. 14 Sawisé Yohanes katangkep, Yésus rawuh ing Galiléa, nggelaraké Injilé Allah, 15 lan ngandika, "Wis tekan waktuné, Kratoné Allah wis cedhak, padha mratobata, lan pracayaa marang Injil!" 16 Nalika pinuju tindak urut pinggiré Tlaga Galiléa, Yésus pirsa Simon karo Andréas saduluré Simon, lagi padha nibakaké jala ing tlaga, amarga wong iku padha tukang golèk iwak. 17 Yésus banjur ngandika marang wong-wong iku, "Ayo, padha mèlua Aku. Aku bakal ndadèkaké kowé tukang golèk wong." 18 Sanalika banjur padha ninggal jalané, ndhèrèkaké Panjenengané. 19 Bareng nglajengaké tindak sawatara, Panjenengané pirsa Yakobus anaké Zébédéus lan Yohanes saduluré, lagi padha ana ing prau ndandani jalané. 20 Panjenengané banjur nimbali wong-wong iku, lan tumuli padha ninggal Zébédéus, bapakné, ana ing prau karo para buruhé, lan padha ngetut-buri Panjenengané. 21 Yésus lan para sakabaté banjur padha tekan ing Kapèrnaum. Bareng dina Sabat, Panjenengané énggal-énggal mlebet ing papan pangibadah sarta memulang. 22 Wong-wong padha gumun banget marang piwulangé, awit Panjenengané iku maringaké piwulang kayadéné kang kagungan pangwasa, lan ora kaya para ahli Torèt. 23 Ing papan pangibadah kono, dumadakan ana wong kang kepanjingan roh jahat, lan bengok-bengok, 24 "Punapa prekawis kawula sadaya kaliyan Panjenengan, dhuh Yésus saking Nasarèt! Panjenengan rawuh punika punapa badhé numpes kawula? Kawula ngertos Panjenengan punika sinten: Inggih Panjenenganipun ingkang suci, pinangkanipun saking Allah." 25 Nanging Yésus tumuli ndukani roh jahat iku klawan ngandika, "Menenga, metua saka wong iku!" 26 Roh jahat iku ngontang-antingaké wong mau sarta njerit kanthi swara sora banjur metu saka wong mau. 27 Wong kabèh padha gumun, temah padha takon-tinakon, kalawan ngucap, "Apa ta iki? Piwulang anyar mawa pangwasa. Apadéné paring dhawuh marang roh-roh jahat lan iku iya padha manut marang Panjenengané." 28 Pawarta bab Panjenengané banjur sumebar ing endi-endi nyrambahi wilayah Galiléa kabèh. 29 Lan sawisé medal saka ing papan pangibadah, Yésus karo Yakobus lan Yohanes banjur énggal-énggal tindak menyang omahé Simon lan Andréas. 30 Ibuné maratuwa Simon nggléthak nandhang lara panas. Para sakabat mau tumuli padha matur marang Panjenengané bab kang lara iku. 31 Panjenengané nuli nyelaki ibu mau, sarta nangèkaké klawan narik tangané; lan panasé tumuli ilang, banjur ngladèni tamu-tamuné. 32 Bareng soré, nalika srengéngé wus surup, wong-wong padha nggawa sakèhé wong kang padha nandhang lara lan kesurupan sétan kaaturaké marang Panjenengané. 33 Wong sakutha kabèh padha uyel-uyelan ngumpul ana ing ngarep lawang. 34 Panjenengané banjur nyarasaké wong akèh kang padha nandhang lara warna-warna sarta nundhungi sétan akèh; lan Panjenengané ora marengaké sétan-sétané padha kandha-kandha, awit wis padha wanuh marang Panjenengané. 35 Ésuk umun-umun, nalika isih peteng, Panjenengané wungu banjur miyos, tumuli tindak menyang papan kang sepi lan ndedonga ana ing kono. 36 Simon lan sakancané padha nusul nggolèki Panjenengané. 37 Bareng wis ketemu Panjenengané, banjur padha matur, "Tiyang sadaya sami madosi Panjenengan." 38 Panjenengané paring wangsulan marang Simon sakancané, "Ayo padha menyang panggonan-panggonan liyané, menyang kutha-kutha sakiwa-tengené kéné supaya Aku iya nggelaraké piwulang ana ing kono, awit iya iku preluné anggonku rawuh ing donya." 39 Panjenengané banjur nggelaraké piwulang ing sawilayah Galiléa kabèh, ana ing papan-papan pangibadahé wong-wong ing kono sarta nundhungi sétan-sétan. 40 Ana wong kang nandhang lara kusta sowan ing ngarsané Yésus nyuwun pitulungan marang Panjenengané kalawan jèngkèng, matur, "Manawi Panjenengan karsa, Panjenengan saged mbirat najis kawula." 41 Karana trenyuh déning welasé, Panjenengané mulung astané lan ndemèk wong mau sarta ngandika, "Aku karsa, birata najismu!" 42 Sanalika kustané ilang, temahan wong iku birat najisé. 43 Panjenengané banjur énggal ndhawuhi wong iku sumingkir lan diwanti-wanti kanthi pangandika, 44 "Kowé aja nganti kandha-kandha apa baé marang sapa baé, nanging lungaa, tuduhna awakmu dhéwé marang imam, sarta nyaosna kurban, kaya kang wis kadhawuhaké déning Musa kanggo pasucèné awakmu, minangka paseksi marang wong-wong." 45 Éwadéné sapungkuré saka kono, wong mau wiwit martak-martakaké lan nyebar-nyebaraké lelakon mau menyang ngendi-endi, satemah Panjenengané ora bisa lumebet ing kutha kanthi terang-terangan, nanging lereb ana ing njaba, ing panggonan-panggonan kang sepi, lan wong saka ing endi-endi padha terus marani marek ing ngarsané.
1 Let sawatara dina, sawisé Panjenengané rawuh manèh ing Kapèrnaum, wong-wong wus padha krungu wartané yèn Panjenengané ana ing dalem. 2 Banjur akèh wong kang padha teka nglumpuk nganti ora ana enggon manèh, dalah ing ngarep lawang baé iya ora ana; lan Panjenengané banjur medhar pangandika marang kang padha nglumpuk iku. 3 Ana wong-wong teka karo nggawa wong lumpuh, digotong wong papat, disowanaké marang Panjenengané. 4 Sarèhné padha ora bisa nggawa marang ngarsané Panjenengané marga anané wong golongan, wong-wong iku padha mbukak payon ing sandhuwuré Panjenengané; lan sawusé mbukak payon, wong-wong iku banjur ngudhunaké paturon panggonané kang lumpuh iku nggléthak. 5 Bareng Yésus nguningani pangandelé wong-wong mau, banjur ngandika marang kang lumpuh, "Nggèr, dosa-dosamu wus kaapura!" 6 Nanging ana ahli Torèt sawatara kang padha lungguh ana ing kono, lan iku padha mikir, 7 "Yagéné wong iku kok kandha mangkono? Wong iku nyenyamah marang Allah. Sapa kang kwasa ngapura dosa kajaba mung Allah piyambak?" 8 Sarèhné panggalihé Yésus pirsa yèn kaya mangkono iku anggoné padha mikir, Panjenengané banjur ngandika marang para ahli Torèt iku, "Yagéné kowé padha duwé pikiran kang kaya mangkono ing sajroning atimu? 9 Endi kang luwih gampang, kandha marang kang lumpuh iku: Dosamu wus kaapura, apa kandha: Tangia, paturonmu angkaten lan lumakua? 10 Nanging supaya kowé padha ngerti, yèn Putrané Manungsa iku duwé pangwasa kanggo ngapura dosa ing bumi," -- Panjenengané banjur ngandika marang kang lumpuh, -- 11 "Aku kandha marang kowé, ngadega, paturonmu angkaten lan muliha menyang omahmu!" 12 Kang lumpuh iku banjur ngadeg, tumuli ngangkat paturoné sarta sumingkir liwat ing sangarepé wong-wong, nganti wong kabèh padha kaéraman lan banjur ngluhuraké Allah, klawan padha ngucap, "Kang kaya mangkono iku kita padha durung tau weruh." 13 Yésus banjur tindak manèh menyang pinggir tlaga; lan wong golongan iku kabèh padha sowan ing ngarsané. Panjenengané banjur memulang marang wong-wong iku. 14 Bareng langkung ing kono, Panjenengané pirsa Lèwi anaké Alféus lungguh ana ing kantor pajeg. Panjenengané banjur ngandika marang Lèwi, "Mèlua Aku!" Lèwi tumuli ngadeg lan ndhèrèkaké Panjenengané. 15 Kacarita Panjenengané dhahar ana ing omahé Lèwi; akèh juru-tagih-pajeg lan wong dosa padha mangan bareng karo Yésus lan para sakabaté, sabab pancèn ana wong akèh kang padha ndhèrèkaké Panjenengané. 16 Para ahli Torèt saka golongan Farisi bareng weruh yèn Panjenengané dhahar karo wong-wong dosa lan para juru-tagih-pajeg, banjur padha kandha marang para sakabaté, "Yagéné wong iku kok mangan awor karo para juru-tagih-pajeg lan wong-wong dosa?" 17 Bareng Yésus midhanget, Panjenengané banjur ngandika marang para ahli Torèt iku, "Wong-wong waras ora mbutuhaké dhokter, nanging wong-wong lara iku kang mbutuhaké. Aku teka ora supaya ngundang wong-wong kang mursid, nanging supaya ngundang wong-wong dosa." 18 Nalika para sakabaté Yohanes lan para Farisi pinuju padha pasa; padha sowan sarta matur marang Panjenengané, "Sabab punapa déné para sakabatipun Yohanes lan murid-muridipun para Farisi sami siyam, nanging sakabat-sakabat Panjenengan kok sami mboten siyam?" 19 Yésus ngandika marang wong-wong mau, "Rak ora bisa ta tamu-tamu kang mahargya pangantèn padha pasa, nalika pangantèn lanang isih lungguhan bareng karo para tamu? Sasuwéné isih nyandhing pangantèn lanang, tamu-tamu ora kena pasa. 20 Nanging bakal tumeka ing waktu, nalika pangantèn kabedhol saka ing antarané para tamu, lan ing waktu iku wong-wong iku bakal padha pasa. 21 Ora ana wong nambalaké potongan kain anyar kang durung mengkered marang sandhangan lawas; déné menawa mangkono tambalané kain anyar mau bakal nyuwèkaké, kang anyar nyuwèk kang lawas, lan suwèké dadi luwih banget. 22 Lan ora ana wong ngisèkaké anggur anyar ing kanthong kulit lawas; awit menawa mangkono angguré bakal ngrusak kanthongé, satemah dadia angguré apadéné kanthongé bakal dadi rusak lan muspra; nanging anggur anyar kuduné diwadhahi ing kanthong kulit kang anyar." 23 Kacarita ing sawijiné dina Sabat, Yésus tindak langkung pategalan gandum; lan para sakabaté padha methiki wulèn gandum. 24 Wong-wong Farisi banjur padha matur marang Panjenengané, "Panjenengan pirsani, sabab punapa tiyang-tiyang punika sami nindakaken padamelan ingkang mboten dipun parengaken ing dinten Sabat?" 25 Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong Farisi iku, "Apa kowé padha ora tau maca apa kang katindakaké déning Daud lan para pandhèrèké, nalika ngalami kekurangan lan kaluwèn, 26 kepriyé anggoné padha mlebu ing Padalemané Allah, nalika jamané imam agung Abyatar lan dhahar roti caosan -- kang ora pareng dipangan kejaba mung déning para imam -- lan iya maringaké roti iku marang para pandhèrèké?" 27 Apadéné Panjenengané ngandika marang wong-wong Farisi, "Dina Sabat iku dianakaké kanggo manungsa, ora kok manungsa kanggo dina Sabat; 28 mula, Putrané Manungsa iku malah iya Gustiné dina Sabat."
1 Yésus banjur mlebet manèh ing papan pangibadah. Ing kono ana wong kang tangané mati sasisih. 2 Wong-wong padha ngawasaké Panjenengané apa iya arep marasaké wong iku ing dina Sabat, supaya bisa padha nggugat Panjenengané. 3 Panjenengané banjur ngandika marang wong kang tangané mati sasisih iku, "Mara, ngadega ing tengah kéné!" 4 Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong kang padha ngawasaké iku, "Ing dina Sabat iku wong diparengaké nindakaké kabecikan apa nindakaké piala, nylametaké nyawa apa matèni?" Nanging wong-wong iku padha meneng baé. 5 Panjenengané tumuli mirsani wong-wong ing sakiwa-tengené kalawan duka lan kanthi sekel ing galih karana wangkoting atiné. Panjenengané ngandika marang kang tangané mati sasisih iku, "Tanganmu athungna!" Wong iku banjur ngathung, lan tangané wus kapulihaké. 6 Wong-wong Farisi iku, bareng wus padha metu, nuli padha sekongkelan karo para golongané Hérodès gawé rancangan, kepriyé bisané nyédani Panjenengané. 7 Yésus lan para sakabaté banjur sumingkir tindak menyang tlaga; sarta kumpulaning wong akèh cacahé saka Galiléa padha ndhèrèkaké, samono uga saka Yudéa, 8 saka Yérusalèm, saka Iduméa lan sabrangé Yordan, apadéné saka wilayahé Tirus lan Sidon. Kumpulaning wong kang akèh cacahé iku padha sowan ing ngarsané, marga wus padha krungu bab samubarang kang katindakaké déning Panjenengané. 9 Panjenengané banjur dhawuh marang para sakabaté supaya nyawisaké prau kagem Panjenengané marga anané wong golongan, supaya wong golongan iku ora ngesuk-esuk Panjenengané. 10 Amarga Panjenengané wus nyarasaké wong akèh, mula sakèhé wong kang nandhang lelara padha dhesek-dhesekan ngangseg nyedhak, murih bisané ndemok Panjenengané. 11 Roh-roh jahat iku saben-saben ndeleng Panjenengané, banjur padha sujud ana ing ngarsané sarta ngucap klawan sora, "Panjenengan punika Putranipun Allah!" 12 Nanging kanthi wanti-wanti Panjenengané menging roh-roh jahat supaya ora padha ngandhakaké bab Panjenengané. 13 Yésus tumuli minggah ing gunung sarta nimbali wong-wong kang dikarsakaké lan wong-wong iku padha sowan ing ngarsané. 14 Panjenengané netepaké wong rolas, kang kasebut rasul-rasul déning Panjenengané, supaya ndhèrèkaké tindaké, lan kautus nggelaraké Injil, 15 sarta padha diparingi pangwasa nundhungi sétan. 16 Panjenengané netepaké wong rolas iku, yaiku: Simon, kang diparingi jeneng Pétrus, 17 lan Yakobus, anaké Zébédéus, lan Yohanes saduluré Yakobus, lan Panjenengané maringi jeneng marang karo-karoné Boanèrges, kang tegesé anaking gludhug, 18 sarta Andréas, Filipus, Bartoloméus, Matius, Tomas, Yakobus anaké Alféus, Tadéus, Simon golongané wong Zélot, 19 apadéné Yudas Iskariot, kang ngiyanati Panjenengané. 20 Yésus tumuli mlebet ing sawijining omah, lah wong golongan banjur teka manèh bareng-bareng, nganti padha ora kober dhahar. 21 Bareng para sadhèrèké padha krungu, banjur padha marani arep ngajak Panjenengané sumingkir, marga Panjenengané iku diarani éwah. 22 Déné para ahli Torèt kang teka saka Yérusalèm padha ngucap, "yèn Panjenengané iku kepanjingan Bèèlzebul," lan "anggoné nundhungi sétan kanthi pitulungané panggedhéning sétan." 23 Panjenengané banjur nimbali lan ngandikani wong-wong mau kanthi upama, "Kepriyé bisané Iblis nundhung Iblis? 24 Menawa ana kraton nglawan awaké dhéwé, kraton iku ora bisa lestari madeg, 25 lan menawa ana brayat pecah nglawan awaké dhéwé, brayat iku ora bisa lestari. 26 Mangkono uga menawa Iblis brontak nglawan awaké dhéwé sarta kapecah-pecah, Iblis ora bakal tetep ana, nanging wus tumeka ing pungkasané. 27 Nanging ora ana wong bisa mlebu ing omahé wong kang rosa lan njarah-rayah barang darbèké, menawa ora mbanda dhisik wong kang rosa iku. Sawusé mangkono lagi bisa njarah rayah omahé. 28 Satemené Aku pitutur marang kowé: Sakèhing dosa lan panyenyamah kang kaucapaké déning anaké para manungsa bakal kaapura. 29 Nanging, sapa baé kang nyenyamah marang Roh Suci, ora bakal olèh pangapura ing salawas-lawasé, nanging kaluputan marga anggoné nindakaké dosa kang langgeng." 30 Panjenengané ngandika mangkono, jalaran wong-wong mau padha ngarani menawa Panjenengané kapanjingan roh jahat. 31 Ibu lan sadhèrèk-sadhèrèké tumuli padha teka; sasuwéné ngadeg ana ing jaba, padha kongkonan wong ngaturi Panjenengané. 32 Wong akèh padha lungguh ngupengi Panjenengané lan padha matur, "Lah punika ibu sarta sadhèrèk-sadhèrèk Panjenengan sami wonten ing jawi madosi Panjenengan." 33 Panjenengané banjur paring wangsulan marang wong-wong iku, "Sapa ibuku lan sadulur-sadulurku?" 34 Kanthi mirsani wong-wong kang padha lungguh ngupengi Panjenengané, banjur ngandika, "Iya iki ibuku lan sadulur-sadulurku! 35 Awit sing sapa nindakaké karsané Allah, iya iku sadulurku lanang, lan sadulurku wadon apadéné ibuku."
1 Yésus wiwit memulang manèh ana ing pinggiring tlaga. Wong golongan kang luwih déning akèh padha nglumpuk ana ing ngarsané, nganti Panjenengané minggah ing prau kang lagi labuh, banjur lenggah ing kono; déné wong golongan kabèh padha ana ing dharatan sapinggiring tlaga. 2 Panjenengané banjur mulangaké prakara akèh marang wong golongan iku ngagem pasemon. Ing piwulangé iku, Panjenengané ngandika marang wong-wong mau, 3 "Padha rungokna! Ana wong metu arep nyebar wiji. 4 Nalika nyebar, sebarané iku sebagéan tiba ing sapinggiring dalan, lan manuk-manuk banjur teka sarta nuthuli wiji-wiji iku nganti entèk. 5 Liyané tiba ing palemahan kang campur watu, ing kono lemahé ora akèh; wiji-wiji iku énggal thukul, awit lemahé tipis. 6 Nanging bareng srengéngé saya dhuwur, banjur mati déning panas lan marga ora duwé oyod, temah dadi garing. 7 Ana manèh kang tiba ing erèn, lan eriné tuwuh dadi dhuwur sarta sebarané kelindhih banget, temahan mati lan ora ngetokaké woh. 8 Déné liyané tiba ing lemah kang becik, lan banjur ngetokaké woh; marga tuwuh subur, temahan ngetokaké woh; ana kang tikel telung puluh, ana kang tikel sawidak, ana kang tikel satus." 9 Panjenengané banjur ngandika, "Sapa kang duwé kuping kanggo ngrungokaké, iku ngrungokna!" 10 Nalika Panjenengané piyambakan, para pandhèrèké karo sakabaté rolas iku padha nyuwun katrangan bab pasemon mau. 11 Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong iku, "Kowé kabèh wus padha kaparingan wewadining Kratoné Allah, nanging tumrap wong-wong jaba samubarang kapratélakaké nganggo pasemon, 12 supaya: Sanadyan pancèn ndeleng, nanging padha ora weruh; sanadyan pancèn ngrungokaké, nanging padha ora ngerti, supaya sarana mangkono iku ora padha mratobat lan kaparingan pangapura." 13 Panjenengané tumuli ngandika marang wong-wong iku, "Kowé apa padha ora ngerti pasemon iki? Banjur kepriyé anggonmu ngerti sakèhing pasemon liyané? 14 Wong kang nyebar iku nyebar pangandika. 15 Déné wong-wong kang ana ing sapinggiring dalan, papan kasebaré pangandika, yaiku wong-wong kang padha ngrungokaké pangandika; Iblis banjur énggal-énggal teka nyirnakaké pangandika kang lagi baé kasebar. 16 Mangkono uga, kang kasebar ing palemahan kang campur watu-watu, yaiku wong-wong kang nalika krungu pangandika, banjur énggal-énggal nampani pangandika iku kalawan bungah. 17 Nanging pangandika iku ora ngoyod ing atiné; dadi panampané pangandika mau mung tahan sadhéla baé; kanthi mangkono, bareng kelakon ana panganiaya lan panguya-uya kang awit saka pangandika iku, wong-wong mau énggal padha murtad. 18 Déné liya-liyané, yaiku kang kasebar ing erèn, iku wong-wong kang padha ngrungokaké pangandika, 19 nanging sumelanging urip ing donya lan godhaning kasugihan tuwin kamélikan marang prakara-prakara liyané banjur nlusup lan nglindhih pangandika iku, temah dadi tanpa woh. 20 Mungguh kang kasebar ing lemah kang becik, yaiku wong-wong kang ngrungokaké sarta nampani pangandika, apadéné ngetokaké woh, kang siji tikel telung puluh, lan sijiné tikel sewidak, sarta sijiné manèh tikel satus." 21 Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau, "Anané lampu iku rak ora supaya dipapanaké ing sangisoré genthong utawa dipapanaké ing longan ta? Apa ora supaya ditumpangaké ing cagak lampu? 22 Sabab ora ana barang kang sinamar kajaba supaya kawiyak, lan ora ana barang kang winadi kejaba supaya kawedharaké. 23 Sapa kang duwé kuping kanggo ngrungokaké iku ngrungokna!" 24 Panjenengané banjur ngandika manèh, "Padha titènana, apa kang padha kokrungu. Ukuran kang kokanggo ngukur, bakal kanggo ngukur kowé; malah tumrap ing kowé ukurané bakal ditambahi. 25 Sabab sapa kang duwé, bakal kaparingan, lan sapa kang ora duwé, dalah apa kang diduwèni bakal kapundhut." 26 Yésus banjur ngandika, "Bab Kratoné Allah iku kaya mangkéné: Upamané kaya wong kang nyebar wiji ing lemah, 27 ing wayah bengi wong mau turu, lan ing wayah awan tangi, déné wiji iku thukul sarta tuwuh, lan wongé iku dhéwé ora ngerti kepriyé kelakoné. 28 Bumi iku tan kena ora mesthi ngetokaké woh, wiwitané arupa gagang, banjur wewulèné, nuli gandumé kang mentes ana ing wulèné. 29 Samangsa wohé wus tuwa, wong iku énggal ngeriti, awit wus tekan wayahé panèn." 30 Yésus banjur ngandika, "Kratoné Allah iku beciké kita upamakaké apa, utawa beciké kita gambaraké nganggo pasemon apa? 31 Iku kayadéné wiji sesawi kang nalika disebar ing lemah, iku wujudé cilik dhéwé saka sakèhing wiji ing bumi. 32 Nanging bareng wis disebar, banjur tuwuh lan dadi gedhé dhéwé saka sakèhing sayuran sarta ngetokaké pang kang gedhé-gedhé, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha bisa nusuh ana ing ayomané." 33 Ngagem pasemon akèh kang kaya mangkono iku, Panjenengané mbabaraké pangandika marang wong-wong iku, saukur karo sagaduking pangertèné, 34 lan Panjenengané ora ngandika tanpa pasemon marang wong-wong iku, nanging yèn marang para sakabaté piyambak, Panjenengané nerangaké samubarang kanthi kusus. 35 Ing dina iku bareng wus surup, Yésus ngandika marang para sakabaté, "Ayo padha mangkat nyabrang." 36 Karo ninggal wong golongan, para sakabat banjur padha ndhèrèkaké Panjenengané kang wus ana ing prau bebarengan karo prau-prau liyané. 37 Tumuli ana prahara kang gedhé, lan ombaké ngebyuki prau, nganti prauné mèh kebak banyu. 38 Déné Yésus ana ing buritan saré ngagem bantal. Para sakabat banjur mungu Panjenengané lan matur, "Guru, punapa Panjenengan mboten menggalih, bilih kawula sami katiwasan?" 39 Sawisé wungu, Panjenengané banjur ndukani anginé kanthi sereng sarta ngandika marang tlaga, "Sirepa! Antenga!" Anginé nuli sirep lan tlagané dadi anteng. 40 Panjenengané banjur ngandika marang para sakabaté, "Yagéné kowé padha wedi? Apa kowé padha ora pracaya?" 41 Para sakabat dadi wedi banget, sarta padha rerasanan, "Sejatiné Panjenengané iku sapa ta, déné angin lan tlaga baé padha mbangun turut marang dhawuhé?"
1 Nuli Yésus lan para sakabaté padha tekan sabranging tlaga, ing wilayahé wong Gerasa. 2 Lagi baé Panjenengané mandhap saka ing prau, ana wong kang kerasukan roh jahat saka ing pakuburan, methukaké. 3 Wong mau manggon ana ing pakuburan lan ora ana wong siji baé kang bisa mbanda wong mau, sanadyan nganggo ranté pisan, 4 amarga wong iku sikil lan tangané wus kerep diranté, nanging ranténé dipedhot lan dibedhat, mangka ora ana siji baé wong kang bisa nelukaké. 5 Rina-wengi wong iku terus ana ing pakuburan-pakuburan lan gunung-gunung karo bengak-bengok sarta ngantemi awaké dhéwé nganggo watu. 6 Bareng weruh Yésus saka ing kadohan, wong mau banjur mlayu lan nyembah Panjenengané, 7 sarta mbengok klawan sora, "Punapa urusan Panjenengan kaliyan kula, dhuh, Yésus, Putranipun Allah ingkang Mahaluhur? Demi Allah, sampun ngantos nyiksa kula!" 8 Wong mau matur mangkono, jalaran Panjenengané ngandika, "Metua saka wong iku, hé, roh jahat!" 9 Panjenengané banjur ndangu marang wong iku, "Sapa jenengmu?" Wong iku tumuli matur, "Nama kula Legion, awit kula punika kathah." 10 Wong iku kanthi adreng nyuwun supaya Panjenengané ora nundhung roh-roh jahat iku saka ing wilayah kono. 11 Ing kono ana babi sapantha gedhé lagi padha golèk pangan ana ing èrèng-èrèngé gunung. 12 Roh-roh jahat iku banjur padha nyuwun marang Panjenengané karo matur, "Panjenengan ndhawuhana kula supados sami pindhah ing babi-babi punika, babi-babi punika badhé kula lebeti." 13 Yésus marengaké roh-roh jahat iku; lan roh-roh jahat mau tumuli padha metu banjur mlebu ing babi-babi iku; pepanthan babi mau tumuli gumrudug mudhun liwat èrèng-èrèng kang njuleg ambyur ing tlaga, cacahé wetara rong èwu, lan padha klelep ing kono. 14 Para kang angon babi-babi mau banjur padha mlayu awèh warta marang wong-wong ing kutha lan ing kampung-kampung sakiwa-tengené. Wong-wong banjur padha metu arep weruh apa kang wis kelakon. 15 Wong-wong mau padha sowan ing ngarsané Yésus lan padha ndeleng wong kang kapanjingan sétan Legion iku lungguh ana ing kono, wis nganggo sandhangan sarta waras budiné, satemah wong-wong iku padha wedi. 16 Wong-wong kang padha weruh lelakon mau banjur padha nyritakaké marang wong-wong kang padha teka iku, apa kang tumanduk ing wong kang kapanjingan sétan lan bab babi-babi mau. 17 Wong-wong banjur padha nyuwun, supaya Panjenengané jengkar saka ing wilayahé. 18 Nalika Yésus minggah ing prau, wong kang kapanjingan sétan mau nyuwun marang Panjenengané supaya diparengaké ndhèrèk. 19 Yésus ora marengaké, nanging ngandika marang wong iku, "Muliha menyang omahmu, menyang krabatmu lan kandhakna marang wong-wong mau sabarang kang katindakaké déning Allah marang kowé sarta anggoné Panjenengané melasi kowé!" 20 Wong iku banjur lunga sarta wiwit martakaké ana ing tanah Dékapolis samubarang kang wis katindakaké déning Yésus marang wong mau, temah wong kabèh padha gumun. 21 Nalika Yésus nyabrang manèh kalawan nitih prau, wong golongan kang akèh cacahé teka padha ngrubung Panjenengané. Nalika Panjenengané ana ing pinggir tlaga, 22 tumuli ana wong saka panunggalané para pangareping papan pangibadah teka, jenengé Yairus. Bareng weruh Panjenengané, wong iku banjur sujud ing ngarsané, 23 lan kanthi adreng nyuwun marang Panjenengané lan matur, "Anak kawula èstri saweg sakit mèh pejah, mugi Gusti rawuh saha numpangi asta dhateng anak kula wau, supados wilujeng lan lestantun gesang." 24 Yésus banjur tindak bareng karo pangareping papan pangibadah mau. Lan wong golongan kang akèh cacahé ndhèrèkaké Panjenengané. 25 Ana wong wadon kang lara nggrajag-getih wus rolas taun lawasé, 26 sing banget anggoné nandhang sangsara, wis bola-bali ditambani dhokter pirang-pirang, nganti ngentèkaké barang darbèké kabèh, mangka iku ora mitulungi, nanging larané malah dadi luwih nemen. 27 Marga wus krungu pawarta bab Yésus, wong wadon iku tumuli teka nrambul ing satengahé wong golongan, banjur ndemèk jubahé Panjenengané saka ing buri. 28 Sabab pamikiré, "Yèn aku ndemèk, sanadyan ta mung jubahé Panjenengané, aku bakal kawarasaké." 29 Sanalika nggrajag-getihé banjur dadi mampet, apadéné iya ngrasakaké yèn awaké wus waras. 30 Sanalika iku uga Yésus ngraosaké saka ing sarirané piyambak ana daya kang metu, Panjenengané banjur minger ing satengahé wong golongan lan ngandika, "Sapa kang ndemèk jubahku?" 31 Para sakabaté banjur padha matur marang Panjenengané, "Gusti pirsa tiyang golongan sami ndhesek-ndesek Gusti, éwasemanten Gusti ngandika: Sapa kang ndemèk Aku?" 32 Panjenengané banjur mirsani mubeng, nedya nguningani wong kang tumindak mengkono. 33 Déné wong wadon mau sarèhné nyumurupi apa kang kelakon tumrap awaké, banjur kanthi wedi lan gumeter marek sarta sujud ing ngarsané Yésus, apadéné ngaturaké kabèh ing sanyatané marang Panjenengané. 34 Panjenengané tumuli ngandika marang wong wadon iku, "Hé, nggèr, pracayamu wus mitulungi kowé. Mundura kanthi tentrem-rahayu, lan warasa saka lelaramu." 35 Nalika Panjenengané isih ngandika, wong sawatara saka ing omahé pangareping papan pangibadah mau nusul teka lan matur, "Putra putri panjenengan sampun tilar, punapa ginanipun panjenengan taksih ngribedi Guru?" 36 Nanging Yésus, kanthi ora nggatosaké marang tetembungan kang kaucapaké iku, ngandika marang pangarepé papan pangibadah iku, "Aja wedi, pracayaa baé!" 37 Yésus ora marengaké ana wong kang ndhèrèk Panjenengané kejaba Pétrus, Yakobus lan Yohanes, saduluré Yakobus. 38 Bareng wus padha tekan omahé pangareping papan pangibadah iku, Panjenengané pirsa kaributan, wong-wong kang nangis lan sesambat kalawan sora. 39 Bareng wis mlebet, Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong iku, "Yagéné kowé padha ribut lan nangis? Bocahé ora mati, nanging turu." 40 Wong-wong iku banjur padha nggeguyu Panjenengané. Sawisé ndhawuhi metu wong-wong iku kabèh, Panjenengané tumuli ngajak bapak lan ibuné bocah mau sarta kang padha ndhèrèk Panjenengané, banjur mlebet ing papané bocah mau. 41 Kanthi ngasta tangané, Panjenengané ngandika marang bocah iku, "Talita kum," kang ateges, "Hé, gendhuk, Aku dhawuh marang kowé, tangia!" 42 Sanalika bocah wadon iku tangi sarta mlaku mrana-mréné; bocah iku umuré rolas taun. Wong kabèh tumuli padha banget kaéraman. 43 Panjenengané paring dhawuh wanti-wanti marang wong-wong iku, aja nganti ana wong kang ngerti bab mau, sarta ndhawuhi supaya bocahé diparingi mangan.
1 Yésus banjur jengkar saka kono lan rawuh ing papan asalé, déné para sakabaté padha ndhèrèkaké Panjenengané. 2 Ing dina Sabat, Panjenengané wiwit memulang ana ing papan pangibadah, lan wong akèh kang padha ngrungokaké gumun banget, klawan ngucap, "Wong iku anggoné olèh iku kabèh saka ngendi? Lan kawicaksanan apa kang kaparingaké marang wong iku? Sarta kepriyé déné pangwasa kang ngéram-éramaké kang kaya mangkono iku bisa katindakaké sarana tangané? 3 Apa wong iku dudu tukang kayu, anaké Maria, saduluré Yakobus, Yosès, Yudas lan Simon? Lan apa sadulur-saduluré wadon ora padha manggon ing kéné ing satengah kita?" Wong-wong iku temah padha nampik Panjenengané. 4 Yésus banjur ngandika marang wong-wong iku, "Nabi iku mesthi kajèn ana ing ngendi-endi, kejaba ana ing papan asalé lan ing satengahé kulawargané sarta ing omahé dhéwé." 5 Ana ing kono Panjenengané ora saged nindakaké pangwasa kang ngéram-éramaké liyané, kajaba mung nyarasaké wong lara sawatara sarana numpangi asta. 6 Panjenengané gumun banget awit saka anggoné wong-wong mau padha ora pracaya. Yésus banjur tindak ndlajahi désa-désa karo memulang. 7 Panjenengané nimbali marek sakabat rolas iku sarta wiwit ngutus para sakabat mau ngloro-ngloro. Panjenengané maringi pangwasa marang para sakabat tumrap roh-roh jahat, 8 apadéné ndhawuhi para sakabat supaya ora sangu apa-apa kanggo ana ing dalan, kejaba mung teken; aja padha nggawa roti, aja nggawa kanthong, dhuwit ing sabuk iya ora, 9 nanging kena nganggo trumpah, lan aja padha nggawa sandhangan rangkep. 10 Panjenengané banjur ngandika marang para sakabat, "Ing endi baé, yèn kowé padha mlebu ing sawijining omah, kowé padha manggona ana ing kono nganti salungamu. 11 Déné menawa ana panggonan kang ora nampa kowé lan uga ora ngrungokaké kandhamu, nalikané kowé padha ninggal papan kono, ketabna lebu kang tumèmpèl ing tlapakanmu minangka paseksi marang wong-wong mau." 12 Para sakabat banjur padha lunga martakaké supaya wong padha mratobat, 13 lan padha nundhungi sétan akèh, apadéné medhaki wong pirang-pirang nganggo lenga dadi lan warasé. 14 Raja Hérodès iya midhanget bab Yésus, awit asmané wus misuwur, lan wong padha ngandhakaké, "Yohanes Pambaptis wus kawungokaké saka ing antarané wong mati, mulané pangwasa kang ngéram-éramaké iku makarya ana ing Panjenengané." 15 Déné wong-wong liyané padha ngucap, "Iku Élia!" Nanging wong-wong liyané padha nuturaké, "Iku nabi kayadéné nabi-nabi ing jaman biyèn." 16 Nalika Hérodès midhanget prakara iku, banjur ngandika, "Dudu, iku Yohanes, kang wus daktigas guluné, iku wus katangèkaké." 17 Amarga Hérodès piyambak wis dhawuh supaya nangkep Yohanes lan mbanda panjenengané ana ing kunjara, awit Hérodès ngalap Hérodias, garwané Filipus sadhèrèké Hérodès, dadi garwané. 18 Yohanes pancèn naté ngèngetaké marang Hérodès, "Mboten wenang panjenengan mengku sémahipun sadhèrèk panjenengan!" 19 Mulané Hérodias ngendhem serik marang Yohanes lan ngudi bisané nyédani panjenengané, nanging ora bisa, 20 sabab Hérodès éring marang Yohanes, amarga pirsa yèn Yohanes iku priya mursid lan suci, mulané Hérodès ngayomi panjenengané. Lan manèh, samangsa midhanget pangandikané Yohanes, Hérodès kuwur panggalihé, éwadéné remen midhangetaké. 21 Wusana ana wewengan kang becik tumrap Hérodias, nalika Hérodès ing dina wiyosané damel bujana kanggo para panggedhéné lan para opsiré sarta para wong kang kajèn-kéringan ing Galiléa. 22 Nalika putrané putri Hérodias mlebu sarta banjur mbeksa, iku gawé renané Hérodès lan para tamuné. Raja Hérodès banjur ngandika marang putriné iku, "Kowé nyuwuna marang aku apa kang kokkarepaké, mesthi bakal dakparingi!" 23 Panjenengané nuli sumpah marang putri iku, "Apa baé kang koksuwun marang aku bakal dakparingaké marang kowé, sanadyan nganti separoning kratonku pisan!" 24 Putri mau banjur metu sarta matur marang ibuné, "Prayoginipun kula nyuwun punapa?" Déné ibuné mangsuli, "Sirahé Yohanes Pambaptis." 25 Putri iku banjur énggal baé mlebu kanthi rerikatan marek ing ngarsané raja sarta nyuwun kalawan matur, "Ing wekdal punika ugi, kawula kepéngin bilih panjenengan maringaken dhateng kawula, sirahipun Yohanes Pambaptis wonten ing baki!" 26 Raja Hérodès dadi banget sungkawa ing galih, nanging marga saka sumpahé lan karana para tamuné, panjenengané ora karsa nulak panyuwuné putri iku. 27 Panjenengané banjur énggal ngutus prajurit lan dhawuh supaya nggawa mustakané Yohanes. Prajurit iku tumuli mangkat, banjur nigas janggané Yohanes ing pakunjaran. 28 Nuli nggawa mustakané Yohanes ana ing baki sarta masrahaké marang putri iku, kang banjur ngaturaké marang ibuné. 29 Bareng para sakabaté Yohanes krungu prakara iku, banjur padha teka sarta ngukup layoné, kang nuli kasarèkaké ana ing pakuburan. 30 Para rasul tumuli padha ngumpul ana ing ngarsané Yésus lan padha ngaturaké marang Panjenengané apa kang wus padha katindakaké lan kawulangaké. 31 Panjenengané banjur ngandika marang para rasul, "Ayo padha menyang panggonan kang sepi lan padha ngasoa sadhéla." Amarga wong akèh padha lunga-teka, temah padha ora kober mangan. 32 Banjur padha mangkat numpak prau ndhéwé menyang panggonan kang sepi. 33 Nanging nalika padha mangkat, wong akèh padha weruh lan iya padha ngerti tujuané. Tumuli wong akèh saka sakèhing kutha, kanthi laku dharat padha nusul rerikatan mrana lan padha tekan panggonan kono, ndhisiki para rasul lan Yésus. 34 Nalika wus ndharat, Yésus pirsa wong golongan kang akèh cacahé, banjur tuwuh welasé marang wong golongan iku, awit padha kayadéné wedhus kang ora duwé pangon. Panjenengané nuli wiwit mulang wong golongan iku pirang-pirang prakara. 35 Bareng wayahé wus wiwit peteng, para sakabaté padha sowan ing ngarsané lan matur, "Panggènan punika sepen, mangka wancinipun sampun wiwit peteng. 36 Tiyang-tiyang punika kadhawuhana sami késah dhateng kampung-kampung tuwin dhusun-dhusun ing sakubengipun panggènan punika, supados sami tumbas tedha piyambak." 37 Nanging Panjenengané paring wangsulan, "Kowé padha mènèhana mangan!" Para sakabat banjur padha munjuk marang Panjenengané, "Kawula punapa kedah sami késah tumbas roti pengaos kalih atus dinar, lajeng kawula sukakaken dhateng tiyang-tiyang punika supados sami nedha?" 38 Panjenengané tumuli ngandika, "Kowé padha duwé roti pira? Padha delengen!" Bareng wus padha cetha cacahé, banjur padha matur, "Wonten roti gangsal, sarta ulam loh kalih." 39 Panjenengané tumuli dhawuh marang wong-wong mau, supaya kabèh padha lungguh sakrompol-sakrompol ana ing pasuketan kang ijo. 40 Wong-wong banjur padha lungguh krompol-krompolan kira-kira nyatus lan nyèket. 41 Sawusé mendhet roti lima lan iwak loro iku, Panjenengané nuli tumenga ing langit ngucap sokur, banjur nyuwil-nyuwil rotiné lan maringaké marang para sakabaté supaya padha ngladèkaké marang wong-wong mau, apadéné Panjenengané ngedum-edum iwak loro iku marang wong-wong mau kabèh. 42 Wong kabèh mau banjur padha mangan nganti wareg. 43 Lan para sakabat tumuli padha ngukupi cuwilan-cuwilan sisané roti dadi rolas wakul lan uga turahan-turahané iwak. 44 Déné wong lanang kang padha mèlu mangan roti iku cacahé limang èwu. 45 Yésus banjur ndhawuhi para sakabaté, munggah ing prau lan mangkat ndhisiki nyabrang menyang Bètsaida; déné wong golongan didhawuhi mulih. 46 Sawusé pisah saka wong golongan, Panjenengané banjur minggah ing gunung ngarsakaké ndedonga. 47 Bareng wengi prauné wus ana ing tengahé tlaga, déné Panjenengané piyambakan ana ing dharatan. 48 Nanging bareng pirsa para sakabat rekasa anggoné ndhayung, marga anginé nampek, watara jam telu bengi Panjenengané nusul para sakabat kalawan tindak napak ing banyuné tlaga, karsa nglancangi para sakabat. 49 Bareng para sakabat padha weruh Panjenengané tindak napak ing banyuné tlaga, padha ngira yèn Panjenengané iku memedi, banjur padha bengok-bengok, 50 sabab kabèh padha meruhi Panjenengané, temah padha wedi banget. Nanging Panjenengané banjur énggal ngandika marang para sakabat, "Padha ditatag atimu! Iki Aku, aja wedi!" 51 Panjenengané banjur minggah ing prau murugi para sakabat, lan anginé tumuli sirep. Para sakabat padha banget gumuné, 52 awit padha durung ngerti, sanadyan wis ngalami lelakon bab roti mau, jalaran saka wangkoting atiné. 53 Bareng wus padha nyabrang, Yésus lan para sakabaté padha ndharat sarta labuh ing Génésarèt. 54 Sawusé padha mentas saka prau, sanalika wong-wong padha weruh Panjenengané. 55 Mulané banjur padha mlaku rerikatan ndlajahi sawilayah kono kabèh sarta wiwit padha nggotongi wong-wong lara kang nggléthak ana ing paturoné, menyang panggonan kang kaprungu dadi paleremané Panjenengané. 56 Ana ing ngendi baé Panjenengané rawuh, ing désa-désa, ing kutha-kutha, utawa ing kampung-kampung, wong-wong padha nyèlèhaké kang lara iku ana ing pasar lan nyuwun marang Panjenengané, kalilanana ndemèk sanadyan mung gombyoking jubahé baé. Déné sakèhing wong kang padha ndemèk Panjenengané iku padha dadi waras.
1 Nalika Para Farisi lan wong sawatara saka golonganing ahli Torèt kang teka saka Yérusalèm, padha nglumpuk sowan ing ngarsané Yésus. 2 Wong-wong mau padha weruh para sakabat sawatara padha mangan nganggo tangan kang najis, yaiku ora wisuh dhisik. 3 Sabab para Farisi, kayadéné wong-wong Yahudi liyané, ora mangan yèn ora ngwisuhi tangané dhisik, amarga padha netepi padatan warisané para leluhuré; 4 lan samangsa mulih saka pasar, iya padha ora mangan yèn ora nucèkaké awak. Sarta akèh manèh padatan liyané kang diwarisi supaya ditetepi, kayata: bab ngumbah tuwung lan kendhi sarta piranti-piranti prunggu, apadéné paturon. 5 Para Farisi lan para ahli Torèt mau banjur padha munjuk pitakon marang Panjenengané, "Kènging punapa déné sakabat-sakabat Panjenengan kok mboten sami nindakaken padatan warisanipun para leluhur, nanging sami nedha mawi tangan najis?" 6 Panjenengané ngandika marang wong-wong mau, "Cocog banget Yésaya anggoné meca bab kowé, hé wong-wong lamis! Kaya kang wus katulis: Bangsa iki ngurmati Ingsun kalawan lambé, nanging atiné adoh saka Ingsun. 7 Dadi, tanpa teges anggoné ngluhuraké Ingsun, déné kang diwulangaké iku pepakoné manungsa. 8 Kalawan ninggal pepakèné Allah, kowé padha netepi padatané manungsa." 9 Panjenengané mbacutaké pangadikané marang wong-wong mau, "Pinter tenan anggonmu nyisihaké pepakèné Allah, murih kowé padha nglestarèkaké padatané leluhurmu. 10 Amarga Musa wus dhawuh: Kowé ngajènana bapakmu lan ibumu! Lan uga: Sing sapa ngipat-ipati bapakné utawa ibuné, iku kudu kaukum pati. 11 Nanging kowé padha memulang: Menawa ana wong kang matur bapaké utawa ibuné: Sadaya bantuan ingkang mesthinipun dados wewenang panjenengan saking kula, sampun kula dadosaken kurban, -- yaiku pisungsung katur marang Allah, -- 12 dadiné, kowé ora ngolèhaké wong iku nindakaké apa-apa manèh kanggo bapaké utawa ibuné. 13 Kang mangkono iku, sarana nglestarèkaké padatané leluhurmu iku, kowé padha nggawé pangandikané Allah batal. Kejaba iku kowé isih padha nindakaké prakara rupa-rupa kang iya kaya mangkono iku." 14 Yésus banjur nimbali marek manèh wong golongan sarta ngandika, "Kowé kabèh padha ngrungokna marang Aku lan padha nggatèkna. 15 Ora ana barang saka sajabané wong kang mlebu ing sajroné awaké, iku bisa gawé najisé wong mau, nanging apa-apa kang metu saka ing wong, iku kang gawé najisé wong iku." 16 Sapa baé kang duwé kuping kanggo ngrungokake', ngrungokna! 17 Bareng Panjenengané wis lumebet ing sawijiné omah, sumingkir saka wong golongan, para sakabaté banjur munjuk pitakon marang Panjenengané bab pasemon mau. 18 Panjenengané tumuli ngandika marang para sakabat, "Dadi, kowé apa iya padha ora nyandhak? Apa kowé padha ora nggatèkaké, yèn samubarang kang saka ing jaba mlebu ing wong, iku ora bisa gawé najisé wong mau, 19 amarga iku ora mlebu ing atiné, nanging ing wetengé, apadéné banjur metu dibuwang ana ing pakiwan?" Kaya mangkono anggoné Panjenengané mratélakaké, yèn sakèhing pangan iku kalal. 20 Panjenengané ngandika manèh, "Apa kang metu saka ing wong, iya iku kang gawé najisé wong mau, 21 sabab iya saka ing njero kono, saka ing atiné wong, kawetu gagasan-gagasan ala, laku cabul, colong-jupuk, gawé pati, 22 laku jina, srakah, tingkah dursila, pokal culika, laku rusuh, kumèrèn, panyenyamah, umuk, tindak-tanduk tanpa budi. 23 Sakèhé piala iku asalé saka ing jero lan gawé najisé wong." 24 Yésus jumeneng banjur tindak saka kono menyang wilayah Tirus. Bareng wis lumebet ing sawijiné omah, Panjenengané ngarsakaké aja ana wong siji baé kang ngerti, éwasamono rawuhé tetep ora bisa kasidhem. 25 Malah nalika iku uga, ana wanita kang anaké wadon kepanjingan roh jahat; bareng krungu bab Panjenengané, banjur agé-agé sowan ngrungkebi sampéyané. 26 Wanita iku wong Yunani, keturunan Siro-Fénisia. Wong mau banjur nyuwun marang Yésus, supaya karsa nundhung sétané metu saka anaké wadon. 27 Yésus nuli ngandika marang wanita iku, "Bocah-bocah iku dhisik karebèn padha wareg, awit rak ora patut njupuk rotiné bocah-bocah mau banjur diuncalaké marang asu." 28 Éwadéné wanita iku matur, "Kasinggihan, Gusti. Nanging segawon ing ngandhap méja punika rak inggih sami nedha rontoganing rotinipun laré-laré wau." 29 Yésus banjur ngandika marang wanita iku, "Marga saka pitembunganmu, kowé muliha, sétané wus metu saka anakmu wadon." 30 Nalika mulih tekan omahé, wanita iku mrangguli anaké teturon ing ambèn lan sétané wis lunga. 31 Sawisé iku Yésus jengkar saka wilayah Tirus lan tindak langkung Sidon menyang tlaga Galiléa, nratas tanah Dékapolis. 32 Wong-wong tumuli nggawa wong kang budheg lan angèl guneman sowan ing ngarsané, nyuwun supaya Panjenengané numpangi asta marang wong iku. 33 Sawusé wong mau kadhèwèkaké saka wong golongan, dadi mung kari karo Yésus, Panjenengané banjur nglebetaké drijiné ing kupingé wong iku, sawusé kecoh banjur ndumuk ilaté wong mau. 34 Sawisé mangkono, kanthi tumenga ing langit Panjenengané unjal ambekan, banjur ngandika marang wong mau, "Éfata!" tegesé: Mengaa! 35 Sanalika kupingé padha kabukak, apadéné bundhelaning ilaté udhar, banjur bisa guneman kanthi cetha. 36 Panjenengané tumuli meling wong golongan, aja padha kandha-kandha marang sapa baé. Nanging sangsaya keras Panjenengané meling wong-wong golongan iku, sangsaya mempeng anggoné padha martak-martakaké. 37 Déné wong golongan kabèh padha kaéraman banget lan padha ngucap, "Panjenengané iku wus nggawé samubarang dadi becik, wong-wong kang budheg padha dadi bisa krungu, lan wong-wong kang bisu padha dadi bisa guneman."
1 Ing nalika iku, ana manèh wong golongan kang akèh cacahé lan marga padha ora duwé pangan, Panjenengané banjur nimbali para sakabat sarta ngandika, 2 "Atiku kok welas marang wong golongan iki, awit wus telung dina iki padha ngetutaké Aku terus, mangka padha ora duwé pangan. 3 Menawa dakkon padha bali menyang omahé kanthi weteng luwé, rak iya bakal padha ambruk ana ing dalan, sabab ing antarané wong golongan iki ana sawatara kang adoh asalé." 4 Para sakabaté padha munjuk marang Panjenengané, "Wonten ing pasamunan punika, saking pundi tiyang sagedipun angsal roti kanggé nuwuki tiyang-tiyang punika?" 5 Panjenengané banjur ndangu para sakabat, "Kowé padha duwé roti pira?" Para sakabat tumuli padha matur, "Wonten pitu." 6 Panjenengané nuli ndhawuhi wong golongan iku lungguh ana ing lemah. Sawisé mangkono, Panjenengané banjur mundhut roti pitu mau, lan sawisé saos sokur, nuli nyuwil-nyuwil roti iku sarta maringaké marang para sakabat supaya ngedum-dumaké, lan tumuli padha mbagé roti iku kanthi rata marang wong golongan. 7 Para sakabat uga duwé iwak loh cilik-cilik sawatara, lan sawusé saos sokur, Panjenengané banjur dhawuh supaya iku iya didum-dumaké. 8 Wong-wong tumuli padha mangan, nganti wareg. Para sakabat banjur padha ngukupi cuwilan-cuwilan sisané roti, dadi pitung wakul. 9 Anadéné wong golongan iku cacahé watara patang èwu. Banjur padha didhawuhi mulih. 10 Panjenengané nuli énggal minggah ing prau bareng karo para sakabaté lan tindak menyang wilayah Dalmanuta. 11 Para wong Farisi tumuli padha sowan, banjur wiwit bebantahan karo Yésus. Kanggo nguji, wong-wong mau nyuwun pratanda saka swarga marang Panjenengané. 12 Kalawan ngresula penggalihé, Panjenengané ngandika, "Généya wong-wong jaman iki padha nyuwun pratandha? Satemen-temené Aku pitutur marang kowé, wong-wong iki babar pisan ora bakal kaparingan pratandha." 13 Panjenengané banjur nilar wong-wong iku lan minggah manèh ing prau tindak menyang sabrang. 14 Para sakabat lali ora nggawa roti, kejaba mung duwé roti siji kang ana ing prau. 15 Yésus banjur ngèngetaké marang para sakabaté, pangandikané, "Padha diawas, lan dingati-ati marang raginé wong Farisi lan raginé Hérodès." 16 Para sakabat banjur rerasan anggoné padha ora duwé roti. 17 Bareng Yésus pirsa, banjur ngandika, "Yagéné kowé padha rerasan bab anggonmu ora duwé roti? Apa kowé padha durung paham lan uga durung ngerti? Apa atimu wus dadi kethul? 18 Kowé iku duwé mripat apa padha ora ndeleng, lan kowé iku duwé kuping apa padha ora ngrungu? Apa kowé padha ora kèlingan, 19 nalika Aku nyuwil-nyuwil roti lima kanggo wong limang èwu; kowé padha ngukupi cuwil-cuwilan roti dadi pirang wakul kebak?" Para sakabat padha matur marang Panjenengané, "Kalih welas wakul." 20 "Lan nalika roti pitu kanggo wong patang èwu, kowé padha ngukupi cuwil-cuwilan roti pirang wakul kebak?" Para sakabat banjur matur marang Panjenengané, "Pitung wakul." 21 Panjenengané banjur ngandika marang para sakabat, "Apa kowé isih padha durung ngerti?" 22 Yésus lan para sakabaté banjur rawuh ing Bètsaida. Wong-wong tumuli nggawa wong wuta sowan ing ngarsané Yésus, sarta padha nyuwun supaya Panjenengané karsa ndemèk wong wuta mau. 23 Panjenengané tumuli ngasta tangané kang wuta mau lan nuntun wong iku menyang sajabané désa. Bareng wus ngecohi mripaté apadéné numpangi asta wong iku, Panjenengané banjur ndangu, "Apa kowé weruh apa-apa?" 24 Bareng wong wuta mau wiwit bisa weruh banjur munjuk, "Kawula ningali tiyang-tiyang kadosdéné wit-witan nanging ketingalipun sami mlampah." 25 Yésus banjur numpangaké astané manèh ing mripaté wong iku, lan wong mau bisa ndeleng temenan sarta wis waras, temahan bisa ndeleng apa baé kanthi cetha. 26 Panjenengané tumuli ndhawuhi wong mau mulih menyang omahé, karo dingandikani, "Aja mampir ing désa kono!" 27 Yésus dalah para sakabaté banjur tindak menyang désa-désa sakiwa-tengené Kaisaréa Filipi. Ana ing dalan, Panjenengané ndangu marang para sakabat, "Wong-wong padha ngarani Aku iki sapa?" 28 Para sakabat padha ngaturi wangsulan marang Panjenengané, aturé, "Wonten ingkang mastani Yohanes Pambaptis, wonten ugi ingkang mastani Élia, sanèsipun malih mastani salah setunggalipun para nabi." 29 Panjenengané banjur ndangu marang para sakabat, "Nanging kowé padha ngarani Aku iki sapa?" Petrus nuli matur, "Panjenengan punika Mésias!" 30 Panjenengané banjur wanti-wanti anggoné meling para sakabat supaya aja martakaké marang sapa baé bab Panjenengané. 31 Yésus tumuli wiwit mulang marang para sakabaté, yèn Putraning Manungsa iku kudu nglampahi sangsara akèh, sarta ditampik déning para pinituwa lan para pangareping imam tuwin para ahli Torèt, apadéné disédani lan sawisé telung dina wungu manèh. 32 Bab iki dingandikakaké kanthi ngeblak. Nanging Pétrus banjur narik Panjenengané minggir sarta ngèngetaké kanthi temenan. 33 Nanging Panjenengané banjur minger lan kalawan mirsani para sakabaté, ndukani Pétrus kanthi keras, "Sumingkira, hé Iblis, sabab kowé ora mikir apa kang digalih déning Allah, nanging apa kang dipikir déning manungsa." 34 Yésus tumuli nimbali wong akèh karo para sakabaté sarta ngandika marang wong iku kabèh, "Saben wong kang arep ngetut-buri Aku, iku nyingkura awaké dhéwé, manggula salibé lan mèlua Aku. 35 Awit sing sapa arep nylametaké nyawané, iku bakal kélangan nyawané, nanging sing sapa kélangan nyawané marga saka Aku lan marga saka Injil, iku bakal nylametaké nyawané. 36 Apa gunané wong olèh jagat iki kabèh, nanging kélangan nyawané? 37 Awit apa ta kang kena diwènèhaké kanggo ngijoli nyawané? 38 Sabab sing sapa isin karana Aku lan marga saka tetembunganku ana ing ngarepé wong-wong kang ora setya lan dosa iki, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, menawa bésuk Panjenengané rawuh ngagem kamulyané Ingkang Rama, bareng karo para malaékat suci."
1 Panjenengané ngandika manèh marang wong-wong iku, "Aku pitutur marang kowé, satemené wong kang ana ing kéné iki ana kang bakal ora mati, sadurungé padha ndeleng Kratoning Allah rawuh kalawan pangwasa." 2 Nem dina sawisé iku, Yésus ngajak Pétrus, Yakobus lan Yohanes, supaya padha ndhèrèkaké Panjenengané minggah ing gunung kang dhuwur, miyambak. Yésus tumuli santun rupi ana ing ngarepé sakabat telu mau. 3 Pangagemané dadi putih gilap; gawé putih kang kaya mangkono iku, tukang cuci ing donya iki ora ana kang bisa. 4 Para sakabat telu padha weruh Élia karo Musa, lagi padha wawan-pangandika karo Yésus. 5 Pétrus nuli matur marang Yésus, "Rabbi, saiba prayoginipun kita sami wonten ing ngriki. Keparenga kawula sami damel tarub tiga; kagem Gusti, kagem Musa, sarta kagem Élia." 6 Anggoné matur mangkono iku, amarga Pétrus ora ngerti kudu matur apa, sabab para sakabat iku padha dadi wedi banget. 7 Banjur ana méga nglimputi kang padha ana ing papan kono, lan ana swara saka sajroning méga iku, "Iki Putraningsun kekasih; padha èstokna dhawuhé." 8 Dumadakan, nalika sakabat telu iku ndeleng sakubengé, padha ora weruh wong liyané kang bareng karo para sakabat mau, kajaba mung Yésus piyambak. 9 Anadéné nalika padha mudhun saka ing gunung, Panjenengané paring piweling marang sakabat telu iku, supaya ora nyritakaké marang sapa baé apa kang wus padha dialami mau, sadurungé Putrané Manungsa wungu saka ing antarané wong mati. 10 Para sakabat telu iku padha ngugemi pangandikané kalawan padha rerasan, apa tegesé, "wungu saka ing antarané wong mati". 11 Banjur padha munjuk pitakon marang Panjenengané, "Kénging punapa para ahli Torèt sami cariyos bilih Élia kedah rawuh rumiyin?" 12 Panjenengané banjur ngandika, "Mula pancèn mangkono, Élia rawuh dhisik prelu mulihaké samubarang. Nanging kepriyé déné kok katulis mungguh Putrané Manungsa yèn Panjenengané iku kudu nandhang sangsara akèh sarta disawiyah? 13 Nanging Aku pitutur marang kowé: Élia uga wis rawuh, lan wong-wong iya tumindak sawenang-wenang marang Élia kaya kang wis katulis tumrap panjenengané iku." 14 Nalika Yésus, Pétrus, Yakobus lan Yohanes rawuh ing panggonané sakabat-sakabat liyané, Panjenengané lan sakabaté telu mau pirsa wong golongan akèh padha ngrubung para sakabat lan ahli-ahli Torèt kang lagi padha bebantahan. 15 Bareng wong golongan weruh Panjenengané, padha gumun banget, banjur énggal-énggal padha methukaké Panjenengané. 16 Yésus banjur ndangu marang para sakabat, "Kowé iku padha bebantahan prekara apa karo wong-wong iku?" 17 Ana wong siji saka antarané wong golongan iku, matur, "Guru, punika kawula nyowanaken anak kawula, jalaran laré punika kapanjingan roh ingkang damel bisu. 18 Saben-saben roh punika nyerang laré punika, lajeng mbanting ing siti; cangkemipun lajeng muruh, untunipun kerot-kerot, badanipun dados kaken. Kawula sampun matur dhateng para sakabat Panjenengan, supados nundhung roh punika, nanging sami mboten saged." 19 Yésus banjur ngandika, "Hé, golongan kang ora pracaya, nganti kapan anggonku bakal padha tetunggalan karo kowé? Nganti kapan anggonku kudu nyabari kowé? Bocahé gawanen mréné!" 20 Wong-wong banjur nggawa bocahé diaturaké Panjenengané. Bareng roh iku weruh Yésus, sanalika iku uga banjur ngobat-abitaké bocahé nganti tiba ing lemah, nggulung-nggulung kalawan muruh cangkemé. 21 Panjenengané banjur ndangu marang bapaké bocah mau, "Wis pira lawasé anggoné kataman mangkéné iki?" Atur wangsulané, "Sampun wiwit alit mila. 22 Sarta roh punika asring nguncalaken laré wau dhateng latu utawi dhateng toya, kanthi sedya badhé nyirnakaken. Éwadéné manawi Panjenengan saged nindakaken punapa-punapa, mugi Panjenengan karsa mitulungi kawula lan paring piwelas dhateng kawula." 23 Yésus banjur ngandika marang bapaké bocah iku, "Kandhamu: Manawi Panjenengan saged? Tumrap wong kang pracaya samubarang bisa kelakon!" 24 Sanalika bapakné bocah iku banjur matur kalawan sora, "Kawula pitados. Mugi karsa paring pitulungan dhateng kawula ingkang kirang pitados punika!" 25 Bareng Yésus pirsa yèn wong golongan padha gumrudug, Panjenengané banjur ndukani roh jahat iku, pangandikané, "Hé, roh kang nggawé bisu lan budheg, Aku dhawuh marang kowé: Metua saka bocah iki lan aja manjingi manèh!" 26 Roh iku banjur metu kalawan jerit-jerit sarta ngobat-abitaké bocahé, déné bocahé dadi kaya mati, nganti wong akèh padha ngarani, "Bocahé wus mati." 27 Nanging Yésus banjur ngasta tangané bocah mau lan ngadegaké, bocahé banjur ngadeg. 28 Bareng Yésus wis lumebet ing sawijining omah, para sakabaté padha munjuk pitakon marang Panjenengané nalika ora ana wong liya, "Sabab punapa kawula mboten saged ngésahaken roh punika?" 29 Panjenengané banjur ngandika, "Jinis iki ora bisa katundhung kajaba mung sarana pandonga." 30 Yésus lan para sakabaté banjur padha bidhal saka kono, nglangkungi Galiléa; déné Panjenengané ngarsakaké supaya ora ana wong kang ngerti; 31 awit Panjenengané lagi mulang marang para sakabaté. Panjenengané banjur ngandika, "Putrané Manungsa bakal kapasrahaké marang tangané manungsa lan iku bakal nyédani Panjenengané, sarta telung dina sawisé disédani Panjenengané bakal wungu manèh." 32 Para sakabat padha ora ngerti marang pangandika mau, nanging padha ora wani nyuwun pirsa marang Panjenengané. 33 Yésus lan para sakabaté banjur tekan Kapèrnaum. Bareng wus ana ing dalem, Panjenengané banjur ndangu para sakabat, "Apa kang padha kokrembug ana ing dalan mau?" 34 Nanging kabèh padha meneng baé, sabab nalika ana ing dalan mau padha bebantahan bab sapa kang pinunjul ing antarané para sakabat iku. 35 Yésus banjur lenggah lan nimbali sakabat rolas iku sarta ngandika, "Menawa wong kepéngin dadi kang dhisik dhéwé, iku dadia kang kèri dhéwé saka antarané wong kabèh lan dadia paladèné wong kabèh." 36 Panjenengané mundhut bocah, mapanaké ing satengahé para sakabat, sarta kalawan mbopong banjur mangku bocah mau lan ngandika marang para sakabat, 37 "Sing sapa nampa bocah iki demi jenengku, iku Aku kang ditampani. Sing sapa nampa Aku, iku dudu Aku kang ditampani, nanging Panjenengané kang ngutus Aku." 38 Yohanes matur marang Yésus, "Guru, kawula sami sumerep wonten tiyang ingkang sanès golongan kawula sadaya, nundhung sétan atas asmanipun Gusti; tiyang punika lajeng kawula penging, amargi sanès golongan kawula sadaya." 39 Nanging Yésus banjur ngandika, "Iku aja kokpenging, awit ora ana wong kang nindakaké mukjijat atas jenengku, sanalika iku uga banjur nyenyamah Aku. 40 Sapa baé kang ora nglawan kita, iku ana ing pihak kita. 41 Satemené Aku pitutur marang kowé: Sapa baé kang mènèhi ngombé marang kowé banyu sacangkir, marga kowé iku pandhèrèké Kristus, wong iku mesthi ora bakal kélangan ganjarané." 42 "Sapa baé kang njalari siji saka antarané bocah-bocah cilik kang pracaya marang Aku iki gawé dosa, wong iku luwih becik menawa guluné dikalungi watu panggilingan, banjur kacemplungaké ing sagara. 43 Menawa tanganmu njalari kowé nindakaké dosa, iku kethoken; luwih becik kowé lumebu ing urip kalawan kuthung, katimbang kalawan ganep tanganmu nanging dibuwang menyang naraka, ing geni kang ora kena disirep; 44 ing papan kang singgaté ora mati, lan geniné ora kena kasirep. 45 Menawa sikilmu dadi sandhungan tumrap kowé, kethoken, awit luwih becik kowé lumebu ing urip kalawan buntung, katimbang kalawan ganep sikilmu, nanging kacemplungaké ing naraka; 46 ing papan kono singgaté ora mati, lan geniné ora kena kasirep. 47 Menawa mripatmu njalari kowé gawé dosa, iku cuplaken; awit luwih becik kowé lumebu ing Kratoning Allah kalawan pécé, katimbang karo ganep mripatmu, nanging kacemplungaké ing naraka, 48 ing papan kang singgaté ora mati sarta geniné ora kena kasirep. 49 Awitdéné saben wong bakal diuyahi sarana geni. 50 Uyah iku becik; nanging menawa uyah dadi tawar, nganggo apa anggonmu bakal mulihaké asiné? Kowé padha duwéa uyah ana ing batinmu sarta padha tansah rukuna siji lan sijiné."
1 Saka ing kono, Yésus banjur tindak menyang wilayah Yudéa lan menyang wilayah sabrangé Kali Yordan, sarta wong golongan banjur gumrudug menyang ngarsané; tuwin kaya kang wis dadi padatan, Panjenengané tumuli mulang manèh marang wong golongan. 2 Para Farisi banjur padha nyedhak, lan kanggo nyoba Panjenengané, wong-wong iku banjur padha munjuk, "Punapa tiyang jaler dipun kéngingaken megat sémahipun?" 3 Nanging Panjenengané banjur paring wangsulan marang wong-wong mau, "Musa wis ndhawuhi apa marang kowé?" 4 Déné wong-wong iku matur, "Musa marengaken tiyang jaler damel serat-pegat kanggé megat sémahipun." 5 Yésus banjur ngandika marang wong-wong iku, "Musa nyerat dhawuh iku tumrap kowé marga saka wangkoting atimu. 6 Mangka saka wiwitaning tumitah, Allah nitahaké manungsa lanang lan wadon. 7 Mulané wong lanang iku bakal ninggal bapa lan biyungé, rumaket karo rabiné, 8 sarta wong loro iku banjur dadi daging siji, wis ora loro manèh, nanging dadi daging siji. 9 Kang iku, apa kang wis katunggilaké déning Allah, aja dipisahaké déning manungsa." 10 Sawisé tekan omah, para sakabat padha miterang manèh marang Yésus bab iku mau. 11 Panjenengané banjur ngandika marang para sakabat, "Sapa baé kang megat somahé banjur ngrabèni wong wadon liyané, iku laku jina tumrap rabiné. 12 Lan menawa sing wadon mau megat somahé, banjur ningkah karo wong lanang liyané, iku iya laku jina." 13 Wong-wong banjur padha nyowanaké bocah-bocah cilik menyang ngarsané Yésus, pamrihé supaya Panjenengané ngasta bocah-bocah iku; nanging para sakabaté nyrengeni wong-wong iku. 14 Bareng Yésus pirsa, Panjenengané duka, tumuli ngandika marang para sakabat, "Cikbèn bocah-bocah iku padha sowan marang Aku, kowé aja padha ngalang-alangi, awit iya wong kang kaya mangkono iku kang nduwèni Kratoné Allah. 15 Satemené Aku pitutur marang kowé: Sapa baé kang ora nampani Kratoning Allah kaya bocah cilik, iku ora bakal lumebu ing kono." 16 Panjenengané banjur ngrangkuli bocah-bocah iku apadéné padha dibarkahi kalawan katumpangan asta. 17 Nalika Yésus nglajengaké tindaké, ana wong kang lumayu sowan ing ngarsané, banjur sujud lan matur, "Dhuh, Guru ingkang utami, punapa ingkang kedah kawula lampahi, supados angsal gesang langgeng?" 18 Yésus tumuli ngandika marang wong iku, "Yagéné kowé ngarani Aku utama? Siji baé ora ana kang utama, kejaba mung Allah. 19 Kowé mesti wus ngerti pepakon-pepakon iki: Sira aja mematèni, sira aja laku jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapaké paseksi goroh, sira aja ngapusi wong liya; sira ngajènana bapa lan biyungira!" 20 Wong mau banjur matur marang Panjenengané, "Guru, kawula sampun netepi sadaya punika wiwit kawula taksih anèm." 21 Sajroné mandeng wong iku, Yésus ketuwuhan rasa tresna marang wong mau, Panjenengané banjur ngandika, "Mung kari saprakara kakuranganmu: Lungaa, dolen kabèh apa kang kokduwèni, lan iku wènèhna marang wong-wong miskin, temahan kowé bakal duwé bandha ing swarga; banjur balia mréné, lan mèlua Aku!" 22 Bareng krungu pangandika kang mangkono iku, wong mau dadi peteng polatané, banjur sumingkir kalawan sedhih, awit wong iku barang darbé akèh. 23 Kalawan mirsani para sakabaté kang ana ing sakubengé, Yésus banjur ngandika, "Saiba angèlé wong kang duwé bandha akèh olèhé bakal lumebu Kratoning Allah." 24 Para sakabat padha kagèt awit saka pangandikané Yésus iku. Nanging Panjenengané nglajengaké pangandikané iku, "Hé, bocah-bocah, iba angèlé lumebu Kratoning Allah. 25 Luwih gampang unta nlusup ing bolonganing dom, katimbang wong sugih lumebu Kratoning Allah." 26 Para sakabat sangsaya kagèt, nuli padha rasanan, "Banjur sapa kang bisa kaslametaké?" 27 Yésus mirsani para sakabat, sarta ngandika, "Tumraping manungsa iku pancèn mokal, nanging tumraping Allah ora, sebab tumraping Allah samubarang bisa kelakon." 28 Pétrus banjur matur marang Panjenengané, "Kawula sampun sami nilar samukawis lan sami ndhèrèk Gusti." 29 Yésus ngandika, " Satemené Aku pitutur marang kowé, wong kang krana saka Aku lan krana saka Injil, wus ninggal omahé, utawa sedulur-seduluré lanang, apa sedulur-seduluré wadon, utawa ibuné, apa bapakné, utawa anak-anaké, apa palemahané, 30 saiki uga bakal tampa pituwas tikel satus: Omah, sedulur-sedulur lanang, sedulur-sedulur wadon, ibu apadéné anak-anak dalah palemahan, sanadyan kanthi panganiaya rupa-rupa, lan urip langgeng ing jaman kang bakal kelakon. 31 Nanging akèh wong kang dhisik dhéwé bakal padha dadi kèri dhéwé lan kang kèri dhéwé bakal padha dadi kang dhisik dhéwé." 32 Yésus lan para sakabat lagi ana ing dalan, munggah menyang Yérusalèm; lan Yésus tindak ana ing ngarep. Para sakabat padha kagèt, déné wong-wong kang ndèrèkaké padha wedi. Yésus nimbali marek manèh para sakabat rolas, banjur wiwit ngandikakaké apa kang bakal kelakon tumrap Panjenengané, 33 "Kita padha munggah menyang Yérusalèm, lan Putrané Manungsa bakal kaulungaké marang para pangarepé imam lan para ahli Torèt,lan iku bakal padha netepaké paukuman pati tumrap Panjenengané, sarta bakal padha ngulungaké Panjenengané marang bangsa-bangsa liya; 34 Panjenengané bakal dipoyoki, sarta diidoni, apadéné digebagi lan disédani; nanging sawusè telung dina Panjenengané bakal wungu." 35 Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébédéus, banjur padha nyedhaki Yésus sarta matur marang Panjenengané, "Guru, karsaa Panjenengan ngabulaken punapa kémawon ingkang sami kawula suwun!" 36 Panjenengané tumuli ngandika marang wong loro iku, " Apa kang padha kokkarepaké supaya daktindakaké?" 37 Wong loro mau banjur padha munjuk marang Panjenengané, "Mugi marengaken kawula, bénjing wonten ing kamulyan Panjenengan, ingkang satunggal linggih ing sisih tengen lan setunggalipun ing sisih kiwa Panjenengan." 38 Nanging Yésus ngandika, "Kowé iku ora ngerti apa kang padha koksuwun. Kowé apa bisa ngombé tuwung kang dakombé, utawa dibaptis srana baptisan kang kabaptisaké ing Aku?" 39 Atur wangsulané wong loro mau marang Panjenengané, "Kawula saged." Yésus banjur ngandika, "Kowé pancèn bakal padha ngombé tuwung kang dakombé lan kabaptis srana baptisan kang kabaptisaké ing Aku; 40 Nanging bab lungguh ing sisih tengenku utawa ing sisih kiwaku iku dudu wewenangku mènèhaké; nanging iku diparingaké marang para kang wis cinadhangaké." 41 Anadéné sakabat kang sapuluh bareng krungu iku mau, banjur padha nepsu marang Yakobus lan Yohanes. 42 Yésus tumuli nimbali para sakabat mau lan ngandika, "Kowé padha ngerti, yèn kang kaanggep pamaréntahé bangsa-bangsa, iku padha tumindak kaya bendara tumrap bangsa iku, lan para panggedéné padha tumindaké sawenang-wenang. 43 Nanging ing antaramu aja kaya mangkono; sing sapa kepéngin dadi wong gedhé, iku dadia paladènmu, 44 sing sapa ngangkah dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia abdiné wong kabèh. 45 Awit Putrané Manungsa iku anggoné rawuh ora supaya diladosi, nanging supaya ngladosi, apadéné supaya masrahaké nyawané minangka panebusé wong akèh." 46 Yésus lan para sakabaté tumuli padha tekan Yérikho. Nalika Panjenengané tindak medal saka ing Yérikho, kadhèrèkaké para sakabaté lan wong golongan gedhé; ana wong ngemis wuta, jenengé Bartiméus, anaké Timéus, ndhéprok ing pinggir dalan. 47 Bareng krungu, yèn iku Yésus saka Nasarèt, banjur wiwit nywara sora, "Dhuh, Yésus, Putranipun Daud, mugi melasi kawula!" 48 Wong akèh banjur padha menging, supaya meneng. Nanging malah sangsaya sora anggoné mbengok, "Dhuh, Putranipun Daud, mugi melasi kawula!" 49 Yésus banjur kèndel, sarta ngandika, "Undangen wong iku!" Wong-wong banjur padha ngundang wong wuta iku lan dingandikani, "Diteteg atimu, ngadega, Panjenengané nimbali kowé." 50 Wong iku banjur nguculi jubahé, tumuli ngadeg lan énggal-énggal sowan Yésus. 51 Yésus ndangu marang wong iku, pangandikané, "Karepmu, kowé nyuwun dakkapakaké?" Wong wuta mau banjur munjuk, "Rabuni, kawula nyuwun sageda sumerep!" 52 Yésus banjur ngandika, "Lungaa, pangandelmu wus mitulungi kowé!" Sanalika iku uga wong wuta mau bisa weruh, banjur ndhèrèkaké tindaké Yésus.
1 Bareng Yésus lan kang padha ndhèrèkaké wis nyelaki Yérusalèm, ing sacedhaké Bètfagé lan Bétania, kang dumunung ing gunung Zaitun,Yésus ngutus sakabaté loro, 2 Pangandikané, "Padha menyanga désa ngarep iku. Satekamu ing kono kowé bakal mrangguli beloning kuldi kang kacancang, kang durung tau ditunggangi wong. Iku uculana banjur tuntunen mréné. 3 Menawa ana wong aruh-aruh marang kowé, " Yagéné kowé padha nindakaké iku? Kowé kandhaa: Gusti kang ngarsakaké; Panjenengané bakal énggal mbalèkaké mréné" 4 Sakabat loro iku banjur padha lunga, tumuli nemokaké beloné kuldi kacancang ing jaban lawang ing pinggir dalan; beloné banjur diuculi. 5 Ana wong kang ngadeg ing kono ngaruh-aruhi sakabat loro iku, "Apa kang padha kok tindakaké; généya kowé padha nguculi belo iku?" 6 Sakabat loro iku banjur ngandakaké kaya kang wis kapangandikakaké déning Yésus; temah wong-wong iku ngejaraké sakabat loro iku. 7 Sakabat loro mau banjur nuntun beloning kuldi, menyang ngarsané Yésus, sarta nglambari belo iku nganggo sandhangané dhéwé; Panjenengané banjur nitihi. 8 Akèh wong kang padha nggelar sandhangané ing dalan, déné wong-wong liyané padha nggelar pang-pang sagodhongé olèhé mancasi saka ing pategalan. 9 Déné kang padha mlaku ana ing ngarep dalah kang padha ngetutaké, padha giyak-giyak, "Hosana! Pinujia Panjenenganipun ingkang rawuh ing asmaning Pangéran. 10 Pinujia Kraton ingkang rawuh, Kratonipun rama kita Daud, Hosana wonten ing ngaluhur!" 11 Sarawuhé ing Yérusalèm, Panjenengané banjur lumebet ing Padaleman Suci. Ana ing kono Panjenengané mirsani samubarang, nanging sarèhné wis surup, banjur tindak menyang Bétania, kadhèrèkaké sakabaté rolas. 12 Ésuké nalika Yésus lan para sakabaté rolas padha bidhal saka Bétania, Yésus kraos luwé. 13 Saka kadohan Panjenengané pirsa wit anjir kang wis ana godhongé. Panjenengané tindak nyelaki, mbokmenawa bisa manggih apa-apa ana ing wit iku. Nanging sarawuhé ing kono, Panjenengané ora manggih apa-apa kajaba mung godhong-godhong, amarga pancèn durung mangsané anjir awoh. 14 Panjenengané ngandika marang wit anjir iku, "Aja nganti ana wong kang mangan wohmu manèh ing salawas-lawasé!" Para sakabaté padha krungu pangandikané iku. 15 Sabanjuré Yésus lan para sakabaté padha rawuh ing Yérusalèm. Sawusé Yésus lumebet ing Padaleman Suci, Panjenengané nuli wiwit nundhungi wong-wong kang padha dol-tinuku ing plataraning Padaleman Suci. Panjenengané ngglimpang-ngglimpangaké méja-méjané juru-tukar dhuwit dalah bangku-bangkuné wong adol manuk dara, 16 sarta Panjenengané uga ora marengaké wong nggegawa barang liwat plataraning Padaleman Suci. 17 Panjenengané banjur paring piwulang sarta ngandika marang wong-wong iku, "Apa ora wus tinulis: Padalemaningsun bakal kasebut dalem pamujan kanggo sakèhing bangsa? Nanging kowé wus padha ndadèkaké guwaning bégal!" 18 Para pangareping imam lan para ahli Torèt padha mireng anané lelakon iku, banjur padha golèk akal anggoné arep nyirnakaké Yésus; marga wong-wong iku padha wedi marang Panjenengané, awit wong golongan kabèh padha kaéraman marang piwulangé. 19 Bareng wis soré, Yésus lan para sakabat banjur bidhal saka kutha. 20 Ing wayah ésuk umun-umun, Yésus lan para sakabaté nalika padha langkung ing panggonané wit anjir mau, pirsa yèn wité anjir wis garing saoyod-oyodé pisan. 21 Pétrus banjur kèlingan, tumuli matur marang Panjenengané, "Rabbi, kula aturi mirsani, wit anjir ingkang Panjenengan supaosi punika sampun garing." 22 Yésus paring wangsulan marang para sakabat, "Padha pracayaa marang Allah! 23 Satemen-satemené Aku pitutur marang kowé: Sapa baé kang ngucap marang gunung iki: Kaangkata lan kauncalna ing sagara, angger ora mangu-mangu ing sajroning atiné, nanging pracaya yèn apa kang kaucapaké iku mesthi kelakon, iku mesthi iya bakal kelakon. 24 Mulané Aku pitutur marang kowé: Apa baé kang kokdongakaké lan koksuwun, padha pracayaa yèn kowé wis padha tampa, iku mesthi iya bakal padha kelakon tumrap kowé. 25 Samangsa kowé padha ngadeg ndedonga, menawa ana wong kang kaluputan marang kowé, apuranen dhisik, supaya Ramamu kang ana ing swarga iya ngapura kaluputan-kaluputanmu. 26 Nanging menawa kowé padha ora ngapura, Ramamu kang ana ing swarga iya bakal ora ngapura kaluputan-kaluputanmu." 27 Yésus lan para sakabaté banjur rawuh ing Yérusalèm manèh. Nalika Panjenengané tindak ing plataraning Padaleman Suci, pangareping imam, ahli-ahli Torèt lan pinituwa-pinituwa padha sowan ing ngarsané, 28 lan padha matur marang Panjenengané, "Mawi pangwaos punapa anggèn Panjenengan nindakaken pandamel-pandamel punika? Tuwin sinten ingkang maringi pangwaos kanggé nindakaken pandamel-pandamel wau?" 29 Yésus ngandika marang wong-wong iku, "Aku arep takon saprakara marang kowé kabèh. Iku wangsulana dhisik, mengko Aku iya bakal ngandhakaké marang kowé, sarana pangwasa apa anggonku nindakaké panggawé-panggawé iku. 30 Pambaptisé Yohanes iku saka swarga apa saka manungsa? Coba, padha wangsulana." 31 Wong-wong mau banjur padha rembugan dhéwé, kalawan ngucap, "Upama aku padha kandha: Saka ing swarga, mesthi diwangsuli: Yèn mangkono, yagéné kowé padha ora pracaya marang Yohanes? 32 Nanging apa iya aku arep padha kandha: Saka manungsa!" Wong-wong iku padha wedi marang wong golongan, awit kabèh padha nganggep Yohanes iku nabi sejati. 33 Dadiné banjur padha mangsuli marang Yésus, kalawan matur, "Kula sami mboten ngertos." Yésus tumuli ngandika marang wong-wong iku, "Yèn mangkono, Aku iya ora bakal kandha marang kowé, sarana pangwasa apa anggonku nindakaké panggawé-panggawé iku."
1 Yésus banjur wiwit ngandika marang wong-wong mau sarana pasemon, "Ana wong gawé pakebonan anggur lan dipageri mubeng. Wong iku banjur ndhudhuk jugangan papan kanggo meres angguré sarta ngadegaké panggung pajagan. Sawisé mangkono pakebonan iku diséwakaké marang wong-wong kang bakal padha nggarap, banjur lelungan menyang papan kang adoh. 2 Bareng wis tekan mangsané, wong mau kongkonan abdi marani wong-wong kang padha nggarap, supaya nampa sapéranganing pametuné pakebonan mau. 3 Nanging abdi iku dicekel déning wong-wong mau lan digebugi banjur dikon bali tanpa gawé. 4 Wong kang duwé pakebonan tumuli kongkonan abdi liyané. Abdi iku dipenthungi déning wong-wong mau nganti tatu sirahé sarta diwirang-wirangaké. 5 Wong mau banjur kongkonan abdi siji manèh, lan abdi iki malah dipatèni. Mangkono uga, isih akèh manèh liyané, ana kang digebugi lan ana kang dipatèni. 6 Isih ana wong siji manèh, yaiku anaké kang ditresnani. Wasana wong kang duwé pakebonan anggur iku kongkonan anakké mau, supaya marani wong-wong kang padha nggarap, pamikiré: Anakku mesthiné diéringi. 7 Nanging wong-wong iku padha rasanan: Lah iki ahli warisé. Payo padha dipatèni baé, supaya warisané dadi duwèk kita. 8 Wong-wong mau tumuli nangkep lan matèni anaké kang duwé pakebonan anggur iku sarta banjur padha mbuwang menyang sajabané pakebonan anggur. 9 Saiki apa kang bakal katindakaké déning kang duwé pakebonan anggur iku? Wong mau bakal teka lan numpes wong-wong kang nggarap kebon angguré, nuli masrahaké pakebonané anggur mau marang wong-wong liya. 10 Kowé apa padha ora maca tulisan iki, Watu kang ditampik déning para juru gawé omah, iku wus dadi watu pojokan. 11 Kelakoné iku déning Pangéran, lan dadi prakara kang ngéram-éramaké ing pandeleng kita." 12 Wong-wong mau banjur padha mbudi-daya bisané nangkep Panjenengané, nanging padha wedi marang wong golongan, awit padha ngerti yèn kang dingandikaké ngagem pasemon iku wong-wong mau; mula banjur padha lunga ninggal Panjenengané. 13 Wong-wong mau banjur kongkonan wong Farisi lan wong Hérodian sawatara sowan ing ngarsané Yésus, sedyané arep njiret Panjenengané sarana pitakonan. 14 Kongkonan mau padha sowan lan matur, "Guru, kula sami sumerep bilih Panjenengan punika jujur, tuwin mboten ajrih dhateng sinten kémawon, amargi Panjenengan mboten mawang tiyang, nanging kanthi leres mulangaken bab marginipun Allah. Ingkang punika, mbayar pajeg dhateng Kaisar punika kénging punapa mboten? Kula sami kedah mbayar punapa mboten?" 15 Nanging sarèhné Yésus pirsa marang lamisé wong-wong iku, banjur ngandika marang kongkonan mau, "Yagéné kowé padha nyoba marang Aku? Aku jupukna dhuwit dinar siji, dakdelengé!" 16 Wong-wong iku iya banjur ngaturaké dhuwit dinar siji. Panjenengané nuli ndangu marang wong-wong mau, "Iki gambaré sapa lan iki tulisané sapa?" Atur wangsulané, "Gambar tuwin seratanipun Kaisar." 17 Yésus banjur ngandika marang wong-wong iku, "Aturna marang Kaisar apa kang wajib kaaturaké marang Kaisar lan marang Allah apa kang wajib kaaturaké marang Allah." Wong-wong mau padha banget kaéraman marang Panjenengané. 18 Wong-wong Saduki kang duwé panemu yèn ora ana patangèn saka ing antarané wong mati; ana sawatara kang sowan ing ngarsané Yésus lan padha matur pitakon, 19 "Guru, Musa sampun nyerat dhawuhipun dhateng kita, manawi wonten tiyang ingkang gadhah sadhèrèk jaler tilar donya, nilar sémah mboten tilar anak, tiyang punika kedah mendhet sémah randhanipun wau punapadéné nuwuhaken turun kanggé sadhèrèkipun ingkang tilar wau. 20 Wonten sadhèrèk jaler pitu; ingkang nomer satunggal émah-émah, nanging tilar donya mboten nilar anak. 21 Ingkang nomer kalih lajeng mendhet sémah randha punika, lan ugi lajeng pejah tanpa nilar anak; lan semanten ugi ingkang nomer tiga. 22 Makaten ing salajengipun, pitu-pitunipun sami mboten nilar anak. Wasana, sasampunipun punika, tiyang èstri wau inggih lajeng pejah. 23 Ing dinten patangèn, nalika tiyang-tiyang wau sami tangi, tiyang èstri punika badhé dados sémahipun sinten? Amargi pitu-pitunipun sampun naté sami dados sémahipun." 24 Yésus ngandika marang wong-wong iku, "Apa dudu iki kang njalari kowé padha keblinger, marga anggonmu padha ora ngerti Kitab Suci apadéné pangwasané Allah? 25 Awit samangsa padha tangi saka ing antarané wong mati, wong-wong iku padha ora sesomahan, nanging uripé padha kaya para malaékat ing swarga. 26 Déné prakara patangèné wong mati, apa kowé padha ora maca ing kitab Musa, bab grumbul eri, kepriyé Allah olèhé ngandika marang Musa: Ingsun iki Allahé Abraham, Allahé Ishak, lan Allahé Yakub? 27 Panjenengané iku dudu Allahé wong mati, nanging Allahé wong urip. Banget anggonmu keblinger!" 28 Ing antarané para ahli Torèt, ana siji kang sawisé krungu anggoné wong-wong Saduki lan Yésus padha bebantahan, apadéné neksèni yèn Yésus olèhé paring wangsulan marang wong-wong iku trep banget, banjur sowan marang Panjenengané nyuwun pirsa, "Saking sadaya pepakènipun Allah, pepakèn pundi ingkang utami?" 29 Yésus paring wangsulan, "Kang utama yaiku: Rungokna, hé Israèl, Pangéran iku Allah kita, Pangéran iku siji. 30 Lan kowé, tresnaa marang Pangéran Allahmu kalawan gumolonging atimu, lan kalawan gumolonging nyawamu, sarta kalawan gumolonging budimu, apadéné kalawan gumolonging kekuwatanmu. 31 Déné pepakon kang kapindho, yaiku: Kowé tresnaa marang pepadhamu kaya marang awakmu dhéwé. Ora ana pepakon liyané kang ngungkuli pepakon loro mau." 32 Ahli Torèt mau banjur matur marang Panjenengané, "Kasinggihan, Guru, pangandika Panjenengan, bilih Allah punika setunggal, mboten wonten sanèsipun kajawi Panjenenganipun, punika leres. 33 Pancèn, tresna dhateng Allah kalawan gumolonging manah, kalawan gumolonging pengertosan, tuwin kalawan gumolonging kakiyatan, punapa déné nresnani sasami kados dhateng awakipun piyambak, punika langkung utami katimbang sakathahing kurban obaran lan kurban sanèsipun." 34 Yésus pirsa, menawa wong iku anggoné ngaturi wangsulan kanthi wicaksana, mulané Panjenengané banjur ngandika, "Kowé iku ora adoh saka Kratoné Allah!" Sabanjuré ora ana wong kang wani nyuwun pirsa apa-apa manèh marang Panjenengané. 35 Nalika Yésus paring piwulang ana ing Padaleman Suci, Yésus ngandika, "Kepriyé déné para ahli Torèt bisa mratélakaké, yèn Kristus iku Putrané Daud? 36 Daud piyambak marga saka katuntun déning Roh Suci ngandika mangkéné: Pangéran ngandika marang Gustiku: Lenggaha ing tengeningsun, nganti Ingsun nyèlèhaké mungsuh-mungsuhira ing sangisoring tlapakanira. 37 Daud piyambak nyebut Panjenengané iku Gusti, banjur kepriyé anggoné Panjenengané iku dadi putrané?" Déné wong golongan kang akèh cacahé iku padha ngrungokaké Panjenengané kanthi seneng. 38 Ing sajroning piwulangé, Yésus ngandika, "Padha diwaspada marang para ahli Torèt, kang padha dhemen mlaku mider-mider nganggo jubah dawa lan seneng nampa pakurmatan ing pasar-pasar, 39 kang padha dhemen lenggah ing panggonan kang utama ana ing papan pangibadah sarta palenggahan kang kinurmatan ing pésta-pésta, 40 kang padha nyaplok omah-omahé para randha, lan seneng ndedonga kang dawa-dawa kanggo ngapusi. Wong-wong iku mesthi bakal padha olèh paukuman luwih abot." 41 Nalika Yésus lenggah ngajengaké pethi pisungsung, Panjenengané banjur nggatosaké wong golongan anggoné padha nglebokaké dhuwit ing pethi mau. Akèh wong kang sugih padha nyemplungaké pisungsung gedhé. 42 Banjur ana randha miskin kang uga teka, nglebokaké wang tembaga rong kèpèng, pengajiné sadhuwit, yaiku dhuwit rècèh kang cilik dhéwé. 43 Yésus nimbali para sakabat, Panjenengané banjur ngandika, "Satemené Aku pitutur marang kowé, menawa randha miskin iku nyaosaké luwih akèh katimbang karo wong-wong kabèh kang wis padha nglebokaké dhuwit ing pethi pisungsung. 44 Awit wong-wong iku padha nyaosaké saka kalubèrané, déné randha iku nyaosaké saka kamlaratané, apa kang diduwèni kabèh, yaiku kang dadi nafkahé."
1 Nalika Yésus jengkar saka Padaleman Suci, ana sakabaté siji kang matur marang Panjenengané, "Guru, sumangga Panjenengan pirsani; saiba anggènipun ngébat-ébati séla-séla sarta éndahing bangunan-bangunan punika!" 2 Yésus banjur paring wangsulan, pangandikané, "Kowé weruh bangunan-bangunan kang ngébat-ébati iki? Bakal ora ana watu kang isih tumumpang ing watu liyané, kabèh bakal kajugrugaké." 3 Nalika Yésus lenggah ing pèrènging Gunung Zaitun ngadhepaké Padaleman Suci, Pétrus, Yakobus, Yohanes lan Andréas padha matur dhéwékan marang Panjenengané, 4 "Gusti mugi ngandika dhateng kawula sadaya, bénjing punapa punika wau badhé kelampahan, sarta punapa pratandhanipun samangsa sadaya punika dumugi ing pungkasanipun?" 5 Yésus banjur wiwit ngandika marang sakabat papat, "Kowé padha diwaspada supaya aja ana kang nasaraké kowé! 6 Bakal ana wong akèh kang padha teka nganggo jenengku, karo kandha: Iya aku iki Panjenengané, sarta bakal nasaraké wong pirang-pirang. 7 Menawa kowé padha krungu swaraning perang utawa kabar-kabar perang, aja geter atimu. Iku kabèh kudu kelakon, éwadéné iku durung tekan pungkasané. 8 Awit bangsa siji bakal nempuh marang bangsa liyané, lan kraton siji marang kraton liyané. Ing endi-endi bakal ana lindhu sarta paceklik. Kabèh iku dadi wiwitaning kasangsaran, ngarepaké jaman anyar. 9 Nanging kowé, padha dingati-ati marang awakmu dhéwé! Kowé bakal padha diladèkaké marang pradata agama; kowé bakal padha digebugi ana ing papan pangibadah sarta bakal padha diadhepaké ing ngarsané para pangwasa lan para raja marga saka Aku, minangka paseksi tumrap wong-wong iku. 10 Nanging Injil kudu diwartakaké dhisik marang sakèhing bangsa. 11 Déné samangsa wong-wong iku padha nggiring kowé, nedya masrahaké kowé, kowé aja padha sumelang, bab apa kang kudu kokucapaké, nanging padha ngucapna apa baé kang nalika iku kaparingaké marang kowé, awit dudu kowé kang padha kandha, nanging Roh Suci kang ngandika. 12 Sadulur bakal masrahaké saduluré supaya dipatèni, samono uga bapa masrahaké anaké sarta anak-anak bakal padha nglawan lan matèni wong tuwané. 13 Kowé bakal padha disengiti déning wong kabèh marga saka jenengku. Nanging sing sapa tahan nganti tumeka ing wekasan, iku bakal kapitulungan." 14 "Samangsa kowé padha weruh 'Pangrusak kang ambeg siya' mapan ana panggonan kang ora samestiné -- sing sapa padha maca, iku mangerti - para kang manggon ana ing Yudéa padha ngungsia menyang pagunungan. 15 Kang pinuju ana ing payon, aja mudhun njupuk barang saka omahé, 16 lan kang lagi ana ing pategalan aja mulih njupuk sandhangané. 17 Nanging cilaka banget para ibu kang lagi ngandheg lan kang padha nusoni ing waktu iku. 18 Padha ndedongaa, supaya iku ora kelakon ing mangsa adhem. 19 Amarga ing dina-dina iku bakal ana panyiksa kaya kang durung tau kelakon, wiwit wiwitaning donya kang dititahaké déning Allah nganti sepréné, lan iya ora bakal kelakon manèh. 20 Lan saupama Pangéran ora nyepetaké wektuné, ora ana wong siji baé kang bakal kapitulungan; nanging marga saka para wong pilihan, kang wus kapilih déning Panjenengané, wektuné kacepetaké. 21 Ing nalika iku menawa ana wong kang kandha marang kowé: Delengen, Mésias ana ing kéné, utawa: Delengen, Panjenengané ana ing kana, kowé aja padha ngandel. 22 Sabab bakal ana Mésias-mésias palsu lan nabi-nabi palsu bakal padha muncul lan bakal padha gawé pratandha-pratandha sarta mukjijat-mukjijat, karepé, bisaa kanggo nasaraké para wong pilihan. 23 Déné kowé padha diawas! Aku wus ngandhakaké iki kabèh marang kowé sadurungé." 24 "Nanging ing dina-dina iku, sawisé panyiksa mau, srengéngé bakal dadi peteng lan rembulan ilang padhangé 25 sarta lintang-lintang bakal padha rontog saka ing langit, apadéné para pangwasa kang ana ing langit bakal padha guncang. 26 Ing nalika iku wong-wong bakal padha weruh Putraning Manungsa rawuh sarana méga ngagem sakèhing pangwasa lan kamulyané. 27 Apadéné Panjenengané banjur bakal ngutus malaékat-malaékat sarta bakal nglumpukaké para wong pilihan kagungané saka kéblat papat, saka pungkasané bumi tekan pungkasané langit. 28 Padha sinaua saka kaanané bab wit anjir: Samangsa pangé wiwit lemes lan semi, kowé padha ngerti, yèn wus mèh mangsa panas. 29 Uga samangsa kowé padha weruh prakara-prakara iku kelakon, kowé padha ngertia, yèn wis mèh tekan waktuné, wus ana ing ngarep lawang. 30 Satemené Aku pitutur marang kowé yèn angkatan iki ora bakal sirna sadurungé iku mau kabèh kelakon. 31 Langit lan bumi bakal sirna, nanging tetembunganku ora bakal sirna. 32 Déné mungguh dinané utawa waktuné, iku ora ana wong siji baé kang sumurup, mangkono uga para malaékat ing swarga, dalah Sang Putra iya ora, kajaba Sang Rama." 33 "Kowé padha jaga-jagaa, tansah padha melèka! awit kowé padha ora sumurup kapan waktuné. 34 Iku upamané kaya wong kang lelungan, ninggal omahé lan dipasrahaké marang para abdiné, padha kabubuhan ayahané dhéwé-dhéwé; sarta mréntahaké marang kang jaga régol supaya melèk. 35 Mulané padha melèka, awit kowé padha ora sumurup, kapan kang duwé omah iku arep teka, apa ngarepaké wengi, apa tengah wengi, apa wayah jago kluruk, apa bangun ésuk, 36 supaya samangsa kang duwé omah iku dumadakan teka, ora mrangguli kowé lagi padha turu. 37 Anadéné kang dakkandhakaké marang kowé, iku dakkandhakaké marang wong kabèh: Padha melèka!"
1 Rong dina manèh ana riyaya Paskah lan riyaya Roti tanpa Ragi. Para pangarepé imam lan para ahli Torèt padha ngrancang kepriyé anggoné nangkep lan nyédani Yésus kanthi réka-daya jahat, 2 awit padha rasanan, "Aja sajroning riyaya, supaya ora gawé ributé rakyat." 3 Nalika Panjenengané ana ing Bètania, ana ing omahé Simon kang wis tau lara kusta, lagi pinarak dhahar, ana wong wadon teka nggawa botol marmer isi lenga jebad narwastu tulèn, kang larang regané. Sawisé mecah guluné botol iku, wong mau banjur ngesokaké lengané ing mustakané Yésus. 4 Ana wong sawatara kanthi rasa ora trima padha rasanan, "Apa gunané mbuang-buang lenga jebad narwastu iku? 5 Sabab lenga iku rak kena diedol luwih saka telung atus dinar, lan kena diwènèhaké marang wong-wong miskin." Wong-wong iku banjur nyrengeni wong wadon mau. 6 Nanging Yésus ngandika, "Enengna baé wong iku. Yagéné kowé padha gawé répoté? Wong iku wus nindakaké panggawé becik marang Aku. 7 Sabab wong-wong miskin rak tansah ana ing antaramu, lan samangsa-mangsa kowé duwé karep, kowé bisa nindakaké panggawé becik marang wong-wong miskin; balik Aku iki ora salawasé bebarengan karo kowé. 8 Wong wadon iku wis nindakaké apa kang bisa dilakoni. Sarta wis njebadi badanku kanggo pacawisané panguburanku. 9 Satemené Aku pitutur marang kowé, "Ana ing ngendi baé Injil kawartakaké ing saindenging jagat, apa kang wis katindakaké déning wong wadon iku bakal kacaritakaké minangka pangéling-éling." 10 Yudas Iskariot, panunggalané sakabat rolas, tumuli menyat marani para pangarepé imam, kanthi sedya masrahaké Panjenengané. 11 Bareng krungu, wong-wong iku padha bungah lan janji bakal mènèhi dhuwit marang Yudas. Déné Yudas tumuli golèk cara anggoné arep masrahaké Yésus ing waktu kang cocog. 12 Ing dina wiwitané riyaya Roti Tanpa Ragi, wayahé nyembelèh cempéning Paskah, para sakabaté padha matur marang Yésus, "Gusti ngarsakaken kula sami késah cecawis wonten ing pundi kagem dhahar Paskah Gusti?" 13 Panjenengané banjur ngutus sakabaté loro, lan ngandika marang utusan iku, "Padha menyanga ing kutha; ing kana ana wong kang nggawa jun isi banyu bakal methukaké kowé. Kowé padha ngetutna wong iku, 14 lan ana ing omah kang dileboni, kowé kandhaa marang kang duwé omah mau: Guru meling: Kamar endi kang bakal kanggo mangan Paskah karo para sakabatku? 15 Wong iku banjur bakal nuduhaké marang kowé kamar lotèng, kang jembar kang wis kacawisaké. Iya ing kono iku kowé padha nyawisna bujana Paskah kanggo Aku lan kowé kabèh!" 16 Sakabat iku banjur padha mangkat, lan bareng tekan kutha padha ngalami kabèh kaya kang dingandikakaké déning Yésus mau; tumuli padha nyawisaké Paskah. 17 Bareng wis soré Panjenengané rawuh bareng karo sakabat rolas. 18 Nalika padha lungguh sarta padha mangan, Yésus ngandika, "Satemené Aku pitutur marang kowé, ana siji saka panunggalanmu kang bakal ngiyanati Aku, iya kang lagi mangan karo Aku." 19 Para sakabat banjur wiwit padha sedhih sarta siji-siji padha matur marang Panjenengané, "Rak sanès kawula ta, Gusti?" 20 Panjenengané tumuli ngandika marang para sakabat, "Wong iku iya salah siji saka panunggalanmu wong rolas, kang nyelupaké roti ing mangkok bebarengan karo Aku. 21 Sabab Putraning Manungsa bakal jengkar kaya kang wis tinulis mungguhing Panjenengané, éwadéné bilai wong kang dadi margané Putraning Manungsa kaulungaké. Luwih becik, saupama wong iku ora lair." 22 Nalika Yésus lan para sakabaté lagi padha dhahar, Panjenengané mundhut roti, saos sokur, nyuwil-nyuwil roti mau banjur maringaké marang para sakabat, kalawan ngandika, "Padha tampanana, iki badanku." 23 Panjenengané banjur mundhut tuwung, ngaturaké panuwun lan maringaké tuwung iku marang para sakabat. Kabèh banjur padha ngombé saka tuwung mau. 24 Apadéné Panjenengané ngandika marang para sakabat, "Iki getihku, getihing prajanjian, kang kawutahaké kanggo wong akèh. 25 Satemené Aku pitutur marang kowé: Aku bakal ora ngombé manèh wohing wit anggur, nganti tumekaning dinané Aku bakal ngombé kang anyar ana ing Kratoné Allah." 26 Sawisé padha ngunjukaké kidung pamuji, banjur padha lunga menyang Gunung Zaitun. 27 Yésus nuli ngandika marang para sakabat, "Kowé kabèh, bakal gonjing imanmu, awit wis tinulis: Ingsun bakal nggebag juru pangoné, lan wedhus-wedhusé bakal padha buyar. 28 Nanging samangsa Aku wis katangèkaké, Aku bakal ndhisiki kowé menyang Galiléa." 29 Pétrus banjur matur marang Panjenengané, "Sanadyan sadaya sami gonjing imanipun, kawula mboten." 30 Yésus banjur ngandika marang Pétrus, "Satemené Aku pitutur marang kowé, ing dina iki, ing wayah bengi iki uga, sadurungé jago kluruk kaping pindho, kowé wus nyélaki Aku rambah kaping telu." 31 Éwadéné kalawan luwih nandhes Pétrus matur, "Manawi kawula kedah pejah sareng-sareng kaliyan Gusti, kawula mboten badhé nyélaki Gusti." Liya-liyané kabèh iya padha munjuk mangkono. 32 Yésus lan para sakabaté banjur rawuh ing panggonan kang jenengé Gètsémani. Yésus ngandika marang para sakabaté, "Padha lungguha ana ing kéné, sajroné Aku ndedonga." 33 Panjenengané ndhawuhi Pétrus lan Yakobus sarta Yohanes ndèrèk. Yésus wiwit kraos sungkawa banget sarta giris ing galih. 34 Panjenengané nuli ngandika marang sakabat telu iku, "Atiku sedhih banget, nganti kaya arep mati. Kowé padha ana ing kéné lan padha meléka" 35 Sawisé majeng sawatara, Yésus banjur sumungkem ing bumi sarta ndedonga, supaya yèn bisa waktu iku sumingkira saka Panjenengané, 36 sarta matur, "Dhuh Abba, dhuh Rama, tumrap Paduka samukawis saged kelampahan; tuwung punika mugi Paduka singkiraken saking Kawula, namung kémawon sampun pikajeng Kawula, nanging karsa Paduka." 37 Yésus banjur wangsul lan manggih sakabat telu iku padha turu. Panjenengané nuli ngandika marang Pétrus, "Simon, apa kowé turu? Apa kowé ora kuwat melèk sajam baé? 38 Padha melèka lan ndedongaa, supaya kowé ora kena ing panggodha; roh iku pancèn becik niyaté, nanging sipating manungsa, ringkih." 39 Panjenengané banjur tindak manèh lan ndedonga nganggo tembung-tembung kang padha. 40 Nalika rawuh manèh, Yésus manggih sakabat telu iku lagi padha turu, awit mripaté mbliyut, apadéné padha ora ngerti apa kang kudu diaturaké marang Panjenengané. 41 Panjenengané rawuh kang kaping teluné banjur ngandika marang sakabat telu iku, "Apa isih padha turu lan ngaso? Wis cukup, wis tekan waktuné, delengen, Putraning Manungsa kaulungaké marang tangané para wong dosa. 42 Padha tangia, ayo padha lunga. Kang ngulungaké Aku wus cedhak." 43 Nalika Yésus isih ngandika, Yudas panunggalané sakabat rolas, dumadakan teka bareng karo wong golongan kang padha nggawa pedhang lan penthung atas préntahé para pangarepé imam, lan para ahli Torèt sarta para pinituwa. 44 Wong kang ngiyanati Panjenengané wis awèh sasmita marang wong-wong mau, "Wong kang bakal dakcucup, yaiku wongé, iku tangkepen, jaganen sing kuwat." 45 Sawisé teka, Yudas énggal-énggal nyelaki Panjenengané, banjur matur, "Rabbi," lan nyucup Panjenengané. 46 Wong-wong mau banjur nyandhak lan nangkep Panjenengané. 47 Saka ing antarané wong-wong kang ana ing kono iku ana kang ngunus pedhang, lan nyabetaké pedhangé marang abdiné Imam Agung, lan merung kupingé. 48 Yésus nuli ngandika marang wong-wong iku, "Kowé kok kaya ngadhepi bégal, padha teka karo nggawa pedhang lan penthung kanggo nangkep Aku? 49 Saben dina Aku rak iya nunggal karo kowé, memulang ana ing Padaleman Suci; lan kowé ora padha nangkep Aku. Nanging supaya kelakona kang tinulis ing Kitab Suci." 50 Para sakabat banjur ninggal Panjenengané, padha mlayu kabèh. 51 Ana nom-noman ndhèrèkaké Panjenengané, nutupi badané mung nganggo kemul lawon. Wong-wong padha arep nangkep nom-noman iku, 52 nanging nom-noman mau ninggal lawoné, mlayu wuda. 53 Yésus banjur kairid menyang dalemé Imam Agung. Para pangareping imam, pinituwa lan ahli Torèt padha nglumpuk ana ing kono. 54 Déné Pétrus ndhèrèkaké Panjenengané saka kadohan nganti tekan plataraning Imam Agung, banjur lungguh awor para pengawal, sinambi gegeni. 55 Para pangarepé imam dalah warganing Pradata Agama kabèh, padha golèk paseksi kang nglawan Yésus, supaya Panjenengané bisa dipatrapi paukuman pati, nanging ora olèh. 56 Sabab akèh wong kang awèh paseksi palsu nglawan Yésus, nanging paseksi-paseksi iku siji lan sijiné ora cocog. 57 Banjur ana wong sawatara kang ngaturaké paseksi palsu, nglawan Panjenengané kalawan pandakwa, mangkéné, 58 "Kula sampun sami mireng tiyang punika wicanten makaten: Aku bakal ngrubuhakaé Padaleman Suci kang kagawé srana tanganing manungsa iki lan sajroné telung dina Aku bakal mbangun liyané, kang dudu gawéané tanganing manungsa." 59 Bab iki, paseksiné wong-wong iku uga cengkah karo liyané. 60 Imam Agung banjur jumeneng ana ing satengahing parepatan, nuli ndangu marang Yésus, "Apa kowé ora mangsuli babar pisan? Kepriyé mungguh paseksiné wong-wong kang ndakwa kowé iku?" 61 Nanging Panjenengané kèndel baé, ora paring wangsulan apa-apa. Imam Agung ndangu Yésus manèh, pangandikané, "Apa kowé iku Mésias, Putrané Kang Pinuji?" 62 Paring wangsulané Yésus, "Iya Aku iki Panjenengané, lan kowé bakal padha weruh Putrané Manungsa lenggah ing satengené Kang Mahakwasa lan rawuh ana ing méganing langit." 63 Imam Agung banjur nyuwèk-nyuwèk agemané lan ngandika, "Kanggé punapa kita taksih mbetahaken seksi malih? 64 Panjenengan sampun sami midhanget panyenyamahipun dhateng Allah. Kadospundi pamanggih panjenengan?" Wong-wong kabèh saiyeg padha netepaké Yésus kudu kaukum pati. 65 Wong sawatara banjur wiwit ngidoni Panjenengané, lan nutupi pasuryané sarta njotosi kalawan kandha marang Panjenengané, "Hé, nabi, coba bedhèken!" Dalah para pengawal iya mèlu padha ngantemi Yésus. 66 Nalika iku Pétrus isih ana ngisor, ana ing plataran. Banjur ana wong wadon, abdiné Imam Agung, kang teka, 67 lan bareng weruh Pétrus gegeni, banjur namataké rainé, lan ngucap, "Sampéyan niku rak enggih tansah sareng kalih Yésus, tiyang Nasarèt niku." 68 Nanging Pétrus sélak, wangsulané, "Kula mboten ngerti lan enggih mboten mudheng napa sing mang karepké niku." Pétrus banjur pindhah menyang èmpèr ngarep. (Nuli ana jago kluruk.) 69 Bareng wong wadon mau weruh Pétrus manèh, banjur iya kandha-kandha marang wong-wong kang ana ing kono, "Tiyang niku enggih saking panunggalané." 70 Nanging Pétrus sélak manèh. Ora let suwé wong-wong kang ana ing kono padha calathu manèh marang Pétrus, "Sampéyan niku genah tunggalé, napa malih sampéyan tiyang Galiléa!" 71 Nanging Pétrus banjur wiwit supata lan sumpah-sumpah, "Kula mboten kenal tiyang sing mang kandhakké niku!" 72 Sanalika iku uga jago kluruk kaping pindhoné. Pétrus banjur kèlingan marang pangandikané Yésus, "Sadurungé jago kluruk ping pindho, kowé wus nyélaki Aku kaping telu." Banjur nangis sesenggrukan.
1 Bareng wayah bangun ésuk para pangarepé imam, karo para pinituwa lan para ahli Torèt sarta warganing Pradata Agama liyané kabèh padha nglumpuk rembugan. Wong-wong iku banjur mbanda lan ngirid Yésus sarta ngladèkaké marang ngarsané Pilatus. 2 Pilatus nuli ndangu Panjenengané, "Punapa Panjenengan rajanipun tiyang Yahudi?" Yésus paring wangsulan, ngandikané, "Panjenengan piyambak ingkang ngandika makaten." 3 Para pangarepé imam banjur padha ngaturaké pandakwa akèh tumrap Yésus. 4 Pilatus ndangu manèh marang Panjenengané, pangandikané, "Punapa Panjenengan mboten mangsuli punapa-punapa? Kula aturi menggalih, kathah sanget pandakwanipun tiyang-tiyang punika dhateng Panjenengan." 5 Nanging Yésus tetep ora mangsuli apa-apa, temah Pilatus nganti gumun banget. 6 Ing dina riyaya wis dadi padatan, Pilatus ngluwari wong tawanan siji, sing dikarepaké déning wong akèh. 7 Nalika iku ana wong, jenengé Barabas, kang ditawan bareng karo para pemberontak kang sajroné keributan padha gawé pati. 8 Wong akèh banjur munggah lan wiwit padha nyuwun kanthi banget, supaya Pilatus nindakaké kaya kang dadi padatan kanggo wong akèh. 9 Déné Pilatus nanggapi wong akèh kalawan ngandika, "Apa kowé padha kepéngin supaya aku ngluwari rajané wong Yahudi iki?" 10 Jalaran Pilatus ngerti, yèn para pangarepé imam padha ngulungaké Panjenengané marga saka drengkiné. 11 Nanging para pangarepé imam padha ngojok-ojoki wong akèh supaya Pilatus ngluwari Barabas. 12 Pilatus nanggapi manèh lan ngandika marang wong akèh, "Banjur aku kudu nindakaké apa marang wong kang padha koksebut rajané wong Yahudi iku?" 13 Wong akèh nuli padha mbengok manèh, "Kasaliba kémawon!" 14 Pilatus banjur ngandika manèh marang wong-wong iku, "Banjur dosané apa, ta?" Nanging wong akèh sangsaya sora mbengoké, "Kasaliba tiyang punika!" 15 Sarèhné Pilatus nedya gawé mareming atiné wong akèh, mulané iya ngluwari Barabas kanggo wong akèh mau; Yésus banjur digebagi sarta dipasrahaké supaya disalib. 16 Para prajurit tumuli ngirid Yésus menyang plataran wewengkon dalem gubernuran; sarta banjur padha ngundang prajurit kabèh supaya nglumpuk. 17 Wong-wong iku banjur ngagem-agemi Panjenengané jubah wungu, lan sawusé nganam-anam makutha eri, banjur diagemaké ing mustakané. 18 Sawusé mangkono banjur padha ngucapaké salam marang Yésus, pangucapé, "Ngaturaken kasugengan, rajanipun tiyang Yahudi!" 19 Banjur padha menthungi mustakané nganggo glagah lan padha ngidoni nuli padha jèngkèng nyembah Panjenengané. 20 Sawusé padha moyoki Panjenengané, para prajurit banjur padha nglukari agemané jubah wungu mau lan ngagemaké agemané piyambak. Para prajurit tumuli padha ngirid Yésus metu arep nyalib Panjenengané. 21 Nalika samana ana wong liwat jenengé Simon, wong Kiréné, bapakné Aleksander lan Rufus, kang lagi bali saka njaban kutha. Wong iku dipeksa supaya manggul salibé Yésus. 22 Para prajurit iku nuli ngirid Panjenengané menyang panggonan kang aran Golgota, kang ateges: pacumplungan. 23 Tumuli padha nyaosi Panjenengané anggur kang dicampuri mur, nanging Panjenengané ora karsa. 24 Wong-wong iku banjur padha nyalib Panjenengané sarta ngedum-edum pangagemané sarana kalotré kanggo nemtokaké pandumané dhéwé-dhéwé. 25 Wayah jam sanga ésuk para prajurit padha nyalib Panjenengané. 26 Ana tulisan kang nélakaké kaluputané Yésus, uniné, "Rajané wong Yahudi." 27 Bareng karo Panjenengané, para prajurit iya nyalib bégal loro, kang siji ing satengené, sijiné ing sakiwané. 28 Sarana mangkono, kayektènan apa kang katulis ing Kitab Suci kang muni, "Panjenengané kaétang golongané para durjana." 29 Wong-wong kang padha liwat ing kono, padha ngala-ala Yésus, kanthi gèdhèg-gèdhèg padha ngucap, "Hé, kowé kang arep ngrubuhaké Padaleman Suci lan arep mbangun manèh sajroné telung dina, 30 luwarana awakmu dhéwé lan mudhuna saka salib!" 31 Mangkono uga para pangarepé imam karo para ahli Torèt, iya padha moyoki karo rasanan, "Wong iku wus mitulungi wong liya, nanging mitulungi awaké dhéwé ora bisa! 32 Saiki Mésias, Rajané Israèl iku karebèn mudhun saka salib, supaya kita padha weruh lan pracaya." Dalah kang padha kasalib bareng karo Yésus iku iya padha moyoki Panjenengané. 33 Bareng wus jam rolas, ana pepeteng kang nglimputi satanah kabèh nganti jam telu. 34 Ing wayah jam telu iku Yésus nywanten kalawan sora, "Éloi, Éloi, lema sabakhtani?" Kang tegesé, "Allah kawula, Allah kawula, kenging punapa Paduka nilar kawula?" 35 Sawatara wong kang padha ngadeg ana ing kono bareng krungu kang mangkono mau, padha ngucap, "Delengen, wong iku ngundang Élia." 36 Banjur ana wong kang énggal-énggal teka, nyelupaké spons ing anggur kecut, dituncepaké ing glagah, tumuli ngaturi ngunjuk marang Yésus, sarta ngucap, "Ayo padha dientèni lan dideleng, apa Élia teka ngudhunaké wong iku." 37 Yésus banjur nywanten sora lan séda. 38 Nalika iku geberé Padaleman Suci suwèk dadi loro, saka ndhuwur tekan ngisor. 39 Panggedhéné prajurit kang ngadeg adu-arep karo Yésus, bareng nyumurupi kaya mangkono anggoné séda, banjur ngucap, "Sanyata, wong iku Putraning Allah." 40 Ana uga wong wadon sawatara kang padha ngawasaké saka kadohan, yaiku Maria Magdaléna, Maria ibuné Yakobus-nom lan Yosès, sarta Salomé. 41 Wong-wong iku kabèh wis ndhèrèkaké Yésus lan ngladosi Panjenengané nalika ana ing Galiléa. Ing kono iya isih ana wong wadon liyané kang akèh cacahé, kang padha teka ing Yérusalèm bebarengan karo Panjenengané. 42 Bareng wayahé wis soré, sarèhné iku dina pacawisan, yaiku dina ngarepaké Sabat, 43 mulané Yusuf, wong Arimatéa, warganing Pradata Agama kang kajèn kèringan, kang iya nganti-anti marang Kratoning Allah, nékad sowan Pilatus sarta nyuwun layoné Yésus. 44 Pilatus gumun nalika midhanget menawa Yésus wis séda. Banjur nimbali panggedhéné prajurit lan ndangu, apa Panjenengané wus séda. 45 Sawisé midhanget aturé panggedhéning prajurit mau, Pilatus banjur maringaké layoné marang Yusuf. 46 Yusuf nuli tuku mori alus, lan ngudhunaké layoné Yésus sarta ngulesi layon mau nganggo mori iku. Sawisé mangkono, banjur nyarèkaké layoné ana ing kubur kang tatahan ing watu. Banjur ngglundhungaké watu nutup lawanging kuburan. 47 Maria Magdaléna lan Maria ibuné Yosès padha namataké papan anggoné nyarèkaké layon mau.
1 Bareng dina Sabat wis keliwat, Maria Magdaléna lan Maria ibuné Yakobus apadéné Salomé padha tuku rempah-rempah wangi kanthi sedya bali manèh menyang pasaréan arep njebadi Yésus. 2 Wayah bangun ésuk ing dina kapisan ing minggu iku, sawisé srengéngéné mlethèk, wong-wong wadon mau padha lunga menyang pasaréan. 3 Banjur padha rasanan, "Sapa kang bakal ngglundhungaké watuné kanggo kita saka lawanging pasaréan?" 4 Nanging bareng padha ndeleng saka cedhakan, banjur padha weruh yèn watuné wis ngglundhung, mangka watu mau gedhé banget. 5 Nuli padha lumebu ing pasaréan lan padha weruh priya nom-noman lenggah ing sisih tengen ngagem jubah putih, mulané padha kagèt. 6 Nanging priya nom-noman mau tumuli ngandika marang para wong wadon iku, "Aja padha wedi! Kowé padha nggolèki Yésus saka Nasarèt, kang wus kasalib iku. Panjenengané wus wungu. Ora ana ing kéné. Padha delengen! Iki panggonan kang kanggo nyarèkaké Panjenengané. 7 Nanging saiki padha lungaa, kandhaa marang para sakabaté lan Pétrus: Panjenengané tindak ngrumiyini kowé kabèh menyang Galiléa; ing kana kowé bakal padha ndeleng Panjenengané, kaya kang wus dingandikakaké marang kowé kabèh." 8 Wong-wong wadon mau banjur padha mlayu metu saka pasaréan, amarga padha giris lan geter, apadéné ora kandha apa-apa marang sapa baé, marga padha wedi. Déné wong-wong wadon iku kanthi ringkes nerusaké sakèhing piwelingé malaékat mau marang Pétrus lan kanca-kancané. Sawusé iku Yésus piyambak lumantar para sakabat martakaké saka wétan nganti tekan kulon pawarta kang suci lan kang ora bakal kena kasirnakaké, bab pawartaning karahayon kang langgeng. 9 Bareng Yésus wis wungu nalikané isih ésuk umun-umun ing dina kapisan ing minggu iku, kang dhisik dhéwé Panjenengané ngatingal marang Maria Magdaléna, kang saka wong iku, Panjenengané wis nundhung sétan pitu. 10 Wong wadon mau nuli lunga wewarta bab iku marang wong kabèh, kang biyèn padha ndhèrèkaké Panjenengané, lan kang ing waktu samana lagi padha susah lan nangis. 11 Nanging bareng padha krungu, yèn Yésus wungu lan wis kadeleng déning Maria, wong-wong iku padha ora ngandel. 12 Sawisé iku, Panjenengané ngatingal ngagem rupi kang béda marang wong loro panunggalané, nalika sakaroné padha lumaku menyang njaban kutha. 13 Wong loro mau banjur bali padha wewarta bab iku marang murid-murid liyané, nanging iya padha ora ngandel. 14 Pungkasané, Panjenengané ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur netah marang wong sawelas iku bab cupeting pangandel lan wangkoting atiné, déné padha ora ngandel marang wong-wong kang wus padha ndeleng Panjenengané sawisé wungu. 15 Panjenengané banjur ngandika marang para sakabat sawelas mau, "Padha lungaa menyang saindenging jagat, padha martakna Injil marang sakèhing tumitah. 16 Sapa kang pracaya lan kabaptis, bakal kaslametaké, balik kang ora pracaya bakal kaukum. 17 Pratandha-pratandha iki bakal mbarengi para wong kang pracaya: Wong-wong pracaya iku bakal padha nundhungi sétan sarana jenengku, bakal padha guneman nganggo basa-basa anyar. 18 Bakal padha nyekel ula, lan sanadyan ngombé racun kang matèni, ora bakal cilaka; bakal padha numpangi tangan marang para kang lara, lan iku bakal padha waras." 19 Sawisé Gusti Yésus ngandika kang mangkono marang para sakabat, Panjenengané banjur kasengkakaké menyang swarga lan lenggah ing satengené Allah. 20 Déné para sakabaté iku banjur padha lunga memulang ing endi-endi, sarta Gusti nyarengi makarya, apadéné ngekahaké piwulangé sarana pratandha-pratandha.
1 Téofilus ingkang minulya, sampun kathah tiyang ingkang sami ndhapuk cariyos bab lelampahan-lelampahan ingkang kadadosan wonten ing antawis kita, 2 kadosdéné ingkang sami kita tampèni saking tiyang-tiyang, ingkang saking wiwitan sami nyipati piyambak lan sami dados paladosing Pangandika. 3 Awit saking punika, sasampunipun kula nitipriksa kadadosan wau sadaya, saking wiwitanipun kanthi premati, putusaning manah kula, kadadosan-kadadosan wau kula damel buku, ingkang isinipun runtut, saha ingkang lajeng kula aturaken ing ngarsa panjenengan punika, 4 ing pangangkah, supados panjenengan saged nguningani, bilih sadaya ingkang sampun kawulangaken dhateng panjenengan punika leres saèstu. 5 Nalika jamané Hérodès, raja ing Yudéa, ana imam, asmané Zakharia, kalebu golongan Abia. Somahé uga trahé Harun, asmané Élisabèt. 6 Sakaroné padha mursid ana ing ngarsané Allah lan tansah nindakaké pepakon lan pranataning Pangéran, tanpa cacad. 7 Nanging ora kagungan putra, sabab Élisabèt iku gabug lan sakaroné wus padha sepuh. 8 Ing sawijining dina, nalika pinuju giliraning golongané, Zakharia nindakaké ayahan ngimami ana ngarsaning Pangéran. 9 Sabab nalika diundhi kaya adaté, kanggo namtokaké imam kang nampa ayahan, panjenengané kang katuding lumebet ing Padaleman Suci ngobong dupa ana ing kono. 10 Ing waktuné ngobong dupa, umat kabèh kumpul ana ing jaba padha sembahyang. 11 Imam Zakharia banjur dikatingali malaékating Pangéran, jumeneng ing satengening misbyah padupan. 12 Pirsa lelakon iku, Imam Zakharia kagèt lan dadi ajrih. 13 Nanging malaékat mau banjur ngandika, "Aja wedi, Zakharia, awit pandongamu wus kabul, lan Élisabèt, bojomu, bakal nglairaké anakmu lanang, iku jenengna Yohanes. 14 Bocah iku bakal ndadèkaké bungah lan senenging atimu, malah akèh wong kang uga bakal bungah marga saka lairé bocah mau. 15 Sabab iku bakal pinunjul ana ing ngarsaning Pangéran, lan bakal ora ngombé anggur utawa minuman keras liyané, sarta bakal kapenuhan ing Roh Suci wiwit saka ing rahiming ibuné. 16 Apadéné bakal njalari akèh wong Israèl padha mratobat marang Pangéran, Allahé, 17 sarta bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindaké Pangéran kanthi roh lan pangwasané Élia, supaya bisa mbalèkaké atiné para bapa marang para anaké, sarta nuntun wong mursal marang kamursidan. Dadiné nyawisaké umat kang sembada tumrap ing Pangéran!" 18 Zakharia banjur munjuk marang malaékat mau, "Kadospundi anggèn kawula saged mangertos, bilih bab punika saèstu badhé kalampahan? Sabab kawula sampun sepuh, saha sémah kawula sampun lungsé ing wanci." 19 Paring wangsulané malaékat, "Aku iki Gabrièl sing ngladosi Allah lan aku diutus ndhawuhi kowé, sarta nglantaraké pawarta kabungahan iki marang kowé. 20 Satemené, kowé bakal bisu lan ora bisa guneman nganti tekan titimangsa kalakoné iku kabèh, amarga kowé ora ngandel marang dhawuhku kang mesthi bakal kelakon ing waktu kang wus katamtokaké." 21 Nalika iku wong akèh padha ngentèni Imam Zakharia. Wong-wong iku padha gumun, déné suwé temen anggoné ana ing Padaleman Suci. 22 Bareng miyos, panjenengané ora bisa ngandika apa-apa marang wong akèh iku lan wong akèh iku banjur mangerti, yèn Zakharia mentas tampi wahyu ana ing Padaleman Suci. Panjenengané banjur paring sasmita marang wong akèh, lan tetep bisu. 23 Bareng waktuning ayahané wus rampung, Zakharia banjur kondur. 24 Kacarita ora let suwé Élisabèt, garwané banjur ngandheg lan sajroning limang sasi ora tau metu-metu, pangucapé, 25 "Ya iki pandamelé Pangéran marang aku anggoné karsa ngluwari wirangku ana ing ngareping wong akéh." 26 Bareng wus nyandhak nem sasiné, Allah ngutus malaékat Gabrièl menyang Nasarèt, ing wilayah Galiléa, 27 nemoni prawan kang pacangan karo wong kang aran Yusuf, tedhaké Daud. Prawan mau asmané Maria. 28 Nalika malaékat mau lumebet ing omahé Maria, banjur ngandika, "Salam, kowé kang kinasihan, Pangéran tansah nganthi marang kowé." 29 Krungu pangandika mangkono iku Maria kagèt, lan pitakon ing sajroning ati, apa tegesé iku. 30 Malaékat nuli ngandika, "Aja wedi, Maria, awit kowé olèh sih-kanugrahan ana ing ngarsaning Pangéran. 31 Lah kowé bakal ngandheg lan bakal nglairaké anak lanang. Iku jenengna Yésus. 32 Bocah mau bakal pinunjul lan kasebut Putraning Allah Kang Mahaluhur. Apadéné Allah bakal maringaké dhamparé Daud, leluhuré, marang Panjenengané. 33 Panjenengané bakal jumeneng dadi Rajaning para turuné Yakub nganti salawas-lawasé, sarta kratoné iku bakal ora ana wekasané." 34 Maria banjur matur marang malaékat mau, "Punika sagedipun kalampahan kadospundi, jalaran kawula dèrèng émah-émah?" 35 Paring wangsulané malaékat, "Roh Suci bakal nedhaki kowé, sarta kwasané Kang Mahaluhur bakal ngayomi kowé; mulané bayi kang bakal lair iku bakal kasebut suci, Putraning Allah. 36 Lah Élisabèt, sadulurmu, kang wus tuwa iku, iya lagi ngandhut anak lanang, déné sapréné wus nem sasi, mangka wus diarani gabug. 37 Amarga tumraping Allah ora ana barang kang mokal." 38 Maria banjur munjuk, "Sumangga, kawula punika abdinipun Pangéran; tumrap kawula kalampaha kadosdéné ingkang Paduka ngandikakaken." Sawusé mangkono malaékat mau banjur jengkar nilar Maria. 39 Ora watara suwé, Maria énggal-énggal tindak menyang kutha ing pagunungan Yéhuda. 40 Bareng lumebet ing dalemé Zakharia tumuli uluk-salam marang Élisabèt. 41 Kocapa nalika Élisabèt midhanget uluk-salamé Maria, bayi kandhutané nggronjal, lan Élisabèt tumuli kapenuhan ing Roh Suci, 42 sarta kalawan sora ngandika, "Kowé binerkahana ana ing antarané wong wadon kabèh, lan binerkahana kandhutanmu. 43 Sapa ta aku iki, déné nganti karawuhan ibuné Gustiku? 44 Amarga sanyatané, bareng aku krungu uluk-salammu, bayi kandhutanku nggronjal, marga saka senengé. 45 Rahayu wong kang wus pracaya, sabab apa kang kapangandikakaké déning Pangéran, mesthi bakal kelakon." 46 Maria banjur medhar pangandika mangkéné: "Nyawaku ngluhuraké Pangéran, 47 lan aku bungah marga saka Allah, Juruslametku. 48 Sabab Panjenengané wus ngudanèni asoring abdiné. Lah wiwit saiki sakèhing wong turun-temurun bakal ngarani aku rahayu, 49 jalaran Kang Mahakwasa wus nindakaké pakaryan-pakaryan kang pinunjul marang aku sarta suci asmané. 50 Rahmaté turun-tumurun tumrap wong kang wedi asih marang Panjenengané. 51 Panjenengané ngatingalaké pangwaosé kalawan pakaryaning astané lan mbuyaraké wong kang gumunggung atiné. 52 Panjenengané nglèngsèraké wong-wong kang kwasa saka ing kalenggahané, lan ngluhuraké wong-wong kang asor. 53 Panjenengané nglubèraké samubarang kang becik marang wong kang kaluwèn, lan nundhung wong kang sugih kanthi nglaha. 54 Panjenengané nulungi Israèl, abdiné, awit ènget marang rahmaté, 55 kaya kang wus kaprasetyakaké marang leluhur kita, marang Abraham lan tedhak-turuné, ing salawas-lawasé." 56 Maria anggoné ana ing omahé Élisabèt mau watara telung sasi, banjur kondur. 57 Bareng Élisabèt anggoné ngandheg wis tekan ing lèke, banjur nglairaké jabang-bayi lanang. 58 Nalika tangga-teparoné lan sanak-saduluré krungu pawarta yèn Allah wis paring sih kamurahané kang samono gedhéné iku, padha mèlu bungah. 59 Ing wolung dinané wong-wong mau padha teka saprelu anggoné arep netaki bayiné lan mènèhi jeneng Zakharia manut jenengé bapakné. 60 Nanging ibuné kandha, "Aja, jenengé kudu Yohanes." 61 Pangucapé wong akèh mau, "Sanak-sanakmu ora ana kang jenengé mangkono." 62 Banjur padha takon marang bapakné kanthi sasmita, bakal dijenengaké sapa anaké iku. 63 Zakharia njaluk lambaran kang biasané kanggo nulis lan banjur nulis, "Jenengé Yohanes." Wong kabèh dadi padha gumun. 64 Sanalika iku uga cangkemé kabuka lan ilaté uwal, temahan banjur bisa omong lan ngluhuraké Allah. 65 Para tangga-teparoné padha kataman ing wedi, lan kabèh lelakon mau banjur dadi rerasanané wong-wong ing satlatah pagunungan Yudéa kabèh. 66 Wong kabèh kang krungu prakara iku, padha ngrasak-ngrasakaké ing sajroning ati, sarta pangucapé, "Bakal dadi apa bocah iki bakalé bésuk?" Amarga kaayoman ing astaning Pangéran. 67 Zakharia, bapakné, marga saka kapenuhan ing Roh Suci, banjur medhar wangsit, pangucapé, 68 "Pinujia Pangéran, Allahé Israèl, sabab wus nuwèni umaté lan paring pangluwaran. 69 Panjenengané nukulaké sunguning karahayon kanggo kita ana ing tedhaké Daud, abdiné, 70 -- kaya kang wis kapangandikakaké wiwitan mula lantaran para nabiné kang suci -- 71 supaya kita luwar saka mungsuh-mungsuh kita lan saka tangané sakèhé wong kang padha sengit marang kita. 72 Minangka anggoné nedahaké sih-rahmaté marang leluhur kita lan anggoné ènget marang prasetyané kang suci, 73 yaiku supaos kang kapangandikakaké marang Abraham, bapa leluhur kita, yèn Panjenengané paring kanugrahan marang kita, 74 supaya kita luwar saka ing tanganing mungsuh, bisa ngabekti marang Panjenengané tanpa rasa wedi, 75 ing sajroning kasucèn lan apa kang bener ana ing ngarsané, sajegé urip kita. 76 Déné kowé, nggèr, anakku, bakal kasebut nabining Allah Kang Mahaluhur, amarga kowé bakal lumaku ndhisiki tindaké Pange'ran saprelu nyawisaké dalan kagem Panjenengané, 77 lan mènèhi pangertèn marang umaté bab dalaning karahayon, adhedasar pangapuraning dosa-dosané 78 marga saka rahmat lan sih-piwelasé Allah kita, kang iya srana iku Panjenengané bakal rawuh minangka anggoné milujengaké kita, Surya-ésuk saka ing ngaluhur, 79 kagem madhangi sakèhing wong kang manggon ing pepeteng lan ana ing ayang-ayanganing pati, apadéné ngeneraké sikil kita marang dalaning karahayon." 80 Anadéné bocah mau saya mundhak gedhéné lan rohé saya santosa, sarta banjur manggon ing ara-ara samun nganti tumeka ing dina anggoné kudu ngaton marang Banisraèl.
1 Nalika samana Kaisar Agustus paring dhawuh, dianakna cacah-jiwa tumrap wong saindenging jagat. 2 Iki cacah-jiwa kang kapisan kang kaanakaké nalika Kirénius jumeneng gubernur ing Siria. 3 Mulané wong-wong kabèh banjur padha mangkat arep ndhaftaraké, saben wong menyang kuthané dhéwé-dhéwé. 4 Mangkono uga Yusuf iya mangkat saka Nasarèt, wilayah Galiléa menyang Yudéa, kuthané Daud, kang aran Bètléhèm -- amarga asalé saka ing brayat lan tedhaké Daud -- 5 supaya didhaftaraké bebarengan karo Maria, pacangané, kang lagi ngandheg. 6 Bareng wus tekan kono, Maria anggoné ngandheg wus tekan wektuné babaran, 7 banjur mbabar putra kakung, kang pambajeng, nuli digedhong lan disèlèhaké ing pamakanan, sabab padha ora komanan panggonan ana ing papan panginepan. 8 Kacarita ing tlatah kono ana para pangon kang padha nginep ing ara-ara njaga pepanthaning kéwané ing wayah bengi. 9 Dumadakan ana malaékating Pangéran jumeneng ing sacedhaké sarta padha kasorotan ing cahya kamulyané Pangéran satemah padha wedi banget. 10 Malaékat mau tumuli ngandika marang wong-wong mau, "Aja padha wedi, lah kowé padha dakwartani kabungahan gedhé, kang bakal kaparingaké tumrah sabangsa kabèh: 11 Ing dina iki wus miyos Juruslametmu, yaiku Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing kuthané Daud. 12 Déné kang minangka tengerané marang kowé, mangkéné: Kowé bakal mrangguli bayi kagedhong sumèlèh ing pamakanan." 13 Dumadakan ana balatantra swarga kang akèh banget cacahé, kang mbarengi malaékat mau sarta padha memuji marang Allah, sabdané, 14 "Kamulyan kagem Allah kang ana ing ngaluhur lan tentrem-rahayu ana ing bumi, ing antarané manungsa kang dadi renaning panggalihé." 15 Sapengkeré para malaékat menyang swarga, para pangon mau padha sapocapan mangkéné, "Payo, padha menyang Bètléhèm, ndeleng apa kang wus kelakon ing kana, kaya kang wus kapangandikakaké déning Pangéran marang kita." 16 Banjur padha énggal-énggal mangkat, tumuli ketemu karo Maria lan Yusuf, apadéné Jabang-bayi, kang sumèlèh ing pamakanan. 17 Bareng wus padha nyumurupi, banjur padha nyritakaké apa kang wis kapangandikakaké bab Jabang-bayi iku. 18 Wong kabéh kang padha krungu critané para pangon mau padha gumun. 19 Nanging Maria nyathet iku mau kabèh ana ing sajroning atiné lan dirasak-rasakaké. 20 Para pangon tumuli padha bali kalawan memuji lan ngluhuraké Allah, marga sabarang kang wis dirungu lan dideleng iku, cocog karo kang wis kapangandikakaké marang wong-wong mau. 21 Bareng wis ganep wolung dinané, Bayi mau kudu disupiti lan banjur kaparingan asma Yésus, yaiku asma kang kapangandikakaké déning malaékat sadurungé kinandhut kang ibu. 22 Nalika wus tekan dinaning panucèné miturut angger-anggeré Musa, Bayi mau banjur diasta menyang Yérusalèm arep dicaosaké marang Pangéran, 23 kaya kang katulisan ing angger-anggering Pangéran, "Sakèhing anak lanang pambarep kudu kasucèkaké kagem Allah", 24 lan padha saos kurban, manut apa kang kadhawuhaké ana ing angger-anggering Pangéran, arupa manuk deruk sajodho utawa piyik dara loro. 25 Ing Yérusalèm ana wong asmané Siméon, wong mursid lan ngabekti marang Allah, kang nganti-anti marang panglipuring Israèl sarta kang ingayoman ing Roh Suci. 26 Panjenengané wis pinaringan wangsit déning Roh Suci, yèn bakal ora mati sadurungé nyipati Mésias, yaiku Kang Jinebadan déning Pangéran. 27 Marga saka pitedahé Roh Suci, Siméon tindak menyang Padaleman Suci. Nalika Yésus, Bocah iku, diasta mlebu déning wong tuwané arep nindakaké kaya kang wus katamtokaké déning angger-anggering Torèt tumrap Bocah mau, 28 Siméon banjur mbopong Bocahé klawan memuji marang Allah, unjuké, 29 "Dhuh, Pangéran, mugi Paduka sapunika marengaken kawula késah kalayan tentrem-rahayu, miturut pangandika Paduka, 30 jalaran mripat kawula sampun sumerep kawilujengan ingkang mijil saking Paduka, 31 ingkang sampun Paduka cawisaken wonten ing sangajenging bangsa sadaya, 32 inggih punika pepadhang ingkang medharaken karsa Paduka tumrap bangsa-bangsa sanès saha ingkang dados kamulyaning umat Paduka, Israèl." 33 Kang rama lan kang ibu padha kaéraman banget marang kabèh kang diucapaké tumrap Panjenengané mau. 34 Siméon banjur mberkahi wong-wong mau lan ngandika marang Maria, kang ibu, "Sayektosipun Laré punika sampun pinasthi dados margining dhawah lan tanginipun tiyang kathah ing Israèl, sarta minangka pratanda ingkang badhé njalari pasulayan, 35 supados osiking manahipun tiyang kathah kababar. Lan ing bénjing panggalih panjenengan badhé katuwek ing pedhang." 36 Apadéné ing kono iya ana nabi wadon, asmané Hana, putrané Fanuèl, saka taler Asyèr. Panjenengané wus sepuh banget. Sawusé krama banjur gesang bebarengan karo garwané pitung taun, 37 lan tekan saiki randha, yuswané wolung puluh papat taun. Panjenengané ora tau nilar Padaleman Suci, rina wengi anggoné ngabekti kalawan pasa lan ndedonga. 38 Nalika iku panjenengané iya mrono lan ngunjukaké panuwun marang Allah, sarta ngandikakaké bab Bocah mau marang sakèhing wong kang padha nganti-anti pangluwarané Yérusalèm. 39 Sawusé ngrampungaké kang kudu dilakoni kabèh miturut angger-anggeré Pangéran, banjur padha kondur menyang kutha asalé, yaiku Nasarèt ing Galiléa. 40 Bocah mau saya mindhak ageng lan tambah kiyat, kapenuhan ing kawicaksanan sarta sinungan ing sih-kanugrahaning Allah. 41 Saben taun samangsa riyaya Paskah, wong tuwané Yésus tindak menyang Yérusalèm. 42 Nalika Yésus wus yuswa rolas taun, padha tindak menyang Yérusalèm kaya adaté yèn pinuju dina gedhé. 43 Sarampungé pahargyan, nalika padha kondur, Yésus kantun ana ing Yérusalèm, wong tuwané ora pirsa. 44 Sarèhné dikira yèn Putrané awor karo wong-wong kang padha mulih tunggal dalan, mulané padha mbacutaké tindaké nganti sadina, banjur padha madosi Panjenengané ana ing antarané para sanak-kadang lan para pitepungané. 45 Bareng ora pinanggih, banjur padha wangsul malih menyang Yérusalèm karo madosi terus. 46 Kacarita sawusé telung dina pinanggih Panjenengané ana ing Padaleman Suci lagi lenggah ana ing satengahé para guru agama, midhangetaké sarta mundhut pirsa piwulangé. 47 Sakèhé wong kang ngrungokaké Panjenengané padha éram marang kapinteran lan paring wangsulané. 48 Bareng wong tuwané pirsa, padha njenger. Kang ibu banjur ngandika marang Panjenengané, "Anggèr, yagéné tumindakmu marang aku sakloron kok mangkono. Ramamu lan aku padha nggolèki sliramu kanthi kuwatir." 49 Aturé marang rama-ibuné, "Punapaa déné panjenengan madosi kula? Panjenengan punapa mboten pirsa, bilih kula kedah wonten ing dalemipun Rama kula?" 50 Nanging rama-ibuné padha ora nyandhak marang apa kang dingandikakaké iku. 51 Panjenengané banjur kondur bebarengan karo kang rama lan kang ibu menyang Nasarèt; sabanjuré tetep terus kaemong déning rama-ibuné. Déné kang ibu nyathet prakara iku mau kabèh ana ing sajroning penggalihé. 52 Yésus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanané, apadéné saya kinasihan déning Allah lan manungsa.
1 Sajroning papréntahané Kaisar Tibérius wis nyandhak limalas tauné, nalika Pontius Pilatus jumeneng gubernur ing Yudéa, lan Hérodès jumeneng raja-wilayah ing Galiléa, Filipus sadhèrèké jumeneng raja-wilayah Ituréa lan Trakhonitis, sarta Lisanias jumeneng raja-wilayah Abiléné, 2 apadéné Hanas lan Kayafas jumeneng Imam Agung, Allah paring pangandika marang Yohanes, putrané Imam Zakharia, ana ing ara-ara samun. 3 Yohanes banjur ndlajahi saindengé wilayah Yordan sarta martakaké baptisan pitobat murih apuraning dosa, 4 kaya kang tinulis ing kitab pamecané Yésaya, "Ana swaraning wong kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara samun. Padha nyawisna margining Pangéran, lencengna lurung-lurungé kagem Panjenengané! 5 Saben jurang bakal kaurug, lan saben gunung lan gumuk bakal digawé rata; kang ménggak-ménggok bakal kalencengaké, kang mendhak-mandhukul bakal karatakaké, 6 apadéné sakèhing wong bakal weruh karahayon kang saka ing Pangéran." 7 Yohanes banjur ngandika marang wong akèh kang padha sowan nyuwun baptis, "Hé, turuning ula bedhudhak! Sapa kang akon kowé nyingkiri bebendu kang bakal tumempuh? 8 Mulané padha metokna wohing pitobat kang sembada. Lan aja padha nduwèni pangrasa: Abraham iku rama leluhur kita! Awit aku pitutur marang kowé: Allah kwaos akarya turuning Abraham saka watu-watu iki! 9 Wadungé wus cumepak ana ing poking wit, lan saben wit kang ora metokaké woh kang becik, bakal ditegor sarta dicemplungaké ing geni." 10 Wong akèh mau banjur padha nyuwun pirsa, "Menawi makaten, punapa ingkang kedah sami kula tindakaken?" 11 Paring wangsulané, "Sing sapa duwé klambi loro, supaya mènèhi wong kang ora duwé, lan sing sapa duwé pangan, iya tumindaka mangkono." 12 Ana juru-narik-pajeg kang uga teka arep nyuwun baptis, iku padha nyuwun pirsa, "Guru, kula kedah sami nglampahi punapa?" 13 Paring wangsulané, "Aja padha nagih ngluwihi kang wus katamtokaké tumrap kowé!" 14 Para prajurit uga padha nyuwun pirsa, "Menawi kula, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?" Paring wangsulané Yohanes, "Aja ngrampas lan aja meres, cukupna nganggo blanjamu dhéwé." 15 Nanging sarèhné wong akèh lagi padha nganti-anti lan ngarep-arep Mésias, kabèh padha nggraita apa Yohanes iku Panjenengané, 16 Yohanes banjur paring wangsulan, pangandikané, "Aku iki mbaptisi kowé nganggo banyu, nanging Panjenengané kang pangwasané ngungkuli aku, bakal rawuh lan sanadyan mung nguculi talining trumpahé baé, aku ora patut. Panjenengané bakal mbaptisi kowé ngagem Roh Suci lan geni. 17 Panjenengané wus ngasta piranti kagem ngresiki gandum lan papan panutoné; gandumé kaklumpukaké ing lumbungé, nanging mrambuté bakal diobong ing geni kang ora bisa sinirep." 18 Kanthi paring pitutur liyané kang akèh Yohanes nggelaraké Injil marang wong akèh. 19 Ananging bareng panjenengané melèhaké Hérodès, raja-wilayah kono, bab lelakoné karo Hérodias, garwané sadhèrèké, tuwin bab anggoné nindakaké sakèhing piala liya-liyané, 20 raja iku saya wuwuh durakané, srana anggoné ngunjara Yohanes. 21 Nalika wong akèh iku wus padha kabaptis lan nalika Yésus uga kabaptis sarta lagi ndedonga, langit tumuli piyak, 22 banjur katedhakan ing Roh Suci arupa manuk dara. Nuli ana swara kang kaprungu saka ing langit mangkéné, "Sira iku Putraningsun kang kinasih, kang ndadèkaké keparengingsun." 23 Nalika Yésus wiwit makarya, yuswané kurang luwih telung puluh taun lan manut pangirané wong-wong, Panjenengané iku putrané Yusuf, putrané Éli, 24 putrané Matat, putrané Lèwi, putrané Malkhi, putrané Yanai, putrané Yusuf, 25 putrané Matica, putrané Amos, putrané Nahum, putrané Hèsli, putrané Nagai, 26 putrané Maat, putrané Matica, putrané Simèi, putrané Yosékh, putrané Yoda, 27 putrané Yohanan, putrané Résa, putrané Zérubabèl, putrané Séaltièl, putrané Néri, 28 putrané Malkhi, putrané Adi, putrané Kosam, putrané Èlmadam, putrané Èr, 29 putrané Yésua, putrané Élièzer, putrané Yorim, putrané Matat, tedhaké Lèwi, 30 putrané Siméon, putrané Yéhuda, putrané Yusuf, putrané Yonam, putrané Èlyakim, 31 putrané Méléa, putrané Mina, putrané Matata, putrané Natan, putrané Daud, 32 putrané Isai, putrané Obèd, putrané Boas, putrané Salmon, putrané Nahason, 33 putrané Aminadab, putrané Admin, putrané Arni, putrané Hèzron, putrané Pèrès, putrané Yéhuda, 34 putrané Yakub, putrané Ishak, putrané Abraham, putrané Térah, putrané Nahor, 35 putrané Sérug, putrané Réhu, putrané Pèlèg, putrané Ébèr, putrané Salmon, 36 putrané Kénan, putrané Arpakhsad, putrané Sèm, putrané Nuh, putrané Lamèkh, 37 putrané Métusalah, putrané Hénokh, putrané Yarèd, putrané Mahaléèl, putrané Kénan, 38 putrané Énos, putrané Sèt, putrané Adam, putraning Allah.
1 Yésus, kang kapenuhan ing Roh Suci, kondur saka kali Yordan, banjur kapurugaké déning Roh Suci menyang ara-ara samun. 2 Ana ing kono lawasé patang puluh dina lan banjur kagodha déning Iblis. Sajroné ana ing kono iku Panjenengané ora dhahar apa-apa sarta sawusé iku kraos luwé. 3 Iblis nuli matur marang Yésus, "Amargi Panjenengan Putranipun Allah, sumangga séla punika kadhawuhana dados roti." 4 Paring wangsulané Yésus, "Ana tulisan mangkéné: Uripé manungsa iku ora mung saka roti baé." 5 Iblis tumuli nambut Yésus munggah ing papan kang dhuwur sarta ing sakedhap nétra banjur nedahaké sakèhing kraton ing jagat marang Panjenengané. 6 Iblis nuli matur, "Panjenengan badhé kula aturi pangwaos punika sadaya dalah kamulyanipun, awit punika sadaya sampun dipun pasrahaken dhateng kula saha kula saged nyukakaken dhateng sinten kémawon ingkang kula kajengaken. 7 Milanipun menawi Panjenengan nyembah dhateng kula, sadaya punika badhé dados kagungan Panjenengan." 8 Nanging Yésus paring wangsulan, "Ana tulisan mangkéné: Pangéran Allahira, iku kang kudu sira sembah, sarta iya mung Panjenengané iku kang kudu sira bektèni!" 9 Sawisé iku Iblis tumuli nambut Yésus menyang Yèrusalèm lan kajumenengaké ing payoning Padaleman Suci kang dhuwur dhéwé, banjur matur, "Menawi Panjenengan Putranipun Allah, sumangga kula aturi anjlog saking ngriki, 10 awit wonten seratan makaten: Tumraping Sira, Panjenengané bakal dhawuh marang para malaékaté supaya rumeksa marang Sira 11 lan iku bakal padha nadhahi Sira ana ing tangané, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu." 12 Yésus paring wangsulan, "Ana pangandika mangkéné: Sira aja nyoba marang Pangéran, Allahira!" 13 Iblis sawusé mungkasi sakèhing panggodhané banjur mundur saka ing ngarsané, golèk wektu kang cocog. 14 Yésus banjur kondur menyang Galiléa kanthi pangwasaning Roh. Anadéné pawarta bab Panjenengané iku tumuli sumebar ana ing wilayah kono kabèh. 15 Nalika samana Panjenengané memulang ana ing sinagogé kono sarta sakèhing wong padha ngalembana. 16 Yésus nuli rawuh ing Nasarèt, panggonané nalika kagulawenthah, lan kaya adaté bareng dina Sabat banjur rawuh ing papan pangibadahé sarta jumeneng arep maos Kitab Suci. 17 Nuli diaturi kitabé Nabi Yésaya. Bareng kabukak, pérangan kang kawaos surasané mangkéné, 18 "Rohé Pangéran ana ing Aku, awit Panjenengané wis njebadi Aku, kadhawuhan martakaké kabar-becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengané wis ngutus Aku 19 supaya martakaké luwaré para tawanan, sarta pulihing pandelengé para wong wuta, ngluwari wong-wong kang katindhes, ngundhangaké yèn taun-rahmaté Pangéran wis tumapak." 20 Sawisé mangkono kitab banjur katutup kaparingaké manèh marang kang kawogan, nuli lenggah. Wong kabèh kang ana sinagogé padha mandeng marang Panjenengané. 21 Yésus banjur wiwit paring piwulang, pangandikané, "Ing dina iki, sajroné kowé padha ngrungokaké, pangandika mau wus kelakon." 22 Wong kabèh iku padha mbeneraké Panjenengané apadéné padha kaéraman marang éndahing pitembungan kang dingandikakaké, banjur padha alok mangkéné, "Apa Iku dudu anaké Yusuf?" 23 Yésus tumuli ngandika, "Kowé mesthi bakal ngucapaké paribasan marang Aku mangkéné: Hé, dhukun, warasna awakmu dhéwé. Kabèh kang padha dakrungu bab kang wus kelakon ana ing Kapèrnaum, iku uga tindakna ana ing kéné, ana ing tanah asalmu kéné." 24 Lan pangandikané manèh, "Aku pitutur marang kowé, sanyatané ora ana nabi kang kajèn ana ing tanah asalé. 25 Sarta Aku pitutur marang kowé, lan pituturku iki nyata: Dhèk jamané Élia, nalika langit mineb lawasé telung taun nem sasi, kang njalari anané pailan kang nggegirisi ana ing satanah kabèh. Sanadyan ing Israèl akèh randhané, 26 éwasamono Élia ora diutus menyang ing salah sawijining randha-randha mau, nanging menyang ing omahé randha ing Sarfat, wilayah Sidon. 27 Apadéné nalika jamané Nabi Élisa ing Israèl akèh wong kang lara kusta, nanging siji baé ora ana kang kabirat najisé, kajaba Naaman, wong Siria." 28 Bareng krungu kang mangkono iku, wong kabèh kang ana ing papan pangibadah kono padha nepsu banget. 29 Banjur padha ngadeg, Yésus digawa metu menyang sanjabaning kutha, terus didhabyang menyang pèrènging gunung, kang ana kuthané iku, supaya Panjenengané dijorogaké saka kono. 30 Nanging Panjenengané banjur tindak nratas ing tengahé wong-wong mau, jengkar saka ing kono. 31 Yésus banjur rawuh ing Kapèrnaum, yaiku kutha ing Galiléa, sarta ing dina Sabat memulang ana ing kono. 32 Wong-wong padha kaéraman krungu piwulangé, amarga pangandikané kanthi pangwasa. 33 Ing papan pangibadah kono ana wong kang kasurupan sétan, iku nguwuh kanthi swara sora, 34 "Dhuh, Yésus saking Nasarèt, punapa urusan Panjenengan kaliyan kawula? Punapa rawuh Panjenengan badhé nyirnakaken kawula? Kawula mangertos, Panjenengan punika sinten, inggih punika Ingkang Suci, utusaning Allah." 35 Nanging banjur didukani déning Yésus, pangandikané, "Menenga! Metua saka wong iku!" Wongé banjur kabanting déning sétané ing satengahing wong akèh; sétané nuli metu lan babar pisan ora njalari larané wong mau. 36 Kabèh wong padha éram, banjur padha rasanan, "Tembungé kok ngédab-édabi banget! Anggoné ndawuhi kalawan wibawa lan pangwasa, temahan roh-roh reged padha metu." 37 Pawarta bab Panjenengané iku banjur sumebar tekan ing ngendi-endi ing wilayah kono. 38 Sawisé iku Yésus jengkar saka papan pangibadah kono lan tindak menyang omahé Simon. Nalika iku ibuné maratuwa Simon lagi lara panas banget, banjur disuwunaké pitulungan marang Panjenengané. 39 Yésus nuli jumeneng ing sandhingé, nundhung panasé, wasana panasé banjur ilang. Wong wadon mau nuli tangi lan ngladèni para tamuné. 40 Bareng wus surup, wong-wong padha nyowanaké kang padha nandhang lelara warna-warna. Iku genti-genti padha ditumpangi astané, temah padha dadi waras. 41 Sétan-sétan uga metu saka wong akèh kalawan bengok-bengok, "Panjenengan punika Putranipun Allah." Awit padha mangerti, yèn Panjenengané iku Mésias. Nanging banjur didukani, ora diparengaké kandha mangkono. 42 Bareng wus ésuk Yésus miyos lan banjur tindak menyang panggonan kang sepi. Nanging wong akèh padha nggolèki lan iya ketemu. Kabèh padha mbudidaya nggondhèli Yésus, supaya aja padha ditilar. 43 Nanging padha dingandikani, "Injilé Kratoning Allah iku iya kudu dakwartakaké menyang kutha-kutha liyané, sabab iya iku preluné anggonku kautus." 44 Panjenengané banjur memulang ana ing papan pangibadah ing Yudéa.
1 Ing sawijining dina Yésus pinuju jumeneng ana ing pinggiring tlaga Genesarèt, wong akèh padha ngangseg arep ngrungokaké pangandikané Allah. 2 Nuli pirsa prau loro ana ing pinggir tlaga. Juru-amèk-iwaké wus padha mudhun saka prau, lagi ngumbah jalané. 3 Panjenengané banjur minggah ing salah sijiné prau iku, yaiku prauné Simon, lan dhawuh, supaya prauné rada didohaké saka ing dharatan. Banjur lenggah lan memulang marang wong akèh mau saka ing kono. 4 Bareng wis rampung, tumuli ngandika marang Simon, "Parakna ing panggonan kang jero, jalamu tibakna supaya olèh iwak." 5 Atur wangsulané Simon, "Guru, sampun sadalu muput anggèn kawula sami nyambut damel kanthi saèstu, mboten angsal punapa-punapa, éwadéné margi saking dhawuh Panjenengan, kawula inggih badhé ndhawahaken jala." 6 Sawisé ditibakaké, padha olèh iwak akèh banget, nganti jalané wiwit bedhah. 7 Kanca-kancané kang ana ing prau sijiné padha diawé, dikon mara ngréwangi. Iya banjur padha teka, prauné loro pisan diemoti iwak, nganti mèh kèrem. 8 Nalika Simon Pétrus nyumurupi kang mangkono iku, banjur nyungkemi Yésus sarta munjuk, "Gusti, Gusti mugi karsa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa." 9 Amarga Simon lan wong-wong kabèh kang ana ing kono padha sumlengeren, déné samono akèhé iwak sing kejala; 10 samono uga Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébédéus, kang padha dadi kancané Simon. Yésus nuli ngandika marang Simon, "Aja wedi, wiwit saiki kowé bakal njala wong." 11 Sawusé minggiraké prauné, banjur padha ninggal samubarang kabèh sarta ndhèrèkaké Yésus. 12 Kacarita nalika Yésus ana ing sawijining kutha, ana wong kang awaké sakojur kena kusta. Bareng ndeleng Yésus banjur sumungkem ing bumi lan matur, "Gusti, menawi Gusti karsa, tamtu saged mbirat najis kawula." 13 Yésus nuli mulung astané, ndemèk wong mau kalawan ngandika, "Aku karsa, birata najismu!" Sanalika iku uga lelarané kusta banjur sirna. 14 Wong mau tumuli diwaleri, supaya aja kandha-kandha marang sapa baé sarta dipangandikani, "Lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan nyaosna kurbaning pasucènmu, kaya kang wus dipréntahaké déning Musa, minangka paseksi marang wong-wong iku." 15 Éwasamono pawarta bab Yésus iku malah saya sumebar nganti adoh, lan banjur akèh wong kang padha gumrudug sowan ing ngarsané arep ngrungokaké pangandikané sarta supaya lelarané kasarasaké. 16 Nanging Yésus banjur sumingkir menyang papan-papan kang sepi, ndedonga. 17 Ing sawijining dina nalika Yésus pinuju memulang, ana wong Farisi lan ahli Torèt sawatara kang padha lungguh ngrungokaké. Iku padha teka saka ing désa-désa ing Galiléa lan Yudéa, sarta saka ing Yérusalèm. Kwasaning Pangéran ana ing Panjenengané, mula saged nyarasaké wong lara. 18 Banjur ana wong sawatara kang teka ngusung wong lumpuh ana ing paturoné; iku padha mbudidaya bisané mlebu nyowanaké ana ing ngarsané Yésus. 19 Sarèhné ora bisa nggawa mlebu, marga saka akèhing wong kang ana ing kono, banjur padha munggah ing payon, nuli mbukak payon iku lan wong kang lara diudhunaké sapaturoné ana ing satengahé wong akèh, pas ana ing ngarsané Yésus. 20 Yésus bareng pirsa pangandelé wong-wong mau, tumuli ngandika, "Hé, sadulur, dosamu wus kaapura." 21 Nanging para ahli Torèt lan para wong Farisi padha mikir ing sajroning ati, "Sapa ta wong iki, déné nyenyamah marang Allah mangkono? Sapa kang bisa ngapura dosa kajaba Allah piyambak?" 22 Nanging Yésus nguningani pikirané wong-wong mau, mulané banjur ngandika, "Apa sing padha kokpikir ing sajroning atimu? 23 Gampang endi dhawuh: Dosamu wis kaapura, karo dhawuh: Ngadega, lumakua! 24 Nanging supaya kowé padha ngerti, yèn Putraning Manungsa iku kwasa ngapura dosa ana ing bumi," banjur ngandika marang kang lumpuh iku, "Dhawuhku marang kowé: Ngadega, paturonmu angkaten lan muliha!" 25 Sanalika iku uga wong mau banjur ngadeg ana ing ngarepé wong akèh mau, ngangkat paturoné, tumuli mulih, wong kabèh padha kaéraman lan padha ngluhuraké Allah. 26 Sarta padha wedi banget pangucapé, "Dina iki aku kabèh wus padha nyumurupi prakara-prakara kang nggumunaké banget." 27 Sawusé mangkono Yésus banjur tindak. Nuli pirsa juru-narik-pajeg linggih ana ing pabéyan, jenengé Lèwi. Iku dipangandikani mangkéné, "Mèlua Aku!" 28 Lèwi banjur ngadeg, samubarang kabèh ditinggal lan ndhèrèk Yésus. 29 Lèwi tumuli nganakaké bujana gedhé kagem Panjenengané ana ing omahé lan akèh juru-narik-pajeg lan wong-wong liyané kang padha mèlu kembul mangan. 30 Para Farisi lan ahli Torèt padha grundelan karo para sakabaté Yésus, tembungé, "Yagéné kowé padha mangan lan ngombé awor karo juru-narik-pajeg lan wong dosa?" 31 Yésus banjur paring wangsulan, pangandikané, "Wong waras iku ora butuh dhokter, mung sing lara. 32 Tekaku iki ora ngundang wong mursid, nanging wong dosa, supaya padha mratobat." 33 Wong-wong Farisi mau banjur matur manèh marang Yésus, "Murid-muridipun Yohanes asring sami siyam sarta sembahyang, makaten ugi muridipun para tiyang Farisi, nanging punapaa déné para murid Panjenengan kok sami nedha lan ngombé?" 34 Paring wangsulané Yésus, "Apa bisa para mitraning pangantèn lanang dikon pasa, sajroning pangantèné isih ana ing kono? 35 Nanging bakal ana wektuné, pangantèné kabedhol saka ing antarané, ing kono banjur bakal padha pasa." 36 Lan manèh Panjenengané iya paring pasemon marang wong-wong mau, "Ora ana wong golèk tambalan kanthi nyuwèk klambi anyar kanggo nambal klambi lawas. Yèn mangkono, kang anyar iku uga bakal suwèk, tur tumraping sing lawas iku tambalan kang saka suwèkané kang anyar mau ora bakal cocog. 37 Mangkono uga ora ana wong kang madhahi anggur anyar ana ing kanthong kulit lawas, awit menawa mangkono, anggur anyar mau bakal mbedhahaké kanthongé, angguré dadi wutah, lan kanthongé rusak. 38 Nanging anggur anyar iku kudu diwadhahi kanthong kulit kang anyar uga. 39 Lan ora ana wong kang wus ngombé anggur lawas banjur kapéngin ngombé anggur anyar, sabab banjur bakal ngucap: Anggur kang lawas iku énak banget."
1 Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, nalika Yésus tindak nglangkungi pategalan gandum, para sakabaté padha methiki wulèné, banjur diremed, isiné dipangan. 2 Nanging ana wong Farisi sawatara kang padha ngelokaké, "Yagéné kowé padha nindakaké kang ora diparengaké ing dina Sabat?" 3 Yésus tumuli paring wangsulan, pangandikané, "Apa kowé padha ora maca bab apa kang katindakaké déning Daud sapandhèrèké kabèh nalika kraos luwé, 4 banjur lumebet ing Padaleman Suci, mundhut roti caosan, nuli didhahar, lan para pandhèrèké iya banjur padha diwènèhi, mangka ora ana kang diparengaké mangan roti iku kajaba mung para imam." 5 Nuli ngandika manèh, "Putraning Manungsa iku iya Gustiné dina Sabat." 6 Kacarita pinuju ing dina Sabat liyané Yésus lumebet ing papan pangibadah banjur memulang. Ing kono ana wong kang tangané tengen mati. 7 Para ahli Torèt lan para wong Farisi padha ngulataké Yésus, apa bakal nyarasaké wong ing dina Sabat, supaya bisa olèh dhadhakan anggoné nglepataké Panjenengané. 8 Nanging Panjenengané pirsa pikirané wong-wong mau, tumuli ngandika marang kang tangané tengen mati, "Ngadega, mapana ing tengah kéné!" Wongé banjur ngadeg mapan. 9 Yésus tumuli ngandika marang wong-wong mau, "Aku takon marang kowé: Apa kang kepareng ditindakaké ing dina Sabat, kabecikan, apa piala, nylametaké nyawa apa matèni?" 10 Sawusé ngandika mangkono nuli mirsani wong-wong saubengé, banjur ngandika marang kang mati tangané, "Tanganmu athungna!" Wong mau iya banjur nindakaké mangkono, wasana tangané waras. 11 Wong-wong mau tumuli padha nepsu banget, sarta padha rembugan bab apa kang bakal katindakaké marang Yésus. 12 Kacarita ing nalika samana Yésus minggah ing gunung saprelu ndedonga; anggoné ndedonga marang Allah nganti sawengi muput. 13 Bareng wus raina para muridé padha ditimbali, banjur dipilih rolas, kang padha diparingi sebutan rasul, yaiku: 14 Simon, kang uga diparingi jeneng Pétrus, lan Andréas saduluré Simon, Yakobus lan Yohanes, Filipus lan Bartoloméus, 15 Matius lan Tomas, Yakobus anaké Alféus, lan Simon kang karan wong Zélot, 16 Yudas anaké Yakobus lan Yudas Iskariot kang ing tembé laku cidra. 17 Sawisé iku Yésus banjur mandhap, kadhèrèkaké anggoné ndedonga déning para sakabaté, tumuli kèndel ana ing sawijining papan kang rata. Ing kono ana wong akèh banget kang padha nglumpuk, yaiku para sekabaté lan wong-wong liyané, kang teka saka saindenging tanah Yudéa lan saka ing Yérusalèm, sarta saka ing tanah pasisiré Tirus lan Sidon. 18 Anggoné padha mrana iku arep ngrungokaké pangandikané lan supaya kawarasaké lelarané, apadéné wong-wong kang kasurupan roh reged iya padha kawarasaké. 19 Lan wong akèh iku mau kabèh padha mbudidaya bisané ndemèk Panjenengané, awit banjur ana daya kang metu saka ing Panjenengané, temah kabèh padha diwarasaké. 20 Yésus banjur mirsani para muridé lan ngandika, "Rahayu kowé kang mlarat, amarga iya kowé iku kang padha nduwèni Kratoning Allah. 21 Rahayu kowé kang saiki padha kaluwèn, amarga kowé bakal padha diwaregi. Rahayu kowé kang saiki nangis, awit kowé bakal gumuyu. 22 Rahayu kowé, menawa marga saka Putraning Manungsa, kowé padha disengiti déning wong, disingkang-singkang sarta diwewada, apadéné jenengmu diemohi, dianggep ala. 23 Ing wektu iku kowé padha bungah-bungaha lan suka-renaa, amarga satemené bakal gedhé ganjaranmu ana ing swarga; amarga para nabi iya digawé mangkono déning para leluhuré wong-wong mau. 24 Nanging bilai kowé, hé, para wong sugih, awit kowé wus padha nampa panglipur saka kasugihanmu. 25 Bilai kowé, kang saiki wareg, amarga kowé bakal luwé. Bilai kowé, kang saiki gumuyu, amarga kowé bakal nandhang susah lan nangis. 26 Bilai kowé, menawa wong kabèh padha ngalembana marang kowé, awit iya kaya mangkono iku panggawéné para leluhuré marang para nabi palsu." 27 "Nanging kowé kang padha ngrungokaké marang Aku, padha dakpituturi: Padha tresnaa marang mungsuhmu: wong kang sengit marang kowé, padha becikana. 28 Wong kang nyupatani kowé, padha suwunna berkah; wong kang nindakaké piala marang kowé, padha dongakna becik. 29 Sapa baé kang napuk pipimu sasisih, sisihé pisan ulungna, lan sapa baé kang ngrebut jubahmu, karebèn ngepèk klambimu pisan. 30 Wong kang njejaluk marang kowé, wènèhana, lan darbèkmu kang wus dijupuk déning wong, aja kok jaluk bali. 31 Apa kang kokkarepaké supaya wong tumindak marang kowé, iku iya tindakna marang wong. 32 Sarta menawa kowé tresna marang wong kang nresnani kowé, iku apa pituwasmu? Amarga wong-wong dosa iya padha nimbangi katresnaning liyan. 33 Awit menawa kowé padha gawé becik marang kang mbeciki kowé, iku pituwasmu apa? Wong-wong dosa rak iya padha tumindak mangkono. 34 Lan manèh menawa kowé ngutangi marang wong kanthi pangarah supaya olèh apa-apa saka wong mau, iku apa pituwasmu? Wong-wong dosa rak iya padha ngutangi marang para wong dosa, supaya tampa manèh kang ajiné padha. 35 Nanging kowé, padha tresnaa marang satrumu lan padha becikana, sarta silihana tanpa ngarep-arep piwalesé, temah bakal gedhé ganjaranmu, apamanèh kowé bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengané nindakaké kasaénan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan marang para wong ala. 36 Kowé sing padha ambek-welasan, kaya anggoné Ramamu iya ambek-welasan." 37 "Aja padha ngadili, supaya kowé iya ora bakal padha diadili. Lan aja padha ngluputaké, supaya kowé iya ora padha diluputaké. Padha ngapuraa, supaya kowé iya diapura. 38 Padha wèwèha, supaya kowé iya diwènèhi. Takeran kang becik, kang ditetel-tetel, kang dioyog lan kang lubèr, bakal kaesokaké ing pangkonmu, amarga ukuran kang kokanggo ngukur, iku iya bakal kanggo ngukur kowé." 39 Yésus banjur ngandika manèh marang wong-wong mau kalawan pasemon mangkéné, "Wong wuta apa bisa nuntun pepadhané wong wuta? Apa karo-karoné ora bakal kacemplung ing luwangan? 40 Murid iku ora ngungkuli guruné, nanging sapa baé kang wus tamat pasinaoné, bakal padha karo guruné. 41 Yagéné kowé weruh tatal kang ana ing mripaté sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu dhéwé, kowé ora sumurup? 42 Kepriyé déné kowé bisa ngucap marang sadulurmu: Sadulur, tatal kang ana ing mripatmu iku dakilangané. Mangka glondhong kang ana ing mripatmu, kowé ora sumurup. Hé, wong lamis, glondhong kang ana ing mripatmu iku ilangana dhisik, temah kowé bakal bisa ndeleng kalawan cetha lan bisa ngilangi tatal kang ana ing mripaté sadulurmu!" 43 "Ora ana wit kang becik ngetokaké woh kang ala, lan iya ora ana wit kang ala ngetokaké woh kang becik. 44 Sabab saben wit iku katitik saka wohé. Awit ora ana woh anjir dipethik saka bebondhotaning eri, lan ora ana woh anggur diundhuh saka gegrumbulan eri. 45 Wong kang becik iku ngetokaké prakara kang becik saka ing simpenaning atiné kang becik, déné wong kang ala iku ngetokaké barang kang ala saka ing simpenaning atiné kang ala. Sabab kang diucapaké déning cangkem, iku mbludag saka ing sajroning ati." 46 "Généya kowé kok nyebut Aku: Gusti, Gusti, mangka kowé padha ora nglakoni pituturku? 47 Saben wong kang marani Aku lan ngrungokaké pituturku sarta nglakoni -- kowé bakal dakkandhani wong iku kena dipadhakaké sapa --. 48 Iku kaya wong kang ngadegaké omah: Wong iku gawé kedhukan kang jero, sarta pondhasiné kapasang ana ing watu karang. Bareng ana banjir lan banjir mau nrajang omah iku, omahé ora bakal oyag amarga santosa banget. 49 Nanging sing sapa ngrungokaké pituturku mangka ora nglakoni, iku kaya wong kang ngadegaké omah tanpa pondhasi. Bareng ana banjir kang nrajang, omah iku ambruk, sarta rusaké banget."
1 Bareng wus rampung anggoné ngandika marang wong akèh, Yésus banjur tindak lumebet ing Kapèrnaum. 2 Ing kono ana opsir kang duwé batur, kang banget kanggepé, iku lara banget lan wus mèh mati. 3 Bareng opsir mau krungu bab Yésus, tumuli kongkonan pinituwané wong Yahudi sawatara, sowan ing ngarsané, nyuwun supaya Panjenengané karsa rawuh nyarasaké batur mau. 4 Wong-wong mau iya banjur sowan sarta nyuwun tulung kanthi adreng, aturé, "Tiyang punika pantes kapitulungan, 5 amargi tresna dhateng bangsa kita, saha inggih tiyang punika ingkang ngyasakaken kita papan pangibadah." 6 Yésus banjur tindak bebarengan karo wong-wong mau. Bareng wus cedhak karo omahé opsir iku, opsir iku kongkonan para mitrané matur marang Panjenengané, "Dhuh, Gusti, mugi sampun dados damel Panjenengan, amargi kawula mboten pantes Panjenengan rawuhi; 7 awit saking punika kawula inggih rumaos mboten pantes sowan ing ngarsa Panjenengan. Nanging Panjenengan mugi karsa ngandika satembung kémawon, temahan réncang kawula tamtu badhé saras. 8 Amargi kawula piyambak inggih tiyang ingkang kapréntah, sarta inggih mbawahaken prajurit. Menawi kawula akèn dhateng salah satunggaling prajurit punika: Lungaa, piyambakipun inggih lajeng késah. Punapa déné menawi kawula akèn dhateng satunggalipun: Mrénéa, inggih lajeng dhateng; utawi dhateng réncang kawula: Iki tindakna, inggih lajeng dipun tindakaken." 9 Bareng Yésus midhanget atur kang mangkono iku, Panjenengané éram, nuli minger mriksani wong akèh kang padha ndhèrèkaké sarta ngandika, "Aku pitutur marang kowé, pangandel kang saméné gedhéné iki Aku durung tau tumon, sanadyan ing antarané wong Israèl!" 10 Bareng kongkonan mau wus padha bali lan wus tekan ing ngomah, baturé wus ketemu waras. 11 Sawusé iku Yésus tindak menyang kutha kang aran Nain. Para sakabaté padha ndhèrèkaké, lan iya ana wong akèh kang padha gumrudug mèlu ndhèrèk uga. 12 Bareng tindaké wus cedhak karo gapuraning kutha, ana layon kapikul metu, iku bocah lanang, anak ontang-anting, embokné wus randha. Wong akèh saka ing kutha padha ngiringaké. 13 Nalika Gusti pirsa randha mau, trenyuh banget panggalihé marga saka welasé, banjur ngandika marang randha mau, "Aja nangis!" 14 Yésus banjur nyelaki lan bandhosané diasta. Kang padha mikul mandheg. Panjenengané tumuli ngandika, "Anggèr, Aku dhawuh marang kowé: Tangia!" 15 Kang mati tumuli njenggèlèk, linggih lan wiwit guneman, banjur dipasrahaké marang ibuné. 16 Wong kabèh padha wedi lan banjur padha ngluhuraké Allah, pangucapé, "Ana nabi agung kang karawuhaké ing tengah-tengah kita", sarta, "Allah wus nuwèni tuwin milujengaké umaté." 17 Pawarta bab Yésus iku banjur sumebar ing satanah Yudéa lan sakiwa-tengené kabèh. 18 Nalika Yohanes nampa pawarta bab lelakon iku kabèh saka para sakabaté, 19 banjur ngundang sakabaté loro, kadhawuhan matur marang Gusti, "Punapa Panjenengan punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanèsipun?" 20 Bareng wis padha ana ing ngarsané Yésus, banjur matur, "Kawula sami kautus déning Yohanes Pambaptis, kadhawuhan matur pitakèn: Punapa Panjenengan punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanèsipun?" 21 Nalika samana Yésus pinuju marasaké wong akèh kang padha nandhang sawarnaning lelara lan memala sarta kang kasurupan roh-roh ala, apadéné sakèhé wong wuta padha kaparingan pandeleng. 22 Yésus banjur paring wangsulan, pangandikané, "Padha mundura, aturna marang Yohanes apa kang kokdeleng lan kokrungu: Wong wuta padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong budhugen padha kabirat najisé, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangèkaké, lan wong mlarat padha kawartanan kabar kabungahan. 23 Lan rahayu wong kang ora nampik Aku." 24 Bareng utusané Yohanes wus padha mundur, Yésus banjur wiwit medhar pangandika marang wong akèh iku bab Yohanes, mangkéné, "Apa prelumu lunga menyang ara-ara samun? Apa arep ndeleng glagah kang mobat-mabit marga kanginan? 25 Utawa arep apa kowé mrana iku? Apa arep ndeleng wong kang manganggo sarwa alus? Wong kang manganggo éndah lan kang uripé méwah iku panggonané ana ing kraton. 26 Dadi apa prelumu mrana? Apa arep ndeleng nabi? Bener, lan Aku pitutur marang kowé, malah ngungkuli nabi. 27 Awit ana pangandika, mangkéné: Lah Ingsun dhawuh marang utusaningsun supaya ndisiki Sira, lan nyawisaké dalanira ana ing ngarepira. 28 Aku pitutur marang kowé: Ing antarané wong kang kalairaké déning wong wadon ora ana kang ngungkuli Yohanes, éwadéné kang cilik dhéwé ana ing Kratoning Allah iku ngungkuli wong iku." 29 Wong akèh kang padha ngrungokaké pangandikané, kalebu para juru-mupu-béya, kabèh padha ngakoni marang adiling Pangéran, amarga wus padha dibaptis déning Yohanes. 30 Nanging wong-wong Farisi lan para ahli Torèt padha nampik marang karsané Allah tumrap awaké dhéwé, sarana anggoné padha ora gelem dibaptis déning Yohanes. 31 Yésus banjur ngandika, "Wong-wong jaman iki bakal dakupamakaké apa lan dakpadhakaké karo apa? 32 Wong-wong iku upamané kaya bocah-bocah kang linggih ana ing pasar lan kang padha alok sesauran: Kowé wus padha daksulingi, kok ora njogèd. Aku wus padha ngidungaké kidung pangadhuh, kowé kok ora nangis. 33 Amarga Yohanes Pambaptis iku teka tanpa mangan roti sarta ngombé anggur, kowé banjur kandha: Iku wong kepanjingan sétan. 34 Sawusé iku Putraning Manungsa rawuh, Panjenengané dhahar lan ngunjuk. Kowé banjur ngucap: Delengen, Iku rak wong kang karem mangan lan tukang minum, kancané para juru-mupu-béya lan wong dosa. 35 Nanging kawicaksananing Allah iku kabeneraké déning sakèhing wong kang padha nampani." 36 Tumuli ana wong Farisi kang ngaturi dhahar Yésus ana ing omahé. Yésus iya banjur rawuh, nuli lenggah dhahar. 37 Ing kutha kono ana wong wadon kang wus kondhang dosané. Nalika krungu, yèn Yésus lagi dhahar ana ing omahé wong Farisi mau, banjur mrono karo nggawa botol marmer isi lenga wangi, 38 nuli ngadeg karo nangis ana ing pengkerané Yésus, cedhak sampéyané, nganti luhé crocosan nelesi sampéyané, diusapi nganggo rambuté, lan banjur diambungi sarta dijebadi kalawan lengané wangi mau. 39 Bareng para Farisi kang ngaturi Yésus weruh kang kaya mangkono iku, banjur duwé osik mangkéné, "Menawa Panjenengané iku Nabi, mesthi pirsa, sapa lan wong apa sing nggepok sarirané iku; mesthi pirsa, yèn iku wong kang kondhang dosané." 40 Yésus nanggapi sarana ngandika, "Simon, ana prakara kang arep dakpituturaké marang kowé." Simon mangsuli, aturé, "Sumangga, kula aturi ngandika, Guru." 41 "Ana wong loro kang padha duwé utang, kang siji limang atus dinar, sijiné sèket dinar. 42 Sarèhné padha ora bisa nyaur, kang ngutangi banjur nglilakaké utangé wong loro mau. Wong loro iku endi kang luwih tresna marang kang ngutangi?" 43 Atur wangsulané Simon, "Kula kinten inggih ingkang sambutanipun kathah, lajeng dipun lilakaken punika." Pangandikané Yésus, "Bener penemumu iku." 44 Banjur ngandika marang Simon manèh kalawan mirsani wong wadon mau, "Kowé weruh wong wadon iki? Aku mau mlebu ing omahmu, kowé ora mènèhi banyu kanggo wisuh sikil, nanging wong iki nelesi sikilku nganggo luhé, banjur ngusapi nganggo rambuté. 45 Kowé ora ngambung Aku, nanging wiwit nalika Aku mlebu, wong wadon iki tansah ngambungi sikilku. 46 Kowé ora nglengani sirahku, nanging wong wadon iki njebadi sikilku nganggo lenga wangi. 47 Mulané Aku pitutur marang kowé: Dosané kang akèh iku wus kaapura, amarga wus nindakaké katresnan akèh. Nanging kang kaapura sathithik, iya nindakaké katresnan sathithik." 48 Banjur ngandika marang wong wadon mau, "Dosamu wus kaapura." 49 Wong kang padha linggih mangan bebarengan karo Panjenengané, padha mosik mangkéné, "Sapa ta, Panjenengané iku, déné kok nganti bisa ngapura dosa?" 50 Nanging Yésus nuli ngandika marang wong wadon mau, "Pangandelmu kang mitulungi kowé, mundura klawan tentrem-rahayu!"
1 Ora let suwé sawisé iku, Yésus banjur tindak ndlajah kutha-kutha lan désa-désa martakaké Injilé Kratoning Allah, kadhèrèkaké déning sakabaté rolas, 2 lan uga déning wong wadon sawatara kang wus padha kawarasaké saka anggoné kasurupan roh-roh reged utawa anggoné nandhang lelara warna-warna, yaiku Maria kang karan Magdaléna, kang wus kauwalaké saka dhemit pitu cacahé, 3 Yohana, bojoné Khuza, bendhaharané Hérodès, Susana lan liyané manèh isih akèh. Wong-wong wadon iki padha ngladèni rombongané Yésus sapandhèrèké srana barang darbèké. 4 Nalika wong akèh padha gumrudug teka, yaiku wong-wong kang ndhèrèkaké Yésus saka kutha siji menyang kutha liyané, Panjenengané banjur ngandika kanthi pasemon, 5 "Ana juru nyebar metu nyebar wijiné, sapérangan tumiba ing pinggir dalan, banjur kapidak-pidak ing wong lan manuk-manuk ing awang-awang padha nucuki nganti entèk. 6 Ana kang tumiba ing padhasan, lan bareng wus thukul banjur garing, amarga ora olèh banyu. 7 Ana manèh kang tumiba ing satengahing tethukulan eri, kang banjur thukul bebarengan, temahan wijiné kelindhih banget, temahan ora ngetokaké woh. 8 Lan ana uga kang tumiba ing lemah becik, iku thukul sarta metu wohé tikel satus." Sawusé ngandika mangkono Yésus banjur nguwuh mangkéné, "Sapa kang duwé kuping kanggo ngrungokaké, ngrungokna!" 9 Para sakabaté padha matur pitakon, apa tegesé pasemon mau. 10 Yésus tumuli mangsuli, pangandikané, "Kowé padha kaparingan kanugrahan diparengaké nyumurupi wewadiné Kratoning Allah, nanging tumrap wong-wong liyané prakara iku kagiyaraké kanthi pasemon, supaya sanadyan padha ndeleng, ora weruh, lan sanadyan padha krungu, ora mangerti. 11 Déné pasemon mau tegesé mangkéné: Wiji iku pangandikaning Allah. 12 Kang tumiba ing pinggir dalan iku wong kang wus padha krungu, banjur diparani Iblis, kang tumuli njupuk pangandika mau saka ing sajroning atiné, supaya aja padha pracaya lan kaslametaké. 13 Kang tumiba ing padhasan iku wong kang bareng krungu pangandika mau banjur ditampani kalawan bungah, nanging iku ora ana oyodé, anggoné pracaya mung sadhéla lan bareng kena cobaning ngaurip banjur padha murtad. 14 Kang tumiba ing thethukulan eri iku wong kang padha ngrungokaké pangandika, nanging sajroné thukul iku tumuli kalindhih ing rasa sumelang, kasugihan lan kanikmataning ngaurip, satemah ora bisa ngetokaké woh kang mateng. 15 Anadéné kang tumiba ing lemah becik iku wong kang sawusé padha ngrungokaké pangandika, tumuli disimpen ing sajroning ati kang becik, sarta mantep lan ngetokaké woh." 16 "Ora ana wong nyumed lampu, kang banjur ditutupi nganggo genthong utawa didèkèk ing longan, nanging mesthi tumuli ditumpangaké ing cagaké, supaya kabèh wong kang lumebu ing omah padha bisa ndeleng padhangé. 17 Sabab ora ana barang kasidhem, kang ora bakal kababar, ora ana wadi, kang ora bakal kawiyak lan dimangertèni wong akèh. 18 Awit saka iku, kepriyé anggonmu ngrungokaké, iku gatèkna. Amarga sapa kang duwé iku bakal kaparingan, nanging sapa kang ora duwé, dalah apa kang kanyana dadi duwèké, iku uga bakal dipundhut." 19 Yésus banjur dipurugi déning kang ibu lan sadhèrèk-sadhèrèké, nanging marga saka akèhé wong, padha ora bisa nyedhaki Panjenengané. 20 Tumuli ana wong kang ngunjuki uninga, aturé, "Ingkang ibu saha sadhèrèk-sadhèrèk Panjenengan wonten ing jawi badhè kapanggih kaliyan Panjenengan." 21 Nanging Panjenengané mangsuli, pangandikané, "Ibuku lan sadulur-sadulurku iku wong kang padha ngrungokaké pangandikaning Allah lan banjur dilakoni." 22 Ing sawijining dina Yésus nitih prau kadhèrèkaké para sakabaté, tumuli padha dipangandikani mangkéné, "Ayo padha menyang ing sabranging tlaga." Banjur padha mangkat. 23 Nalika lagi padha lelayaran iku, Yésus saré. Dumadakan ana prahara ing tlaga kono, satemah prauné klebon banyu lan padha kataman ing bebaya. 24 Para sakabat banjur sowan, ngwungu Yésus, unjuké, "Guru, Guru, kawula sami katiwasan!" Panjenengané iya tumuli wungu, angin lan banyu kang ngamuk iku padha didukani, temah lerem, kaananing tlaga dadi anteng. 25 Panjenengané nuli ngandika, "Pangandelmu iku ana ing ngendi?" Kabèh padha wedi lan kaéraman, sarta padha sapocapan mangkéné, "Sapa ta Panjenengané iku, déné nganti angin lan banyu padha ngéstokaké dhawuhé?" 26 Yésus lan para sakabat banjur ndharat ing tanahé wong Gerasa, ing sabrangé Galiléa. 27 Bareng Yésus wus minggah ing dharatan, tumuli ana wong lanang saka ing kutha kono kang sowan ing ngarsané, wong iku kepanjingan sétan-sétan, sarta wus suwé anggoné ora nganggo sandhangan lan ora manggon ing omah, nanging ana ing pakuburan baé. 28 Nalika ndeleng Yésus banjur mbengok lan sumungkem ana ing ngarsané sarta matur kalawan swara sora, "Punapa urusan Panjenengan kaliyan kawula, dhuh Yésus, Putraning Allah ingkang Mahaluhur? Kawula nyuwun, mugi Panjenengan sampun ngantos misakit kawula." 29 Anggoné matur mangkono iku amarga Yésus wus dhawuh supaya roh-roh ala iku padha metu saka wong mau. Awit wong iku wus kerep dilarak-larak déning roh mau, mulané kanggo njagani, wong mau banjur diranté lan diblenggu, nanging kabèh mau dipedhot, lan wongé nuli digiring déning sétan menyang ing papan-papan kang sepi. 30 Yésus banjur ndangu, "Sapa jenengmu?" Atur wangsulané, "Legion," awit sétan kang nyurupi iku akèh. 31 Sétan-sétan iku nuli nyuwun marang Yésus, aja nganti didhawuhi lumebu ing juranging pati. 32 Kacarita ing kono ana babi kang akèh banget cacahé lagi padha golèk pangan ana ing èrèng-èrènging gunung. Sétan-sétan mau banjur nyuwun, supaya diparengaké lumebu ing babi-babi iku. Iku diparengaké. 33 Sétan-sétan mau banjur padha metu saka wong iku lan manjing ing babi-babi. Pepanthan babi iku tumuli gumrudug mlayu ing tepining jurang lan ambyur ing tlaga dadi lan patiné. 34 Bareng para pangon babi padha nyumurupi lelakon mangkono iku, banjur padha mlayu lan nyritakaké bab iku ana ing kutha lan ing kampung-kampung ing sakiwa-tengené. 35 Wong-wong nuli padha metu arep nyumurupi apa kang mentas kelakon. Banjur padha sowan ing ngarsané Yésus sarta padha nyumurupi wong kang wus ditinggal déning sétan-sétané mau linggih cedhak ing sampéyané Yésus, wus manganggo lan wus waras. Wasana padha wedi. 36 Wong-wong kang wus padha nyumurupi dhéwé iku padha nyritani kang lagi padha teka iku, kepriyé anggoné wong kang kapanjingan sétan iku wus kaslametaké. 37 Wasana wong kabèh ing laladané Gerasa padha nyuwun marang Yésus, supaya karsa tindak saka ing kono, marga padha wedi banget. Panjenengané banjur minggah ing prau lan wangsul nyabrang. 38 Wong kang wus koncatan sétan mau nyuwun supaya diparengna ndhèrèk, nanging Yésus ndhawuhi lunga, pangandikané, 39 "Kowé muliha menyang omahmu lan critakna kabèh apa kang wus katandukaké déning Allah marang kowé." Wong mau iya banjur lunga lan ndlajahi sakutha kabèh kalawan nyritakaké apa kang wus katindakaké déning Yésus tumrap ing awaké. 40 Kacarita bareng Yésus wangsul, banjur dipethukaké déning wong akèh, awit kabèh pancèn padha ngantu-antu rawuhé. 41 Banjur ana wong kang sowan, jenengé Yairus, kepalané papan pangibadah, nuli tumungkul sujud ana ing ngarsané Yésus, nyuwun supaya Yésus karsa rawuh ing omahé, 42 amarga anaké wadon ontang-anting, kang kira-kira umur rolas taun mèh mati. Yésus nalika tindak mrana, sarirané kadhesek-dhesek ing wong akèh. 43 Nalika samana ana wong wadon kang lara nggrajag getih wus rolas taun lawasé, ora waras-waras, sanadyan wus ditambani sapa baé. 44 Iku banjur maju nyedhaki Yésus saka ing buri lan ndemèk gombyoking jubahé. Padha sanalika pampet anggoné nggrajag getih. 45 Yésus banjur ngandika, "Sapa kang ndemèk Aku?" Sarèhné ora ana kang ngaku, Pétrus nuli matur, "Guru, tiyang kathah sami ngrubung lan sami ndhesek Panjenengan makaten." 46 Nanging Yésus ngandika, "Ana wong kang ndemèk Aku, sabab Aku krasa ana daya kang metu saka Aku." 47 Bareng wong wadon iku mau mangerti, yèn kauningan, banjur marek kalawan gumeter, sumungkem ing ngarsané, apadéné tumuli mratélakaké marang wong akèh, apa sababé ndemèk Panjenengané sarta anggoné sanalika banjur waras. 48 Yésus nuli ngandika marang wong mau, "Hé, anakku, pracayamu kang wus mitulungi kowé, mundura kalawan tentrem-rahayu!" 49 Nalika Yésus isih ngandikan, ana krabaté kepala papan pangibadah iku kang teka lan matur, "Anakmu wus mati, aja ngribeti Guru manèh." 50 Nanging Yésus midhanget sarta banjur ngandika marang Yairus, "Aja wedi, kumandela baé, anakmu bakal slamet." 51 Sarawuhé ing omahé Yairus, Yésus ora marengaké wong siji-sijia ndhèrèk mlebu karo Panjenengané, kajaba Pétrus, Yohanes lan Yakobus tuwin bapakné sarta ibuné bocahé. 52 Wong kabèh padha nangisi bocahé kalawan ngadhuh-adhuh. Nanging Yésus ngandika, "Aja padha nangis, bocahé ora mati, mung turu." 53 Wong-wong iku padha nggeguyu Panjenengané, amarga padha weruh, yèn bocahé wis mati. 54 Yésus banjur ngasta tangané bocah kang mati iku sarta nguwuh, pangandikané, "Hé, nggèr, tangia!" 55 Nyawané bocah mau tumuli bali lan sanalika iku uga bocahé tangi. Yésus banjur dhawuh mènèhi mangan. 56 Wong tuwané bocah mau padha kaéraman, nanging padha ora diparengaké martak-martakaké lelakon mau marang sapa baé.
1 Kacarita Yésus nimbali sakabaté rolas, padha kaparingan kasektèn lan wisésa kanggo ngwasani sétan-sétan lan marasaké lelara. 2 Banjur padha diutus martakaké Kratoning Allah lan marasaké wong-wong lara, 3 sarta padha dipangandikani mangkéné, "Aja padha nggawa apa-apa kanggo ana ing dalan, aja nggawa teken utawa kanthong uba-rampé, roti utawa dhuwit, utawa klambi rangkep. 4 Lan menawa kowé wus ditampani ana ing sawijining omah, kowé lerema ana ing kono lan anggonmu mbacutaké lakumu iya saka ing kono. 5 Déné menawa ana wong kang ora gelem nampani kowé, metua saka ing kutha kono lan ketabna bledug kang ana ing sikilmu, iku minangka pepéling tumrap wong mau." 6 Para sakabat banjur padha mangkat ndlajahi désa-désa, ngabaraké Injil sarta marasaké wong lara ing sakèhing panggonan. 7 Kocapa Hérodès, raja-wilayah, midhanget sakèhing lelakon mau, banjur rumangsa kuwatir, awit ana wong kang kandha, yèn Yohanes wus diwungokaké saka ing antarané wong mati. 8 Ana manèh kang kandha, yèn Élia ngatingal manèh, lan uga ana kang kandha, yèn salah sijining nabi jaman kuna wis wungu. 9 Nanging Hérodès ngandika, "Yohanes wus daktigas guluné. Sapa ta sejatiné wong iki, kang kawartakaké nindakaké prakara-prakara kang mangkono iku?" Tumuli ngudi bisané ketemu karo Yésus. 10 Bareng para rasul wus padha bali, padha matur marang Yésus bab apa kang wus padha katindakaké. Banjur padha didhawuhi ndhèrèk Panjenengané nyingkir menyang kutha kang aran Bètsaida. 11 Nanging wong akèh padha weruh, lan tumuli padha nututi. Kabèh padha ditampani déning Yésus lan padha dipangandikani bab Kratoning Allah. Déné kang mbutuhaké kawarasan padha kawarasaké. 12 Bareng wus ndungkap wayah bengi para sakabat rolas padha sowan ing ngarsané sarta matur, "Tiyang kathah punika mbok sami dipun dhawuhi késah dhateng dhusun utawi kampung-kampung sakiwa-tengenipun ngriki, pados pasipengan saha tedha, amargi ing ngriki punika kita wonten ing panggénan ingkang kapencil." 13 Nanging banjur padha dipangandikani, "Kowé kang kudu mènèhi mangan wong-wong iku!" Atur wangsulané, "Ingkang wonten ing kawula mboten langkung saking roti gangsal kaliyan ulam kalih, kajawi menawi kawula lajeng sami késah tumbas tetedhan kanggé sadaya tiyang punika." 14 Amarga ing kono kira-kira ana wong lanang limang èwu. Yésus banjur dhawuh marang para sakabat, "Padha konen linggih panthan-panthan, kira-kira nyèket-nyèket." 15 Para sakabat padha ngèstokaké dhawuh mau, kabèh wong dikon linggih. 16 Yésus nuli mundhut roti lima lan iwak loro mau, banjur tumenga ing langit, rotiné banjur diberkahi lan dicuwil-cuwil, sarta diparingaké marang para sakabat supaya didumaké marang wong akèh. 17 Kabèh padha mangan nganti wareg. Turahané diklumpukaké dadi rolas wakul. 18 Ing sawijining dina nalika Yésus pinuju ndedonga piyambakan, para sakabaté padha sowan ing ngarsané. Banjur padha didangu, "Wong akèh iku padha ngarani Aku iki sapa?" 19 Atur wangsulané, "Yohanes Pambaptis. Wonten ugi ingkang mastani Élia, wonten malih ingkang mastani salah satunggaling nabi ing jaman kina ingkang sampun wungu." 20 Yésus nuli ndangu marang para sakabat, "Lah yèn kowé, Aku iki kokarani sapa?" Atur wangsulané Pétrus, "Mésias ingkang saking Allah." 21 Banjur padha dipenging déning Yésus, supaya aja ngandhakaké bab iku marang sapa baé. 22 Yésus ngandika manèh, "Putraning Manungsa iku pinesthi nandhang sangsara akèh sarta katampik déning para pinituwa lan para pangareping imam apadéné para ahli Torèt, nuli disédani, lan ing telung dinané bakal kawungokaké." 23 Kabèh banjur padha dipangandikani, "Saben wong kang kapéngin ngetutburi Aku, iku kudu nyingkur awaké dhéwé, saben dina manggul salibé lan ngetutaké Aku. 24 Sabab sapa baé kang arep nylametaké nyawané, iku bakal kélangan nyawané; nanging sapa baé kang kélangan nyawané marga saka Aku, iku bakal nylametaké nyawané. 25 Apa gunané wong bisa ndarbèni donya iki kabèh, nanging njalari tiwas lan kapitunané awaké dhéwé? 26 Awit sapa baé kang isin marga saka Aku lan pituturku, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, bésuk menawa Panjenengané rawuh kanthi kamulyané piyambak, lan kamulyané Kang Rama sarta para malaékat kang suci. 27 Aku pitutur marang kowé: Satemené ing antarané wong kang ana ing kéné iki, ana kang bakal ora ngrasakaké pati, sadurungé padha nyumurupi Kratoning Allah." 28 Kira-kira wolung dina sawisé paring piwulang mau kabèh, Yésus banjur minggah ing gunung arep ndedonga; Pétrus, Yohanes lan Yakobus kadhawuhan ndhèrèk. 29 Kacarita, nalika Panjenengané ndedonga iku, pasuryané banjur malih, lan pangagemané dadi putih mancorong. 30 Tumuli ana priya loro padha imbal-pangandika karo Panjenengané, yaiku Musa lan Élia. 31 Sakaroné padha ngatingal ing sajroning kamulyan, sarta padha reraosan bab tujuané tindaké Yesus menyang ing Yérusalèm minangka ngrampungaké pakaryané. 32 Nalika samana Pétrus sakancané padha keturon; bareng tangi padha weruh Yésus sajroning kamulyané, lan priya loro kang padha jumeneng cedhak Panjenengané. 33 Kocapa, bareng priya loro mau padha arep mundur saka ing ngarsané Yésus, Pétrus munjuk marang Yésus, "Guru, saiba saénipun menawi kita sami wonten ing papan ngriki. Mugi sapunika kawula dipun parengaken sami damel tarub tiga, satunggal kagem Panjenengan, satunggal kagem Musa, satunggalipun kagem Élia." Nanging Pétrus ora mangerti apa kang diaturaké iku. 34 Sajroné Pétrus matur mangkono iku banjur ana méga teka ngayomi. Bareng padha kalimputan ing méga mau, wong-wong iku padha wedi. 35 Saka ing sajroné méga mau tumuli ana swara kaprungu mangkéné, "Iki Putraningsun, pilihaningsun, padha èstokna dhawuhé!" 36 Nalika swara iku kaprungu, Yésus katingal piyambakan. Para sakabat padha nyimpen lelakon iku, lan nalika samana padha ora martakaké apa kang kadeleng mau marang sapa baé. 37 Ésuké, bareng padha mudhun saka ing gunung, ana wong akèh kang gumrudug sowan ing ngarsané Yésus. 38 Ana siji kang nguwuh, unjuké, "Guru, kawula nyuwun, mugi Panjenengan karsa mirsani anak kawula, jalaran laré punika anak kawula ontang-anting. 39 Saben-saben piyambakipun katempuh ing roh, lajeng dhadhakan njerit, nunten dipun ontang-antingaken ngantos muruh cangkemipun. Roh punika tanpa kèndel anggènipun nyiksa saha mèh mboten naté purun ngeculaken piyambakipun. 40 Kawula sampun nedha tulung dhateng para sakabat Panjenengan, supados nundhung roh punika, nanging sami mboten saged." 41 Yésus banjur ngandika, "Hé, wong-wong kang ora pracaya lan kang keblinger, nganti pira lawasé anggonku kudu tetunggalan karo kowé lan nyabari kowé? Anakmu gawanen mréné!" 42 Lan nalika bocah mau marani Yésus, banjur dibanting déning sétané lan diontang-antingaké. Nanging roh jahat mau nuli didukani banget déning Yésus lan bocahé diwarasaké sarta dipasrahaké marang bapakné. 43 Wong kabèh padha kaéraman, marga saka nyumurupi kwasaning Allah kang samono gedhéné iku. Nalika wong kabèh isih padha kaéraman awit saka sakèhing pandamelé, Yésus tumuli ngandika marang para sakabaté, 44 "Rungokna lan gatèkna kabèh tembungku iki: Putraning Manungsa bakal diulungaké marang tanganing wong." 45 Nanging para sakabat ora mangerti marang pangandika iku, amarga tegesé isih peteng tumrap wong iku kabèh, mulané ora bisa mudheng. Éwasamono padha ora wani miterang Panjenengané bab pangandika mau. 46 Kacarita para sakabat padha padudon bab sapa kang pinunjul saka ing antarané para sakabat mau. 47 Nanging Yésus ora kekilapan tumrap pikirané wong-wong iku. Jalaran saka iku banjur mundhut sawenèhé bocah cilik, diadegaké ing sandhingé, 48 sarta ngandika marang para sakabaté, "Sapa baé kang nampani bocah iki ing sajroning asmaku, ateges Aku kang ditampani; lan sapa baé kang nampani Aku, iku nampani Panjenengané kang ngutus Aku. Awit kang cilik dhéwé ing antaramu kabèh, iku kang gedhé dhéwé." 49 Yohanes tumuli matur, "Guru, kawula sami sumerep tiyang nundhung sétan atas asma Panjenengan, lajeng kawula penging, amargi sanès patunggilan kita." 50 Yésus banjur ngandika, "Aja kokpenggak, sabab sapa baé kang ora nyulayani marang kowé, iku ana ing pihakmu." 51 Bareng wus cedhak wektuné karo anggoné bakal kasengkakaké menyang swarga, Yésus banjur adreng panggalihé arep tindak menyang Yérusalèm, 52 Panjenengané tumuli ngutus wong sawatara, kang ndhisiki tindaké. Wong-wong mau padha mangkat, banjur padha lumebu ing salah sawijining désané wong Samaria arep nyawisaké samubarang kagem Panjenengané. 53 Nanging wong-wong Samaria padha ora gelem nampani rawuhé, amarga karsané bakal tindak menyang Yérusalèm. 54 Nalika sakabaté loro, yaiku Yakobus lan Yohanes, nyumurupi kang mangkono iku, banjur matur, "Gusti, punapa Panjenengan ngarsakaken supados kawula sami ndhatengaken latu saking langit, numpes tiyang-tiyang punika?" 55 Nanging Yésus nuli nolèh ndukani sakabat-sakabat mau. 56 Banjur padha pindhah menyang désa liyané. 57 Nalika padha mbacutaké lakuné, ana ing tengah dalan iku ana wong kang matur marang Yésus, "Kawula badhé ngetut-wingking Panjenengan, dhatenga pundi kémawon tindak Panjenengan." 58 Paring wangsulané Yésus, "Asu ajag padha duwé rong lan manuk padha duwé susuh, nanging Putraning Manungsa ora kagungan papan kagem nyèlèhaké mustakané." 59 Banjur ngandika marang wong liyané, "Mèlua Aku." Aturé wong mau, "Keparenga kawula késah ngubur bapak kawula rumiyin." 60 Nanging pangandikané Yésus, "Cikbèn wong mati padha ngubur wong mati, nanging kowé iku lungaa, ngundhangna Kratoning Allah ana ing ngendi-endi." 61 Lan ana liyané manèh kang matur, "Kawula badhé ngetut-wingking Panjenengan, Gusti, nanging keparenga kawula pamitan rumiyin dhateng brayat kawula." 62 Nanging Yésus ngandika, "Saben wong kang wus nyekel waluku, mangka banjur nolèh marang kang ana ing buri, iku ora pantes tumrap Kratoning Allah."
1 Sawusé iku Gusti netepaké wong pitung puluh manèh saka para murid liyané padha diutus ngloro-ngloro ndhisiki Panjenengané, menyang saben kutha lan panggonan kang bakal dirawuhi. 2 Kabèh padha dipangandikani, "Panèné pancèn gedhé, nanging sing derep mung sathithik. Mulané padha nyenyuwuna marang Kang Kagungan panèn, supaya karsa ngintunaké wong-wong kang derep ing panènan. 3 Padha mangkata, lah kowé padha dakutus kayadéné cempé menyang satengahé asu ajag. 4 Aja padha nggawa tas utawa kanthong uba-rampé tuwin trumpah, sarta sajroné ana ing dalan iku aja uluk-salam karo sapa baé. 5 Menawa kowé lumebu ing sawijining omah, padha ngucapa mangkéné dhisik: Tentrem-rahayu mugi wonten ing dalem ngriki. 6 Anadéné menawa ing kono tinemu putraning tentrem-rahayu, uluk-salammu bakal lestari ana ing kono. Nanging menawa ora, uluk-salammu bakal bali marang kowé. 7 Kowé tetepa ana ing kono, mangana lan ngombéa apa kang disuguhaké marang kowé, amarga wong nyambut-gawé iku wus samesthiné olèh pituwas. Aja ngolah-ngalih papan anggonmu nginep. 8 Lan menawa kowé lumebu ing sawijining kutha sarta ditampani ana ing kono, mangana apa kang disuguhaké marang kowé. 9 Wong kang padha lara ing kono warasna, apamanèh wong-wong padha tuturana: Kratoning Allah wus nyedhaki kowé. 10 Nanging menawa kowé lumebu ing sawijining kutha, mangka kowé ora ditampani, lungaa menyang dalan-dalan gedhé ing kutha iku sarta nguwuha mangkéné: 11 Dalasan bleduging kuthamu kang tumèmpèl ing sikilku padha dakketabaké ana ing ngarepmu, nanging sumurupa: Kratoning Allah wus cedhak. 12 Aku pitutur marang kowé: Ing dina iku Sodom bakal luwih ènthèng tanggungané katimbang karo kutha iku." 13 "Bilai kowé Khorazim! Bilai kowé Bétsaida! Amarga saupama ing Tirus lan ing Sidon ana mukjijat-mukjijat kaya kang kelakon ana ing satengah-tengahmu, mesthi wus biyèn-biyèn wong-wong ing kono anggoné mratobat kalawan manganggo bagor lan linggih ing awu. 14 Nanging bésuk ing dinané pangadilan, tanggungané Tirus lan Sidon bakal luwih ènthèng katimbang karo tanggunganmu! 15 Apadéné kowé Kapèrnaum, apa kowé bakal kaluhuraké nganti sundhul ing langit? Ora, kowé bakal kaudhunaké nganti tumeka ing teleng palimengan. 16 Sapa baé kang ngrungokaké kowé, iku ngrungokaké Aku lan sapa baé kang nampik marang kowé, iku nampik marang Aku. Mangka kang nampik marang Aku, iku nampik marang Panjenengané kang ngutus Aku." 17 Kacarita murid pitung puluh mau padha bali kanthi bungah sarta padha munjuk, "Gusti, dalasan sétan-sétan sami nungkul dhateng kawula awit saking asma Panjenengan." 18 Yésus banjur ngandika, "Aku pirsa sétan tiba saka ing langit kaya cumlèrèting kilat. 19 Lah kowé wus padha dakparingi pangwasa ngidaki ula lan kalajengking, tuwin ngalahaké kakuwataning mungsuh, satemah ora ana kang mbebayani tumrap kowé. 20 Nanging sanadyan mangkono, aja padha mbungahi marga saka roh-roh iku padha nungkul marang kowé, nanging padha bungaha marga jenengmu wus kacathet ana ing swarga." 21 Ing nalika iku Yésus sukarena ing sajroning Roh Suci banjur matur, "Dhuh, Rama, Gustinipun langit kaliyan bumi. Kawula ngunjukaken genging panuwun, déné prakawis punika sadaya Paduka damel wados tumrap para tiyang wicaksana lan winasis, nanging Paduka lairaken dhateng laré alit. Inggih, Rama, Kawula saos panuwun wonten ing ngarsa Paduka, déné punika ingkang dados keparenging panggalih Paduka. 22 Samubarang kabèh wus kapasrahaké marang Aku déning Ramaku lan ora ana wong kang sumurup Kang Putra iku sapa, kajaba Kang Rama, mangkono uga Kang Rama iku sapa, kajaba Kang Putra lan wong kang kawedharan déning Kang Putra, marga saka keparenging panggalihé." 23 Sawusé mangkono Yésus banjur minger mirsani para sakabaté sarta kanthi mirunggan dipangandikani, "Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng. 24 Amarga Aku pitutur marang kowé: Akèh nabi lan ratu kang kepéngin nyumurupi kang padha kokdeleng, nanging ora kelakon, sarta kang kepéngin ngrungokaké apa kang kokrungu, nanging ora bisa kelakon." 25 Ing sawijining dina ana ahli Torèt ngadeg sumedya nyoba marang Yésus, aturé, "Guru, punapa ingkang kedah kula lampahi, supados angsal gesang langgeng?" 26 Paring wangsulané Yésus, "Kang tinulis ing Torèt kepriyé? Apa kang kokwaca ing kono?" 27 Atur wangsulané wong iku, "Kowé tresnaa marang Pangéran, Allahmu, kalawan gumolonging atimu, kalawan gumolonging nyawamu sarta kalawan gumolonging kakuwatanmu, apadéné kalawan gumolonging budimu. Lan tresnaa marang sapepadhamu dikaya marang awakmu dhéwé." 28 Pangandikané Yésus marang wong mau, "Wangsulanmu iku bener; iku lakonana, temah kowé bakal urip." 29 Nanging sarèhné wong mau arep mbeneraké awaké dhéwé, mulané banjur matur marang Yésus, "Lajeng ingkang dados sesami kula punika sinten?" 30 Paring wangsulané Yésus, "Ana wong lumaku mudhun saka ing Yérusalèm menyang Yérikho; iku tumiba ing tanganing para bégal, banjur ora mung diblèjèdi baé, nanging nganggo dipilara nganti setengah mati, nuli ditinggal. 31 Kapinujon ana imam kang liwat ing kono. Lan weruh wong mau, nanging terus lumaku baé, metu ing sabrangé dalan. 32 Mangkono uga wong Lèwi, kang lagi lelungan, satekané ing kono lan weruh wong mau, iya mung liwat baé, metu ing sabrangé dalan. 33 Tumuli ana wong Samaria, kang lagi lelungan uga liwat ing kono. Bareng weruh wong mau, trenyuh atiné marga saka welasé. 34 Wong mau banjur diparani, sawusé disoki lenga lan anggur, tatu-tatuné nuli diblebet, banjur ditunggangaké kuldiné dhéwé, digawa menyang panginepan sarta dirawat. 35 Ésuké kang duwé panginepan diwènèhi dhuwit rong dinar, sarta diweling: Tiyang punika karimatana, bab wragadipun, langkungipun saking samanten, kula ingkang badhé nglintoni, bénjing menawi kula wangsul. 36 Lah manut panemumu, wong telu iku sing endi kang dadi pepadhané wong kang dibégal mau?" 37 Atur wangsulané, "Inggih tiyang ingkang nandukaken kawelasan dhateng piyambakipun punika." Pangandikané Yésus, "Wus mundura, lan nglakonana mangkono uga!" 38 Nalika tindaké Yésus lan para pandhèrèké tekan ing sawijining désa. Ing kono Panjenengané ditampi déning wong wadon kang aran Marta ana ing omahé. 39 Wong iku duwé sadulur wadon jenengé Maria, iku linggih cedhak ing sampéyané Gusti lan tansah ngrungokaké pangandikané, 40 déné Marta répot banget anggoné leladi, mulané banjur marek sarta munjuk, "Gusti, punapa Panjenengan mboten manggalih, bilih sadhèrèk kawula négakaken kawula lelados piyambak? Mila mugi kadhawuhana ngréncangi kawula." 41 Nanging Gusti paring wangsulan, pangandikané, "Marta, Marta, kowé iku nyumelangaké lan mrihatinaké prakara akèh, 42 mangka kang prelu iku mung siji. Déné Maria wus milih panduman kang becik dhéwé, kang ora bakal kajupuk déning sapa baé."
1 Ing sawijining dina Yésus ndedonga ana ing sawenèhing panggonan; bareng wus rampung, ana sakabaté siji kang munjuk, "Gusti, kawula mugi sami Panjenengan wulang ndedonga, sami kados ingkang dipun wulangaken déning Yohanes dhateng para muridipun." 2 Yésus banjur paring wangsulan, pangandikané, "Menawa kowé padha ndedonga, munjuka mangkéné: Dhuh Rama, asma Paduka mugi kasucèkaken. Kraton Paduka mugi rawuh. 3 Kawula mugi sami kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing saben dintenipun. 4 Saha mugi karsa ngapunten dosa kawula, awitdéné kawula inggih sami ngapunten dhateng saben tiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa malih mugi kawula sampun ngantos sami katandukaken dhateng panggodha." 5 Banjur padha dipangandikani manèh mangkéné, "Menawa panunggalanmu ing wayah tengah wengi menyang ing omahé mitrané lan kandha: Sadulur, mbok aku kokutangi roti telung iji baé. 6 Sabab ana mitraku kang lelungan mampir ing omahku, mangka aku ora duwé apa-apa, kang kena daksuguhaké. 7 Apa iya sing ana ing sajroning omah bakal mangsuli: Aja ngribedi aku, ta, lawangé wus dakkancing, aku lan anak-anakku wus padha mapan turu, aku ora bisa tangi ngladèni kowé. 8 Aku pitutur marang kowé: Sanadyan oraa tangi lan ngladèni, marga iku mitrané, nanging marga saka anggoné ora idhep isin iku, mesthi iya bakal banjur tangi, mènèhi apa kang dibutuhaké. 9 Mulané Aku pitutur ing kowé: Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan; padha ngupayaa, temah bakal olèh, padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan. 10 Amarga saben wong kang nyenyuwun, bakal tampa, lan kang golèk, bakal olèh, tuwin kang thothok-thothok, iku bakal kawenganan. 11 Endi ana kang jeneng bapa, dijaluki iwak anaké, mènèhi ula, kanggo ijolé iwak? 12 Utawa, menawa njaluk endhog, apa iya banjur diwènèhi kalajengking? 13 Dadi, yèn kowé, sanadyan ala, padha mangerti ing bab pawèwèh kang becik marang anak-anakmu, apamanèh Ramamu kang ana ing swarga mesthi bakal maringi Roh Suci marang kang padha nyenyuwun." 14 Ing sawijining dina Yésus nundhung sétan kang marakaké bisu, saka ing sawenèhing wong. Bareng sétané wus metu, wongé bisa guneman. Wong akèh padha kaéraman. 15 Nanging ana sawenèh kang padha ngucap mangkéné, "Anggoné nundhung sétan iku nganggo pangwasané Béèlzebul panggedhéning para sétan." 16 Lan ana manèh kang nyuwun pratandha saka swarga, kanggo nyoba marang Yésus. 17 Nanging Yésus ora kekilapan marang pikirané wong-wong mau, mulané banjur ngandika, "Saben kraton kang pecah, iku mesthi rusak, lan saben brayat kang wargané padha dredah, mesthi rusak. 18 Menawa Iblis iku uga dredah karo awaké dhéwé, kepriyé bisané lestari kratoné? 19 Dadi, yèn Aku nundhung sétan iku nganggo pangwasané Béèlzebul, para muridmu anggoné nundhung nganggo pangwasané sapa? Mulané iya iku kang bakal padha ngadili kowé. 20 Nanging menawa Aku nundhung sétan nganggo pangwasaning Allah, sayektiné Kratoning Allah wus rawuh ana ing satengahmu. 21 Menawa ana wong kang rosa sarta gegamané ganep kanggo ngreksa omahé dhéwé, barang darbèké bakal slamet. 22 Nanging menawa katekan wong kang luwih rosa, kang kalah rosa mau banjur ditempuh lan dikalahaké, sakèhing gegamané kang diandelaké bakal direbut, lan barang darbèké bakal diedum-edum dadi jarahan. 23 Sing sapa ora nyarujuki Aku, iku nglawan marang Aku sarta sing sapa ora nglumpukaké bebarengan karo Aku, iku mbuyaraké." 24 "Samangsa roh jahat iku wus metu saka ing wong, banjur nglembara menyang papan-papan kang suwung kanggo manggon, nanging sarèhné ora olèh, nuli muni mangkéné: dakbalènané manèh omah kang wis daktinggal. 25 Banjur bali, omahé ketemu wis disaponi resik lan tumata becik. 26 Tumuli metu, lunga ngajak roh liyané cacahé pitu kang luwih jahat, sarta banjur padha mlebu lan manggon ana ing kono, satemah wong mau alané ngluwihi katimbang sadurungé." 27 Nalika Yésus isih ngandika, ana wong wadon kang nguwuh marang Panjenengané saka ing satengahé wong akèh, unjuké, "Rahayu ibu ingkang sampun nggarbini saha ingkang nesepi Panjenengan." 28 Nanging Yésus banjur ngandika, "Kang rahayu iku wong-wong kang padha ngrungokaké lan nggatèkaké pangandikaning Allah." 29 Bareng wong akèh padha ngrubung Panjenengané, Yésus nuli ngandika, "Wong-wong ing jaman iki, iku ala, padha nyuwun pratandha, nanging ora bakal kaparingan kajaba mung pratandhané Yunus. 30 Sabab kayadéné Yunus anggoné dadi pratandha tumrap wong-wong ing kutha Niniwé, samono uga Putraning Manungsa iya bakal dadi pratandha tumrap wong-wong ing jaman iki. 31 Bésuk ing dinané pangadilan, ratu kang saka ing tanah Kidul iku bakal wungu bareng karo wong-wong jaman iki lan bakal ngadili wong-wong iku. Amarga ratu iki rawuh saka ing pungkasaning bumi arep mirengaké kawicaksanané Salomo, mangka satemené kang ana ing kéné iki ngungkuli Salomo. 32 Bésuk ing dina pangadilan, wong-wong ing Niniwé bakal padha tangi bebarengan karo wong-wong jaman iki, lan bakal ngadili wong-wong iki. Amarga wong-wong Niniwé iku bareng ngrungokaké pituturé Yunus banjur padha mratobat, mangka satemené kang ana ing kéné iki ngungkuli Yunus." 33 "Ora ana wong nyumed lampu kang banjur disèlèhaké ing panggonan kang ndhelik utawa ditutupi genthong, nanging ditumpangaké ing cagak-lampu, supaya wong kabèh kang mlebu omah bisa ndeleng padhangé. 34 Mripatmu iku dadi lampuning badanmu. Menawa mripatmu becik, badanmu sakojur dadi padhang, nanging menawa mripatmu jahat, badanmu dadi peteng. 35 Mulané padha diwaspada, pepadhang kang ana ing kowé iku aja nganti dadi peteng. 36 Menawa badanmu sakojur padhang lan ora ana pérangané kang peteng, mesthi kabèh dadi padhang, iya kaya yèn kowé kena ing soroting lampu." 37 Bareng Yésus wus rampung anggoné memulang, ana wong Farisi ngaturi dhahar ana ing omahé. Panjenengané iya banjur lumebet sarta lenggah dhahar. 38 Wong Farisi mau bareng weruh Yésus kok ora wijik dhisik sadurungé dhahar, dadi gumun. 39 Nanging Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau, "Kowé para Farisi, kowé padha ngresiki jabaning tuwung lan pinggan, nanging ing jeromu kebak rampasan lan piala. 40 Hé, wong-wong bodho, Panjenengané kang nitahaké sisih jabané iku apa iya ora nitahaké njeroné? 41 Mung baé isiné iku danakna, lah ing mengko sakabèhé bakal dadi resik tumrap kowé. 42 Nanging bilai kowé, hé, para Farisi, amarga kowé padha mbayar pra-sapuluhan saka godhong merdinah, inggu lan sawarnané jejanganan, nanging kowé padha nglirwakaké kaadilan lan katresnaning Allah. Prakara-prakara iku kudu dilakoni, tanpa nglirwakaké sing liyané. 43 Bilai kowé, hé, para Farisi, amarga ana ing papan pangibadah kowé padha seneng linggih ing ngarep lan seneng tampa pakurmatan ana ing pasar. 44 Bilai kowé, amarga kowé iku kayadéné kuburan kang tanpa tenger; wong-wong kang lumaku ing sandhuwuré padha ora weruh." 45 Tumuli ana sawijiné ahli Torèt kang mangsuli, aturé, "Guru, menawi Panjenengan ngandika makaten punika, ateges ugi ngrèmèhaken golongan kula." 46 Nanging Panjenengané banjur mangsuli, pangandikané, "Kowé iya padha bilai, hé, para ahli Torèt, amarga kowé padha ngemoti wong kalawan momotan kang ora bisa kaangkat, nanging kowé dhéwé ora nganti ndumuk momotan iku nganggo drijimu siji baé. 47 Bilai kowé; amarga kowé padha mbangun pasaréané para nabi, mangka leluhurmu dhéwé kang nyédani. 48 Dadiné kowé padha ngaku, yèn kowé padha mbeneraké pratingkahé leluhurmu, sabab leluhurmu iku padha nyédani para nabi mau, déné kowé padha mbangun pasaréané. 49 Mulané kawicaksananing Allah ngandika: Ingsun bakal ngutus para nabi lan para rasul, marang wong-wong iku, sarta panunggalané iku ana separo kang bakal dipatèni lan kang dianiaya. 50 Supaya tumrap wong-wong jaman iki katempuhna getihé sakèhé para nabi kang wus kawutahaké, wiwit nalika bumi katitahaké, 51 wiwit saka getihé Habél nganti getihé Zakharia, kang kapatènan ana ing antarané misbyah lan Padalemaning Allah. Malah Aku pitutur marang kowé: Kabèh iku mau mesthi bakal katempuhaké marang wong-wong jaman iki. 52 Bilai kowé, hé, para ahli Torèt, amarga kowé wus padha njupuk kuncining kawruh; kowé dhéwé ora lumebu, nanging wong kang arep lumebu padha kokalang-alangi." 53 Bareng Yésus wus jengkar saka ing papan kono, para ahli Torèt lan para wong Farisi padha ngincim-incim marang Panjenengané lan ngebyuki Panjenengané kalawan pitakonan warna-warna, 54 apadéné padha mbudidaya gawé pasangan kanggo nyepeng Panjenengané adhedhasar apa kang kapangandikakaké.
1 Nalika samana éwon wong akèhé kang padha nglumpuk, nganti padha suk-sukan. Yésus banjur paring piwulang, kang dhisik marang para sakabaté, pangandikané, "Padha diawas marang raginé para Farisi, yaiku bab lamising budiné. 2 Ora ana barang kang katutupan kang ora bakal kawiyak, lan ora ana barang kang kadhelikaké kang ora bakal kaweruhan. 3 Mulané apa kang kokkandhakaké ana ing petengan iku bakal kaprungu ana ing padhangan, sarta apa kang kokkandhakaké kalawan bisik-bisik ana ing kamar, iku bakal kawartakaké saka ing payon. 4 Aku pitutur marang kowé, hé, mitra-mitraku, aja wedi marang wong-wong kang bisa matèni badan, nanging sawisé mangkono ora bisa apa-apa manèh. 5 Kowé bakal padha daktuduhi, sapa kang kudu kokwedèni. Padha wedia marang Panjenengané, kang sawusé matèni iya kwasa nyemplungaké wong menyang naraka. Sabeneré Aku pitutur marang kowé: Iya Panjenengané iku kang kudu kokwedèni. 6 Manuk emprit lima rak mung payu rong dhuwit? Éwasamono ora ana siji-sijia kang disupèkaké déning Allah, 7 malah dalasan rambuté sirahmu iku wus diétung kabèh. Mulané aja padha wedi, sabab ajimu rak ngungkuli manuk emprit pirang-pirang. 8 Aku pitutur marang kowé: Saben wong kang ngakoni Aku ana ing sangareping wong, iku iya bakal diakoni déning Putraning Manungsa ana ing ngarepé para malaékating Allah. 9 Nanging sing sapa nyélaki Aku ana ngarepé wong, iya bakal disélaki ana ing ngarepané para malaékaté Allah. 10 Sing sapa ngucapaké tembung kang nglawan marang Putraning Manungsa, iku bakal diapura, nanging sing sapa nyenyamah marang Roh Suci, iku bakal ora diapura. 11 Menawa kowé padha diladèkaké marang ngarsané para pradataning agama ing dalem pamujan, utawa marang ngarsané para pamaréntah lan para kang ngasta pangwasa, aja padha sumelang, kepriyé anggonmu bakal mbélani awakmu lan apa kang kudu kokaturaké. 12 Amarga ing wektu iku uga Roh Suci bakal muruki kowé apa kang kudu kokaturaké." 13 Tumuli ana wong panunggalané wong akèh iku kang matur marang Yésus, "Guru, Paduka mugi karsa ndhawuhi sadhèrèk kawula, supados andum warisan kaliyan kawula." 14 Nanging Yésus ngandika marang wong mau, "Sadulur, sapa sing ngangkat Aku dadi hakim utawa dadi panengah ana ing antaramu?" 15 Banjur ngandika marang wong akèh, "Padha diwaspada lan diprayitna tumrap sakèhing kamurkan, sabab sanadyan wong duwé bandha nganti akèh banget, uripé ora gumantung marang kasugihané iku." 16 Sawusé mangkono banjur padha dipangandikani ngagem pasemon, mangkéné, "Ana wong sugih, pametuning palemahané akèh banget. 17 Banjur mikir: Kepriyé ya, rékané, aku ora duwé panggonan kanggo nyimpen pametu samono akèhé iku. 18 Tumuli kandha: É́naké mangkéné baé: lumbung-lumbungku dakbubrahané, banjur gawé kang luwih gedhé lan gandumku kabèh apadéné sakèhing barang-darbèkku daksimpené ana ing kono. 19 Sawusé iku nyawaku nuli dakkandhanané: Hé, nyawaku, kowé wus duwé bandha akèh banget, cukup kanggo urip pirang-pirang taun, mulané ngasoa, mangana, ngombéa lan seneng-senenga." 20 Ananging dhawuhé Allah marang wong mau: Hé, wong kang bodho, bengi iki uga nyawanira bakal kapundhut saka ing sira. Lan apa kang wus sira cawisaké iku, arep kanggo sapa? 21 Iya kaya mangkono iku kadadéané wong kang nglumpukaké bandha kanggo awaké dhéwé, mangka ora duwé kasugihan ana ing ngarsané Allah." 22 Yésus banjur ngandika marang para sakabaté, "Mulané Aku pitutur marang kowé: Aja padha sumelang ing bab uripmu, apa kang bakal kokpangan, lan aja sumelang ing bab awakmu, apa kang bakal koksandhang. 23 Amarga urip iku ajiné ngungkuli pangan, lan badan iku ngungkuli sandhangan. 24 Padha delengen, manuk gagak iku ora padha nyebar lan ora derep apadéné ora duwé gudhang utawa lumbung, éwasemono padha diparingi pangan déning Allah. Ajimu rak banget anggoné ngungkuli manuk-manuk iku! 25 Sapa ta panunggalanmu kang marga saka sumelang bisa nambahi umuré saasta? 26 Dadi yèn kowé ora bisa nindakaké bab kang sepélé baé iku, kepriyé déné kok nyumelangaké bab liya-liyané? 27 Padha tamatna kembang bakung kaé, ora ngantih ora nenun, éwadéné Aku pitutur marang kowé: Salomo sajroné sagunging kaluhurané, pangagemané ora ngungkuli éndahé salah sijining kembang iku. 28 Dadi, yèn suket ing ara-ara, kang saiki isih ana, sésuk kabuwang ing geni, iku dipanganggoni déning Allah nganti kaya mangkono, saya manèh kowé, hé, wong kang cupet ing pangandel! 29 Mulané aja padha mrihatinaké apa kang bakal kokpangan lan kokombé sarta aja melang-melang. 30 Awit iku kabèh kang diupaya déning wong kang ora wanuh marang Allah. Ramamu rak ora kekilapan, yèn iku kabèh dadi kabutuhanmu. 31 Nanging Kratoning Allah iku padha upayanen, nuli kabèh iku mau bakal diwuwuhaké marang kowé. 32 Aja padha wedi, hé pepanthan cilik! Amarga Ramamu wus kepareng maringaké Kraton iku marang kowé. 33 Barang darbèkmu dolana kabèh, banjur dedanaa! Gawéa kanthong-kanthong kang ora bisa lawas, nglumpukna rajabrana ing swarga, kang ora bakal entèk, kang ora bakal katekanan maling sarta ora bakal karusak déning renget. 34 Amarga ing ngendi dunungé bandhamu, iya ing kono dununging atimu." 35 "Lambungmu tetep sabukana lan lampumu tetepa murub. 36 Sarta kowé padha kayaa wong-wong kang nganti-anti rawuhé bendarané saka pahargyan mantèn, supaya menawa wis kondur lan thothok-thothok lawang, énggal bisa ngengani lawang. 37 Begja para abdi kang sarawuhé bendarané ketemu isih melèk. Aku pitutur marang kowé: Satemené bendara mau bakal ngagem sabuké, para abdiné banjur padha didhawuhi mangan bebarengan, sarta bendara mau kang bakal ngladèni. 38 Menawa rawuhé ing tengah wengi utawa ing wayah bangun ésuk mangka para abdi mau ketemu mangkono, begja wong-wong iku. 39 Nanging padha mangertia: Saupama kang duwé omah ngerti tekané maling jam pira, mesthi ora bakal ngenengaké baé omahé dibabah. 40 Mulané kowé kabèh padha tansah rumantia, awit rawuhé Putrané Manungsa iku ing wektu kang ora koknyana." 41 Pétrus banjur munjuk, "Gusti, ingkang Panjenengan karsakaken kanthi pasemon punika punapa kawula sakanca, punapa inggih dhateng tiyang sadaya?" 42 Paring wangsulané Gusti, "Sapa ta kang dadi pangruktining omah kang setya lan pinter, kang bakal diangkat déning bendarané dadi tetuwaning para abdi kang tinanggenah ngedum pangan marang para abdi kabèh ing wayah kang wus katemtokaké? 43 Begja abdi kang ketemu nindakaké kuwajibané nalika bendarané rawuh. 44 Aku pitutur marang kowé: Satemené bendarané mau mesthi bakal ngangkat wong iku dadi abdi kang tinanggenah ngawasi sakèhing barang kagungané. 45 Nanging menawa abdi mau duwé gagasan mangkéné: Bendaraku kok ora rawuh-rawuh, banjur wiwit menthungi para abdi lanang lan wadon, sarta mangan lan ngombé nganti mendem, 46 samangsa bendarané rawuh ing dina kang ora kanyana lan ing wayah kang ora disumurupi, mesthi wong mau bakal ditigas lan dipadhakaké karo wong kang ora setya. 47 Anadéné abdi kang ngerti marang karsané bendarané, mangka ora cecawis utawa ora nindakaké apa kang dikersakaké déning bendarané, iku bakal digebugi marambah-rambah. 48 Nanging kang ora ngerti marang karsané bendarané, mangka banjur nindakaké apa kang kagolong kena ing ukuman gebug, iku bakal tampa paukuman gebug, nanging ènthèng baé. Saben wong kang kaparingan akèh, iku bakal kapundhutan akèh, sarta kang dipracaya akèh, bakal kapundhutan luwih akèh manèh." 49 "Tekaku iki saprelu nekakaké geni ing bumi lan sapira kang dakkarsakaké, geni iku wis murub! 50 Aku kudu kabaptis, lan sapira gedhéné kasusahaning atiku, sadurungé iku kelakon! 51 Apa pangiramu, tekaku ing bumi iki nggawa katentreman? Ora, Aku pitutur marang kowé, dudu pirukun, nanging crah. 52 Amarga wiwit saiki wong lima kang tunggal saomah bakal crah, kang telu nglawan kang loro, kang loro nglawan kang telu. 53 Kabèh bakal padha crah, bapa karo anaké lanang, lan anak lanang karo bapakné, embok karo anaké wadon, lan anak wadon karo embokné, embok maratuwa karo mantuné wadon, lan mantu wadon karo embokné maratuwa." 54 Ana manèh pangandikané Yésus marang wong akèh, "Menawa kowé padha weruh mendhung kandel ing sisih kulon, kowé banjur bisa kandha: Arep udan, lan tumuli iya kelakon mangkono. 55 Sarta menawa ana angin saka kidul, kowé banjur kandha: Mengko bakal panas banget, lan iku iya tumuli kelakon mangkono. 56 Hé, wong lamis, pratandhané bumi lan langit kowé padha bisa nitèni, yagéné kowé ora bisa nitik kaanané jaman iki? 57 Lan manèh yagéné kowé padha ora netepaké dhéwé apa kang bener? 58 Amarga, menawa kowé karo lawananmu padha arep ngadhep marang pamaréntah, ana ing dalan ngudia rukun karo wong mau, supaya kowé aja nganti diladèkaké marang hakim, lan hakim banjur masrahaké kowé marang pambantuné sarta pambantu iku tumuli nglebokaké kowé ing pakunjaran. 59 Aku pitutur marang kowé: Kowé ora bakal metu saka kono sadurungé kowé mbayar utangmu nganti lunas."
1 Nalika samana ana wong sawatara kang padha sowan marang ngarsané Yésus ngaturi uninga bab wong-wong Galiléa kang padha kawutahaké getihé déning Pilatus, getihé dadi campur karo getih kurban kang diunjukaké déning wong-wong mau. 2 Yésus paring wangsulan, "Apa pangiramu wong-wong Galiléa mau luwih gedhé dosané katimbang karo dosané wong-wong Galiléa liyané kabèh, déné kataman lelakon kang kaya mangkono iku? 3 'Ora', kandhaku marang kowé. Nanging menawa kowé ora padha mratobat, kowé kabèh bakal padha tiwas kanthi patrap mangkono. 4 Utawa manèh apa pangiramu wong wolulas kang padha mati kebrukan menara ing Siloam kaé kaluputané ngluwihi wong ing Yérusalèm liyané kabèh? 5 'Ora', kandhaku marang kowé. Nanging menawa kowé kabèh padha ora mratobat, bakal tiwas kanthi patrap mangkono." 6 Yésus banjur paring pasemon mangkéné, "Ana wong kang duwé wit anjir, kang katandur ing pakebonané anggur, banjur diparani digolèki wohé, nanging ora olèh. 7 Tumuli kandha marang kang nggarap kebon anggur iku: Delengen, iki wus telung taun anggonku teka nggolèki wohé, kok ora ana. Mulané tegoren baé wit iki! Kanggo apa urip ana ing lemah kéné tanpa guna! 8 Atur wangsulané wong mau: Bendara, kajengipun gesang setaun malih, siti sakubengipun badhé kula paculi lan wit punika badhé kula rabuk. 9 Mbokmenawi taun ngajeng saged awoh; menawi mboten, inggih lajeng kategora kémawon." 10 Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Yésus memulang ana ing papan pangibadah. 11 Ing kono ana wong wadon kang kapanjingan roh wus wolulas taun, satemah lara lan dadi wungkuk, ora bisa ngadeg jejeg. 12 Bareng Yésus pirsa wong mau, banjur ditimbali sarta dipangandikani mangkéné, "Hé, Bu, lelaramu wus ilang." 13 Tumuli ditumpangi asta, lan sanalika iku uga wong wadon mau bisa ngadeg jejeg manèh lan banjur ngluhuraké asmané Allah. 14 Nanging pangarepé papan pangibadah iku nepsu, jalaran Yésus nyarasaké wong ing dina Sabat, banjur kandha marang wong akèh, "Ana dina enem sing kanggo nyambut-gawé. Mulané tekaa ing salah sijiné dina iku supaya diwarasaké, aja ing dina Sabat." 15 Nanging Gusti paring wangsulan, pangandikané, "Hé, wong-wong lamis, apa panunggalanmu ing dina Sabat ora nguculi sapiné utawa kuldiné saka ing kandhang banjur digawa menyang pangombèn. 16 Wong wadon iki tedhak-turuné Abraham mangka wus wolulas taun lawasé kabanda déning Iblis, apa ora prelu diuculi bandané ing dina Sabat?" 17 Nalika Panjenengané ngandika mangkono iku, kabèh kang nglawan padha kisinan, nanging wong akèh padha bungah awit saka sakèhé pandamel becik kang ngéram-éramaké kang wus katindakaké déning Panjenengané. 18 Yésus banjur ngandika, "Kratoné Allah iku upamané apa, lan kena dakupamakaké apa? 19 Iku kena kaupamakaké wiji sawi, kang kajupuk lan kasebar déning wong ana ing pakebonané, banjur thukul lan dadi uwit, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha nusuh ana ing pang-pangé." 20 Lan pangandikané manèh mangkéné, "Kratoné Allah iku, kena dakupamakaké apa? 21 Iku upamané kayadéné ragi kang dijupuk déning wong wadon lan dicampuraké ing glepung trigu patangpuluh liter, nganti kemrasukan kabèh." 22 Yésus banjur ndlajahi kutha-kutha lan désa-désa karo memulang, lan banjur nglajengaké tindaké menyang Yérusalèm. 23 Tumuli ana wong kang munjuk mangkéné, "Gusti, tiyang ingkang kawilujengaken punika punapa namung sakedhik?" 24 Paring wangsulané Yésus marang wong-wong kang ana ing kono, "Padha ngudiya lumebu ing lawang kang ciyut! Sabab Aku pitutur marang kowé: Akèh wong kang ngudi lumebu, nanging ora bisa. 25 Menawa kang kagungan dalem wus jumeneng lan ngancing lawangé, lan kowé ngadeg ana ing jaba sarta wiwit dhodhog-dhodhog lawang kalawan matur: Gusti, kawula nyuwun kori! Panjenengané bakal paring wangsulan mangkéné: Aku ora wanuh, kowé iku sapa? 26 Kowé bakal matur: Kawula sampun naté sami nedha lan ngombé wonten ing ngarsa Panjenengan, sarta Panjenengan sampun paring piwulang wonten ing margi-margi ing kitha kawula. 27 Nanging Panjenengané bakal ngandika marang kowé: Aku ora wanuh, kowé iku wong ngendi, padha sumingkira saka ngarepku, hé wong kang padha gawé piala! 28 Ing kono bakal ana panangis lan keroting untu, malika kowé padha weruh Abraham lan Iskak sarta Yakub apadéné sakèhing nabi padha ana ing Kratoné Allah, mangka kowé dhéwé padha kabuwang ing jaba, 29 sarta bakal ana wong kang padha teka saka ing wétan lan kulon tuwin saka ing lor lan kidul, padha bakal kembul bujana ana ing Kratoné Allah. 30 Lah satemené ana wong kang kari dhéwé bakal dadi kang kawitan, lan ana wong kang kawitan bakal dadi kang kari dhéwé." 31 Ing nalika iku ana wong Farisi sawatara kang padha sowan lan matur marang Yésus, "Panjenengan kula aturi sumingkir saking ngriki, awit Hérodès ngangkah badhé nyédani Panjenengan." 32 Paring wangsulané Yésus, "Padha lungaa, kandhaa marang asu wawar iku: Aku nundhungi sétan lan marasaké wong, ing dina iki lan sésuk, déné ing telung dinané Aku bakal wus rampung. 33 Nanging ing dina iki, lan sésuk tuwin suk embèn, Aku kudu nerusaké lakuku, amarga ora samesthiné kang jeneng nabi dipatèni ana ing sanjabané Yérusalèm. 34 Yérusalèm, Yérusalèm, kowé kang matèni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang padha diutus nemoni kowé. Wus makaping-kaping anggonku arep nglumpukaké anak-anakmu, padha kaya babon anggoné nglumpukaké kuthuk-kuthuké ana ing sangisoring swiwiné, nanging kowé ora gelem. 35 Lah omahmu bakal kapasrahaké suwung marang kowé. Nanging Aku pitutur marang kowé: Kowé bakal padha ora ndeleng Aku manèh nganti tumeka ing wektuné kowé padha kandha mangkéné: Binerkahana kang rawuh atas asmané Pangéran."
1 Ing sawijining dina Sabat, Yésus rawuh ing omahé panggedhéné wong Farisi, arep dhahar ana ing kono. Wong kabèh kang ana ing kono padha maspadakaké Panjenengané kanthi temenan. 2 Ing kono ana wong lara busung ngadeg ing ngarsané. 3 Yésus banjur ngandika marang para ahli Torèt lan para Farisi mangkéné, "Marasaké wong ing dina Sabat iku kena apa ora?" 4 Kabèh padha meneng baé. Panjenengané banjur ngasta tangané wong kang lara mau lan nyarasaké sarta ndhawuhi lunga. 5 Sawusé mangkono banjur ngandika marang wong-wong mau, "Sapa panunggalanmu, kang anaké utawa sapiné kecemplung ing sumur, ora banjur énggal-énggal nulungi dientasaké, sanadyan ing dina Sabat?" 6 Wong-wong mau ora ana kang bisa ngaturi wangsulan. 7 Bareng Yésus pirsa tamu-tamu padha milih palinggihan ing ngarep dhéwé, banjur padha dipangandikani pasemon mangkéné, 8 "Menawa kowé diulemi jagong mantèn, kowé aja linggih ing ngarep dhéwé, awit mbokmenawa kang duwé gawé wus ngulemi wong kang luwih kajèn katimbang karo kowé, 9 supaya wong kang ngulemi kowé lan wong mau aja padha marani kowé lan kandha marang kowé: Kula aturi pindhah, palenggahan punika kagem sadhèrèk punika. Kowé banjur kapeksa ngalih linggih ing buri dhéwé kanthi wirang. 10 Mulané, menawa kowé diulemi, linggiha ing buri dhéwé. Mbokmenawa mengko sing duwé omah banjur marani lan kandha marang kowé: Sadhèrèk, mangga kula aturi lenggah ing ngajeng. Temahan kowé katon anggonmu kajèn ana ing ngarepané para dhayoh liyané kabèh. 11 Sabab sing sapa ngluhuraké awaké dhéwé, bakal kaasoraké, lan sing sapa ngasoraké awaké dhéwé bakal kaluhuraké." 12 Yésus uga banjur ngandika marang wong kang ngaturi rawuh Panjenengané, "Menawa kowé nganakaké pésta ing wayah awan utawa bengi, kowé aja ngulemi mitra-mitramu, utawa sadulur-sadulurmu, utawa sanak-kadangmu utawa tangga-teparomu kang sugih-sugih, amarga iku bakal padha genti ngulemi kowé, dadi kowé wus olèh piwales. 13 Nanging, menawa kowé nganakaké pésta, ngulemana wong-wong kang mlarat, kang cacad, kang lumpuh lan kang wuta. 14 Yèn mangkono kowé bakal rahayu, amarga wong iku kabèh ora padha duwé kang dianggo males marang kowé. Déné kowé bakal tampa piwales bésuk ing dina tanginé para wong mursid." 15 Krungu pangandika kang mangkono iku, ana tamu kang matur marang Yésus, "Rahayu tiyang ingkang sami badhé kasegah nedha wonten ing Kratoning Allah." 16 Nanging Yésus ngandika marang wong mau, "Ana wong nganakaké pésta gedhèn lan ngulemi wong akèh. 17 Bareng wus ndungkap wayahé bujana, baturé dikongkon kandha marang wong kang padha diulemi: Sumangga sami karsaa rawuh, amargi sadayanipun sampun cumawis. 18 Nanging kabèh, mbaka siji, padha nyuwun ngapura. Wong kang kapisan matur mangkéné: Kula mentas tumbas pategilan, kula badhé ningali mrika, mila kula nyuwun pangapunten. 19 Wong liyané matur mangkéné: Kula mentas tumbas lembu gangsal rakit, kula badhé késah nyobi lembu-lembu punika, mila nyuwun pangapunten. 20 Wong liyané manèh matur: Kula saweg kémawon émah-émah, mila mboten saged sowan. 21 Batur mau banjur mulih ngaturaké iku kabèh marang bendarané. Kang duwé omah nepsu banget sarta kandha marang baturé: Énggal menyanga ing dalan-dalan lan lurung-lurungé kutha, wong mlarat, wong cacad, wong wuta lan wong lumpuh padha iriden mréné. 22 Baturé tumuli matur: Bendara, sadaya dhawuh panjenengan sampun kalampahan, éwasemanten papanipun taksih tirah. 23 Bendarané banjur kandha marang baturé: Menyanga ing lurung-lurung lan ing dalan-dalan cilik, wong-wong sing ana ing kono padha peksanen mlebu mréné, amarga omahku kudu kebak. 24 Awit aku pitutur marang kowé: Wong kang padha diulemi dhisik mau siji baé ora ana kang bakal ngrasakaké suguhanku." 25 Nalika Yésus tindak kadhèrèkaké wong akèh gumrudug, Panjenengané tumolèh banjur ngandika marang wong-wong mau, 26 "Menawa ana wong kang sowan ing ngarsaku, mangka ora sengit marang bapakné, ibuné, bojoné, anak-anaké, sadulur-saduluré lanang utawa wadon, malah uripé dhéwé pisan, iku ora bisa dadi muridku. 27 Sing sapa ora manggul salibé lan ngetut-buri Aku, iku ora bisa dadi muridku. 28 Sabab sapa ta panunggalanmu kang menawa arep ngadegaké menara, ora linggih dhisik ngétung-étung, apa dhuwité cukup kanggo ngragadi nganti sarampungé. 29 Supaya menawa wus rampung pondhasiné, mangka ora bisa mbacutaké, sakèhé wong kang weruh aja nganti padha ngécé, 30 mangkéné: Wong iku wani ada-ada gegawéan, nanging kok ora bisa ngrampungaké! 31 Utawa, ratu ngendi sing menawa arep perang nglawan ratu liyané, ora lenggah dhisik prelu nimbang-nimbang, apa wadyabala sepuluh èwu iku cukup kanggo nglawan kang nekani kalawan nggawa bala rongpuluh èwu? 32 Menawa ora, mesthi banjur utusan, mumpung mungsuh iku isih adoh, prelu nakokaké sarat-saraté bedhamèn. 33 Mangkono uga saben wong panunggalanmu, kang ora bisa ninggal sabarang darbèké kabèh, iku ora bisa dadi muridku. 34 Uyah iku pancèn migunani, nanging menawa ilang asiné, apa kang kanggo mulihaké rasa asiné? 35 Wus ora ana gunané, kanggoa lemah utawa kanggoa rabuk, mung banjur dibuwang baé. Sing sapa duwé kuping kanggo ngrungokaké, ngrungokna!"
1 Para juru-narik-pajeg lan wong dosa padha sowan ing ngarsané Yésus ngrungokaké piwulangé. 2 Para Farisi lan para ahli Torèt padha grundelan, pangucapé, "Wong iku kok nampani para wong dosa lan mangan bebarengan." 3 Panjenengané banjur paring pasemon, mangkéné, 4 "Sapa panunggalanmu, kang duwé wedhus satus, mangka ana siji sing ilang, apa ora banjur nggolèki sing ilang iku nganti saketemuné, sing sangang puluh sanga ditinggal ana ing ara-ara samun? 5 Lan menawa wis ketemu, nuli dipanggul kalawan bungah, 6 sarta satekané ing omahé, banjur ngundangi mitra-mitrané lan tangga-teparoné sarta padha dikandhani: Payo, padha bebarengan bungah-bungah karo aku, sabab wedhusku kang ilang wis ketemu. 7 Aku pitutur marang kowé: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhé marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat." 8 "Samono uga, endi ana wong wadon kang duwé dhuwit dirham sepuluh, mangka ilang siji, kok ora banjur nyumed damar lan nyaponi omahé, nggolèki njlimet nganti saketemuné? 9 Lan menawa wis ketemu, banjur ngundangi mitra-mitrané lan tangga-teparoné sarta padha dikandhani mangkéné: Dhuwitku dirham kang ilang wus ketemu. Payo, padha bungah-bungah bebarengan karo aku. 10 Aku pitutur marang kowé: Samono uga para malaékaté Allah bakal padha bungah-bungah, jalaran ana wong dosa siji kang mratobat." 11 Yésus ngandika manèh, "Ana wong duwé anak lanang loro. 12 Anak kang wuragil matur marang bapakné: Bapak, keparenga kula nyuwun sapéranganing barang darbé ingkang dados panduman kula. Bapakné iya banjur mbagé-mbagé barang darbèké, diwènèhaké marang sakaroné. 13 Let sawatara dina kang wuragil mau banjur ngedoli pandumané kabèh, sawusé mangkono nuli lunga menyang nagara kang adoh. Ana ing kana bandhané diebrèh-ebrèh dianggo nguja kekarepané nganti entèk kabèh. 14 Kapinujon ing tanah kono ana paceklik kang nggegirisi, wong anom mau banjur wiwit nandhang kacingkrangan. 15 Tumuli ngèngèr marang wong ing tanah kono, banjur dikon ngrumati babi-babiné ana ing pategalané. 16 Nuli kepéngin ngisèni wetengé kalawan ampas pakan babi iku, nanging ora ana wong kang gelem mènèhi. 17 Banjur ngrumangsani kaanané, temahan ngudarasa mangkéné: Buruhé bapakku pirang-pirang lan padha bisa mangan nganti turah-turah, mangka aku ana ing kéné bisa mati kaliren. 18 Aku dakmulih menyang ing dalemé bapakku lan matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhateng swarga lan dhateng Bapak, 19 kula sampun mboten pantes kawastanan putranipun Bapak malih; keparenga kula kadadosna berahipun Bapak kémawon. 20 Banjur ngadeg lan mulih marani bapakné. Nalika isih adoh, bapakné wus ngawasaké tekané, atiné trenyuh banget marga saka welasé. Tumuli diplayoni, banjur dirangkul lan diambungi. 21 Anaké matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhateng swarga tuwin dhateng Bapak. Kula sampun mboten pantes kawastanan putranipun Bapak malih. 22 Nanging bapakné préntah marang batur-baturé: Énggal jupukna jubah kang apik dhéwé, nuli enggokna, drijiné anggonana ali-ali lan sikilé anggonana trumpah. 23 Banjur njupuka pedhèt sing lemu, belèhen. Payo padha mangan lan seneng-seneng. 24 Sabab anakku iki wus mati, urip manèh, wis ilang, ketemu. Banjur padha wiwit sukan-sukan. 25 Nalika iku anaké pambarep lagi ana ing pategalan. Bareng mulih lan wus cedhak karo omahé, krungu swaraning tetabuhan lan wong kang padha tetembangan nganggo jejogèdan. 26 Banjur ngundang salah sawijining batur lan ditakoni, apa tegesé iku kabèh. 27 Aturé batur mau: Punika ingkang rayi rawuh, déné ingkang rama sampun dhawuh mragat pedhèt ingkang lema, amargi kepanggih malih kaliyan putranipun kanthi wilujeng. 28 Anak pambarep mau temah nepsu lan ora gelem lumebu ing omah. Bapakné nuli metu lan ngarih-arih. 29 Nanging diwangsuli mangkéné: Sampun mataun-taun anggèn kula ngladosi Bapak lan mboten naté nerak wewaleripun Bapak, nanging Bapak mboten naté maringi cempé satunggal kémawon, kanggé bingah-bingah kaliyan kanca-kanca kula. 30 Nanging sareng putranipun Bapak ingkang ngebrèh-ebrèh`raja-darbèkipun Bapak, kadamel mblunthah kaliyan sundel-sundel, saweg kémawon dhateng, Bapak lajeng mragat pedhèt ingkang lema kanggé piyambakipun. 31 Bapakné kandha: Anakku, enggèr, kowé iku salawasé urip bareng karo aku, lan apa saduwèkku iku duwèkmu. 32 Awaké dhéwé kabèh wus samesthiné kudu padha bungah-bungah lan seneng-seneng, jalaran adhimu wis mati urip manèh, wis ilang ketemu."
1 Ana manèh pangandikané Yésus marang para muridé, "Ana wong sugih duwé juru-reksa-bandha, diwadulaké menawa ngawut-awut barang darbèké. 2 Mulané banjur diundang lan dikandhani mangkéné: Aku krungu apa bener tumindakmu kang kaya mangkono? Mara, aku wènèhana palapuran tumrap rereksanmu, amarga kowé wus ora kena nerusaké pagawéanmu. 3 Juru-reksa-bandha mau nuli mikir: Gèk aku arep nyambut-gawé apa yèn aku nganti dipecat. Macul aku ora bisa, ngemis aku isin. 4 Iya, aku ngerti apa kang bakal daklakoni supaya menawa aku sida dipecat saka ing pagawéanku dadi juru-reksa-bandha, ana wong kang gelem nampa aku ing omahé. 5 Wong kang padha utang marang majikané padha diundangi siji-siji. Wong kang kapisan dikandhani mangkéné: Pira utangmu marang majikanku? 6 Wangsulané: Lisah satus tong. Banjur dikandhani: Enya iki layang-utangmu. Linggiha, gawéa layang-utang liyané, saiki uga, kang muni: Sèket tong. 7 Wong kang kapindho ditakoni: Lah kowé utangmu pira? Wangsulané wong mau: Gandum satus dhacin. Banjur dikandhani: Enya iki layang-utangmu. Gawéa layang-utang liyané, tulisen: Wolung puluh dhacin. 8 Majikané banjur ngalem marang juru-reksa-bandha kang ora jujur iku, marga saka anggoné duwé akal kang mangkono iku. Sabab para anaking jagat iki tumrap kang tunggal golongan, akalé ngluwihi para ahli-warising pepadhang. 9 Lan Aku pitutur marang kowé: Padha mbanguna memitran kalawan migunakaké Mamon kang ora jujur, supaya menawa Mamon mau wus ora bisa mitulungi kowé manèh, kowé banjur ditampani ana ing tarub kang langgeng." 10 "Sapa kang tumemen tumrap prakara-prakara kang sepélé, iya tumemen ing prakara-prakara kang wigati. Lan sapa kang ora tumemen tumrap prakara-prakara kang sepélé, iku iya ora tumemen ing prakara-prakara kang wigati. 11 Dadi, menawa kowé ora kena dipracaya ing bab Mamon, kang ora jujur iku, sapa kang bakal mitayakaké bandha kang sayekti marang kowé? 12 Lan menawa kowé ora kena dipracaya tumrap baranging liyan, sapa kang bakal pracaya marang barangmu? 13 Ora ana batur kang bisa ngladèni bandara loro. Amarga menawa mangkono, mesthi bakal sengit marang kang siji lan tresna marang sijiné, utawa setya marang kang siji lan nyepèlèkaké marang sijiné. Ora bisa kowé ngawula marang Allah lan marang Mamon." 14 Pangandika mau kabèh iya kaprungu déning para Farisi, kang padha mata-dhuwiten, satemah padha ngrèmèhaké Panjenengané. 15 Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau, "Kowé padha mbeneraké awakmu dhéwé ana ing sangareping wong, nanging Allah nguningani isining atimu. Sabab apa kang dianggep pinunjul lan disenengi déning manungsa, iku dianggep asor sarta sinengitan déning Allah. 16 Angger-anggering Torèt lan kitab-kitabé para nabi iku kanggoné mung nganti jamané Yohanes. Wiwit wektu iku Kratoning Allah kaundhangaké lan saben wong mbudidaya sakatogé, kepéngin lumebu ing kono. 17 Ananging luwih gampang sirnané langit lan bumi, katimbang karo bataling titik siji baé kang ana ing angger-anggering Torèt. 18 Saben wong kang megat somahé, banjur rabi liyané, iku laku jina; lan sapa kang ngrabèni wong wadon kang dipegat déning kang lanang mau, iku iya laku jina." 19 "Ana wong sugih kang tansah manganggo jubah wungu lan kain kang alus, sarta saben dina asuka-rena kanthi méwah. 20 Lan ana wong ngemis jenengé Lazarus, awaké sakojur gudhigen; nggléthak ana ing sacedhaké régoling omahé wong sugih mau, 21 sarta kepéngin banget olèh gogrogan saka ing méjané wong sugih iku kanggo nambani luwéné. Nanging malah diparani asu-asu sing padha ndilati gudhigé. 22 Wong miskin mau banjur mati, nuli digawa déning para malaékat menyang pangkoné Abraham. Wong sugih mau iya mati, banjur dikubur. 23 Lan nalika wong sugih mau kang lagi nandhang sangsara ana ing sajroning teleng-palimengan iku tumenga, nuli weruh Abraham ana ing kadohan mangku Lazarus. 24 Banjur nguwuh-uwuh, aturé: Dhuh, Rama Abraham, mugi karsa paring kawelasan dhateng kula. Lazarus mugi kadhawuhan nyelupaken pucuking drijinipun ing toya, kanggé ngasrepaken ilat kula, amargi kula nandhang sangsara sanget wonten ing urubing latu punika. 25 Nanging Abraham mangsuli, pangandikané: Anggèr, élinga, yèn kowé wus tampa samubarang kang becik salawasé uripmu, nanging Lazarus tampa samubarang kang ora becik. Saiki wong iku tampa panglipur, déné kowé nandhang sangsara banget. 26 Kajaba saka iku ing antarané kowé lan aku karo Lazarus ana jurang kang ora kena diliwati, supaya wong ing kéné kang arep padha menyang panggonanmu utawa wong kang ana ing panggonanmu padha arep mréné, ora bisa. 27 Aturé wong mau: Manawi makaten, panyuwun kula, dhuh Rama, Lazarus mugi kadhawuhan dhateng griyanipun bapa kula, 28 awit sadhèrèk kula taksih gangsal, supados sami kaèngetna kanthi saèstu, amrih ing bénjingipun sampun ngantos sami lumebet ing papan kasangsaran punika. 29 Nanging pangandikané Abraham: Iku wus padha nduwèni paseksiné Musa lan para nabi liyané. Iya iku kang kudu padha digatèkaké. 30 Aturé wong mau: Mboten, Rama, dèrèng cekap. Nanging manawi wonten tiyang pejah ingkang ndhatengi, tamtu sami badhé mratobat. 31 Pangandikané Abraham: Menawa ora padha nggatèkaké paseksiné Musa lan para nabi liyané, mesthi iya ora kena dikandhani, sanadyan kang ngandhani iku wong kang tangi saka ing antarané wong mati."
1 Yésus ngandika marang para muridé, "Ora kena ora mesthi bakal ana panasaran, nanging bilai kang njalari anané panasaran iku. 2 Luwih becik menawa wong iku dikalungana watu panggilingan lan banjur dicemplungaké ing sagara, katimbang nasaraké wong kang isih ringkih pracayané iki. 3 Reksanen awakmu dhéwé! Menawa sadulurmu duwé kaluputan welèhna; menawa kaduwung, apuranen. 4 Saupama anggoné kaluputan marang kowé ngantia kaping pitu sadina lan kaping pitu uga anggoné marani kowé sarta pratéla: Aku kaduwung, iya kudu kokapura." 5 Para rasul nuli munjuk marang Gusti, "Kawula mugi sami kaparingan kapitadosan!" 6 Paring wangsulané Gusti, "Menawa kowé duwé pangandel sanadyan gedhéné mung sawiji sawi baé, lan yèn kowé banjur ngucap marang wit anjir iki: Rungkada, tumancepa ing sagara; mesthi bakal nurut marang préntahmu iku." 7 "Sapa panunggalanmu kang duwé batur, kang mluku utawa angon raja-kayané, saulihé saka pategalan apa banjur dikandhani: Ayo, endang mangan! 8 Apa ora malah kosok-baliné, dikandhani mangkéné: Aku cawisana mangan. Nganggoa sabuk lan ngladènana aku nganti sarampungé anggonku mangan lan ngombé. Lan sawusé iku kowé lagi kena mangan lan ngombé. 9 Apa batur mau banjur diwènèhi panarima, marga saka anggoné wis nglakoni apa kang dipréntahaké? 10 Mangkono uga kowé. Menawa kowé wis nglakoni kabèh kang kapréntahaké marang kowé, kowé banjur padha matura: Kula sadaya punika namung abdi-abdi ingkang tanpa gina, amargi namung sami nindakaken punapa ingkang dados kuwajiban kula." 11 Nalika tindak menyang Yérusalèm, Yésus miyos ing sauruting tapel-watesé Samaria lan Galiléa. 12 Bareng lumebet ing sawijining désa, ana wong lara kusta sepuluh sowan marang Panjenengané, nanging mung ngadeg kapara adoh, 13 sarta padha nguwuh kanthi sora, unjuké, "Dhuh, Guru, kawula mugi sami Panjenengan welasi!" 14 Panjenengané nuli mirsani wong-wong mau lan ngandika, "Kowé padha lungaa, awakmu priksakna marang para imam!" Kocapa, sajroné padha lumaku iku, padha birat najisé. 15 Ana siji kang bareng weruh yèn wus waras, banjur bali ngluhuraké Allah kanthi swara sora. 16 Nuli nyungkemi sampéyané Yésus, ngunjukaké panuwun. Mangka iku wong Samaria. 17 Yésus banjur ngandika, "Apa mau ora wong sepuluh kang birat najisé? Lah, kang sanga endi? 18 Apa panunggalané iku ora ana kang bali ngluhuraké Allah, kajaba mung wong manca iki?" 19 Banjur ngandika marang wong mau, "Ngadega, lungaa, pracayamu kang wus mitulungi kowé." 20 Bareng wong Farisi padha matur pitakon bab bésuk kapan bakal rawuhé Kratoné Allah, Yésus nuli paring wangsulan, pangandikané, "Rawuhé Kratoning Allah iku tanpa pratandha-pratandha kang katon, 21 sarta wong iya ora bisa kandha: Lah ana ing kéné, utawa ana ing kana! Amarga satemené Kratoning Allah iku ana ing antaramu." 22 Banjur ngandika marang para muridé, "Bakal tumeka ing wektuné, kowé padha kepéngin nyumurupi salah sijining dinané Putraning Manungsa, nanging ora bakal bisa nyumurupi. 23 Sarta wong bakal ngandhani kowé: Lah, ana ing kana; lah ana ing kéné! Kowé aja mrana lan aja kèlu. 24 Awitdéné kaya kilat anggoné gumebyar saka ing tepining langit ing sisih kéné tekan ing sisih kana, iya kaya mangkono uga Putraning Manungsa ana ing dina bakal rawuhé. 25 Nanging Panjenengané kudu nandhang sangsara akèh dhisik lan katampik déning wong-wong ing jaman iki. 26 Sarta kayadéné nalika jamané Nuh, iya kaya mangkono kaanané bésuk ing dina-dinané Putraning Manungsa. 27 Wong-wong padha mangan lan ngombé, padha omah-omah lan diomah-omahaké, nganti tumeka ing dinané Nuh lumebet ing prau; banjur ana banjir gedhé, kang numpes wong kabèh. 28 Uga kaya kang kelakon nalika jamané Lut: wong-wong padha mangan lan ngombé, padha dol-tinuku, padha nenandur lan padha yeyasa. 29 Nanging ing dina oncaté Lut saka Sodom, banjur ana udan geni lan udan welirang saka ing langit, kang numpes wong kabèh. 30 Iya kaya mangkono bésuk kababaré ing dina Putraning Manungsa. 31 Sapa baé kang dina iku pinuju ana ing payon, mangka barang-barangé ana ing jero omah, aja mudhun njupuki; mangkono uga kang lagi ana ing pategalan, aja mulih. 32 Élinga marang somahé Lut! 33 Sapa kang ngudi rumeksa marang nyawané, bakal kélangan nyawané, lan sapa kang kélangan nyawané, iku bakal nylametaké nyawané. 34 Aku pitutur marang kowé: Ing bengi iku bakal ana wong loro kang tunggal sapaturon, kang siji bakal kapulung, sijiné bakal katilar. 35 Ana wong wadon loro kang lagi padha nggiling gandum, kang siji bakal kapulung, sijiné bakal katilar." 36 Menawa ana wong loro ing pategalan, kang siji bakal kapulung, sijiné bakal katilar. 37 Para murid banjur padha munjuk marang Yésus, "Wonten ing pundi, Gusti?" Paring wangsulané, "Ing ngendi ana bathang, iya ing kono manuk-manuk garudha bakal padha nglumpuk."
1 Yésus paring pasemon marang para muridé, kang wosé supaya tansah padha ndedonga, aja nganti bosen. 2 Pangandikané, "Ing sawijining kutha ana hakim kang ora wedi marang Allah lan ora ngajèni marang wong. 3 Ing kutha kono ana randha kang pijer marani hakim mau lan matur: Panjenengan mugi paring kaadilan dhateng kula anggèn kula gadhah prakawis kaliyan lawan kula. 4 Hakim mau sawatara lawasé ora gelem nuruti karepé randha, nanging wasana banjur ngunandika mangkéné: Sanadyan aku ora wedi marang Allah lan ora ngajèni marang wong siji-sijia, 5 mung baé sarèhné randha iki tansah gawé susahku, prayogané dakwènèhané kaadilan baé, supaya aja pijer teka lan wekasané ngamuk aku." 6 Gusti banjur ngandika, "Padha gatèkna apa kang dikandhakaké déning hakim kang ambek sawenang-wenang iku! 7 Apa Allah ora bakal paring kaadilan marang para pepilihané kang rina-wengi padha sesambat marang Panjenengané? Lan apa Panjenengané anggoné arep paring pitulungan disumenèkaké? 8 Aku pitutur marang kowé: Panjenengané bakal énggal paring kaadilan. Nanging menawa Putraning Manungsa rawuh ana ing bumi, apa bakal isih manggih wong kang pracaya?" 9 Marang wong sawatara kang nganggep awaké dhéwé sampurna sarta ngrèmèhaké marang wong liya, Panjenengané paring pasemon, mangkéné, 10 "Ana wong loro padha mlebu ing Padaleman Suci arep ndedonga; kang siji wong Farisi, sijiné juru-tagih-pajeg. 11 Wong Farisi iku ngadeg lan ndedonga sajroning atiné mangkéné: Dhuh Allah, kawula ngunjukaken genging panuwun wonten ing ngarsa Paduka, déné kawula mboten sami kaliyan tiyang-tiyang sanès, sanès rampog, sanès tiyang ingkang tumindak sawenang-wenang, sanès tiyang ingkang lampah jina saha mboten kados juru-tagih-pajeg punika. 12 Kawula siyam kaping kalih saminggu. Saking sadaya pamedal kawula, kawula pisungsungaken saprasedasanipun. 13 Kosok-baliné juru-tagih-pajeg iku mung ngadeg kepara adoh, malah tumenga marang langit baé ora wani, nanging mung ngelus dhadha sarta munjuk mangkéné: Dhuh Allah, kawula tiyang dosa mugi Paduka welasi. 14 Aku pitutur marang kowé: Wong iki mulih klawan kaanggep bener déning Allah, déné sijiné mau ora. Awit sing sapa ngluhuraké awaké dhéwé, bakal kaasoraké, déné kang ngasoraké awaké dhéwé, iku bakal kaluhuraké." 15 Tumuli ana wong kang padha teka nyowanaké anak-anaké kang isih cilik marang ngarsané, supaya padha digepok ing astané. Sumurup kang mangkono iku para sakabaté padha nepsu marang wong-wong mau. 16 Nanging banjur padha ditimbali déning Yésus sarta padha dipangandikani, "Cikbèn bocah-bocah padha marani Aku, aja kokpenggak, sabab wong-wong kang kaya mangkono iku kang nduwèni Kratoning Allah. 17 Aku pitutur marang kowé: Satemené sing sapa anggoné nampani Kratoning Allah ora kaya bocah cilik, iku ora bakal lumebu ing kono." 18 Kacarita ana sawenèhing panggedhé matur pitakon marang Yésus mangkéné, "Dhuh, Guru ingkang utami, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih angsal gesang langgeng?" 19 Paring wangsulané Yésus, "Yagéné kowé ngarani Aku utama? Ora ana wong siji baé kang utama kajaba mung Allah piyambak. 20 Mesthiné kowé wus nyumurupi kabèh pepakoné Allah: Sira aja laku jina, aja mematèni, aja nyenyolong, aja ngucapaké paseksi goroh, ngajènana bapa biyungira." 21 Unjuké wong mau, "Punika sadaya sampun kula lampahi wiwit anèm mila." 22 Midhanget kang mangkono iku Yésus banjur ngandika, "Isih ana siji kang kudu koklakoni: Kabèh barang darbèkmu edolana lan dum-dumna marang wong-wong miskin, temah kowé bakal duwé bandha ana ing swarga, nuli mrénéa, mèlua Aku." 23 Bareng wong mau krungu pangandika iku, banjur sedhih, amarga sugih banget. 24 Banjur dipirsani déning Yésus sarta dipangandikani, "Pancèn angèl banget tumraping wong sugih bandha, bisané lumebu ing Kratoning Allah. 25 Amarga luwih gampang unta nlusup ing bolonganing dom, katimbang karo wong sugih lumebu ing Kratoning Allah." 26 Wong-wong kang padha krungu padha ngucap, "Yèn mangkono, sapa kang bisa olèh karahayon?" 27 Pangandikané Yésus, "Apa kang mokal tumraping manungsa, iku ora mokal tumraping Allah." 28 Pétrus munjuk, "Kawula punika sampun sami nilar sadaya gadhahan kawula lajeng ndhèrèk Paduka." 29 Pangandikané Yésus, "Aku pitutur marang kowé, satemené saben wong kang marga saka Kratoning Allah ninggal omahé, bojoné utawa saduluré, wong tuwané utawa anak-anaké, 30 iku bakal tampa piwales tikel-matikel, ing jaman saiki uga, lan ing jaman kang bakal kelakon bakal tampa urip langgeng." 31 Yésus banjur nimbali sakabaté rolas sarta dipangandikani mangkéné, "Saiki Aku kabèh padha menyang Yérusalèm lan kabèh kang katulisan déning para nabi tumrap Putraning Manungsa, iku bakal kayektènan. 32 Sabab Panjenengané bakal dipasrahaké marang bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah, dipoyoki, disiya-siya lan diidoni, 33 sarta dipecuti banjur disédani, lan ing telung dinané bakal wungu." 34 Nanging para sakabat padha ora mangerti babar pisan bab iku kabèh; padha kesamaran sarta padha ora nyandhak marang isining pangandika mau. 35 Bareng tindaké Yésus wus mèh tekan Yèrikho, ana wong wuta linggih ing pinggir dalan, ngemis. 36 Nalika krungu wong akèh padha liwat, wong mau takon, "Apa iku?" 37 Ana wong kang mangsuli, "Yésus kang saka Nazarèt langkung." 38 Wong wuta iku banjur nywara sora, "Dhuh, Yésus, Putranipun Daud, kawula mugi Panjenengan welasi!" 39 Wong-wong kang padha lumaku ing ngarep padha ngélikaké wong mau, dikon meneng. Nanging pambengoké malah saya seru, "Dhuh, Putranipun Daud, kawula mugi Panjenengan welasi!" 40 Yésus banjur kèndel lan dhawuh nyowanaké wong mau. Bareng wus ana ing ngarsané, Yésus ndangu, 41 "Karepmu dakkapakaké?" Unjuké, "Dhuh, Gusti, kawula nyuwun sageda sumerep." 42 Yésus nuli ngandika marang wong iku, "Bisaa weruh! Pangandelmu kang mitulungi kowé." 43 Sanalika iku uga wong mau bisa weruh, banjur ndhèrèkaké tindaké Yésus kambi ngluhuraké Allah. Kabèh wong kang padha nyumurupi lelakon iku padha saos puji marang Allah.
1 Yésus banjur lumebet ing Yèrikho lan tindak nratas kutha kono. 2 Ing kono ana wong aran Zakhéus, juru-tagih-pajeg kang sugih. 3 Wong mau ngudi bisané ndeleng Yésus iku kaya apa, nanging ora bisa marga kaling-kalingan wong akèh, jalaran saka cendhèking dedegé. 4 Mulané banjur lumayu ndhisiki wong akèh, nuli mènèk wit anjir supaya bisa ndeleng Yésus, kang bakal miyos kono. 5 Nalika tindaké Yésus tekan panggonan kono, banjur tumenga lan ngandika, "Zakhéus, énggal mudhuna, amarga dina iki Aku prelu lerem ana ing omahmu." 6 Zakhéus énggal-énggal mudhun lan nampi Yésus kanthi bungah. 7 Nanging wong kabèh kang weruh padha kedumelan, pangucapé, "Kok karsa lerem ana ing omahé wong dosa." 8 Nanging Zakhéus banjur ngadeg lan munjuk marang Gusti, "Gusti, sabarang gadhahan kawula, ingkang sapalih badhé kawula sukakaken dhateng tiyang miskin sarta manawi wonten tiyang ingkang sakinten kawula peres, bandha peresan wau badhé kawula wangsulaken tikel sekawan." 9 Pangandikané Yésus, "Ing dina iki brayat kéné katekan karahayon, amarga wong iki iya tedhaké Abraham. 10 Sabab Putraning Manungsa iku rawuhé prelu nggolèki lan mitulungi rahayu wong kang ketriwal." 11 Yésus banjur paring pasemon marang wong kang padha ngrungokaké pangandikané, sabab tindaké wus cedhak kutha Yérusalèm sarta panyanané wong-wong mau yèn Kratoning Allah bakal énggal kababar. 12 Panjenengané banjur ngandika, "Ana priyagung tindak menyang sawijining negara kang adoh, panjenengané bakal kajumenengaké raja ana ing kana, sawisé iku nuli kondur. 13 Banjur nimbali abdiné sapuluh, padha kapasrahan dhuwit sapuluh mina, pangandikané: Dhuwit iki anggonen dagang nganti tumeka sakondurku. 14 Nanging panjenengané iku disengiti déning wong-wong ing negarané, mulané tumuli padha nusuli kongkonan, padha dikon munjuk: Kawula sami mboten trimah, manawi tiyang punika jumeneng raja, ngerèh kawula sadaya. 15 Kacarita nalika panjenengané kondur, sawusé kajumenengaké raja, banjur dhawuh nimbali para abdiné, kang padha dipasrahi dhuwit, awit kepéngin nguningani bebathèné siji-siji anggoné laku dagang. 16 Wong kang kapisan séba lan munjuk: Gusti, arta panjenengan samina angsal bathi sadasa mina. 17 Pangandikané bendarané: Apik banget pagawéanira, hé, abdi kang becik. Sarèhné sira wus tumemen ing bab kang sepélé mulané sira sunparéngaké ngwasani kutha sapuluh. 18 Nuli kang kapindho séba sarta munjuk: Gusti, arta panjenengan samina angsal bathi gangsal mina. 19 Pangandikané marang wong iku: Déné sira ngwasanana kutha lima. 20 Abdi kang katelu séba lan munjuk: Gusti, lah punika arta panjenengan samina, kawula simpen, kawula bundheli ing kacu. 21 Awit kula ajrih dhateng panjenengan. Amargi panjenengan punika kereng, karsa mundhut ingkang sanès kagungan panjenengan, punapa déné ngundhuh ingkang sanès sebaran panjenengan. 22 Pangandikané marang wong mau: Hé, abdi kang ala, sira bakal dakadili manut ujarira dhéwé. Sira wus ngerti, menawa aku iki wong kang kereng, kang njupuk kang dudu duwèkku, sarta ngundhuh kang dudu sebaranku. 23 Yèn mangkono, yagéné dhuwitku ora kokpasrahaké marang wong kang nglakokaké dhuwit, supaya sakondurku kenaa dakpundhut dalah saanakané. 24 Banjur ngandika marang wong-wong kang ana ing kono: Jupuken dhuwit samina iku, wènèhna marang kang nggawa sapuluh mina. 25 Unjuké wong-wong mau: Gusti, piyambakipun sampun mbekta sadasa mina. 26 Paring wangsulané: Aku pitutur marang kowé, saben wong kang duwé, bakal kaparingan, nanging kang ora duwé, bakal kapundhutan, malah iya kang diduwèni pisan. 27 Nanging kabèh satruku iki, kang padha ora seneng menawa aku jumeneng rajané, iku padha ladèkna mréné, padha patènana ana ing ngarepku." 28 Sawusé ngandika mangkono, Yésus banjur tindak ngrumiyini wong-wong mau, menyang Yérusalèm. 29 Bareng wus cedhak désa Bètfagé lan Bètania kang dumunung ing gunung kang aran Gunung Zaitun, Yésus nuli ngutus sakabaté loro 30 kalawan kaparingan piweling mangkéné, "Padha menyanga ing désa ing ngarep kaé. Salebumu ing kono, kowé bakal mrangguli belo kuldi cancangan, kang durung tau ditunggangi ing wong. Iku uculana lan gawanen mréné. 31 Lan menawa ana wong kang takon marang kowé: Punapaa kok panjenengan uculi, wangsulana mangkéné: Gusti ingkang ngarsakaken." 32 Kang kautus banjur padha mangkat lan tinemuné kaya sapangandikané Yésus mau. 33 Nalika lagi padha nguculi kuldi mau, wong kang duwé kuldi padha ngaruh-aruhi, "Kénging punapa kuldinipun kok sampéyan uculi?" 34 Wangsulané kang kautus, "Gusti ingkang ngarsakaken." 35 Kuldiné tumuli dituntun menyang ngarsané Yésus, banjur dilarabi jubahé, Yésus nuli dibantu anggoné nitih belo iku. 36 Sasuwéné tindak, para sakabaté padha njèrèng jubahé ana ing dalan kang dilangkungi. 37 Bareng cedhak karo Yérusalèm, ana ing dalan kang mudhun saka Gunung Zaitun, sakèhé murid kang ndhèrèkaké tindaké padha wiwit giyak-giyak lan memuji marang Allah kanthi swara cetha marga saka anané mukjijat-mukjijat, kang wus padha dideleng. 38 Mangkéné pangucapé, "Binerkahana Sang Raja ingkang rawuh atas asmaning Pangéran, tentrem-rahayu wonten ing swarga, saha kamulyan wonten ing ngaluhur!" 39 Ana wong Farisi sawatara kang awor karo wong akèh, iku matur marang Yésus, "Guru, Panjenengan mugi karsa ndukani para murid panjenengan punika." 40 Paring wangsulané, "Aku pitutur marang kowé: Menawa wong-wong iku padha meneng, watu-watu iki bakal padha nywara sora." 41 Bareng tindaké wis saya cedhak lan pirsa kutha iku banjur muwun, 42 Pangandikané, "Adhuh, iba beciké menawa ing dina iki uga kowé nyumurupi apa kang prelu kanggo tentrem-rahayumu! Nanging ing saikiné bab iku sinamar tumrap mripatmu. 43 Sabab bakal tumeka wektuné, mungsuhmu padha makuwon ing saubengmu, sarta ngepung lan ngrampid kowé saka ing ngendi-endi. 44 Kowé bakal kagempur nganti wrata karo lemah, bareng karo anak-anakmu, sarta mungsuhmu ora bakal nglestarèkaké watu siji baé kang tumumpang ing watu liyané ing tembokmu, awit kowé ora nyumurupi wayahé anggoné Allah nuwèni kowé." 45 Yésus banjur lumebet ing Padaleman Suci, wong kang padha dodolan ana ing kono padha ditundhungi kabèh, 46 padha dipangandikani mangkéné, "Ana tulisan: Padalemaningsun iku dalem pamujan, kok kadadèkaké guwaning bégal." 47 Saben dina Panjenengané memulang ana ing Padaleman Suci. Para pangareping imam lan para ahli Torèt apadéné para panggedhèning bangsa Israèl padha ngudi nyirnakaké Panjenengané, 48 nanging padha ora ngerti patrapé kepriyé, amarga wong kabèh padha tansah kepranan marang Panjenengané sarta padha kepéngin ngrungokaké piwulangé.
1 Ing sawijining dina nalika Yésus pinuju memulang marang wong akèh ana ing Padaleman Suci sarta martakaké Injil, para pangareping imam, para ahli Torèt lan para pinituwa padha sowan ing ngarsané, 2 tuwin munjuk marang Yésus, "Kula sami kapangandikanana, menggah anggèn Panjenengan nindakaken samukawis sadaya punika kanthi pangwaos punapa, saha sinten ingkang maringi pangwaos punika dhateng Panjenengan?" 3 Paring wangsulané Yésus, "Aku iya arep takon saprakara marang kowé. Aku kandhanana: 4 Pambaptisé Yohanes iku saka swarga apa saka manungsa?" 5 Wong-wong mau banjur padha rembugan, ujaré, "Menawa aku padha kandha: Saka swarga, wong iku mesthi kandha: Yagéné kowé padha ora nganggep? 6 Nanging yèn aku padha kandha: Saka manungsa, wong-wong mesthi bakal padha mbenturi nganggo watu marang kita, amarga padha yakin, yèn Yohanes iku nabi." 7 Nuli padha matur, yèn padha ora mangerti saka ngendi baptisané iku. 8 Yésus banjur ngandika, "Yèn mangkono Aku iya ora gelem kandha marang kowé, kalawan pangwasa kang endi anggonku nglakoni samubarang kabèh iku." 9 Yésus banjur paring pasemon mangkéné marang wong akèh, "Ana wong gawé pakebonan anggur, nuli diséwakaké marang wong-wong tani, banjur lelungan menyang papan kang adoh nganti sawatara lawasé. 10 Bareng wus tumeka ing mangsané, tumuli kongkonan abdi siji nemoni wong-wong mau, padha dikon ngladèkaké pandumaning pametuné pakebonan. Nanging abdi iku banjur digebugi déning wong-wong tani mau, lan dikon bali nglenthung. 11 Sawusé mangkono wong iku kongkonan batur liyané, nanging iku iya digebugi lan diwirang-wirangaké déning para wong tani mau lan dikon bali nglenthung. 12 Sabanjuré nuli kongkonan manèh kang kaping teluné, nanging iku iya ditatoni déning wong-wong mau sarta tumuli diuncalaké menyang sanjabaning kebon. 13 Kang duwé pakebonan banjur kandha mangkéné: Apa kang kudu daktindakaké? Dakkongkonan anakku kang kinasih, mesthi bakal diéringi. 14 Nanging bareng wong-wong tani iku weruh anaké mau, banjur padha rembugan: Iku ahli-warisé, ayo dipatèni baé, supaya warisané dadi duwèk kita kabèh. 15 Anaké mau banjur diuncalaké menyang sanjabaning pakebonan anggur sarta banjur dipatèni. Saiki apa kang bakal dilakoni déning kang duwé pakebonan anggur iku tumrap wong-wong mau? 16 Kang duwé pakebonan bakal teka lan nyirnakaké wong-wong tani mau sarta keboné anggur banjur diséwakaké marang wong-wong liyané." Krungu kang mangkono iku wong-wong mau banjur kandha, "Aja pisan-pisan nganti kelakon mangkono!" 17 Nanging Yésus tumuli mirsani marang wong-wong iku lan ngandika, "Menawa mangkono apa tegésé nas iki: Watu kang tinampik déning para juru gawé omah, iya iku kang wus dadi watu pojokan. 18 Sapa baé kang tiba ing watu iku, bakal ajur mumur, lan sapa baé kang ketiban, bakal remuk." 19 Para ahli Torèt lan para pangareping imam banjur padha ngudi nyepeng Panjenengané sanalika iku uga, amarga padha mangerti, yèn wong-wong iku kang dikarsakaké ana ing pasemon mau, nanging padha wedi marang wong akèh. 20 Marga saka iku para ahli Torèt lan pangarepé imam-imam padha tansah maspadakaké marang Yésus. Banjur ngutus telik sandi kang éthok-éthok dadi wong mursid, supaya padha njiret Panjenengané sarana pitakonan, temah bisa ngladèkaké Panjenengané marang wewenang lan pangwasané gubernur. 21 Wong-wong mau padha ngaturaké pitakonan marang Panjenengané mangkéné, "Guru, kula sami mangertos, bilih sadaya pangandika tuwin piwulang Panjenengan punika leres sarta bilih Panjenengan mboten pados pangalembana, nanging kalayan temen-temen mulangaken margining Allah. 22 Kula sami kepareng ngaturaken pajeg dhateng Kaisar punapa mboten?" 23 Nanging Yésus ora kekilapan marang kaculikané wong-wong mau, mulané banjur ngandika, 24 "Aku tuduhana dhuwit dinar. Iki gambaré sapa lan iki tulisané sapa?" Atur wangsulané kang kadangu, "Gambar lan seratanipun Kaisar." 25 Yésus nuli ngandika, "Yèn mangkono, Kaisar caosana apa kang wajib kokcaosaké marang Kaisar, lan marang Allah apa kang wajib kokcaosaké marang Allah." 26 Dadiné wong-wong ora bisa njiret krana pangandikané ana ing ngarepé wong akéh. Wong-wong mau padha kaéraman krungu paring wangsulané iku lan banjur padha meneng. 27 Nuli ana wong Saduki sawatara, yaiku kang ora ngakoni anané patangèn, padha sowan ing ngarsané Yésus lan matur pitakon marang Panjenengané, 28 "Guru, Musa paring dhawuh dhateng kula sadaya makaten: Menawa ana wong kang duwé sadulur lanang, tilar donya, mangka somahé isih urip, nanging ora tinggal anak, saduluré mau wajib ngrabèni somahé iku, supaya bisa nukulaké turun kanggo kang wus tilar donya mau. 29 Kalampahan wonten sadhèrèk jaler pitu, ingkang angka satunggal émah-émah, wusana lajeng tilar donya mboten tilar anak. 30 Tiyang èstri wau lajeng karabi déning ingkang angka kalih, 31 lajeng déning ingkang angka tiga, tuwin makaten salajengipun, urut-urutan karabi déning sadhèrèk pitu wau, nanging sadaya sami tilar donya mboten tilar anak. 32 Wekasanipun tiyang èstri punika inggih tilar donya. 33 Lah sapunika kadospundi tiyang èstri punika, bénjing ing dinten patangèn, lajeng sinten ingkang dados sémahipun, amargi pitu-pitunipun sami naté dados sémahipun?" 34 Yésus nuli paring wangsulan, pangandikané, "Wong-wong ing donya iki, padha omah-omah lan diomah-omahaké, 35 nanging wong-wong kang padha kaanggep pantes tampa panduman ana ing donya liyané iku, lan ana ing patangèn saka ing antarané wong mati, iku bakal ora omah-omah lan ora diomah-omahaké. 36 Sabab padha ora bisa mati manèh; kaanané kaya para malaékat sarta padha dadi putraning Allah, awit wus padha katangèkaké. 37 Anadéné mungguh tanginé wong mati iku, Musa iya wus mratélakaké ana ing sajroning carita bab grumbul eri, anggoné nyebut Pangéran: Allahé Abraham, Allahé Ishak, tuwin Allahé Yakub. 38 Panjenengané iku dudu Allahé wong mati, nanging Allahé wong urip, awit kang ana ing ngarsané kabèh iku wong urip." 39 Krungu pangandika kang mangkono iku banjur ana ahli Torèt sawatara matur, "Guru, paring wangsulan Panjenengan punika kasinggihan sanget." 40 Awit wong-wong mau wus padha ora wani matur pitakon apa-apa manèh marang Yésus. 41 Yésus banjur ndangu marang wong-wong mau, "Kepriyé déné wong kok bisa ngarani Mésias iku tedhaké Daud, 42 mangka Daud piyambak ana ing Kitab Masmur ngandika mangkéné: Dhawuhé Pangéran marang Gustiku: Sira lenggaha ana ing tengeningsun, 43 nganti tumeka mungsuhira wus padha Ingsun dadèkaké ancik-anciking talapakanira. 44 Dadi Daud nyebut Panjenengané, 'Gusti', kepriyé déné uga dadi tedhaké?" 45 Nalika wong kabèh padha ngrungokaké, Yésus banjur ngandika marang para sakabaté, 46 "Padha ngawékanana para ahli Torèt, kang padha seneng mlaku-mlaku nganggo jubah landhung lan seneng tampa pakurmatan ana ing pasar sarta seneng linggih ing ngarep dhéwé ana ing papan pangibadah lan ing papan kang ingajènan ana ing pahargyan, 47 kang padha mangan omahé randha-randha nganti entèk, sarta kang nasaraké wong kalawan donga kang dawa-dawa. Wong iku mesthi bakal tampa paukuman kang luwih abot."
1 Bareng Yésus tumenga, pirsa wong-wong sugih padha nglebokaké pisungsungé ana ing pethi pisungsung. 2 Tumuli iya mirsani randha miskin kang nglebokaké pisungsung rong kèpèng. 3 Banjur ngandika, "Aku pitutur marang kowé: Satemené kang dipisungsungaké randha miskin iku luwih akèh katimbang wong kabèh iku. 4 Amarga wong-wong kabèh iku ngaturaké pisungsung saka kasugihané, nanging randha iki ngaturaké saka ing kamiskinané, malah nyaosaké sakèhing darbèké kang kanggo uripé." 5 Bareng ana wong sawatara kang padha rembugan bab Padaleman Suci lan padha ngalem déné nganggo rinengga ing watu-watu kang éndah sarta barang pisungsung warna-warna, Yésus banjur ngandika, 6 "Apa kang padha kokdeleng iku - bakal tekan wektuné ora ana watu siji baé kang lestari tumumpang ing watu liyané; kabèh bakal padha karubuhaké." 7 Wong-wong mau banjur padha matur pitakon, "Guru, bénjing punapa kelampahanipun punika? Saha punapa ngalamatipun manawi punika badhé kelampahan?" 8 Paring wangsulané, "Padha diwaspada, supaya kowé aja nganti disasaraké. Amarga bakal ana wong akèh kang padha teka nganggo jenengku lan kandha: Iya aku iki Panjenengané lan iki wus ndungkap wektuné. Kowé aja ngetut-buri wong-wong iku. 9 Sarta menawa kowé krungu pawarta bab peperangan lan kraman, aja padha kagèt. Awit iku kabèh mesthi kudu kelakon dhisik, éwadéné iku durung ateges, yèn bakal énggal tumeka ing wekasaning jaman." 10 Panjenengané banjur ngandika marang wong-wong mau, "Bakal ana bangsa kang nglawan padha bangsa, kraton nglawan padha kraton, 11 lan bakal ana lindhu kang nggegirisi sarta ing kana-kéné bakal ana pageblug pès lan paceklik, apadéné bakal kelakon uga ana prakara-prakara kang medèni tuwin ngalamat-ngalamat kang nggegirisi saka langit. 12 Nanging sadurungé iku kabèh, kowé bakal padha dicekel lan dikaniaya; kowé bakal dipasrahaké menyang papan-papan pangibadah lan ing pakunjaran-pakunjaran sarta bakal padha diirid marang ngarsané para ratu lan para pangwasa marga saka jenengku. 13 Iku bakal dadi jalarané kowé kabèh bakal padha nglairaké paseksi. 14 Mulané sing padha mantep baé, aja ngrancang-ngrancang dhisik bab kepriyé anggonmu bakal mangsuli. 15 Sabab Aku dhéwé kang bakal maringi marang kowé tembung-tembung lan kawicaksanan, satemah kowé ora bisa dilawan utawa dibantah déning mungsuh-mungsuhmu. 16 Apamanèh kowé bakal iya padha diulungaké déning wong-tuwamu, sadulur-sadulurmu, sanak-kulawargamu lan pawong-mitramu sarta ana panunggalanmu sawatara kang bakal dipatèni, 17 apadéné kowé bakal padha disengiti déning wong kabèh marga saka jenengku. 18 Nanging ora ana rambutmu saeler baé kang bakal ilang. 19 Menawa kowé padha tetep mantep, kowé bakal padha nampa uripmu." 20 "Menawa kowé nyumurupi Yérusalèm kakepung ing wadyabala, mangertia, yèn karuntuhané wis cedhak. 21 Ing nalika iku wong-wong kang ana ing Yudéa padha ngungsia menyang pagunungan, lan wong-wong kang ana ing jero kutha padha sumingkira, sarta wong-wong kang ana ing padésan aja lumebu ing kutha manèh, 22 amarga, iya iku mangsa tekané piwales, kang dadi kayektèné sabarang kang wus katulis kabèh. 23 Nanging mesakaké banget para wong kang lagi ngandheg, utawa kang lagi nusoni bayi ing wektu iku! Amarga bakal ana kasangsaran gedhé ing saindenging nagara, lan bangsa iki bakal tampa deduka. 24 Wong-wong mau bakal padha tiwas kena landheping pedhang sarta bakal padha kabandhang dadi tawananing bangsa-bangsa kabèh, sarta Yérusalèm bakal kaidak-idak déning bangsa kang ora wanuh marang Allah, nganti tumeka sarampungé jamané bangsa-bangsa iku." 25 "Apadéné bakal ana ngalamat ing srengéngé, ing rembulan lan ing lintang-lintang, sarta ing bumi, para bangsa bakal padha wedi lan bingung marga saka gumleger lan mawalikaning sagara. 26 Wong-wong bakal padha mati kawedèn déning giris amarga kuwatir marang apa kang bakal nekani jagat; sabab kabèh pangwasaning langit bakal gonjing. 27 Ing nalika iku wong bakal padha nyumurupi Putraning Manungsa rawuh nitih méga, ngagem pangwaos lan kamulyan gedhé. 28 Anadéné menawa iku kabèh wiwit kelakon, padha njenggèlèka lan tumengaa, amarga wus cedhak anggonmu bakal kaluwaran." 29 Yésus banjur paring pasemon mangkéné, "Padha mawanga wit anjir lan wit apa baé. 30 Menawa kowé padha nyumurupi yèn wus padha semi, kowé padha mangerti dhéwé, yèn wus ngarepaké mangsa panas. 31 Mangkono uga menawa kowé padha nyumurupi lelakon mau, padha mangertia yèn Kratoning Allah wus cedhak. 32 Aku pitutur marang kowé: Satemené wong-wong jaman iki bakal ora sirna sadurungé iku mau kelakon kabèh. 33 Langit lan bumi bakal padha sirna, nanging pangandikaku ora bakal sirna babar pisan." 34 "Padha jaganen awakmu dhéwé, supaya atimu aja nganti mung mikir bab pésta gedhèn lan endem-endeman, apadéné kasusahaning urip, supaya kowé tansah siyaga samangsa Dinaning Pangéran kang rawuhé dhadhakan iku aja nganti nempuh marang kowé kaya kalajiret. 35 Amarga Dina iku bakal nungkeb sakèhing wong kang dumunung ing bumi iki. 36 Padha tansah jaga-jagaa lan ndedongaa, supaya kowé diparingi kakuwatan kang njalari padha ora bakal ngalami lelakon iku lan supaya kowé padha bisa sembada anggonmu ngadhep Putraning Manungsa." 37 Yèn wayah awan Yésus memulang ana ing Padaleman Suci, déné yèn bengi miyos lan nyaré ana ing Gunung Zaitun. 38 Ésuké, nalika isih umun-umun wong akèh padha marek marang ngarsané ana ing Padaleman Suci, ngrungokaké pangandikané.
1 Nalika samana wus ngarepaké riyaya Roti Tanpa Ragi, kang aran Paskah. 2 Para pangareping imam lan para ahli Torèt padha golèk dalan, anggoné bisa nyédani Yésus, amarga padha wedi karo wong akèh. 3 Yudas, kang peparab Iskariot, panunggalané sakabat rolas tumuli kasurupan déning Iblis, 4 banjur lunga marani para pangareping imam lan para lelurahing jaga-baya Padaleman Suci, prelu rembugan bab anggoné bakal ngulungaké Yésus. 5 Wong-wong padha bungah lan sarujuk bakal padha awèh opah. 6 Yudas nyaguhi sarta wiwit nalika iku tansah golèk dalan bisané ngulungaké Yésus, ora nganti kasumurupan ing wong akèh. 7 Bareng tekan dinané riyaya Roti Tanpa Ragi, yaiku dina anggoné wong-wong padha nyembelèh cempéning Paskah, 8 Yésus banjur ngutus Pétrus lan Yohanes, dhawuhé, "Kowé padha lungaa, nyawisna Paskah kang bakal padha kita pangan." 9 Unjuké wong loro mau, "Karsa Paduka anggèn kawula sami nyawisaken wonten ing pundi?" 10 Paring wangsulané Yésus, "Menawa kowé padha lumebu ing kutha, kowé bakal kepethuk wong kang nggawa jun isi banyu, iku banjur etutna tekan omah kang dileboni, 11 lan kandhaa marang kang duwé omah iku: Guru ndangu dhateng panjenengan: Endi kamaré, sing kena dakanggo mangan Paskah bebarengan karo para sakabatku? 12 Wong iku banjur bakal nuduhaké marang kowé kamar gedhé ing dhuwur kang wus katata. Kowé padha nganakna pacawisan ana ing kono." 13 Sakaroné banjur padha mangkat, tinemuné iya trep kaya kang kapangandikakaké déning Yésus. Nuli padha nyawisaké Paskah. 14 Bareng wus tumeka ing wayahé, Yésus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para rasulé. 15 Tumuli padha dipangandikani, "Aku wus kepéngin banget dhahar Paskah iki bebarengan karo kowé kabèh, sadurungé Aku nandhang sangsara. 16 Awit Aku pitutur marang kowé: Aku ora bakal mangan iku manèh, nganti iku wus kelakon ana ing Kratoning Allah." 17 Sawusé mangkono Panjenengané banjur mundhut tuwung, saos sokur nuli ngandika, "Iki tampanana lan edumen kang warata, 18 sabab Aku pitutur marang kowé: wiwit saiki Aku ora bakal ngombé pametuning wit anggur manèh, nganti Kratoning Allah rawuh." 19 Tumuli mundhut roti, saos sokur, banjur nyuwil-nyuwil roti mau kaparingaké marang para sakabat kalawan ngandika, "Iki badanku kang kaparingaké marga saka kowé. Iki tindakna minangka pangéling-éling marang Aku." 20 Mangkono uga tuwungé, sawusé dhahar, pangandikané, "Tuwung iki prajanjian anyar kang sarana getihku, kang kawutahaké marga saka kowé! 21 Nanging, delengen, tangané wong kang ngiyanati Aku, nunggal karo Aku ana ing méja kéné. 22 Sabab Putraning Manungsa pancèn bakal jengkar miturut ing pepesthèné, nanging bilai wong kang dadi margané anggoné kaulungaké." 23 Banjur padha wiwit takon-tinakon, panunggalané iku sapa ta kang bakal tumindak mangkono. 24 Kacarita para sakabat iya padha padudon bab panunggalané sapa kang bakal dianggep gedhé dhéwé. 25 Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau, "Raja-rajané para bangsa iku mréntah marang kawulané lan kang padha ngwasani iku diarani kang paring pangayoman. 26 Nanging kowé kabèh iku ora mangkono, malah kang gedhé dhéwé ana ing antaramu iku dadia kaya kang anom dhéwé lan kang dadi panuntun dadia kang ngladèni. 27 Amarga sapa ta kang luwih gedhé: kang linggih mangan, apa kang ngladèni? Rak kang linggih mangan? Ananging Aku iki ana ing satengah-tengahmu dadi kang ngladèni. 28 Kowé kabèh iku kang tansah tetunggalan karo Aku sajroné Aku kena ing godha-rencana. 29 Sarta Aku wus nyawisaké Kraton kanggo kowé kabèh kayadéné Ramaku anggoné wus nyawisaké marang Aku, 30 supaya kowé padha bisa mangan lan ngombé tunggal saméja karo Aku ana ing Kratonku. Apamanèh kowé bakal padha linggih ing dhampar lan ngadili taleré Israèl rolas." 31 "Simon, Simon, weruha, Iblis banget anggoné nginteri kowé, kaya gandum, 32 nanging kowé wus dakdongakaké, supaya pracayamu ora ilang. Lan kowé, menawa wus mratobat, sadulur-sadulurmu padha santosakna." 33 Atur wangsulané Pétrus, "Gusti, kawula cumadhang mbélani Panjenengan, sanadyan ngantosa dipun kunjara lan dumuginipun pejah pisan." 34 Nanging Yésus ngandika, "Aku pitutur marang kowé, Pétrus: ing dina iki bakal ora ana jago kluruk, sadurungé kowé nyélaki Aku nganti ping telu." 35 Yésus banjur ngandika manèh, "Nalika kowé padha dakutus kaé, ora nggawa wadhah dhuwit, kanthong utawa trumpah, apa kowé tau padha kekurangan apa-apa?" 36 Aturé para sakabat, "Mboten babar pisan." Pangandikané Yésus, "Nanging saiki iki, sapa kang duwé wadhah dhuwit, gawanen, mangkono uga kang duwé kanthong; lan kang ora duwé pedhang, ngedola jubahé kanggo tuku. 37 Amarga Aku pitutur marang kowé, nas ing Kitab Suci iki iya kudu kayektènan tumraping Aku: Panjenengané bakal kaétang kagolongaké para kraman. Amarga apa kang katulis tumrap ing Aku iku lagi kelakon." 38 Unjuké para sakabat, "Gusti, punika wonten pedhang kalih." Paring wangsulané Yésus, "Wus cukup." 39 Yésus banjur miyos tindak menyang Gunung Zaitun kaya adaté, uga kadhèrèkaké déning para sakabaté. 40 Sarawuhé tekan kono, para sakabaté padha dipangandikani, "Padha ndedongaa, supaya aja nganti kena ing panggodha." 41 Panjenengané banjur misah dohé kira-kira sapambalang watu, nuli jèngkèng ndedonga, aturé, 42 "Dhuh Rama, manawi Paduka marengaken, mugi tuwung punika kapundhuta saking Kawula. Nanging sampun pikajeng Kawula, namunga karsa Paduka ingkang kalampahan." 43 Banjur diketingali malaékat saka ing langit kang nyantosakaké Panjenengané. 44 Panjenengané giris banget lan saya ngepeng anggoné ndedonga. Riwéné nganti kaya tètèsing getih kang padha tumiba ing lemah. 45 Banjur jumeneng saka anggoné ndedonga lan tindak murugi para sakabaté, ketemu padha turu, marga saka sedhihé. 46 Nuli padha dipangandikani, "Yagéné kowé padha turu? Tangia lan ndedongaa, supaya aja padha kena ing panggodha." 47 Sajroné isih ngandika, ana wong sagrombolan teka, kairid déning panunggalané sakabat rolas kang jenengé Yudas, iku banjur nyelaki Yésus arep nucup. 48 Yésus banjur ngandika marang wong iku, "Hé, Yudas, anggonmu ngulungaké Putraning Manungsa apa sarana nucup?" 49 Kang padha ndhèrèk Yésus, bareng ngerti apa kang bakal kelakon banjur padha munjuk, "Gusti, punapa kepareng kawula lawan srana pedhang?" 50 Ana panunggalané tumuli medhang abdiné Imam Agung, kupingé tengen kaperung. 51 Nanging Yésus ngandika, "Wis, samono baé!" Kupingé banjur kaasta kawarasaké. 52 Yésus tumuli ngandika marang para pangareping imam lan para kepalané jaga-baya Padaleman Suci sarta para pinituwa kang padha teka sumedya nyekel Panjenengané, "Apa Aku iki kokanggep bégal, déné anggonmu padha teka sikep gegaman pedhang lan penthung? 53 Mangka saben dina Aku ana ing tengahmu, ana ing Padaleman Suci, kowé ora padha nyekel Aku. Nanging iki wektumu, lan iya iki pangwasané pepeteng iku." 54 Yésus banjur dicepeng lan digawa lunga saka panggonan kono, diirid menyang dalemé Imam Agung. Anadéné Pétrus ngetutaké saka ing kadohan. 55 Wong-wong padha dadèn geni ana ing satengahing plataran lan banjur padha linggih gegeni. Pétrus iya mèlu linggih ing kono. 56 Nuli ana abdi wadon weruh Pétrus linggih cedhak geni, banjur ditamataké, tumuli alok, "Wong iki iya panunggalané." 57 Nanging Pétrus sélak, pangucapé, "Mboten, kula mboten wanuh kalih wong niku!" 58 Ora let suwé ana wong liyané kang weruh Pétrus lan banjur alok, "Sampéyan niku inggih tunggalé." Nanging wangsulané Pétrus, "Dédé, kula dédé." 59 Lan kira-kira let sajam ana wong liyané manèh kang alok kanthi yakin, "Temenan, wong iki iya tunggalé, sabab iki iya wong Galiléa." 60 Nanging Pétrus mangsuli, pangucapé, "Dédé, kula mboten ngerti napa sing mang kandhakké niku." Sanalika iku uga, nalika Pétrus ngucap mangkono iku, ana jago kluruk. 61 Yésus banjur minger mirsani Pétrus. Pétrus nuli kèlingan, yèn Gusti wis ngandika, "Sadurungé jago kluruk ing dina iki, kowé wis nyélaki Aku kaping telu." 62 Pétrus nuli metu lan nangis kelara-lara. 63 Yésus dipoyoki déning wong-wong, kang padha nahan Panjenengané, sarta digebagi. 64 Pasuryané ditutupi déning wong-wong lan disuwuni pirsa, "Coba, bedhèken sapa sing nggebugi Kowé iku?" 65 Kajaba iku isih akèh manèh panguman-umané marang Panjenengané. 66 Bareng wus ésuk, para pinituwaning bangsa Yahudi, para pangareping imam lan para ahli Torèt padha nganakaké parepatan, Yésus banjur diladèkaké marang ngarsané Pradata Agama. 67 Nuli padha ndangu, "Menawa Kowé iki Mésias, kandhaa marang aku kabèh." Paring wangsulané Yésus, "Sanadyan Aku kandha marang kowé kabèh, kowé bakal padha ora ngandel; 68 lan sanadyan Aku takon apa-apa, kowé kabèh bakal ora mangsuli. 69 Wiwit saiki Putraning Manungsa wus lenggah ana ing satengening Allah Kang Mahakwasa." 70 Wong-wong mau banjur padha ngucap, "Yèn mangkono, Kowé iku Putraning Allah?" Paring wangsulané Yésus, "Kowé dhéwé kang padha kandha, yèn Aku iki Putraning Allah." 71 Banjur padha kandha, "Apa preluné kita isih padha golèk paseksi manèh. Kita wis padha krungu dhéwé saka pangucapé."
1 Ing kono warga Pradata Agama kabèh banjur padha ngadeg, Yésus diladèkaké marang ngarsané Pilatus. 2 Nuli wiwit padha nggugat, aturé, "Kula sadaya sampun sami nyumerepi, bilih tiyang punika nasaraken bangsa kula, sami dipun penging ngaturaken pajeg dhateng Kaisar, saha ngaken, bilih piyambakipun punika Kristus, inggih punika Raja." 3 Pilatus banjur ndangu marang Yésus, "Punapa Panjenengan punika Rajanipun tiyang Yahudi?" Paring wangsulané Yésus, "Panjenengan piyambak sampun mastani." 4 Pilatus nuli ngandika marang para pangareping imam lan marang wong akèh iku, "Tumraping aku wong iki ora tinemu kaluputané." 5 Nanging wong-wong mau saya banget panggugaté, aturé, "Tiyang punika ngojok-ojoki rakyat supados mbaléla kanthi piwulangipun radin ing sa-Yudéa, kawiwitan saking Galiléa, lan sapunika sampun dumugi ing ngriki." 6 Bareng midhanget atur mangkono iku Pilatus banjur ndangu, apa wong iku wong Galiléa. 7 Bareng pirsa yèn Yésus iku saka wilayah kang kalebet bawahé Hérodès, nuli kaladosaké marang ngarsané Hérodès, kang ing wektu iku pinuju ana ing Yérusalèm. 8 Bareng Hérodès pirsa Yésus, banget renané, amarga wus suwé anggoné kepéngin pirsa, awit wus kerep midhanget bab Panjenengané, apadéné ngajeng-ajeng bisané nguningani anggoné Yésus damel mukjijat. 9 Akèh kang kadangokaké marang Yésus, nanging Panjenengané ora paring wangsulan babar pisan. 10 Nalika samana para pangareping imam lan para ahli Torèt padha maju lan ngaturaké pandakwa-pandakwa kang abot. 11 Hérodès dalah para prajurité banjur padha nggeguyu lan moyoki Panjenengané, tumuli ngagemi jubah kamulyan sarta banjur mangsulaké marang ngarsané Pilatus. 12 Ing dina iku uga Hérodès karo Pilatus banjur padha memitran, awit mauné padha sesatron. 13 Pilatus banjur nimbali para pangareping imam lan para panggedhé sarta wong akèh, padha kadhawuhan nglumpuk, 14 nuli padha dipangandikani, mangkéné, "Kowé padha ngladèkaké wong iki marang aku kokdakwa nyasaraké rakyat. Kowé padha sumurup dhéwé, yèn wus dakpriksa, nanging mungguh ing aku, bab kang kokdakwakaké kabèh tumrap wong iku, ora tinemu. 15 Hérodès uga ora nemokaké kesalahané, sabab wong iku banjur dibalèkaké mréné. Satemené apa kang ditindakaké iku ora ana kang murwat kapatrapan paukuman pati. 16 Mulané mung bakal dakpatrapi ukuman cemethi, banjur dakluwari." 17 Amarga Pilatus ing dina riyaya iku wajib ngluwari wong siji kanggo wong-wong mau. 18 Nanging wong kabèh mau tumuli padha mbengok bebarengan, "Kasirnakna tiyang punika! Barabas kaluwarana kanggé kula sadaya!" 19 Barabas iku kalebokaké ing pakunjaran marga kasangkut ing kraman ing sajroning kutha lan gawé pepati. 20 Pilatus ngandika manèh marang wong-wong mau kanthi swara kang sora, karsané ngluwari Yésus. 21 Nanging wong-wong padha mangsuli kanthi swara sora uga pambengoké, "Kasaliba, kasaliba!" 22 Pangandikané Pilatus kang kaping teluné, "Nglakoni piala apa ta wong iki sabeneré? Aku ora bisa nemokaké kaluputané kang kena ing paukuman pati. Dadi mung bakal dakpatrapi ukuman cemethi banjur dakluwari." 23 Nanging kalawan bengok-bengok wong-wong padha nyuwun kanthi adreng, supaya Panjenengané kasalib, lan wekasané wong-wong mau menang kalawan bengok-bengoké iku. 24 Pilatus banjur ndhawuhaké karampungan, panyuwuné wong-wong mau dituruti. 25 Sarta nuli ngluwari wong kang kalebokaké ing pakunjaran marga kasangkut ing kraman lan matèni wong, ngetrepi panyuwuné wong-wong mau, déné Yésus nuli kapasrahaké marang wong-wong mau supaya dipatrapi manut sakarepé. 26 Nalika padha ngirid Yésus iku, ana wong kang jenengé Simon, saka ing Kiréné, kang lagi baé teka saka ing jaban kutha, iku diendheg banjur dikon manggul salibé Yésus lan mlaku ing sawingkingé. 27 Sarta ana wong akèh kang padha ndhèrèkaké Panjenengané; ing antarané akèh wong wadon kang padha nangisi Panjenengané. 28 Yésus nuli minger mirsani wong-wong wadon mau lan ngandika, "Hé para putriné Yérusalèm, aja padha nangisi Aku, awakmu dhéwé lan anak-anakmu baé kang padha tangisana! 29 Amarga sumurupa, bakal ana wektuné wong padha duwé pangucap mangkéné: Rahayu wong wadon kang gabug lan weteng kang ora tau nglairaké anak, sarta susu kang ora tau nusoni. 30 Wong-wong banjur bakal padha ngucap marang gunung-gunung: Aku padha jugrugana! Lan marang punthuk-punthuk: Aku padha urugana! 31 Amarga menawa kaya mangkéné iki panggawéné wong marang kayu kang urip, saya manèh kang garing bakal dikapakaké?" 32 Ana durjana loro kang uga padha kairid bakal kaukum pati bebarengan karo Panjenengané. 33 Satekané ing panggonan kang aran Pacumplungan, Yésus banjur disalib ana ing kono, mangkono uga durjana loro mau, kang siji ana ing tengen, sijiné ana ing kiwané Yésus. 34 Yésus tumuli munjuk, "Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami mboten mangertos punapa ingkang dipun tindakaken." Agemané banjur kaedum-dum sarana kaundhi. 35 Wong akèh padha ngadeg ing kono lan maspadakaké sakabèhé. Nanging para panggedhé padha nyenyamah Panjenengané, pangucapé, "Wong-wong liya padha dipitulungi, cikbèn saiki mitulungi awaké dhéwé, menawa pancèn Mésias, Pilihané Allah!" 36 Mangkono uga para prajurit iya padha moyoki Panjenengané lan padha nyaosi anggur kecut, 37 karo ngucap, "Menawa kowé rajané wong Yahudi, tulungana awakmu dhéwé!" 38 Ing sandhuwuré mustakané ana tulisan, kang uniné mangkéné, "Iki rajané wong Yahudi." 39 Durjana kang padha digantung mau ana siji kang ngala-ala marang Yésus, pangucapé, "Kowé iku rak Kristus? Énggal, tulungana awakmu dhéwé lan aku kabèh." 40 Nanging sing siji banjur nyaruwé, ujaré, "Apa kowé ora wedi marang Allah, jalaran kowé tampa paukuman kang padha? 41 Aku lan kowé iku pancèn wus pantes diukum, padha tampa piwales kang murwat karo panggawé kita, bareng Panjenengané iki ora nindakaké kaluputan apa-apa." 42 Banjur munjuk, "Dhuh Yésus, mugi Panjenengan karsa ngèngeti dhateng kawula, manawi Panjenengan rawuh jumeneng Raja." 43 Paring wangsulané Yésus, "Aku pitutur marang kowé, satemené ing dina iki uga kowé bakal bebarengan karo Aku ana ing Firdaus." 44 Bareng watara jam rolas, banjur ana pepeteng kang nglimputi satanah kabèh, nganti jam telu, 45 amarga srengéngé ora sumunar. Kacarita gubahing Padaleman Suci suwèk ing tengah dadi loro. 46 Yésus banjur ngandika kanthi sora, "Dhuh Rama, kawula masrahaken nyawa Kawula wonten ing asta Paduka." Sawusé ngandika mangkono banjur masrahaké nyawané. 47 Nalika panggedhéning prajurit nyumurupi lelakon iku, tumuli ngluhuraké Allah, pangucapé, "Nyata, yèn wong iki tanpa kaluputan." 48 Sakèhé wong kang padha gegrombolan nonton, bareng wus nyumurupi apa kang kelakon mau, padha mulih kalawan tebah-tebah dhadha. 49 Sakèhé wong kang wus wanuh marang Yésus, kalebu uga para wong wadon kang padha ndhèrèkaké Panjenengané saka Galiléa, padha ngadeg ana ing kadohan, ndeleng lelakon iku kabèh. 50 Ana wong kang jenengé Yusuf, warganing Pradata Agama, wong kang becik lan mursid. 51 Iku ora mèlu nyarujuki putusan lan tumindaking Pradata Agama, asalé saka Arimatéa, sawenèhing kutha Yahudi, kang nganti-anti marang Kratoning Allah. 52 Iku séba ing ngarsané Pilatus, nyuwun layoné Yésus. 53 Sawusé layon diandhapaké, banjur diulesi mori alus, sarta disarèkaké ing kubur kang tinatah ing pepunthuk parang, kang durung tau kanggo. 54 Nalika samana pinuju dina pacawisan, ngarepaké Sabat. 55 Apamanèh wong-wong wadon kang wus ndhèrèkaké Yésus saka ing Galiléa, iku iya padha mèlu ngiringaké sarta maspadakaké pasaréan mau lan patrap anggoné nyarèkaké layoné. 56 Saulihé banjur padha nyawisaké rempah-rempah wangi lan lenga jebad. Déné ing dina Sabat padha lèrèn, netepi angger-angger.
1 Ananging bareng dina kapisan ing minggu iku, ing wayah ésuk umun-umun, wong-wong wadon mau padha menyang pasaréan, karo nggawa anggi-anggi kang wus dicawisaké. 2 Watuné tinemu wus kaglimpangaké saka ing pasaréan. 3 Bareng padha lumebu, ora nemu layoné Yésus. 4 Nalika lagi padha ngadeg kalawan kuwur atiné marga saka kaanan kang mangkono iku, dumadakan ana priya loro padha jumeneng ing cedhaké, pangagemané mencorong. 5 Wong-wong mau padha wedi lan padha tumungkul. Nanging priya loro mau nuli padha ngandika mangkéné, "Yagéné, déné kowé padha nggolèki Kang Gesang ana ing antarané wong mati? 6 Panjenengané ora ana ing kéné, wus wungu. Élinga marang apa kang wis kapangandikakaké marang kowé kabèh, nalika isih ana ing Galiléa, 7 yaiku, yèn Putraning Manungsa pinasthi kaulungaké marang tanganing wong-wong dosa lan banjur kasalib, sarta wungu ing telung dinané." 8 Wong-wong wadon iku mau iya nuli kèlingan marang pangandikané Yésus. 9 Lan sabaliné saka ing pasaréan, banjur padha nyritakaké iku kabèh marang sakabat sawelas lan marang sadulur liyané kabèh. 10 Déné wong-wong wadon mau yaiku Maria saka Magdala, lan Yohana sarta Maria ibuné Yakobus, tuwin wong-wong wadon liyané kang padha bebarengan uga nyritani marang para rasul. 11 Nanging tembung-tembungé iku dianggep ngayawara, padha ora ngandel marang wong-wong wadon iku. 12 Éwasamono Pétrus banjur ngadeg lan mangkat rerikatan menyang pasaréan. Bareng nginguk manjero, mung weruh ulesé thok. Nuli lunga lan mikir-mikir, apa kira-kira kang mentas kelakon iku. 13 Ing dina iku uga ana wong loro, panunggalané para murid, arep padha menyang désa Émaus, adohé saka Yérusalèm watara sewelas kilomèter. 14 Wong loro mau padha rasanan sabarang kang mentas kelakon. 15 Nalika lagi padha rasanan lan rerembugan mau, Yésus piyambak rawuh nyelaki lan banjur nyarengi lakuné. 16 Nanging wong mau pandelengé padha ketutupan, mulané padha pangling karo Panjenengané. 17 Yésus tumuli ngandika marang wong loro iku, "Apa kang padha kokrembug sajroné lumaku iki?" Banjur padha mandheg kanthi sedhih. 18 Kang siji kang jenengé Kléopas, mangsuli, "Punapa namung Panjenengan piyambak tiyang manca ing Yérusalèm, ingkang mboten sumerep bab ingkang mentas kelampahan wonten ing ngriku, ing salebetipun sawatawis dinten punika?" 19 Paring wangsulané, "Lelakon apa ta iku?" Unjuké kang kadangu, "Lelampahanipun Yésus tiyang Nazarèt, ingkang jumeneng nabi, ingkang kagungan pangwaos ing pandamel saha pangandika wonten ngarsanipun Allah sarta wonten ngajengipun bangsa kula sadaya. 20 Nanging para pangajengipun imam saha para pangagenging bangsa kula sami ndhawahaken paukuman pejah dhateng Panjenenganipun, lajeng kasalib. 21 Mangka kula sadaya kala rumiyin sami gadhah pangajeng-ajeng, inggih Panjenenganipun punika ingkang rawuh badhé ngluwari bangsa Israèl. Déné lelampahan wau sadaya sapunika sampun tigang dintenipun. 22 Nanging lajeng wonten tiyang èstri sawatawis panunggilan kula ingkang sami damel kagèt kula. Awit tiyang-tyang èstri wau énjing umun-umun sampun sami dhateng pasaréan, 23 nanging layonipun mboten wonten. Lajeng sami wangsul, cariyos, bilih sami sumerep malaékat, ingkang sami ngandika, bilih Panjenenganipun wungu saking sédanipun. 24 Nunten wonten kanca kula sawatawis ingkang sami dhateng pasaréan, pinanggihipun pancèn leres kados ingkang dipun cariyosaken para tiyang èstri wau, sami mboten sumerep Panjenenganipun." 25 Yésus tumuli ngandika marang wong-wong mau, "Hé wong kang padha cupet nalaré lan lamban pamikiré, temah ora pracaya marang samubarang kabèh, kang wus kapangandikakaké déning para nabi! 26 Mésias apa ora pinasthi nglampahi iku mau kabèh, banjur lagi nampi kamulyané?" 27 Yésus tumuli njlèntrèhaké sabarang kang wus katulis ing Kitab Suci, bab Panjenengané, wiwit kitab-kitabé Musa lan kitab-kitabé para nabi. 28 Bareng wus cedhak désa kang diparani, Yésus kaya-kaya arep nglajengaké tindaké. 29 Nanging dicandhet déning wong-wong mau, unjuké, "Kula aturi pinarak wonten ing griya kula, awit sampun badhé dalu, surya sampun serap." Panjenengané iya banjur lumebet karo wong-wong mau. 30 Bareng lenggah arep dhahar bebarengan, nuli mundhut roti, diberkahi banjur dicuwil-cuwil, diparingaké marang sakaroné. 31 Sanalika, mripaté wong loro iku banjur kabuka, temah ora pangling karo Panjenengané, nanging Yésus banjur ilang saka ing pandelengé. 32 Wong loro mau tumuli padha sapocapan mangkéné, "Atiku rak wus padha mangah-mangah, nalika Panjenengané ngandika marang aku kabèh ana ing dalan lan nalika Panjenengané nerangaké Kitab Suci mau?" 33 Sanalika iku uga, banjur padha ngadeg lan bali menyang Yérusalèm. Ana ing kono padha weruh sakabat sawelas padha ngumpul bebarengan karo para sadulur-sadulur liyané, 34 sarta padha ngucap, "Gusti nyata yèn wus wungu lan wus ngatingal marang Simon." 35 Wong loro mau iya tumuli nyaritakaké lelakoné sajroné ana ing dalan, sarta anggoné ora pangling manèh marang Yésus, bareng Panjenengané nyuwil-nyuwil roti. 36 Nalika padha rembugan bab iku mau, Yésus dumadakan jumeneng ana ing tengahé sarta ngandika, "Tentrem-rahayu anaa ing kowé kabèh." 37 Kabèh padha kagèt kaworan wedi, lan ngira weruh memedi. 38 Nanging Panjenengané banjur ngandika, "Yagéné kowé padha kagèt lan apa sababé déné kowé padha kethukulan rasa mangu-mangu ana ing sajroning atimu? 39 Delengen tanganku lan sikilku: Iki Aku dhéwé; grayangana Aku lan satitèkna, yèn memedi rak ora ana dagingé lan balungé, kaya kang padha kokdeleng ana ing Aku iki." 40 Ngandika mangkono iku karo nedahaké astané lan sampéyané. 41 Bareng kabèh durung padha ngandel marga saka bungahé lan isih padha kaéraman, Panjenengané nuli ngandika, "Ing kéné apa ana kang kena dipangan?" 42 Banjur dicaosi iwak gorèngan sairis. 43 Iku tumuli ditampani lan didhahar ana ing ngarépé wong-wong mau. 44 Banjur padha dipangandikani mangkéné, "Iki pituturku kang dakkandhakaké marang kowé kabèh, nalika Aku isih nunggal karo kowé, yaiku yèn kabèh kang wus katulisan tumraping Aku ana ing sajroning kitab Torèté Musa lan kitabé para nabi sarta kitab Mazmur, iku kudu kelakon." 45 Panjenengané banjur mbukak pikirané wong-wong mau supaya padha ngerti marang Kitab Suci. 46 Pangandikané, "Ana tulisan mangkéné: Mésias pinasthi nandhang sangsara lan ing telung dinané wungu saka ing antarané wong mati. 47 Karodéné manèh: pawarta bab pamratobat lan apuraning dosa kudu kaundhangaké marang sakèhing bangsa atas asmané, wiwit saka ing Yérusalèm. 48 Déné kowé kang padha dadi seksiné bab iku mau kabèh. 49 Sabanjuré kowé bakal padha dakkirimi apa kang wus dijanjèkaké déning Ramaku. Nanging kowé padha anaa ing kutha kéné dhisik, nganti kowé wus padha kaparingan kasektèn saka ing ngaluhur." 50 Sawusé mangkono para muridé banjur kadhawuhan ndhèrèk Yésus menyang jaban kutha, ing sacedhaké Bétania. Ana ing kono Panjenengané nuli ngangkat astané, para muridé padha diberkahi, 51 lan nalika mberkahi mau, Panjenengané banjur nilar para muridé tuwin mitrané menyang swarga. 52 Para murid banjur padha sujud nyembah marang Panjenengané, nuli padha bali menyang Yérusalèm kalawan bungah banget, 53 sarta tansah padha ana ing Padaleman Suci lan ngluhuraké Allah.
1 Ing kala purwa Sang Sabda iku wus ana, déné Sang Sabda iku nunggil karo Allah sarta Sang Sabda iku Allah. 2 Panjenengané iku wiwit ing kala purwa wus nunggil karo Allah. 3 Samubarang kabèh katitahaké déning Panjenengané, lan samubarang kang dumadi ora ana sawiji-wijia kang ora katitahaké déning Panjenengané. 4 Ana ing Panjenengané iku dununging urip, sarta urip iku kang dadi pepadhanging manungsa. 5 Pepadhang iku sumunar sajroning pepeteng, sarta ora kalindhih déning pepeteng. 6 Ana priya rawuh kautus déning Allah, asmané Yohanes. 7 Rawuhé dadi seksi, kapatah neksèni bab pepadhang, supaya alantaran panjenengané, wong kabèh padha pracaya. 8 Panjenengané iku dudu pepadhang piyambak, mung kapatah neksèni bab pepadhang. 9 Pepadhang kang sejati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhi jagat. 10 Panjenengané wus ana ing jagat, lan jagat iku katitahaké déning Panjenengané, nanging jagat iku ora wanuh marang Panjenengané. 11 Rawuhé murugi kagungané, nanging para kagungané iku ora gelem nampani. 12 Nanging sakèhé wong kang nampani Panjenengané iku kaparingan wewenang dadi para putraning Allah, yaiku wong kabèh kang padha pracaya marang asmané, 13 kang lairé ora saka ing getih, iya ora saka kareping daging utawa saka karepé wong lanang, nanging saka ing Allah. 14 Sang Sabda wus dadi manungsa, sarta dedalem ana ing antara kita, sarta aku lan kowé kabèh wus padha nyawang kamulyané, yaiku kamulyan kang kaparingaké marang Panjenengané yaiku Putra Ontang-antingé Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayektèn. 15 Yohanes neksèni bab Panjenengané sarta nywanten sora, pangandikané, "Iya Panjenengané iku kang dakkarepaké nalika aku pitutur mangkéné: Panjenengané kang rawuh nungka aku wus ngrumiyini aku, amarga anané sadurungé aku." 16 Amarga saka kasampurnané, kita kabèh wus tampa ganjaran sih-rahmat kang tanpa kendhat. 17 Sabab angger-angger iku anggoné kaparingaké lantaran Musa, déné sih-rahmat lan kayektèn iku pinangkané saka Yésus Kristus. 18 Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Allah. Sang Putra Ontang-anting kang ana ing pangkoné Sang Rama, iku kang nerangaké kawontenané. 19 Iki paseksiné Yohanes nalika wong Yahudi saka Yérusalèm kongkonan para imam lan para wong Lèwi, supaya matur pitakon, "Panjenengan punika sinten?" 20 Yohanes ngaken kanthi barès, "Aku iki dudu Kristus." 21 Kang dikongkon banjur padha matur pitakon, "Manawi makaten panjenengan punika sinten? Punapa Élia?" Yohanes paring wangsulan, "Dudu." 22 Ing kono kang dikongkon padha matur, "Panjenengan punika sinten, supados kula sadaya sami saged mratélakaken dhateng ingkang ngèngkèn kula. Pangaken panjenengan tumrap sarira panjenengan kados pundi?" 23 Pangandikané Yohanes, "Aku iki swarané wong kang nywara sora ana ing pasamunan: Padha nglencengna margi ambah-ambahané Pangéran! Kaya kang wus dipangandikakaké déning Nabi Yésaya." 24 Ing antarané para kang dikongkon mau ana wong Farisi sawatara. 25 Banjur padha nyuwun pirsa manèh, "Punapaa déné panjenengan mbaptis, manawi panjenengan sanès Kristus, sanès Élia, sanès nabi?" 26 Yohanes mangsuli, pangandikané, "Aku mbaptis nganggo banyu; nanging ing satengahmu Panjenengané wus jumeneng, kowé padha ora wanuh, 27 yaiku Panjenengané, kang rawuhé nungka aku. Sanadyan mung nguculi talining trumpahé baé aku ora patut." 28 Mungguh kelakoné iku mau ana ing Bétania, ing sabrangé kali Yordan, panggonané Yohanes mbaptis. 29 Ésuké Yohanes pirsa Yésus murugi; panjenengané banjur ngandika, "Delengen iku Cempéning Allah kang mbirat dosané jagat. 30 Iya Panjenengané iku kang dakkarepaké nalika aku kandha mangkéné: Ana Priya rawuh nungka aku, kang wus ngrumiyini aku, amarga anané sadurungé aku. 31 Mauné aku dhéwé iya ora wanuh marang Panjenengané, mulané aku teka lan mbaptis nganggo banyu supaya Banisraèl wanuh marang Panjenengané." 32 Lan manèh paseksiné Yohanes mangkéné, "Aku wus ndeleng Roh tumedhak saka swarga kaya manuk dara, dedalem ing sarirané. 33 Mauné aku iya ora wanuh marang Panjenengané, nanging kang ngutus aku mbaptis nganggo banyu, wus ngandika: Menawa sira weruh Roh iku nedhaki sawenèhing wong lan dedalem ing sarirané, Panjenengané iku kang bakal mbaptis sarana Roh Suci. 34 Aku wus ndeleng lan neksèni yèn Panjenengané iku Putraning Allah." 35 Ésuké Yohanes jumeneng ana ing papan kono manèh, karo muridé loro. 36 Nalika pirsa Yésus langkung, Yohanes ngandika, "Lah iku Cempéning Allah!" 37 Muridé loro mau padha krungu anggoné Yohanes ngandika mangkono iku, banjur ndhèrèkaké tindaké Yésus. 38 Nanging Yésus tumuli nolèh. Panjenengané pirsa menawa murid mau padha ndhèrèkaké, banjur ngandika, "Kowé padha golèk apa?" Aturé kang padha kadangu, "Rabbi, pakèndelan Panjenengan wonten ing pundi?" (Rabbi tegesé: Guru.) 39 Pangandikané Yésus, "Ayo, kowé bakal padha weruh!" Banjur padha sowan lan weruh pakèndelané, sarta ing dina iku banjur padha manggon ing kono karo Panjenengané; déné mungguh wayahé iku watara jam papat. 40 Murid loro kang wus krungu pangandikané Yohanes banjur ndhèrèkaké Yésus mau, kang siji yaiku Andréas, saduluré Simon Pétrus. 41 Dhisiké Andréas ketemu karo Simon, saduluré, banjur dikandhani, "Aku wus padha ketemu karo Mésias (tegesé: Kristus)." 42 Simon mau nuli diirid menyang ngarsané Yésus. Yésus banjur mirsani marang Simon sarta ngandika, "Kowé iku Simon anaké Yohanes. Kowé bakal dijenengaké Kéfas (tegesé: Pétrus)." 43 Ésuké manèh Yésus karsa tindak menyang Galiléa. Panjenengané pinanggih karo Filipus, banjur ngandika, "Mèlua Aku!" 44 Filipus mau wong saka Bètsaida, kuthané Andréas lan Pétrus. 45 Filipus ketemu Natanaèl, banjur dikandhani mangkéné, "Aku wus padha ketemu karo kang kasebutaké déning Musa ing sajroning Kitab Torèt sarta déning para nabi, yaiku Yésus, putrané Yusuf, saka Nasarèt." 46 Pangucapé Natanaèl, "Apa ana barang kang becik saka Nasarèt?" 47 Wangsulané Filipus, "Ayo, delengen dhéwé!" Bareng Yésus pirsa Natanaèl sowan ing ngarsané, banjur ngandika, "Lah, iku wong Israèl sejati, kang ora kadunungan cidra." 48 Natanaèl banjur munjuk, "Panjenengan nguningani kawula saking pundi?" Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Sadurungé Filipus ngajak kowé, Aku weruh kowé ana ing sangisoré wit anjir." 49 Natanaèl munjuk manèh, "Rabbi, Panjenengan punika Putranipun Allah, Panjenengan punika Rajanipun Israèl." 50 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Amarga Aku pitutur marang kowé: Aku weruh kowé ana ing sangisoré wit anjir, kowé banjur pracaya? Kowé bakal weruh lelakon-lelakon kang luwih nggumunaké katimbang karo iku." 51 Yésus banjur ngandika, mangkéné, "Satemené Aku pitutur marang kowé, kowé bakal padha weruh langit menga, lan para malaékaté Allah padha munggah-mudhun marang Putraning Manungsa."
1 Ing dina kateluné ana pésta mantu ing Kana, wilayah Galiléa, sarta ibuné Yésus ana ing kono. 2 Yésus dalah para sakabaté uga diulemi mrono. 3 Bareng padha kekurangan anggur, ibuné Yésus nuli ngandika marang Panjenengané, "Padha kentèkan anggur." 4 Pangandikané Yésus, "Ibu, panjenengan ngersakaken punapa dhateng Kula? Dèrèng dumugi wekdal Kula." 5 Nanging ibuné Yésus banjur dhawuh marang para peladèn, "Apa sadhawuhé marang kowé padha lakonana." 6 Ing kono ana genthong watu wadhah banyu enem, sadhiyan kanggo sesuci manut adaté wong Yahudi, isiné saben genthong mau rong klenthing utawa telung klenthing. 7 Yésus nuli dhawuh marang para peladèn mau, "Genthongé pada kebakana banyu!" Tumuli diisèni nganti kebak. 8 Yésus banjur ngandika, "Saiki cidhuken, lan aturna marang pitayaning gawé!" Banjur padha ngaturaké. 9 Pitayaning gawé iku bareng ngicipi banyu kang wus dadi anggur mau -- lan ora mangerti saka ngendi pinangkané, awit kang mangerti mung para peladèn kang padha nyidhuki banyuné -- nuli ngaturi pangantèn lanang, 10 sarta matur, "Saben tiyang nyegah anggur punika ingkang saé rumiyin, lan sasampunipun para tamu ngunjukipun kathah lajeng nyegahaken ingkang kirang saé. Nanging panjenengan kok nyimpen anggur ingkang saé ngantos sapunika." 11 Prakara iku mau katindakaké Yésus ing Kana wilayah Galiléa, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat lan sarana mangkono Panjenengané wus mbabaraké kaluhurané. Para sakabaté nuli padha pracaya marang Panjenengané. 12 Sawusé mangkono Yésus banjur tindak menyang Kapèrnaum, bebarengan karo kang ibu lan para sadhèrèké tuwin para sakabaté, lan ana ing kono mung padha kèndel sawatara dina baé. 13 Nalika ngarepaké riyaya Paskahé wong Yahudi, Yésus tindak menyang Yérusalèm. 14 Ana ing Padaleman Suci Yésus pirsa wong-wong kang adol sapi, wedhus, manuk dara, apadéné wong-wong préyalan padha dhasar ana ing kono. 15 Panjenengané mundhut tampar kagem pecut, banjur nundhungi wong-wong mau kabèh dalah wedhusé lan sapiné, saka ing Padaleman Suci. Dhuwité préyalan padha disuntaki, méjané padha digolingaké. 16 Bakul-bakul dara padha kadhawuhan mangkéné, "Kabèh iki padha singkirna saka ing kéné! Padalemané Ramaku aja kokanggo papan bakulan." 17 Para sakabaté tumuli padha kèlingan menawa ana tulisan mangkéné, "Katresnan Kawula dhateng Padaleman Paduka punika ngantos nggrantesaken manah Kawula." 18 Wong-wong Yahudi nuli padha matur marang Yésus, "Panjenengan saged damel mukjijat punapa ingkang saged Panjenengan katingalaken dhateng kula sadaya, bilih Panjenengan wenang nindakaken kados makaten?" 19 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Bubrahen Padaleman Suci iki, sajroning telung dina bakal dakadegaké manèh." 20 Unjuké wong Yahudi, "Padaleman Suci punika kabangun ing salebetipun kawan dasa enem taun, mangka Panjenengan kok badhé ngadegaken salebeting tigang dinten?" 21 Nanging kang dipangandikakaké Padaleman Suci iku sarirané piyambak. 22 Ing tembé, sawusé Yésus wungu saka ing antarané wong mati, para sakabaté lagi padha kèlingan, yèn Panjenengané wis tau ngandika mangkono mau, banjur padha pracaya marang Kitab Suci lan marang pangandika kang kadhawuhaké déning Yésus. 23 Nalika Yésus ana ing Yérusalèm sajroné riyaya Paskah, wong akèh padha pracaya marang Panjenengané, amarga padha weruh mukjijat-mukjijat kang katindakaké. 24 Ananging Yésus piyambak ora nganggep marang pracayané wong-wong mau, karana Panjenengané wus pirsa wong-wong mau, 25 sarta ora prelu ana wong kang nyaosi paseksi bab manungsa marang Panjenengané, jalaran Panjenengané wis pirsa piyambak apa kang ana ing batiné manungsa.
1 Ana wong Farisi jenengé Nikodémus, pangarepé wong Yahudi, 2 sowan ing ngarsané Yésus ing wayah bengi, sarta munjuk, "Rabbi, kawula sami mangertos bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus déning Allah, amargi mboten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika, manawi Allah mboten nunggil." 3 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Satemené Aku pitutur marang kowé: menawa wong ora kalairaké manèh, iku ora bisa weruh Kratoning Allah." 4 Unjuké Nikodémus, "Kadospundi sagedipun tiyang kalairaken, manawi sampun sepuh? Punapa saged lumebet malih dhateng guwa-garbaning ibunipun, lajeng kalairaken malih?" 5 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Satemené Aku pitutur marang kowé: menawa wong ora kalairaké saka banyu lan Roh, iku ora bisa lumebu ing Kratoning Allah. 6 Apa kang lair saka ing daging, iku asipat daging lan apa kang lair saka Roh, iku asipat roh. 7 Aja gumun, déné Aku pitutur marang kowé: Kowé kudu padha kalairaké manèh. 8 Angin iku mididé manut ing sakarepé, lan kowé krungu sumiyuté, nanging ora mangerti pinangkané lan parané. Kaya mangkono iku kaanané saben wong kang kalairaké saka ing Roh!" 9 Nikodémus munjuk, aturé, "Prakawis punika sagedipun kalampahan kadospundi?" 10 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Kowé iku guruné wong Israèl, kok ora mangerti prakara iku? 11 Satemené Aku pitutur marang kowé: Kang padha dakrembug iku, iya kang padha daksumurupi, sarta kang padha dakseksèni iya kang padha daktingali, éwadéné kowé ora padha nampani paseksiku. 12 Menawa nalika kowé dakpituturi bab kadonyan padha ora ngandel, kepriyé bisamu padha ngandel saupama daktuturana bab kaswargan? 13 Ora ana wong siji-sijia kang wus sumengka menyang swarga, kajaba mung Panjenengané kang wus tumurun saka swarga, iya iku Putrané Manungsa. 14 Kayadéné Musa anggoné manjer ula ana ing pasamunan, iya mangkono uga Putrané Manungsa anggoné pinesthi kapanjer, 15 supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengané nduwèni urip langgeng. 16 Awitdéné Allah anggoné ngasihi marang jagat iku nganti masrahaké Kang Putra Ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengané aja nganti nemu karusakan, nanging nduwènana urip langgeng. 17 Sabab Allah anggoné ngutus Kang Putra ngrawuhi jagat iku ora supaya ngadili jagat, nanging supaya jagat kapitulungan rahayu déning Panjenengané. 18 Sing sapa pracaya marang Panjenengané, iku ora bakal diukum; déné sing sapa ora pracaya, iku wus kapatrapan paukuman, amarga ora pracaya ing asmané Putraning Allah kang ontang-anting. 19 Anadéné paukuman iku mangkéné: Pepadhang iku wus tumeka ing jagat, nanging manungsa padha luwih rumaket marang pepeteng, katimbang karo pepadhang, amarga panggawé-panggawéné ala. 20 Sabab sapa baé kang nindakaké piala mesthi sengit marang pepadhang lan nyingkur pepadhang, supaya aja nganti katon panggawéné kang ala iku. 21 Nanging sing sapa tumindak bener iku marani pepadhang, supaya tetéla yèn panggawéné iku ditindakaké ana ing patunggilané Allah." 22 Sawisé mangkono Yésus tindak menyang Yudéa kadhèrèkaké déning para sakabaté; banjur kèndel ana ing kono sarta mbaptis. 23 Déné Yohanes anggoné mbaptis ana ing Ainon, sacedhaké Salim, awit ing kono akèh banyuné. Wong-wong banjur padha teka mrono supaya dibaptis, 24 awit nalika samana Yohanes durung kalebokaké ing pakunjaran. 25 Nalika samana ana bebantahané para muridé Yohanes karo wong Yahudi bab sesuci. 26 Para murid mau tumuli padha sowan marang Yohanes lan matur, "Rabbi, tiyang ingkang sesarengan kaliyan panjenengan wonten ing sabrangipun lèpèn Yordan saha ingkang sampun panjenengan seksèni punika inggih mbaptis sarta tiyang kathah sami murugi mrika." 27 Yohanes mangsuli, pangandikané, "Wong ora bisa nduwéni apa-apa menawa ora kaparingan saka ing swarga. 28 Kowé dhéwé padha bisa gawé paseksi yèn aku wus pitutur: Aku iki dudu Kristus, nanging aku kautus lumaku ndhisiki Panjenengané. 29 Kang nduwèni pangantèn wadon iku pangantèn lanang; déné mitrané pangantèn lanang kang ngadeg ing sacedhaké lan nilingaké, iku bungah banget ngrungokaké swarané pangantèn lanang iku. Iya iku kabungahanku lan samengko kabungahanku wus ketutugan. 30 Panjenengané iku pinesthi saya mundhak, nanging aku iki saya suda. 31 Kang rawuhé saka ing ngaluhur iku ngungkuli sakabèhé, kang pinangkané saka ing bumi iku iya saka ing bumi, lan rembugé iya tumrap prakara-prakara kang ana ing bumi. Kang rawuhé saka ing swarga iku ngungkuli sakabèhé. 32 Panjenengané paring paseksi bab apa kang wus dipirsani lan apa kang wus dipiyarsakaké, nanging ora ana wong siji-sijia kang nampani paseksiné. 33 Sapa kang nampani paseksiné iku, ngakoni yèn Allah iku bener. 34 Sabab kang kautus déning Allah iku kang ndhawuhaké pangandikané Allah, amarga Allah anggoné maringaké Rohé tanpa wates. 35 Sang Rama ngasihi marang Sang Putra, sarta wus masrahaké samubarang kabèh marang Panjenengané. 36 Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iku nduwèni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora ngalami urip, nanging malah langgeng anggoné nampani bebenduné Allah."
1 Bareng Yésus pirsa yèn wong Farisi wus padha krungu pawarta menawa Panjenengané olèh murid sarta anggoné mbaptis luwih akèh katimbang Yohanes, 2 -- sanadyan dudu Yésus piyambak kang mbaptis, nanging para sakabaté -- 3 Panjenengané tumuli nilar Yudéa, tindak wangsul menyang Galiléa. 4 Panjenengané kudu nglangkungi Samaria. 5 Banjur rawuh ing sawijining kutha ing Samaria, kang aran Sikhar, cedhak karo palemahan kang biyèn diparingaké déning Yakub marang Yusuf, putrané. 6 Ing kono ana sumuré Yakub. Yésus kraos sayah saka anggoné tindak, banjur lenggah ana pinggiring sumur kono. Nalika samana kira-kira jam rolas. 7 Tumuli ana wong wadon Samaria teka arep ngangsu. Yésus ngandika marang wong mau, "Aku wènèhana ngombé!" 8 Déné para sakabaté wus padha menyang kutha tuku pangan. 9 Wong wadon Samaria mau banjur munjuk, "Kadospundi Panjenengan, tiyang Yahudi kok mundhut ngunjuk dhateng kula tiyang Samaria?" (Awit wong Yahudi ora srawung karo wong Samaria.) 10 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Menawa kowé mangerti ing peparingé Allah, lan sapa Panjenengané kang ngandika marang kowé: Aku wènèhana ngombé, mesthi kowé kang nyuwun marang Panjenengané, banjur kowé diparingi banyu urip." 11 Unjuké wong wadon mau, "Gusti, Panjenengan mboten kagungan timba, mangka sumuripun lebet, saking pundi anggèn Panjenengan angsal toya gesang punika? 12 Punapa Panjenengan nglangkungi leluhur kula Yakub ingkang maringaken sumur punika dhateng bangsa kula. Panjenenganipun ugi ngunjuk saking sumur punika, samanten ugi para putra dalah kéwanipun." 13 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Sapa baé kang ngombé banyu iki bakal ngelak manèh, 14 nanging sapa baé kang ngombé banyu pawèwèhku, bakal ora ngelak ing salawas-lawasé. Malah banyu pawèwèhku mau ana ing jeroné wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka ing urip langgeng." 15 Unjuké wong wadon mau, "Gusti, kula Panjenengan paringi toya punika, supados sampun ngantos ngelak, sarta mboten sisah ngangsu mriki malih!" 16 Pangandikané Yésus, "Lungaa, undangen bojomu, nuli balia mréné!" 17 Unjuké wong wadon mau, "Kula mboten gadhah sémah." Pangandikané Yésus, "Bener kandhamu, menawa kowé ora duwé bojo. 18 Sabab anggonmu bebojoan wus ambal kaping lima, mangka kang saiki iku dudu bojomu. Pancèn bener kandhamu kang mangkono iku." 19 Unjuké wong wadon mau, "Gusti, sapunika kula sampun cetha, bilih Panjenengan punika nabi. 20 Para leluhur kula anggènipun sujud wonten redi punika, mangka Panjenengan ngandika, bilih Yérusalèm panggènanipun tiyang sami manembah." 21 Pangandikané Yésus, "Ngandela marang Aku, hé, wong wadon, bakal tumeka ing waktuné kowé padha manembah marang Allah, ora ana ing gunung iki, lan iya ora ana ing Yérusalèm. 22 Kowé iku padha manembah marang kang ora padha kokweruhi. Aku iki padha manembah marang kang padha dakweruhi. Awit karahayon iku mijilé saka bangsa Yahudi. 23 Nanging bakal ana waktuné, malah saiki wus tekan waktuné para wong manembah kang sejati iku anggoné padha manembah marang Allah ing sajroning Roh lan kayektèn, awit para wong kang kaya mangkono iku kang dikarsakaké déning Allah. 24 Allah iku Roh, lan sapa baé kang padha manembah marang Panjenengané, anggoné manembah iku kudu ing sajroning roh lan kayektèn." 25 Aturé wong wadon mau, "Kula mangertos bilih Mésias badhé rawuh, ingkang ugi kasebut Kristus; punika sarawuhipun badhé nyumerepaken samukawis dhateng kula sadaya." 26 Pangandikané Yésus, "Iya Aku iki Panjenengané kang lagi ngandikan karo kowé." 27 Nalika samana para sakabaté teka, sarta padha gumun déné Yésus imbal-pangandika karo wong wadon. Nanging ora ana siji-sijia kang munjuk, "Punapa ingkang Panjenengan karsakaken?" utawa, "Tiyang punika Panjenengan ngandikani punapa?" 28 Wong wadon mau nuli ninggal juné ana ing kono, banjur lunga menyang kutha lan crita marang wong-wong ing kono, 29 "Ayo padha delengen, ing kana ana wong kang ngandhakaké marang aku sakèhing lelakonku. Apa sajaké wong iku Kristus?" 30 Wong-wong mau tumuli padha mangkat menyang sanjabané kutha sowan marang ngarsané Yésus. 31 Nalika samana para sakabaté munjuk marang Panjenengané, aturé, "Rabbi, sumangga Panjenengan dhahar!" 32 Nanging Panjenengané paring wangsulan, pangandikané, "Aku duwé pangan kang ora padha kokmangertèni." 33 Para sakabat tumuli padha sapocapan, "Apa ana wong kang wis nyaosi dhahar marang Panjenengané?" 34 Pangandikané Yésus, "Kang dadi panganku yaiku anggonku nglakoni karsané Panjenengané kang ngutus Aku, sarta ngrampungaké ayahané. 35 Rak ana kandhamu mangkéné: Kurang patang sasi nuli panèn. Nanging Aku pitutur marang kowé: Padha delengen ing kiwa-tengenmu lan tamatna pategalan-pategalan, kang wis katon kuning iku mangsané dienèni. 36 Saiki uga kang padha derep wus tampa bawon, sarta nglumpukaké woh kang tumuju marang urip langgeng, satemah kang nyebar lan kang derep loro-loroné padha bungah. 37 Awit tumrap iki, bener bebasan kang mangkéné: Kang siji nyebar, sijiné kang ngenèni. 38 Kowé padha dakutus ngenèni kang dudu garapanmu. Wong liya kang padha nggarap, lan kowé kang padha ngundhuhi pametuning garapané." 39 Sakèhing wong Samaria ing kutha kono iku padha pracaya marang Panjenengané awit saka paseksiné wong wadon mau, "Panjenengané wus mbedhèk sakèhing lelakonku." 40 Wong-wong Samaria mau bareng wis sowan ing ngarsané Yésus, padha duwé atur panyuwun, muga karsa lereb ana ing omahé. Panjenengané iya banjur lereb ana ing kono rong dina, 41 sarta mundhak akèh manèh kang padha dadi pracaya awit saka pangandikané, 42 lan padha tutur marang wong wadon mau, "Aku wus padha pracaya ora marga saka kandhamu iku, amarga aku dhéwé wus padha ngrungokaké Panjenengané, lan aku wus padha mangerti, yèn Panjenengané iku nyata Pamartaning jagat." 43 Sawisé rong dina Yésus tindhak saka kono menyang Galiléa, 44 sabab Yésus piyambak wus neksèni yèn nabi iku ora kajèn ana ing nagarané dhéwé. 45 Sarawuhé ing Galiléa, wong-wong ing kono banjur padha nampèni Panjenengané, marga wus padha ndeleng sakèhing pandamelé ana ing Yérusalèm nalika riyaya, sabab wong-wong mau uga mèlu nekani riyaya iku. 46 Yésus tumuli rawuh manèh ing Kana, wilayah Galiléa, panggonan nalika Panjenengané ndamel banyu dadi anggur. Anadéné ing Kapèrnaum ana punggawa kraton duwé anak lanang kang lagi lara. 47 Nalika punggawa mau krungu warta menawa Yésus saka Yudéa rawuh ing Galiléa, banjur sowan Panjenengané sarta nyuwun supaya karsa rawuh nyarasaké anaké, awit anaké iku wis mèh mati. 48 Yésus ngandika marang punggawa mau, "Yèn ora ndeleng pratandha lan mukjijat, kowé ora pracaya." 49 Unjuké punggawa mau, "Gusti, mugi karsa rawuh sadèrèngipun anak kawula pejah." 50 Pangandikané Yésus, "Balia, anakmu urip." Punggawa mau pracaya marang pangandikané Yésus, banjur bali. 51 Nalika isih ana ing dalan, punggawa mau kapethuk abdi-abdiné kang padha nusul ngabari, menawa anaké urip. 52 Tumuli padha ditakoni, wayah apa anaké wiwit waras. Wangsulané, "Kala wingi siyang jam satunggal, anggènipun mantun bentèripun." 53 Bapakné mau banjur kèlingan yèn ing wayah iku dipangandikani Yésus, "Anakmu urip." Punggawa kraton mau dalah sabrayaté kabèh tumuli padha pracaya. 54 Iku pratandha kang kapindho kang katindakaké déning Yésus, nalika kondur saka Yudéa menyang Galiléa.
1 Sawusé iku, ana riyayané wong Yahudi, Yésus tindak menyang Yérusalèm. 2 Ing Yérusalèm, sacedhaké Gapura Wedhus, ana blumbang, kang ing tembung Ibrani diarani: Bètèsda, kang ana bangsalé lima. 3 Ing bangsal-bangsal kono akèh banget wong lara pating gluntung: wong wuta, wong pincang, wong lumpuh. Padha ngentèni kocaking banyu. 4 Awit samangsa ana malaékaté Pangéran tumedhak ing blumbang kono ngocak banyuné; sarta menawa banyu mau kocak, sapa baé kang nyegur dhisik dhéwé dadi waras, sanadyan apa baé lelarané. 5 Ing kono ana wong kang nandhang lara wus telung puluh wolu taun lawasé. 6 Bareng Yésus pirsa wong mau nggluntung ana ing kono sarta Panjenengané nguningani menawa wong mau wus lawas anggoné mangkono iku, banjur dipangandikani, "Kowé apa kepéngin waras?" 7 Atur wangsulané wong kang lara mau, "Bendara, mboten wonten tiyang ingkang nyemplungaken kawula dhateng blumbang samangsa toyanipun wiwit kocak. Angger kawula saweg murugi, lajeng wonten tiyang sanès ingkang nyemplung ngrumiyini kawula." 8 Yésus banjur ngandika, "Tangia, paturonmu angkaten, lan lumakua!" 9 Sanalika wong mau dadi waras, nuli ngangkat paturoné lan banjur mlaku. Nanging dina iku pinuju dina Sabat. 10 Amarga saka iku wong-wong Yahudi padha ngelokaké wong kang lagi baé waras mau, pangucapé, "Iki dina Sabat, kowé ora kena ngangkat paturonmu!" 11 Nanging wangsulané wong mau, "Tiyang ingkang nyarasaken kula punika ingkang dhawuh dhateng kula: Paturonmu angkaten, lumakua!" 12 Wong-wong mau banjur padha takon, "Sapa wongé kang akon marang kowé: Paturonmu angkaten, lumakua?" 13 Nanging wong kang lagi baé waras ora mangerti, iku sapa, amarga Yésus wus nylimpet ana ing satengahé wong akèh kang ana ing kono. 14 Sawisé mangkono Yésus mrangguli wong mau ana ing Padaleman Suci, banjur dipangandikani, "Kowé wus waras, aja gawé dosa manèh, supaya kowé aja nganti kataman kang luwih banget." 15 Wongé nuli lunga, nyaritakaké marang wong-wong Yahudi menawa kang marasaké iku Yésus. 16 Lan marga saka iku, wong-wong Yahudi padha ngudi arep nganiaya Yésus, amarga Panjenengané nindakaké kang mangkono iku ing dina Sabat. 17 Nanging Yésus ngandika, "Ramaku makarya nganti sapréné, mulané Aku uga nindakaké pagawéanku." 18 Marga saka iku wong Yahudi mundhak nemen manèh anggoné ngarah nyédani Panjenengané, awit ora ngamungaké nerak dina Sabat baé, nanging uga marga mastani yèn Allah iku Ramané piyambak, dadi sarirané dipadhakaké karo Allah. 19 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Satemené Aku pitutur marang kowé: Sang Putra ora bisa nindakaké apa-apa saka awaké dhéwé, menawa Panjenengané ora weruh kang katindakaké déning Sang Rama. Sabab apa kang katindakaké déning Sang Rama, iku uga katindakaké déning Sang Putra. 20 Sabab Sang Rama ngasihi Kang Putra sarta nedahaké sabarang kang ditindakaké piyambak marang Panjenengané, malah iya bakal nedahaké marang Panjenengané pandamel kang luwih agung manèh katimbang karo iku, nganti kowé padha gumun. 21 Awit padha kaya Sang Rama anggoné nangèkaké lan nguripaké wong kang padha mati, mangkono uga Sang Putra iya nguripaké saben wong kang dikarsakaké. 22 Sang Rama ora ngadili sapa baé, nanging wus masrahaké pangadilan iku marang Sang Putra, 23 supaya wong kabèh padha ngurmati marang Sang Putra kayadéné anggoné ngurmati Sang Rama. Sapa kang ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengané. 24 Satemené Aku pitutur marang kowé: Saben wong kang ngrungokaké pituturku, sarta pracaya marang kang ngutus Aku, iku nduwèni urip langgeng, lan ora katut kaukum, jalaran wus pindhah saka pati marang urip. 25 Satemen-temené Aku pitutur marang kowé, bakal tumeka wektuné, malah wus tumeka, menawa wong mati padha krungu swantené Putraning Allah, lan sapa kang ngrungokaké iku bakal urip. 26 Sabab padha kaya Sang Rama kagungan gesang ing sarirané piyambak, mangkono uga Sang Putra iya wus kaparengaké kagungan gesang ing sarirané piyambak. 27 Sarta manèh wus kaparingan pangwasa ngasta pangadilan, amarga Panjenengané iku Putraning Manungsa. 28 Kowé aja padha gumun marang prakara iku, sabab bakal tumeka waktuné yèn sakèhing wong kang ana ing kubur padha krungu swantené, 29 kang kalakuané becik bakal metu lan tangi nuju marang urip langgeng, nanging kang kalakuané ala bakal tangi nuju marang paukuman. 30 Aku ora bisa nindakaké apa-apa saka awakku dhéwé, anggonku ngadili iku manut karo apa kang dakrungu, sarta pangadilanku iku adil, amarga Aku ora nuruti karepku dhéwé, nanging manut karsané kang ngutus Aku. 31 Menawa Aku neksèni bab awakku dhéwé, paseksiku iku ora bener. 32 Ana liyané kang neksèni mungguh ing Aku lan Aku mangerti yèn paseksi kang kalairaké bab Aku iku bener. 33 Kowé wus padha kongkonan marang Yohanes, lan wong iku wus neksèni bab kayektèn. 34 Nanging Aku ora mbutuhaké paseksi saka manungsa, déné Aku tutur mangkono iku supaya kowé padha kapitulungan rahayu. 35 Yohanes iku minangka lampu kang murub lan kang madhangi, nanging kowé iku mung sawatara mangsa baé anggonmu gelem ngrasakaké padhangé. 36 Nanging Aku iki nduwèni paseksi kang ngungkuli paseksiné Yohanes, yaiku sakèhing pagawéan kang kaparingaké Sang Rama marang Aku, supaya daktindakaké. Pagawéan iku iya kang daktindakaké saiki, lan iku dadi paseksi anggoné Sang Rama ngutus Aku. 37 Sang Rama kang ngutus Aku, Panjenengané kang neksèni piyambak mungguh ing Aku. Kowé ora tau krungu swantené utawa nyumurupi pasuryané, 38 apadéné pangandikané ora tetep dumunung ana ing kowé, awit kowé padha ora pracaya marang Panjenengané kang kautus. 39 Kowé padha nitipriksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamu marga saka iku kowé nduwèni urip langgeng. Nanging sanadyan Kitab-kitab Suci iku neksèni bab Aku, 40 éwasamono kowé padha ora gelem marani Aku supaya nduwèni urip iku. 41 Aku ora mbutuhaké pakurmataning manungsa. 42 Nanging tumrap kowé, Aku wus mangerti, menawa ing atimu padha ora kadunungan katresnan marang Allah. 43 Tekaku iki ing asmané Ramaku, nanging kowé padha ora nampani Aku. Menawa ana wong liya teka demi jenengé dhéwé iku bakal koktampani. 44 Kowé iku anggonmu bisa padha pracaya kepriyé, déné padha ngarah urmat-ingurmatan, mangka kaurmatan kang saka Allah piyambak iku ora padha kokupaya. 45 Kowé aja padha duwé pangira yèn Aku kang bakal nggugat kowé ana ing ngarsané Sang Rama; kang nggugat kowé, yaiku Musa kang dadi dununging pangarep-arepmu. 46 Sabab menawa kowé padha pracaya marang Musa, mesthiné iya pracaya marang Aku, amarga panjenengané wus nyerat bab Aku. 47 Nanging menawa kowé padha ora pracaya marang seratané Musa, kepriyé anggonmu bakal padha pracaya marang kang dakkandhakaké?"
1 Sawisé mangkono Yésus tindak menyang sabrangé tlaga Galiléa, yaiku Tlaga Tibérias. 2 Wong golongan padha gumrudug ndhèrèkaké Panjenengané, amarga padha ndeleng mukjijat kang wis katindakaké tumrap wong-wong kang padha lara. 3 Yésus tumuli minggah ing gunung, banjur lenggah ana ing kono karo para sakabaté. 4 Nalika samana wus ngarepaké Paskah, riyayané wong Yahudi. 5 Bareng Yésus mirsani sakiwa-tengené lan pirsa wong golongan padha gumrudug sowan, banjur ngandika marang Filipus, "Ing ngendi anggon kita padha arep tuku roti, supaya wong-wong iku bisa padha mangan?" 6 Anggoné ngandika mangkono iku mung kagawé nyoba, awit wis pirsa piyambak apa kang bakal katindakaké. 7 Unjuké Filipus, "Roti pangaos kalih atus dinar mboten badhé nyekapi kanggé tiyang samanten kathahipun punika, sanadyan namung sami kapanduman nyakedhik." 8 Panunggalané sakabat yaiku Andréas saduluré Simon Pétrus, nuli munjuk, 9 "Punika wonten laré ingkang mbekta roti gangsal iji kaliyan ulam loh kalih, nanging punika punapa ginanipun kanggé tiyang samanten kathahipun?" 10 Yésus ngandika, "Wong-wong iku konen padha linggih!" Anadéné ing kono akèh suketé, wong-wong mau banjur padha linggih, kang lanang cacahé watara limang èwunan. 11 Yésus tumuli mundhut roti mau, lan sawusé saos sokur, banjur diedum-edum marang kang padha linggih ing kono, mangkono uga iwaké, olèhé arep padha mangan sakarepé. 12 Sawusé padha wareg, Yésus nuli dhawuh marang para sakabaté, "Cuwilan turahané padha klumpukna, supaya aja ana kang kebuwang!" 13 Banjur iya diklumpukaké, olèh rolas wakul kebak isi cuwilan roti lima mau, yaiku sisané kang wis padha dipangan déning wong-wong mau. 14 Bareng wong-wong mau padha ndeleng mukjijat kang katindakaké déning Yésus iku, nuli padha ngucap, "Panjenengané iku nyata Nabi kang bakal rawuh ing jagat." 15 Sarèhné Yésus pirsa yèn sedyané wong-wong iku padha teka arep meksa Panjenengané kajumenengaké ratu, banjur sumingkir minggah ing gunung manèh piyambakan. 16 Nalika ngarepaké surup, para sakabaté padha mudhun menyang tlaga, banjur padha nunggang prau, 17 arep nyabrang menyang Kapérnaum. Bareng wus wengi, Yésus durung rawuh, 18 mangka ombaké tlaga gedhé, amarga katempuh ing angin banter. 19 Bareng olèhé padha ndhayung mau wis olèh watara lima utawa enem kilomèteran, padha weruh Yésus tindak napak ing banyu nyelaki prauné, satemah padha wedi. 20 Nanging Panjenengané banjur ngandika, "Iki Aku, aja padha wedi!" 21 Para sakabat banjur ngaturi Panjenengané minggah ing prau, lan sanalika iku uga prauné tekan dharatan kang katuju. 22 Ésuké wong akèh kang isih padha ana ing sabranging tlaga, padha sumurup yèn ing kono ora ana prau manèh kajaba mung siji mau, mangka Yésus ora nitih bareng karo sakabaté, mung para sakabat dhéwé kang mangkat. 23 Nanging tumuli ana prau liyané sawatara teka saka Tibérias ana ing sacedhaké panggonan padha mangan roti, sawusé Gusti saos sokur. 24 Bareng padha weruh yèn Yésus ora ana ing kono dalah para sakabaté, banjur padha nunggang prau, nusul menyang Kapèrnaum, nggolèki Yésus. 25 Bareng wong-wong mau ketemu Panjenengané ana ing sabrangé tlaga, nuli padha munjuk, "Rabbi, kala punapa anggèn Panjenengan dumugi ngriki?" 26 Yésus paring wangsulan pangandikané, "Satemen-temené Aku pitutur marang kowé, kowé padha nggolèki Aku iku ora marga kowé padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg. 27 Padha tumandanga ing gawé aja supaya olèh pangan kang bisa rusak, nanging supaya olèh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingaké marang kowé déning Putraning Manungsa;marga iya Panjenengané iku kang wus ditengeri nganggo cap déning Allah Rama." 28 Wong-wong mau banjur padha munjuk, "Kawula kedah sami nglampahi punapa supados nindakaken padamelan ingkang kakarsakaken déning Allah?" 29 Yésus paring wangsulan marang wong-wong mau, "Iki pagawéan kang dikarsakaké Allah, yaiku supaya kowé padha pracaya marang kang kautus déning Allah." 30 Unjuké wong-wong mau, "Pratandha punapa ingkang Panjenengan tindakaken, supados kawula saged sami ningali sarta lajeng pitados dhateng Panjenengan? Panjenengan nglampahi pandamel punapa? 31 Para leluhur kawula sami nedha manna wonten ing pasamunan, kados ingkang sampun sinerat: Padha diparingi roti saka ing swarga." 32 Pangandikané Yésus, "Satemen-temené Aku pitutur marang kowé: Dudu Musa kang maringi roti marang kowé saka ing swarga iku, nanging Ramaku kang maringi roti sejati kang saka swarga marang kowé kabèh. 33 Awitdéné roti kang saka ing Allah yaiku roti kang tumurun saka ing swarga sarta kang nguripi jagat." 34 Unjuké wong-wong mau, "Gusti, kawula mugi Panjenengan paringi roti punika ing salaminipun!" 35 Pangandikané Yésus, "Aku iki rotining urip; sing sapa marani Aku, iku ora bakal luwé manèh, sarta sing sapa pracaya marang Aku, iku ora bakal ngelak manèh. 36 Nanging Aku wus mituturi kowé: Sanadyan kowé wus padha ndeleng Aku, éwadéné padha ora pracaya. 37 Kabèh kang diparingaké Rama marang Aku, iku bakal padha marani Aku. Sarta sapa kang marani Aku ora bakal daktampik. 38 Sabab anggonku tumurun saka swarga iku ora supaya nglakoni karepku dhéwé, nanging karsané kang ngutus Aku. 39 Déné karsané Rama kang ngutus Aku iku mangkéné: Kabèh kang wus kaparingaké marang Aku iku aja nganti ana kang ilang, nanging supaya daktangèkna bésuk ing wekasaning jaman. 40 Sabab karsané Ramaku iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng Kang Putra lan pracaya marang Panjenengané, iku nduwènana urip langgeng, sarta supaya Aku nangèkaké bésuk ing wekasaning jaman." 41 Wong-wong Yahudi banjur padha nggrundeli Panjenengané, awit ana pangandikané, mangkéné, "Aku iki roti kang tumurun saka swarga." 42 Padha grenengan, mangkéné, "Apa iku dudu Yésus anaké Yusuf? Aku rak padha wanuh karo bapa lan ibuné? Kepriyé déné duwé pangucap: Aku tumurun saka swarga?" 43 Yésus banjur paring wangsulan, pangandikané, "Aja padha grundelan. 44 Ora ana wong kang bisa marani Aku, menawa ora digèndèng déning Sang Rama kang ngutus Aku, lan Aku bakal nangèkaké wong iku mbésuk ing wekasaning jaman. 45 Ing kitabé para nabi ana tulisan, mangkéné, 'Wong kabèh bakal kawulang déning Allah.' Saben wong kang wus ngrungokaké sarta nampani piwulang saka Sang Rama, iku marani Aku. 46 Kang mangkono iku ora ateges ana wong kang wis weruh marang Sang Rama. Mung kang pinangkané saka ing Allah iku kang wis ndeleng Sang Rama. 47 Satemen-temené Aku pitutur marang kowé: Sing sapa pracaya, iku nduwèni urip langgeng. 48 Aku iki rotining urip. 49 Leluhurmu padha mangan manna ana ing pasamunan, lan wis padha mati. 50 Aku iki roti kang tumurun saka swarga: Sing sapa mangan roti iki, iku ora bakal mati. 51 Aku iki rotining urip, kang wus tumurun saka swarga. Menawa wong mangan roti iki, bakal urip ing salawas-lawasé. Anadéné roti kang dakparingaké, yaiku dagingku, kang bakal dakparingaké kanggo uripé jagat." 52 Wong-wong Yahudi tumuli padha padudon, pangucapé, "Wong iku kepriyé bisané mènèhaké dagingé supaya padha dakpangan?" 53 Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau, "Satemen-temené Aku pitutur marang kowé. Menawa kowé ora mangan dagingé Putraning Manungsa lan ora ngombé getihé, kowé padha ora kadunungan urip. 54 Sapa wong kang mangan dagingku lan ngombé getihku, iku nduwèni urip langgeng, sarta Aku kang bakal nangèkaké mbésuk ing dina wekasaning jaman. 55 Sabab dagingku iku pangan kang sejati, lan getihku iku ombèn-ombèn kang sejati. 56 Wong kang mangan dagingku lan ngombé getihku, iku dadi tetep ana ing Aku, lan Aku ana ing wong iku. 57 Padha kaya Rama kang gesang ngutus Aku lan Aku urip déning Sang Rama, mangkono uga sing sapa mangan Aku iku iya bakal urip déning Aku. 58 Iki roti kang wus tumurun saka swarga. Dudu roti kaya kang dipangan déning para leluhurmu, lan banjur wus padha mati. Sapa baé kang mangan roti iki bakal urip ing salawas-lawasé." 59 Iku mau kabèh dipangandikakaké Yésus ing Kapèrnaum nalika Panjenengané mulang ana ing papan pangibadah. 60 Bareng krungu kang mangkono mau akèh kang padha ngucap mangkéné, "Tetembungan iki keras temenan, kang betah ngrungokaké baé sapa?" 61 Yésus pirsa sajroning panggalih menawa muridé padha grenengan ing bab iku mau, banjur dipangandikani, "Apa tembung iki ndadèkaké kowé kecenthok? 62 Banjur kepriyé saupama kowé padha weruh Putraning Manungsa sumengka menyang padunungané kang dhisik? 63 Roh iku kang nguripaké, daging ora ana paédahé. Tembung-tembung kang dakdhawuhaké marang kowé iku roh lan urip. 64 Nanging ing panunggalanmu ana kang ora pracaya." Yésus pancèn pirsa wiwit wiwitan mula, sapa wongé kang padha ora pracaya, lan sapa kang bakal ngulungaké Panjenengané. 65 Panjenengané banjur ngandika, "Mulané kowé wus padha dakdhawuhi mangkéné: Ora ana wong kang bisa marani Aku, kajaba menawa Sang Rama maringi wewenang marang wong iku." 66 Wiwit nalika iku para muridé akèh kang padha mundur, ora ndhèrèkaké tindaké manèh. 67 Yésus ngandika marang sakabat rolas, "Apa kowé ora padha arep lunga uga?" 68 Atur wangsulané Simon Pétrus, "Gusti, ingkang kawula purugi sinten? Pangandika Panjenengan punika pangandikaning gesang langgeng. 69 Saha kawula sampun pitados lan sumerep, bilih Panjenengan punika Ingkang Suci saking Allah." 70 Yésus paring wangsulan, "Rak Aku dhéwé kang milih kowé wong rolas iki, nanging salah sijining panunggalanmu iku Iblis." 71 Anadéné kang dikarsakaké iku Yudas anaké Simon Iskariot, marga iya wong iku kang bakal ngulungalaké Yésus, sanajan iya panunggalané sakabat rolas.
1 Sawusé mangkono Yésus lelana ngideri Galiléa. Sabab Panjenengané ora karsa mider-mider ana ing Yudéa, awit wong Yahudi padha ngarah sédané. 2 Nalika iku ngarepaké riyayané wong Yahudi, yaiku riyaya Tancebing Tarub. 3 Kang iku para sadhèrèké Yésus padha matur marang Panjenengané, "Sumangga Panjenengan tindak dhateng Yudéa, supados para murid Panjenengan inggih sami saged ningali pakaryan ingkang Panjenengan tindakaken. 4 Sabab mboten wonten tiyang ingkang tumindak kanthi sesidheman, manawi ngangkah dados kawigatosanipun tiyang kathah. Manawi Panjenengan nindakaken pakaryan ingkang makaten punika, sumangga Panjenengan ngedhèng dhateng jagat." 5 Sabab para sadhèrèké piyambak iya padha ora pracaya marang Panjenengané. 6 Yésus tumuli ngandika marang para sadhèrèké mau, "Durung tekan waktuku, nanging tumrapé kowé kabèh, tansah ana waktuné. 7 Jagat iku ora bisa sengit marang kowé, nanging sengit marang Aku, amarga Aku neksèni yèn panggawéné jagat iku ala. 8 Kowé padha mangkata nekani riyaya iku. Aku durung mangkat mrana, amarga durung tekan waktuku." 9 Sawisé ngandika mangkono, Panjenengané banjur kantun ana ing Galiléa. 10 Nanging bareng para sadhèrèké wis mangkat nekani riyaya mau, Panjenengané iya tindak mrana, nanging ora ngeblak, dadi kanthi sesidheman. 11 Nalika riyaya, wong-wong Yahudi padha nggolèki Panjenengané, lan ngucap, "Wongé ana ing ngendi?" 12 Saka antarané wong akèh mau kaprungu rerasanan bab Panjenengané. Ana kang ngucap mangkéné, "Iku wong becik." Liyané manèh, "Ora, iku nasaraké wong akèh." 13 Éwadéné ora ana wong siji-sijia kang wani rembugan ngeblak bab Panjenengané, amarga padha wedi marang wong Yahudi. 14 Bareng wus nengah-nengahi riyaya, Yésus lumebet ing Padaleman Suci sarta memulang. 15 Wong Yahudi padha kaéraman, pangucapé, "Wong iku olèhé kawruh kang kaya mangkono iku saka ing ngendi, rak ora nganggo sinau!" 16 Yésus paring wangsulan, "Piwulangku iki dudu piwulangku dhéwé, nanging piwulangé kang ngutus Aku. 17 Saben wong kang gelem nglakoni karsané, mesthi bakal mangerti piwulangku iki, apa saka Allah, apa saka tetembunganku dhéwé. 18 Saben wong kang rembugé saka karepé dhéwé iku ngarah kaluhurané dhéwé. Nanging wong kang ngupaya kaluhurané kang ngutus, iku kang temen, sarta ora kadunungan cidra. 19 Apa dudu Musa kang ndhawuhaké angger-anggering Torèt marang kowé? Nanging panunggalanmu ora ana siji-sijia kang netepi angger-anggering Torèt mau. Sabab apa kowé padha ngarah patiku?" 20 Atur wangsulané wong akèh, "Panjenengan punika kapanjingan dhemit. Sinten ingkang badhé nyédani Panjenengan?" 21 Yésus paring wangsulan marang wong-wong mau, "Mung ana panggawé siji kang daklakoni, mangka kowé kabèh padha gumun. 22 Dadiné, Musa ndhawuhaké pranatan tetak marang kowé -- sanyatané pranatan tetak iku ora saka Musa, nanging saka para leluhur kita -- lan ing dina Sabat kowé iya padha netaki wong. 23 Menawa wong ditetaki ing dina Sabat, supaya angger-anggeré Musa aja nganti katerak, yagéné kowé padha panas atimu marang Aku, awit Aku marasaké badan sakojur ing dina Sabat? 24 Anggonmu ngukumi aja manut apa kang katon, nanging ngukumana kanthi adil." 25 Wong Yérusalèm sawatara padha ngucap, "Apa dudu Wong iku kang diarah patiné? 26 Delengen, Panjenengané ngandika kanthi sakepénaké baé pangucapé, sarta wong-wong ora padha madoni apa-apa. Apa sajaké para panggedhé kita iya wus pirsa menawa Panjenengané iku Kristus? 27 Nanging mungguh Wong iku kita wus mangerti pinangkané, mangka samangsa Kristus iku rawuh, ora ana kang weruh pinangkané." 28 Nalika Yésus memulang ing Padaleman Suci, Panjenengané ngandika mangkéné, "Pancèn kowé padha wanuh marang Aku, lan iya padha weruh asal-usulku saka ngendi; nanging tekaku ora saka karepku dhéwé. Aku diutus déning Panjenengané kang asipat leres, kang kowé padha ora wanuh. 29 Aku wanuh Panjenengané, amarga Aku mijil saka Panjenengané, lan iya Panjenengané iku kang ngutus Aku." 30 Wong-wong mau padha ngarah nyekel Panjenengané, nanging ora ana kang nganti nggepok sarirané, amarga durung tekan wektuné. 31 Ananging ing antarané wong akèh iku, akèh kang padha pracaya marang Panjenengané sarta pangucapé, "Menawa Kristus rawuh, apa iya bakal nindakaké mukjijat luwih akèh katimbang karo kang katindakaké déning Panjenengané iki?" 32 Para Farisi padha krungu yèn wong akèh padha grenengan kaya mangkono bab Panjenengané, mulané para pangareping imam lan para Farisi banjur padha kongkonan para tukang jaga Padaleman Suci dikon nyekel Panjenengané. 33 Yésus banjur ngandika, "Mung kari sawatara mangsa anggonku ana ing antaramu, nuli Aku bakal sowan marang kang ngutus Aku. 34 Kowé bakal padha nggolèki Aku, nanging ora bakal ketemu, awit kowé padha ora bisa marani padununganku." 35 Wong-wong Yahudi nuli padha sapocapan, "Panjenengané iku arep tindak menyang ngendi, nganti aku padha ora bisa ketemu Panjenengané? Apa arep marani wong kang padha ngumbara ing antarané wong Yunani, arep memulang wong Yunani? 36 Apa tegesé tembung kang diucapaké: Kowé bakal padha nggolèki Aku, nanging ora bakal ketemu karo Aku, sarta kowé ora bakal padha bisa marani padununganku?" 37 Bareng dina wekasan, yaiku nalika gedhé-gedhéning riyaya mau, Yésus jumeneng sarta ngandika, "Sing sapa ngelak, iku maranana Aku lan ngombéa! 38 Sing sapa pracaya marang Aku iku kaya suraosé kitab: ana ing batiné bakal mili ilèn-ilèn banyu urip!" 39 Kang dikarsakaké iku mau yaiku Roh, kang bakal ditampa déning wong-wong kang padha pracaya marang Panjenengané; sabab nalika samana Roh durung rawuh, amarga Yésus durung kamulyakaké. 40 Ana wong sawatara ing antarané wong akèh iku kang padha krungu pangandika iku mau, banjur padha ngucap, "Panjenengané iku sanyata Nabi kang padha kita anti-anti." 41 Liyané padha ngucap, "Panjenengané iku Kristus." Nanging kang liyané manèh ana kang ngucap, "Dudu, Kristus iku ora mijil saka Galiléa! 42 Amarga manut surasané Kitab Suci, Kristus iku mesthi mijil saka trahé Daud." 43 Temahan wong golongan padha diya-diniya bab Panjenengané. 44 Ana panunggalané sawatara kang padha arep nyekel Panjenengané, nanging ora ana kang nganti wani nggepok sarirané. 45 Wong jaga mau tumuli padha bali menyang ngarsané para pangarepé imam lan para Farisi, sarta dikandhani, "Kena apa wongé kok ora kokgawa?" 46 Wangsulané wong-wong iku, "Dèrèng naté wonten tiyang ingkang wicanten kados tiyang punika!" 47 Wangsulané para Farisi marang para wong jaga mau, "Apa kowé iya wus padha disasaraké? 48 Apa ana ing antarané para panggedhé lan ing antarané para Farisi kang padha pracaya marang wong iku? 49 Nanging wong akèh iku padha ora weruh ing Torèt, padha kena ing musibat." 50 Nikodémus, salah sijining wong panunggalané, kang biyèn tau sowan Panjenengané, ngucap, 51 "Punapa angger-anggering Torèt kita ngukum tiyang, sadèrèngipun tiyang punika dipun priksa sarta dipun yektosi pratingkahipun?" 52 Wangsulané wong-wong mau, "Punapa panjenengan inggih tiyang Galiléa? Sumangga panjenengan titi-priksa Kitab Suci, satemah panjenengan badhé uninga bilih mboten wonten nabi ingkang rawuh saking Galiléa." 53 Wong-wong iku mau banjur padha mulih sowang-sowangan,
1 nanging Yésus tindak menyang gunung Zaitun. 2 Bareng wayah bangun ésuk Panjenengané rawuh manèh ing Padaleman Suci, lan wong kabèh padha sowan ing ngarsané; Panjenengané banjur lenggah mulang wong-wong iku. 3 Para ahli Torèt lan para Farisi tumuli padha ngajokaké marang Panjenengané wong wadon kang kacekel nalika laku bandrèk. 4 Wong-wong iku padha mapanaké wong wadon mau ana ing tengah, banjur padha matur marang Yésus, "Rabbi, tiyang èstri punika kacepeng nalika saweg lampah bandrèk. 5 Musa ndhawuhaken dhateng kita wonten ing angger-anggering Torèt, supados tiyang-tiyang èstri ingkang makaten punika dipun benturana séla. Ingkang punika kadospundi pamanggih Panjenengan?" 6 Wong-wong mau padha munjuk mangkono kanggo nyoba Panjenengané, supaya olèh jalaran kanggo nglepataké Panjenengané. Nanging Yésus tumungkul banjur nyerat ing lemah kalawan racikané. 7 Bareng wong-wong mau ora uwis-uwis olèhé padha takon, Panjenengané nuli jumeneng sarta ngandikani wong-wong mau, "Sapa ing antaramu kang tanpa dosa, iku miwitana mbenturi wong wadon iku nganggo watu." 8 Panjenengané banjur tumungkul manèh sarta nyerat ing lemah. 9 Ananging sawisé wong-wong mau krungu pangandika iku, tumuli padha lunga mbaka siji, wiwit saka kang tuwa dhéwé. Wekasané kari Yésus piyambak lan wong wadon kang isih tetep ana ing kono. 10 Yésus tumuli jumeneng, sarta ngandika marang wong wadon iku, "Hé, wong wadon, ana ing ngendi wong-wong mau? Apa ora ana kang ngukum kowé?" 11 Atur wangsulané, "Mboten wonten, Gusti." Yésus banjur ngandika, "Aku uga ora ngukum kowé. Lungaa, lan wiwit saiki aja gawé dosa manèh!" 12 Yésus paring dhawuh manèh marang wong akèh, "Aku iki pepadhanging jagat; sapa kang ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduwèni pepadhanging urip." 13 Unjuké para Farisi, "Panjenengan neksèni sarira panjenengan piyambak, paseksi punika mboten leres." 14 Dhawuh wangsulané Yésus marang wong-wong mau, "Sanadyan Aku neksèni awakku dhéwé, nanging paseksiku iku nyata, amarga Aku mangerti sangkan-paranku. Nanging kowé padha ora mangerti sangkan-paranku iku. 15 Anggonmu padha ngadili iku nganggo ukuraning manungsa, Aku ora ngadili wong siji-sijia, 16 lan menawa Aku ngadili, anggonku ngadili iku bener, amarga Aku ora ijèn, nanging Aku bebarengan karo Panjenengané kang ngutus Aku. 17 Ing sajroning Torètmu wus katulis, yèn paseksiné wong loro iku sah. 18 Aku kang neksèni mungguh awakku dhéwé, lan Rama kang ngutus Aku, iya neksèni mungguh ing Aku." 19 Wong-wong mau padha munjuk, "Rama Panjenengan wonten ing pundi?" Paring wangsulané Yésus, "Kowé padha ora wanuh marang Aku lan Ramaku. Menawa kowé wanuh marang Aku, mesthi iya wanuh marang Ramaku." 20 Pangandika mau kadhawuhaké Yésus, nalika Panjenengané paring piwulang ana ing Padaleman Suci, sacedhaké panggonan caos pisungsung. Lan ora ana wong siji-sijia kang nyekel Panjenengané, amarga durung tumeka ing wektuné. 21 Yésus tumuli ngandika manèh marang wong golongan, "Aku iki bakal lunga, lan kowé bakal padha nggolèki Aku, nanging kowé bakal padha mati sajroning dosamu. Aku lunga menyang papan kang kowé padha ora bisa mrana." 22 Pangucapé wong-wong Yahudi, "Apa panjenengané iku arep ngendhat, déné kagungan pangucap: Ing ngendi paranku, kowé padha ora bisa mrana?" 23 Pangandikané Yésus, "Pinangkamu iku saka ngisor, Aku iki saka ngaluhur, pinangkamu saka ing donya iki, nanging Aku ora saka ing donya iki. 24 Mulané Aku mau pitutur marang kowé, menawa kowé bakal padha mati sajroning dosamu. Amarga menawa kowé padha ora ngandel yèn Aku iki Panjenengané, kowé bakal padha mati sajroning dosamu." 25 Pangucapé wong-wong mau, "Panjenengan punika sinten?" Yésus paring wangsulan, "Apa gunané rembugan manèh karo kowé kabèh? 26 Mungguh ing kowé, akèh prakara kang kudu dakdhawuhaké lan dakadili, nanging Panjenengané kang ngutus Aku iku bener, apa kang dakrungu saka Panjenengané, iku kang dakdhawuhaké marang jagat." 27 Wong-wong kang kadhawuhan iku ora mangerti menawa Panjenengané ngandikaké bab Sang Rama. 28 Mulané Yésus ngandika, "Bésuk samangsa kowé wus nyengkakaké Putraning Manungsa, nuli kowé lagi bakal padha mangerti yèn Aku iki Panjenengané, sarta ora nglakoni apa-apa saka karepku dhéwé, nanging apa kang dakwarahaké iku miturut kaya anggonku wis diwulang déning Ramaku. 29 Kang ngutus Aku iku nunggil karo Aku. Panjenengané ora marengaké Aku ijèn, awit Aku tansah nglakoni kang dadi karsané." 30 Bareng Yésus wus ngandika bab iku mau kabèh, wong akèh padha pracaya marang Panjenengané. 31 Yésus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi kang padha pracaya, dhawuhé, "Menawa kowé padha ngantepi pituturku, kowé sanyata padha dadi muridku, 32 sarta bakal padha ngerti kayektèn, lan kayektèn iku bakal mardikakaké kowé." 33 Wong-wong mau padha mangsuli, "Kula sami tedhak-turunipun Abraham, lan dèrèng naté ngawula dhateng sok tiyanga; kadospundi Panjenengan ngandika: Kowé bakal padha mardika?" 34 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Satemené Aku pitutur marang kowé: Saben wong kang nglakoni dosa iku dadi baturé dosa. 35 Anadéné batur iku pamanggoné ora tetep ana ing omah, nanging Putra iku pamanggoné tetep ana ing omah salawasé. 36 Kang iku menawa Kang Putra wus mardikakaké kowé, kowé iya padha mardika temenan." 37 "Aku mangerti menawa kowé iku tedhak-turuné Abraham, nanging kowé padha ngarah matèni Aku, awit pituturku ora olèh papan ana ing kowé. 38 Apa kang wis dakdeleng mungguh ing Ramaku, iya iku kang dakucapaké. Mangkono uga kowé, padha nglakoni apa kang kokrungu saka bapakmu." 39 Wong-wong Yahudi padha mangsuli, unjuké, "Rama kula punika Abraham." Pangandikané Yésus, "Menawa kowé padha dadi putrané Abraham, kowé mesthi padha nglakoni apa kang katindakaké déning Abraham. 40 Nanging kang koktindakaké yaiku ngarah matèni Aku, wong kang wus nglairaké kayektèn marang kowé, yaiku kayektèn kang wus dakrungu saka Allah; panggawé kang kaya mangkono iku ora katindakaké déning Abraham. 41 Kowé kabèh padha nglakoni paggawéné bapakmu dhéwé." Unjuké wong-wong mau, "Lair kula punika mboten saking bédhang. Kula sami gadhah Rama satunggal inggih punika Allah." 42 Pangandikané Yésus, "Menawa Allah iku Ramamu, kowé mesthi padha tresna marang Aku, awit Aku mijil saka ing Allah, saiki Aku ana ing kéné. Apa manèh tekaku iku ora saka karepku dhéwé, nanging saka Panjenengané kang ngutus Aku. 43 Sabab apa kowé padha ora mangerti tembungku? Iku awit kowé padha ora bisa nyandhak pituturku. 44 Kowé mijil saka bapakmu, yaiku Iblis, lan kowé padha seneng nglakoni kekarepané bapakmu iku. Mangka iku tukang matèni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora urip sajroning kayektèn, awit kayektèn iku ora dumunung ing bapakmu. Samangsa ngucapaké goroh, pangucapé iku saka awaké dhéwé, amarga pancèn iku tukang goroh lan bapakné sakèhing goroh. 45 Nanging sarèhné Aku iki mituturaké kayektèn marang kowé, kowé padha ora ngandel marang Aku. 46 Sapa panunggalanmu kang mbuktèkaké menawa Aku tumindak dosa? Menawa Aku ngandhakaké kayektèn, sabab apa kowé ora pracaya marang Aku? 47 Sapa baé kang mijil saka Allah, iku mesthi ngrungokaké pangandikané Allah; kowé iku padha ora ngrungokaké, awit kowé ora mijil saka Allah." 48 Wong-wong Yahudi padha mangsuli, aturé, "Rak ya bener ta kandhaku, yèn kowé iku wong Samaria kang kepanjingan sétan?" 49 Yésus paring wangsulan, "Aku ora kapanjingan dhemit, nanging Aku ngluhuraké Ramaku sarta kowé padha ora ngajèni Aku. 50 Nanging Aku ora ngudi marang kaluhuranku: Ana siji kang ngupaya lan Panjenengané iku uga kang ngadili. 51 Satemené Aku pitutur marang kowé: Sapa kang netepi ing pituturku iku ora bakal ngalami mati ing salawas-lawasé." 52 Pangucapé wong-wong Yahudi, "Saiki aku padha mangerti yèn Kowé iku kapanjingan sétan. Sabab Abraham wus séda, mangkono uga para nabi, mangka Kowé iku duwé pangucap: Sapa baé kang netepi ing pituturku, bakal ora ngalami mati ing salawas-lawasé. 53 Kowé apa ngungkuli leluhurku Abraham kang wus séda! Para nabi iya wus padha séda; Kowé iku ngaku-aku sapa, ta?" 54 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Menawa Aku ngluhuraké awakku dhéwé, kaluhuranku iku ora ana gunané sathithik-thithika. Ramaku iku kang ngluhuraké Aku, iya Panjenengané iku kang koksebut Allahmu. 55 Mangka kowé padha ora wanuh marang Panjenengané, nanging Aku wanuh marang Panjenengané. Saupama Aku muni yèn ora wanuh, Aku dadi wong goroh padha kaya kowé. Nanging Aku wanuh marang Panjenengané, sarta netepi pangandikané. 56 Abraham leluhurmu rena panggalihé déné bakal nguningani dinaku, lan iya wis nguningani sarta ndadèkaké bingahé." 57 Pangucapé wong-wong Yahudi sabanjuré, "Umurmu durung nganti sèket taun, kepriyé anggonmu wis weruh Abraham?" 58 Paring wangsulané Yésus, "Satemen-temené Aku pitutur marang kowé: Sadurungé Abraham ana, Aku wis ana." 59 Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengané; nanging Panjenengané ngilang, sarta nilar Padaleman Suci.
1 Nalika Yésus langkung, Panjenengané pirsa wong kang wuta wiwit lair mula. 2 Para sakabaté banjur munjuk pitakon marang Panjenengané, "Rabbi, sinten ingkang damel dosa, tiyang punika piyambak punapa tiyang-sepuhipun, déné ngantos lairipun wuta makaten?" 3 Paring wangsulané Yésus, "Dudu wong iki, lan iya dudu wong-tuwané, nanging iku supaya pakaryan-pakaryané Allah kababara ana ing wong iku. 4 Aku lan kowé kabèh kudu padha nindakaké ayahané Panjenengané kang ngutus Aku, mumpung isih awan. Ana mangsané bengi lan ora ana wong kang bisa nglakoni pagawéan. 5 Sasuwéné Aku ana ing donya, Aku iki pepadhangé jagat." 6 Sawusé ngandika mangkono iku, Panjenengané banjur kecoh ing lemah, lan nggawé luluhan nganggo kecoh lan lemah mau, tumuli dilèlètaké ing mripaté wong wuta iku. 7 Panjenengané banjur ngandika, "Lungaa, adusa menyang blumbang padusan ing Siloam." Siloam tegesé "Kang diutus". Wong wuta iku nuli mangkat lan adus; banjur bali manèh lan wus bisa ndeleng. 8 Nanging tangga-tanggané lan wong-wong kang mauné weruh anggoné papriman banjur padha ngucap, "Apa wong iku dudu kang adaté papriman?" 9 Ana kang mangsuli, "Bener, iya iku wongé." Ana manèh kang ngucap, "Dudu, mung madha rupa baé." Wong iku dhéwé banjur ngucap, "Leres, inggih kula punika tiyangipun." 10 Wong-wong banjur padha takon, "Kepriyé mripatmu bisané melèk?" 11 Wangsulané, "Tiyang ingkang namanipun Yésus damel luluhan siti, lajeng dipun lèlètaken ing mripat kula; kula tumunten dipun dhawuhi: Lungaa menyang Siloam, adusa! Kula lajeng mangkat, lan sasampunipun adus tumunten saged ningali punika." 12 Wong-wong mau takon manèh, "Wong iku saiki ana ngendi?" Wangsulané, "Kula mboten sumerep." 13 Wong kang mauné wuta mau banjur padha kairid ngadhep para Farisi. 14 Anadéné anggoné Yésus damel luluhan lemah lan ngelèkaké mripaté wong wuta mau pinuju dina Sabat. 15 Mulané, para Farisi tumuli ndangu marang wong mau, kepriyé bisané melèk. Wangsulané, "Piyambakipun nglèlètaken luluhan siti ing mripat kula, kula lajeng adus, samangké kula saged ningali." 16 Sawenèhing para Farisi mau ana kang ngucap, "Wong iku ora saka ing Allah, awit ora netepi pranatan dina Sabat." Liyané manèh ana kang ngucap, "Wong kang nandhang dosa kepriyé bisané gawé mukjijat kang kaya mangkono iku?" Temahan padha diya-diniya. 17 Para Farisi banjur ndangu manèh marang wong kang mauné wuta iku, "Panganggepmu marang wong iku kepriyé, rèhné kowé kang dielèkaké mripatmu?" Aturé kang kadangu, "Panjenenganipun punika nabi." 18 Nanging wong-wong Yahudi padha ora ngandel yèn wong iku mauné wuta lan lagi baé bisa ndeleng, nganti padha nimbali wong tuwané, 19 sarta kadangu, "Apa iki anakmu kang kokkandhakaké yèn wuta wiwit lair mula? Yèn mangkono kepriyé déné saiki anakmu bisa ndeleng?" 20 Wangsulané wong tuwané mau, "Ingkang sami kula mangertosi, bilih punika anak kula, saha wuta wiwit lair mila, 21 nanging kadospundi déné sapunika saged ningali, kula sami mboten mangertos, sarta sinten ingkang ngelèkaken mripatipun, kula ugi sami mboten mangertos. Anak kula sampun diwasa, panjenengan dangu piyambak, piyambakipun badhé saged ngaturaken kawontenaning badanipun piyambak." 22 Aturé wong tuwané kang kaya mangkono iku awit padha wedi marang wong Yahudi, marga wong Yahudi wis padha sarujuk, yèn saben wong kang ngakoni Panjenengané iku Kristus, bakal disébrataké saka papan pangibadah. 23 Mulané wong tuwané mau matur, "Piyambakipun sampun diwasa, kula aturi ndangu piyambak." 24 Wong-wong mau banjur padha nimbali sepisan manèh marang wong kang mauné wuta iku, sarta dipituturi, "Kowé ngurmatana Allah; aku padha mangerti yèn wong iku wong dosa." 25 Wangsulané wong mau, "Tiyang punika punapa tiyang dosa, kula mboten mangertos; nanging satunggal prakawis ingkang kula mangertosi, kula suwaunipun wuta lan sapunika saged ningali." 26 Pitakoné manèh, "Kowé dikapakaké? Kepriyé anggoné ngelèkaké mripatmu?" 27 Wangsulané wong mau, "Kula sampun matur dhateng panjenengan lan panjenengan mboten midhangetaken; punapaa déné panjenengan badhé midhangetaken malih? Punapa panjenengan inggih kepéngin dados muridipun?" 28 Wong mau nuli dipisuhi, pangucapé, "Kowé iku muridé, nanging aku kabèh iki murid-muridé Musa. 29 Aku padha mangerti yèn Allah wis ndhawuhaké pangandika marang Musa, nanging mungguh Wong kaé aku padha ora weruh pinangkané." 30 Wong mau tumuli mangsuli, "Lah, punika rak anèh, déné panjenengan malah sami mboten mangertos pinangkanipun, mangka Panjenenganipun sampun ngelèkaken mripat kula. 31 Kula sami sumerep, bilih Allah punika mboten midhangetaken dhateng tiyang dosa, nanging nyembadani tiyang-tiyang mursid sarta ingkang nglampahi karsanipun. 32 Wiwit rumiyin ngantos samangké dèrèng naté kepireng bilih wonten tiyang ingkang saged ngelèkaken mripatipun tiyang ingkang wuta lair mila. 33 Manawi tiyang punika mboten saking Allah, Panjenenganipun mboten saged nindakaken punapa-punapa." 34 Wangsulané wong-wong iku, "Kowé iku kalairaké sajroning dosa babar pisan, kok arep mulang aku?" Wong iku katundhung metu. 35 Yésus midhanget menawa wong kang mauné wuta mau wis katundhung. Bareng Panjenengané mrangguli wong mau banjur dipangandikani, "Apa kowé pracaya marang Putraning Manungsa?" 36 Atur wangsulané, "Panjenenganipun punika sinten, Gusti, supados kawula pitados dhateng Panjenenganipun?" 37 Pangandikané Yésus, "Kowé ora mung weruh Panjenengané baé, nanging Panjenengané kang lagi ngandikan karo kowé, yaiku Panjenengané." 38 Unjuké wong mau, "Kawula pitados, Gusti." Wong mau banjur sungkem sujud marang Panjenengané. 39 Pangandikané Yésus, "Tekaku ing jagat iki arep ngadili, supaya sing sapa ora ndeleng padha bisa ndeleng, lan sing sapa ndeleng padha dadia wuta." 40 Pangandika iku kaprungu déning para Farisi sawatara kang lagi ana ing kono, wong-wong iku tumuli munjuk, "Kula punika punapa inggih sami wuta?" 41 Yésus paring wangsulan marang wong-wong mau, "Saupama kowé wuta, kowé padha ora duwé dosa. Nanging sarèhné kowé padha kandha: Aku padha ndeleng, dadi tetep dosamu."
1 "Satemené Aku pitutur marang kowé: Sapa kang mlebu kandhang wedhus ora metu lawang, nanging mènèk témbok, iku maling lan rampog; 2 nanging sapa kang lumebuné liwat lawang, iku pangoné wedhus. 3 Pangon iku kang diwengani déning kang tunggu lawang sarta wedhus-wedhusé padha nilingaké swarané, lan tumuli diundangi manut jenengé dhéwé-dhéwé sarta banjur digiring metu. 4 Menawa wedhusé kabèh iku wus digiring metu, pangoné lumaku ing ngarep lan wedhusé padha ngetut-buri, marga wedhus-wedhus mau padha nitèni swarané. 5 Nanging wong liya mesthi ora ditut-buri, malah ditinggal mlayu, marga wedhus-wedhus iku ora padha wanuh marang swarané wong-wong liyané." 6 Pasemon iku dingandikakaké déning Yésus marang wong-wong mau, nanging padha ora mangerti tegesé pangandika iku. 7 Yésus tumuli ngandika manèh, "Satemené Aku pitutur marang kowé: Iya Aku iki lawangé wedhus-wedhus iku. 8 Sakèhing wong kang tekané sadurungé Aku, iku maling lan rampog, lan wedhus-wedhus iku padha ora ngrungokaké marang wong-wong iku. 9 Aku iki lawangé; sapa kang mlebuné metu ing Aku, iku bakal kaslametaké, sarta bakal mlebu lan metu, apadéné bakal nemu pangonan. 10 Maling iku tekané mung arep nyolong lan matèni sarta nyirnakaké; Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwé urip, lan uripé iku kanthi kalubéran. 11 Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohaké nyawané kanggo wedhus-wedhusé, 12 nanging wong opahan kang dudu pangon, sarta dudu kang duwé wedhus-wedhus iku dhéwé, samasa weruh ana asu ajag teka, wedhusé ditinggal mlayu, temah asu ajag iku nubruki lan mbuyaraké wedhusé. 13 Anggoné lumayu iku jalaran mung wong opahan, lan ora gumati marang wedhus-wedhusé iku. 14 Aku iki pangon kang utama lan Aku nitèni wedhus-wedhusku lan wedhus-wedhusku padha wanuh marang Aku 15 kayadéné Sang Rama anggoné tepang marang Aku sarta Aku wanuh marang Sang Rama, sarta Aku ngetohaké nyawaku kanggo wedhus-wedhusku. 16 Aku isih duwé wedhus liyané manèh, kang ora saka ing kandhang kéné; wedhus-wedhus iku iya kudu dakgiring uga, lan bakal padha ngrungokaké swaraku sarta bakal dadi pepanthan siji, lan pangon siji. 17 Sang Rama ngasihi Aku, jalaran Aku ngulungaké nyawaku supaya daktampani manèh. 18 Ora ana wong sijia baé kang ngrebut nyawaku, nanging dakulungaké miturut karepku dhéwé. Aku kwasa ngulungaké, lan kwasa ngukup manèh. Dhawuh iki kang daktampa saka Ramaku." 19 Marga saka pangandika kang mangkono iku nuli tuwuh pasulayan manèh ing antarané wong-wong Yahudi. Akèh panunggalane' kang ngucap, mangkéné, 20 "Wong iku kapanjingan dhemit sarta ora waras; yagéné padha kokrungokaké?" 21 Wong liyané ngucap, "Iku rak dudu tembungé wong kang kapanjingan dhemit; apa dhemit bisa ngelèkaké mripaté wong-wong wuta?" 22 Ora antara lawas, ana riyaya pèngetan adeging Padaleman Suci ing Yérusalèm; nalika samana mbeneri mangsa bedhidhing. 23 Yésus lagi tindak-tindak ana ing Padaleman Suci, ing bangsal Salomo. 24 Wong-wong Yahudi banjur padha ngrubung Panjenengané lan padha munjuk, "Ngantos pinten dangunipun anggèn Panjenengan damel mangu-manguning manah kula? Manawi Panjenengan punika Kristus, mugi Panjenengan blakakaken dhateng kula sadaya." 25 Paring wangsulané Yésus, "Kowé wus padha dakkandhani nanging padha ora pracaya; panggawé kang daklakoni atas asmané Ramaku, iku kang padha neksèni mungguh ing Aku, 26 nanging kowé padha ora pracaya, amarga kowé dudu panunggalané wedhus-wedhusku. 27 Wedhus-wedhusku padha nilingaké swaraku, sarta Aku wanuh marang wedhus-wedhusku lan wedhus-wedhusku padha ngetut-buri Aku, 28 apadéné padha dakwènèhi urip langgeng, lan wedhus-wedhusku mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawasé lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka tanganku. 29 Ramaku kang maringaké wedhus-wedhus iki marang Aku, Panjenengané iku ngungkuli samubarang kabèh, lan ora ana wong kang bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka astané Ramaku. 30 Aku lan Ramaku iku siji." 31 Wong Yahudi tumuli njupuki watu manèh, arep kanggo mbenturi Panjenengané. 32 Pangandikané Yésus marang wong-wong mau, "Akèh panggawé becik kang saka Ramaku kang daktuduhaké marang kowé. Panggawé iku mau endi kang njalari kowé arep padha mbenturi Aku nganggo watu?" 33 Wangsulané wong-wong Yahudi, "Anggonku arep mbenturi kowé iku ora marga panggawé kang becik, nanging marga anggonmu nyenyamah marang Allah, iya iku amarga kowé iku manungsa kok ndadèkaké awakmu iku Allah." 34 Yésus paring wangsulan, "Apa ora katulis ing Kitab Torètmu, mangkéné: Ingsun wus ngandika: Sira kabèh iku allah. 35 Menawa wong kang padha kadhawuhan pangandikané Allah iku diarani allah -- mangka Kitab Suci iku ora kena dibatalaké -- 36 apa kowé isih kandha karo Panjenengané kang sinucèkaké déning Sang Rama sarta kang wus kautus menyang jagat iku: Kowé nyenyamah Allah! Amarga Aku wus ngandika: Aku iki Putraning Allah? 37 Saupama Aku ora nglakoni pakaryané Ramaku, kowé aja pracaya marang Aku. 38 Nanging menawa Aku nglakoni iku mau, mangka kowé padha ora gelem pracaya marang Aku, padha pracayaa marang pakaryan-pakaryan iku supaya kowé padha sumurup lan mangerti yèn Sang Rama iku ana ing Aku lan Aku ana ing Ramaku." 39 Sepisan manèh wong-wong mau padha arep nyekel Panjenengané, nanging Panjenengané luput saka tangané wong-wong mau. 40 Yésus tumuli tindak manèh menyang sabrangé Yordan, ing panggonané Yohanes biyèn mbaptisi, banjur lereb ana ing kono. 41 Lan akèh wong kang sowan marang ngarsané sarta padha ngucap, "Yohanes pancèn ora damel pratandha apa-apa, nanging kabèh kang dingandikakaké déning Yohanes mungguh wong iki, iku nyata." 42 Lan akèh wong ing kono padha pracaya marang Panjenengané.
1 Nuli ana wong kang lagi lara, jenengé Lazarus, manggoné ing Bétania, ing désané Maria lan Marta, saduluré wadon. 2 Maria iku wong wadon kang wus tau njebadi sampéyané Gusti kalawan lenga wangi, sarta banjur diusapi nganggo rambuté. 3 Anadéné Lazarus kang lagi lara iku saduluré. Wong wadon loro iku banjur padha kongkonan munjuk marang Panjenengané, mangkéné, "Gusti, tiyang ingkang Panjenengan tresnani punika sakit." 4 Yésus bareng midhanget pawarta iku, Panjenengané banjur ngandika, "Larané iku ora ndadèkaké patiné, nanging bakal mbabaraké kaluhuraning Allah, awit marga saka larané iku Putraning Allah bakal kaluhuraké." 5 Yésus pancèn nresnani Marta sarta mbakyuné tuwin Lazarus. 6 Nanging sawisé midhanget yèn Lazarus lara, Panjenengané njarag kèndel rong dina manèh ana ing palerebané iku. 7 Sawisé mangkono Panjenengané banjur ngandika marang para sakabaté, "Payo padha bali menyang Yudéa manèh." 8 Unjuké para sakabat, "Rabbi, nembé kémawon tiyang-tiyang Yahudi sami nyobi mbenturi Panjenengan mawi séla, punapa Panjenengan taksih ngersakaken tindak mrika malih?" 9 Paring wangsulané Yésus, "Sadina iku apa ora rolas jam? Sapa kang lumaku ing wayah awan, sikilé ora kesandhung, amarga ndeleng padhangé jagat iki. 10 Nanging menawa wong mlaku ing wayah bengi, sikilé kesandhung, amarga ora kadunungan pepadhang." 11 Mangkono pangandikané, tumuli disambeti manèh, "Lazarus sadulur kita lagi turu, déné anggonku mrana prelu arep nggugah anggoné turu." 12 Para sakabaté banjur munjuk, "Gusti manawi piyambakipun tilem, badhé saras." 13 Nanging karsané Yésus turu kang ateges mati, mangka panyanané para sakabat kang kapangandikakaké turu iku turu salumrahé. 14 Marga saka iku Yésus nuli ngandika sabarèsé, "Lazarus wus mati; 15 nanging sokur déné nalika iku Aku ora ana ing kana, kang mangkono iku luwih becik tumrap kowé, supaya kowé padha bisa sinau pracaya. Payo, saiki kita padha mrana." 16 Tomas, kang karan Didimus, banjur kandha marang kanca-kancané para sakabat, "Payo, kita padha béla pati marang Panjenengané." 17 Sarawuhé Yésus, Lazarus tinemu wus dikubur patang dina. 18 Désa Bétania iku dunungé cedhak karo Yérusalèm, dohé watara rong mil. 19 Ing kono sakèhing wong Yahudi wus padha teka ing omahé Marta lan Maria prelu nglipur anggoné kesripahan saduluré. 20 Nalika Marta krungu yèn Yésus rawuh, nuli menyat methukaké, nanging Maria kari ana ing omah. 21 Marta banjur munjuk marang Yésus, "Gusti, manawi Panjenengan wonten ing ngriki, sadhèrèk kula tamtu mboten pejah. 22 Nanging sapunika ugi kula mangertos, bilih punapa ingkang Panjenengan suwun dhumateng Allah, tamtu badhé dipun sembadani." 23 Pangandikané Yésus, "Sadulurmu bakal tangi." 24 Unjuké Marta, "Kula inggih mangertos bilih piyambakipun badhé tangi bénjing ing dinten patangèn, ing wekasaning jaman." 25 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Aku iki patangèn lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati. 26 Lan saben wong kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing salawas-lawasé. Apa kowé pracaya marang iku?" 27 Unjuké Marta, "Inggih Gusti, kula pitados bilih Panjenengan punika Kristus, Putranipun Allah, ingkang badhé rawuh ing jagat." 28 Sawusé munjuk mangkono, wong wadon iku banjur lunga ngundang Maria saduluré, lan mbisiki mangkéné, "Guru wus rawuh, nimbali kowé." 29 Maria bareng krungu banjur mak nyat ngadeg marani Yésus. 30 Nalika iku Yésus durung lumebet ing désa, isih ana ing papan nalika Marta methuk Panjenengané. 31 Nalika wong-wong Yahudi kang padha ana ing omahé Maria prelu nglipur, weruh Maria mak nyat ngadeg sarta metu, nuli padha ngetutaké, dikira yèn Maria arep menyang kuburan lan nangis ana ing kono. 32 Satekané Maria ing panggonané Yésus, bareng weruh marang Panjenengané, banjur nyungkemi sampéyané sarta munjuk, "Gusti, saupami Panjenengan wonten ing ngriki, sadhèrèk kula mesthi mboten pejah." 33 Bareng Yésus pirsa Maria nangis, mangkono uga wong-wong Yahudi kang padha ngetutaké, satemah Panjenengané sungkawa ing panggalih. Panjenengané trenyuh banget lan tumuli ngandika, 34 "Anggonmu ngubur ana ing ngendi?" Kang kadangu banjur munjuk, "Gusti, sumangga kula aturi mirsani!" 35 Yésus nuli muwun. 36 Pangucapé wong-wong Yahudi, "Delengen, semono anggoné ngasihi!" 37 Nanging ana sawenèh kang muni, "Panjenengané kang wus ngelèkaké mripaté wong wuta, apa iya ora bisa murungaké patiné wong iki?" 38 Yésus tumuli sungkawa manèh ing panggalih, banjur nyelaki kuburan. Kubur iku awujud guwa katutupan ing watu. 39 Pangandikané Yésus, "Watuné singkirna!" Marta, saduluré kang ngajal mau, munjuk, "Gusti, sampun mambet, amargi anggènipun tilar sampun sekawan dinten." 40 Pangandikané Yésus, "Apa Aku ora wus pitutur marang kowé: Angger kowé pracaya, kowé bakal weruh kamulyaning Allah?" 41 Watuné tumuli disingkiraké. Yésus banjur tumenga sarta matur, "Dhuh Rama, Kawula saos sokur dhumateng Paduka, déné Paduka sampun miyarsakaken Kawula. 42 Kawula sumerep, bilih Paduka tansah miyarsakaken Kawula, nanging amargi tiyang kathah punika sami ngrubung Kawula, Kawula munjuk makaten supados tiyang kathah punika sami pitados bilih Paduka ingkang ngutus Kawula." 43 Sawusé matur mangkono, Panjenengané nuli nguwuh kalawan swara sora, "Lazarus, metua!" 44 Wong kang mati banjur metu, tangan lan sikilé isih kablebed ing ules, lan rainé katutupan kacu. Pangandikané Yésus, "Uculana ulesé, karebèn lunga!" 45 Akèh saka antarané wong-wong Yahudi kang padha layad menyang omahé Maria lan padha nyumurupi dhéwé apa kang katindakaké Yésus, dadi pracaya marang Panjenengané. 46 Nanging ana kang nemoni para Farisi lan nyaritakaké apa kang wus katindakaké Yésus iku. 47 Para pangarepé imam lan para Farisi padha ngaturi marepat pradataning agama, banjur padha rembugan mangkéné, "Punapa ingkang kedah kita tindakaken, jalaran Tiyang punika damel mukjijat kathah? 48 Manawi piyambakipun kita etogaken, sadaya tiyang sami badhé pitados dhateng Piyambakipun, sarta tiyang-tiyang Roma badhé dhateng lajeng ngrebat papan suci kita dalah bangsa kita." 49 Nanging ana panunggalané, yaiku Kayafas, kang jumeneng Imam Agung ing taun iku, banjur ngandika, "Panjenengan sami mboten mangertos punapa-punapa, 50 lan sami mboten nggalih bilih langkung maédahi tumrap panjenengan, manawi wonten tiyang satunggal pejah kanggé bangsa kita, katimbang tiyang sabangsa sadaya tiwas." 51 Prakara iku dingandikakaké ora saka panjenengané piyambak, nanging marga jumeneng Imam Agung ing taun iku, panjenengané medhar pameca, yèn Yésus bakal nglampahi séda kanggo bangsa iku, 52 lan ora mung kanggo bangsa iku baé, nanging uga supaya ngempalaké sarta nunggilaké para putraning Allah kang pating slebar. 53 Wiwit ing dina iku wong-wong mau padha sarujuk bakal nyédani Panjenengané. 54 Marga saka iku Yésus wus ora ngedhèng manèh ana ing antarané wong-wong Yahudi, nanging Panjenengané banjur tindak saka ing kono menyang laladan sacedhaké pasamunan nuju menyang kutha kang aran Éfraim, banjur lereb ana ing kono karo para sakabaté. 55 Nalika samana riyaya Paskahé wong Yahudi wus cedhak, lan wong akèh saka laladan kono padha menyang Yérusalèm, arep padha sesuci sadurungé Paskah iku. 56 Wong-wong mau padha nggolèki Yésus, sarta kalawan ngadeg ana ing Padaleman Suci, padha sapocapan, "Pandugamu kepriyé, apa kirané Wong iku iya bakal nekani riyaya?" 57 Anadéné para pangarepé imam lan para Farisi wus padha ndhawuhaké préntah, supaya saben wong kang weruh padunungané, nuli ngaturana uninga murih kena kacepeng.
1 Nem dina sadurungé riyaya Paskah, Yésus rawuh ing Bétania panggonané Lazarus kang wus katangèkaké saka ing antarané wong mati. 2 Ana ing kono Panjenengané disegah dhahar lan Marta ngladosi, déné Lazarus iya ndhèrèk kembul dhahar karo Yésus. 3 Maria banjur njupuk lenga wangi nared tulèn satengah liter kang larang regané, banjur dijebadaké ing sampéyané Yésus, nuli diusapi nganggo rambuté; lan gandané lenga kang kajebadaké mau ngebaki saomah kabèh. 4 Nanging sakabaté Yésus kang aran Yudas Iskariot, kang bakal ngulungaké Panjenengané, banjur ngucap, 5 "Yagéné lenga nared iku ora diedol telung atus dinar, banjur didanakaké marang para wong miskin?" 6 Pangucapé kang mangkono iku ora amarga saka anggoné nggatèkaké nasibé wong-wong miskin, nanging amarga iku gawéné nyolong, kerep nylingkuhaké dhuwit kang dadi rereksané. 7 Yésus tumuli ngandika, "Etogna baé Maria tumindak mangkono, iku pacawisan kanggo dinané anggonku kakubur. 8 Awit wong-wong miskin iku salawasé tansah ana ing antaramu, nanging Aku ora salawasé ana ing antaramu." 9 Akèh wong Yahudi kang padha krungu warta, menawa Yésus ana ing kono, banjur padha teka ora mung marga saka Yésus baé, nanging uga padha arep ndeleng Lazarus, kang wus katangèkaké saka ing antarané wong mati. 10 Para pangarepé imam tumuli padha rerembugan, sumedya matèni Lazarus pisan, 11 sabab marga saka wong iku akèh wong Yahudi kang padha nyingkur para pangarepé imam, sarta pracaya marang Yésus. 12 Ésuké bareng wong akèh kang padha teka mahargya riyaya krungu pawarta, menawa Yésus isih ana ing dalan arep tindak menyang Yérusalèm, 13 wong-wong iku banjur padha njupuk godhong-godhong palem, nuli metu padha methukaké Panjenengané, kambi surak-surak, "Hosana! Pinujia lan binerkahana Panjenenganipun ingkang rawuh atas asmanipun Pangéran, Rajanipun Israèl!" 14 Yésus manggih kuldi isih belo, nuli dititihi, kaya kang katulis, mangkéné, 15 "Hé, putri Sion, sira aja wedi, lah, tontonen Rajanira rawuh, nitih beloné kuldi." 16 Ing wiwitan para sakabaté Yésus ora mangerti marang prakara iku, nanging sawusé Yésus kaluhuraké, lagi padha kèlingan, yèn kang katulis iku kagem Panjenengané lan kang wus katindakaké iku uga kagem Panjenengané. 17 Wong akèh kang padha ndhèrèkaké Panjenengané nalika nimbali Lazarus metu saka ing kubur lan nangèkaké saka ing antarané wong mati, padha neksèni bab Panjenengané. 18 Mulané Panjenengané dipethuk déning wong akèh iku, marga padha krungu pawarta, menawa Panjenengané kang nindakaké mukjijat iku. 19 Para Farisi banjur padha rerasanan, "Kowé wus padha weruh dhéwé, yèn kowé padha ora olèh gawé babar pisan; delengen, wong sajagat kabèh padha ngetut-buri wong iku." 20 Ing antarané wong-wong kang padha nekani riyaya arep ngabekti iku, ana wong Yunani sawatara. 21 Wong-wong iku padha marani Filipus, kang saka Bètsaida, wilayah Galiléa, padha kandha, "Sadhèrèk, kula sami kepéngin badhé sowan manggihi Yésus." 22 Filipus nuli lunga ngandhani Andréas; Andréas lan Filipus banjur padha munjuk marang Yésus. 23 Nanging Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Wus tekan wektuné Putrané Manungsa kaluhuraké. 24 Satemené Aku pitutur marang kowé: Menawa wiji gandum ora tumiba ing lemah, lan mati, tetep saelas baé; nanging menawa wiji iku mati, bakal ngetokaké woh akèh. 25 Sing sapa nresnani nyawané, iku bakal kélangan nyawané, nanging sing sapa ora nresnani nyawané ana ing donya iki, iku kang bakal ngrumati nyawané kanggo urip kang langgeng. 26 Sing sapa leladi marang Aku, iku ngetut-buria Aku lan ing ngendi padununganku, paladosanku ana ing kono uga. Sing sapa leladi marang Aku, iku bakal diajèni déning Sang Rama. 27 Saiki nyawaku trenyuh, lan Aku bakal matur apa? Rama, Paduka mugi ngluwari Kawula saking kawontenan punika? Ora, awit iya iku preluné anggonku teka ing wektu iki. 28 Rama, Paduka mugi ngluhuraken asma Paduka!" Tumuli ana swara saka swarga, "Ingsun wus ngluhuraké, lan Ingsun bakal ngluhuraké manèh!" 29 Wong akèh kang padha ngadeg ana ing kono lan krungu swara mau padha ngarani, yèn iku mau swaraning gludhug. Sawenèh ana kang ngucap, "Iku malaékat kang imbal pangandika karo Panjenengané." 30 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Swara mau kaprungu ora marga saka Aku, nanging marga saka kowé. 31 Samengko ana pangadilan ing ngatasé jagat iki: Samengko uga panggedhéné jagat iki bakal kabuwang metu; 32 déné Aku, samangsa wus kasengkakaké saka ing bumi, Aku bakal nggèndèng sakèhing wong supaya padha marek marang Aku." 33 Pangandikané kang mangkono iku kanggo mratélakaké patrap bakal sédané. 34 Wong akèh tumuli padha mangsuli, "Pamireng kula saking angger-anggering Torèt, bilih Mésias punika badhé tetep gesang ing salami-laminipun; kadospundi déné Panjenengan ngandika, bilih Putraning Manungsa kedah kasengkakaken? Menggah Putranipun Manungsa punika sinten?" 35 Yésus nuli ngandika, "Mung kari sadhéla manèh pepadhang iku ana ing antaramu. Sasuwéné pepadhang iku ana ing kowé, padha lumakua, supaya pepeteng iku aja nganti nglimputi kowé; sing sapa lumaku ana ing pepeteng, iku ora weruh menyang ngendi parané. 36 Sasuwéné pepadhang iku ana ing antaramu, padha pracayaa marang pepadhang iku, supaya kowé padha dadi putraning pepadhang." Sawusé ngandika mangkono, Yésus tumuli tindak sesingidan. 37 Sanadyan Yésus wus nindakaké mukjijat samono akèhé ana ing ngarepé wong-wong iku, éwadéné padha ora pracaya marang Panjenengané, 38 supaya kayektènana pamedhar wangsité Nabi Yésaya, mangkéné, "Gusti, sinten ingkang pitados dhateng pawartos kawula? Punapa déné sinten ingkang kawedharan asta pangwaosing Pangéran?" 39 Marga saka iku wong-wong padha ora pracaya, jalaran Yésaya wus ngandika uga, mangkéné, 40 "Panjenengané wus micakaké mripaté lan mangkotaké atiné, supaya aja padha nganti ndeleng sarana mripaté, lan mangerti sarana atiné, satemah padha mratobat sarta sunwarasaké." 41 Bab iki dingandikakaké déning Yésaya, amarga wus ningali kamulyané sarta wis ngandikakaké bab Panjenengané. 42 Ewadéné, akèh uga ing antarané para pangarep kang padha pracaya marang Yésus, nanging marga saka para Farisi, pracayané mau ora kanthi blak-blakan, supaya aja nganti padha disébrataké. 43 Awitdéné padha luwih seneng marang kaurmatan kang saka manungsa katimbang karo kaurmatan kang saka Allah. 44 Nanging Yésus banjur nywanten sora, pangandikané, "Sing sapa pracaya marang Aku, iku ora pracaya marang Aku, nanging pracaya marang Panjenengané kang ngutus Aku. 45 Sarta sing sapa ndeleng Aku, iku ndeleng Panjenengané kang ngutus Aku. 46 Aku wus teka ing jagat dadi pepadhang, supaya saben wong kang pracaya marang Aku, aja tetep ana ing pepeteng. 47 Lan menawa wong ngrungokaké pitembunganku, nanging ora nindakaké, Aku ora dadi hakimé, awitdéné tekaku iki ora supaya ngadili jagat, nanging supaya nylametaké. 48 Sing sapa nampik Aku, lan ora nampani pitembunganku, iku wus ana kang ngadili, yaiku pangandika kang wus dakwedharaké, iku kang bakal ngadili bésuk ing dina wekasan. 49 Awit Aku paring pangandika iku ora saka Aku dhéwé, nanging saka Rama kang ngutus Aku; Panjenengané iku kang paring dhawuh marang Aku, supaya ngandhakaké apa kang kudu dakkandhakaké lan kang dakpréntahaké. 50 Lan Aku mangerti, yèn dhawuhé iku urip kang langgeng. Dadiné apa kang dakkandhakaké iku anggonku nglairaké kaya kang kadhawuhaké déning Sang Rama marang Aku."
1 Nalika ngarepaké dina riyaya Paskah, Yésus wis pirsa, menawa wis tekan ing titi-mangsa anggoné bakal jengkar saka ing donya iki sowan marang ngarsané Sang Rama. Padha kayadéné Panjenengané anggoné tansah ngasihi marang para kagungané kang ana ing donya, mangkono uga saiki Panjenengané anggoné ngasihi iku nganti tumeka ing wekasané. 2 Nalika padha kembul dhahar, Iblis wis mbisikaké pangrantam ing atiné Yudas Iskariot, anaké Simon, supaya nyidrani Panjenengané. 3 Yésus pirsa, menawa Sang Rama wis masrahaké samubarang kabèh marang Panjenengané sarta menawa Panjenengané iku pinangkané saka ing Allah lan wangsul marang Allah. 4 Yésus banjur jumeneng sarta lukar pangagemané. Panjenengané mundhut lawon banjur diubetaké ing sarirané, 5 tumuli ngesokaké banyu ing wadhah, sarta wiwit mijiki sikilé para sakabaté lan diulapi sarana lawon kang kaubetaké ing sarirané mau. 6 Bareng tekan gilirané Simon Pétrus. Pétrus nuli munjuk, "Gusti, Paduka badhé mijiki suku kawula?" 7 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Apa kang daktindakaké, saiki kowé durung nyandhak maknané, nanging bésuk kowé bakal mangerti." 8 Pétrus munjuk marang Panjenengané, "Paduka sampun ngantos mijiki suku kawula ing salami-laminipun." Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Menawa Aku ora mijiki kowé, kowé ora duwé panduman ana ing Aku." 9 Unjuké Simon Pétrus marang Panjenengané, "Gusti, sampun ngamungaken suku kawula kémawon, nanging dalah tangan saha sirah kawula pisan." 10 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Sapa baé kang wis adus, ora susah adus manèh, kajaba mung wisuh sikilé baé, awit badané sakojur wis resik. Mangkono uga kowé iku wis resik, mung baé ora kabèh." 11 Awit Panjenengané pirsa sapa kang bakal ngulungaké Panjenengané. Marga saka iku Panjenengané ngandika, "Kowé iku ora kabèh resik." 12 Sawusé mijiki sikilé para sakabat mau, Panjenengané ngagem agemané manèh banjur mapan lenggah sarta ngandika, "Apa kowé padha mangerti maknané panggawéku marang kowé iki mau? 13 Kowé padha nyebut Aku Guru lan Gusti, lan panyebutmu iku bener, awit Aku iki pancèn Guru lan Gusti. 14 Dadi menawa Aku iki kang dadi Gusti lan Gurumu wus mijiki sikilmu, dadi kowé iya padha wajib wisuh-winisuhan sikil. 15 Awit Aku wis maringi tuladha marang kowé, supaya kowé kabèh uga nindakaké kaya kang wis daktindakaké marang kowé. 16 Satemen-temené Aku pitutur marang kowé: Abdi iku ora ngungkuli bendarané, utawa utusan iya ora ngungkuli kang ngutus. 17 Menawa kowé padha mangerti prakara iku kabèh, rahayu kowé, menawa kowé kabèh padha nglakoni. 18 Dhawuhku iki ora tumrap kowé kabèh. Aku pirsa, sapa kang wis dakpilih. Nanging kudu kayektènan tulisan kang surasané mangkéné: Tiyang ingkang tumut nedha roti Kawula, punika sampun ngagagaken tungkakipun dhateng Kawula. 19 Samengko kowé padha dakdhawuhi sadurungé bab iku kelakon, supaya menawa bab iku kelakon, kowé padha pracaya, yèn iya Aku iki Panjenengané. 20 Satemen-temené Aku pitutur marang kowé, sing sapa nampani wong kang dakutus, iku nampani Aku; lan sing sapa nampani Aku, iku nampani Panjenengané kang ngutus Aku." 21 Sawisé Yésus ngandika mangkono, Panjenengané banget trenyuh ing galih, banjur paring paseksèn mangkéné, "Satemen-temené Aku pitutur marang kowé: Wong siji saka panunggalanmu bakal ngulungaké Aku." 22 Para sakabat nuli padha pandeng-pandengan, karo mangu-mangu sapa kang dikarsakaké iku. 23 Salah sijining sakabaté, yaiku sakabat kang dikasihi Panjenengané, lungguh sèndhèn sandhing Panjenengané, ing sisih tengené. 24 Sakabat iku mau disasmitani déning Simon Pétrus sarta dituturi, "Nyuwuna pirsa sapa kang dipangandikakaké iku." 25 Sakabat kang lungguh cedhak Yésus mau tumuli nolèh sarta matur marang Panjenengané, "Gusti, sinten tiyangipun?" 26 Yésus paring wangsulan, "Wongé iya iku kang bakal dakwènèhi roti sawusé dakcelupaké." Sawusé ngandika mangkono, banjur mundhut roti sarta kacelupaké nuli kaparingaké marang Yudas anaké Simon Iskariot. 27 Lan sawisé nampani roti iku, Yudas nuli kapanjingan Iblis. Yésus tumuli ngandika marang Yudas, "Apa kang arep koklakoni, iku énggal tindakna!" 28 Ananging ora ana wong siji-sijia ing antarané para sakabat kang padha kembulan iku kang mangerti, apa karsané Yésus ngandika mangkono marang Yudas iku. 29 Sarèhné Yudas kang ngreksa kas, ana kang duwé pangira menawa Yésus ngutus wong iku tuku apa-apa kang prelu kanggo riyaya iku, utawa didhawuhi maringi apa-apa marang wong miskin. 30 Yudas nampani roti iku banjur énggal-énggal lunga. Nalika iku wayahé wis bengi. 31 Sawisé Yudas lunga, Yésus banjur ngandika, "Samengko Putraning Manungsa kaluhuraké sarta Allah kaluhuraké ana ing Panjenengané. 32 Menawa Allah kaluhuraké ana ing Panjenengané, Allah iya bakal ngluhuraké Panjenengané ana ing sarirané piyambak, malah Panjenengané tumuli bakal kaluhuraké. 33 Hé, anak-anakku, anggonku nunggal karo kowé mung kari sadhéla. Kowé bakal padha nggolèki Aku, kayadéné anggonku wus ngandikakaké marang wong Yahudi: Menyang ngendi paranku, kowé ora bakal padha bisa mrana; mangkono uga saiki Aku pitutur marang kowé. 34 Aku maringi pepakon anyar marang kowé, iya iku supaya kowé padha tresna-tinresnanana; dikaya anggonku wis tresna marang kowé, kaya mangkono uga kowé iya padha tresna-tinresnanana. 35 Kanthi mangkono wong kabèh bakal padha mangerti, yèn kowé padha dadi muridku, yaiku menawa kowé padha tresna-tinresnan." 36 Simon Pétrus tumuli munjuk, "Gusti, Gusti tindak dhateng pundi?" Paring wangsulané Yésus, "Menyang ngendi paranku, kowé ora bisa ndhèrèk Aku saiki, nanging bésuk kowé bakal padha ndhèrèk Aku." 37 Pétrus munjuk marang Panjenengané, "Gusti, punapaa déné kawula mboten saged ndhèrèk Gusti samangké? Kawula badhé ngetohaken nyawa kawula kagem Gusti." 38 Paring wangsulané Yésus, "Nyawamu bakal koketohaké kagem Aku? Satemen-temené Aku pitutur marang kowé: Sadurungé jago kluruk, kowé wis nyélaki Aku ambal kaping telu."
1 "Atimu aja melang-melang; padha kumandela marang Allah; uga kumandela marang Aku. 2 Ing dalemé Ramaku akèh panggonan. Menawa ora mangkono, kowé mesthi dakkandhani. Awit Aku mrana prelu nyawisaké papan kanggo kowé. 3 Déné menawa Aku wis mrana lan wis nyawisaké papan kanggo kowé, Aku bakal bali manèh lan ngajak kowé menyang padununganku, supaya ing ngendi padununganku, kowé uga padha ana ing kana. 4 Lan menyang ngendi paranku, kowé iya padha mangerti dalané mrana." 5 Tomas munjuk marang Panjenengané, "Gusti, kawula mboten mangertos dhateng pundi tindak Panjenengan, dados kadospundi anggèn kawula sumerep marginipun mrika?" 6 Pangandikané Yésus, "Aku iki dalané, sarta jatiné kayektèn lan urip. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, menawa ora metu Aku. 7 Menawa kowé padha wanuh marang Aku, mesthi kowé kabèh iya wanuh marang Ramaku. Wiwit saiki kowé wanuh marang Panjenengané sarta wis padha ndeleng Panjenengané." 8 Filipus munjuk marang Panjenengané, "Gusti, kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama punika, supados kawula sami marem." 9 Pangandikané Yésus, "Wis samono lawasé Aku nunggal karo kowé, Filipus, éwasamono kowé ora wanuh marang Aku? Sapa baé kang wis ndeleng Aku, iku wus ndeleng Sang Rama; kepriyé déné kowé kandha: Kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama? 10 Apa kowé ora ngandel yèn Aku iki ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku? Apa kang dakkandhakaké marang kowé iku, ora saka karepku dhéwé, nanging saka Sang Rama, kang dedalem ana ing Aku, Panjenengané iku kang nindakaké pakaryané. 11 Padha ngandela marang Aku, yèn Aku ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku; utawa saora-orané, padha ngandela, marga saka pakaryan-pakaryan iku. 12 Satemené Aku pitutur marang kowé: Sing sapa pracaya marang Aku, iku bakal nindakaké uga pakaryan kang daktindakaké, malah pakaryan-pakaryan kang ngungkuli iku. Awit Aku sowan menyang ngarsané Sang Rama; 13 lan apa baé kang koksuwun atas saka jenengku, Aku bakal ngleksanani, supaya Sang Rama kaluhurna ana ing Sang Putra. 14 Menawa kowé padha nyuwun apa-apa marang Aku atas saka jenengku, iku Aku kang bakal ngleksanani." 15 "Menawa kowé padha tresna marang Aku, kowé padha netepana pepakonku, 16 Aku bakal nyuwun marang Sang Rama lan Panjenengané bakal maringi kowé Juru Pitulung liyané, supaya Panjenengané nunggil karo kowé, ing salawasé, 17 yaiku Rohing Kayektèn. Jagat ora bisa nampani Panjenengané, amarga jagat ora sumurup lan ora wanuh marang Panjenengané, nanging kowé padha wanuh marang Panjenengané, amarga Panjenengané nunggil karo kowé lan bakal dedalem ana ing kowé. 18 Kowé ora bakal daktinggal lola, Aku bakal mbalèni kowé. 19 Mung kurang sadhéla jagat ora bakal ndeleng Aku manèh, nanging kowé ndeleng Aku, awit Aku urip, lan kowé iya bakal urip. 20 Ing waktu iku kowé bakal padha mangerti, yèn Aku ana ing Ramaku lan kowé padha ana ing Aku, tuwin Aku ana ing kowé. 21 Sing sapa nduwèni sarta netepi pepakonku, iya iku kang tresna marang Aku. Sing sapa tresna marang Aku, iku bakal ditresnani déning Ramaku lan Aku uga bakal nresnani sarta bakal nglairaké sariraku marang wong iku." 22 Yudas, dudu Yudas Iskariot, tumuli munjuk marang Yésus, "Gusti, sababipun punapa déné Panjenengan badhé nglairaken sarira Panjenengan dhateng kawula sadaya, lan mboten dhateng jagat?" 23 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Menawa ana wong kang tresna marang Aku, iku bakal netepi piwulangku sarta bakal ditresnani déning Ramaku lan Aku karo Sang Rama bakal padha ngrawuhi sarta dedalem ana ing wong iku. 24 Sing sapa ora tresna marang Aku, iku ora netepi piwulangku; lan piwulangku kang kokrungu iku ora saka Aku, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku. 25 Kabèh iku mau dakkandhakaké marang kowé, mumpung Aku isih nunggal karo kowé; 26 nanging Juru Pitulung, yaiku Roh Suci, kang bakal kautus déning Sang Rama atas jenengku, iku kang bakal mulangaké samubarang kabèh marang kowé sarta bakal ngélingaké kowé sabarang kang wis dakkandhakaké marang kowé. 27 Kowé padha daktinggali tentrem-rahayu. Tentrem-rahayuku dakwènèhaké marang kowé, lan apa kang dakwènèhaké iku ora kaya pawèwèhé jagat marang kowé. Atimu aja melang-melang lan aja giris. 28 Kowé wis padha krungu, yèn Aku wis kandha marang kowé: Aku lunga, nanging bakal nekani kowé manèh. Menawa kowé tresna marang Aku, kowé mesthi padha bungah amarga Aku lunga sowan menyang Ramaku, sabab Sang Rama iku ngluwihi Aku. 29 Lan saiki uga kowé padha dakkandhani sadurungé bab iku kelakon, supaya samangsa kelakon, kowé padha pracaya. 30 Aku ora pitutur akèh manèh marang kowé, awit panggedhéné jagat iki teka, mangka ora duwé pangwasa sathithik-thithika ingatasé Aku. 31 Nanging supaya jagat mangerti, menawa Aku tresna marang Sang Rama sarta menawa Aku nindakaké samubarang kang didhawuhaké Sang Rama marang Aku. Mulané ngadega, ayo padha lunga saka kéné."
1 "Aku iki wit anggur kang sejati sarta Ramaku iku kang among tani. 2 Saben pang kang ana ing Aku kang ora metu wohé, dipagas lan kang metu wohé, diresiki, supaya mundhaka akèh wohé. 3 Kowé iku wis padha resik awit saka pangandika kang wis dakwulangaké marang kowé. 4 Kowé tetepa dumunung ing Aku lan Aku ana ing kowé. Padha kaya pang ora bisa metu wohé saka awaké dhéwé, menawa ora tetep dumunung ana ing wit anggur, mangkono uga kowé ora bisa metokaké woh menawa ora tetep dumunung ana ing Aku. 5 Aku iki wité anggur lan kowé iku pang-pangé. Sing sapa tetep dumunung ana ing Aku, lan Aku ana ing wong iku, iku kang metokaké woh akèh, awit menawa pisah saka Aku, kowé padha ora bisa tumindak apa-apa. 6 Sing sapa ora tetep dumunung ana ing Aku, iku dibuwang metu kaya pang mau, temah dadi garing, tumuli padha dikukupi lan banjur dicemplungaké ing geni, sarta kaobong. 7 Menawa kowé dumunung ana ing Aku lan piwulangku dumunung ana ing kowé, padha nyuwuna apa baé kang kokkarepaké, kowé bakal kasembadan. 8 Kang dadi margané Ramaku kaluhuraké, yaiku menawa kowé padha metokaké woh akèh sarta marga saka mangkono kowé padha tetéla yèn dadi muridku." 9 "Kayadéné Sang Rama wis nresnani Aku, mangkono uga Aku iya wis nresnani kowé; padha tetepa dumunung ing katresnanku iku. 10 Menawa kowé netepi dhawuhku, kowé bakal tetep dumunung ing katresnanku, kayadéné anggonku wus netepi dhawuhé Ramaku sarta tetep dumunung ana ing katresnané. 11 Kabèh iku dakkandhakaké marang kowé, supaya kabungahanku dumununga ing kowé lan kabungahanmu dadia sampurna. 12 Dhawuhku iku mangkéné, yaiku supaya kowé padha tresna-tinresnanana, dikaya anggonku wus nresnani kowé. 13 Ora ana katresnan kang gedhéné ngluwihi katresnané wong kang ngetohaké nyawané kanggo nglabuhi mitra-mitrané. 14 Kowé iku mitraku, menawa kowé padha nglakoni apa kang dakdhawuhaké marang kowé. 15 Aku ora ngarani abdi manèh marang kowé, sabab abdi iku ora mangerti apa kang katindakaké déning bendarané, nanging kowé wus padha daksebut mitra, jalaran sabarang kang wis dakrungu saka Ramaku, iku wis daksumurupaké kabèh marang kowé. 16 Dudu kowé kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowé. Aku wis netepaké, supaya kowé padha lunga lan metokaké woh lan wohmu iku lestaria, sarana mangkono apa kang koksuwun marang Sang Rama atas saka jenengku, kajurungana déning Panjenengané marang kowé. 17 Iki dhawuhku marang kowé: Padha tresna-tinresnanana." 18 "Menawa kowé padha disengiti déning jagat, élinga yèn jagat wis sengit marang Aku sadurungé kowé. 19 Saupama pinangkamu saka ing jagat, mesthi jagat tresna marang kowé awit dadi duwèké. Nanging sarèhné pinangkamu ora saka ing jagat, malah Aku wus milih kowé saka ing jagat, mulané jagat sengit marang kowé. 20 Padha élinga marang pitutur kang wus dakwulangaké marang kowé: Kang jeneng abdi iku ora ngungkuli bendarané. Menawa Aku iki wis dikuya-kuya, kowé uga mesthi bakal dikuya-kuya; menawa wong-wong iku netepi dhawuhku, mesthi iya netepi pituturmu. 21 Nanging iku kabèh bakal katandukaké marang kowé marga saka Aku, awit padha ora wanuh marang Panjenengané kang ngutus Aku. 22 Saupama Aku ora teka lan ora mituturi wong-wong iku, mesthi padha ora duwé dosa. Nanging saiki wong-wong iku ora duwé alesan ing bab dosané. 23 Sing sapa sengit marang Aku, uga sengit marang Ramaku. 24 Saupama Aku ora nindakaké pakaryan ana ing satengahé wong-wong iku, kang durung tau ditindakaké déning wong liya, mesthi ora padha dosa. Nanging saiki sanadyan wis padha weruh marang iku kabèh, wong-wong iku padha sengit marang Aku lan marang Ramaku. 25 Nanging pangandika kang katulis ana ing kitab Torèté wong-wong iku kudu ditetepi: Tiyang-tiyang punika sami sengit dhateng Kawula tanpa sabab. 26 Menawa Juru Panglipur kang bakal dakutus saka Sang Rama rawuh, yaiku Rohing Kayektèn kang miyos saka Sang Rama, Panjenengané iku bakal neksèni mungguh ing Aku. 27 Ananging kowé iya kudu neksèkaké uga, marga kowé wiwit wiwitan mula nunggal karo Aku."
1 "Kabèh iku dakkandhakaké marang kowé, supaya kowé aja padha kena sandhungan banjur nampik aku. 2 Kowé bakal disébrataké saka sinagogé, malah bakal ana waktuné saben wong kang matèni kowé, padha ngira menawa saos pangabekti marang Allah. 3 Wong-wong iku tumindak mangkono, amarga padha ora wanuh marang Sang Rama lan marang Aku. 4 Nanging kabèh iki dakkandhakaké marang kowé, supaya menawa tekan ing waktuné kowé padha éling, yèn Aku wus ngandhakaké marang kowé." "Prakara iki ora dakkandhakaké marang kowé saka wiwitan mula, awit nganti saiki Aku isih tetunggalan karo kowé, 5 nanging saiki Aku lunga sowan marang ngarsané Panjenengané kang wis ngutus Aku, lan ora ana siji baé saka panunggalanmu kang takon marang Aku: Panjenengan tindak dhateng pundi? 6 Ananging marga kowé padha dakkandhani bab iku mau, temah atimu sedhih. 7 Déné kang dakkandhakaké marang kowé iki bener: Luwih maédahi tumrapé kowé, menawa Aku lunga. Sabab menawa Aku ora lunga, Juru Pitulung iku ora bakal nekani kowé, nanging menawa Aku lunga, Aku bakal ngongkon Juru Pitulung marang kowé. 8 Déné menawa Panjenengané rawuh, iku bakal ngyakinaké jagat bab dosa, bab kayektèn, lan bab pangadilan; 9 bab dosa, amarga padha tetep ora pracaya marang Aku. 10 Bab kayektèn, awit Aku sowan marang ngarsané Sang Rama lan kowé padha ora ndeleng Aku manèh; 11 bab pangadilan, amarga panggedhéné jagat iki wis kaukum. 12 Isih akèh prakara kang prelu dakkandhakaké marang kowé, nanging saiki kowé durung bisa nampa. 13 Nanging samangsa Panjenengané rawuh, yaiku Rohing Kayektèn, iku bakal nuntun kowé marang sakèhing kayektèn. Awit Panjenengané ora bakal pitutur saka sarirané dhéwé, nanging sabarang kang dipiyarsakaké iku kang bakal dingandikakaké sarta Panjenengané bakal martakaké prakara-prakara kang arep kelakon. 14 Panjenengané bakal ngluhuraké Aku, amarga bakal martakaké marang kowé apa kang katampi saka Aku. 15 Apa sakagungané Sang Rama, iku iya duwèkku; mulané Aku pitutur, mangkéné: Juru Pitulung bakal martakaké marang kowé apa kang wis katampi saka Aku." 16 "Mung kari sadhéla kowé bakal ora padha ndeleng Aku manèh lan sadhéla engkas kowé bakal padha ndeleng Aku manèh." 17 Krungu kang kaya mangkono iku sakabaté ana sawatara kang padha rasanan, "Apa ta tegesé pangandikané marang kita: Kari sadhéla nuli kowé padha ora ndeleng Aku, sadhéla manèh banjur padha ndeleng Aku? Sarta: Aku lunga menyang ngarsané Sang Rama?" 18 Banjur padha sapocapan, "Apa ta tegesé pangandika: Mung kari sadhéla? Aku padha ora mangerti apa kang dipangandikakaké iku." 19 Yésus pirsa, yèn para sakabaté padha sumedya munjuk pitakon marang Panjenengané, banjur ngandika, "Apa kowé padha rerasanan apa kang dakngandikakaké mau, yaiku: Mung kari sadhéla nuli kowé bakal ora padha ndeleng Aku lan sadhéla manèh kowé bakal padha ndeleng Aku? 20 Satemen-temené Aku pitutur marang kowé: Kowé bakal padha nangis lan sesambat, nanging jagat bakal bungah; kowé bakal padha nandhang susah, nanging kasusahanmu bakal malih dadi kabungahan. 21 Samangsa wong wadon lagi nglarani, iku ngrasakaké susah, nanging samangsa wis nglairaké bayiné, wis ora kèlingan manèh marang larané, marga saka bungahé déné ana manungsa kalairaké ing donya. 22 Mangkono uga kowé samengko iya padha nandhang susah, nanging Aku bakal nemoni kowé manèh, temahan bakal padha bungah atimu lan ora ana wong siji-sijia kang bisa ngrebut kabungahanmu saka kowé. 23 Ing dina iku kowé ora bakal padha miterang apa-apa marang Aku. Satemené Aku pitutur marang kowé: Samubarang kang koksuwun marang Sang Rama, iku bakal kaparingaké marang kowé atas saka jenengku. 24 Nganti sapréné kowé durung njaluk apa-apa atas saka jenengku. Padha nyenyuwuna, kowé mesthi bakal padha kaparingan, supaya sampurna kabungahanmu. 25 Iku mau kabèh dakkandhakaké marang kowé sarana pasemon. Bakal tumeka ing waktuné anggonku mituturi kowé ora nganggo pasemon manèh, nanging kanthi ngeblak anggonku mituturi kowé bab Sang Rama. 26 Ing dina iku kowé bakal padha nyenyuwun atas saka jenengku. Aku ora pitutur marang kowé, yèn Aku kang bakal nyuwunaké kowé marang Sang Rama, 27 awitdéné Sang Rama piyambak nresnani kowé, amarga kowé wis padha tresna marang Aku, lan pracaya yèn Aku iki pinangkané saka ing Allah. 28 Aku mijil saka Sang Rama, lan wus teka ing donya; Aku ninggalaké donya manèh sowan marang Sang Rama." 29 Unjuké para sakabaté, "Lah, sapunika Panjenengan ngandika kanthi ngeblak, mboten mawi pasemon malih. 30 Sapunika kawula sami mangertos, bilih Panjenengan pirsa samukawis lan mboten prelu tiyang munjuk pitakèn dhumateng Panjenengan. Pramila kawula sami pitados, bilih Panjenengan punika mijil saking Allah." 31 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Apa kowé saiki padha pracaya? 32 Lah, bakal tumeka ing waktuné, malah iya wis tekan waktuné, kowé padha kabuyaraké, padha menyang paranmu dhéwé-dhéwé, lan Aku koktinggal ijèn. Nanging Aku ora ijèn amarga Sang Rama nunggil karo Aku. 33 Anggon-Ku mulangaké iku mau kabèh marang kowé, supaya kowé olèh tentrem-rayahu ana ing Aku. Ana ing donya kowé padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wis ngalahaké donya."
1 Kaya mangkono mau pangandikané Yésus. Panjenengané banjur tumenga marang langit sarta matur, "Dhuh Rama, sampun dumugi wancinipun; mugi Putra Paduka kaluhurna, supados Putra Paduka ngluhuraken Paduka. 2 Kadosdéné anggèn Paduka sampun maringi pangwaos mengku sawarnining agesang dhateng Sang Putra, makaten ugi Sang Putra inggih badhé maringi gesang langgeng dhateng sadaya ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Sang Putra. 3 Wondéné gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh dhateng Paduka, Allah ingkang sejatos, sarta dhateng Yésus Kristus utusan Paduka. 4 Kawula sampun ngluhuraken Paduka wonten ing bumi sarana anggèn Kawula sampun ngrampungaken pakaryan ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula supados katindakaken. 5 Déné sapunika, dhuh Rama, mugi Paduka ngluhuraken Kawula wonten ing ngarsa Paduka piyambak kanthi kaluhuran ingkang sampun Kawula darbèni ing ngarsa Paduka sadèrèngipun jagat tinalesan. 6 Kawula sampun medharaken asma Paduka dhateng para tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula saking jagat. Tiyang-tiyang punika kagungan Paduka sarta sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, saha sampun sami ngèstokaken pangandika Paduka. 7 Sapunika sampun sami mangertos, bilih sadaya peparing Paduka dhateng Kawula punika pinangkanipun saking Paduka. 8 Amargi sadaya pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika sampun Kawula tampèkaken dhateng tiyang-tiyang wau saha sampun dipun tampèni. Punapadéné sampun sami mangertos saèstu, bilih Kawula mijil saking Paduka lan sami pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula. 9 Kawula ndongakaken tiyang-tiyang punika. Sanès jagat ingkang Kawula dongakaken, nanging tiyang-tiyang peparing Paduka dhateng Kawula, awit tiyang-tiyang punika inggih kagungan Paduka, 10 lan sadaya gadhahan Kawula inggih kagungan Paduka sarta kagungan Paduka inggih gadhahan Kawula, saha Kawula sampun kaluhuraken wonten ing tiyang-tiyang punika. 11 Kawula sampun mboten wonten ing donya malih, nanging tiyang-tiyang punika taksih wonten ing donya, tuwin Kawula sowan dhateng ngarsa Paduka. Dhuh Rama ingkang Suci, tiyang-tiyang punika mugi Paduka reksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, supados tiyang-tiyang wau sami dados satunggal kadosdéné Paduka kaliyan Kawula. 12 Salaminipun Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyang punika, Kawula ingkang ngreksa wonten ing asma Paduka, ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula; Kawula sampun njagi tiyang-tiyang punika lan mboten wonten tiyang satunggal kémawon ingkang ical, kajawi namung tiyang satunggal ingkang sampun pinasthi risak, supados kayektosan suraosing Kitab Suci. 13 Nanging samangké, Kawula sowan dhateng ngarsa Paduka, lan Kawula ngaturaken sadaya punika ing salebetipun Kawula taksih wonten ing donya, supados kabingahan Kawula wonten ing tiyang-tiyang wau sangsaya sampurna. 14 Tiyang-tiyang wau sampun Kawula sukani pangandika Paduka, lan sami dipun sengiti déning jagat, amargi pinangkanipun mboten saking jagat, kadosdéné pinangka Kawula punika inggih mboten saking jagat. 15 Kawula mboten nyuwun, supados tiyang-tiyang wau kapundhuta saking donya, nanging supados Paduka reksa saking piawon. 16 Tiyang-tiyang wau pinangkanipun mboten saking jagat, kadosdéné pinangka Kawula punika inggih mboten saking jagat. 17 Mugi sami Paduka sucèkaken ing kayektosan; inggih pangandika Paduka punika kayektosan. 18 Kadosdéné Paduka sampun ngutus Kawula dhateng jagat, makaten ugi Kawula inggih ngèngkèn tiyang-tiyang wau dhateng jagat; 19 sarta Kawula nucèkaken badan Kawula kanggé tiyang-tiyang wau, supados ugi sami sinucèkaken ing kayektosan. 20 Mboten namung kanggé tiyang-tiyang punika kémawon anggèn Kawula ndedonga, nanging ugi kanggé tiyang-tiyang sanèsipun ingkang sami pitados dhateng Kawula margi saking piwucalipun tiyang-tiyang wau, 21 supados sadaya sami dadosa satunggal kadosdéné Paduka, dhuh Rama, wonten ing Kawula, sarta Kawula wonten ing Paduka, murih sami dadosa satunggal ing Paduka lan Kawula, supados jagat pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula. 22 Kawula sampun nyukakaken kamulyan, ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, dhateng tiyang-tiyang punika, supados sami dados satunggal, kadosdéné Paduka lan Kawula inggih dados satunggal. 23 Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ing Kawula supados sampurna anggènipun dados satunggal, sarta supados jagat mangertos, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula saha bilih Paduka nresnani tiyang-tiyang punika kadosdéné anggèn Paduka nresnani Kawula. 24 Dhuh Rama, ingkang dados pikajeng Kawula, Kawula wontena ing pundi kémawon, tiyang-tiyang punika tansah nunggila kaliyan Kawula, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, supados sumerep dhateng kamulyan Kawula ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, awit Paduka nresnani Kawula wiwit sadèrèngipun jagat tinalesan. 25 Dhuh Rama ingkang adil, jagat punika pancèn mboten wanuh dhateng Paduka, nanging Kawula wanuh dhateng Paduka, sarta tiyang-tiyang punika sami mangertos, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula. 26 Punapadéné asma Paduka sampun Kawula sumerepaken dhateng tiyang-tiyang punika sarta inggih badhé Kawula sumerepaken, supados katresnan ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika wonten ing tiyang-tiyang punika, sarta Kawula inggih wonten ing tiyang-tiyang punika."
1 Sawisé Yésus ngandika mangkono, banjur miyos saka ing kono tindak menyang sabrangé kali Kidron bareng karo para sakabaté. Ing kono ana patamanan kang tumuli dilebeti bareng karo para sakabaté. 2 Yudas, kang ngulungaké Yésus iya weruh panggonan iku, amarga Yésus asring nglempak karo para sakabaté ana ing kono. 3 Yudas banjur teka ing kono kanthi prajurit sapantha lan para tukang jaga Padaleman Suci, kang diutus déning para pangarepé imam tuwin para Farisi, padha nggawa lentéra, obor, sarta gegaman. 4 Yésus pirsa sabarang kang bakal nempuh sarirané, banjur majeng sarta ngandika marang wong-wong mau, "Kowé padha nggolèki sapa?" 5 Wangsulané kang padha kadangu, "Yésus wong Nasarèt." Pangandikané Yésus, "Iya Aku iki." Yudas kang ngulungaké Panjenengané, uga ngadeg ana ing kono bareng karo wong-wong mau. 6 Bareng padha dipangandikani, "Iya Aku iki," tumuli padha mundur sarta tiba ing lemah. 7 Yésus banjur ndangu manèh marang wong-wong mau, "Kowé padha nggolèki sapa?" Unjuké wong-wong mau, "Yésus wong Nasarèt." 8 Yésus paring wangsulan, "Aku wus pitutur marang kowé: Iya Aku iki wongé. Menawa Aku kang padha kokgolèki, wong-wong iki karebèn padha lunga." 9 Mangkono iku supaya ngetrepi pangandika kang mangkéné, "Tiyang-tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula mboten wonten satunggal kémawon ingkang kawula icalaken." 10 Simon Pétrus kang asikep pedhang, banjur ngunus pedhangé, disabetaké marang abdiné Imam Agung, kupingé kang tengen kaperung. Abdi mau jenengé Malkhus. 11 Yésus tumuli ngandika marang Pétrus, "Pedhangmu wrangkakna; apa Aku ora kudu ngombé isining tuwung peparingé Sang Rama marang Aku?" 12 Prajurit sapantha lan panggedéné sarta para tukang jaga, kang dikongkon déning wong Yahudi, banjur nyekel Yésus nuli kabanda, 13 Panjenengané kajujugaké luwih dhisik menyang dalemé Hanas, awit iku marasepuhé Kayafas, kang jumeneng Imam Agung ing taun iku; 14 lan iya Kayafas iku kang wus paring pamrayoga para pangarepé wong Yahudi, "Luwih maédahi menawa wong siji mati kanggo sakèhing bangsa." 15 Simon Pétrus karo sakabat siji liyané ngetutaké Yésus. Sakabat iku mau tepang karo Imam Agung, banjur mlebu menyang plataraning dalemé Imam Agung bareng karo Yésus, 16 nanging Pétrus kari ing jaba cedhak régol. Sakabat liyané iku kang tepang karo Imam Agung, nuli metu manèh, rembugan karo wong wadon kang njaga régol, banjur ngajak Pétrus mlebu. 17 Abdi wadon kang tunggu régol mau ngelokaké Pétrus, "Sampéyan rak inggih panunggalané sakabaté tiyang niku?" Wangsulané Pétrus, "Sanès!" 18 Ing nalika iku para abdi lan para tukang jaga Padaleman Suci wus padha gawé bedhiyang, marga ing wektu iku hawané adhem, wong-wong iku padha ngadeg gegeni ana ing kono. Pétrus uga ngadeg gegeni awor karo wong-wong mau. 19 Imam Agung banjur ndangu marang Yésus bab para sakabaté lan bab piwulangé. 20 Wangsulané Yésus, "Anggèn Kula mituturi jagat punika wonten ing ngedhèngan: Kula wicanten kanthi ngeblak dhateng jagat punika: Kula mucal salaminipun wonten ing papan pangibadah lan ing Padaleman Suci, panggènanipun tiyang-tiyang Yahudi sami makempal; kula mboten naté wicanten kanthi sesidheman. 21 Punapaa déné panjenengan pitakèn dhateng Kula? Mangga pitakèna dhateng tiyang-tiyang ingkang sampun sami mireng punapa ingkang sampun kula wucalaken dhateng tiyang-tiyang wau; sayektos, tiyang-tiyang wau sampun sami mangertos punapa ingkang Kula wucalaken." 22 Nalika Panjenengané ngandika mangkono iku, ana tukang jaga kang ngadeg sacedhaké kono, napuk pasuryané Yésus kambi kandha, "Kaya mangkono iku wangsulanmu marang Imam Agung?" 23 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Menawa wangsulanku iku luput, tuduhna luputé, nanging menawa bener, sabab apa kowé napuk Aku?" 24 Yésus banjur kapurugaké kalawan kabanda menyang ngarsané Kayafas kang jumeneng Imam Agung. 25 Simon Pétrus isih ngadeg gegeni. Wong-wong kang ana ing kono padha ngelokaké Pétrus, "Sampéyan rak inggih sakabaté, ta?" 26 Pétrus sélak, pangucapé, "Sanès." Sawijiné abdiné Imam Agung, kalebu sanaké kang kaperung kupingé déning Pétrus, tumuli kandha, "Napa dudu sampéyan sing kula sumerep teng patamanan sareng tiyang niku?" 27 Pétrus iya sélak manèh, lan nalika iku ana jago kluruk. 28 Sawisé iku, Yésus kairid saka dalemé Kayafas menyang gedhong pangadilan. Nalika iku wayahé isih ésuk. Kang padha ngirid Panjenengané iku ora lumebu ing gedhong pangadilan, supaya aja kena ing najis, awit arep padha mangan ing pahargyan Paskah. 29 Mulané Pilatus kang miyos manggihi wong-wong mau, sarta ngandika, "Panggugatmu marang Wong iku bab prakara apa?" 30 Wong-wong mau padha mangsuli, aturé, "Manawi Tiyang punika sanès durjana, kula sami mboten ngladosaken dhateng Panjenengan!" 31 Dhawuhé Pilatus, "Wus gawanen Wongé, patrapana miturut angger-anggering Torètmu." Aturé wong-wong Yahudi, "Kula mboten sami kawenangaken matrapi paukuman pejah dhateng tiyang." 32 Kang mangkono iku supaya kayektènana pangandikané Yésus, kang dingandikakaké kanggo mratélakaké kepriyé patrap bakal sédané. 33 Pilatus banjur lumebet manèh ing gedhong pangadilan, nuli nimbali Yésus sarta ngandika, "Punapa Sampéyan punika ratunipun tiyang Yahudi?" 34 Yésus paring wangsulan, "Panjenengan ngandika makaten punika punapa saking panggalih panjenengan piyambak, punapa wonten tiyang sanès ingkang munjuk makaten dhateng panjenengan bab ingatasipun Kula?" 35 Pilatus ngandika, "Punapa kula punika tiyang Yahudi? Bangsa Sampéyan piyambak lan para pangajenging imam ingkang ngladosaken Sampéyan dhateng kula; Sampéyan tumindak punapa?" 36 Yésus paring wangsulan, "Kraton Kula mboten saking donya ngriki; manawi kraton Kula saking donya ngriki, mesthi tiyang-tiyang Kula sami nglawan, supados Kula sampun ngantos kaulungaken dhateng tiyang Yahudi. Nanging kraton Kula mboten saking ngriki." 37 Pilatus banjur ngandika, "Dados, Sampéyan punika punapa raja?" Paring wangsulané Yésus, "Panjenengan sampun mastani, bilih Kula punika raja. Inggih punika prelunipun Kula lair lan inggih punika prelunipun Kula dhateng donya punika, supados Kula neksèni ing kayektosan; saben tiyang ingkang asalipun saking kayektosan, sami mirengaken swanten Kula." 38 Pangandikané Pilatus, "Kayektosan punika punapa?" Sawisé ngandika mangkono, Pilatus tumuli miyos manggihi wong-wong Yahudi manèh sarta ngandika, "Mungguh ing aku Wong iku ora ana kaluputané apa-apa. 39 Nanging kowé padha duwé padatan, samasa riyaya Paskah aku nglilani luwaré wong siji kanggo kowé. Apa dadi karepmu supaya aku nglilakaké luwaré rajané wong Yahudi kanggo kowé?" 40 Wong-wong mau padha mbengok manèh, "Sampun Tiyang punika, nanging Barabas kémawon!" Anadéné Barabas iku bégal.
1 Pilatus nuli dhawuh nggawa Yésus supaya digebagi. 2 Para prajurit padha nganam eri kagawé makutha, banjur ditrapaké ing mustakané. Wong-wong iku padha ngagemaké jubah wungu, 3 nuli padha maju sarta ngucap, "Sugeng, rajanipun tiyang Yahudi!" Wong-wong mau banjur napuk Pasuryané. 4 Pilatus nuli miyos manèh sarta ngandika marang wong-wong mau, "Padha tontonen, iku Wongé dakwetokaké ana ngarepmu, supaya kowé padha mangerti, yèn mungguh ing aku, ora nemu kaluputané Wong iku." 5 Yésus tumuli miyos, ngagem makutha eri lan jubah wungu. Pilatus ngandika marang wong-wong mau, "Sawangen Wong iku!" 6 Nalika para pangarepé imam lan para wong jaga padha ndeleng Panjenengané, banjur padha mbengok, "Kasaliba, kasaliba!" Pangandikané Pilatus, "Gawanen lan saliben; awit mungguh ing aku Wong iku ora ana kaluputané apa-apa." 7 Wangsulané wong-wong Yahudi, "Kula sami gadhah angger-angger, lan miturut angger-angger wau, Tiyang punika kedah kaukum pejah, amargi ngaken-aken Putranipun Allah." 8 Bareng Pilatus mireng atur kang mangkono iku, saya wuwuh ajrihé, 9 banjur lumebet ing gedhong pangadilan manèh sarta ngandika marang Yésus, "Asal Panjenengan saking pundi?" Nanging Yésus ora paring wangsulan. 10 Mulané Pilatus banjur ngandika, "Punapa Panjenengan mboten purun criyos dhateng kula? Punapa Panjenengan mboten sumerep, bilih kula punika gadhah pangwaos ngluwari Panjenengan lan ugi kwaos nyalib Panjenengan?" 11 Paring wangsulané Yésus, "Panjenengan mboten kagungan pangwaos punapa-punapa tumrap Kula, manawi pangwaos wau mboten kaparingaken dhateng panjenengan saking nginggil. Pramila: tiyang ingkang ngulungaken Kula dhateng panjenengan, dosanipun langkung ageng." 12 Wiwit nalika iku Pilatus ngangkah ngluwari Panjenengané, nanging wong-wong Yahudi padha mbengok, "Manawi panjenengan ngluwari tiyang punika, panjenengan sanès mitranipun Kaisar. Sabab tiyang ingkang ngaken-aken dados raja, punika nglawan dhateng Kaisar." 13 Bareng Pilatus mireng atur mangkono iku, tumuli dhawuh ngedalaké Yésus lan banjur lenggah ana ing kursi pangadilan, ing panggonan kang aran Litostrotos, ing basa Ibrani: Gabata. 14 Ing nalika iku pinuju dina pacawisan Paskah, kira-kira jam rolas. Pilatus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi, "Sawangen rajamu!" 15 Wong-wong mau padha bengok, "Kasirnakna! Kasirnakna! Kasaliba!" Pangandikané Pilatus, "Apa aku kudu nyalib ratumu?" Wangsulané para pangarepé imam, "Kula sami mboten gadhah ratu kajawi namung Kaisar." 16 Wasana Pilatus banjur masrahaké Yésus marang wong-wong mau supaya disalib. Wong-wong mau padha nampani Yésus. 17 Kalawan manggul salib, Yésus miyos lan tindak menyang panggonan kang aran Pacumplungan, ing basa Ibrani: Golgota. 18 Ing kono, wong-wong mau padha nyalib Panjenengané, bareng karo wong loro liyané, dumunung ana ing kiwa lan tengené, déné Yésus ana ing tengah. 19 Pilatus uga dhawuh masang tulisan ana ing sandhuwuré salib, uniné, "Yésus saka Nasarèt Rajané wong Yahudi." 20 Akèh wong Yahudi kang padha maca tulisan mau, amarga papan panyalibé Yésus iku cedhak kutha, lan tulisan mau nganggo basa Ibrani, Latin, lan Yunani. 21 Para pangarepé imam bangsa Yahudi banjur padha matur marang Pilatus, "Panjenengan sampun nyerat: Rajané wong Yahudi, namung pangakenipun: Aku iki Rajané wong Yahudi." 22 Wangsulané Pilatus, "Apa kang wus daktulis, tetep katulis." 23 Sawisé para prajurit mau padha nyalib Yésus, banjur padha njupuk pangagemané dipara papat, saben prajurit sabagéan -- lan agemané jubah iya kajupuk. Jubah iku ora nganggo dondoman, tenunané lajuran wiwit saka ing dhuwur tekan ngisor. 24 Mulané para prajurit mau padha rembugan, "Iku aja didum-dum dadi suwèkan, nanging payo padha diundhi kanggo nemtokaké sapa kang olèh." Iku supaya kayektènan kang katulis ing Kitab Suci: "Sandhangan Kawula sami dipun dum-dum, saha jubah Kawula dipun undhi." Kang mangkono iku wus katindakaké déning para prajurit mau. 25 Ing sacedhaké salibé Yésus iku ana kang ibu lan sadhèrèké kang ibu, yaiku Maria bojoné Klopas tuwin Maria Magdaléna. 26 Bareng Yésus mirsani kang ibu lan sakabat kang ditresnani ngadeg sacedhaké kono, banjur ngandika marang kang ibu, "Ibu, punika ingkang putra!" 27 Nuli ngandika marang sakabat mau, "Lah iku ibumu!" Wiwit nalika iku sakabat mau banjur mboyong ibuné Ye'sus menyang omahé. 28 Sawisé iku, sarèhné Yésus pirsa, yèn samubarang kabèh wus rampung, banjur ngandika, -- supaya kayektènana kang katulis ing Kitab Suci --: "Aku ngelak!" 29 Ing kono ana wadhah kang kebak isi anggur kecut. Tumuli ana wong kang nyelupaké spons ing anggur kecut mau, nuli katuncepaké ing pang hisop, banjur diaturaké ing tutuké Yésus. 30 Sawusé necep anggur kecut mau, Yésus tumuli ngandika, "Wus rampung!" Panjenengané banjur nungkulaké mustaka lan masrahaké nyawané. 31 Sarèhné pinuju dina pacawisan lan supaya ing dina Sabat layon-layon ora tetep ana ing kayu salib -- sabab dina Sabat iku dina Sabat kang pinunjul -- mulané para pangarepé wong Yahudi padha teka sarta duwé panyuwun marang Pilatus supaya sikilé wong-wong kang ana ing kayu salib padha karemukana, lan layoné diudhunaké. 32 Mulané para prajurit banjur padha mara sarta ngremuki sikilé wong siji lan sijiné kang disalib bareng karo Yésus. 33 Nanging bareng tekan enggoné Yésus lan weruh menawa Panjenengané wus séda, wong-wong iku ora padha ngremuk sampéyané. 34 Éwasamono salah sijiné prajurit panunggalané iku njojoh lambungé Yésus nganggo tumbak, lan sanalika metu getihé lan banyuné. 35 Wong kang ndeleng dhéwé bab iku, iku kang neksèni, lan paseksèné iku nyata, sarta wong iku mangerti, yèn paseksiné iku nyata, supaya kowé uga padha pracaya. 36 Sabab kelakoné iku mau supaya kayektènan kang katulis ing Kitab Suci, "Ora ana balungé kang diremuk." 37 Lan ana tulisan manèh kang mratélakaké, "Wong-wong bakal padha nyawang Panjenengané, kang wus dijojoh." 38 Sawusé iku mau, Yusuf saka Arimatéa duwé atur panyuwun marang Pilatus, supaya dililani ngudhunaké layoné Yésus. (Yusuf iku muridé Yésus nanging kanthi sidheman marga wedi karo para pangwasa Yahudi.) Pilatus uga nglilani panyuwuné iku. Mulané tumuli sowan sarta ngukup layoné Yésus. 39 Nikodémus uga teka mrono. Wong iku kang sakawit sowan ing ngarsané Yésus nalika wayah bengi. Nikodémus nggawa caruban lenga mur lan lenga garu, boboté watara sèket kati. 40 Wong-wong mau padha ngukup layoné Yésus lan diulesi nganggo lawon kang ana adon-adoné kaya adaté wong Yahudi yèn ngubur mayit. 41 Sacedhaking papan panggonané Yésus kasalib iku ana patamanané lan ing patamanan mau ana kuburan anyar kang durung tau dianggo ngubur wong. 42 Sarèhné pinuju dina pacawisané wong Yahudi, sarta kuburané iku cedhak, mula Yésus banjur disarèkaké ana ing kono.
1 Ing dina kapisan ing minggu iku, wayah ésuk umun-umun, nalika isih peteng, Maria Magdaléna menyang pasaréan lan weruh menawa watu tutupé guwa wis kasingkiraké saka ing pasaréan. 2 Tumuli lumayu nemoni Simon Pétrus lan sakabat liyané kang dikasihi déning Yésus, lan padha diwartani, "Gusti dipun pendhet tiyang saking pasaréan, lan kula mboten sumerep wonten ing pundi anggènipun nyarèkaken." 3 Pétrus lan sakabat liyané mau banjur padha mangkat menyang pasaréan. 4 Sakaroné padha mlayu bebarengan, nanging sakabat liyané iku playuné luwih rikat katimbang Simon Pétrus, satemah luwih dhisik tekané ing pasaréan. 5 Lan bareng nginguk menjero, weruh yèn ulesé wus sumèlèh ing lemah; nanging dhèwèké ora mlebu. 6 Simon Pétrus olèhé nututi iya nuli tekan sarta banjur mlebu ing pasaréan, lan weruh ulesé sumèlèh ing lemah, 7 déné lawon riwé kang mauné ana ing mustakané Yésus ora awor karo ulesé, nanging wus kalempit sumèlèh kadhèwèkaké ing panggonan liya. 8 Sakabat liyané kang dhisik tekané ing pasaréan mau iya nuli mlebu, banjur ndeleng sarta pracaya. 9 Awit salawasé sakabat-sakabat mau durung padha mangerti isiné Kitab Suci kang mratélakaké, yèn Panjenengané pinesthi wungu saka ing antarané wong mati. 10 Sakabat loro iku mau tumuli padha mulih. 11 Nanging Maria Magdaléna ngadeg ing sajabané pasaréan karo nangis. Sajroné nangis nginguk ing pasaréan, 12 weruh ana malaékat loro ngagem ageman putih, padha lenggah, kang siji ana ing ulon-ulon, sijiné ana ing dagan tilas panggonan sumaréné Yésus. 13 Malaékat iku banjur padha ngandika marang Maria, "Ibu, kena apa kowé nangis?" Aturé Maria, "Gusti kula dipun pendhet tiyang lan kula mboten sumerep wonten ing pundi anggènipun nyarèkaken." 14 Sawusé matur mangkono, tumuli nolèh memburi sarta weruh Yésus jumeneng ana ing kono, nanging ora mangerti, menawa iku Yésus. 15 Yésus nuli ngandika, "Ibu, kena apa kowé nangis? Kowé nggolèki sapa?" Maria ngira yèn iku juru taman, banjur matur, "Bapak, manawi sampéyan ingkang mendhet Panjenenganipun, kula sampéyan criyosi, wonten ing pundi anggèn sampéyan nyarèkaken, kula pendhetipun." 16 Yésus tumuli ngandika, "Maria!" Maria banjur minger sarta munjuk ing basa Ibrani, "Rabuni!" Jarwané: Guru. 17 Pangandikané Yésus, "Aja nggondhèli Aku, awit Aku durung sowan menyang ngarsané Ramaku, nanging lungaa nemonana para Sadulurku, lan padha kandhanana, menawa Aku arep sowan menyang ngarsané Ramaku lan Ramamu ing ngarsané Allahku lan Allahmu." 18 Maria Magdaléna nuli lunga wewarta marang para sakabat, "Aku wus ndeleng Gusti!" sarta kang mangandikani bab-bab iku mau uga Panjenengané. 19 Bareng ing wayah bengi ing dina kapisan minggu iku para sakabaté Yésus padha nglumpuk ana ing sawenèhing papan, lawangé padha kakancing awit saka wediné marang wong Yahudi. Ing nalika iku Yésus rawuh jumeneng ana ing tengah-tengahé para sakabat sarta ngandika, "Tentrem-rayahu anaa ing kowé kabèh!" 20 Sawisé ngandika mangkono, tumuli nedahaké astané lan lambungé marang para sakabat. Para sakabat iku padha bungah nalika ndeleng Gusti. 21 Yésus banjur ngandika manèh, "Tentrem-rahayu anaa ing kowé kabèh! Kayadéné Rama anggoné ngutus Aku, mangkono uga saiki Aku ngutus kowé." 22 Sawusé ngandika mangkono, Panjenengané banjur ndamoni para sakabat lan dipangandikani, "Padha nampanana Roh Suci. 23 Menawa kowé padha ngapura dosané wong, iku dosané diapura, lan menawa kowé padha netepaké dosané, iku dosané isih tetep ana." 24 Nanging Tomas, panunggalané sakabat rolas iku, kang karan Didimus, nalikané Yésus rawuh pinuju ora nunggal karo kanca-kancané. 25 Mulané, para sakabat liyané padha ngandhani, "Aku wus padha ndeleng Gusti!" Nanging Tomas ngucap, "Sadurungé aku ndeleng tabeté paku ana ing astané lan sadurungé aku ndulek tilas paku iku nganggo drijiku tuwin lambungé daklodok nganggo tanganku, aku ora pracaya babar pisan." 26 Bareng tekan wolung dinané, para sakabaté Yésus padha ana ing jero omah iku manèh sarta Tomas iya ana ing kono. Nalika lawangé padha kakancing, Yésus rawuh banjur jumeneng ana ing tengah-tengahé para sakabat sarta ngandika, "Tentrem-rahayu anaa ing kowé!" 27 Banjur ngandika marang Tomas, "Drijimu athungna mréné, delengen tanganku, sarta ulungna tanganmu, dèlèhna ing lambungku lan kowé aja nganti ora pracaya manèh, nanging pracayaa!" 28 Tomas mangsuli, unjuké, "Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!" 29 Pangandikané Yésus, "Amarga kowé wus ndeleng Aku, temah kowé pracaya. Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging pracaya." 30 Isih akèh manèh pratandha liyané kang katindakaké déning Yésus ana ing ngarepé para sakabaté, kang ora kasebut ana ing kitab iki, 31 nanging apa kang wus katulis, supaya kowé padha pracaya, yèn Yésus iku Kristus, Putrané Allah, sarta supaya sarana pracayamu, kowé padha nduwènana urip ana ing asmané.
1 Sawisé iku, Yésus ngatingal manèh marang para sakabaté ana ing pinggir Tlaga Tibérias; déné anggoné ngatingal mau mangkéné: 2 Ing pesisir kono kang padha ngumpul: Simon Pétrus lan Tomas kang karan Didimus, Natanaél kang saka ing Kana, Wilayah Galiléa, anaké Zébédéus lan sakabaté loro liyané. 3 Simon Pétrus tumuli kandha marang kanca-kancané mau, "Aku arep lunga golèk iwak." Wangsulané kancané, "Aku iya padha mèlu kowé." Banjur padha mangkat nunggang prau, nanging sawengi iku padha ora olèh apa-apa. 4 Nalika wus bangun ésuk, Yésus jumeneng ana ing gisik. Nanging para sakabaté padha ora mangerti, yèn iku Yésus. 5 Yésus tumuli ngandika, "Hé, bocah-bocah, apa kowé padha duwé lawuh?" Wangsulané, "Mboten." 6 Pangandikané Yésus, "Jalamu tibakna ing satengené prau, temah kowé bakal padha olèh." Jalané nuli ditibakaké, nanging ora kena ditarik, awit saka akèhing iwaké. 7 Sakabat kang dikasihi déning Yésus tumuli kandha marang Pétrus, "Iku Gusti." Bareng Simon Pétrus krungu, yèn iku Yésus, tumuli nganggo sandhangané, marga isih ngliga; banjur ambyur ing tlaga. 8 Para sakabat liyané nusul nganggo prau, jalaran ora adoh saka ing dharatan, mung watara satus mèter, kambi nggèrèd jalané kang kebak iwak iku. 9 Samentasé ing dharatan, para sakabat padha weruh geni areng, lan iwak tumumpang ing geni mau sarta roti. 10 Yésus ngandika marang para sakabat, "Njupuka iwak sawatara, saka anggonmu mentas njala mau!" 11 Simon Pétrus banjur munggah prau lan ngentas jalané menyang dharatan, jala iku kebak iwak gedhé-gedhé: cacahé nganti satus sèket telu. Nanging sanadyan nganti samono akèhé, jalané ora bedhah. 12 Pangandikané Yésus marang para sakabat, "Padha mrénéa, sarapana." Ora ana ing antarané para sakabat iku kang wani munjuk pitakon marang Panjenengané, "Paduka punika sinten?" Amarga wus padha mangerti, yèn Panjenengané iku Yésus. 13 Yésus tumuli majeng, sarta mundhut roti mau, banjur diparingaké marang para sakabat, mangkono uga iwaké. 14 Iku wus kaping teluné anggoné Yésus ngatingal marang para sakabaté sawisé wungu saka ing antarané wong mati. 15 Sawisé padha sarapan, Yésus ngandika marang Simon Pétrus, "Simon anaké Yohanes, apa kowé tresna marang Aku ngluwihi wong-wong iki?" Unjuké Pétrus, "Inggih Gusti, Gusti pirsa, bilih kawula remen dhateng Gusti." Pangandikané Yésus, "Rumatana cempé-cempéku!" 16 Pangandikané Yésus manèh marang Pétrus kang kapindhoné, "Simon, anaké Yohanes, apa kowé tresna marang Aku?" Unjuké Pétrus, "Inggih Gusti, Gusti pirsa, bilih kawula remen dhateng Gusti." Pangandikané Yésus, "Engonen wedhus-wedhusku!" 17 Pangandikané Yésus marang Pétrus kang kaping teluné, "Simon, anaké Yohanes, apa kowé tresna marang Aku?" Pétrus dadi sedhih atiné amarga Yésus ndangu kang kaping teluné, "Apa kowé tresna marang Aku?" Pétrus banjur munjuk, "Dhuh, Gusti, Gusti pirsa samukawis, inggih pirsa, bilih kawula remen dhateng Gusti." Pangandikané Yésus, "Engonen wedhus-wedhusku! 18 Satemen-temené Aku pitutur marang kowé: Nalika kowé isih enom, kowé sabukan dhéwé lan kowé lumaku menyang ngendi baé kang kokkarepaké, nanging samangsa kowé wus tuwa, kowé bakal mulung tanganmu lan wong liya kang bakal nyabuki kowé, banjur nggawa kowé menyang panggonan kang ora kokkarepaké." 19 Bab iku dipangandikakaké kanggo nélakaké kepriyé anggoné Pétrus bakal mati lan ngluhuraké Allah. Sawusé ngandika mangkono mau, tumuli dhawuh marang Pétrus, "Mèlua Aku!" 20 Bareng Pétrus nolèh, weruh sakabat kang dikasihi déning Yésus ndhèrèk, yaiku sakabat kang nalika bujana lungguh cedhaké Yésus, sarta munjuk, "Gusti, sinten tiyangipun ingkang badhé ngulungaken Gusti?" 21 Nalika Pétrus weruh sakabat iku mau, nuli munjuk marang Yésus, "Gusti, piyambakipun punika lajeng kadospundi?" 22 Pangandikané Yésus, "Saupama dakkarepaké, supaya iku tetep urip nganti satekaku, iku rak dudu urusanmu. Nanging kowé: Mèlua Aku!" 23 Banjur sumebar pawarta ing antarané para sadulur-sadulur, yèn sakabat iku mau ora bakal mati. Nanging Yésus ora ngandika marang Pétrus, yèn sakabat mau bakal ora mati, nanging, "Saupama dakkarepaké, supaya iku tetep urip nganti satekaku, iku dudu urusanmu." 24 Iya sakabat iku, kang neksèni lan wus nulis bab iku mau kabèh, lan kita padha mangerti, yèn paseksiné iku nyata. 25 Isih akèh bab-bab liyané manèh kang katindakaké déning Yésus, nanging saupama kabèh iku kudu ditulis siji-siji, dakkira jagat iki ora bisa ngemot sakèhing buku kang kudu ditulis iku.
1 Téofilus, ingkang kinurmatan, ing kitab kula ingkang kapisan, kula nyariyosaken sakathahing pakaryan lan piwulangipun Yésus, 2 ngantos dumugi ing dinten anggènipun kasengkakaken dhateng swarga. Sadèrèngipun, Panjenenganipun sampun paring dhawuh lantaran Roh Suci dhateng para rasul pepilihanipun. 3 Sareng sampun rampung anggènipun nandhang sangsara, Panjenenganipun lajeng ngatingal dhateng para rasul wau, sarta kalayan pratandha kathah paring bukti, bilih Panjenenganipun gesang. Amargi ngantos kawan dasa dinten laminipun anggèning wongsal-wangsul ngatingal saha paring pangandika bab Kratoning Allah dhateng para rasul wau. 4 Ing sawijining dina nalika Yésus dhahar bebarengan karo para rasul, padha ora diparengaké ninggal Yérusalèm, sarta padha didhawuhi tetep ana ing kono, ngentèni janjiné Sang Rama, kang mangkéné pangandikané, "Kowé wus padha krungu saka Aku, 5 Menawa Yohanes iku anggoné mbaptis nganggo banyu, nanging ora suwé manèh kowé bakal padha kabaptis sarana Roh Suci." 6 Para rasul kang padha ngumpul iku nuli nyuwun pirsa, "Gusti, punapa sapunika anggèn Panjenengan badhé mulihaken kraton tumrap Israèl?" 7 Paring wangsulané, "Kowé ora prelu nyumurupi mangsa lan waktu, kang katamtokaké déning Sang Rama piyambak, manut pangwaosé. 8 Nanging kowé bakal padha tampa pangwasa, samangsa Roh Suci wus nedhaki kowé kabèh, sarta kowé bakal padha dadi seksi-seksiku ana ing Yérusalèm lan ing Yudéa sarta Samaria kabèh, tuwin tumeka ing pungkasaning bumi." 9 Sawisé ngandika mangkono, Panjenengané nuli sinengkakaké menyang swarga, sineksènan déning para rasul, banjur wus ora katingal, amarga kaaling-alingan méga. 10 Nalika lagi padha tumenga ing langit ngawasaké anggoné' Panjenengané sumengka iku, dumadakan ana priya loro jumeneng ing sacedhaké, padha ngagem ageman putih, 11 kang tumuli mangandikani mangkéné, "Hé, wong-wong Galiléa, yagéné kowé padha ngadeg tumenga ing langit? Yésus, kang sinengkakaké menyang swarga, nilar kowé kabèh iki, bakal rawuh manéh kanthi patrap kaya kang padha kokdeleng nalika Panjenengané minggah menyang swarga." 12 Para rasul banjur padha bali menyang Yérusalèm saka gunung Zaitun, kang saka Yérusalèm adohé mung salakon ing dina Sabat. 13 Satekané ing kutha, nuli padha munggah menyang kamar ing dhuwur, kang dipondhoki, yaiku: Pétrus lan Yohanes, Yakobus lan Andréas, Filipus lan Tomas, Bartoloméus lan Matius, Yakobus anaké Alféus, lan Simon wong Zélot sarta Yudas anaké Yakobus. 14 Kabèh padha saiyeg anggoné mempeng ing pandonga, bebarengan karo wanita sawatara sarta Maria, ibuné Yésus, tuwin para sadhèrèké Yésus. 15 Ing nalika samana Pétrus banjur jumeneng ana ing satengahé para sadulur tunggal pracaya, kang lagi padha nglumpuk, cacahé watara satus rong puluh, sarta ngandika, 16 "Hé, para Sadulur, pangandika ing Kitab Suci, kang kalairaké déning Roh Suci lantaran Daud, iku kudu kayektènan, yaiku bab Yudas, kang dadi pangiridé wong-wong kang nyekel Yésus. 17 Mauné wong iku klebu ing golongan kita sarta mèlu nindakaké ayahan leladi iki." 18 Yudas iku wis tuku palemahan sarana opahing pialané, banjur tiba krungkeb, wetengé bedhah, nganti jeroané mbrodhol kabèh. 19 Bab iku kasumurupan ing wong Yérusalèm kabèh, mulané palemahan mau banjur diarani nganggo basané wong-wong mau dhéwé, "Hakal-Dama", tegesé Palemahan Getih. 20 "Sabab ing kitab Masmur tinulis mangkéné: 'Kémah-kémahipun dadosa suwung, sampun ngantos wonten ingkang ngenggèni.' Sarta:'Kalenggahanipun kapendheta déning tiyang sanès.' 21 Awit saka iku anaa siji kang diwuwuhaké marang kita saka panunggalané wong-wong kang tansah kekumpulan karo kita, nalika Gusti Yésus isih tetunggilan karo kita, 22 yaiku wiwit saka pambaptisé Yohanes nganti tekan dina sumengkané Yésus menyang swarga, nilar kita, supaya mèlu dadi seksi bab wunguné." 23 Wong-wong banjur ngusulaké wong loro: Yusuf kang karan Barsabas lan kang uga karan Yustus, tuwin Matias. 24 Kabèh nuli padha ndedonga lan munjuk, "Dhuh, Gusti, Paduka ingkang nguningani manahipun sadaya tiyang, mugi karsa paring pitedah, tiyang kalih punika pundi ingkang Paduka pilih, 25 supados nampèni kalenggahan lelados, inggih punika kalenggahan rasul, ingkang katilar déning Yudas, ingkang sampun késah dhateng panggénan ingkang samesthinipun tumrap tiyang wau." 26 Banjur padha diundhi, satemah kang kena Matias, mula banjur kawuwuhaké marang para rasul sawelas.
1 Bareng ing dina riyaya Péntakosta, wong-wong kabèh padha nglumpuk. 2 Dumadakan ana swara saka langit, saèmper sumiyuting angin gedhé, kang ngèbeki saomah kang kanggo lelungguhan, 3 banjur padha ndeleng urubing geni ilat-ilatan, kang ambyar lan nibani saben wong mau kabèh. 4 Tumuli wong kabèh padha kapenuhan ing Roh Suci sarta banjur padha wiwit guneman nganggo basa-basa liya, kaya kang kawisikaké déning Roh iku supaya kaucapaké. 5 Nalika samana ing Yérusalém ana wong-wong Yahudi kang salèh saka sarupaning bangsa ing sangisoring langit. 6 Bareng ana swara mangkono mau, tumuli wong akèh padha teka kumrubut sarta padha gumun, amarga saben wong krungu para rasul lan para murid iku padha guneman nganggo basané wong-wong mau. 7 Kabèh padha njenger kaéraman, banjur padha ngucap, "Wong-wong kang padha guneman iku rak wong Galiléa, ta? 8 Kepriyé déné kita dhéwé-dhéwé padha krungu anggoné guneman nganggo basa kita dhe'wé, yaiku basa kang kita anggo ana ing nagara asal kita: 9 kita iki wong Partia, Média, Élam, kang padha manggon ing Mésopotamia, Yudéa lan Kapadokia, Pontus lan Asia, 10 Frigia lan Pamfilia, Mesir lan ing wewengkoné Libia kang cedhak karo Kiréné, wong-wong neneka saka Roma, 11 iya wong Yahudi iya wong kang ngrasuk agama Yahudi, wong Kréta lan wong Arab, kita krungu wong-wong iku padha guneman nganggo basa kita dhéwé-dhéwé bab pakaryan-pakaryan agung kang katindakaké déning Allah." 12 Kabèh padha kaéraman sarta bingung lan padha takon-tinakon, mangkéné, 13 "Apa ta tegesé iki?" Nanging wong liyané ana kang moyoki, ujaré, "Wong iku rak lagi padha mabuk anggur manis." 14 Pétrus tumuli jumeneng dalah para kanthiné sawelas, sarta ngandika kalawan swara sora marang wong-wong mau, "Para Sadhèrèk Yahudi saha panjenengan sadaya ingkang sami manggèn ing Yérusalèm, mugi sami nggatosaken saha ngretos punapa ingkang kula andharaken. 15 Tiyang-tiyang punika mboten sami mabuk, kados panginten panjenengan, amargi sapunika saweg jam sanga énjing. 16 Nanging inggih punika ingkang kapangandikakaken déning Allah lumantar Nabi Yoèl makaten: 17 Bésuk ing dina-dina kang wekasan -- mangkono pangandikané Allah -- Ingsun bakal ngesokaké Rohingsun marang sakèhing manungsa; anak-anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit, lan wong nom-nomanira bakal padha nampa wahyu, sarta wong-wongira kang wus tuwa bakal padha olèh impèn. 18 Uga para abdiningsun lanang lan wadon bakal sunesoki Rohingsun ing dina-dina iku, lan bakal padha medhar wangsit. 19 Sarta Ingsun bakal nganakaké kaélokan-kaélokan ana ing dhuwur, ana ing langit lan pratandha-pratandha ana ing ngisor, ana ing bumi: getih lan geni sarta kumeluning kukus. 20 Srengéngé bakal dadi peteng ndhedhet lan rembulan bakal dadi getih sadurungé tekan dinaning Pangéran kang agung lan luhur iku. 21 Anadéné saben wong kang nyebut asmané Pangéran iku bakal kapitulungan rahayu. 22 Para Sadhèrèk Israèl, sami mirengna andharan kula punika: Ingkang kula kajengaken inggih punika Yésus saking Nasarèt, satunggaling priya ingkang sampun kapiji déning Allah saha ingkang sampun kapratélakaken dhateng panjenengan sadaya kalawan pangwaos-pangwaos, tuwin kaélokan-kaélokan sarta pratandha-pratandha ingkang katindakaken déning Allah lantaran Panjenenganipun, wonten ing tengah-tengah panjenengan sadaya, kadosdéné ingkang sampun panjenengan mangertosi. 23 Panjenenganipun ingkang kaulungaken déning Allah miturut karsa saha rancanganipun punika sampun panjenengan salib sarta panjenengan sédani lumantar tanganipun bangsa-bangsa ingkang duraka. 24 Nanging lajeng kawungokaken déning Allah, kauwalaken saking sangsaraning pejah, amargi mboten badhé Panjenenganipun lestantun kawengku déning pangwaosing pejah punika. 25 Awit Daud ngandika bab Panjenenganipun makaten: Aku tansah mandeng marang Pangéran, amarga Panjenengané jumeneng ing tengenku, satemah aku ora kéguh. 26 Mulané atiku sukarena lan ilatku surak-surak; malah badanku bakal lerem sajroning pangarep-arep, 27 amargi Paduka mboten masrahaken kawula dhateng jagatipun tiyang pejah, sarta mboten négakaken Abdi Paduka ingkang suci ngalami risak. 28 Paduka paring sumerep dhateng kawula bab margining gesang; Paduka badhé nglubèraken kabingahan dhateng kawula wonten ing pangayunan Paduka. 29 Para Sadhèrèk, kula badhé cariyos dhateng panjenengan sadaya kanthi blaka-suta bab Daud, leluhuripun bangsa kita. Panjenenganipun sampun séda saha kasarèkaken, saha pasaréanipun dumugi ing dinten punika taksih wonten. 30 Nanging panjenenganipun punika jumeneng nabi saha pirsa, bilih Allah sampun paring prajanji dhateng panjenenganipun kalayan supaos, bilih Allah badhé nglenggahaken tedhakipun Daud piyambak wonten ing dhamparipun. 31 Margi saking punika panjenenganipun uninga sadèrèngipun saha ngandikakaken bab wungunipun Mésias, inggih punika nalika ngandika, bilih Panjenenganipun mboten dipun tégakaken wonten ing jagatipun tiyang pejah, saha bilih sariranipun mboten badhé ngalami risak. 32 Inggih Yésus punika ingkang kawungokaken déning Allah, saha tumrap prakawis punika kula sadaya ingkang sami dados seksinipun. 33 Punapadéné sareng Panjenenganipun sampun jinunjung déning asta tengenipun Allah tuwin tampi saking Sang Rama, Roh Suci ingkang kaprasetyakaken punika, Panjenenganipun lajeng ngesokaken Roh punika kados ingkang sampun panjenengan sumerepi saha panjenengan pireng wonten ing ngriki. 34 Amargi sanès Daud ingkang minggah dhateng swarga, malah Daud piyambak ngandika makaten: Pangéran wus ngandika marang Gustiku: 35 Sira lenggaha ing satengeningsun, nganti mungsuhira kabèh wus padha sundadèkaké ancik-anciking tlapakanira. 36 Awit saking punika, umat Israèl sadaya kedah mangertos kalayan saèstu, bilih Allah sampun njumenengaken Yésus ingkang panjenengan salib punika, dados Gusti lan Kristus." 37 Bareng wong-wong mau padha krungu pangandika mangkono iku, atiné padha trenyuh, banjur padha matur pitakon marang Pétrus lan para rasul liyané, "Para Sadhèrèk, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?" 38 Paring wangsulané Pétrus, "Sami mratobata sarta panjenengan piyambak-piyambak sami kabaptisa ing asmanipun Yésus Kristus, murih angsal pangapuntening dosa panjenengan, satemah panjenengan sami badhé nampèni peparing, inggih punika Roh Suci. 39 Awitdéné ingkang kaparingan prajanji punika panjenengan sadaya saha putra-putra panjenengan tuwin tiyang-tiyang ingkang taksih tebih, sapinten ingkang badhé tinimbalan déning Gusti Allah kita." 40 Tuwin kalawan pangandika-pangandika liyané akèh manèh panjenengané paring paseksi lan pambereg marang wong-wong kabèh, pangandikané, "Sami sumingkira saking patunggilanipun tiyang-tiyang ingkang keblinger." 41 Wong-wong kang nampani pangandikané Pétrus mau padha kabaptis. Ing dina iku, cacahé para murid wuwuh watara telung èwu. 42 Wong-wong mau padha ngantepi ing piwulangé para rasul lan anggoné tetunggalan sarta padha tansah nglumpuk, saprelu nyuwil-nyuwil roti lan ndedonga. 43 Wong kabèh padha kadunungan rasa wedi, awit para rasul iku padha nganakaké mukjijat lan pratandha akèh. 44 Sarta wong kang pracaya kabèh padha lestari manunggal, sakèhing barang darbèké padha dianggep duwèké wong akèh. 45 Apadéné tansah ana panunggalané kang ngedol barang darbèké, banjur didum-dumaké marang wong kabèh, miturut kabutuhané. 46 Sadina-dina tansah padha nglumpuk ana ing Padaleman Suci kalawan tegen sarta saiyeg. Padha nyuwil-nyuwil roti ana ing omahé kanthi giliran, padha mangan bebarengan kalawan bungah lan ati kang tulus, 47 karo memuji marang Allah, apadéné padha disenengi déning wong sabangsa kabèh. Sarta manèh ing saben dinané cacahé wong kang padha kapitulungan rahayu diwuwuhi déning Gusti.
1 Ing sawijining dina, ngarepaké wektu sembahyang, yaiku jam telu awan, Pétrus lan Yohanes padha minggah menyang Padaleman Suci. 2 Ing kono ana wong lumpuh lair mula, mulané saben dina digéndhong lan dipapanaké ing sacedhaké gapuraning Padaleman Suci kang aran Gapura Éndah, supaya ngemis marang wong kang padha lumebu menyang Padaleman Suci. 3 Bareng wong mau weruh Pétrus lan Yohanes arep lumebet menyang Padaleman Suci, banjur nyuwun peparing. 4 Sakaroné padha mirsani wong iku sarta Pétrus tumuli ngandika, "Aku pandengen." 5 Wong mau iya banjur mandeng marang sakaroné kanthi pangarep-arep bakal kaparingan apa-apa. 6 Nanging Pétrus nuli ngandika, "Emas lan pérak aku ora duwé, nanging kang aku duwé, kowé dakwènèhi: Demi asmané Yésus Kristus, wong Nasarèt iku, ngadega lan lumakua!" 7 Panjenengané banjur ngasta tangané tengen wong mau, nulungi anggoné ngadeg. Sanalika iku uga sikilé lan poloké wong mau dadi kukuh, 8 tumuli mlumpat sarta mlaku mrana-mréné, banjur ndhèrèk sakaroné lumebu menyang Padaleman Suci, kalawan jingkrak-jingkrak sarta memuji marang Allah. 9 Wong-wong kabèh weruh anggoné mlaku karo memuji marang Allah iku 10 sarta iya banjur padha ora pangling, yèn wong iku kang adaté lungguh ngemis ana ing Gapura Éndah ing Padaleman Suci, satemah padha kaéraman lan gumun banget marang apa kang wus kelakon mungguh ing wong mau. 11 Sarèhné wong iku tansah ngetutaké Pétrus lan Yohanes, mulané wong akèh kang padha gumun banget iku kabèh padha teka ngrubung ana ing srambi kang aran Srambi Salomo. 12 Bareng Pétrus pirsa wong akèh iku, banjur ngandika, "Para Sadhèrèk Israèl, punapaa déné panjenengan sadaya sami gumun dhateng lelampahan punika saha punapa sababipun déné panjenengan sami ningali dhateng kula kekalih, kados-kados ingkang murugaken tiyang punika saged lumampah, margi saking pangwaos utawi kamursidan kula kekalih piyambak? 13 Allahipun Abraham, Ishak lan Yakub, Allahipun leluhur kita sampun mulyakaken Abdinipun, inggih punika Yésus ingkang panjenengan ulungaken saha panjenengan tampik wonten ing ngarsanipun Pilatus, sanadyan Pilatus mutusaken bilih Panjenenganipun kedah dipun luwari. 14 Nanging panjenengan sampun nampik Ingkang Suci saha Leres, sarta milih tiyang ingkang damel pepejah, supados kaparingaken dhateng panjenengan. 15 Dados panjenengan nyédani Panjenenganipun ingkang dados Sumbering Gesang, nanging lajeng sampun kawungokaken déning Allah saking antawisipun tiyang pejah; saha tumrap bab punika kula ingkang sami dados seksinipun. 16 Punapa déné margi saking pitados dhateng asma Yésus punika, mila asma punika sampun kelampahan ngiyataken tiyang ingkang panjenengan sumerepi saha ingkang panjenengan tepangi punika; sarta inggih kapitadosan punika ingkang njalari sarasipun tiyang punika wonten ing ngajeng panjenengan sadaya. 17 Para Sadhèrèk, kula mangertos, bilih anggèn panjenengan sami tumindak makaten punika, amargi saking kiranging pangertosan, sami kados para pangageng panjenengan sadaya. 18 Nanging kanthi patrap makaten, Allah sampun kelampahan nuhoni punapa ingkang kala rumiyin kapangandikakaken lantaran para nabinipun, inggih punika bilih Mésias ingkang kautus punika kedah nandhang sangsara. 19 Awit saking punika, sami èngeta saha sami mratobata, supados dosa panjenengan kaapunten, 20 supados Pangéran lajeng paring wekdal ingkang damel lega saha ngutus Yésus, ingkang wiwit sakawit sampun katamtokaken dados Kristus kanggé panjenengan sadaya. 21 Kristus punika kedah lenggah wonten ing swarga ngantos dumugi titimangsa pulihipun samukawis sadaya, kadosdéné ingkang sampun dipun ngandikakaken déning Allah lumantar para nabinipun ingkang suci nalika jaman rumiyin. 22 Rak sampun dipun ngandikakaken déning Musa, 'Gusti Allah bakal njumenengaké nabi saka ing antarané para sadulurmu, padha kayadéné aku. Yaiku padha ngrungokna marang panjenengané sarta sakèhing pangandika kang bakal kaparingaké marang kowé. 23 Sarta bakal kelakon, wong kabèh kang ora ngrungokaké nabi iku, bakal katumpes saka ing antarané umat.' 24 Punapadéné sadaya nabi ingkang naté nglairaken pangandika, wiwit Samuèl saha sapengkeripun, sampun sami meca bab jaman punika. 25 Inggih panjenengan sadaya punika ingkang marisi pameca-pameca punika saha angsal bagéan tumrap ing prajanjian ingkang dipun wontenaken déning Allah kaliyan leluhur kita, nalika Panjenenganipun ngandika dhateng Abraham: Marga saka turunira, sakèhing bangsa ing salumahing bumi bakal binerkahan. 26 Lan ingkang rumiyin inggih kanggé panjenengan sadaya punika anggènipun Allah njumenengaken Abdinipun saha ngutus Panjenenganipun nuwèni panjenengan sadaya, supados panjenengan sami kabarkahan saha nuntun panjenengan piyambak-piyambak nilar sakathahing piawon panjenengan."
1 Nalika Pétrus lan Yohanes lagi ngandikani wong akèh, dumadakan padha katekan para imam lan lelurahé jaga-baya Padaleman Suci sarta para wong Saduki. 2 Wong-wong iku padha nepsu banget, jalaran sakaroné padha mulang marang wong akèh sarta wewarta, menawa ana ing Yésus ana patangèn saka ing antarané wong mati. 3 Banjur padha dicepeng lan ditahan nganti dina candhaké, amarga wayahé wus wiwit peteng. 4 Nanging wong kang padha ngrungokaké piwulangé mau akèh kang padha pracaya, temahan cacahé wong lanang kira-kira dadi limang èwu. 5 Kacarita ésuké para pangarepé wong Yahudi lan para pinituwa sarta para ahli Torèt padha nganakaké parepatan ana ing Yérusalèm 6 karo Imam Agung Hanas lan Kayafas, Yohanes lan Aleksander apadéné wong kabèh, kang kagolong trah Imam Agung. 7 Pétrus lan Yohanes banjur diadhepaké marang ngarsaning parepatan tuwin wiwit dipriksa kalawan didangu, mangkéné, "Panggawému kang mangkono mau kalawan pangwasa apa lan atas jenengé sapa?" 8 Pétrus, kapenuhan ing Roh Suci, tumuli matur, "Kula nuwun, para pangajenging bangsa saha para pinisepuh, 9 sarèhning sapunika kula sami kapriksa bab pandamel saé dhateng tiyang sakit saha kedah nerangaken kalayan pangwaos punapa tiyang punika anggènipun kasarasaken, 10 pramila panjenengan sadaya dalah sabangsa Israèl sami kula aturi uninga, bilih punika margi saking asmanipun Yésus Kristus saking Nasarèt, ingkang sampun panjenengan salib, nanging ingkang sampun kawungokaken saking antawisipun tiyang pejah déning Allah -- inggih margi saking Yésus punika tiyang punika saged ngadeg, pinanggih sampun saras wonten ing ngarsa panjenengan sapunika. 11 Yésus punika séla ingkang kabucal déning para juru yasa padaleman -- inggih punika panjenengan piyambak -- éwadéné sampun dados sélaning pojokan. 12 Kaliyan malih mboten wonten karahayon wonten ing sintena kémawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika mboten wonten asma sanèsipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita." 13 Bareng parepatan nguningani kakendelané Pétrus lan Yohanes mangka pirsa, yèn sakaroné iku mung wong lumrah lan dudu wong pasinaon, banjur padha éram, sarta padha ora pangling, yèn loro-loroné iku padha dadi pandhèrèké Yésus. 14 Nanging sarèhné padha mirsani wong kang diwarasaké iku ngadeg ana ing sandhingé para rasul, dadi ora bisa mbantah apa-apa. 15 Para rasul tumuli didhawuhi metu saka papan parepatan, pradata banjur rembagan, 16 pangandikané, "Tiyang punika kedah kita punapakaken? Awit sampun nyata, tumrap sadaya tiyang ingkang manggèn ing Yérusalèm, bilih kekalihipun sami ngawontenaken mukjijat ingkang nyolok, ingkang mboten saged kita sélaki. 17 Namung kémawon supados bab punika sampun ngantos saya sumebar wonten ing satengahing tiyang kathah, prayoginipun tiyang kalih punika kita ancam saha kita awisi, supados sampun ngantos rembagan malih kaliyan sintena kémawon atas asmanipun Yésus." 18 Bareng sakaroné wus didhawuhi lumebu, padha diawisi supaya babar-pisan aja rembugan utawa memulang manèh kalawan asmané Yésus. 19 Nanging Pétrus lan Yohanes padha mangsuli, "Panjenengan kula aturi menggalih piyambak, pundi ingkang leres wonten ing ngarsaning Allah: nurut dhateng panjenengan sadaya punapa dhateng Allah. 20 Amargi tumrap kula sadaya mboten saged mèndel anggèn kula sami rembagan bab punapa ingkang sampun sami kula tingali sarta ingkang sampun sami kula pireng." 21 Pradata saya banget anggoné ngancam marang para rasul mau, nanging wekasané iya banjur padha dililani mundur, sabab parepatan ora manggih bab kang kena kanggo ngukum, sarta wong akèh padha ngluhuraké asmané Allah, awit saka anané bab kang mentas kelakon. 22 Jalaran wong kang kasarasaké sarana mukjijat iku umuré wus luwih saka patang puluh taun. 23 Sawusé kaluwaran, Pétrus lan Yohanes banjur murugi mitra-mitrané sarta banjur nyariyosaké bab apa kang wus didhawuhaké déning para pangareping imam lan para pinituwa. 24 Bareng para mitrané krungu bab iku, banjur padha bebarengan nyebut marang Allah, unjuké, "Dhuh Pangéran, Paduka ingkang nitahaken langit, bumi, saganten tuwin saisinipun sadaya, 25 sarta ingkang sampun ngandika kanthi pakaryanipun Roh Suci lumantar abdi Paduka Daud, leluhur kawula sadaya, makaten: Yagéné para bangsa padha waringuten, lan para suku-bangsané padha ngangen-angen prakara kang tanpa guna? 26 Para raja ing donya padha siyaga lan para panggedhé padha nglumpuk arep lumawan marang Pangéran lan marang Jebadané. 27 Awitdéné sayektosipun Hérodès saha Pontius Pilatus, kaliyan para bangsa tuwin suku-bangsa Israèl sampun sami nglempak wonten ing kitha ngriki, sumedya nglawan Yésus, Abdi Paduka ingkang suci, ingkang Paduka jebadi 28 supados nglampahi sadaya ingkang sampun Paduka tamtokaken wiwit sakawit déning pangwaos saha karsa Paduka. 29 Déné sapunika, dhuh Pangéran, Paduka mugi karsa nguningani pangancamipun dhateng kawula sadaya, saha para abdi Paduka mugi sami kaparingan kakendelan kanggé martosaken pangandika Paduka. 30 Mugi Paduka karsa mulungaken asta Paduka, ingkang ndhatengaken kasarasan, punapa déné ngawontenaken pratandha-pratandha saha mukjijat-mukjijat kalayan asmanipun Yésus, Abdi Paduka ingkang suci." 31 Nalika padha ndedonga iku, panggonané kumpulan banjur horeg, sarta kabèh padha kapenuhan ing Roh Suci, tuwin tumuli padha martakaké pangandikaning Allah kalawan kendel. 32 Anadéné sagolonganing wong kang wus pracaya iku padha tunggal ati lan tunggal budi, lan ora ana wong siji-sijia kang ngucap, yèn barang darbèké iku duwèké dhéwé, nanging samubarang padha diduwèni bebarengan. 33 Sabanjuré para rasul anggoné neksèni bab wunguné Gusti Yésus kalawan pangwasa kang gedhé sarta kabèh padha kalubèran ing sih-rahmat. 34 Sabab ora ana wong siji-sijia ing panunggalané kang kekurangan, amarga wong kabèh kang duwé palemahan utawa omah, iku padha diedol, pepayoné digawa, 35 dicaosaké ing ngarsané para rasul, banjur didum-dum marang saben wong, manut kabutuhané. 36 Samono uga Yusuf, kang diparabi Barnabas déning para rasul, tegesé anaking panglipur, wong Lèwi saka Siprus. 37 Iku duwé pategalan, diedol, dhuwit pepayoné banjur digawa kacaosaké ing ngarsané para rasul.
1 Ana wong lanang jenengé Ananias karo somahé aran Safira, adol palemahané. 2 Kanthi sarujuké somahé, wong mau ngunthet sapéranganing pepayoné iku, déné liyané banjur digawa dicaosaké ing ngarsané para rasul. 3 Nanging Pétrus ngandika, "Ananias, yagéné atimu dikwasani déning Iblis, nganti kowé nggorohi Roh Suci sarta ngunthet sapéranganing pepayoné palemahan iku? 4 Saupama palemahan iku ora diedol, apa iku ora tetep dadi duwèkmu, lan sawusé diedol, apa pepayoné iku ora tetep kokkwasani? Yagéné kowé kok ngrancang pratingkah mangkono ana ing atimu? Dudu manungsa kang kokgorohi, nanging Allah." 5 Bareng Ananias krungu pangandika mangkono iku, banjur nggeblag pegat nyawa, temah wong kabèh kang krungu bab iku padha wedi banget. 6 Para nom-noman tumuli padha teka, ngulesi mayité, banjur digotong metu sarta dikubur. 7 Sawusé watara telung jam somahé Ananias lumebu, nanging ora sumurup apa kang mentas kelakon. 8 Pétrus banjur ngandika, "Aku kandhanana, apa palemahan iku kokedol kalawan rega samono?" Wangsulané wong wadon iku, "Inggih samanten." 9 Pangandikané Pétrus, "Yagéné kowé sakloron padha sekuthon nyoba marang Rohing Pangéran? Delengen, wong-wong kang mentas ngubur somahmu padha ngadeg ana ing ngarep lawang, iku uga bakal nggotong kowé metu." 10 Wong wadon iku banjur nggeblag sanalika iku uga ana ing ngarsané Pétrus lan pegat nyawa. Nalika para nom-noman padha lumebu, wong wadon mau tinemu wus mati, banjur digotong metu lan dikubur ing sacedhaké sing lanang. 11 Wong sapasamuwan kabèh sarta wong kang krungu bab iku padha banget wediné. 12 Anadéné para rasul padha nganakaké pratandha lan mukjijat akèh ana ing antarané wong akèh. Wong kabèh kang padha pracaya tansah padha nglumpuk ana ing Srambi Salomo ing sajroné patunggalan kang raket. 13 Wong-wong liyané ora ana kang wani ngemori, nanging wong-wong akèh iku padha banget anggoné ngajèni marang para wong kang pracaya iku. 14 Cacahé wong kang padha pracaya marang Gusti iku saya wuwuh-wuwuh, lanang lan wadon, 15 malah padha nggawa wong-wong kang lara menyang dalan gedhé, kasèlèhaké ing ambèn utawa klasa, supaya menawa Pétrus langkung, saora-orané ana sing kena ayang-ayangané. 16 Dalah saka kutha-kutha ing sakubenging Yérusalèm padha teka gumrudug nggawa wong kang padha lara utawa kang padha kabidhung ing roh reged. Kabèh padha kasarasaké. 17 Wasana, marga saka bangeting drengkiné, Imam Agung lan para pandhèrèké, yaiku wong-wong saka golongan Saduki, padha tumindak. 18 Para rasul padha ditangkep lan dilebetaké ing pakunjaran umum. 19 Nanging bareng bengi ana malaékaté Pangéran kang ngengakaké lawang-lawangé pakunjaran mau lan banjur ngirid metu para rasul, sarta ngandika, 20 "Padha menyanga Padaleman Suci, ngadega lan nggelarna sakèhé pangandikaning urip iku marang wong akèh." 21 Para rasul padha mbangun miturut marang piweling mau sarta bareng bangun ésuk, padha lumebet ing Padaleman Suci lan banjur wiwit memulang ana ing kono. Nalika samana Imam Agung lan para pandhèrèké dhawuh marang Pradata Agama supaya marepat, yaiku pakumpulané para pinituwaning bangsa Israèl, sarta banjur dhawuh mapag para rasul menyang pakunjaran. 22 Nanging bareng para abdi tekan ing pakunjaran, para rasul ora ketemu ana ing kono. Banjur padha bali ngaturi uninga, 23 aturé, "Wau pakunjaran pinanggih taksih kuncèn kekah, sarta sadaya tiyang jagi wonten ing papan jaginipun ing ngajeng kori, nanging sareng kula bikak, ing nglebet mboten wonten tiyangipun satunggal-satunggala." 24 Bareng pemimpining jaga-baya Padaleman Suci lan para pangareping imam krungu katrangan mangkono iku, padha kuwur atiné, banjur rerasanan bakal kepriyé kadadéané. 25 Nanging banjur ana wong teka kang pratéla, "Kauningana, tiyang-tiyang ingkang sampun panjenengan lebetaken ing pakunjaran punika, samangké wonten ing Padaleman Suci memulang dhateng tiyang kathah." 26 Pemimpiné jaga-baya lan para punggawané banjur padha menyang Padaleman Suci, nyepeng para rasul, nanging ora kanthi roda-peksa, jalaran wedi, menawa dibenturi watu wong akèh. 27 Para rasul mau diirid lan diajokaké ing ngarsané Pradata Agama. Imam Agung nuli wiwit ndangu, 28 pangandikané: "Kowé rak wus padha dakwanti-wanti aja memulang demi Jeneng kuwi? Nanging nyatané, Yérusalèm wus kokkebaki piwulangmu, lan kowé sumedya nekakaké walating getihé Wong iku marang aku." 29 Pétrus lan para rasul banjur padha mangsuli, aturé, "Kita kedah langkung mbangun-turut dhateng Allah katimbang dhateng manungsa. 30 Allahipun leluhur kita sampun mungokaken Yésus, ingkang sampun panjenengan gantung ing kajeng salib saha panjenengan sédani. 31 Inggih Panjenenganipun punika ingkang sampun sinengkakaken ing ngaluhur déning Allah kalayan astanipun ingkang tengen, kajumenengaken dados Panuntun tuwin Juruwilujeng, supados Israèl saged mratobat saha tampi pangapuntening dosa. 32 Déné ingkang sami dados seksinipun prakawis punika, kula sadaya saha Roh Suci ingkang sampun kaparingaken déning Allah dhateng tiyang sadaya ingkang mbangun-turut dhateng Panjenenganipun." 33 Mireng atur mangkono iku, kabèh padha muntab sarta banjur padha ngangkah nyédani para rasul. 34 Nanging ing Pradata Agama iku, ana wongé Farisi, nama Gamalièl, ahli Torèt kang kajèn banget ana ing antarané wong akèh, kang nuli ngadeg sarta usul, supaya para rasul padha didhawuhi metu sadhéla. 35 Sawusé mangkono banjur ngaturi pamrayoga, "Para Sadhèrèk Israèl, kula aturi sami manggalih saèstu, punapa ingkang badhé panjenengan tandukaken dhateng tiyang-tiyang punika! 36 Amargi kala rumiyin sampun muncul Téudas, ingkang ngaken tiyang linangkung saha ingkang gadhah panganut kirang langkung tiyang kawan atus; nanging tiyang wau lajeng dipun pejahi, para panganutipun sadaya sami buyar saha sirna. 37 Sasampunipun tiyang punika, nalika dipun wontenaken cacah-jiwa, Yudas muncul, tiyang Galiléa. Kathah tiyang ingkang kasèrèd ing pambalélanipun, nanging Yudas punika inggih tiwas, sadaya panganutipun sami buyar. 38 Awit saking punika atur kula dhateng panjenengan sadaya: Sampun tumindak punapa-punapa tumrap tiyang-tiyang punika. Sami kaetogna kémawon, awit manawi kakajengan saha pandamelipun punika asalipun saking manungsa, tamtu badhé sirna, 39 nanging manawi asalipun saking Allah, panjenengan sadaya mboten badhé saged nyirnakaken tiyang-tiyang punika; bokmanawi mangké badhé kabuktèn ugi, bilih panjenengan sami nglawan dhumateng Allah." Pamrayoga iku dituruti. 40 Pradata Agama iku banjur nimbali lan mecuti para rasul sarta nglarang memulang atas asmané Yésus. Sawusé mangkono padha kélilan mundur. 41 Para rasul padha mundur saka ing ngarsané Pradata Agama kalawan bingah, jalaran wus padha kaanggep pantes nandhang sangsara marga saka asma Yésus. 42 Sarta saben dina padha nglajengaké anggoné memulang ana ing Padaleman Suci lan ana ing omah-omah tuwin martosaké Injil, kang mratélakaké, yèn Yésus iku Mésias.
1 Ing nalika iku, bareng cacahé para murid saya wuwuh, tumuli thukul panggrundel ing antarané wong-wong Yahudi kang basané Yunani marang wong-wong Ibrani. amarga para rasul ing paladèn saben dinané nglirwakaké pandumané para randhané wong-wong mau. 2 Mulané rasul rolas banjur nimbali para murid kabèh, padha diklumpukaké lan dipangandikani, "Aku padha rumangsa ora prayoga, menawa marga saka leladi bab pangan nganti nglirwakaké paladosan bab pangandikaning Allah. 3 Mulané, para Sadulur, padha miliha wong pitu saka ing antaramu, kang wus katitik becik, lan kapenuhan ing Roh sarta kawicaksanan, supaya aku padha bisa ngangkat wong-wong mau kanggo ayahan iku, 4 satemah aku kabèh bisa nggatèkaké pikiran kita mung ana ing pandonga lan ing paladosan pangandika." 5 Usul iku dituruti déning wong sapasamuwan kabèh, banjur milih Stéfanus, wong kang kapenuhan ing pracaya lan Roh Suci, sarta Filipus, Prokhorus, Nikanor, Timon, Parménas, tuwin Nikolaus, wong kang ngrasuk agama Yahudi saka Antiokhia. 6 Wong-wong iku padha diaturaké ing ngarsané para rasul, lan para rasul banjur padha ndongakaké sarta numpangi asta. 7 Pangandikaning Allah saya sumebar, sarta cacahé murid ing Yérusalèm saya mundhak akèh. Dalah para imam akèh kang padha pasrah dadi wong pracaya. 8 Anadéné Stéfanus iku penuh ing rahmat lan pangwasa, nganakaké mukjijat-mukjijat lan pratandha-pratandha ana ing antarané wong akèh. 9 Nanging banjur ana wong sawatara saka pasamuwan Yahudi, kang kasebut pasamuwané wong-wong mardika -- para wargané pasamuwan iku wong saka ing Kiréné lan Alèksandria -- bebarengan karo wong Yahudi sawatara saka ing Kilikia lan tanah Asia, kang padha bebantahan karo Stéfanus, 10 nanging padha ora bisa nglawan kawicaksanané sarta Roh kang nuntun wicarané. 11 Nuli padha ngojok-ojoki wong sawatara supaya padha duwéa atur mangkéné, "Kula sampun sami mireng tiyang punika nyenyamah dhateng Musa saha Allah." 12 Kanthi patrap mangkono wong-wong mau padha gawé ributé wong akèh lan para pinituwa tuwin para ahli Torèt; tumuli padha bebarengan nangkep lan ngglandhang Stéfanus, diladèkaké ing ngarsané Pradata Agama, 13 sarta banjur ngajokaké seksi-seksi palsu kang padha matur mangkéné, "Tiyang punika mboten kèndel-kèndel anggènipun nglairaken tetembungan ingkang nyenyamah dhateng panggènan suci punika saha dhateng angger-anggering Torèt, 14 amargi kula sampun sami mireng wicantenipun, bilih Yésus, tiyang Nasarèt punika badhé mbibrah panggènan punika tuwin badhé nyantuni adat-tata-cara peparingipun Musa dhateng kita." 15 Kabèh kang padha lenggah ing Parepatané Pradata Agama padha maspadakaké Stéfanus, banjur padha sumerep praupané Stéfanus kaya pasuryaning malaékat.
1 Imam Agung tumuli ngandika, "Apa iya bener mangkono?" 2 Wangsulané Stéfanus, "Para Sadhèrèk saha para bapa, sumangga sami karsa midhangetaken. Allah ingkang Mahamulya sampun ngatingal dhateng leluhur kita Abraham nalika taksih wonten ing Mésopotamia, sadèrèngipun dedalem wonten ing Haran, 3 saha ngandikani makaten: Sira lungaa saka ing tanahira lan saka ing sanak-sadulurira sarta menyanga ing tanah kang bakal suntedahaké marang sira. 4 Panjenenganipun lajeng jengkar saking tanahipun tiyang Kasdim, saha dedalem wonten ing Haran. Sasédanipun ingkang rama, lajeng kadhawuhan déning Allah pindhah saking ngriku dhateng tanah ngriki, ingkang sami panjenengan dalemi sapunika. 5 Wonten ing ngriku Allah mboten maringi warisan dhateng panjenenganipun, siti sapecak kémawon mboten, nanging paring prajanji, badhé maringaken tanah punika dados kagunganipun turun-tumurun, sanadyan kala samanten dèrèng peputra. 6 Saha Allah nunten ngandika, bilih tedhak-turunipun badhé dados tiyang neneka wonten ing nagari manca punapa malih badhé kadadosaken budhak sarta dipun aniaya laminipun kawan atus taun. 7 Nanging bangsa kang bakal dikawulani iku - makaten pangandikanipun Allah -- bakal sunukum, lan sawusé iku, bakal padha metu saka kono tuwin bakal ngabekti marang Ingsun ana ing panggonan kéné. 8 Allah lajeng maringi prajanjian tetak dhateng panjenenganipun, sarta makaten anggènipun Abraham peputra Iskak, ingkang nunten dipun supiti ing wolung dintenipun. Déné Iskak nurunaken Yakub, tuwin Yakub nurunaken bapa-leluhur kita taler kalih welas. 9 Margi saking drengkinipun, para bapa-leluhur kita wau lajeng nyadé Yusuf dhateng tanah Mesir, nanging Allah nunggil kaliyan panjenenganipun, 10 sarta dipun luwari saking sakathahing sangsaranipun saha kaparingan sih-rahmat tuwin kawicaksanan, nalika wonten ing ngarsanipun Firaun, raja ing Mesir, lajeng kawisudha déning Firaun dados tiyang ingkang ngasta pangwaos tumrap ing tanah Mesir tuwin tumrap kedhatonipun sadaya. 11 Ing saindenging tanah Mesir lan ing tanah Kanaan lajeng kadhatengan paceklik saha kasisahan ageng, ngantos leluhur kita mboten saged angsal tedha. 12 Nanging sareng Yakub midhanget, bilih ing tanah Mesir wonten gandum, lajeng utusan para leluhur kita mrika. Punika ingkang kapisan. 13 Sareng lampahipun ingkang kaping kalih, Yusuf walèh dhateng para sadhèrèkipun, satemah asal-usulipun Yusuf lajeng kauningan déning Firaun. 14 Yusuf lajeng utusan mapag Yakub, ramanipun, saha sadaya sanak-sadhèrèkipun, cacah-jiwa wonten pitung dasa gangsal. 15 Yakub lajeng tindak dhateng Mesir, wasana séda wonten ing ngrika dalah para leluhur kita. 16 Layonipun sami kabekta dhateng Sikhèm, kasarèkaken wonten ing pasaréan, ingkang sampun dipun pundhut déning Abraham sarana arta pérak saking para putranipun Hémor ing Sikhèm. 17 Nanging saya celak kalampahaning prajanji ingkang dipun paringaken déning Allah dhateng Abraham, bangsa wau saya mindhak kathah wonten ing Mesir, 18 ngantos wonten raja sanès ingkang ngasta pepréntahan ing tanah Mesir, ingkang mboten ngretos bab Yusuf. 19 Raja punika nindakaken paékan dhateng bangsa kita, para leluhur kita dipun siya-siya saha dipun purih mbucali bayi-bayinipun, supados sami pejah. 20 Kala samanten punika Musa miyos; panjenenganipun saé ing ngarsanipun Allah, lajeng kagulawenthah wonten ing dalemipun ingkang rama tigang wulan laminipun. 21 Lajeng kabucal, nanging tumunten kapupu déning putra putrinipun Firaun, ingkang nggulawenthah kados putranipun piyambak. 22 Musa nunten kawulang ing bab kasagedanipun tiyang Mesir sadaya, satemah lajeng kadunungan kawibawan ing wicara saha pandamel. 23 Sareng sampun yuswa kawan dasa taun, panjenenganipun kagungan karsa badhé nuwèni para kadangipun inggih punika tiyang Israèl. 24 Nalika punika panjenenganipun pirsa tiyang dipun aniaya déning tiyang Mesir, nunten dipun pitulungi saha dipun bélani, tiyang Mesir wau dipun pejahi. 25 Pangintenipun, para kadangipun badhé mangertos, bilih panjenenganipun dipun agem déning Allah ngluwari para kadangipun wau sadaya, nanging sami mboten mangertos. 26 Énjingipun panjenenganipun rawuh malih, kapinujon wonten tiyang Israèl kalih ingkang saweg kerengan, tumunten mbudidaya badhé ngrukunaken, pangandikanipun: Para Sadulur, kowé iku rak padha sadulur? Yagéné kok padha siya-siniya? 27 Nanging tiyang ingkang nganiaya dhateng kancanipun punika lajeng mabeni Musa, aturipun: 28 Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pangageng saha hakim kula? Punapa panjenengan kagungan karsa badhé mejahi kula, kadosdéné anggèn panjenengan mejahi tiyang Mesir kala wingi punika? 29 Sareng midhanget atur makaten punika, Musa lajeng ngungsi saha dados tiyang neneka wonten ing tanah Midian. Wonten ing ngriku peputra kakung kalih. 30 Sareng sampun kawan dasa taun, lajeng wonten malaékat ingkang ngatingal dhateng panjenenganipun wonten ing ara-ara samun ing redi Sinai, wonten ing latu murub ing grumbul eri. 31 Musa gumun mirsani tetingalan punika, saha sareng nyelak badhé niti-priksa, nunten midhanget swantening Pangéran makaten: 32 Ingsun iki Allahé leluhurira, Allahé Abraham, Ishak lan Yakub. Musa satemah gumeter saha ajrih mirsani. 33 Lajeng dipun ngandikani déning Pangéran: Copoten trumpahé sikilira, amarga panggonan kang sira idak iku lemah kang suci. 34 Ingsun wis nggatosaké kalawan temenan marang kasangsaraning umatingsun kang ana ing tanah Mesir, sarta wis miyarsakaké pasambaté, tuwin Ingsun wis tumedhak bakal ngluwari; mulané mrénéa, sira bakal sunutus menyang tanah Mesir. 35 Musa ingkang sampun dipun tampik déning tiyang-tiyang wau sarana pangucapipun: Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pangageng saha hakim? -- inggih Musa punika ingkang kautus déning Allah dados pangageng sarta juru pangluwar, lumantar malaékat, ingkang sampun ngatingal dhateng panjenenganipun wonten ing grumbul eri. 36 Inggih panjenenganipun punika ingkang ngirid medal tiyang-tiyang wau sarana nindakaken mukjijat-mukjijat tuwin pratandha-pratandha wonten ing tanah Mesir, wonten ing Saganten Abrit tuwin wonten ing ara-ara samun, ngantos kawan dasa taun dangunipun. 37 Inggih Musa punika ingkang ngandika dhateng tiyang-tiyang Israèl: Allah bakal ngangkat nabi kaya aku iki kanggo kowé saka ing antarané para sadulurmu. 38 Inggih Musa punika ingkang dados pantawis wonten ing salebeting pasamuwan ing ara-ara samun, ing antawisipun malaékat ingkang medharaken pangandika dhateng panjenenganipun wonten redi Sinai kaliyan leluhur kita; saha inggih panjenenganipun ingkang tampi pangandika-pangandika ingkang gesang, supados kaparingaken dhateng kula lan panjenengan sadaya. 39 Nanging leluhur kita mboten sami mbangun-turut dhateng panjenenganipun, malah dipun tampik. Ing salebeting manah sami kepéngin wangsul dhateng tanah Mesir. 40 Dhateng Harun aturipun tetiyang punika makaten: Kula sadaya panjenengan damelaken sesembahan sawatawis, ingkang badhé ngirid lampah kula, amargi Musa ingkang sampun nuntun kula sadaya medal saking tanah Mesir -- kula sami mboten sumerep kadospundi kawontenanipun. 41 Kala samanten lajeng sami damel reca pedhèt, sarta brahala punika nunten dipun sajèni, saha lajeng sami sukan-sukan tumrap punapa ingkang dipun damel piyambak punika. 42 Allah lajeng mengkeraken tiyang-tiyang wau, sami dipun uja anggènipun sami nyembah dhateng wadya-balaning langit, kados ingkang sampun kaserat wonten ing kitabipun para nabi makaten: Apa sira tau nyaosaké kurban sembeléhan lan pisungsung marang Ingsun, sajroné patang puluh taun ana ing ara-ara-samun, hé turuné Israèl? 43 Ora tau, malah sira padha ngusung kémahé Molokh lan lintangé déwamu Réfan, reca-reca kang padha sira gawé sarta sira dadèkaké sesembahan. Mulané sira bakal sunbuwang nganti tekan ing sabranging tanah Babél. 44 Kémahing Paseksi wonten ing satengahing leluhur kita wonten ing ara-ara samun, ingkang kayasa awit saking dhawuhipun Allah dhateng Musa, miturut conto ingkang sampun dipun tingali. 45 Kémah wau tinampèn déning leluhur kita sarta lajeng kabekta lumebet dhateng tanah punika kalayan katuntun déning Yosua, inggih punika nalika tanah punika karebat saking bangsa-bangsa sanès, ingkang katundhung déning Allah saking sangajenging leluhur kita; makaten ngantos dumugi jamanipun Daud. 46 Daud sampun tampi sih-rahmat wonten ing ngarsanipun Allah saha nyuwun, supados dipun parengna mbangun padaleman kagem Allahipun Yakub. 47 Nanging Salomo ingkang yasa padaleman kagem Allah. 48 Namung kémawon Ingkang Mahaluhur mboten dedalem ing yasaning tanganipun manungsa, kados ingkang kapangandikakaken déning nabi makaten: 49 Langit iku dhamparingsun, sarta bumi iku ancik-anciking sampéyaningsun. Padaleman apa kang bakal sira yasa kagem Ingsun? Mangkono pangandikaning Pangéran, papan apa kang bakal dadi panggonan palerebaningsun? 50 Apa dudu astaningsun piyambak kang yasa samubarang iki kabèh? 51 Hé, tiyang ingkang sami ndableg, wangkot ing manah, sarta mbudheg, sampéyan tansah sami nglawan Roh Suci, sami kados leluhur sampéyan, inggih makaten ugi sampéyan sadaya. 52 Nabi-nabi pundi ingkang mboten dipun aniaya déning leluhur sampéyan. Malah sami mejahi tiyang-tiyang ingkang langkung rumiyin memeca bab rawuhipun Sang Kayektèn, ingkang sapunika sampun sampéyan cidrani lan sampéyan sédani. 53 Sampéyan sampun sami tampi angger-anggering Torèt, ingkang dipun paringaken lumantar para malaékat, nanging sami mboten sampéyan tetepi." 54 Bareng para warganing Pradata Agama mireng iku mau kabèh, padha rumaos katuwek panggalihé sarta dadi padha kerot-kerot, gregeten marang Stéfanus. 55 Nanging Stéfanus kapenuhan ing Roh Suci, tumenga ing langit, banjur pirsa kamulyaning Allah lan Yésus jumeneng ing tengening Allah. 56 Nuli ngandika, "Sanyata, aku weruh langit menga lan Putraning Manungsa jumeneng ing tengené Allah." 57 Wong-wong nuli pada bengok-bengok ngebyuk marang Stéfanus kambi nutupi kupingé. 58 Banjur diglandhang menyang sanjabaning kutha, lan dibenturi watu. Para seksi padha cucul jubah ana ing ngarepé wong anom kang jenengé Saulus. 59 Stéfanus sajroné dibenturi watu mau, ndedonga unjuké, "Dhuh Gusti Yésus, mugi karsa nampèni roh kawula." 60 Kalawan jèngkèng nuli nywanten sora, "Dhuh Gusti, dosa punika mugi sampun Paduka tempahaken dhateng tiyang-tiyang punika." Sawusé munjuk mangkono iku banjur séda.
1 Saulus uga nyarujuki bab anggoné Stéfanus disédani iku. Ing nalika iku pasamuwan ing Yérusalèm wiwit ngalami panganiaya kang banget. Wong kabèh padha buyar, pating slebar menyang tlatah Yudéa lan Samaria, kejaba para rasul. 2 Para wong salèh padha ngubur layoné Stéfanus, sarta banget anggoné padha nangisi. 3 Nanging Saulus ngudi sirnané pasamuwan, saben omah dileboni, wong lanang lan wong wadon padha diglandhang lan digawa menyang pakunjaran. 4 Wong-wong kang buyar mau padha ndlajahi ing satanah kabèh karo ngabaraké Injil. 5 Lan Filipus tindak menyang sawenèhing kutha ing Samaria martakaké bab Mésias marang wong-wong ing kono. 6 Nalika wong akèh ngrungokaké apa kang diwartakaké déning Filipus sarta nyumurupi pratandha-pratandha kang ditindakaké, banjur padha saiyeg nampani pawartané iku. 7 Amarga wong akèh kang padha kapanjingan roh reged, rohé mau padha metu kalawan bengok-bengok, lan uga akèh wong lumpuh sarta wong pincang kang padha diwarasaké, 8 temahan ana kabungahan gedhé ing kutha kono. 9 Ing kutha kono ana wong jenengé Simon, kang wiwit biyèn dadi tukang sihir lan gawé éramé rakyat Samaria, apadéné ngaku-aku wong kang pinunjul. 10 Wong-wong, gedhé, cilik, padha nganut marang wong iku, pangucapé, "Wong iki wujuding pangwaosé Allah kang kasebut Pangwaos Agung." 11 Mulané padha manut marang wong iku, jalaran wis suwé anggoné gawé éram sarana sihiré. 12 Nanging saiki padha pracaya marang Filipus, kang martakaké Injilé Kratoning Allah sarta bab asmané Yésus Kristus tuwin padha kabaptis, wong lanang dalasan wong wadon. 13 Simon dhéwé iya dadi pracaya lan sawusé dibaptis, tansah rumaket marang Filipus sarta sumlengeren nyumurupi pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat linuwih kang wus kelakon. 14 Bareng para rasul ing Yérusalèm padha midhanget, yèn wong ing tanah Samaria wus padha nampani pangandikaning Allah, Pétrus lan Yohanes padha kautus mrana. 15 Sarawuhé ing kono, sakaroné banjur padha ndedonga supaya wong-wong ing Samaria padha kaparingan Roh Suci. 16 Amarga Roh Suci durung tumedhak marang wong siji-sijia ing antarané wong-wong mau, awit mung padha dibaptisi ing asmané Gusti Yésus. 17 Mulané kabèh banjur padha katumpangan asta déning para rasul mau, satemah padha katedhakan Roh Suci. 18 Bareng Simon sumurup, menawa anggoné padha pinaringan Roh Suci iku marga katumpangan astané para rasul, banjur nawèni dhuwit marang para rasul, 19 karo matur, "Kula mugi kaparingan kasektèn punika ugi, supados tiyang ingkang kula tumpangi tangan, inggih lajeng katedhakan Roh Suci." 20 Nanging Pétrus banjur ngandika marang wong mau, "Dhuwitmu sirnaa bareng karo kowé, amarga kowé ngira, yèn kowé bisa nuku peparinging Allah nganggo dhuwit. 21 Kowé ora duwé panduman utawa wewenang tumrap prakara iki, amarga atimu ora jujur ana ing ngarsané Allah. 22 Mulané mratobata saka durakamu iki sarta ndedongaa marang Pangéran, supaya niyating atimu iki kaparingan pangapura, 23 amarga aku sumurup, yèn atimu iku wus kayadéné rempelu kang pait lan kajiret ing piala." 24 Simon mangsuli, aturé, "Mugi panjenengan karsa ndongakaken kula dhateng Pangéran, supados sadaya pangandika panjenengan tumrap kula punika sampun ngantos kelampahan." 25 Para rasul mau sawisé paring paseksi lan martakaké bab pangandikaning Gusti banjur padha kondur menyang Yérusalèm sarta sadalan-dalan padha ngabaraké Injil ing désa akèh ing Samaria. 26 Tumuli ana malaékating Pangéran kang ngandika marang Filipus, mangkéné, "Ngadega, lan mangkata mangidul liwat dalan kang mudhun saka Yérusalèm menyang Gaza." Dalan iku sepi. 27 Filipus jumeneng, banjur tindak. Ana priyagung Étiopia, panggedhé, lan juru kahartakané Kandaké, ratu nagara Étiopia, kang tindak menyang Yérusalèm prelu ngibadah. 28 Nalika samono panjenengané lagi kondur nitih kréta kambi maos kitabé Nabi Yésaya. 29 Filipus banjur kadhawuhan déning Roh, "Mronoa, cedhakana kréta iku!" 30 Filipus banjur énggal-énggal murugi lan mireng priyagung iku lagi maos kitabé Nabi Yésaya. Filipus matur, "Panjenengan punapa mangertos ingkang panjenengan waos punika?" 31 Paring wangsulané, "Kadospundi anggèn kula saged mangertos, manawi mboten wonten ingkang nuntun?" Filipus banjur didhawuhi minggah lan lenggah ing sandhingé. 32 Anadéné nas kang diwaos iku surasané mangkéné: Kayadéné wedhus, Panjenengané katuntun menyang papan panyembelèhan, lan kaya cempé kang ora nyuwara ana ing ngarepé wong kang ngguntingi wuluné, mangkono anggoné Panjenengané ora mbikak tutuké. 33 Sajroning kaasorané Panjenengané ora tampi kaadilan; sapa kang bakal nyaritakaké tedhak-turuné? Sabab nyawané kapundhut saka ing donya. 34 Priyagung mau banjur ngandika marang Filipus, "Kula pitakèn dhateng panjenengan, sinten ingkang dipun ngandikakaken déning nabi punika? Punapa sariranipun piyambak, punapa tiyang sanès?" 35 Filipus tumuli wiwit cariyos, wiwit saka nas iku, banjur martosaké Injilé Yésus. 36 Sakaroné padha nglajengaké tindaké, nuli rawuh ing papan kang ana banyuné. Priyagung mau banjur ngandika, "Lah punika wonten toya. Punapa wonten pambenganipun, manawi kula dipun baptis?" 37 Wangsulané Filipus, "Manawi panjenengan pitados kanthi gumolonging panggalih, kénging." Wangsulané priyagung mau, "Kula pitados, bilih Yésus Kristus punika Putranipun Allah." 38 Priyagung Étiopia mau banjur dhawuh ngendhegaké krétané lan sakaroné nuli padha mandhap marani banyu, Filipus lan priyagung mau, sarta priyagung iku nuli dibaptis déning Filipus. 39 Bareng sakaroné wus padha mentas saka ing banyu, Rohing Pangéran tumuli nambut Filipus, lan ora kasumerepan déning priyagung iku manèh. Panjenengané banjur nglajengaké tindaké kalawan renaning panggalih. 40 Nanging Filipus tinemu wus ana ing Asdod, tindak nglangkungi tlatah kono sarta ngabaraké Injil ana ing kutha-kutha kabèh nganti tekan Kaisaréa.
1 Anadéné Saulus atiné isih kebak pangancam sarta pangigit-igit arep matèni para muridé Gusti, banjur sowan ing ngarsané Imam Agung, 2 lan nyuwun layang pangwasa kang arep digawa menyang papan-papan pangibadah ing Damsyik, supaya samangsa mrangguli wong lanang utawa wong wadon kang padha nganut Margining Gusti, banjur kena ditangkep lan digawa menyang Yérusalèm. 3 Sajroné lumaku iku, bareng wus cedhak kutha Damsyik, dumadakan nuli ana cahya tumlorong saka ing langit kang nglimputi wong mau. 4 Saulus banjur tiba ing lemah sarta krungu swara kang ngandikani mangkéné, "Saulus, Saulus, yagéné sira nganiaya Ingsun?" 5 Atur wangsulané Saulus, "Paduka punika sinten, Gusti?" Pangandikané Gusti, "Ingsun iki Yésus, kang sira aniaya iku. 6 Nanging ngadega, lumebua ing kutha, ana ing kono sira bakal didhawuhi apa kang kudu sira lakoni." 7 Anadéné wong-wong kang dadi kanthining lakuné, padha njenger, marga pancèn padha krungu swara mau, nanging ora weruh wong siji-sijia. 8 Saulus banjur ngadeg lan ngelèkaké mripaté, nanging ora bisa ndeleng apa-apa. Tumuli dituntun lumebu menyang Damsyik. 9 Nganti telung dina lawasé anggoné ora bisa ndeleng sarta ora mangan lan ngombé. 10 Ing Damsyik ana muridé Gusti jenengé Ananias, iku didhawuhi déning Gusti ing sajroning tetingalan, "Ananias!" 11 Unjuké, "Kawula, Gusti." Dhawuhé Gusti, "Ngadega, menyanga lurung kang aran Lurung Kenceng, menyanga omahé Yudas, golèkana wong kang saka Tarsus kang jenengé Saulus, saiki lagi ndedonga, 12 lan sajroning tetingalan weruh wong aran Ananias kang lumebu sarta numpangi tangan, supaya bisa ndeleng manèh." 13 Ananias mangsuli, unjuké, "Gusti, kawula sampun mireng saking tiyang kathah bab tiyang punika, bilih kathah sanget piawon ingkang dipun tindakaken tumrap para suci kagungan Paduka ingkang wonten ing Yérusalèm, 14 saha anggènipun mriki punika kalayan mundhi dhawuh saking para pangajenging imam supados nangkepi sakathahing tiyang ingkang nyebut asma Paduka." 15 Éwadéné Gusti ngandika, "Sira mangkata, jalaran wong iki piranti pilihaningsun kanggo martakaké asmaningsun marang bangsa-bangsa liya sarta para raja lan wong-wong Israèl. 16 Ingsun piyambak bakal nuduhaké marang wong iku, sapira akèhing kasangsaran, kang bakal kasandhang awit saka asmaningsun." 17 Ananias tumuli mangkat mrono lan lumebu ing omah kono. Saulus banjur ditumpangi tangan sarta tembungé, "Saulus, sadulurku, Gusti Yésus, kang wus ngatingal marang kowé ana ing dalan kang kokliwati, iku ngutus aku marani kowé, supaya kowé bisa ndeleng manèh lan kapenuhan ing Roh Suci." 18 Padha sanalika, kaya-kaya banjur ana kulit tipis kang rupané mèmper sisik padha rontog saka mripaté, satemah Saulus bisa ndeleng manèh, banjur ngadeg sarta kabaptis. 19 Déné sawisé mangan, kakuwatané nuli pulih. Saulus ana ing satengahing para murid ing Damsyik sawatara dina. 20 Nalika iku Saulus iya martakaké bab Yésus ana ing papan-papan pangibadah sarta pratéla yèn Yésus iku Putraning Allah. 21 Wong kabèh kang ngrungokaké padha éram lan ngucap, "Apa iku dudu sing ana ing Yérusalèm arep numpes wong kang nyebut jenengé Yésus iku, sarta tekané ing kéné iku apa ora sumedya nangkepi wong-wong mau banjur diladèkaké ing ngarsané para pangareping imam?" 22 Nanging Saulus saya mundhak gedhé prabawané lan gawé judheging wong-wong Yahudi kang manggon ing Damsyik, jalaran anggoné awèh paseksi, menawa Yésus iku Mésias. 23 Bareng wus sawatara dina, wong Yahudi padha ngrembug bab rancangan anggoné arep matèni Saulus. 24 Nanging sedya kang ala iku kaweruhan déning Saulus. Rina-wengi wong Yahudi padha jaga ing gapura-gapuraning kutha, supaya bisa matèni Saulus. 25 Nanging ing wayah bengi banjur dipapag déning para muridé kaudhunaké saka bètènging kutha nganggo kranjang. 26 Satekané Yérusalèm Saulus banjur ngudi bisané nunggal karo para murid, nanging kabèh padha wedi, awit padha ora ngandel, menawa Saulus iku uga wus dadi murid. 27 Mung baé banjur ditampa déning Barnabas lan dilantaraké menyang ngarsané para rasul sarta padha dicaritani, bab anggoné Saulus ana ing dalan diketingali déning Gusti tuwin anggoné diparingi pangandika, apadéné anggoné memulang kalawan asmané Gusti kanthi kendel ana ing Damsyik. 28 Saulus lestari tetunggilan karo para rasul ana ing Yérusalèm lan kanthi kendel memulang demi asmané Gusti, 29 apadéné uga rerembugan lan bebantahan karo para wong Yahudi kang basané Yunani, nanging wong-wong iku padha ngarah patiné. 30 Mung baé, bareng bab iku kasumurupan déning para sadulur tunggal pracaya, banjur padha ngungsèkaké Saulus menyang Kaisaréa lan saka ing kono menyang Tarsus. 31 Anadéné ing sawatara wektu pasamuwan ing satanah Yudéa, Galiléa lan Samaria kabèh kaanané tentrem, padha kabangun sarta padha wedi-asih marang Pangéran. Cacahé saya wuwuh akèh marga kapitulungan déning Roh Suci. 32 Nalika samana Pétrus tindak mider-mider, tetuwi menyang ngendi-endi. Panjenengané uga ngrawuhi para suci ing Lida. 33 Ana ing kono mrangguli wong kang aran Énéas, kang wis wolung taun nggluntung ana ing paturon amarga lumpuh. 34 Wong iku dingandikani déning Pétrus, "Énéas, Yésus Kristus nyarasaké kowé; tangia lan paturonmu tatanen!" Sanalika iku uga wong mau banjur tangi. 35 Wong ing Lida lan Saron kabèh padha weruh wong mau, satemah banjur padha mratobat marang Gusti. 36 Ing Yopé ana murid wadon jenengé Tabita -- ing basa Yunani: Dorkas. Wong wadon iku akèh banget anggoné nindakaké kabecikan lan dedana. 37 Nanging nalika samana wong iku lara banjur tilar-donya. Sawusé disucèni, layoné nuli diturokaké ana ing kamar ndhuwur. 38 Lida iku cedhak karo Yopé. Bareng para murid padha krungu, yèn Pétrus ana ing Lida, banjur kongkonan wong loro sowan ing ngarsané, ngaturaké panyuwun mangkéné, "Kula aturi énggal rawuh dhateng panggènan kula!" 39 Pétrus nuli énggal-énggal tindak bebarengan karo wong-wong mau. Bareng wis rawuh ing kana, banjur didhèrèkaké menyang kamar ndhuwur. Para warandha padha ngadeg ing sacedhaké apadéné kalawan nangis padha nuduhaké kabèh klambi lan sandhangan, gawéané Dorkas nalika isih urip. 40 Nanging kabèh nuli didhawuhi metu déning Pétrus. Panjenengané banjur jèngkèng lan ndedonga. Sawusé mangkono nuli minger ngadhepaké layon mau sarta ngandika, "Tabita, tangia!" Tabita nuli melèk lan bareng ndeleng Pétrus, banjur njenggèlèk linggih. 41 Tumuli tangané diasta déning Pétrus, dibantu anggoné ngadeg. Sawisé mangkono nuli nimbali para suci lan para warandha sarta nedahaké, yèn wong wadon mau wis urip. 42 Lelakon iku sumebar ing sakutha Yopé sarta akèh wong kang padha dadi pracaya marang Gusti. 43 Sawusé mangkono Pétrus isih lereb ana ing Yopé sawatara dina, ana ing omahé wong aran Simon, tukang walulang.
1 Ing Kaisaréa ana wong aran Kornélius, perwiraning pasukan kang diarani pasukan Italia. 2 Wong mursid, dalah sabrayaté kabèh ngabekti marang Allah, sarta akèh sedhekahé marang umat Yahudi tuwin tansah ndedonga marang Allah. 3 Watara jam telu awan Kornélius ing sajroning tetingalan sumurup kalawan cetha ana malaékaté Allah kang lumebet ing omahé lan ngandikani, "Kornélius!" 4 Kornélius mandeng marang malaékat mau lan matur kalawan wedi, "Wonten punapa, Gusti?" Paring wangsulané malaékat mau, "Sakèhing pandongamu lan sedhekahmu wus padha sumengka marang ngarsaning Allah sarta Allah ènget marang kowé. 5 Déné saiki kongkonana wong sawatara menyang Yopé, methuk wong aran Simon, kang peparab Pétrus. 6 Wong iku nginep ana ing omahé tukang walulang, kang jeneng Simon, omahé ing pinggir sagara." 7 Sapengkeré malaékat kang ngandikani mangkono mau, Kornélius banjur nimbali abdiné loro tuwin prajurit siji kang mursid, panunggalané kang tansah tetunggalan karo panjenengané, 8 sarta sawisé diparingi katrangan bab sakabèhé, nuli padha diutus menyang Yopé. 9 Ésuké nalika utusan mau isih padha ana ing dalan lan wus cedhak karo kutha, watara jam rolas awan, Pétrus minggah ing payon arep ndedonga. 10 Banjur kraos luwé lan kepéngin dhahar, nanging nalika dhaharan lagi dicawisaké, dumadakan rohé kalimputan ing pangwaosing Allah. 11 Panjenengané pirsa langit menga sarta banjur ana barang kang wujud lawon amba, poncoté papat katalènan, kaudhunaké menyang lemah. 12 Lawon mau isi sakèhing kéwan kang sikilé papat, kéwan kang rumangkang sarta manuk. 13 Tumuli ana swara kapireng kang dhawuh, "Pétrus, ngadega, nyembelèha lan mangana kéwan-kéwan iku!" 14 Nanging Pétrus munjuk, "Mboten Gusti, sabab kawula dèrèng naté nedha punapa-punapa ingkang haram saha najis." 15 Tumuli kapireng swara manèh kang kaping pindhoné, dhawuh, "Apa kang wis kapangandikakaké halal déning Allah, aja kokarani haram." 16 Bab iku nganti kelakon kaping telu lan sawisé iku lawon mau banjur kaangkat menyang langit manèh. 17 Nalika Pétrus isih judheg bab maknaning tetingalan kang mentas ditampèni mau, wong-wong kang diutus déning Kornélius, sawisé takon-takon bab omah palerebané Pétrus, wus ana ing ngarep régol, 18 sarta banjur ngundang sawenèhing wong lan takon, apa Simon kang peparab Pétrus lereb ana ing omah kono. 19 Nalika Pétrus isih manggalih bab tetingalan mau, banjur dipangandikani déning Roh, "Lah ana wong telu nggolèki sira, 20 mulané ngadega, mudhuna lan mangkata bebarengan karo wong-wong iku, aja mangu-mangu, sabab Ingsun kang ngutus wong-wong iku." 21 Pétrus banjur mandhap sarta ngandika marang wong-wong mau, "Inggih kula punika tiyang ingkang sampéyan padosi; punapa prelunipun sampéyan sami mriki?" 22 Atur wangsulané, "Kornélius, perwira ingkang manahipun tulus saha ngabekti dhateng Allah, punapadéné ingkang sampun kondhang saé wonten ing antawisipun bangsa Yahudi, tampi wangsiting Allah lumantar malaékat suci, supados ngaturi rawuh panjenengan dhateng griyanipun saha mirengaken punapa ingkang badhé panjenengan ngandikakaken." 23 Wong-wong mau banjur didhawuhi nginep ana ing kono. Ésuké sawisé wungu, Pétrus tumuli tindak bebarengan karo wong-wong mau sarta ana wong Yopé sawatara kang ndhèrèkaké tindaké. 24 Ésuké manèh tindaké wus tekan Kaisaréa, Kornélius wus ngentèni lan wus ngulemi sanak-saduluré lan para mitrané. 25 Nalika Pétrus rawuh, Kornélius methukaké kambi sumungkem ing ngarsané sarta sujud. 26 Nanging diadegaké déning Pétrus kalawan dingandikani, "Kula aturi jumeneng, kula punika namung manungsa limrah." 27 Pétrus nuli lumebet kambi ngandikan karo Kornélius lan pinanggih wong akèh kang wus padha nglumpuk. 28 Tumuli padha dingandikani mangkéné, "Panjenengan sadaya sami mangertos, bilih tiyang Yahudi punika dipun awisi sanget srawung kaliyan tiyang-tiyang ingkang sanès Yahudi utawi lumebet ing griyanipun. Nanging Allah sampun paring pitedah dhateng kula, bilih kula mboten dipun parengaken nyebut sok sintena najis utawi haram. 29 Inggih punika sababipun kula lajeng mboten kawratan mriki. Pramila kula kepéngin sumerep, punapa sababipun déné kula panjenengan dhatengaken?" 30 Aturé Kornélius, "Kawan dinten kapengker, ing wekdal kinten-kinten sami kaliyan sapunika, inggih punika jam tiga siyang, kula saweg ndedonga wonten ing griya. 31 Dumadakan wonten priya jumeneng ing ngajeng kula, pangagemanipun gumilap ingkang lajeng ngandika, 'Kornélius, pandongamu wus kapiyarsakaké déning Allah lan sedhekahmu wus kaèngetan ana ing ngarsaning Allah. 32 Mulané kongkonana wong menyang Yopé methuk Simon kang peparab Pétrus, kang lagi mondhok ing omahé Simon, tukang walulang, ing pinggir sagara.' 33 Awit saking punika kula énggal-énggal kéngkénan tiyang sowan panjenengan saha panjenengan sampun rawuh kalayan renaning penggalih. Sapunika kula sadaya sampun nglempak ing ngriki, wonten ing ngarsanipun Allah, badhé mirengaken punapa ingkang kadhawuhaken déning Allah dhateng panjenengan." 34 Pétrus banjur medhar pangandika mangkéné, "Kula sampun mangertos saèstu, bilih Allah mboten mbédak-mbédakaken tiyang. 35 Saben tiyang saking golongan bangsa punapa kémawon, ingkang ngabekti dhateng Pangéran saha ingkang nindakaken punapa ingkang leres, punika ndadosaken keparengipun Allah. 36 Punika pangandika ingkang kadhawuhaken dhateng tiyang-tiyang Israèl, nalika Panjenenganipun martosaken bab tentrem-rahayu lantaran Yésus Kristus ingkang jumeneng dados Gustinipun tiyang sadaya. 37 Panjenengan sadaya sampun nguningani samukawis ingkang sampun kelampahan wonten ing saindenging tanah Yudéa wiwit saking Galiléa, sasampunipun baptisan ingkang kaundhangaken déning Yohanes, 38 inggih punika bab Yésus saking Nasarèt: anggènipun jinebadan déning Allah kalawan Roh Suci saha daya-pangwaos. Panjenenganipun tindak mider-mider kalayan nindakaken kasaénan sarta nyarasaken sakathahing tiyang ingkang kawasésa déning Iblis, amargi Allah nunggil kaliyan Panjenenganipun. 39 Wondéné kula sadaya punika sami dados seksi tumrap sadaya ingkang dipun tindakaken wonten ing tanahipun tiyang Yahudi saha ing Yérusalèm; wasana lajeng kasédanan sarana kagantung ing kajeng salib. 40 Ing tigang dintenipun Yésus punika dipun wungokaken déning Allah saha sampun dados keparenging Allah, bilih Panjenenganipun lajeng ngatingal, 41 mboten dhateng tiyang sabangsa sadaya, nanging namung dhateng para seksi, ingkang sadèrèngipun sampun katemtokaken déning Allah, inggih punika dhateng kula sadaya ingkang sampun ndhèrèk nedha lan ngombé kaliyan Panjenenganipun, sasampunipun Panjenenganipun wungu saking antawisipun tiyang pejah. 42 Punapadéné Panjenenganipun sampun paring ayahan dhateng kula sadaya, martosaken dhateng tiyang sabangsa sadaya saha dados seksi, bilih inggih Panjenenganipun punika ingkang pinasthi déning Allah dados Hakim tumrap tiyang ingkang gesang saha ingkang pejah. 43 Inggih Panjenenganipun punika ingkang dipun seksèni para nabi sadaya, bilih sinten ingkang pitados dhateng Panjenenganipun, badhé tampi pangapuntening dosa margi saking asmanipun." 44 Nalika Pétrus lagi ngandika mangkono iku, wong kabèh kang ngrungokaké pangandika padha katedhakan Roh Suci. 45 Sakèhing wong pracaya saka golongan tetakan kang ndhèrèkaké Pétrus, padha éram, jalaran padha sumurup, yèn Roh Suci iku uga kaparingaké marang bangsa-bangsa liya; 46 amarga padha krungu anggoné wong-wong mau banjur padha guneman nganggo basa ilat lan ngluhuraké Allah. Pétrus banjur ngandika, 47 "Apa ana kang bisa ngalang-alangi wong-wong iki padha dibaptisi nganggo banyu, marga wus padha tampa Roh Suci kayadéné kita?" 48 Banjur dhawuh, supaya wong-wong mau padha dibaptisi ing asmané Yésus Kristus. Sawusé iku nuli padha nyuwun, supaya Pétrus lereb ana ing kono sawatara dina.
1 Para rasul lan sadulur-sadulur tunggal pracaya ing Yudéa padha krungu, menawa bangsa-bangsa liya uga nampani pangandikaning Allah. 2 Bareng Pétrus rawuh ing Yérusalèm wong-wong golongan tetakan padha padudon karo panjenengané, 3 pangucapé, "Panjenengan sampun lumebet ing griyanipun tiyang-tiyang ingkang mboten tetak saha dhahar sesarengan kaliyan tiyang-tiyang wau." 4 Nanging Pétrus banjur nerangaké samubarang kabèh kanthi runtut, pangandikané, 5 "Kula saweg ndedonga wonten ing kitha Yopé, dumadakan roh kula kalimputan ing pangwaosipun Allah, kula lajeng sumerep tetingalan: wonten barang ingkang wujud lawon wiyar, gumantung ing poncotipun sekawan kaedhakaken saking langit ngantos dumugi ing ngajeng kula. 6 Sareng kula tamataken, kula sumerep sawarnining kéwan wonten ing lebetipun, kéwan suku sekawan, kéwan wanan, kéwan rumangkang saha peksi-peksi. 7 Kula lajeng mireng swanten ingkang ngandika dhateng kula: Ngadega, Pétrus, nyembelèha lan mangana! 8 Nanging kula matur, 'Mboten, Gusti, amargi dèrèng naté wonten barang ingkang karam utawi ingkang mboten resik, ingkang lumebet ing cangkem kawula.' 9 Éwadéné swanten saking swarga wau lajeng ngandika dhateng kula ingkang kaping kalihipun, 'Apa kang kapangandikakaké déning Allah, menawa iku halal, aja kokarani haram!' 10 Bab punika kalampahan ngantos kaping tiga, sadaya wau nunten kaangkat malih dhateng langit. 11 Sanalika punika wonten tiyang tiga ingkang ngadeg ing sangajenging griya, ingkang kula sipengi; tiyang-tiyang wau utusan saking Kaisaréa murugi kula. 12 Kula nunten dipun ngandikani déning Roh, 'Mangkata bebarengan karo wong-wong iku lan aja mangu-mangu!' Sadhèrèk enem punika tumut. Sareng kula lumebet ing griyanipun tiyang wau, 13 tiyang punika tumunten nyariyosaken dhateng kula sadaya, anggènipun sumerep malaékat jumeneng ing griyanipun saha ngandika dhateng piyambakipun, 'Kongkonana wong menyang Yopé methuk Simon kang peparab Pétrus. 14 Iku bakal awèh pawarta marang kowé, kang bakal nekakaké karahayon tumrap kowé dalah sabrayatmu kabèh.' 15 Sareng kula wiwit wicanten, tiyang-tiyang wau lajeng sami katedhakan Roh Suci, sami kadosdéné kita kala rumiyin. 16 Kula nunten kèngetan dhateng pangandikaning Gusti, 'Yohanes mbaptis nganggo banyu, nanging sira kabèh bakal kabaptis kalawan Roh Suci.' 17 Dados manawi Allah maringaken rahmatipun dhateng tiyang-tiyang wau sami kadosdéné dhateng kula nalika kita wiwit pitados dhateng Gusti Yésus Kristus, kadospundi anggèn kula saged nulak karsanipun Allah?" 18 Bareng krungu kang mangkono iku, pasamuwan banjur bisa nampa sarta padha ngluhuraké Allah, pangucapé, "Dadiné Allah uga paring pitobat marang bangsa-bangsa liya, kang nuntun marang urip." 19 Kacarita marga saka panganiaya kang kelakon sawusé Stéfanus kaukum pati, akèh sadulur tunggal pracaya padha buyar nganti tekan Fénisia, Siprus lan Antiokhia, déné anggoné martakaké Injil mung marang wong Yahudi. 20 Nanging ana sawatara panunggalané wong Siprus lan wong Kiréné, kang teka ing Antiokhia lan banjur wawan-rembug karo wong-wong kang nggunakaké basa Yunani sarta martakaké Gusti Yésus. 21 Astané Gusti nunggil karo wong-wong mau, satemah akèh kang padha dadi pracaya sarta mratobat marang Panjenengané. 22 Pawarta bab wong-wong mau keprungu déning pasamuwan ing Yérusalèm; Barnabas banjur kautus déning pasamuwan menyang Antiokhia. 23 Bareng wis rawuh ing kono lan pirsa sih-rahmating Allah, Barnabas bingah. Sarta paring pitutur marang wong-wong mau, supaya padha tetep setya marang Gusti, 24 awit Barnabas iku saé penggalihé, kapenuhan ing Roh Suci lan pracaya. Temahan ana wong akèh kang padha kawuwuhaké ing pasamuwané Gusti. 25 Barnabas banjur tindak menyang Tarsus madosi Saulus. Bareng wus pinanggih tumuli diajak menyang Antiokhia, 26 sarta padha tetunggilan karo pasamuwan nganti sataun lawasé, sinambi memulang marang wong akèh. Ana ing Antiokhia kono para murid wiwit padha kasebut Kristen. 27 Nalika samana ana nabi sawatara kang rawuh ing Antiokhia saka Yérusalèm. 28 Ana siji kang asmané Agabus, jumeneng sarta marga saka kwaosing Roh ngandika, yèn ing saindenging jagat bakal katekan paceklik gedhé, kang iya kelakon nalika jamané Klaudius. 29 Para murid banjur padha mutus arep nglumpukaké sumbangan miturut kekuwatané dhéwé-dhéwé, bakal dikirimaké marang para sadulur tunggal pracaya ing Yudéa. 30 Iku iya kelakon lan banjur dikirimaké marang para pinituwa lumantar Barnabas lan Saulus.
1 Kurang-luwih ing wektu iku, Hérodès wiwit tumindak keras marang wong pasamuwan sawatara. 2 Panjenengané dhawuh nyédani Yakobus, sadhèrèké Yohanes, sarana pedhang. 3 Bareng pirsa, menawa bab iku ndadèkaké senengé atiné wong Yahudi, banjur nglajengaké tindaké kang mangkono iku sarta dhawuh nahan Pétrus. Nalika iku pinuju dina riyaya Roti Tanpa Ragi. 4 Bareng Pétrus wus dicepeng, Hérodès dhawuh supaya dikunjara kanthi dijaga déning prajurit patang regu, saben regu wong papat. Karsané, salebaré Paskah bakal kaladèkaké ing ngarepé wong akèh. 5 Iya kaya mangkono iku anggoné Pétrus katahan ana ing pakunjaran. Nanging pasamuwan kalawan adreng ndongakaké panjenengané marang Allah. 6 Nalika bengi sadurungé kaladèkaké ing ngarepé wong akèh déning Hérodès, Pétrus saré kaapit déning prajurit loro, kabanda nganggo ranté loro, astané karanté karo tangané prajurit mau. Kejaba saka iku, ing ngarep lawang ana prajurit kang padha jaga. 7 Dumadakan ana malaékaté Pangéran jumeneng ing sacelaké Pétrus lan sèl kono kapadhangan ing cahya. Malaékat mau banjur nyablèk Pétrus, supaya wungu kalawan ngandika, "Énggal tangia!" Ranténé nuli ucul saka ing astané Pétrus. 8 Malaékat iku banjur ngandika, "Sabukana lan enggonen trumpahmu!" Iku iya ditindakaké. Malaékat tumuli ngandika, "Jubahmu anggonen lan ngetutna aku!" 9 Panjenengané iya banjur tindak medal ndhèrèkaké malaékat sarta ora pirsa, yèn apa kang ditindakaké déning malaékat iku kelakon temenan, rumangsané mung pirsa tetingalan. 10 Bareng wus padha nglangkungi pajagan kapisan lan kapindho, nuli rawuh ing gapura wesi kang anjog ing kutha. Lawangé iku menga dhéwé. Bareng wus rawuh ing jaba, banjur padha tindak tekan pungkasaning dalan; dumadakan malaékat mau banjur nilar panjenengané. 11 Bareng wus ènget kanthi cetha bab kawontenané, Pétrus nuli ngunandika, "Saiki aku ngerti temenan, yèn Gusti wus ngutus malaékaté sarta ngluwari aku saka ing astané Hérodès lan saka samubarang kabèh, kang dikarepaké déning wong Yahudi." 12 Sawusé manggalih sadhéla, banjur tindak menyang omahé Maria, ibuné Yohanes kang uga karan Markus. Ing kono wong kang padha nglumpuk ndedonga, akèh. 13 Bareng panjenengané nothok lawang régol, ana abdi wadon jenengé Rodé teka arep nyumurupi sapa kang thothok-thothok iku. 14 Wong wadon mau ora pangling menawa iku swarané Pétrus, nanging marga saka bungahé, ora banjur ngengakaké lawang, nanging énggal-énggal lumebu ngaturi pirsa, yèn Pétrus ana ing ngarep régol. 15 Wong iku banjur dilokaké, "Kowé iku ngomyang." Éwasamono tetep anggoné matur, menawa iku nyata temenan. Banjur padha kandha, "Iku malaékaté." 16 Nanging Pétrus terus baé anggoné thothok-thothok. Bareng padha ngengakaké lawang lan ndeleng panjenengané, padha kagèt kaéraman. 17 Nanging Pétrus tumuli paring sasmita sarana astané, supaya padha meneng, banjur padha dingandikani, kepriyé anggoné Gusti nuntun medal saka pakunjaran. Pangandikané, "Yakobus lan para Sadulur kita padha kandhanana bab iki." Banjur miyos lan tindak menyang panggonan liya. 18 Ésuké para prajurit padha ribut-ribut, padha takon-tinakon apa kang wus kelakon ing ngatasé Pétrus iku. 19 Hérodès banjur dhawuh madosi Pétrus, nanging ora ketemu, nuli dhawuh mriksa para kang jaga, kang wusanané padha dipatèni. Hérodès nuli tindak saka Yudéa menyang Kaisaréa sarta lereb ana ing kono. 20 Kacarita Hérodès duka banget marang wong Tirus lan Sidon. Wong-wong mau padha saiyeg bebarengan sowan menyang ngarsané sarta padha kelakon bisa ngrimuk Blastus, punggawa kraton, supaya mbiyantu wong-wong mau. Banjur padha nyuwun bedhami, awit nagarané iku olèh pangan saka wilayahé raja. 21 Ing dina kang wus katamtokaké, Hérodès ngagem busana keprabon banjur lenggah ing dhampar lan paring pangandika marang wong-wong mau. 22 Ing kono rakyat padha nampani pangandika iku kanthi surak-surak, sarta ngucap, "Punika swantening déwa, sanès swantening manungsa!" 23 Padha sanalika Hérodès banjur kagebag déning malaékating Pangéran, jalaran ora ngunjukaké pakurmatan marang Allah. Panjenengané séda dipangan cacing-cacing. 24 Kacarita pangandikané Allah saya sumebar lan saya akèh kang ngrungokaké. 25 Barnabas lan Saulus, sawusé ngrampungaké kuwajibané, banjur kondur nilar Yérusalèm, Yohanes kang uga peparab Markus didhawuhi ndhèrèk.
1 Nalika iku ing pasamuwan Antiokhia ana nabi lan guru sawatara, yaiku: Barnabas lan Siméon kang karan Niger, lan Lukius wong Kiréné, sarta Menahèm, kang biyèn diemong bareng karo Hérodès raja wilayah, lan Saulus. 2 Ing sawijining dina, nalika lagi padha nindakaké pangibadah marang Gusti sarta pasa, Roh Suci ngandika, "Barnabas lan Saulus padha pijinen, supaya padha nglakoni ayahan, kang wis suntemtokaké tumrap sakaroné." 3 Mulané banjur padha pasa lan ndedonga, sarta sawisé ditumpangi asta, sakaroné padha dililani mangkat. 4 Sakaroné, kang padha kautus déning Roh Suci iku, nuli tindak menyang Séléukia; saka ing kono padha lelayaran menyang Siprus. 5 Bareng wus rawuh ing Salamis, banjur padha martosaké pangandikaning Allah ana ing papan-papan pangibadahé wong Yahudi, sarta Yohanes ndhèrèkaké minangka pambantu. 6 Nuli padha ndlajahi saindengé pulo mau, nganti tekan ing Pafos; ana ing kono kepanggih wong Yahudi, jenengé Baryésus. Iku dadi tukang sihir lan nabi palsu. 7 Apamanèh dadi mitrané gubernur ing pulo kono, priyagung kang lantip, asmané Sèrgius Paulus. Gubernur iku nimbali Barnabas lan Saulus sabab kepéngin mirengaké pangandikaning Allah. 8 Nanging Élimas -- mangkono jenengé tukang sihir mau -- ngalang-alangi sakaroné sarta mbudi-daya ngénggokaké supaya Gubernur aja nganti pracaya. 9 Nanging Saulus, kang uga asma Paulus, kang kapenuhan ing Roh Suci, nuli mencerengi wong mau 10 lan ngandika, "Hé, anak Iblis, kang kebak ing kaculikan lan piala, kowé iku mungsuhé sakèhing kayektèn, apa kowé ora uwis-uwis anggonmu ngingeraké Margining Pangéran, kang lenceng iku? 11 Saiki delengen, astaning Pangéran nempuh marang kowé, kowé dadi picak, sawatara dina kowé ora bisa weruh srengéngé." Lan sanalika iku uga wong mau rumangsa kalimputan ing pedhut lan pepeteng, banjur grayah-grayah golèk wong kang nuntun. 12 Ndeleng apa kang mentas kelakon iku, Gubernur banjur pitados, sarta kaéraman marga saka piwulangé Gusti iku. 13 Paulus sakanthiné banjur tindak saka Pafos lan lelayaran menyang Pérga ing Pamfilia. Nanging Yohanes tumuli misah lan bali menyang Yérusalèm. 14 Saka Pérga padha nglajengaké tindaké menyang Antiokhia ing Pisidia. Bareng dina Sabat sakaroné tindak menyang papan pangibadah, tumuli lenggah ana ing kono. 15 Sawisé angger-anggering Torèt lan kitabé para nabi kawaca, para punggawaning papan pangibadah padha kongkonan matur marang sakaroné, "Para Sadhèrèk, bokbilih panjenengan sami kagungan pangandika minangka pambangun saha panglipur tumrap umat punika, sumangga kula aturi ngandikakaken." 16 Paulus banjur jumeneng sarta sawusé paring sasmita kalawan astané, nuli ngandika, "Para Sadhèrèk Israèl saha para ingkang sami ngabekti ing Allah, kula aturi sami midhangetaken. 17 Allahipun bangsa Israèl sampun milih leluhur kita, tuwin kadadosaken bangsa ingkang ageng, nalika dados tiyang neneka wonten ing tanah Mesir, tumunten kairid medal saking nagari wau déning Panjenenganipun sarana ngangkat astanipun. 18 Salebetipun kawan dasa taun Panjenenganipun nyabari pratingkahipun wonten ing ara-ara samun. 19 Sarta sasampunipun nyirnakaken bangsa pepitu ing tanah Kanaan, Panjenenganipun lajeng mbagé-bagé tanah wau dhateng leluhur kita kadadosaken tanah pusaka. 20 Sasampunipun watawis kawan atus sèket taun, lajeng kaparingan hakim-hakim ngantos dumugi ing jamanipun Nabi Samuèl. 21 Sasampunipun makaten sami nyuwun kaparingana raja. Allah nunten maringi Saul, anakipun Kish, saking taler Bényamin, laminipun sekawan dasa taun. 22 Sasampunipun Saul kasingkiraken, Allah lajeng ngangkat Daud, kajumenengaken raja. Tumrap Daud punika, Allah sampun pratéla, 'Ingsun wus manggih Daud, anaké Isai, wong kang ndadèkaké keparenging panggalihingsun sarta kang nglakoni sakèhing karsaningsun'. 23 Inggih saking trahipun punika, Allah -- ngetrepi kaliyan ingkang sampun kaprasetyakaken -- miyosaken Juru-wilujeng tumrap tiyang Israèl, inggih punika Yésus. 24 Nalika ngajengaken rawuhipun, Yohanes sampun ngatag-atag dhateng bangsa Israèl sadaya, supados sami mratobat saha kabaptis. 25 Salajengipun, nalika Yohanes sampun mèh rampung anggènipun nindakaken ayahanipun, panjenenganipun ngandika makaten, 'Aku iki kokkira sapa? Aku iki dudu Panjenengané. Sayektiné Panjenengané iku bakal rawuh sawisé aku. Nadyan nguculi agemé trumpah saka ing sampéyané baé, aku ora pantes'. 26 Lah para Sadhèrèk ingkang kalebet trahipun Abraham, saha para ingkang sami ngabekti dhumateng Allah, kabar kawilujengan punika sampun kaparingaken dhateng kita. 27 Para ingkang sami manggèn ing Yérusalèm saha para pangagengipun sami mboten purun ngakeni Yésus. Sarana anggènipun ndhawahaken paukuman pejah tumrap Panjenenganipun, sami dados kayektosaning pangandikanipun para nabi, ingkang kawaos ing saben dinten Sabat. 28 Sanadyan tiyang-tiyang mboten manggih bab-bab ingkang njalari Yésus kaukum pejah, éwasemanten sami nyuwun sédanipun dhateng Pilatus. 29 Saha sasampunipun sami nglampahi sadaya ingkang sinerat tumrap Panjenenganipun, Panjenenganipun lajeng kaedhakaken saking kajeng salib tuwin kasarèkaken. 30 Nanging nunten kawungokaken déning Allah saking antawisipun tiyang pejah, 31 sarta ngantos sawatawis wekdal anggènipun ngatingal dhateng para ingkang sami ndhèrèk Panjenenganipun saking Galiléa dhateng Yérusalèm. Inggih tiyang-tiyang punika ingkang sapunika sami dados seksinipun wonten ing sangajengipun umat punika. 32 Déné kula sadaya sapunika sami martosaken kabar-kabingahan dhateng panjenengan sadaya, inggih punika, bilih prajanjian ingkang kaparingaken dhateng para leluhur kita punika, 33 sampun dipun tetepi déning Allah tumrap kita, para turunipun, sarana anggènipun mungokaken Yésus, kados ingkang kaserat ing masmur ingkang kaping kalih: Sira iku Putraningsun! Ingsun wis jumeneng Ramanira ing dina iki. 34 Allah sampun mungokaken Panjenenganipun saking antawisipun tiyang pejah saha mboten badhé kapasrahaken malih dhateng karisakan. Bab punika kapratélakaken déning Pangéran wonten ing pangandikanipun, makaten: Ingsun bakal netepi prajanji-prajanji kang suci kang kena kapracaya tumrap sira, kang wis sunparingaké marang Daud. 35 Awit saking punika wonten ing masmur sanèsipun pangandikanipun makaten: Paduka mboten badhé masrahaken Abdi Paduka ingkang suci dhateng karisakan. 36 Awit Daud nglampahi karsaning Allah ing jamanipun, lajeng séda saha kasarèkaken nunggil kaliyan para leluhuripun, punapadéné pancèn kaulungaken dhateng karisakan. 37 Nanging Yésus ingkang kawungokaken déning Allah, mboten ngalami makaten. 38 Pramila ndadosna ing kauningan, para Sadhèrèk, margi saking Panjenenganipun punika, panjenengan sadaya sami kawartosan bab pangapuntening dosa. Déning angger-anggeripun Musa, panjenengan mboten badhé saged kaleresaken. 39 Déné wonten ing Panjenenganipun saben tiyang ingkang pitados, kaleresaken. 40 Pramila sami kula aturi waspada, supados sampun ngantos kalampahan tumrap panjenengan punapa ingkang sampun kapangandikakaken wonten ing kitabipun para nabi, ingkang suraosipun: 41 Padha diéling, hé wong kang padha seneng ngina, padha érama lan sirnaa, sabab Ingsun nindakaké pakaryan ing jamanira, yaiku pakaryan kang sira ora bakal ngandel, saupama dicaritakaké marang sira." 42 Nalika Paulus lan Barnabas miyos, wong-wong padha nyuwun supaya sakaroné ing dina Sabat candhaké karsa paring pangandika manèh bab mau. 43 Sarampungé nindakaké pangibadah, wong Yahudi lan para wong kang ngenut agama Yahudi kang padha ngabekti marang Allah, padha ndhèrèkaké Paulus lan Barnabas; rasul loro iku padha paring piwulang lan pitutur marang wong-wong mau, supaya padha lestari dumunung ana ing sajroning sih-rahmaté Allah. 44 Ing dina Sabat candhaké, mèh wong sakutha kabèh padha nglumpuk ngrungokaké pangandikaning Allah. 45 Nanging bareng wong Yahudi padha weruh wong akèh iku, banget anggoné padha mèri lan karo misuh-misuh padha mbantah apa kang dingandikakaké déning Paulus. 46 Nanging Paulus lan Barnabas kanthi kendel ngandika, "Pancèn pangandikanipun Allah punika kedah kawartosaken dhateng panjenengan sadaya langkung rumiyin, nanging panjenengan sami nampik lan nganggep mboten pantes tampi gesang langgeng. Pramila kula lajeng sami murugi bangsa-bangsa sanès, 47 awit dhawuhipun Pangéran dhateng kula kekalih, mekaten: Sira wus suntetepaké dadi pepadhang tumrap bangsa-bangsa liya, supaya sira dadi marganing karahayon nganti tumeka ing pungkasaning bumi." 48 Krungu kang mangkono iku, wong kabèh kang saka panunggalané bangsa-bangsa liya padha bungah sarta padha ngluhuraké pangandikaning Pangéran, sarta wong kabèh kang kapasthèkaké déning Allah tampa urip langgeng, padha dadi pracaya. 49 Pangandikané Pangéran banjur kawartakaké ing saindenging tanah kono. 50 Wong Yahudi padha ngojok-ojoki wong-wong wadon kajèn kéringan kang bekti marang Allah sarta para panggedhé ing kutha kono. Wong-wong mau banjur njalari anané panguya-uya marang Paulus lan Barnabas, temahan sakaroné padha ditundhung saka wilayah kono. 51 Nanging, Paulus lan Barnabas nuli padha ngetabaké lebu kang ana ing samparané, minangka pamelèh marang wong-wong mau, banjur tindak menyang Ikonium. 52 Déné para murid ing Antiokhia padha kebak kabungahan lan kapenuhan Roh Suci.
1 Ana ing Ikonium rasul sakaroné iya lumebet ing papan-pangibadahé wong Yahudi lan memulang, satemah wong Yahudi lan wong Yunani akèh kang padha dadi pracaya. 2 Nanging wong-wong Yahudi kang nampik pawartosé, padha gawé panasing atiné wong-wong kang dudu Yahudi, temahan wong-wong mau padha ora seneng marang para Sadulur kang pracaya iku. 3 Mulané Paulus lan Barnabas lereb ana ing kono nganti sawatara mangsa. Sakaroné padha memulang kanthi kendel, déné Gusti nyantosakaké pawartos bab sih-rahmaté iku sarana paring pangwaos, kanggo nganakaké pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat. 4 Nanging golonganing wong akèh ing kutha kono pecah dadi loro; ana kang nganut wong Yahudi, lan ana kang nganut rasul-rasul iku. 5 Wong-wong Yahudi mau dalah para pangarepé, bebarengan karo para wong kang dudu Yahudi, banjur padha sarujuk bakal nyiksa lan mbenturi rasul loro mau nganggo watu. 6 Bareng rasul-rasul mau nguningani bab iku, banjur sumingkir menyang kutha-kutha ing Likaonia, yaiku Listra lan Dèrbé sarta ing wilayah sakiwa-tengené. 7 Ana ing kono padha nerusaké martosaké Injil. 8 Ing Listra ana wong lanang kang mung lungguh baé, jalaran sikilé pepes, lumpuh wiwit lair mula, durung tau bisa lumaku. 9 Nalika Paulus memulang, wong lumpuh iku ngrungokaké. Paulus mirsani lan nguningani, menawa wong mau kadunungan pangandel lan kena diwarasaké, 10 banjur ngandika kalawan sora, "Ngadega jejeg!" Wong mau banjur mlumpat ngadeg lan mlaku mrana-mréné. 11 Bareng wong akèh nyumurupi apa kang mentas ditindakaké déning Paulus, tumuli padha nguwuh-uwuh nganggo basa Likaonia, "Déwa-déwa wus padha tumedhak ing tengah-tengah kita dadi manungsa." 12 Barnabas disebut Zéus, déné Paulus diarani Hèrmès, amarga panjenengané kang paring pangandika. 13 Imaming déwa Zéus, kang kuilé ana ing jaban kutha, nuli teka ing gapuraning kutha karo nggawa sapi-sapi lanang lan reroncèn kembang kang arep dicaosaké minangka kurban, bebarengan karo wong akèh. 14 Mireng kang mangkono iku Barnabas lan Paulus banjur nyuwèk-nyuwèk agemané lan lumajeng menyang satengahing wong akèh iku kambi nywanten sora, 15 "Para Sadhèrèk, kadospundi déné panjenengan sami tumindak makaten? Kula punika sami manungsa limrah kadosdéné panjenengan sadaya. Kula wonten ing ngriki punika prelu ngabaraken Injil dhateng panjenengan, supados panjenengan sami nilar tumindak ingkang tanpa gina punika saha lajeng mratobat dhateng Allah ingkang asipat gesang, ingkang sampun nitahaken langit kaliyan bumi saha saganten dalah saisinipun sadaya punika. 16 Ing jaman kapengker bangsa sadaya anggènipun sami lumampah ing marginipun piyambak, dipun kèndelaken kémawon déning Allah, 17 nanging Panjenenganipun inggih tansah ngatingalaken kamirahanipun, inggih punika srana maringi jawah sarta mangsa kamirahan dhateng panjenengan sadaya saking langit, sarta hasiling siti ing mangsanipun, dhateng panjenengan sadaya. Panjenenganipun paring tedha dhateng panjenengan sarta panggalih panjenengan tinuwukan ing kabingahan." 18 Sanadyan para rasul padha ngandika mangkono, éwadéné mèh-mèh baé ora bisa menggak anggoné padha arep caos kurban marang para rasul iku. 19 Nanging banjur ana wong Yahudi kang padha teka saka Antiokhia lan Ikonium, kang padha ngojok-ojoki wong akèh, wasana padha kèlu marang wong-wong iku. Paulus banjur dibenturi watu lan kasèrèd menyang sanjabaning kutha, jalaran dikira wus séda. 20 Nanging bareng karubung déning para muridé, panjenengané nuli wungu lan banjur lumebet ing kutha. Ésuké banjur tindak menyang Dèrbé bebarengan karo Barnabas. 21 Ing kutha Dèrbé kono, Paulus lan Barnabas padha ngabaraké Injil, temahan akèh kang padha pracaya marang Yésus. Sawusé iku, kondur menyang Listra, Ikonium lan Antiokhia. 22 Ana ing kutha-kutha mau, rasul sakaroné padha nyantosakaké atiné para kang pracaya marang Yésus sarta paring piweling, supaya padha mantep ing pracaya, apadéné padha dingandikani, menawa sadurungé bisa lumebu ing Kratoning Allah iku, kita kudu nglakoni kasangsaran. 23 Ana ing saben pasamuwan para rasul mau padha netepaké pinituwa-pinituwa kanggo pasamuwan iku, lan sawusé ndedonga lan pasa, para pinituwa mau padha disaosaké marang Gusti, kang padha dipracaya iku. 24 Sawisé mangkono tumuli ndlajahi saindenging Pisidia lan banjur rawuh ing Pamfilia. 25 Ana ing kono sakaroné padha nggelaraké pangandika ana ing Pérga, banjur tindak menyang Atalia. 26 Saka kono padha lelayaran menyang Antiokhia; iya ana ing kono iku anggoné biyèn padha kasaosaké marang sih-rahmating Allah supaya wiwit nglakoni ayahan, kang saiki wus dirampungaké iku. 27 Sarawuhé ing kono banjur nglumpukaké pasamuwan, padha dicariyosi bab samubarang kang wus katindakaké déning Allah lumantar sakaroné; apadéné bab anggoné Allah wus mengani lawanging pracaya marang bangsa-bangsa liya. 28 Sakaroné padha lereb ing kono nganti rada suwé, nunggil karo para murid mau.
1 Tumuli ana wong sawatara saka Yudéa teka ing Antiokhia, kang padha mulang marang para sadulur tunggal pracaya ing kono, mangkéné, "Manawi panjenengan sadaya mboten sami nglampahi tetak manut adat-tata-cara ingkang dipun warisaken déning Musa, panjenengan mboten badhé saged kawilujengaken." 2 Nanging Paulus lan Barnabas banget anggoné padha nglawan lan mbantah panemuné wong-wong mau. Wekasané pasamuwan banjur mutus, Paulus lan Barnabas sarta warga pasamuwan liyané sawatara kautus menyang Yérusalèm nemoni para rasul lan para pinituwa, saprelu ngrembug bab mau. 3 Para utusan mau diuntapaké déning pasamuwan nganti tekan ing jaban kutha, banjur padha nglajengaké tindaké ngliwati Fénisia lan Samaria, sadalan-dalan padha nyariyosaké pamratobaté wong-wong kang dudu Yahudi. Iki banget ndadèkaké bungahé para sadulur tunggal pracaya ing kono. 4 Sarawuhé ing Yérusalèm, para utusan padha ditampa déning pasamuwan lan para rasul sarta para pinituwa, banjur padha nyariyosaké samubarang kabèh kang wis katindakaké déning Allah lumantar pandamelé. 5 Nanging nuli ana wong sawatara kang kalebu golonganing wong Farisi, kang wis manjing pracaya, kang padha ngadeg lan matur, "Ingkang sanès tiyang Yahudi kedah dipun tetaki saha dipun wajibaken netepi angger-anggeripun Musa." 6 Para rasul lan para pinituwa banjur padha nganakaké parepatan, ngrembag prakara iku mau. 7 Bareng wus sawatara suwé anggoné padha bebantahan, Pétrus banjur jumeneng sarta ngandika, "Para Sadhèrèk, panjenengan sadaya sampun sami nguningani, bilih sampun wiwit kala rumiyin mila kula kapiji déning Allah saking antawis kita, supados lumantar kula bangsa-bangsa sanès sami mireng pawartos bab Injil satemah lajeng sami pitados. 8 Mangka Allah, ingkang nguningani manahing manungsa, sampun paring paseksi dhateng tiyang-tiyang wau, sarana sami kaparingan Roh Suci kadosdéné kita, 9 punapadéné Panjenenganipun babar pisan mboten mbéda-mbédakaken tiyang-tiyang wau kaliyan kita, sasampunipun nucèkaken manahipun sarana pitados. 10 Pramila kadospundi déné panjenengan sadaya sami nyobi dhateng Allah kanthi patrap ngetrapaken momotan ing pundhakipun para murid, ingkang leluhur kita utawi kita piyambak mboten kiyat nyanggi? 11 Kosok-wangsulipun, kita pitados bilih kita badhé tampi karahayon margi saking sih-rahmatipun Gusti Yésus Kristus kadosdéné sadhèrèk-sadhèrèk punika." 12 Kabèh kang padha marepat banjur padha mèndel, tumuli padha mirengaké cariyosé Paulus lan Barnabas bab pratandha lan kaélokan kang katindakaké déning Allah lumantar rasul loro iku ana ing antarané bangsa-bangsa liya. 13 Bareng Paulus lan Barnabas wus rampung anggoné cariyos, Yakobus banjur ngandika, "Para Sadhèrèk, sami kula aturi midhangetaken atur kula: 14 Sadhèrèk Simon mentas nyariyosaken, bilih wiwit wiwitan mila Allah sampun ngatingalaken sih-rahmatipun, inggih punika anggènipun milih saking antawisipun bangsa-bangsa sanès wau, satunggaling umat kagem asmanipun. 15 Bab punika cocog kaliyan pangandikanipun para nabi, kados ingkang kaserat, suraosipun: 16 Sawisé mangkono Ingsun bakal wangsul sarta mbangun manèh kémahé Daud kang wis runtuh, lan reruntuhané bakal sunbangun manèh sarta sunsantosakaké, 17 supaya wong-wong liyané kabèh padha ngupaya marang Pangéran, mangkono uga bangsa liya kabèh kang tumrapé bangsa-bangsa mau asmaningsun kasebut, mangkono pangandikané Pangéran, kang nindakaké iku kabèh, 18 kang wis kauningan wiwit sakawit. 19 Awit saking punika pamanggih kula, kita sampun ngantos damel rekaosipun para sadhèrèk saking bangsa-bangsa sanès, ingkang sami mratobat dhateng Allah. 20 Prayoginipun kita kintun serat dhateng sadhèrèk-sadhèrèk punika, supados sami nyirik tetedhan ingkang sampun kajemberaken déning brahala, saha nebihi lampah jina, punapadéné nyirik dagingipun kéwan ingkang pejahipun mboten karana kasembelèh, tuwin rah. 21 Amargi sampun wiwit jaman rumiyin angger-anggeripun Musa punika kaundhangaken wonten ing saben kitha, saha dumugi sapriki ing saben dinten Sabat kawaos wonten ing papan-papan pangibadah." 22 Wasana para rasul tuwin para pinituwa sarta wong sapasamuwan kabèh padha netepaké milih wong sawatara saka ing antarané kang bakal kautus menyang Antiokhia, bebarengan karo Paulus lan Barnabas, yaiku Yudas kang peparab Barsabas lan Silas. Iku wong kang padha kajèn ana ing antarané para sadulur tunggal pracaya. 23 Para utusan mau padha digawani layang kang surasané, "Salam kula para rasul saha para pinisepuh, sarta para sadhèrèk panjenengan, katur para Sadhèrèk ing Antiokhia, Siria lan Kilikia ingkang aslinipun saking bangsa-bangsa sanès. 24 Kula sampun sami mireng, bilih wonten tiyang sawatawis panunggilan kula, ingkang sami damel gorèhing panggalih saha damel kuwur panjenengan sarana piwulangipun, mangka mboten sami kula weling. 25 Pramila kula sampun sami sarembag saha mutus kèngkènan tiyang sawatawis manggihi panjenengan sesarengan kaliyan sadhèrèk Barnabas tuwin Paulus ingkang kula tresnani, 26 inggih punika sadhèrèk kalih ingkang sampun ngetohaken nyawanipun margi saking asmanipun Gusti kita Yésus Kristus. 27 Wondéné ingkang kula kèngkèn sadhèrèk Yudas saha Silas, ingkang badhé ngaturaken kalayan lésan piweling ingkang kaserat punika dhateng panjenengan. 28 Amargi Roh Suci lan kula sampun damel putusan, supados panjenengan sampun ngantos kabebahan nglangkungi ing samesthinipun: 29 Sami nyirika sesajèning brahala, rah saha daging kéwan ingkang pejahipun mboten karana kasembelèh, punapadéné lampah jina. Punika sadaya manawi sami panjenengan singkiri, panjenengan sampun tumindak saé. Cekap samanten atur kula, mugi sami ginanjar wilujeng." 30 Bareng wus padha pamitan, Yudas lan Silas padha bidhal menyang Antiokhia. Ana ing kono wong sapasamuwan banjur padha ditimbali marepat, layangé nuli diparingaké. 31 Bareng wus diwaca, padha bungah awit layang mau isi panglipur. 32 Anadéné Yudas lan Silas, sarèhné iya nabi, mulané nganti sawatara suwé anggoné mituturi para sadulur tunggal pracaya lan nyantosakaké atiné. 33 Lan sawusé ana ing kono sawatara mangsa, banjur padha diaturi déning para sadulur kondur kanthi tentrem menyang ngarsané kang ngutus. 34 Nanging Silas ngarsakaké isih kantun ana ing kono. 35 Paulus lan Barnabas anggoné ana ing Antiokhia nganti sawatara suwéné, padha bebarengan karo wong akèh liyané memulang sarta nggelaraké pangandikané Gusti. 36 Nanging bareng wus sawatara lawasé Paulus banjur ngandika marang Barnabas, "Prayogané saiki kita padha bali niliki para Sadulur ing saben kutha, kang wis padha kita sebari pangandikané Gusti, kepriyé kaanané." 37 Barnabas kepéngin uga ngajak Yohanes kang apeparab Markus; 38 nanging Paulus ngandika kanthi keras, ora prayoga yèn ta ngajak wong kang wus ninggal lunga ana ing Pamfilia lan ora gelem diajak nyambut-gawé bebarengan. 39 Bab iki ndadèkaké pasulayaning sakaroné, temahan padha pepisahan. Barnabas ngajak Markus lan banjur lelayaran menyang Siprus. 40 Déné Paulus milih Silas, lan sawusé kacaosaké déning para sadulur tunggal pracaya marang sih-rahmaté Gusti, 41 banjur mangkat ndlajahi Siria lan Kilikia, sarta nyantosakaké pasamuwan-pasamuwan ing kono.
1 Paulus uga rawuh ing Dèrbé lan Listra. Ing kono ana murid jenengé Timotius, ibuné wong Yahudi kang wus dadi pracaya, déné bapakné wong Yunani. 2 Timotius iku wis kaseksènan beciké déning para sadulur tunggal pracaya ing Listra lan ing Ikonium. 3 Karsané Paulus, iku dadia kanthiné ing lampah. Paulus banjur dhawuh supaya Timotius ditetaki marga saka anané wong Yahudi kang padha ana ing wilayah kono, awit wong kabèh padha sumurup, yèn bapakné iku wong Yunani. 4 Sajroné ndlajahi kutha-kutha iku, Paulus lan Silas padha masrahaké putusané para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm kalawan piweling supaya dièstokaké. 5 Marga saka mangkono pasamuwan-pasamuwan padha kasantosakaké pracayané lan saya suwé saya wuwuh cacahé. 6 Tindaké nglangkungi tanah Frigia lan tanah Galatia, amarga dipambengi déning Roh Suci nggelaraké Injil ana ing propinsi Asia. 7 Sarawuhé ing Misia, banjur padha ngangkah lumebet ing Bitinia, nanging Rohé Yésus ora marengaké. 8 Bareng wus nglangkungi Misia, banjur tekan Troas. 9 Benginé Paulus mirsa tetingalan: ana wong Makédonia ngadeg lan matur marang panjenengané, "Panjenengan kula aturi nyabrang mriki saha mitulungi kula sadaya!" 10 Bareng Paulus wis mirsa tetingalan mau, aku kabèh banjur padha ngarah mangkat menyang Makédonia, awit marga saka anané tetingalan mau, aku padha namtokaké, yèn Allah wus nimbali kita kakarsakaké nggelaraké Injil marang wong-wong ing kono. 11 Aku banjur padha mangkat nunggang prau saka Troas, terus ngener Samotraké, lan ésuké nuli menyang Néapolis. 12 Saka ing kono banjur padha menyang Filipi, kutha kawitan ing wilayah Makédonia, kalebu kutha-koloni Roma. Aku padha nginep ana ing kutha kono sawatara dina. 13 Nalika dina Sabat aku padha menyang sanjabaning gapurané kutha, lumaku urut pinggir kali, banjur mrangguli papan pangibadahé wong Yahudi, kang manut pangiraku ana ing kono. Sawisé linggih, aku nuli padha rembugan karo wong-wong wadon kang padha ngumpul ana ing kono. 14 Ing antarané wong wadon panunggalané, jenengé Lidia, mèlu ngrungokaké. Wong mau dadi bakul kain wungu, pinangkané saka Tiatira, wong kang bekti ing Allah. Atiné wus binuka déning Gusti, mulané nggatèkaké marang apa kang kapangandikakaké déning Paulus. 15 Sawisé kabaptis sabrayaté kabèh, banjur matur mangkéné, "Manawi panjenengan sampun sami manggalih, bilih kula saèstu pitados dhateng Gusti, sumangga sami kula aturi rawuh saha nyaré ing griya kula." Mangka banget panyuwuné, nganti aku kabèh padha nuruti. 16 Ing sawijining dina nalika aku padha menyang papan pangibadahé iku, aku padha mrangguli batur wadon kang dadi juru-tenung kang njalari para bendarané olèh kauntungan akèh. 17 Iku ngetutaké Paulus lan aku kabèh kalawan alok-alok, ujaré, "Wong-wong iku abdiné Allah kang Mahaluhur, kang martakaké dalaning karahayon marang kowé kabèh." 18 Kang mangkono iku ditindakaké nganti pirang-pirang dina. Ananging bareng Paulus wis ora tahan manèh marang anané gangguan mau, nuli minger sarta dhawuh marang roh iku, "Atas asmané Yésus Kristus, dhawuhku marang kowé: Metua saka wong wadon iki." Sanalika iku uga roh mau iya banjur metu. 19 Bareng para bendarané wong wadon mau weruh, yèn pangarep-arepé olèh kauntungan wis ilang, banjur padha nangkep Paulus lan Silas, padha diglandhang menyang pasar kaaturaké marang pamaréntah. 20 Sawisé padha diajokaké ing ngarsané para panggedhéné kutha kono, nuli padha matur, "Tiyang punika sami damel ributing nagari kita ngriki, amargi sami tiyang Yahudi 21 sarta sami mulangaken adat-tata-cara ingkang mboten kénging kita tampi utawi kita lampahi, awit kita punika tiyang Roma." 22 Anadéné wong akèh iya padha mèlu nglawan marang Paulus lan Silas. Para panggedhéning kutha mau banjur dhawuh mblèjèdi pangagemané sarta nggebugi. 23 Sawusé digebagi bola-bali banjur padha dijeblosaké ing pakunjaran. Panggedhéné pakunjaran didhawuhi njaga kanthi ketat. 24 Sarèhné mangkono préntahé, mulané sakaroné nuli dilebokaké ing kamar pakunjaran kang ana ing tengah dhéwé, sarta padha kabelok sikilé. 25 Watara wayah tengah wengi Paulus lan Silas padha ndedonga kalawan ngidungaké pamuji marang Allah, déné wong ukuman liyané padha ngrungokaké. 26 Dumadakan banjur ana lindhu gedhé, pondhasiné pakunjaran nganti horeg; lan sanalika iku uga lawang-lawangé padha menga, lan ranténé wong kabèh padha ucul. 27 Panggedhéné pakunjaran gragapan tangi lan bareng weruh lawangé pakunjaran padha menga, banjur ngunus pedhang arep nglalu, awit ngira yèn wong-wong ukuman wus padha mlayu. 28 Nanging Paulus tumuli nywanten sora, pangandikané, "Sampun nyilakani badan piyambak, awit kula sadaya taksih wonten ing ngriki!" 29 Panggedhéné pakunjaran dhawuh nggawa obor lan lumayu mlebu, apadéné nuli sumungkem ana ing ngarsané Paulus lan Silas kalawan gumeter. 30 Tumuli padha diirid metu, karo matur, "Dhuh, para Sadhérék ingkang kula urmati, punapa ingkang kedah kula lampahi, supados wilujeng?" 31 Banjur dingandikani, "Kula aturi pitados dhateng Gusti Yésus Kristus, temah panjenengan badhé wilujeng, panjenengan dalah brayat panjenengan." 32 Banjur diwartani pangandikané Pangéran, samono uga wong saisiné omahé kabèh. 33 Ing waktu iku uga sakaroné padha diresiki tatuné, sarta ing bengi iku uga panggedhéné pakunjaran mau dalah kulawargané padha kabaptis. 34 Sakaroné banjur didhèrèkaké menyang omahé lan padha disegah. Panggedhéné pakunjaran mau banget bungahé, déné awaké dhéwé lan brayaté wus padha dadi pracaya marang Allah. 35 Ésuké, para panggedhéning kutha banjur utusan para bawahané nglantaraké dhawuh marang panggedhéné pakunjaran mangkéné, "Wong loro iku padha luwarana!" 36 Panggedhéné pakunjaran banjur nerusaké dhawuh mau marang Paulus, aturé, "Para pangagenging kitha sampun paring dhawuh, supados panjenengan sami kaluwaran. Awit saking punika panjenengan sami kula aturi medal lan tindak kanthi wilujeng!" 37 Nanging Paulus banjur paring pangandika marang wong-wong mau, "Kula sami tiyang Roma dipun gebagi wonten ing sangajengipun tiyang kathah tanpa dipun adili, lajeng kalebetaken ing pakunjaran. Sapunika kula sami badhé kaluwaran sidheman? Mboten kénging makaten punika. Para pangageng punika supados rawuh piyambak ngirid kula medal." 38 Para bawahan mau banjur ngaturaké bab iku marang para panggedhéning kutha. Bareng padha mireng, yèn Paulus lan Silas iku wong Roma, temahan padha ajrih. 39 Banjur padha rawuh nyuwun pangapura, sakaroné tumuli kairid medal sarta diaturi nilar kutha kono. 40 Lan banjur padha nilar pakunjaran lan tindak menyang omahé Lidia, manggihi para sadulur tunggal pracaya ing kono, sarta sawisé paring panglipur sakaroné banjur padha tindak.
1 Paulus lan Silas tumuli padha tindak langkung Amfipolis lan Apolonia, banjur tekan Tésalonika. Ing kono ana papan pangibadahé wong Yahudi. 2 Kaya adaté, Paulus nuli lumebet mrono, sarta nganti telung dina Sabat terus-terusan anggoné rerembagan karo wong Yahudi bab pérang-péranganing Kitab Suci. 3 Panjenengané nerangaké lan nedahaké, yèn Mésias iku kudu nandhang sangsara lan wungu manèh saka ing antarané wong mati, banjur ngandika, "Menggah Mésias punika inggih punika Yésus, ingkang kula wartosaken dhateng panjenengan." 4 Ana sawatara panunggalané wong-wong mau kang padha yakin lan banjur manunggal karo Paulus lan Silas lan uga ana wong Yunani sawatara akèh kang padha bekti ing Allah, samono uga para wanita kang kajèn ora sathithik cacahé. 5 Nanging wong-wong Yahudi iku padha mèri lan dibantu déning wong ala sawatara kang kluyuran ing pasar, padha gawé ribut sarta ngisruhaké kutha kono. Wong-wong iku padha nyerang omahé Yason, sedyané arep ngladèkaké Rasul Paulus lan Silas marang parepataning rakyat. 6 Nanging bareng padha ora ketemu, Yason lan sadulur sawatara padha diglandhang menyang ngarsané para panggedhéning kutha, kalawan nywara sora, "Tiyang-tiyang ingkang sampun sami damel ributing jagat sadaya punika ugi sampun sami dumugi ing ngriki, 7 tuwin Yason punika nampèni tiyang-tiyang wau wonten ing griyanipun. Tiyang punika sami nglawan dhateng pranatan-pranatanipun Kaisar, sami mratélakaken, bilih wonten raja sanès, inggih punika Yésus." 8 Nalika wong akèh lan para panggedhéning kutha padha mireng, banjur padha ribut. 9 Nanging bareng Yason lan sadulur-sadulur tunggal pracaya liyané padha masrahaké dhuwit tanggungan, banjur padha dililani mundur. 10 Nanging ing bengi iku uga Paulus lan Silas diaturi déning para sadulur tunggal pracaya ing kono supaya énggal tindak menyang Béréa. Sarawuhé ing kono banjur padha tindak menyang papan pangibadahé wong Yahudi. 11 Wong-wong Yahudi ing kutha kono atiné padha luwih longgar tinimbang para wong Yahudi ing Tésalonika, sabab padha nampani pangandika kalawan legawa sarta saben dina padha niti-priksa Kitab Suci supaya bisa sumurup, apa iku kabèh wis bener mangkono. 12 Akèh panunggalané kang dadi pracaya; uga ora sathithik panunggalané bangsa Yunani, lanang lan wadon kang kajèn. 13 Nanging bareng wong-wong Yahudi ing Tésalonika padha ngerti, yèn Paulus ana ing Béréa uga martakaké pangandikaning Allah, banjur padha teka mrono ngojok-ojoki lan nggorèhaké atiné wong akèh. 14 Nanging para sadulur tunggal pracaya banjur padha ngaturi Paulus supaya énggal tindak menyang pasisir, déné Silas lan Timotius isih padha kantun ana ing Béréa. 15 Wong-wong kang nguntapaké Paulus padha ndhèrèk tekan Aténa, banjur padha bali kalawan diwéling supaya Silas lan Timotius énggal padha nusul. 16 Paulus sajroné ngentosi ana ing Aténa iku, banget sungkawa ing galih, amarga nguningani kutha kono kebak reca-reca brahala. 17 Awit saka iku, ana ing papan pangibadah banjur wawan pangandika karo wong-wong Yahudi lan wong-wong kang padha bekti marang Allah, apadéné saben dina ana ing pasar karo wong-wong kang ketemu ana ing kono. 18 Uga ana ahli pikir sawatara saka golongan Épikuros lan Stoa kang padha saraséhan karo panjenengané. Ana kang ngucap, "Apa ta kang arep dikandhakaké tukang ngocèh iku?" Nanging liyané kandha, "Sajaké wong iku nggiyaraké piwulangé déwa-déwa manca." Sabab kang diwartakaké iku Injil bab Yésus lan patangèn. 19 Wong-wong mau banjur padha ngaturi Paulus rawuh ing Aréopagus lan matur, "Punapa kula sami kepareng mirengaken piwulang énggal ingkang panjenengan wulangaken punika? 20 Amargi kula sami panjenengan wartosi prakawis-prakawis ingkang anèh. Pramila kula sami kepéngin mangertos, punapa tegesipun punika sadaya." 21 Wong-wong Aténa lan wong-wong manca kang padha manggon ing kono iku ora kober nindakaké bab liyané kajaba mung ngandhakaké lan ngrungokaké samubarang kang anyar. 22 Paulus banjur jumeneng ana ing Aréopagus lan ngandika, "Para Sadhèrèk ing Aténa, kula sumerep, bilih panjenengan sadaya punika tumrap punapa kémawon sakalangkung bekti dhateng para déwa. 23 Amargi nalika kula mider-mider wonten ing kitha panjenengan saha ningali barang-barang ingkang panjenengan pundhi-pundhi, kula inggih mrangguli misbyah ingkang kaseratan makaten: Konjuk ing Allah ingkang mboten kasumerepan. Wondéné ingkang sami panjenengan sembah-sembah, sanadyan panjenengan mboten tepang punika, inggih punika ingkang badhé kula wartosaken. 24 Allah ingkang nitahaken jagat saisinipun sadaya punika, sarèhning jumeneng Pangéraning langit lan bumi, pramila mboten dumunung wonten ing kuil-kuil damelanipun manungsa, 25 sarta ugi mboten dipun ladosi tanganing manungsa, kados-kados Panjenenganipun kakirangan punapa-punapa; amargi inggih Panjenenganipun punika ingkang paring gesang sarta napas saha samukawis ingkang dados kabetahanipun manungsa sadaya. 26 Bangsa lan umat sadaya punika kadadosaken déning Panjenenganipun saking tiyang satunggal, supados sami ngenggèni jagat punika sadaya, punapadéné Panjenenganipun sampun namtokaken mangsa-mangsa tuwin wates-watesing pamanggènipun. 27 Punika supados tiyang sami madosi Panjenenganipun saha kanthi gagap-gagap sageda pinanggih kaliyan Panjenenganipun, sanadyan Panjenenganipun punika mboten tebih kaliyan kita piyambak-piyambak. 28 Jalaran wonten ing Panjenenganipun, kita punika gesang, ébah, lan wonten, kadosdéné ingkang ugi sampun kapratélakaken déning para pujangga panjenengan: Sabab kita punika ugi sami dados tedhak-turunipun Allah. 29 Sarèhning kita punika tedhak-turunipun Allah, mila kita mboten kénging gadhah pamanggih, bilih kawontenanipun Allah punika kadosdéné pepethan emas, pérak utawi séla, ingkang kadamel srana kagunan saha kawasisanipun manungsa. 30 Tanpa ngèngeti malih dhateng jamanipun manungsa kirang pangretosan, Allah sapunika martosaken dhateng manungsa, bilih wontena ing pundi-pundia kémawon, tiyang sadaya kedah mratobat. 31 Amargi Panjenenganipun sampun namtokaken dinten anggènipun badhé ngakimi jagat kanthi adil, lumantar Tiyang ingkang sampun kapiji; mawi dipun buktèkaken dhateng tiyang sadaya, srana anggènipun kawungokaken saking antawisipun tiyang pejah." 32 Wong-wong mau bareng krungu bab tanginé wong mati, banjur ana kang padha moyoki, lan ana liyané kang padha ngucap, "Sanès wekdal kémawon kula sami badhé mirengaken sesorah panjenengan bab punika malih." 33 Paulus banjur tindak saka ing satengahé wong-wong mau. 34 Éwasamono iya ana wong sawatara kang nunggal karo Paulus lan padha dadi pracaya, kayata Dionisius, warganing pradata Aréopagus, lan wong wadon kang aran Damaris, sarta uga wong-wong liyané bebarengan karo wong-wong mau.
1 Sawisé mangkono Paulus banjur nilar Aténa, tindak menyang Korintus. 2 Ana ing Korintus kepanggih karo wong Yahudi jenengé Akwila, asalé saka Pontus, kang lagi baé teka saka Italia karo Priskila, somahé, sabab Kaisar Klaudius dhawuh, supaya wong Yahudi kabèh padha ninggal Roma. Paulus banjur pinarak ing omahé. 3 Sarèhné pagawéané padha, Paulus banjur manggèn ing kono. Sakaroné nyambutgawé bebarengan, amarga padha-padha tukang gawé kémah. 4 Saben dina Sabat, Paulus memulang ana ing papan pangibadah lan ngudi ngyakinaké wong-wong Yahudi lan wong-wong Yunani. 5 Bareng Silas lan Timotius rawuh saka Makédonia, Paulus bisa mligi nyebar pangandika sarta paring paseksi marang para wong Yahudi, yèn Yésus iku Mésias. 6 Nanging bareng wong-wong iku padha madoni lan nyenyamah, panjenengané nuli ngetabaké lebu kang ana ing pangagemané tuwin ngandika, "Getihmu nempuha marang awakmu dhéwé; aku resik, ora luput. Wiwit saiki aku bakal marani bangsa-bangsa liya." 7 Sawisé mangkono banjur miyos saka kono, lan banjur tindak menyang omahé wong kang aran Titius Yustus, kang ngabekti marang Allah lan kang omahé sandhing papan pangibadah. 8 Nanging Krispus, panggedhéné papan pangibadah, dadi pracaya marang Gusti dalah sabrayaté sarta wong Korintus akèh, kang padha ngrungokaké pangandikané Paulus, banjur dadi pracaya, nuli padha kabaptis. 9 Ing sawijining bengi, Gusti ngandika marang Paulus sarana tetingalan, "Aja wedi! Terusna anggonmu martakaké pangandika lan aja lèrèn! 10 Amarga Ingsun nunggal karo kowé lan ora ana wong kang bakal nyekel lan nganiaya marang kowé, awit umatingsun akèh ana ing kutha kéné." 11 Mulané Paulus nganti sataun nem sasi anggoné manggèn ana ing kono sarta mulangaké pangandikané Allah ana ing satengahé wong-wong iku. 12 Ananging bareng Galio jumeneng gubernur ana ing Akhaya, wong-wong Yahudi banjur bebarengan nglawan Paulus, lan ngadhepaké panjenengané ing pangadilan, 13 aturé, "Tiyang punika mbudidaya ngyakinaken tiyang-tiyang supados ngabekti dhateng Allah kanthi patrap ingkang cengkah kaliyan angger-anggering Torèt." 14 Bareng Paulus arep ngaturaké panjawab, Galio ngandika marang wong-wong Yahudi mau, "Hé, wong-wong Yahudi, saupama pandakwamu iku bab pelanggaran utawa kadursilan, wus samesthiné menawa aku nampani prakaramu, 15 nanging menawa ana padudon bab tembung utawa jeneng, utawa angger-angger tumrap kowé kabèh, iku urusen dhéwé; aku emoh ngakimi prakara kang mangkono iku." 16 Banjur padha ditundhung saka pangadilan. 17 Wong iku kabèh banjur nyekel Sostenès, panggedhéné papan pangibadah, lan digebugi ana ing pangadilan, nanging Galio babar pisan ora mreduli bab iku. 18 Paulus isih lereb sawatara dina manèh ana ing Korintus, banjur pamitan marang para sadulur tunggal pracaya ing kono lan sawisé paras ana ing Kèngkréa, jalaran kagungan nadar, tumuli bidhal lelayaran menyang Siria. Priskila lan Akwila padha ndhèrèk. 19 Bareng wus rawuh ing Éfesus, Priskila lan Akwila ditilar déning Paulus ana ing kono. Panjenengané piyambak lumebet ing papan pangibadah lan rerembagan karo wong-wong Yahudi. 20 Wong-wong mau padha nyuwun marang panjenengané, supaya karsa lereb sawatara suwé ana ing kono, nanging ora karsa. 21 Panjenengané pamitan kalawan ngandika, "Kula badhé mriki malih, manawi Allah ngarsakaken." Banjur bidhal saka Éfesus. 22 Bareng wus rawuh ing Kaisaréa sawusé munggah ing dharatan lan paring salam marang pasamuwan, nuli tindak menyang Antiokhia. 23 Sawusé lereb sawatara dina ana ing kono, panjenengané banjur tindak manèh ndlajahi satanah Galatia lan Frigia kabèh, nyantosakaké atiné para murid. 24 Nalika samana ana wong Yahudi jenengé Apolos, asalé saka Alèksandria, teka ing Éfesus. Iku wong kang micara lan kawruhé bab isining Kitab Suci mumpuni banget. 25 Wong iku wus tampa piwulang bab Margining Pangéran. Kalawan semangat sarta patitis anggoné nglairaké piwulangé bab Yésus, nanging kang disumurupi mung bab baptis manut piwulangé Yohanes. 26 Anggoné wiwit memulang kalawan kendel ana ing papan pangibadah. Nanging bareng Priskila lan Akwila krungu, Apolos banjur diajak menyang omahé sarta diwènèhi katrangan kanthi cetha lan tliti bab Margining Allah. 27 Sarèhné Apolos kepéngin nyabrang menyang Akhaya, sadulur-sadulur tunggal pracaya ing Éfesus nuli nggawani layang kanggo para murid ing kono, supaya ditampa. Satekané ing Akhaya, marga saka sih-rahmaté Allah banjur dadi wong kang migunani banget tumrap para wong kang padha pracaya. 28 Awitdéné kanthi semangat anggoné mbantah wong-wong Yahudi ana ing ngarepé wong akèh sarta mbuktèkaké adhedhasar Kitab Suci, menawa Yésus iku Mésias.
1 Nalika Apolos isih ana ing Korintus, Paulus wus ndlajahi tanah-tanah pagunungan lan rawuh ing Éfesus. Ana ing kono panjenengané kepanggih karo murid sawatara. 2 Iku padha didangu mangkéné, "Punapa panjenengan sampun sami nampèni Roh Suci, nalika sami pitados?" Nanging banjur padha matur, "Dèrèng, malah kula dèrèng naté sami mireng, bilih Roh Suci punika wonten." 3 Paulus nuli ndangu, "Manawi makaten, panjenengan sami kabaptis nganggé baptisan punapa?" Atur wangsulané, "Nganggé baptisanipun Yohanes." 4 Pangandikané Paulus, "Baptisanipun Yohanes punika baptisan pamratobat, sarta panjenenganipun lajeng ngandika dhateng tiyang kathah, bilih kedah pitados dhateng ingkang rawuhipun kantun, inggih punika Yésus." 5 Nalika padha krungu bab iku, banjur padha kabaptis ing asmané Yésus. 6 Lan nalika Paulus numpangi asta wong-wong mau, banjur padha katedhakan Roh Suci sarta padha wiwit guneman nganggo basa warna-warna tuwin padha medhar wangsit. 7 Wong-wong mau gunggungé kira-kira ana rolas. 8 Sajroning telung sasi, Paulus rawuh ing papan pangibadah lan memulang kanthi tatag; sarana dhébatan mbudi-daya supaya padha kadunungan kayakinan bab Kratoning Allah. 9 Ananging bareng ana sawatara kang wangkot lan tetep ora gelem diyakinaké, malah ngala-ala Margining Pangéran ana ing ngarepé wong akèh, Paulus banjur nilar wong-wong mau, para muridé dipisah saka wong-wong kang wangkot iku, sarta ing saben dinané memulang ana ing papan pamulangané Tiranus. 10 Bab iki ditindakaké rong taun lawasé, satemah wong saisining propinsi Asia kabèh, wong Yahudi lan wong Yunani padha ngrungokaké pangandikané Gusti. 11 Lumantar Paulus, Allah ngawontenaké mukjijat-mukjijat kang ngédab-édabi, 12 malah nganti kacu utawa lawon kang tau diagem déning Paulus ditumpangaké ing wong lara, temahan dadi lan warasé sarta roh-roh jahat padha metu. 13 Ana dhukun Yahudi sawatara kang mider-mider ing tanah kono, kang padha nyoba nyebut asmané Gusti Yésus tumrap wong kang kasurupan roh-roh jahat, kalawan ngucap, "Kowé daksupatani atas asmané Yésus, kang diwartakaké déning Paulus." 14 Wong-wong kang nindakaké mangkono iku cacahé pitu, yaiku putrané pangareping imam Yahudi, kang asma Skéwa. 15 Nanging roh jahat iku mangsuli, "Kang asma Yésus iku aku wis wanuh, lan Paulus aku wis weruh, nanging kowé, sapa kowé iku?" 16 Wong kang kasurupan roh jahat iku banjur nubruk marang wong-wong mau, padha kalah rosa, mulané kalah, temahan kalawan kawudan lan ketaton padha lumayu saka omahé wong iku. 17 Bab iku kasumurupan déning sakèhing wong ing Éfesus, wong Yahudi lan wong Yunani, temah kabèh padha wedi, sarta asmané Gusti Yésus dadi saya kondhang. 18 Akèh wong panunggalané kang wus padha pracaya, padha teka ana ing ngarepé wong akèh lan ngakoni panggawéné. 19 Uga akèh wong panunggalané kang wus tau nindakaké sihir, kang banjur nglumpukaké buku-bukuné lan diobong ana ing ngarepé wong akèh. Ajiné buku-buku iku ditaksir ana sèket èwu dhuwit pérak. 20 Marga saka mangkono iku, pangandikané Gusti saya sumebar lan saya gedhé wibawané. 21 Sawusé kelakon iku mau kabèh, déning panuntuné Roh, Paulus kagungan karsa arep tindak menyang Yérusalèm nglangkungi Makédonia lan Akhaya. Pangandikané, "Sawisé mrono aku iya kudu weruh Roma." 22 Banjur utusan pembantuné loro, yaiku Timotius lan Érastus, kadhawuhan ndhisiki menyang Makédonia, déné panjenengané piyambak kantun ana ing Asia sawatara mangsa. 23 Nalika samana tuwuh kaributan gedhé marga saka Margining Pangéran. 24 Déné jalarané ana wong lanang tukang pérak jenengé Démétrius, kang panguripané gawé pepethan pérak tetironing kuilé Dèwi Artémis. Iku ngolèhaké kauntungan ora sathithik marang wong kang padha nunggal sapagawéan. 25 Wong-wong iku padha diklumpukaké dalah para tukang-tukangé kang tunggal sapagawéan sarta padha dituturi mangkéné, "Hé, para Sadulur, kowé kabèh padha sumurup, yèn kecukupan kita iku marga saka pagawéan iki! 26 Mangka saiki kowé padha sumurup lan krungu, yèn Paulus iki ora mung ana ing Éfesus baé, nanging uga mèh ana ing saindenging Asia, wus mbebujuk lan nasaraké wong pirang-pirang kalawan mratélakaké, yèn apa kang digarap déning tanganing manungsa iku dudu déwa. 27 Marga saka iku, ora mung pagawéan kita baé kang bakal ana sajroning bebaya dirèmèhaké déning wong, nanging uga kuilé Artémis, dèwi agung iku, bakal tanpa teges. Lan Artémis piyambak, Artémis kang disembah-sembah déning wong-wong sa-Asia kabèh lan wong sajagat kang wus maju, bakal sirna kaluhurané." 28 Wong-wong mau bareng krungu kang mangkono iku banjur padha banget nepsuné, sarta padha nywara sora, "Kaluhurna Dèwi Artémis, sesembahané wong Éfesus!" 29 Kaanan ing sakutha kabèh banjur dadi kisruh, wong-wong kabèh padha gumrudug menyang papan pagelaran-tontonan lan ngglandhang Gayus sarta Aristarkhus, sakaroné padha wong Makédonia, kang padha dadi kanca tindaké Paulus. 30 Bareng Paulus arep tindak menyang satengah-tengahing wong akèh iku, dipenggak déning para muridé. 31 Malah ana panggedhé sawatara kang asalé saka Asia, kang wis dadi mitrané Paulus, iku padha utusan ngèngetaké marang panjenengané, supaya aja tindak menyang papan pagelaran-tontonan. 32 Wong-wong kang padha nglumpuk ana ing papan iku padha bengok-bengok, ana kang nywara sora mangkéné, ana kang mangkono, sabab kaanané kumpulan iku kisruh ora karuwan, kang akèh malah padha ora sumurup apa preluné nglumpuk iku. 33 Banjur ana wong kang jenengé Alèksander kang dipurih maju déning wong-wong Yahudi. Wong iku tampa katrangan saka wong akèh bab apa kang kelakon, banjur kumlawé tangané, arep awèh katrangan minangka panjawab marang wong akèh. 34 Nanging bareng wong-wong padha ngerti, yèn iku wong Yahudi, banjur padha nywara sora bebarengan nganti suwéné kira-kira rong jam, "Kaluhurna Artémis, sesembahané wong Éfesus!" 35 Nanging tumuli disirep déning panitraning kutha, pangucapé, "Hé, wong-wong Éfesus! Sapa ta kang ora ngerti, yèn kutha Éfesus iku kang rumeksa marang kuilé Dèwi Artémis, kang mahaagung, sarta recané kang tumurun saka langit? 36 Bab iku ora kena dibantah, mulané Sadulur kabèh, padha tenanga lan aja kesusu tumandang. 37 Déné mungguh wong-wong kang padha kokgawa mréné, iku ora ngrampog kuilé sesembahan kita sarta ora nyenyamah asmané. 38 Dadi menawa Démétrius lan tukang-tukangé duwé prakara karo sawenèhing wong, rak wus ana pangadilan lan ana gubernur, dadi karebèn padha gugat-gugatan ana ing kono. 39 Déné yèn ana bab liyané kang kokkarepaké, iku prayogané dirampungaké ana ing parepataning rakyat kang absah. 40 Amarga kita bakal padha nemu bebaya, yèn nganti ana pandakwa, menawa anggon kita ing dina iki padha gawé kaributan iki; awit ora ana dhasaré kang kena kanggo mbeneraké anané kumpulan kang kisruh ora karu-karuwan iki." 41 Kalawan pitutur mangkono iku anggoné mbubaraké kumpulaning rakyat mau.
1 Bareng kaributan wis sirep, Paulus tumuli nimbali para murid padha disantosakaké atiné lan sawisé pamitan banjur bidhal menyang Makédonia; 2 ndlajahi wilayah kono sarta nyantosakaké atiné para sadulur tunggal pracaya ing kono kalawan pitutur akèh-akèh. Banjur rawuh ing tanah Yunani. 3 Sawusé telung sasi ana ing kono, panjenengané arep lelayaran menyang Siria. Nanging ing nalika iku, wong-wong Yahudi padha ngrancang arep nyédani panjenengané. Mulané banjur ngarsakaké kondur miyos Makédonia. 4 Tindaké didhèrèkaké déning Sopater anaké Pirus, wong ing Béréa, Aristarkhus lan Sekundus, sakaroné wong ing Tésalonika, Gayus saka Dèrbé, Timotius, lan wong loro saka Asia, yaiku Tikhikus lan Trofimus. 5 Nanging wong-wong iku padha mangkat dhisik lan ngentèni aku kabèh ana ing Troas. 6 Nanging sawusé riyaya Roti Tanpa Ragi, aku kabèh padha budhal lelayaran saka Filipi lan sajroné limang dina tekan Troas sarta ketemu karo sadulur-sadulur mau kabèh. Ana ing kono aku padha nginep pitung dina. 7 Nalika ing dina kapisan ing minggu iku, aku padha nglumpuk nyuwil-nyuwil roti. Paulus reraosan karo para sadulur tunggal pracaya ing kono, jalaran karsané arep bidhal ésuké. Anggoné ngandikan iku nganti tengah wengi. 8 Ing kamar ndhuwur kang padha dakanggo kumpulan iku, akèh lampuné. 9 Ing kono ana wong nom-noman jenengé Éutikhus, linggih ing cendhéla. Sarèhné Paulus suwé banget anggoné ngandikan, wong anom mau ora bisa nahan ngantuké, wasana kebacut turu, temahan tiba saka tingkat telu. Bareng digotong, wong mau wus mati. 10 Nanging Paulus banjur mandhap, ngrungkebi wong anom iku, dirangkul kalawan ngandika, "Aja padha kuwatir, wong iki isih urip." 11 Bareng wangsul minggah, Paulus banjur nyuwil-nyuwil roti lan dhahar, isih ngandikan manèh nganti suwé, nganti mèh ésuk, banjur bidhal. 12 Déné wong-wong padha ngeteraké wong nom-noman kang wus urip mau mulih, temahan kabèh padha banget anggoné kalipur. 13 Aku padha ndhisiki nunggang kapal lan lelayaran menyang Asos. Ana ing kono anggonku bakal padha methuk Paulus, awit piwelingé mangkono, déné panjenengané piyambak ngarsakaké tindak miyos ing dharatan. 14 Bareng wis kepanggih karo aku kabèh ana ing Asos, banjur kadhèrèkaké menyang kapal, tumuli mbacutaké lelayaran menyang Mètiléné. 15 Sawusé bidhal saka kono, ésuké tekan sangarepé pulo Khios. Ing dina candhaké aku padha menyang Samos lan let sadina manèh tekan Milétus. 16 Paulus wus ngrancang ora bakal pinarak ing Éfesus supaya aja kesuwèn ana ing Asia. Sabab karsané ngénggalaké tindaké, supaya sabisa-bisa ing dina riyaya Péntakosta wis rawuh ing Yérusalèm. 17 Marga saka iku Paulus banjur utusan wong saka Milétus menyang Éfesus nimbali para pinituwané pasamuwan. 18 Satekané padha dingandikani mangkéné, "Kowé padha sumurup, kepriyé anggonku tetepungan karo kowé wiwit tekaku ana ing Asia iki; 19 anggonku kalawan andhap-asor ngabdi marang Gusti. Sajroning pangabdi iku aku kerep banget ngetokaké eluh nganti crocosan sarta ngalami pangrantamé wong Yahudi pirang-pirang, kang arep matèni aku. 20 Sanadyan mangkono, aku ora tau nglirwakaké apa kang migunani tumrap kowé kabèh. Kabèh wus dakcaritakaké lan dakwulangaké marang kowé, ana ing sangarepé wong akèh utawa ana ing pakumpulan-pakumpulan ing omahmu; 21 aku tansah ngyakinaké marang wong-wong Yahudi lan Yunani, supaya padha mratobat marang Allah sarta padha pracaya marang Gusti kita Yésus. 22 Nanging ing saikiné aku lelungan menyang Yérusalèm kayadéné tawanané Roh, aku ora ngerti apa kang bakal kelakon tumraping aku ana ing kana, 23 kejaba kang diwedharaké déning Roh Suci marang aku ana ing saben kutha, yèn aku bakal kinunjara lan sinangsara. 24 Ananging aku sathithik baé ora mreduli marang nyawaku, angger aku bisa tekan garis pungkasaning lakuku lan ngrampungaké bubuhan kang kaparingaké marang aku déning Gusti Yésus, iya iku neksèni bab Injilé sih-rahmating Allah. 25 Apadéné saiki aku sumurup, yèn kowé bakal padha ora weruh aku manèh, kowé kabèh kang wis padha dakparani supaya dakwartani bab Kratoning Allah. 26 Mulané ing dina iki, aku pratéla marang kowé kalawan temen-temen, menawa aku resik, ora kalèpètan getihé sapa baé. 27 Sabab aku ora nglirwakaké ing bab martakaké sakèhing karsané Allah marang kowé. 28 Mulané awakmu sarta pepanthan kabèh padha reksanen, amarga kowé kang padha dipiji déning Roh Suci dadi pamong kang kakarsakaké ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbé sarana rahé piyambak. 29 Aku sumurup, yèn saungkurku bakal ana asu ajag kang galak kang padha nekani kowé lan kang ora ngéman marang pepanthan mau. 30 Malah saka ing antaramu bakal ana wong kang padha muncul lan mulangaké prakara kang palsu, pamurihé supaya bisa nggèndèng para murid saka dalan kang bener tuwin banjur padha nganut marang wong-wong mau. 31 Mulané padha diwaspada lan padha diéling, yèn aku telung taun lawasé, anggonku rina-wengi ora kendhat-kendhat kalawan eluh mituturi marang kowé dhéwé-dhéwé. 32 Déné saiki kowé padha dakpasrahaké marang Gusti lan pangandikaning sih-rahmaté, kang kwasa mbangun kowé lan ngganjar marang kowé warisan kang katamtokaké tumrap wong kabèh kang wis kasucèkaké déning Panjenengané. 33 Pérak, emas utawa sandhangan, aku ora tau kepéngin, saka sapa baé. 34 Kowé dhéwé padha sumurup, yèn kalawan tanganku dhéwé anggonku nyambut-gawé, amrih bisané olèh apa kang dadi kabutuhanku sarta kabutuhané para kang padha mèlu aku. 35 Tumrap ing sadhéngah prakara aku wis awèh tuladha marang kowé, yèn wong padha kuwajiban nyambut-gawé mangkono kagawé mbiyantu wong-wong kang sèkèng sarta kudu éling marang pangandikané Gusti Yésus, sabab Panjenengané piyambak wis ngandika: Luwih begja wong wèwèh, katimbang karo nampani." 36 Sawisé ngandika mangkono Paulus banjur jèngkèng lan ndedonga bebarengan karo wong-wong mau kabèh. 37 Wong kabèh padha nangis sesenggrukan lan banjur padha ngrangkul Paulus kalawan ngambungi bola-bali. 38 Kabèh padha susah, apa manèh marga ana pangandikané, yèn bakal padha ora sumurup marang pasuryané manèh. Nuli padha nguntapaké panjenengané menyang kapal.
1 Sawusé pepisahan karo wong-wong mau, aku banjur padha budhal terus ngener menyang Kos. Ésuké tekan Rodos lan saka kono aku nuli padha menyang Patara. 2 Ana ing kono olèh kapal, kang bakal menyang Fénisia. Aku padha nunggang kapal iku, nuli mangkat. 3 Sawisé mangkono ing sisih kiwa katon Siprus, nanging mung padha dakliwati baé sarta banjur terus lelayaran menyang Siria. Wasana tekan ing Tirus, jalaran momotaning kapal dibongkar ana ing kono. 4 Aku padha nemoni para murid sarta nginep ana ing kono pitung dina. Marga kawisik déning Roh, para murid mau padha nyaosi pamrayoga marang Paulus, supaya aja tindak menyang Yérusalèm. 5 Nanging bareng wis kliwat waktuné, aku banjur padha mangkat nerusaké laku. Para murid saanak-bojoné padha nguntapaké aku kabèh nganti tekan ing njaban kutha; ana ing pesisir aku padha jèngkèng ndedonga. 6 Sawisé pamitan aku padha munggah ing kapal, déné wong-wong mau kabèh padha mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé. 7 Saka Tirus aku padha menyang Ptolemais, nuli padha mentas mungkasi anggonku padha lelayaran. Aku banjur padha salaman karo para sadulur tunggal pracaya sarta nginep sadina ana ing panggonané wong-wong mau. 8 Ésuké aku padha mangkat saka kono lan banjur tekan Kaisaréa, njujug ing dalemé Filipus, juru-warta Injil, yaiku panunggalané wong pitu, kang kapilih ana ing Yérusalèm. Aku padha nginep ana ing kono. 9 Filipus iku kagungan putra èstri papat, isih prawan, kang padha ginanjar bisa medhar wangsit. 10 Sawusé lereb sawatara dina ana ing kono, ana nabi kang rawuh saka Yudéa, asmané Agabus. 11 Panjenengané manggihi aku kabèh, banjur mundhut paningseté Paulus, diagem nangsuli sampéyané lan astané piyambak kalawan ngandika, "Pangandikané Roh Suci, mangkéné: Kang duwé sabuk iki bakal kabanda mangkéné iki déning wong-wong Yahudi ing Yérusalèm sarta bakal kapasrahaké marang tangané bangsa-bangsa liya." 12 Krungu kang mangkono iku, aku kabèh dalasan para murid ing panggonan kono banjur padha matur marang Paulus, supaya aja tindak menyang Yérusalèm. 13 Nanging Paulus maringi wangsulan mangkéné, "Yagéné kowé padha nangis lan gawé trenyuhing atiku? Amarga aku wus rila, ora ngemungaké dibanda baé, malah sanadyan nganti dipatèni pisan ana ing Yérusalèm marga saka asmané Yésus." 14 Sarèhné ora karsa ndhahar aturku kabèh, aku iya banjur mung sumarah sarta ngucap, "Karsané Pangéran muga kalampahan!" 15 Bareng wis sawatara dina ana ing kutha Kaisaréa, aku nuli padha tata-tata banjur mangkat menyang Yérusalèm. 16 Para murid ing Kaisaréa iya ana sawatara kang padha mèlu ngeteraké aku kabèh menyang omahé Manason, kang bakal padha dakpondhoki. Wong iku saka Siprus, kang wis suwé anggoné dadi murid. 17 Nalika aku padha tekan Yérusalèm, sadulur tunggal pracaya kabèh padha nampa aku kalawan bungahing ati. 18 Ésuké Paulus tindak bebarengan karo aku kabèh menyang dalemé Yakobus; para pinituwa kabèh wus padha ana ing kono. 19 Sawusé salaman, Paulus banjur nyariosaké kanthi rinci apa kang wis katindakaké déning Allah ana ing antarané bangsa-bangsa liya sarana paladosané. 20 Krungu kang mangkono iku, kabèh padha ngluhuraké Allah. Banjur padha matur marang Paulus, "Sadhèrèk, panjenengan nguningani, bilih tiyang Yahudi éwon cacahipun ingkang sampun sami pitados saha sami sregep anggènipun netepi angger-angger. 21 Ananging tiyang-tiyang wau sami mireng pawartos bab panjenengan mulang dhateng tiyang Yahudi sadaya, ingkang sami manggèn ing satengahing bangsa-bangsa sanès, supados sami nilar angger-anggeripun Musa, sami panjenengan awisi sampun ngantos netaki anak-anakipun tuwin manut tata-cara kita. 22 Mila lajeng kadospundi sapunika? Tetiyang punika tamtu sami badhé mireng bilih panjenengan sampun rawuh mriki. 23 Awit saking punika, sumangga kula aturi nindakaken ingkang kula aturaken punika: Ing antawis kita wonten tiyang sekawan ingkang sami gadhah nadar. 24 Panjenengan kula aturi ngajak tetiyang wau sesarengan nindakaken tata-cara sesuci, sarta kula aturi nyanggi wragadipun, supados sami saged cukur rambut. Margi saking makaten, tiyang sami badhé saged sumerep, bilih pawartos sadaya bab panjenengan ingkang sami dipun pireng punika mboten nyata babar pisan, saha bilih panjenengan lestantun netepi angger-anggering Torèt. 25 Wondéné bangsa-bangsa sanès, ingkang sampun sami pitados, punika sampun sami kula kintuni serat, ingkang isi putusan kita, inggih punika: bilih kedah sami nyirik tetedhan sesajèning brahala, rah, daginging kéwan ingkang pejah karana mboten kasembelèh, punapa déné lampah jina." 26 Ing dina candhaké Paulus banjur ngajak wong-wong mau lan sawusé sesuci bebarengan, nuli padha lumebu ing Padaleman Suci. Ing kono Paulus mratélakaké, kapan pundhaté dina pasucèn iku, yaiku samangsa kurban tumrapé wong-wong mau kacaosaké. 27 Nalika ngarepaké pundhaté pitung dinané, wong-wong Yahudi kang teka saka Asia padha weruh Paulus ana ing Padaleman Suci, banjur ngojok-ojoki rakyat lan nangkep panjenengané, 28 karo nywara sora, "Hé, wong-wong Israèl, tulung! Iki wongé kang ana ing ngendi-endi mulang marang wong-wong supaya nglawan bangsa kita lan angger-anggering Torèt sarta panggonan iki! Lan saikiné malah ngajak wong-wong Yunani lumebu ing Padaleman Suci sarta najisaké panggonan suci iki!" 29 Amarga sadurungé padha sumurup Trofimus wong Éfesus bebarengan karo Paulus ana ing kutha lan ngira, yèn diajak Paulus lumebu ing Padaleman Suci. 30 Wong sakutha kabèh padha ribut, wong akèh padha teka kumrubut lan banjur nangkep Paulus, disèrèt metu saka Padaleman Suci sarta sanalika iku uga lawanging Padaleman Suci padha ditutup. 31 Nalika wong-wong mau padha ngrancang arep nyédani panjenengané, panggedhéning wadya-bala mireng kabar, yèn wong sakutha Yérusalèm padha ribut. 32 Wong iku banjur ngajak wadya-balané dalasan opsir-opsiré marani wong akèh mau. Bareng wong-wong padha nyumurupi rawuhing panggedhé sawadya-balané iku, banjur lèrèn anggoné nggebugi Paulus. 33 Panggedhé mau nyelaki Paulus, banjur nangkep sarta mbanda nganggo ranté rangkep loro, tuwin ndangu sapa panjenengané iku lan apa kang ditindakaké. 34 Nanging wong akèh iku ana kang nywara sora mangkéné, ana kang mangkono. Marga saka ributé wong, panggedhé mau ora bisa ngretos apa kang sabeneré kelakon, mulané banjur dhawuh nggawa Paulus menyang bètèng. 35 Bareng tekan undhak-undhakan, Paulus kapeksa digotong déning para prajurit, marga saka akèhé wong kang ngebyuk sek-sekan. 36 Rakyat kabèh gumrudug nututi karo nywara-sora, "Kasingkirna tiyang punika!" 37 Nalika Paulus arep digawa lumebu menyang bètèng, panjenengané matur marang panggedhéning prajurit mau, "Punapa kula kepareng matur dhateng panjenengan?" Paring wangsulané, "Kowé kok bisa basa Yunani! 38 Dadi kowé iku dudu wong Mesir, kang durung suwé iki nuwuhaké pambrontakan lan mimpin para wong kang gawé rerusuh lan nggawa gegaman patang èwu cacahé, menyang ara-ara-samun?" 39 Atur wangsulané Paulus, "Kula punika tiyang Yahudi, saking Tarsus, warga kitha ingkang misuwur ing Kilikia. Kula nyuwun kalilana wicanten dhateng tiyang kathah punika." 40 Bareng Paulus wis dililani déning panggedhéning prajurit iku, banjur jumeneng ana ing undhak-undhakan, tumuli kumlawé astané murih tenangé wong akèh mau. Bareng wis padha tenang, panjenengané banjur ngandika nganggo basa Ibrani mangkéné:
1 "Sadhèrèk-sadhèrèk saha Bapak-bapak, sumangga sapunika sami kula aturi midhangetaken panjawab kula dhateng panjenengan." 2 Nalika wong akèh krungu anggoné ngandika ngagem basa Ibrani, saya mundhak tenangé. Panjenengané banjur ngandika, 3 "Kula punika tiyang Yahudi, kalairan Tarsus ing tanah Kilikia, nanging ageng kula wonten ing kitha ngriki, kadhidhik kalayan tliti déning Gamalièl ing bab netepi angger-anggeripun para leluhur kita, satemah kula lajeng dados tiyang ingkang mempeng ing pangabekti dhateng Allah, kados panjenengan sadaya punika. 4 Punapadéné tiyang-tiyang ingkang sami nganut Margining Pangéran punika, sami kula kuya-kuya ngantos pejah; jaler-èstri sami kula tangkepi tuwin kula lebetaken dhateng pakunjaran. 5 Menggah prakawis punika panjenenganipun Imam Agung saha Pradataning Pinisepuh sapepakipun sami saged paring paseksi, kula inggih kaparingan serat-serat kanggé para Sadhèrèk ing Damsyik, lajeng késah mrika badhé nangkepi tiyang-tiyang ing ngriku, ingkang sami nganut Margining Pangéran wau, badhé kula bekta dhateng Yérusalèm supados sami kaukum. 6 Nanging sareng lampah kula sampun celak Damsyik, ing wanci siang, dumadakan wonten cahya ingkang tumlorong saking langit nglimputi kula. 7 Kula lajeng dhawah ing siti saha mireng swanten ingkang ngandika dhateng kula makaten: Saulus, Saulus, yagéné sira nganiaya marang Ingsun? 8 Atur wangsulan kula: Paduka punika sinten, Gusti? Pangandikanipun: Ingsun iki Yésus saka Nasarèt, kang sira kuya-kuya. 9 Tiyang-tiyang ingkang sami sesarengan kaliyan kula, inggih sumerep cahya wau, nanging swantening Panjenenganipun ingkang ngandika dhateng kula, sami mboten mireng. 10 Kula lajeng munjuk: Gusti, punapa ingkang kedah kawula lampahi? Paring wangsulanipun Gusti dhateng kula: Ngadega, mangkata menyang Dhamsyik. Ana ing kana sira bakal diparingi sumurup, apa kang kudu sira tindakaké. 11 Sarèhning kula mboten saged ningali, jalaran saking kénging cahya ingkang mblerengi mripat wau, mila kanca-kanca ingkang tunggil lampah kaliyan kula lajeng nyepeng tangan kula, kula katuntun dhateng Damsyik. 12 Ing ngriku wonten tiyang nama Ananias, tiyang ingkang netepi angger-anggering Torèt saha kaseksènan saé wonten ing satengahing tiyang Yahudi sadaya ing ngriku. 13 Tiyang punika dhateng, saha ngadeg ing sacelak kula tuwin wicanten: Saulus, sadulurku, kowé bisaa ndeleng manèh! Sanalika punika ugi kula saged ningali malih saha sumerep piyambakipun. 14 Ananias lajeng wicanten: Allahé leluhur kita wus netepaké kowé supaya nyumurupi karsané, nyumurupi Kang Bener sarta krungu swara kang miyos saka ing lésané. 15 Sabab kowé pinasthi dadi seksining Panjenengané ana ing ngarepé wong kabèh ing bab samubarang kang wus kokdeleng lan kokrungu. 16 Lan saiki kepriyé, déné kowé isih mangu-mangu? Ngadega, lan kabaptisa sarta dosamu karesikana kalawan nyebut asmané Gusti! 17 Sasampunipun makaten, kula lajeng wangsul dhateng Yérusalèm lan nalika kula saweg ndedonga wonten ing Padaleman Suci, roh kula linimputan ing pangwaosipun Allah. 18 Kula ningali Panjenenganipun, ingkang lajeng ngandika dhateng kula: Diénggal, mangkata saka Yérusalèm, amarga wong-wong ora bakal nampa paseksinira bab Ingsun. 19 Atur wangsulan kula: Gusti, tiyang-tiyang punika sami sumerep, bilih kawula punika ingkang ndhatengi papan-papan pangibadah saha ingkang nglebetaken tiyang-tiyang ingkang sami pitados dhateng Paduka dhateng pakunjaran sarta ingkang mecuti tiyang-tiyang wau. 20 Salajengipun nalika rahipun Stéfanus, seksi Paduka, kawutahaken, kawula wonten ing ngriku, saha kawula ngrujuki pandamel punika, punapa déné kawula nengga panganggénipun tiyang-tiyang ingkang sami mejahi. 21 Nanging pangandikanipun Gusti dhateng kula: Mangkata, sabab Ingsun bakal ngutus sira menyang panggonané bangsa-bangsa liya kang adoh saka kéné." 22 Sawusé wong akèh padha ngrungokaké Paulus nganti tekan pangandikané kang mangkono iku, banjur wiwit nywara sora, "Wong iku kasirnakna baé saka bumi, ora pantes urip!" 23 Wong-wong mau terus baé anggoné bengok-bengok karo nguncalaké jubahé sarta nyawur-nyawuraké lebu mandhuwur, 24 mulané panggedhéning prajurit banjur dhawuh nglebokaké Paulus menyang bètèng sarta mriksa lan mecuti panjenengané, supaya bisa kasumurupan apa sababé déné wong-wong iku padha bengok-bengok mangkono ing bab panjenengané. 25 Nanging nalika Paulus diprenahaké arep dipecuti, panjenengané banjur ngandika marang opsir kang nglakoni wajib, "Punapa panjenengan dipun parengaken mecuti warganagari Roma, punapa malih tanpa dipun adili?" 26 Krungu katrangan mangkono iku, opsir mau banjur lapur marang panggedhéning prajurit, aturé, "Punapa ingkang badhé panjenengan tindakaken? Tiyang punika warganagari Roma?" 27 Panggedhéning prajurit banjur murugi Paulus lan ndangu, "Kandhaa, apa bener kowé iku warganagari Roma?" Atur wangsulané Paulus, "Inggih." 28 Panggedhéné prajurit banjur ngandika manèh, "Anggonku dadi warganagari Roma iku sarana tuku kalawan rega larang." Paulus mangsuli, "Nanging kula gadhah wewenang punika wiwit lair mila." 29 Wasana wong-wong kang kuwajiban mecuti nuli énggal-énggal mundur. Déné panggedhéné prajurit iku bareng ngerti yèn Paulus iku wong Roma, iya wedi, mangka panjenengané kang dhawuh mbanda. 30 Éwasamono panggedhéné prajurit mau kepéngin nguningani kalawan tliti apa kang dadi pandakwané wong-wong Yahudi marang Paulus. Mulané ésuké dhawuh nimbali Paulus saka pakunjaran lan dhawuh, supaya pangarepé imam lan Pradata Agama nglumpuk. Banjur dhawuh ngirid Paulus saka bètèng diladèkaké marang ngarsané Pradata mau.
1 Paulus banjur mandeng para warganing Pradata Agama sarta matur, "Para Sadhèrèk, ngantos dumugi dinten punika kula tetep gesang kalayan raosing manah ingkang resik wonten ing ngarsanipun Allah." 2 Nanging Imam Agung Ananias dhawuh marang wong-wong kang padha ngadeg cedhak Paulus, supaya napuk tutuké Paulus. 3 Paulus nuli mangsuli, aturé, "Allah badhé napuk panjenengan, hé, témbok ingkang kalabur pethak. Panjenengan lenggah wonten ing ngriki badhé ngadili kula miturut angger-anggering Torèt, nanging panjenengan piyambak nerak angger-anggering Torèt, jalaran dhawuh napuk kula." 4 Wong-wong kang padha ana ing kono ngucap, "Kowé iku nyenyamah marang Imam Agungé Allah!" 5 Paring wangsulané Paulus, "O, para Sadhèrèk, kula mboten mangertos bilih panjenenganipun punika Imam Agung. Pancèn wonten seratan makaten: Sira aja ngucapaké tembung ala marang panggedhéning bangsamu!" 6 Sarèhné panjenengané pirsa, yèn ing antarané Pradata iku ana kang kalebu golonganing wong Saduki lan ana kang kalebu golonganing wong Farisi, mulané banjur nywanten sora ana ing ngarsaning Pradata Agama, "Para Sadhèrèk, kula punika tiyang Farisi; kula dipun ladosaken dhateng ngarsanipun Pradata punika, jalaran kula ngajeng-ajeng dhateng tanginipun tiyang pejah." 7 Bareng panjenengané ngandika mangkono, wong-wong Farisi lan wong-wong Saduki padha padu satemah wong akèh banjur pecah dadi rong golongan. 8 Amarga wong Saduki iku padha nganggep, yèn patangèn iku ora ana lan iya ora ana malaékat utawa roh, balik wong Farisi nganggep loro-loroné. 9 Mulané banjur dadi ribut banget. Ana ahli Torèt sawatara saka golongan Farisi kang maju sarta mbantah kalawan keras ujaré, "Tumrap kula, tiyang punika mboten gadhah kalepatan! Mbokmanawi wonten roh utawi malaékat ingkang sampun ngandikani piyambakipun." 10 Temahan kaanan ing kono saya kisruh banget. Panggedhéning prajurit kuwatir, menawa Paulus nganti dipothèng-pothèng déning wong-wong mau, mulané nuli dhawuh marang prajurit-prajurit, supaya padha mudhun ngrebut Paulus saka satengahing wong akèh lan digawa menyang bètèng. 11 Benginé Gusti rawuh jumeneng ana ing sandhingé lan ngandika marang panjenengané, "Sing teteg atinira, sabab kayadéné anggonira kalawan kendel neksèni Ingsun ana ing Yérusalèm, mangkono uga sira iya prelu neksèni ana ing Roma." 12 Bareng wus raina wong-wong Yahudi nganakaké komplotan lan sumpah kalawan nyupatani awaké dhéwé, ora bakal mangan utawa ngombé sadurungé nyédani Paulus. 13 Komplotan iku gunggungé patang puluh luwih. 14 Wong-wong mau padha nemoni para pangareping imam lan para pinituwané bangsa Yahudi lan pratéla, "Kula sampun sami sumpah kalayan nyupaosi badan kula piyambak, mboten badhé nedha utawi ngombé sadèrèngipun mejahi Paulus. 15 Awit saking punika mugi panjenengan sadaya sesarengan kaliyan Pradata Agami karsa ngaturi rembag dhateng pangagenging prajurit supados ngladosaken Paulus dhateng ngarsa panjenengan malih, kados-kados panjenengan badhé mriksa prakawisipun ingkang langkung tliti. Déné kula sadaya mangké sampun sami mirantos badhé mejahi piyambakipun sadèrèngipun dumugi ing ngarsa panjenengan." 16 Nanging keponakané Paulus, yaiku putrané sadhèrèké putri, krungu bab rancangan cegatan iku lan banjur menyang bètèng. Bareng wus diparengaké mlebu, nuli matur bab mau marang Paulus. 17 Paulus tumuli ngaturi sawijining opsir lan matur, "Nèm-nèman punika kula aturi nyowanaken dhateng ngarsaning pangagengipun prajurit, jalaran wonten prakawis ingkang prelu dipun uningakaken ing panjenenganipun." 18 Opsir iku banjur nyowanaké wong anom iku menyang ngarsané panggedhéning prajurit lan matur, "Kula dipun undang Paulus, tahanan punika, dipun tedhani tulung supados nyowanaken laré anèm punika dhateng ngarsa panjenengan, awit wonten bab ingkang prelu dipun aturaken dhateng panjenengan." 19 Panggedhéning prajurit mau banjur nganthi wong anom mau diajak miyambak, nuli didangu, "Apa kang arep koklapuraké marang aku?" 20 Wangsulané, "Tiyang-tiyang Yahudi sampun sami sarujuk badhé nyuwun dhateng panjenengan, supados bénjing-énjing panjenengan ngladosaken Paulus malih dhateng ngarsaning Pradata Agami, kados-kados Pradata wau kepéngin angsal katrangan ingkang langkung tliti saking piyambakipun. 21 Nanging panjenengan sampun ngantos midhangetaken tiyang-tiyang wau, amargi wonten panunggilanipun ingkang cacahipun langkung saking kawan dasa, ingkang sampun mirantos badhé nyegat. Tiyang-tiyang wau sampun sami sumpah kalayan nyupaosi badanipun piyambak mboten badhé nedha saha ngombé sadèrèngipun mejahi Paulus. Sapunika sampun sami siyaga, kantun ngentosi putusan panjenengan." 22 Panggedhéné prajurit banjur dhawuh marang wong anom mau supaya mulih kalawan dingandikani mangkéné, "Kowé aja kandha-kandha marang sapa-sapa, yèn kowé wus nglapuraké bab iki marang aku." 23 Sawisé mangkono panggedhéné prajurit mau banjur nimbali opsir loro sarta didhawuhi mangkéné, "Siyagakna prajurit rong atus kang bakal menyang Kaisaréa karo prajurit jaranan pitung puluh sarta prajurit kang sikep gegaman tumbak rong atus, kira-kira jam sanga bengi iki. 24 Cawisna uga kuldi tunggangan sawatara kanggo Paulus, lan supaya koksowanaké ing ngarsané Gubernur Féliks." 25 Panggedhéné prajurit mau nuli damel serat, surasané mangkéné: 26 "Salam kula, Klaudius Lisias, katur ing ngarsanipun Gubernur Féliks ingkang minulya. 27 Tiyang punika dipun tangkep déning tiyang-tiyang Yahudi. Sareng badhé dipun pejahi, kula lajeng dhateng kalayan mbekta wadya-bala prelu menggak saha ngluwari piyambakipun, awit kula mireng, bilih tiyang punika warganagari Roma. 28 Amrih sagedipun nyumerepi punapa sabab-sababing pandakwanipun dhateng tiyang wau, lajeng kula ladosaken dhateng Pradataning Agaminipun. 29 Tumrap kula lajeng sampun cetha, bilih pandakwanipun punika gegayutan kaliyan angger-anggering Torètipun tiyang-tiyang wau, namung kémawon mboten wonten pandakwa ingkang njalari kénging paukuman pejah utawi kedah kalebetaken ing pakunjaran. 30 Salajengipun kula tampi palapuran, bilih wonten komplotan ingkang badhé mejahi tiyang wau. Awit saking punika kula lajeng énggal-énggal kèngkènan nyowanaken dhateng ngarsa panjenengan. Wondéné para ingkang sami ndakwa sampun sami kula kèn, supados sami ngajengaken prakawis punika dhateng panjenengan." 31 Para prajurit banjur padha nindakaké kaya kang kadhawuhaké. Ing bengi iku uga, Paulus digawa menyang Antipatris. 32 Ésuké para prajurit jaranan padha dikon mbacutaké lakuné karo Paulus, déné liyané padha bali menyang bètèng. 33 Satekané ing Kaisaréa, para prajurit jaranan ngaturaké layangé lan masrahaké Paulus marang Gubernur. 34 Bareng wus maos layang mau, Gubernur nuli ndangu marang Paulus, asalé saka propinsi ngendi. Bareng mireng, yèn Paulus saka Kilikia, 35 banjur ngandika, "Aku bakal mriksa prakaramu, yèn wong kang padha ndakwa marang kowé wus teka ing kéné." Banjur dhawuh, supaya Paulus ditahan ana ing kratoné Hérodès.
1 Bareng wus limang dina Imam Agung Ananias rawuh bebarengan karo pinituwa sawatara lan pengacara, jenengé Tertulus. Wong-wong mau padha sowan ing ngarsané Gubernur sarta ngaturaké pandakwané tumrap Paulus. 2 Paulus ditimbali maju, déné Tertulus banjur wiwit ngaturaké panggugaté, unjuké, "Féliks ingkang minulya, margi saking pambudi-daya panjenengan kula sadaya tansah ngraosaken karaharjan saha jalaran saking kawicaksanan panjenengan, kathah sanget éwah-éwahan saé ingkang tumindak tumrap bangsa punika. 3 Bab punika sadaya wontena ing pundi kémawon tansah kula tampi kalayan agenging panuwun. 4 Nanging supados sampun ngantos kadangon anggèn kula ngribedi dhateng panjenengan, kula nyuwun, mugi panjenengan karsa midhangetaken atur kula sakedhap kémawon kalayan panggalih panjenengan ingkang sampun misuwur lubèripun punika. 5 Menggahing kula sadaya sampun tetéla, bilih tiyang punika dados penyakit pès, tiyang ingkang damel kisruh wonten ing satengahing tiyang Yahudi sajagat, saha bilih tiyang punika salah setunggaling pangajengipun aliran Nasrani. 6 Malah sampun nyobi ngrisak kasucèning Padaleman Suci. Awit saking punika lajeng kula tangkep saha badhé kula adili manut angger-anggering Torèt kula. 7 Nanging pangagenging prajurit Lisias lajeng rawuh mambengi saha ngrebat piyambakipun kanthi roda-peksa, 8 sarta dhawuh, supados sadaya tiyang ingkang ndakwa sami sowan ing ngarsa panjenengan. Manawi panjenengan mriksa piyambak, tamtu badhé nguningani sadaya prakawis ingkang kula gigataken punika." 9 Lan wong-wong Yahudi iya padha nyarujuki pandakwa iku lan matur, yèn iya pancèn mangkono. 10 Gubernur banjur paring sasmita marang Paulus, yèn wis diparengaké ngaturaké panjawab. Paulus banjur matur, "Kula sumerep, bilih sampun mataun-taun anggèn panjenengan ngasta pangadilan tumrap bangsa punika. Pramila tanpa raos mangu-mangu anggèn kula badhé ngaturaken panjawab tumrap prakawis punika wonten ing ngarsa panjenengan: 11 Panjenengan saged nguningani, bilih mboten langkung saking kalih welas dinten kapengker punika anggèn kula dhateng Yérusalèm prelu nindakaken pangibadah. 12 Mboten naté wonten tiyang ingkang nyumerepi kula saweg dredah utawi damel kaributan, dadosa wonten ing Padaleman Suci, utawi ing papan pangibadah, mekaten ugi wonten ing panggènan sanès ing salebeting kitha punika. 13 Tiyang-tiyang punika mboten saged mbuktèkaken wonten ing ngarsa panjenengan, punapa ingkang sapunika kagigataken tumrap kula punika. 14 Namung kémawon kula ngakeni wonten ing ngarsa panjenengan, bilih kula ngabekti dhateng Allahipun leluhur kula sadaya kalayan nganut Margining Pangéran punika, inggih punika Margi ingkang déning tiyang-tiyang wau dipun wastani aliran. Kula ngugemi sadaya ingkang kaserat ing angger-anggering Torèt saha ing kitabipun para nabi. 15 Kula gadhah pangajeng-ajeng dhateng Allah, sami kaliyan tiyang-tiyang punika, bilih badhé wonten patangènipun tiyang pejah, tiyang ingkang mursid utawi tiyang mursal. 16 Awit saking punika kula tansah ngudi gesang kalayan raosing manah ingkang murni wonten ing ngarsaning Allah saha wonten ing ngajenging manungsa. 17 Sareng sampun sawatawis taun dangunipun, kula wangsul dhateng Yérusalèm prelu badhé nyukani bantuan dhateng bangsa kula saha caos pisungsung. 18 Nalika kula saweg nindakaken punika sadaya, wonten tiyang Yahudi sawatawis ingkang dhateng saking Asia, sami pinanggih kula wonten ing Padaleman Suci sasampunipun kula nucèkaken badan kula, mboten kaliyan tiyang kathah utawi mboten nuwuhaken kaributan. 19 Inggih tiyang-tiyang punika ingkang pancènipun kedah sowan ing ngarsa panjenengan saha ngajengaken panggigat, manawi gadhah prakawis kaliyan kula. 20 Éwasemanten, tiyang-tiyang ingkang sapunika wonten ing ngriki punika kajengipun sami munjuk, piawon punapa ingkang pinanggih wonten ing kula, nalika kula wonten ing ngarsaning Pradata Agami. 21 Punapa mbokmanawi namung margi saking pangucap kula, nalika kula ngadeg wonten ing satengahing tiyang-tiyang wau, inggih punika: Margi saking bab patangènipun tiyang-tiyang pejah, kula ing dinten punika dipun ladosaken wonten ing ngarsa panjenengan." 22 Nanging Féliks, kang wus nguningani temenan bab Margining Pangéran, karsané ngundur prakara iku, pangandikané, "Yèn panggedhéné prajurit Lisias wus mréné, aku bakal mutus prakaramu." 23 Banjur dhawuh marang opsir, supaya Paulus tetep ditahan, nanging kanthi kalonggaran, sarta para mitrané kang padha ngladèni, aja dipenggak. 24 Let sawatara dina Féliks rawuh karo garwané, Drusila, putri Yahudi, banjur dhawuh nimbali Paulus sarta nuli midhangetaké katrangané bab pracaya marang Yésus Kristus. 25 Nanging nalika Paulus matur bab kayektèn, bab ngendhalèni dhiri, lan bab pangadilan kang bakal kelakon, Féliks banjur rumaos ajrih, nuli ngandika, "Cukup saméné baé dhisik, saiki mundura; bésuk yèn aku pinuju sela, kowé bakal daktimbali manèh." 26 Karodéné panjenengané ngajeng-ajeng nampi dhuwit saka Paulus, mulané kerep ditimbali diajak ngandikan. 27 Nanging bareng wus ganep rong taun, Féliks digentosi Pèrkius Féstus lan kanggo nyenengaké atiné wong Yahudi, Féliks nglestarèkaké Paulus katahan ana ing pakunjaran.
1 Telung dina sawisé rawuh ing propinsi iku, Féstus banjur tindak saka Kaisaréa menyang Yérusalèm. 2 Para pangareping imam lan wong-wong Yahudi kang kajèn kéringan padha sowan lan ngaturaké pandakwa mungguhing Paulus, 3 sarta nyuwun kamirahan, kang gawé ruginé Paulus, yaiku supaya Paulus didhawuhi menyang Yérusalèm. Sabab wong-wong mau padha ngrancang arep nyédani panjenengané ana ing dalan. 4 Nanging Féstus paring wangsulan, menawa Paulus tetep ditahan ana ing Kaisaréa, déné panjenengané piyambak bakal énggal-énggal kondur mrana. 5 Pangandikané, "Mulané wong-wong panunggalanmu kang padha nyekel pangwasa supaya padha mrana bebarengan karo aku lan ngajokaké pandakwané, menawa ana kaluputané." 6 Féstus anggoné lereb ana ing Yérusalèm ora luwih saka wolu utawa sapuluh dina, banjur kondur menyang Kaisaréa. Ésuké panjenengané nggelar pangadilan lan dhawuh ngladosaké Paulus. 7 Bareng Paulus wus disowanaké, wong Yahudi kabèh kang teka saka Yérusalèm padha ngadeg ngepung lan ngaturaké gugatan akèh kang abot tumrap panjenengané, tanpa bisa mbuktèkaké. 8 Kosok-baliné Paulus ngaturaké panjawab mangkéné, "Kula sakedhik kémawon mboten lepat, dadosa tumrap angger-anggering Torètipun tiyang Yahudi, punapadéné Padaleman Suci utawi dhateng Kaisar." 9 Éwadéné sarèhné Féstus karsa nglegani atiné wong Yahudi, nuli maringi wangsulan marang Paulus, pangandikané, "Apa kowé saguh menyang Yérusalèm, supaya diadili ana ing kana ana ing ngarepku bab prakara iki?" 10 Nanging Paulus matur, "Sapunika kula wonten ing ngarsaning pangadilanipun Kaisar, kula kedah dipun adili wonten ing ngriki. Kadosdéné ingkang sampun panjenengan uningani saèstu, sakedhik kémawon kula mboten damel kalepatan dhateng tiyang Yahudi. 11 Dados, manawi kula saèstu lepat lan nindakaken piawon ingkang pantes kaukum pejah, kula éklas pejah, nanging manawi punapa ingkang kagigataken tumrap kula punika kabuktèn mboten leres, mboten wonten tiyang ingkang wenang masrahaken kula dhateng tiyang-tiyang punika minangka kamirahan. Kula nyuwun minggah bandhing dhateng Kaisar!" 12 Bareng wus karembag karo para anggotaning pangadilan, Féstus banjur ngandika, "Kowé nyuwun munggah bandhing marang Kaisar, yèn mangkono kowé kudu sowan ing ngarsané Kaisar." 13 Let sawatara dina, Raja Agripa karo Bèrniké rawuh ing Kaisaréa minangka pakurmatan marang Féstus. 14 Sarèhné lereb ana ing kono sawatara dina, Féstus nyariyosaké prakarané Paulus marang Raja, aturé, "Ing ngriki wonten tiyang tahanan tilaranipun Féliks. 15 Kala kula wonten ing Yérusalèm, para pangajenging imam saha para pinisepuhipun tiyang Yahudi sami nggigat tiyang wau, saha nyuwun supados tiyang punika dipun ukum. 16 Kula mangsuli, bilih tiyang Roma mboten gadhah adat masrahaken dakwa, sadèrèngipun dipun aben-ajengaken kaliyan ingkang sami ndakwa saha dipun lilani ngaturaken panjawab tumrap gigatanipun. 17 Pramila tiyang-tiyang wau lajeng sami tumut mriki sesarengan kaliyan kula. Énjingipun kula lajeng ngawontenaken parepatan pangadilan saha akèn ngladosaken tiyang punika. 18 Nanging sareng tiyang-tiyang ingkang sami nggigat ngadeg ngupengi tiyang wau, sami mboten ngajengaken gigatan bab pandamel awon, kados panginten kula. 19 Tiyang-tiyang wau namung sami padudon bab-bab ingkang gegayutan kaliyan agaminipun saha wonten tiyang nama Yésus ingkang sampun pejah, mangka Paulus mratélakaken kanthi yakin, bilih Yésus wau gesang. 20 Sarèhning kula ajrih anggèn kula mriksa prakawis ingkang kados makaten punika, kula lajeng naros piyambakipun, punapa purun dhateng Yérusalèm, supados prakawisipun dipun adili wonten ing ngrika. 21 Nanging Paulus minggah bandhing. Pramila nyuwun, supados lestantun dipun tahan, ngantos prakawisipun kaputus déning Kaisar. Milanipun lajeng kula préntahaken, supados tiyang punika lestantun katahan ngantos saged kula sowanaken dhateng ngarsanipun Kaisar." 22 Agripa ngandika marang Féstus, "Kula kepéngin mirengaken panjawabipun tiyang punika piyambak." Atur wangsulané Féstus, "Bénjing-énjing panjenengan badhé mindhangetaken." 23 Ésuké Agripa lan Bèrniké padha rawuh kalayan sakèhing ubarampé upacara kaprabon sarta bareng wus lumebet ing gedhong pangadilan bebarengan karo para panggedhéning wadya-bala lan para panggedhé ing kono, Féstus banjur dhawuh, supaya Paulus disowanaké. 24 Féstus nuli ngandika, "Raja Agripa saha para priyagung ingkang sami lenggah ing ngriki sesarengan kaliyan kula sadaya. Sami kula aturi mirsani tiyang punika, ingkang dipun gigat déning tiyang Yahudi sadaya, wonten ing Yérusalèm saha wonten ing ngriki. Tiyang-tiyang sadaya sami ndhatengi kula saha sami pratéla kaliyan bengok-bengok, bilih tiyang punika mboten pantes gesang langkung dangu malih. 25 Nanging tumrap kula sampun cetha, bilih tiyang punika mboten nglampahi prekawis ingkang kénging kaukum pejah sarta sarèhning tiyang punika nyuwun minggah bandhing dhateng Kaisar, mila kula lajeng mutus badhé nyowanaken ing ngarsanipun Kaisar. 26 Namung kémawon mboten wonten alesan ingkang maton, ingkang kedah kula aturaken ing serat dhateng ngarsanipun Kaisar bab tiyang punika. Inggih jalaran saking punika mila lajeng kula ladosaken wonten ing ngarsa panjenengan sadaya, mirungganipun panjenengan Raja Agripa, supados sasampunipun kapriksa lajeng wontena ingkang saged kula serat. 27 Amargi pamanggih kula, mokal nyowanaken tiyang tahanan tanpa kinanthènan gigatan ingkang dipun ajengaken tumrap tiyang wau."
1 Agripa tumuli ngandika marang Paulus, "Kowé wus kalilan ngaturaké panjawab." Paulus banjur paring sasmita ngagem astané sarta ngaturaké panjawab mangkéné, 2 "Dhuh, Raja Agripa, kawula rumaos tampi kabegjan, déné ing dinten punika kawula dipun parengaken ngaturaken panjawab wonten ing ngarsa panjenengan tumrap sadaya gigatanipun tiyang-tiyang Yahudi dhateng kula, 3 punapa malih margi panjenengan nguningani saèstu bab adat utawi tata-cara tuwin padudonipun tiyang Yahudi. Awit saking punika kula keparenga nyuwun wonten ing ngarsa panjenengan, mugi karsa midhangetaken atur kula kalayan sabar. 4 Sadaya tiyang Yahudi sami nyumerepi gesang kula wiwit anèm, amargi wiwit wiwitan mila kula gesang wonten satengahing bangsa kula ing Yérusalèm. 5 Sampun dangu sanget anggènipun sami pitepangan kaliyan kula saha manawi purun, sami saged suka paseksi, bilih kula gesang kadosdéné tiyang Farisi manut golongan ingkang keras wonten ing salebeting agami kita. 6 Déné sapunika kula kedah ngadhep wonten ing ngarsaning pangadilan punika, jalaran kula ngajeng-ajeng dhateng kaleksananing prajanjian, ingkang dipun paringaken déning Allah dhateng para leluhur kita, 7 saha ingkang dipun antos-antos déning taler kita kalih welas ing salebetipun sami nindakaken pangibadahipun rinten-dalu kaliyan tegen. Inggih margi saking pangajeng-ajeng punika, dhuh, Raja Agripa, kula dipun gigat déning tiyang-tiyang Yahudi. 8 Kadospundi, déné panjenengan sadaya manggalih mokal, bilih Allah nangèkaken tiyang pejah? 9 Sanadyan kadospundia kémawon, kula piyambak naté nginten, bilih kula kedah tumindak keras nglawan asmanipun Yésus saking Nasarèt. 10 Bab punika kawula tindakaken ugi wonten ing Yérusalèm. Kula mboten namung nglebetaken para suci kémawon dhateng pakunjaran, nanging sasampunipun kula tampi pangwaos saking para pangajenging imam, kula inggih nyarujuki, bilih tiyang-tiyang punika sami kaukum pejah. 11 Wonten ing papan-papan pangibadah, kula asring nganiyaya tiyang-tiyang wau, saha sami kula peksa supados sami nyélaki kapitadosanipun, punapadéné margi saking sanget muntabing manah kula, tiyang-tiyang wau sami kawula oyak-oyak, malah ngantos dumugi nagari-nagari manca." 12 "Lan ing salebeting kawontenan ingkang makaten punika, nalika kula kanthi kebak pangwaos sarta mundhi dhawuhipun para pangajenging imam, lumampah dhateng Damsyik, 13 dumadakan, dhuh, Raja Agripa, ing wanci siang, wonten ing tengah margi kula sumerep cahya ingkang nglangkungi padhanging surya, tumurun saking langit ingkang lajeng nglimputi kula saha kanca-kanca ingkang sareng kula. 14 Kula sadaya nunten sami rebah ing siti, tuwin lajeng mireng swanten ingkang ngandikani kula mawi basa Ibrani: Saulus, Saulus, yagéné sira nganiaya Ingsun? Rekasa tumraping sira nglawan marang Kang ngwasani sira. 15 Kula tumunten munjuk: Paduka punika sinten, Gusti? Paring wangsulanipun Gusti: Ingsun iki Yésus kang sira aniyaya. 16 Nanging saiki tangia lan ngadega. Ingsun ngatingal marang sira iku prelu netepaké sira dadi paladèn sarta seksi tumrap samubarang kabèh kang wus sira deleng saka Ingsun lan kang bakal Ingsun katingalaké marang sira ing tembé. 17 Sira bakal Ingsun sengker saka bangsa iki tuwin bangsa-bangsa liyané, sarta sira bakal Ingsun utus marani bangsa-bangsa iku, 18 supaya ngelèkaké mripaté, satemah banjur padha ninggal pepeteng, marani pepadhang sarta uwal saka ing pangwasaning Iblis lan ngungsi marang Allah, karebèn padha olèh pangapuraning dosa marga saka pracaya marang Ingsun, apadéné banjur tampa warisan ana ing satengahé para kang wus kasucèkaké. 19 Awit saking punika, dhuh, Raja Agripa, kula mboten naté mboten mbangun miturut dhateng wahyu saking swarga punika. 20 Nanging ing sakawit kula martosaken dhateng tiyang-tiyang Yahudi ing Damsyik, ing Yérusalèm saha ing tanah Yudéa sadaya, tuwin ugi dhateng bangsa-bangsa sanès, bilih kedah sami mratobat lan ngabekti dhumateng Allah, punapadéné lajeng nglampahi pandamel-pandamel ingkang laras kaliyan pamratobat wau. 21 Inggih margi saking punika tiyang-tiyang Yahudi lajeng sami nangkep kula wonten ing Padaleman Suci saha ngangkah pejah kula. 22 Nanging margi saking pitulunganipun Allah, kula saged gesang ngantos dumugi samangké sarta saged nglairaken paseksi dhateng tiyang-tiyang alit saha dhateng para pangageng. Wondéné ingkang kula wartosaken punika mboten sanès kajawi ingkang sadèrèngipun sampun kawartosaken déning para nabi lan ugi déning Musa, 23 inggih punika, bilih Mesias kedah nandhang sangsara saha Panjenenganipun punika ingkang rumiyin piyambak badhé wungu saking antawisipun tiyang pejah, saha Panjenenganipun badhé martosaken pepadhang dhateng bangsa punika saha dhateng bangsa-bangsa sanès." 24 Bareng Paulus ngaturaké bab iku mau kabèh minangka panjawab, Féstus banjur ngandika kalawan sora, "Kowé iku gendheng, Paulus! Kawruhmu kang akèh iku njalari kowé dadi édan." 25 Nanging Paulus nuli matur, "Kula mboten gendheng, dhuh, Féstus ingkang minulya! Kawula ngaturaken kasunyatan kalayan pikiran ingkang saras! 26 Raja Agripa ugi nguningani prakawis punika sadaya, awit saking punika kula kalayan tatag saha tanpa tèdhèng aling-aling matur wonten ing ngarsanipun. Kula yakin, bilih sadaya punika mboten wonten satunggal kémawon ingkang dèrèng naté kapirengaken, awit prakawis punika mboten kalampahan wonten ing panggénan ingkang kepencil. 27 Punapa panjenengan, dhuh, Raja Agripa, pitados dhateng para nabi? Kula sumerep, bilih panjenengan pitados." 28 Paring wangsulané Raja Agripa, "Mèh baé kowé ngyakinaké aku supaya dadi wong Kristen!" 29 Unjuké Paulus, "Kula badhé ndedonga dhateng Allah, supados mboten namung panjenengan kémawon, nanging ugi tiyang-tiyang sanès ingkang wonten ngriki saha mirengaken atur kula punika, énggal utawi dangu, sami dados kadosdéné kula, kajawi blenggu punika." 30 Raja, Gubernur tuwin Bèrniké lan wong kabèh kang padha lenggah banjur padha jumeneng. 31 Nalika miyos, padha reraosan, "Tiyang punika mboten nglampahi pandamel ingkang kénging kaukum pejah utawi paukuman kunjara." 32 Agripa ngandika marang Féstus, "Tiyang punika sajatosipun sampun saged luwar, upami mboten minggah bandhing dhateng Kaisar."
1 Bareng wus diputus, aku kabèh bakal lelayaran menyang Italia, Paulus lan wong tahanan liyané sawatara dipasrahaké marang opsir wadyabalané Kaisar, jenengé Yulius. 2 Aku padha nunggang kapal saka palabuhan Adramitium, kang bakal lelayaran menyang palabuhan-palabuhan ing sauruting pesisiré Asia, tumuli padha mangkat. Aristarkhus, wong Makédonia saka Tésalonika, mbarengi lakuku. 3 Ésuké mampir ing Sidon. Pangrengkuhé Yulius marang Paulus becik, mulané dililani nemoni para mitrané, supaya padha nyukupi kabutuhané. 4 Sarèhné nampek angin, anggonku padha lelayaran saka ing kono mlipir ing pesisiring pulo Siprus, 5 banjur nrajang sagara ing sangareping Kilikia lan Pamfilia, nuli padha tekan Mira ing wilayah Likia. 6 Ana ing kono, opsir mrangguli kapal saka Alèksandria, kang arep lelayaran menyang Italia. Aku kabèh padha dipindhah mrono. 7 Nganti pirang-pirang dina anggonku padha lelayaran mèh ora bisa maju, sarta kalawan rekasa banget anggonku padha bisa nyedhaki Knidus. Sarèhné anginé terus baé nampek, aku kabèh mlipir ing pesisiré pulo Kréta, ngliwati tanjung Salmoné. 8 Kalawan rekasa banget anggonku ngliwati tanjung mau, tumuli tekan panggonan, kang aran Palabuhan Éndah, ing sacedhaké kutha Laséa. 9 Nalika samana wus akèh wektu kang muspra. Wektu puwasa wus kliwat, mulané menawa mbacutaké anggonku padha lelayaran mbebayani. Awit saka iku Paulus nuli ngèngetaké marang wong kabèh, pangandikané, 10 "Para Sadhèrèk, saking pangraos kula, anggèn kita sami lelayaran punika badhé manggih alangan kathah saha badhé kapitunèn ageng, mboten namung baita samomotanipun kémawon, nanging dalasan gesang kita pisan." 11 Éwadéné opsir mau luwih ngandel marang juru-mudhi lan nakodha tinimbang karo pangandikané Paulus. 12 Sarèhné palabuhan iku ora kapénak kanggo labuh ing mangsa adhem, mulané wong-wong mau kang akèh padha sarujuk, menawa mbacutaké laku lan mbudidaya bisané tekan kutha Féniks, sarta banjur lèrèn ana ing kono sajroné mangsa adhem iku. Kutha Féniks iku sawenèhing palabuhané pulo Kréta, kang adhepé ngidul ngulon lan ngalor ngulon. 13 Ing nalika iku ana angin sumilir saka kidul, mulané wong-wong padha ngira, yèn sedyané mesthi bakal kaleksanan. Banjur padha mbedhol jangkar lan layar mlipir cedhak banget karo pulo Kréta. 14 Nanging ora antara suwé nuli ana prahara saka pulo iku, kang diarani angin "Lor-Wétan". 15 Kapalé kabuncang lan ora bisa nahan tumempuhing angin saka ngarep. Mulané aku kabèh banjur pasrah manut ing salakuné angin. 16 Wasana aku padha kéntir tekan pasisiring pulo cilik kang aran Kauda; ana ing kono kalawan rekasa anggonku padha bisa nggondhèli sekocining kapal. 17 Bareng sekoci mau diunggahaké ing kapal, wong-wong padha masang piranti kanggo nylametaké kapalé srana diubedi tali. Sarèhné sumelang menawa kapalé bakal kandhas ing dhasar pasir Sirtis, layaré nuli diudhunaké lan banjur ngèli baé manut salakuné angin. 18 Sarèhné banget anggonku padha katempuh ing prahara, mulané ésuké wong-wong padha wiwit mbuwangi momotaning kapal menyang sagara. 19 Ing telung dinané padha mbuwangi dhéwé pirantining kapal. 20 Bareng nganti sawatara dina srengéngé utawa lintang-lintang ora katon sarta tansah kaancam ing angin prahara kang nggegirisi, aku kabèh wus ora duwé pangarep-arep yèn bakal slamet. 21 Lan sarèhné wong-wong wus suwé anggoné padha ora mangan, Paulus tumuli jumeneng ana ing satengahé sarta ngandika, "Para Sadhèrèk, manawi sami ndhahar atur kula, supados mboten lelayaran saking pulo Kréta, kita tamtu mboten ngraosaken kasisahan saha mboten kapitunan makaten punika! 22 Éwadéné sapunika ing salebeting kasangsaran punika, keparenga kula ngaturi pamrayogi, sami kula aturi tatag kémawon ing salebeting panggalih, amargi panunggilan panjenengan satunggal kémawon mboten wonten ingkang badhé tiwas, kajawi namung baitanipun. 23 Awit kala wau dalu wonten malaékating Allah, inggih punika Allah, ingkang kula sembah tuwin ingkang ndarbèni kula, jumeneng wonten ing sandhing kula 24 sarta ngandika: Aja wedi, Paulus! Kowé kudu sowan marang ngarsané Kaisar lan sanyatané marga sih-rahmating Allah, wong kabèh kang bebarengan karo kowé ana ing kapal iki bakal padha slamet, marga bareng karo kowé. 25 Milanipun dipun tatag kémawon panggalih panjenengan, para Sadhèrèk! Awit kula pitados dhateng Allah, bilih sadaya tamtu badhé kalampahan, kados ingkang kapangandikakaken dhateng kula wau. 26 Ananging kula sadaya kedah ngandhasaken kapal punika wonten ing salah satunggaling pulo." 27 Ing benginé kang kaping patbelas aku kabèh isih terus diontang-antingaké ana ing sagara Adria. Nanging bareng tengah wengi wong-wong kapal padha krasa, yèn wus cedhak karo dharatan. 28 Banjur ngukur jeroné banyu sagara nganggo bandhul jajagan, tinemu kira-kira patang puluh meter. Bareng wus maju sawatara, nuli njajagi manèh, tinemu kira-kira telung puluh meter. 29 Sarèhné aku kabèh sumelang, yèn bakal kandhas ing salah sawijining karang, mulané wong-wong padha mbuwangi jangkar papat kang ana ing buritan sarta aku padha ngarep-arep, muga-muga énggal ésuk. 30 Nanging wong-wong kapal padha sumedya minggat saka kapalé, sarta padha ngudhunaké sekoci, éthok-éthok arep mbuwangi jangkar saka ing ngarep. 31 Mulané Paulus banjur matur marang opsir lan para prajurit, "Manawi tiyang-tiyang punika mboten tetep wonten ing kapal, panjenengan sadaya mboten badhé wilujeng." 32 Para prajurit banjur ngethoki talining sekoci, tumuli diceguraké. 33 Bareng wus ngarepaké raina, Paulus ngajak wong kabèh, padha didhawuhi mangan, pangandikané, "Sampun kawan welas dinten dangunipun anggèn panjenengan sami ngantos-antos kémawon, nahan luwé mboten dhahar punapa-punapa. 34 Pramila kula ngaturi pamrayogi, sami karsaa dhahar rumiyin. Bab punika prelu kanggé kawilujengan panjenengan. Ing antawis panjenengan mboten wonten satunggal kémawon ingkang badhé kécalan rambuting sirahipun sanadyan namung saeler kémawon." 35 Sawusé ngandika mangkono, panjenengané nuli mundhut roti, lan sawusé saos sokur marang Allah ana ing ngarepé wong akèh, rotiné banjur dicuwil-cuwil sarta wiwit dhahar. 36 Wong kabèh banjur padha lejar atiné pulih semangaté, lan iya banjur padha mangan. 37 Gunggungku kabèh kang ana ing kapal iku ana rong atus pitung puluh enem. 38 Sawusé padha wareg, momotan gandum padha dibuwangi menyang sagara, supaya kapalé dadi ènthèng. 39 Lan bareng wus awan, wong-wong padha ndeleng teluk kang pesisiré warata. Sanadyan padha durung tau weruh dharatan ing kono, éwasamono banjur netepaké bisané ngandhasaké kapalé ana ing kono. 40 Tali-talining jangkar dikethoki, jangkaré padha ditinggal ana ing dhasaring sagara. Tali-tali kemudhi padha diuculi, banjur masang layar panampek, supaya angin bisa nyurung kapalé menyang pesisir. 41 Nanging banjur nabrak wedhi dhasaré sagara, temahan kapalé kandhas. Pérangan kang ngarep ambles ora bisa obah, déné kang buri remuk marga saka panempuhing alun kang nggegirisi. 42 Nalika samana para prajurit sedyané arep matèni pasakitan kabèh, supaya ora ana siji-sijia kang bisa nglangi minggat. 43 Nanging opsire kepéngin milujengaké Paulus. Mulané niyaté para prajurit mau digagalaké sarta préntah, supaya wong-wong kang bisa nglangi padha ndhisiki nyegur ing sagara lan munggah ing dharatan, 44 déné wong-wong liyané nusul migunakaké blabag utawa remukané kapal. Dadiné wong kabèh mau padha bisa munggah ing dharatan kanthi slamet.
1 Bareng aku kabèh wus tekan pasisir kanthi slamet, aku lagi padha ngerti, yèn dharatan iku pulo Malta. 2 Pendhudhuk pribumi ing pulo kono becik banget tangkepé marang aku kabèh. Padha gawé bedhiyang gedhé sarta banjur ngajak aku kabèh mrono, jalaran wus wiwit udan, lan hawané adhem. 3 Nalika Paulus mundhut kayu garing sabongkok lan ditumpangaké ing geni mau, ana ula mandi kang metu, amarga saka panasé. 4 Bareng wong-wong padha ndeleng ula kumlawèr kanthil ing astané Paulus, banjur padha rerasanan, "Wong iki mesthi wong kang dosa pati, sabab sanadyan wis bisa oncat saka bebaya ing sagara, Déwi Kaadilan ora marengaké lestari urip." 5 Nanging Paulus nuli ngipataké ula mau menyang geni, déné panjenengané babar pisan ora apa-apa. 6 Éwadéné wong-wong padha ngira, yèn bakal abuh utawa bakal séda sanalika iku uga. Nanging dientèni nganti suwé, padha weruh, yèn panjenengané ora apa-apa, satemah mbalik panemuné, ngarani yèn Paulus iku déwa. 7 Ora adoh saka ing panggonan kono ana palemahan, kagungané panggedhéné pulo iku, asmané Publius. Panjenengané nampani lan paring pamondhokan marang aku kabèh lawasé telung dina kanthi sumanak. 8 Kacarita nalika samana ramané Publius saréan baé marga gerah bentèr lan désèntri. Paulus banjur tindak lumebet ing kamaré nuli ndedonga sarta banjur numpangaké astané ing sarirané, satemah dadi saras. 9 Sawisé lelakon kang mangkono iku, wong-wong lara liyané ing pulo kono padha sowan, lan iya padha disarasaké. 10 Awit saka iku wong-wong mau banget anggoné padha ngajèni marang aku kabèh sarta bareng aku padha mangkat, padha nyangoni apa sakabutuhanku. 11 Sawusé telung sasi, aku padha mangkat saka kono, nunggang kapal saka Alèksandria kang sajroné mangsa bedhidhing labuh ana ing pulo kono. Kapal mau nganggo lambang Dioskuri. 12 Aku padha mampir ing kutha Sirakusa lan lèrèn ana ing kono telung dina. 13 Saka ing kono banjur lelayaran turut pesisir, nuli tekan Regium. Sadinané manèh banjur ana angin saka kidul lan ing dina kapindhoné padha tekan Putioli. 14 Ana ing kono kepanggih karo para sadulur tunggal pracaya, banjur diaturi nginep pitung dina. Sawisé mangkono nuli bidhal menyang Roma. 15 Para Sadulur tunggal pracaya ing kono wis padha krungu warta bab tekaku kabèh, banjur padha methuk nganti tekan papan kang aran Forum Apius lan Très Tabérné. Bareng Paulus mirsa para Sadulur mau, banjur ngunjukaké panuwun marang Allah sarta iku ndadosaké santosaning panggalihé. 16 Bareng aku wis padha tekan Roma, Paulus diparengaké dedalem piyambak karo prajurit siji kang ngawal. 17 Sawusé telung dina Paulus ngaturi rawuh para panggedhéning bangsa Yahudi lan bareng wus padha nglumpuk, banjur dingandikani mangkéné, "Para Sadhèrèk, sanadyan kula mboten kalepatan dhateng bangsa kita utawi dhateng adat utawi tata caranipun para leluhur kita, éwadéné kula dipun tangkep wonten ing kitha Yérusalèm saha lajeng dipun pasrahaken dhateng tiyang Roma. 18 Sareng kula sampun kapriksa, sami sumedya ngluwari, amargi mboten wonten kalepatan kula satunggal kémawon, ingkang pantes kapatrapan paukuman pejah. 19 Ananging tiyang-tiyang Yahudi sami mabeni, mila kula lajeng kapeksa minggah bandhing dhateng Kaisar, nanging mboten kanthi sedya badhé nggigat bangsa kita. 20 Pramila kula lajeng ngaturi rawuh panjenengan sadaya prelu badhé pirembagan, amargi saking pangajeng-ajengipun bangsa Israèl punika kula lajeng karanté." 21 Nanging banjur padha mangsuli, "Kula mboten sami tampi serat-serat saking tanah Yudéa bab panjenengan, punapa déné inggih mboten wonten satunggal kémawon saking sadhèrèk-sadhèrèk kita ingkang mriki martosaken bab ingkang awon tumrap panjenengan. 22 Nanging kula sami kepéngin mireng saking panjenengan, kadospundi pamanggih panjenengan, awit kula sami sumerep, bilih aliran punika wonten ing pundi-pundi dipun lawan." 23 Banjur padha namtokaké dinané. Ing dina kang wus katamtokaké iku, ana wong akèh padha teka ing dalem pondhokané Paulus. Panjenengane nuli paring katrangan lan paseksi bab Kratoning Allah sarta ngyakinaké bab Yésus adhedhasar angger-anggeré Musa lan kitabé para nabi. Pamulangé wiwit ésuk nganti soré. 24 Ana kang banjur padha nganggep marang pangandikané, nanging iya ana kang tetep ora pracaya. 25 Banjur padha bubar tanpa mupakat ing panemu. Nanging Paulus isih ngandikakaké saprakara iki, kang mangkéné, "Saèstu kasinggihan pangandikanipun Roh Suci lumantar Nabi Yésaya dhateng leluhur kita, suraosipun: 26 Sira maranana bangsa iki lan tutura: Sira bakal padha krungu lan krungu manèh, nanging ora mangerti, bakal ndeleng lan ndeleng manèh, nanging ora sumurup. 27 Sabab atiné bangsa iki ndableg, lan kupingé wus dadi budheg, tuwin mripaté padha dieremaké; supaya aja nganti ndeleng lan kupingé aja nganti krungu tuwin atiné aja nganti ngerti banjur mratobat temah sunwarasaké. 28 Pramila kauningana, bilih kawilujengan ingkang saking Allah punika lajeng kaparingaken dhateng bangsa-bangsa sanès ingkang sami purun mirengaken." 29 Sawisé Paulus ngandika mangkono, wong Yahudi banjur padha bubar kalawan akèh béda-bédaning panemu. 30 Kacarita Paulus nganti genep rong taun anggoné manggèn ana ing dalem kang diséwa piyambak. Wong kabèh kang sowan padha ditampi. 31 Panjenengané martakaké Kratoning Allah lan mulang bab Gusti Yésus Kristus kalawan terang-terangan sarta ora ana kang mambengi.
1 Saka Paulus, abdiné Kristus Yésus, kang katimbalan dadi rasul, kapiji nggelaraké Injilé Allah, 2 Injil iku wus kaprasetyakaké lantaran para nabi kaya kang katulis ing kitab-kitab suci, 3 bab Sang Putra, kang cara kadagingan mijil saka tedhaké Daud, 4 lan miturut Rohing kasucèn Panjenengané iku Putrané Allah, katitik ana ing wunguné saka ing antarané wong mati, yaiku Yésus Kristus, Gusti kita. 5 Lantaran Panjenengané, aku padha nampa sih-rahmat sarta kalenggahan rasul marga asmané, kadhawuhan nuntun marang sakèhing bangsa kang ora wanuh marang Allah, supaya padha pracaya lan mbangun-turut. 6 Kowé uga padha klebu ing antarané wong-wong mau, kowé kang wus padha katimbalan dadi kagungané Yésus Kristus, 7 marang para Sadulur kabèh kang manggon ing Roma, kang padha ditresnani déning Allah, kang katimbalan lan kadadèkaké para suci. Sih-rahmat anaa ing kowé kabèh lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita lan saka Gusti Yésus Kristus. 8 Kang kapisan, aku saos sokur marang Allahku marga déning Yésus Kristus ing ngatasé kowé kabèh, awit kabar bab pracayamu wus sumebar ing saindenging jagat. 9 Sabab Allah, kang dakladosi kanthi gumolonging atiku ing sajroné martakaké Injil bab Sang Putra, iku kang dadi seksiku menawa ing sajroné pandongaku, aku tansah ngèlingi marang kowé: 10 Aku ndedonga, muga-muga marga saka karsané Allah, ing wekasané aku bisa olèh wewengan niliki kowé kabèh. 11 Awit aku kepéngin banget ketemu kowé, saprelu andum ganjaran kasukman, supaya kowé padha dikuwataké, 12 yaiku, supaya aku ana ing antaramu lan mèlu kalipur déning pracaya kita, aku déning pracayamu, lan kowé déning pracayaku. 13 Para Sadulur, karepku supaya kowé padha mangerti, yèn aku wis kerep duwé niyat niliki kowé -- nanging nganti sapréné tansah ana alangan -- supaya ana ing tengah-tengahmu aku bisa nemu wohé, padha kaya ana ing satengahing para bangsa kang ora wanuh marang Allah. 14 Aku kapotangan budi marang wong Yunani, mangkono uga marang bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah, wong wasis lan wong bodho. 15 Iya kang mangkono iku, kang njalari aku uga kepéngin martakaké Injil marang kowé kang padha manggon ing Roma. 16 Sabab aku ora isin mungguhing Injil, awit Injil iku kakiyatané Allah kang njalari kaslametané saben wong kang pracaya, wiwitané wong Yahudi, nanging uga wong Yunani. 17 Sabab ing kono kapratélakaké anggoné Allah mbeneraké, kang metu saka ing pracaya lan nuntun marang pracaya, kaya kang katulis, surasané, "Wong kang kabeneraké marga saka pracayané, bakal urip." 18 Sabab bebenduné Allah wis kawedharaké saka ing swarga tumrap sarupaning duraka lan pialaning manungsa kang nindhes prakara kang bener marga déning pialané. 19 Awit kang disumurupi mungguhing Allah iku wis cetha tumrap wong-wong mau, jalaran Allah wis mratélakaké marang wong-wong mau. 20 Awitdéné kawontenané Allah kang ora katon, yaiku kakiyatané kang langgeng sarta kaallahané, bisa katon lan dimangertèni, saka ing pakaryané, wiwit dumadiné jagat, satemah wong-wong mau padha ora bisa sélak. 21 Amarga sanadyan padha mangerti marang Allah, wong-wong mau ora padha ngluhuraké Panjenengané kang jumeneng Allah, utawa ora padha saos sokur marang Panjenengané. Nanging pangangen-angené dadi padha tanpa guna, lan atiné kang bodho padha dadi peteng. 22 Wong-wong mau padha rumangsa pinter, nanging satemené bodho. 23 Kamulyané Allah kang langgeng dilironi wewujudan kang mèmper manungsa kang ora langgeng, manuk-manuk, ke'wan-kéwan sikil papat, utawa kang rumangkang. 24 Mulané Allah banjur nguja pepénginaning atiné kang jember, satemah badané dianggo jember-jinemberan. 25 Wong-wong iku iya padha nglironi prakara kang bener mungguhing Allah sarana apus-apus, sarta padha memuji lan ngabekti marang titah kanthi nglalèkaké kang nitahaké, kang mesthiné pinuji-puji ing salawas-lawasé, Amin. 26 Mulané Allah nguja wong-wong mau padha nuruti hawa-napsuné kang nistha, sabab kang wadon padha ora awor turu salumrahé karo bojoné, nanging padha nyulayani kodrat. 27 Mangkono uga kang lanang, padha ninggal patrap sapaturon kang lumrah karo kang wadon, nanging klawan ati kang ngangah-angah tanpa isin nindakaké iku karo pepadhané wong lanang, satemah wong-wong iku padha nampani piwales kang mruwat karo durakané. 28 Dadi sarèhné padha rumangsa ora prelu ngakoni Allah, mulané Allah nguja wong-wong mau marang pangangen-angen kang nistha, satemah padha nindakaké patrap kang ora patut, 29 kebak ing sarupané kadurakan, kadursilan, kasrakahan, piala, kebak drengki, gawé pati, tukar padu, culika sarta pikiran ala. 30 Padha seneng misuh, mitenah, sengit marang Allah, kurang ajar, gumunggung, umuk, julig, ora mbangun-turut marang wong tuwa, 31 tanpa budi, ora setya, ora welasan, tegelan. 32 Sabab sanadyan padha mangerti marang pepundhutaning angger-anggeré Allah, yaiku yèn saben wong kang padha nglakoni kaya mangkono mau pantes kaukum pati, wong-wong mau malah ora mung nglakoni dhéwé, nanging iya nyarujuki marang kang padha nglakoni mangkono.
1 Mulané, hé manungsa, sapa baé kang ngadili wong liya, kowé dhéwé ora duwé dhasar kanggo mbélani awakmu dhéwé. Awit sarana kowé ngadili wong, kowé ngadili awakmu dhéwé, amarga kowé kang ngadili wong iku, kalakuanmu dhéwé iya mangkono. 2 Kita rak padha mangerti yèn paukumané Allah iku tumindhaké kanthi adil ing atasé sapa baé kang nglakoni mangkono. 3 Déné kowé, hé manungsa kang ngadili wong kang tumindak mangkono mau, mangka kowé dhéwé uga nglakoni, apa kowé ngira, yèn kowé bakal luput saka ing paukumané Allah? 4 Apa kowé arep ngrèmèhaké lubèring kamirahan sarta sabar-sarèhé Allah? Apa kowé ora mangerti menawa kamirahané Allah iku nuntun kowé marang pamratobat? 5 Nanging marga saka wangkoting atimu kang ora gelem mratobat iku, dadiné kowé numpuk bebendu tumrap awakmu dhéwé, nganti tumeka ing dinané kababaring bebendu lan paukumané Allah kang adil, 6 Panjenengané bakal males marang saben wong miturut panggawéné, 7 yaiku urip langgeng tumrap wong kang taberi nglakoni panggawé becik, tansah ngupaya kamulyan, lan kaluhuran sarta prakara kang ora bisa sirna, 8 nanging wong kang mburu kapentingané dhéwé, ora mbangun-turut marang apa kang bener, rumaket ing duraka, iku bakal padha nampa deduka lan bebendu. 9 Panandhang lan kasangsaran bakal tumama marang saben wong kang nindakaké piala, wiwitané wong Yahudi, samono uga wong Yunani, 10 nanging kamulyan, kaluhuran lan tentrem-rahayu bakal kaparingaké marang wong kabèh kang nindakaké kabecikan, wiwitané wong Yahudi, mangkono uga wong Yunani. 11 Sabab Allah ora pilih-kasih. 12 Awit sakèhing wong kang gawé dosa tanpa angger-anggering Torèt iku bakal padha sirna iya klawan tanpa angger-anggering Torèt; lan sakèhing wong kang gawé dosa ing sajroning kawengku ing angger-anggering Torèt, iku bakal padha diadili sarana angger-anggering Torèt. 13 Amarga wong kang bener ana ing ngarsané Allah iku dudu kang ngrungokaké angger-anggering Torèt, nanging kang netepi angger-anggering Torèt. 14 Menawa bangsa-bangsa liya kang ora nduwèni angger-anggering Torèt marga saka naluriné nglakoni apa kang kamot ing angger-anggering Torèt, iya wong-wong iku mau kang dadi angger-anggering Torèt tumrap awaké dhéwé, sanadyan ora nduwèni angger-anggering Torèt. 15 Kang mangkono iku, wong-wong mau padha nélakaké, menawa pepakoné angger-angger wus katulis ana ing atiné lan swaraning atiné mèlu neksèni, sarta pangangen-angené padha genti ngluputaké utawa genti mbeneraké. 16 Bab iku bakal tetéla ing dina samangsa Allah lantaran Kristus Yésus ngadili manungsa, cocog karo Injil kang dakwartakaké. 17 Nanging menawa kowé iku nyebut awakmu dhéwé wong Yahudi, sarta ngandelaké marang angger-anggering Torèt, apadéné ngegungaké Allah, 18 sarta mangerti kang dadi karsané, lan marga kawulang ing angger-anggering Torèt, bisa mbédakaké endi kang becik sarta endi kang ala, 19 lan menawa kowé yakin, yèn kowé iku dadi panuntuné wong wuta, sarta pepadhangé wong kang ana ing pepeteng, 20 panggulawenthahé wong bodho, guruné wong kang durung diwasa; marga ana ing angger-anggering Torèt iku, kowé kadunungan wujuding kawruh sarta kayektèn. 21 Banjur kepriyé mungguhing kowé, kang mulang wong liya, apa kowé ora mulang awakmu dhéwé? Kowé kang mulang: "Aja nyolong," yagéné kowé dhéwé kok nyolong? 22 Kowé kang kandha: Aja laku bédhang, yagéné kowé dhéwé kok laku bédhang? Kowé kang gething marang brahala, yagéné kowé dhéwé kok malah njarah rayah papan brahala? 23 Kowé kang ngegungaké angger-anggering Torèt, yagéné kowé kok malah nyenyamah Allah kalawan nerak angger-anggering Torèt iku? 24 Kaya kang katulis, surasané, "Iya marga saka kowé, asmané Allah dicecamah ana ing antarané bangsa-bangsa liya." 25 Tetak iku pancèn ana paédahé, menawa kowé temen-temen netepi angger-anggering Torèt, nanging menawa kowé nerak angger-anggering Torèt, tetakmu iku ora ana gunané manèh. 26 Dadi menawa wong kang ora tetak netepi angger-anggering Torèt, apa iku ora bakal dianggep padha karo wong kang wus tetak? 27 Yèn mangkono, wong kang ora tetak nanging netepi angger-anggering Torèt, iku bakal ngadili kowé kang nduwèni angger-angger kang katulis lan tetak, nanging nerak angger-anggering Torèt. 28 Awit kang diarani Yahudi iku dudu tata-lairé, lan kang diarani tetak kang sejati iku uga dudu tetak ing tata-lairé. 29 Nanging kang diarani wong Yahudi sajati iku yaiku kang ora katon Yahudiné, lan tetak kang sejati iku tetaking ati yaiku tata karohanèn, dudu tata-lair. Lan iku olèh pangalembana saka Allah, dudu saka manungsa.
1 Yèn mangkono, apa ta kaluwihané wong Yahudi, lan apa ta paédahé tetak iku? 2 Akèh banget lan ing sakèhing prakara, kang kapisan: Sabab iya marang wong iku mau pangandikané Allah dipitayakaké. 3 Dadiné kepriyé, menawa ana ing antarané wong-wong mau ana kang ora setya, apa bab anggoné ora setya mau bisa njalari wurunging prasetyané Allah? 4 Babar pisan ora! Malah kosok-baliné: Allah iku asipat bener, lan manungsa kabèh tukang goroh, kaya kang katulis, surasané, "Supados Paduka katitik manawi leres ing sapangandika Paduka, saha unggul manawi Paduka dipun adili." 5 Ananging menawa duraka kita iku nélakaké yèn Allah iku bener, banjur apa kang bakal padha kita kandhakaké? Apa Allah iku ora adil yèn ta ngetingalaké bebenduné? -- Omonganku iki nganggo cara manungsa. -- 6 Mesthi baé ora! Yèn mangkono, kepriyé Allah anggoné bakal ngadili jagat? 7 Nanging menawa marga saka gorohku iku, apa kang bener tumraping Allah malah sangsaya nglubèraké kaluhurané, yagéné aku kok isih diadili manèh padha kaya wong dosa? 8 Kena apa kita ora kandha, "Payo kita padha nglakoni panggawé ala baé supaya tuwuh kang becik saka ing kono." Pancèn ana pitenahing wong kang ngandhakaké menawa kita kandha mangkono. Wong kang kaya mangkono iku wus samesthiné tampa paukuman. 9 Banjur kepriyé? Apa kita luwih unggul katimbang wong liya? Babar pisan ora! Sabab ing ngarep kita rak wis ndakwa, menawa wong Yahudi lan wong Yunani iku kabèh padha nandhang dosa. 10 Kaya kang wis katulis, surasané, "Ora ana wong kang bener, siji baé ora ana. 11 Ora ana wong siji baé kang duwé pangertèn, ora ana wong siji baé kang ngupaya Allah. 12 Wong kabèh padha nylèwèng, kabèh tanpa guna, ora ana kang gawé becik, siji baé ora ana. 13 Gurungé iku kaya kubur menga, ilaté dianggo mbujuki, lambéné ngemu wisa. 14 Telaké kebak supata lan ipat-ipat. 15 Ènthèng sikilé yèn arep ngwutahaké getih. 16 Karusakan lan kasirnan didèlèh ana ing dalané, 17 lan dalaning tentrem-rahayu ora dimangertèni; 18 padha ora duwé rasa wedi-asih marang Allah." 19 Nanging kita padha mangerti, yèn kabèh kang kamot ing kitab Torèt iku katujokaké marang wong-wong kang kawengku ing angger-anggering Torèt, supaya wong kabèh padha kabungkem telaké, lan sajagat kabèh iki kapatrapan ing pangadilané Allah. 20 Sabab ora ana wong siji baé kang kabeneraké ana ing ngarsané Allah marga saka anggoné netepi angger-anggering Torèt; awit iya marga saka angger-anggering Torèt iku wong padha mangerti dosa. 21 Nanging saiki, tanpa angger-anggering Torèt, kaya kang kapratélakaké ing kitab Torèt lan kitab-kitabé para nabi, apa kang kabeneraké déning Allah iku wus kalairaké, 22 yaiku apa kang kabeneraké déning Allah lantaran pracaya marang Yésus Kristus, tumrap wong kabèh kang pracaya, awit ora ana bédané. 23 Marga wong kabèh wus padha gawé dosa sarta kélangan kamulyaning Allah, 24 lan awit saka sih-rahmaté padha kabeneraké kanthi lelahanan lantaran panebusé Kristus Yésus. 25 Panjenengané wus katetepaké déning Allah dadi sarananing karukunan, awit saka pangandel marang rahé. Bab iki katindakaké kagem ngatingalaké kaadilané, sabab Panjenengané wus ngèndelaké dosa-dosa kang wus kapungkur ing wektu kasabarané Allah. 26 Karsané yaiku kagem ngatingalaké kaadilané ing jaman saiki, supaya tetéla menawa Panjenengané iku bener, lan uga mbeneraké wong kang pracaya marang Yésus. 27 Yèn mangkono, apa kang kena kanggo dhasar gumunggung? Ora ana. Banjur dhasaré apa? Apa adhedhasar panggawé? Ora, nanging adhedhasar pangandel. 28 Marga kita yakin, yèn manungsa iku anggoné kabeneraké awit saka pracaya, ora marga saka anggoné netepi angger-anggering Torèt. 29 Karomanèh, Allah iku apa mung dadi Allahé wong Yahudi baé? Apa Panjenengané iku dudu Allahé bangsa-bangsa liyané uga? Iya, bener. Panjenengané uga dadi Allahé bangsa-bangsa liya. 30 Tegesé, menawa Allah iku pancèn mung siji, Panjenengané bakal mbeneraké wong kang padha tetak awit saka pracaya, lan wong kang padha ora tetak iya awit saka pracaya. 31 Yèn mangkono, apa aku padha mbatalaké angger-anggering Torèt awit saka pracaya? Babar pisan ora! Kosokbaliné, aku malah padha njejegaké.
1 Yèn mangkono, miturut kita, apa kang wus katampa déning Abraham, leluhur kita cara kadagingan? 2 Sabab, menawa Abraham anggoné kabeneraké marga saka pandamelé, panjenengané bisa gumunggung, nanging ora ana ing ngarsané Allah. 3 Sabab apa kang kapratélakaké déning Kitab Suci?, surasané, "Abraham banjur kumandel marang Allah, lan iya bab iku kang ndadèkaké panjenengané kaétang bener déning Allah." 4 Tumrap wong kang nyambut-gawé iku, opahé ora kena kaanggep ganjaran, nanging pancèn haké. 5 Déné tumrap wong kang ora nyambut-gawé, nanging kumandel marang Panjenengané kang mbeneraké wong duraka, kumandelé iku kang kaétung bener. 6 Kayadéné Daud iya nyebut rahayu tumrap wong kang kabeneraké déning Allah ora adhedhasar panggawéné, 7 "Rahayu wong kang padha kaapura paneraké, lan kang dosa-dosané kaaling-alingan; 8 rahayu wong kang kaluputané ora kaétang déning Allah." 9 Pangandika bab rahayu iku apa kalakoné mung kanggo wong kang tetak baé, apa iya kanggo kang padha ora tetak uga? Aku rak wis kandha, menawa tumrap Abraham iku pracayané kaétang dadi apa kang bener. 10 Déné anggoné kaétang mangkono iku genahé kepriyé? Sadurungé apa sawisé tetak? Ora sawisé tetak, nanging sadurungé. 11 Pratandha tetak iku ditampani minangka cap tumrap apa kang bener adhedhasar pracayané ing sadurungé tetak. Iya kang mangkono iku anggoné panjenengané banjur bisa dadi bapa tumrap para wong pracaya kang ora tetak, supaya wong-wong iku mau kabeneraké, 12 lan uga dadi bapa tumrap para wong kang tetak, yaiku para wong kang ora mung padha tetak baé, nanging uga padha napak tilas pracayané Abraham, leluhur kita, nalikané durung tetak. 13 Sabab janji kang kaparingaké marang Abraham satedhak-turuné, menawa bakal marisi jagat, iku ora lantaran angger-anggering Torèt, nanging adhedhasar apa kang bener lantaran pracaya. 14 Awit menawa wong-wong kang pangarep-arepé adhedhasar angger-anggering Torèt padha mèlu tampa panduman kang kaprasetyakaké Allah, pracaya iku banjur dadi muspra lan prasetyané dadi batal. 15 Amarga angger-anggering Torèt iku nekakaké bebendu, nanging menawa ora ana angger-anggering Torèt, iya ora ana panerak. 16 Mulané, prasetya iku adhedhasar pracaya supaya ngetrepi sih-rahmat, satemah prasetya iku iya kanggo tedhak-turuné Abraham kabèh, ora mung kang urip miturut angger-anggering Torèt baé, nanging uga kang padha urip miturut pracayané Abraham. Sabab Abraham iku bapa-leluhur kita kabèh, -- 17 iya kaya kang katulisan, surasané, "Sira iku wis suntetepaké dadi bapa tumrap sakèhé bangsa," -- ana ing ngarsané Allah kang dipracaya, yaiku Allah kang nguripaké wong mati sarta kang srana sabdané nitahaké apa kang ora ana dadi ana. 18 Sabab sanadyan ora ana dhasaring pangarep-arep, éwasamono Abraham tetep kagungan pangarep-arep lan pracaya yèn panjenengané bakal dadi bapa tumrap sakèhé bangsa, miturut apa kang wus kapangandikakaké, "Cacahing turunira bakal dadi samono akèhé." 19 Lan pracayané ora dadi kendho, sanadyan rumangsa yèn sarirané wus lungsé, awit yuswané wis watara satus taun, sarta Sara wus lungsé ing wanci. 20 Éwasamono panjenengané tetep ngugemi prasetyané Allah, tanpa mangu-mangu saka ora pracayané, nanging panjenengané kasantosakaké ing pracayané, sarta ngluhuraké Allah, 21 kanthi kebak pangandel menawa Allah mesthi kwaos mujudaké apa kang wus kaprasetyakaké. 22 Mulané bab iki kaétung dadi prakara kang mbeneraké. 23 Tetembungan iki, yaiku, "bab iki kaétung tumrap panjenengané", iku anggoné katulis ora mung mligi kanggo Abraham baé, 24 nanging iya katulis kanggo kita uga; sabab kita bakal kaétung kaya mangkono uga, awit kita padha pracaya ing Panjenengané kang wus ngwungokaké Yésus, Gusti kita, saka ing antarané wong mati. 25 Yaiku Yésus kang wis kaulungaké awit saka panerak kita, sarta kawungokaké supaya kita padha kabeneraké.
1 Mulané kita kang wis padha kabeneraké awit saka pracaya, kita padha urip kalawan rukun karo Allah marga déning Gusti kita, Yésus Kristus. 2 Panjenengané iku kang njalari kita padha olèh dalan kang anjog ing sih-rahmat marga saka pracaya. Ana ing sih-rahmat iki dumunung kita sarta kita bombong sajroning pangarep-arep bakal tampa kamulyaning Allah. 3 Lan ora mung iku baé. Kita malah iya padha bombong sajroning sangsara kita, awit kita padha mangerti menawa sangsara iku njalari tataging ati, 4 lan tataging ati iku njalari tanggon, tanggon nukulaké pangarep-arep. 5 Déné pangarep-arep iku mesthi ora bakal nguciwani, awit sihé Allah wis kaesokaké ing ati kita déning Roh Suci, kang wis pinaringaké marang kita. 6 Awitdéné ing nalika kita isih padha apes, ing wektu kang katemtokaké déning Allah, Kristus wis nglampahi séda kanggo kita para wong duraka. 7 Sabab ora gampang wong gelem mati nglabuhi wong bener -- éwadéné kanggo wong utama, bisa uga ana wong kang wani mati. -- 8 Nanging Allah wus ngatingalaké sihé marang kita ing bab iki, nalika kita isih kawengku déning dosa, Kristus wis nglampahi séda kanggo kita. 9 Luwih manèh, awit kita saiki wis padha kabeneraké sarana rahé, mulané kita mesthi bakal kaslametaké lantaran Panjenengané saka bebenduning Allah. 10 Sabab, menawa ing nalikané kita isih padha dadi satru wis karukunaké karo Allah déning sédané Kang Putra, méndahané manèh saiki sawisé karukunaké, mesthi kita bakal kaslametaké awit saka gesangé. 11 Ora mung iku baé! Kita malah iya bakal padha ngalembana marang Allah marga déning Yésus Kristus, Gusti kita, awit lantaran Panjenengané kita saiki wus padha oleh pirukun iku. 12 Mulané, padha kaya tekané dosa ing jagat jalaran saka wong siji, sarta tekané pati marga saka dosa mau, mangkono iku pati wus nyrambahi marang wong kabèh, jalaran wong kabèh mau wis padha gawé dosa. 13 Sabab sadurungé ana angger-anggering Torèt ing jagat wus ana dosa. Nanging dosa mau ora kaétung menawa ora ana angger-anggering Torèt. 14 Sanadyan mangkono, wiwit jamané Adam tumekané Musa, pati uga wis ngwasani wong-wong kang dosané ora padha karo panerak kang katindakaké déning Adam, iya iku kang dadi gegambarané Panjenengané kang bakal rawuh. 15 Nanging sih-rahmaté Allah iku ora padha karo paneraké Adam. Sabab, menawa jalaran saka paneraké wong siji wong kabèh padha tumiba ing pangwasaning pati, luwih agung manèh sih-rahmat sarta peparingé Allah kang kalubèraké marang wong akèh, kang marga saka wong siji, yaiku Yésus Kristus. 16 Lan sih-rahmat iku ora timbang karo dosané wong siji. Awit pangadilan tumrap paneraké wong siji iku nekakaké paukuman, nanging peparingé sih-rahmat marga saka panerak kang akèh iku njalari pakaryané Allah kang mbeneraké. 17 Sabab, yèn marga saka paneraké wong siji, pati wis ngwasani marga saka wong siji iku, méndahané manèh wong kang wis padha nampani kalubèraning sih-rahmat sarta ganjaran awujud pakaryané Allah kang mbeneraké, mesthi bakal urip lan ngwasani marga déning wong siji, yaiku Yésus Kristus. 18 Dadiné padha kaya panerak siji nekakaké paukuman marang wong kabèh, mangkono uga marga saka panggawéné wong siji kang bener, njalari wong kabèh padha kabeneraké supaya urip. 19 Sabab, padha kaya pambangkangé wong siji njalari wong kabèh padha dadi dosa, mangkono uga marga saka pambangun-turuté wong siji wong kabèh banjur padha dadi wong bener. 20 Nanging bareng angger-anggering Torèt kaparingaké, panerak dadi saya akèh, menawa dosa saya akèh, sih-rahmat dadi saya lubèr, 21 supaya, padha kayadéné dosa nduwèni pangwasa ing alam pati, mangkono uga sih-rahmat iya bakal nduwèni pangwasa kang njalari urip langgeng marga saka pakaryané Allah kang mbeneraké, lantaran Yésus Kristus, Gusti kita.
1 Yèn mangkono, apa kang bakal kita kandhakaké? Apa kita kepareng padha ndlarung ing sajroning dosa, supaya wuwuha gedhéné sih-rahmat? 2 Babar pisan ora! Kita rak wis mati tumraping dosa, kepriyé anggon kita isih padha bisa urip ing sajroning dosa mau? 3 Apa kowé padha ora mangerti, yèn kita kang wus padha kabaptis ana ing Kristus Yésus, iku wis padha kabaptis ana ing sédané? 4 Dadi, kita wus padha ndhèrèk kakubur kalawan Panjenengané, sarana baptising pati mau, supaya padha kayadéné Kristus wus kawungokaké saka ing antarané wong mati déning kamulyaning Sang Rama, mangkono uga kita bakal urip ana ing sajroning urip kang anyar. 5 Sabab yèn kita wis padha nunggal kalawan apa kang padha karo sédané, kita iya bakal padha nunggal kalawan apa kang padha karo wunguné. 6 Amarga kita padha mangerti yèn kamanungsan kita kang lawas iku wis ndhèrèk sinalib, supaya si dosa sirna pangwasané, lan kita padha ora ngawula marang dosa manèh. 7 Sabab, sapa kang wis mati, iku wis luwar saka ing dosa. 8 Dadi menawa kita wis padha ndhèrèk mati karo Kristus kita padha ngandel yèn iya bakal padha urip karo Panjenengané. 9 Amarga kita padha mangerti, yèn Kristus sawisé kawungokaké saka ing antarané wong mati, ora séda manèh: Pati wis ora ngwasani Panjenengané manèh. 10 Awit sédané iku, séda tumraping dosa, mung sapisan kanggo salawasé; lan gesangé iku gesang lumados marang Allah. 11 Samono uga anggonmu mawas iya mangkénéa: Kowé wis padha mati tumraping dosa, nanging kowé padha urip lumados marang Allah ana ing Kristus Yésus. 12 Mulané dosa aja nganti ngwasani badanmu kang kena ing pati manèh, supaya kowé aja nganti nuruti pepénginané. 13 Sarta kowé aja masrahaké gegelitaning badanmu marang si dosa kanggo gegamaning kadurakan, nanging badanmu saosna marang Allah, kaya wong kang mauné mati, nanging saiki urip. Sarta gegelitaning badanmu iku saosna marang Allah, minangka gegaman kanggo nindakaké apa kang bener. 14 Sabab dosa ora bakal ngwasani kowé manèh, marga kowé padha ora kawengku ing angger-anggering Torèt, nanging kawengku ing sih-rahmat. 15 Dadiné kepriyé? Apa kita banjur arep nglakoni dosa marga ora kawengku ing angger-anggering Torèt, ananging kawengku ing sih-rahmat? Babar pisan ora! 16 Apa kowé padha ora mangerti, menawa kowé masrahaké awakmu marang sawijining wong dadi abdi kang mituhu, iku ateges kowé dadi baturé wong kang kudu kokpituhu, embuh ing bab dosa kang nggèndèng kowé marang pati, embuh pamituhu kang nuntun kowé marang kang bener? 17 Nanging puji sokur marang Allah! Ing mauné kowé iku dadi baturé dosa, nanging saiki kanthi gumolonging atimu kowé wis padha mituhu marang piwulang kang katerusaké marang kowé. 18 Kowé wis padha kaluwaran saka ing dosa lan dadi abdining apa kang bener. 19 Bab iki dakpituturaké cara manungsa, awit kamanungsanmu kang ringkih. Sabab kayadéné kowé wis masrahaké gegelitaning badanmu dadi baturing jejember lan duraka tumuju marang kadurakan, mangkono uga kowé saiki kudu masrahaké gegelitaning badanmu dadi abdining kabeneran kang tumuju marang kasucèn. 20 Sabab nalika kowé padha dadi baturing dosa, kowé padha ora kawengku déning kabeneran. 21 Lan apa pikolèhmu saka iku mau kabèh kang njalari saiki kowé rumangsa isin? Wekasané iku kabèh, yaiku pati. 22 Nanging saiki bareng kowé wus padha kauwalaké saka ing dosa lan bareng kowé wis padha dadi abdining Allah, kowé padha ngundhuh woh kang nuntun kowé marang kasucèn sarta wekasané iku urip langgeng. 23 Awit pituwasé dosa iku pati, balik peparingé Allah iku urip langgeng ana ing Kristus Yésus, Gusti kita.
1 Para Sadulur, apa kowé padha ora mangerti, -- awit aku pitutur marang kang padha paham ing bab angger-angger, -- menawa angger-angger iku ngwasani wong kanggo ing sajegé urip? 2 Sabab wong wadon iku kacencang déning angger-angger marang somahé, sasuwéné somahé isih urip, nanging menawa somahé mati, wong wadon mau uwal saka ing angger-angger kang nancang mau. 3 Dadi sajroné somahé isih urip, wong wadon dianggep laku bédhang yèn dadi bojoné wong lanang liyané. Nanging menawa bojoné iku wis mati, wong wadon mau wis uwal saka angger-angger, lan ora laku bédhang, menawa dadi somahé wong lanang liya. 4 Iya kaya mangkono iku, para Sadulurku, kowé iya wis padha mati tumrap ing angger-anggering Torèt, jalaran saka sarirané Kristus, supaya kowé dadia kagunganing liyan, yaiku kagungané Panjenengané, kang wis kawungokaké saka antarané wong mati, supaya kita padha ngetokaké woh, kagem Allah. 5 Awit nalika kita isih padha urip ana ing daging, hawa-napsuning dosa kang kagugah déning angger-anggering Torèt, iku makarya ana ing gegelitaning badan kita, satemah kita padha ngetokaké woh kanggo si pati, 6 Nanging saiki kita wis kauwalaké saka ing angger-anggering Torèt, awit kita wis padha mati tumrap kang mauné ngunjara kita, satemah saiki kita leladi ana ing kaanan kang anyar, manut ing Roh, ora ana ing kaanan lawas manut ing tulisané angger-anggering Torèt. 7 Yèn mangkono apa sing arep kita kandhakaké? Apa angger-anggering Torèt iku dosa? Babar pisan ora! Kosok baliné, malah marga saka angger-anggering Torèt iku aku mangerti dosa. Awit aku uga ora ngerti apa kang diarani mélik iku, menawa angger-anggering Torèt ora dhawuh, "Sira aja mélik!" 8 Nanging marga saka pepakon mau, dosa olèh jalaran kanggo nenangi sarupaning kamélikan kang ana ing aku, sabab tanpa angger-anggering Torèt, dosa iku mati. 9 Biyèn aku iki urip tanpa angger-anggering Torèt. Nanging satekané pepakon mau, dosa wiwit urip, 10 balik aku mati. Pepakon kang mesthiné nuntun marang urip, tumraping aku malah dadi jalaraning pati. 11 Awit saka ananing pepakon iku, dosa olèh jalaran anggoné nasaraké aku, lan marga saka pepakon iku mau dosa matèni aku. 12 Dadi angger-anggering Torèt iku suci, lan pepakon iku iya suci, bener lan becik. 13 Yèn mangkono, apa kang becik iku kang njalari patiku? Babar pisan ora! Nanging supaya tetélaa yèn iku mau si dosa, dosa iku migunakaké kang becik kanggo nekakaké patiku, satemah marga saka pepakon mau, wujudé dosa dadi saya cetha manèh. 14 Sabab kita mangerti, menawa angger-anggering Torèt iku sipaté rohani, nanging aku iki asipat kadagingan, kaedol marang pangwasaning dosa. 15 Sabab apa baé kang daktindakaké iku, aku dhéwé ora mangerti. Awit apa kang daktindakaké iku mau dudu kang dakkarepaké; nanging apa kang daksengiti, iku kang daktindakaké. 16 Dadi menawa aku nindakaké bab kang ora dakkarepaké, iku ateges aku ngakoni yèn angger-anggering Torèt iku becik. 17 Menawa mangkono dudu aku manèh kang nindakaké, nanging dosa kang ana ing sajroning atiku. 18 Sabab aku mangerti, yèn ing aku iki, yaiku aku cara kadagingan, ora ana kang becik. Sabab karep nindakaké kang becik pancèn ana ing aku, nanging nglakoni apa kang becik, ora. 19 Sabab dudu kang dakkarepaké, yaiku kang becik, kang daktindakaké, nanging kang ora dakkarepaké, yaiku kang ala, kang daktindakaké. 20 Dadi yèn aku nindakaké apa kang ora dakkarepaké, ateges dudu aku manèh kang nindakaké, nanging si dosa kang dumunung ana ing aku. 21 Kang iku, aku nemu wewaton mangkéné: Menawa aku kepéngin nindakaké kang becik, kang ala wis cumepak ana ing aku. 22 Sabab sajroning batinku, aku seneng marang angger-anggeré Allah, 23 nanging ana ing gegelitaning badanku weruh ana angger-angger liya kang cengkah karo angger-anggering akal-budiku, sarta njalari aku dadi tawananing angger-anggeré dosa kang ana ing gegelitaning badanku. 24 Aku iki pancèn wong kang cilaka! Sapa kang bakal ngluwari aku saka badan rèh-rèhané pati iki? 25 Puji sokur marang Allah, lantaran Yésus Kristus, Gusti kita. 26 Dadi sarana akal-budiku, aku ngawula marang angger-anggeré Allah, nanging sarana daging aku ngawula marang angger-anggeré dosa.
1 Kang iku saiki wis ora ana paukuman manèh tumrap wong kang padha ana ing Kristus Yésus. 2 Sabab angger-anggeré Roh kang paring urip, wis ngluwari kowé kabèh ana ing Kristus, saka angger-anggering dosa lan pati. 3 Awit apa kang ora bisa ditindakaké déning angger-anggering Torèt jalaran tanpa daya marga déning daging, wis katindakaké déning Allah sarana ngutus Kang Putra piyambak, padha karo manungsa kang nandhang dosa, Panjenengané wis matrapi paukuman tumrap dosa ana ing sajroning daging, 4 supaya apa kang dadi pangajabé angger-anggering Torèt katetepana ana ing kita, kang ora padha urip nuruti daging, nanging manut marang Roh. 5 Sabab wong kang urip miturut daging, iku padha ngangen-angen prakara-prakara kang saka ing daging; nanging wong kang uripé manut marang Roh, iku padha ngangen-angen prakara-prakara kang saka Roh. 6 Awitdéné pepénginané daging iku pati, balik pepénginané Roh iku urip lan tentrem-rahayu. 7 Sabab pepenginaning daging iku nyatru marang Allah, awit ora cundhuk marang angger-anggeré Allah, lan pancèn iya ora bisa. 8 Wong kang urip miturut daging iku ora bakal ndadèkaké keparengé Allah. 9 Balik kowé iku padha ora urip miturut daging, nanging miturut Roh, mangkono iku menawa Rohing Allah pancèn dedalem ana ing kowé. Nanging sing sapa ora kadunungan Rohé Kristus, wong iku dudu kagungané Kristus. 10 Nanging menawa Kristus dedalem ana ing kowé, sanadyan badan iku mati marga saka dosa, nanging roh iku urip awit saka kabeneraké. 11 Menawa Rohé kang wis mungokaké Yésus saka ing antarané wong mati iku dedalem ana ing kowé, dadiné kang wis mungokaké Kristus saka ing antarané wong mati iku iya bakal nguripaké badanmu kang kena ing pati iku, lantaran Roh kang dedalem ana ing kowé. 12 Mulané para Sadulur, kita iki padha dadi wong kang kapotangan, nanging ora marang daging supaya urip nuruti daging. 13 Sabab menawa urip nuruti daging, kowé bakal padha mati; nanging menawa déning Roh kowé matèni panggawéning badanmu, kowé bakal padha urip. 14 Sakèhé wong kang katuntun déning Rohé Allah, iku padha dadi putrané Allah. 15 Awit kowé padha ora nampani rohing pangawulan kang njalari kowé dadi wedi manèh, nanging kowé wis padha nampani Roh kang njalari kowé dadi putrané Allah. Marga saka Roh iku kita banjur padha nyebut, "Abba, Rama!" 16 Roh iku neksèni bebarengan karo roh kita, yèn kita iku para putrané Allah. 17 Déné menawa kita iki dadi putra, dadi iya ahli waris, tegesé wong kang padha nduwèni hak nampani prasetyané Allah, kang bakal katampa bebarengan karo Kristus, yaiku menawa kita padha ndhèrèk nandhang sangsara karo Panjenengané, supaya kita iya ndhèrèk kamulyakaké bareng karo Panjenengané. 18 Sabab aku yakin, yèn kasangsaraan ing jaman saiki iku ora kena katandingaké karo kamulyan kang bakal kaparingaké marang kita. 19 Sabab kanthi cecengklungen sakèhing titah anggoné padha nganti-anti marang wektu kababaré para putrané Allah. 20 Awit sakèhing titah wis katelukaké marang prakara-prakara kang tanpa guna, ora saka karepé dhéwé, nanging marga saka karsané Panjenengané kang nelukaké, 21 ananging sajroning pangarep-arep, marga titah iku dhéwé uga bakal kaluwaran saka ing pangawulaning karusakan, lan lumebu marang kamardikan lan kamulyané para putrané Allah. 22 Sabab kita padha mangerti, yèn nganti sapréné sakèhing titah iku iya padha sesambat lan iya padha ngrasakaké larané wong kang arep nglairaké. 23 Ora mung wong-wong iku baé, nanging kita kang wis kaparingan Roh minangka ganjaran wiwitan, uga padha sesambat sajroning ati kalawan nganti-anti wektuné kaangkat putra, yaiku pangluwaraning badan kita. 24 Sabab kita padha kaslametaké ana ing pangarep-arep. Nanging pangarep-arep kang katon iku dudu pangarep-arep manèh, marga kepriyé wong isih ngarep-arep barang kang wis dideleng? 25 Nanging menawa kita ngarep-arep marang apa kang ora kita deleng, anggon kita ngarep-arep iku kalawan sabar. 26 Mangkono uga Roh iya mbiyantu kita ing sajroning karingkihan kita; awit kita ora mangerti kepriyé kuduné anggon kita ndedonga; nanging Roh piyambak ngaturaké panyuwun marang Allah, kanthi pasambat kang ora kaucapaké. 27 Sarta Allah kang nitipriksa sajroning ati, pirsa karsané Roh, yaiku menawa Panjenengané nyenyuwun kanggo para suci, nyondhongi karsané Allah. 28 Saiki kita padha mangerti, yèn Allah uga makarya ana ing samubarang kabèh, minangka beciké wong kang padha tresna marang Panjenengané, yaiku para kang tinimbalan miturut ing karsané Allah. 29 Marga wong kabèh kang wis kapilih saka ing wiwitan déning Panjenengané, iku iya katamtokaké saka ing wiwitan dadi madha rupa karo citrané Kang Putra, supaya Kang Putra iku dadi pambarep ana ing antarané sadulur kabèh. 30 Wong-wong kang padha katamtokaké saka ing wiwitan iku iya padha katimbalan. Lan kang wus padha katimbalan, iku iya padha kabeneraké. Apadéné kang wus kabeneraké, iku iya padha kamulyakaké. 31 Kang iku apa kang bakal kita kandhakaké tumrap kabèh mau? Menawa Allah ana ing pihak kita, sapa kang bakal nglawan kita? 32 Kang ora ngéman Kang Putra piyambak, nanging malah nganti masrahaké Panjenengané kanggo kita kabèh, apa iya kalakon ora maringaké samubarang kabèh marang kita bareng lan Panjenengané? 33 Sapa kang bakal nggugat para pilihané Allah? Apa Allah kang mbeneraké wong-wong mau? Sapa kang bakal matrapi paukuman? 34 Apa Kristus Yésus kang wis séda? Malah luwih saka iku, apa kang wis wungu, kang lenggah ana ing satengené Allah, malah dadi kang mbélani kita? 35 Sapa kang bakal misahaké kita saka sihé Kristus? Apa panganiaya, apa kasangsaran, apa panguya-uya, apa kaluwèn, apa kawudan, apa bebaya, apa pedhang? 36 Kaya kang wis katulisan, "Margi saking Paduka, kawula sami wonten ing salebeting bebaya pejah sadinten muput, kawula sami kaanggep kados ménda sembelèhan." 37 Nanging tumrap iku mau kabèh, kita padha ngluwihi wong-wong kang menang, lantaran Panjenengané kang wus ngasihi kita. 38 Sabab aku yakin, menawa pati utawa urip, para malaékat apa para pangwasa, kang saiki ana utawa kang bakal ana, 39 apa sakèhing pangwasa kang ana ing dhuwur utawa ing ngisor, utawa sawenèhing titah liyané, ora bakal bisa misahaké kita saka ing sihé Allah, kang ana ing Kristus Yésus, Gusti kita.
1 Aku ngandhakaké apa kang bener ana ing Kristus, aku ora goroh. Sabab osiking atiku mèlu neksèni marga déning Roh Suci, 2 menawa aku nandhang prihatin banget, lan tansah sedhih. 3 Malah aku saguh nampa ipat-ipat, sarta kapisah saka Kristus marga para Sadulurku, golonganing bangsaku cara daging. 4 Sabab wong-wong kabèh iku wong Israèl kang wis kaangkat dadi putra lan wis kaparingan kamulyan tuwin prajanjian-prajanjian sarta angger-anggering Torèt, apadéné pangibadah lan prasetya-prasetya. 5 Wong-wong iku padha tedhak-turuné para bapa leluhur, kang cara kadagingan nurunaké Kristus, kang ngungkuli samubarang kabèh. Panjenengané iku Allah kang kudu pinuji-puji ing salawas-lawasé. Amin. 6 Éwadéné pangandikané Allah iku mokal yèn ta nganti gagal. Awit ora kabèh wong kang asalé saka Israèl iku wong Israèl, 7 lan iya ora kabèh kang kagolong putrané Abraham iku tedhaké Abraham kang sejati, nanging, "Kang asalé saka Ishak iku kang bakal kasebut turunira." 8 Tegesé: Dudu anak-anak kang cara kadagingan kang dadi para putrané Allah, nanging para anak prasetyan kang kaétung dadi turun kang sah. 9 Sabab pangandika iku isi prasetya, mangkéné, "Ing watara pendhak mangsa iki Ingsun bakal rawuh, sarta Sarah bakal duwé anak lanang." 10 Malah ora mung iku baé. Kang luwih cetha manèh yaiku Ribka kang mbobot saka priya siji, yaiku Ishak, bapa leluhur kita. 11 Sabab nalika bayi-bayi mau durung padha lair, lan durung nglakoni panggawé becik utawa ala, -- supaya rancangané Allah bab pamilihé tetepa, ora adhedhasar panggawé nanging adhedhasar timbalané -- 12 dingandikakaké marang Ribka, mangkéné, "Sing tuwa bakal ngawula marang sing enom," 13 iya kaya kang katulis, surasané, "Yakub sunkasihi, nanging Ésau sunsengiti." 14 Yèn mangkono, apa kang bakal kita kandhakaké? Apa Allah ora adil? Mokal! 15 Sabab Panjenengané wis ngandika marang Musa, mangkéné, "Ingsun bakal melasi marang sapa baé kang sunkarsakaké sunwelasi, sarta Ingsun bakal paring sih-kamirahan marang sapa baé kang sunkarsakaké sunparingi sih-kamirahan." 16 Dadi bab iku ora gumantung marang kareping wong utawa réka-dayaning wong, nanging gumantung marang sih-kamirahané Allah. 17 Marga ing Kitab Suci ana pangandika marang Firaun, mangkéné, "Ya mangkono iku sababé anggoningsun ngangkat sira, yaiku supaya Ingsun bisa ngatingalaké pangwaosingsun ana ing sira, sarta asmaningsun supaya kasuwurna ing salumahing bumi." 18 Dadi Panjenengané maringi sih-piwelas marang sapa baé kang dikarsakaké, lan Panjenengané mangkotaké sapa baé kang dikarsakaké. 19 Saiki kowé arep kandha marang aku, "Yèn mangkono, apa manèh kang isih kaanggep luput déning Panjenengané? Sabab sapa kang bisa nglawan karsané?" 20 Nanging, hé manungsa, kowé iku sapa ta déné kok madoni Allah? Apa iya bisa ta, kang kagawé kandha marang kang nggawé, mangkéné, "Yagéné déné anggonmu gawé aku kok kaya mangkéné?" 21 Apa tukang grabah iku ora duwé wewenang tumrap lempungé; saka prongkolan kang padha, sapérangan kagawé barang kang mulya, sapérangan kagawé barang liyané kang lumrah? 22 Dadiné, saupama kangggo ngatingalaké bebendu lan nedahaké pangwaosé, Allah paring kasabaran kang gedhé marang wadhahing bebendu, kang wus kacawisaké marang karusakan, 23 mangka iku malah kagem ngatingalaké anggoné sugih kamulyan marang wadhahing sih-piwelasé, kang wis kacawisaké marang kamulyan? 24 Yaiku kita, kang wis padha katimbalan, ora mung saka ing antarané wong Yahudi baé, nanging uga saka ing antarané bangsa-bangsa liya, 25 kaya kang wus kapangandikakaké uga ana ing kitab Hoséa, surasané, "Kang dudu umatingsun bakal sunsebut umatingsun, lan kang dudu kekasih, iku sunsebut kekasih." 26 Lan ing panggonan kang wong-wongé dipangandikani, "Sira iku dudu umatingsun," ing kono wong-wong mau bakal dipangandikani, "Para Putrané Allah kang gesang." 27 Lan Yésaya nguwuh ing ngatasé Israel, mangkéné, "Sanadyan Banisraèl iku cacahé kaya wedhiné sagara, nanging mung kekarèné baé kang bakal kaslametaké. 28 Sabab apa kang wus kapangandikakaké, bakal tumuli katindakaké déning Pangéran ana ing bumi, kalawan sampurna lan tumuli." 29 Kaya kang sadurungé wus kaweca déning Yésaya, mangkéné, "Saupama Pangéran kang murbèng dumadi ora nyisakaké turun marang kita, kita wus dadi kaya Sodom lan padha kaya Gomora." 30 Yèn mangkono, apa kang bakal kita kandhakaké? Sanyatané: Bangsa-bangsa liya kang padha ora ngupaya apa kang bener, wus padha kabeneraké, yaiku kabeneraké marga saka pracaya. 31 Nanging: Bangsa Israèl sanadyan ngupaya apa kang bener lantaran angger-angger, ora bisa netepi angger-angger mau. 32 Yagéné kok ora? Sabab bangsa Israèl anggoné ngupaya ora adhedhasar pracaya, nanging adhedhasar panggawé. Bangsa iku padha kasandhung ing watu sandhungan, 33 kaya kang katulis, surasané, "Lah ing Sion Ingsun sèlèhi watu tetanggoran lan watu gedhé kang njalari wong tiba, lan sapa kang kumandel marang Panjenengané, ora bakal kawirangan."
1 Para Sadulur, kang dadi pepénginaning atiku lan pandongaku marang Allah yaiku, supaya wong-wong mau padha kaslametaké. 2 Amarga aku neksèni, yèn pancèn padha mempeng anggoné padha ngabekti marang Allah, nanging tanpa pangertèn kang bener. 3 Sabab, amarga padha ora mangerti marang pakaryaning Allah kang mbeneraké, sarta ngupadi beneré dhéwé, mulané padha ora sumuyud marang apa kang bener tumraping Allah. 4 Sabab Kristus iku kang dadi kawusanané angger-anggering Torèt, satemah saben wong kang pracaya banjur kabeneraké. 5 Sabab Musa nyerat apa kang bener miturut angger-anggering Torèt, mangkéné, "Sapa kang nglakoni angger-angger, iku bakal urip marga saka iku." 6 Nanging apa kang bener awit saka pracaya, iku uniné mangkéné, "Aja ngunandika ing sajroning atimu: Sapa ta kang bakal sumengka menyang swarga?" yaiku kanggo ngaturi Kristus tumedhak, 7 utawa, "Sapa ta kang bakal mudhun menyang teleng-palimenganing pati?" yaiku: Kanggo nginggahaké Kristus saka ing antarané wong mati. 8 Nanging kepriyé uniné? Mangkéné, "Pangandika iku cedhak karo kowé, ana ing cangkemmu lan ana ing atimu." Yaiku pangandika bab pracaya, kang dakwartakaké. 9 Sabab, menawa sarana cangkemmu kowé ngakoni yèn Yésus iku Gusti, lan atimu ngandel menawa Allah wus mungokaké Panjenengané saka ing antarané wong mati, kowé bakal kaslametaké. 10 Sabab, sarana ati wong anggoné pracaya sarta kabeneraké, lan sarana cangkem wong anggoné ngakoni pracayané, sarta kaslametaké. 11 Awit Kitab Suci mratélakaké, mangkéné, "Sapa kang pracaya marang Panjenengané, ora bakal kawirangan." 12 Sabab wong Yahudi lan wong Yunani iku ora ana bédané. Awit, Gustiné wong kabèh, iku sejatiné padha, sarta lubèr kadarmané marang sadhéngaha wong kang padha nyebut marang Panjenengané. 13 Awitdéné, "sapa kang nyebut asmaning Pangéran bakal kaslametaké." 14 Nanging kepriyé wong bisa nyebut marang Panjenengané kang durung dipracaya? Kepriyé wong bisa pracaya marang Panjenengané, menawa durung tau krungu bab Panjenengané? Kepriyé wong bisa krungu bab Panjenengané menawa ora ana kang martakaké? 15 Lan kapriyé wong bisa martakaké bab Panjenengané, menawa ora kautus? Kaya kang katulis, surasané, "Iba anggoné nyenengaké tekané wong kang padha nggawa pawarta becik." 16 Ananging ora saben wong padha nampani pawarta becik iku mau. Sabab Yésaya matur, mangkéné, "Dhuh Pangéran, sinten ingkang badhé pitados dhateng punapa ingkang sami kawula wartosaken?" 17 Dadiné, pracaya iku thukulé awit saka apa kang karungu, sarta apa kang karungu iku marga saka pangandikané Kristus. 18 Ananging aku takon: Apa wong-wong iku ora padha krungu? Sejatiné wis padha krungu, "Swarané wong-wong kang martakaké wis sumrambah ing salumahing bumi. Sarta pawartané wis tekan ing pungkasaning jagat." 19 Nanging aku takon manèh: Apa kirané Israèl ora mangerti? Wiwitané ana pangandikané Musa, mangkéné, "Ingsun bakal ndandèkaké kumèrènira marang wong-wong kang dudu umat, sarta ndadèkaké nepsunira marang bangsa kang bodho." 20 Lan kalawan kendel Yésaya ngandika, "Ingsun wis marengaké wong kang ora ngupaya Ingsun padha nemokaké Ingsun. Ingsun wus ngatingal marang wong-wong kang ora nakokaké Ingsun." 21 Balik tumrap Israèl pangandikané, mangkéné, "Sadina muput astaningsun mulung marang bangsa kang ora mbangun-turut sarta maido."
1 Kang iku aku takon: Apa kirané Allah wis nampik umaté? Babar pisan ora! Awit aku dhéwé iya wong Israèl trahé Abraham, saka suku Bényamin. 2 Allah ora nampik umaté kang kapilih wiwit biyèn. Apa kowé padha ora mangerti, apa kang wis kapangandikakaké ing Kitab Suci bab Élia, nalika nggugat Israèl ana ing ngarsané Allah, 3 "Dhuh Pangéran, para nabi Paduka sampun sami dipun pejahi, misbyah-misbyah Paduka sampun dipun brukaken, namung kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang punika sami kepéngin mejahi kawula." 4 Nanging kepriyé pangandikané Allah marang Élia mau? Mangkéné, "Ingsun isih ngèngèhaké wong pitung èwu kagem Ingsun, kang ora tau sujud nyembah marang Baal." 5 Mangkono uga ing wektu saiki, iya ana sisa sapantha kang pamilihé adhedhasar sih-rahmat. 6 Menawa bab iku kelakoné awit saka sih-rahmat, dadiné ora marga saka panggawé manèh, sabab yèn ora mangkono, kang diarani sih-rahmat iku dudu sih-rahmat manèh. 7 Dadiné kepriyé? Israèl ora bisa nggayuh apa kang diupaya, nanging para wong kang pinilih iku kang bisa olèh. Déné liyané, atiné wus padha kawangkotaké, 8 kaya kang katulis, surasané, "Allah ndadosaké wong-wong mau padha kaya turu kepati, maringi mripat kang ora kanggo ndeleng, lan kuping kang ora kanggo ngrungokaké, nganti tumeka ing dina iki uga." 9 Apadéné Daud munjuk, "Méja pakembulanipun dadosa kalajiret lan pasangan, séla sandhungan, punapadéné piwales tumrap tiyang-tiyang punika. 10 Saha mripatipun sami kadamela peteng, satemah sami mboten ningali, sarta gegeripun kadamela wungkuk ing salaminipun. 11 Kang iku aku takon: Apa wong mau anggoné padha kesandhung iku supaya tiba? Babar pisan ora! Nanging awit saka paneraké, karahayon banjur tumiba marang bangsa-bangsa liya, supaya padha mèri. 12 Awit menawa panerak mau ateges kasugihan tumraping jagat, lan kagagalané dadi kasugihané bangsa-bangsa liya, méndahané manèh kasampurnané. 13 Aku pitutur marang kowé, hé para bangsa kang dudu bangsa Yahudi. Iya marga aku iki dadi rasulé para bangsa kang dudu bangsa Yahudi, aku nganggep yèn bab iki dadi kamulyaning anggonku leladi, 14 yaiku mbokmenawa aku bisa nuwuhaké rasa mèri ing sajroning batiné para Sadulurku tunggal bangsa miturut daging, sarta bisa nylametaké marang sawatara wong panunggalané wong-wong iku. 15 Sabab yèn panampiké iku ateges pirukun tumrap ing jagat, panampané wong-wong iku apa nduwèni teges liya kajaba urip saka ing antarané wong mati? 16 Menawa jladrèn kang sapisanan iku suci, dadiné jladrèné kabèh uga suci, lan yèn oyodé suci, pang-pangé uga suci. 17 Mulané, menawa pang-pangé wis ana sawatara kang dikethoki, lan kowé kang dadi thukulan alas wis kacangkokaké minangka gantiné, temahan mèlu olèh bagéan saka oyodé wit zaitun kang kebak tlutuh iku, 18 kowé aja padha gumunggung marang pang-pang iku! Menawa kowé padha gumunggung, padha diéling, yèn dudu kowé kang nyangga oyodé, nanging oyod iku kang nyangga kowé. 19 Bisa uga kowé bakal kandha: Ana pang kang padha dikethoki, iku supaya aku kacangkokaké. 20 Iya bener! Anggoné padha dikethoki iku, awit saka anggoné ora pracaya, lan kowé bisa jejeg iku mung marga pracaya. Kowé aja umuk, nanging malah wedia! 21 Sabab, menawa Allah ora ngéman marang pang-pang kang asli, Panjenengané ora bakal ngéman marang kowé uga. 22 Mulané waspadakna sih-kamirahané Allah, nanging uga pandamelé kang keras, yaiku pandamelé kang keras tumrap wong kang wis padha tiba, nanging kamirahané tumrap kowé, samono iku menawa kowé tetep ana ing kamirahané, menawa ora, kowé iya bakal padha kapagas uga. 23 Nanging pang kang wis padha kapagas mau uga bakal kacangkokaké, menawa ora puguh anggoné ora pracaya, jalaran Allah kagungan pangwasa nyangkokaké iku manèh. 24 Sabab menawa kowé kang dadi pangé wit zaitun alas wis padha kakethok, lan cengkah karo kaananmu iku, kowé wis padha kacangkokaké ing wit zaitun sejati, méndahané manèh pang-pang kang asli, mesthi bakal kacangkokaké ing wit zaitun asliné dhéwé. 25 Para Sadulur, supaya kowé aja padha rumangsa pinter, karepku kowé padha mangertia wewadi iki: Wong Israèl iku sapérangan padha mangkotaké atiné, nganti tekan ganeping cacahé wong-wong saka bangsa-bangsa liyané kang sowan marang Allah. 26 Kanthi patrap kang mangkono, wong Israèl bakal kaslametaké kabèh, kaya kang katulis, surasané, "Saka ing Sion bakal rawuhé Juru-wilujeng, Panjenengané bakal nyingkiraké sakèhing pamblasaré Yakub. 27 Lan iki prasetyaningsun karo wong-wong iku, nalika Ingsun mbirat dosané." 28 Mungguhing Injil, wong-wong iku padha dadi mungsuhé Allah marga kowé, ananging mungguhing pilihan, wong-wong iku padha dadi kekasihé Allah, marga para leluhuré. 29 Sabab Allah ora keduwung tumrap peparing lan timbalané. 30 Sabab iya padha karo kowé ing biyèn, anggonmu padha ora mbangun-turut marang Allah, nanging saiki wus padha nampa sih-kawelasan marga wong-wong iku padha ora mbangun-turut, 31 mangkono uga, wong-wong iku saiki iya padha ora mbangun-turut, supaya marga saka sih-kawelasan kang wis koktampa, wong-wong mau uga bakal nampa sih-kawelasan. 32 Sabab Allah wis ngungkung manungsa kabèh ana ing kaanan ora mbangun-turut, supaya Panjenengané bisa nélakaké sih-kawelasané marang wong-wong kabèh mau. 33 Wah, saiba gunging kasugihan, kawicaksanan sarta kawaskithané Allah! Sanyata putusané ora kena jinajagan, sarta marginé ora kena katlusuran. x - 34 Sabab, sapa ta kang nyumurupi marang panggalihané Pangéran? Utawa, sapa ta kang bisa dadi paramparané? 35 Utawa, sapa ta kang wus tau nyaosaké samubarang marang Panjenengané, satemah Panjenengané kudu paring leliru? 36 Awitdéné samubarang kabèh iku saka Panjenengané, krana Panjenengané sarta kagem Panjenengané; kamulyan kagema Panjenengané salawas-lawasé! Amin.
1 Kang iku para Sadulur, marga saka sih-kamirahané Allah, aku pitutur marang kowé, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip, kang suci lan kang dadi keparengé Allah: Iya kang mangkono iku pangibadahmu kang sejati. 2 Kowé aja madha rupa kaya donya iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyaraké, satemah kowé bisa mbédakaké endi kang dadi karsané Allah: Apa kang becik, kang dadi keparengé lan kang sampurna. 3 Adhedhasar sih-rahmat kang kaparingaké marang aku, aku pitutur marang saben wong ing antaramu: Aja padha mikiraké prakara-prakara kang luwih dhuwur katimbang kang patut kok pikiraké, nanging anggonmu mikir kudu kanthi duga-prayoga, satemah kowé padha bisa ngwasani badanmu miturut ukuraning pangandel, kang kaparingaké déning Allah marang kowé dhéwé-dhéwé. 4 Sabab padha kaya badan siji, kita nduwèni gegelitan kang akèh, nanging ora kabèh gegelitan iku duwè ayahan kang padha, 5 mangkono uga kita iki, sanadyan akèh, padha dadi badan siji ana ing Kristus; ananging siji-sijiné kita padha dadi gegelitan tumrap liyané. 6 Iya mangkono iku, kita iki padha duwé ganjaran kang béda-béda, miturut peparing kang kaparingaké marang kita: Menawa ganjaran iku kanggo meca, tindakna miturut pangandel kita. 7 Menawa ganjaran kanggo leladi, iya padha leladia; menawa ganjaran kanggo memulang, iya padha memulanga; 8 menawa ganjaran kanggo awèh pitutur, iya padha awèha pitutur. Sing sapa ngedum-edum, tindakna kanthi éklasing ati; sapa kang mimpin, tindakna kanthi taberi; sapa kang nélakaké kawelasan, tindakna kanthi bungah. 9 Tresna iku aja lamis! Padha sengita marang piala sarta nglakonana panggawé becik. 10 Kowé padha tresna-tinresnanana dikaya sadulur, lan padha dhisik-dhisikan anggonmu urmat-ingurmatan. 11 Kasregepanmu aja nganti kendho, rohmu ngalad-alada, lan padha leladia marang Pangéran. 12 Padha bungaha sajroning pangarep-arep, disabar sajroning kasusahan, dimantep anggonmu ndedonga! 13 Padha mèlua nanggung kekurangané para suci lan padha awèh panginepan! 14 Berkahana sapa kang nganiaya kowé, berkahana lan aja koksupatani. 15 Mèlua bungah karo wong kang bungah, lan nangisa karo wong kang nangis. 16 Padha ditunggal ati ing sajroning uripmu bebarengan; aja mikiraké prakara kang dhuwur-dhuwur, nanging enerna uripmu kanggo prakara-prakara kang prasaja. Aja kuminter! 17 Aja males ala marang wong kang gawé piala; padha nindakna apa kang becik tumrap wong kabèh. 18 Sabisa-bisa, yèn pancèn gumantung marang kowé, uripa kanthi rukun karo wong kabèh. 19 Para Sadulurku kang kinasih, kowé dhéwé aja nganti padha nandukaké piwales, nanging prakara iku pasrahna marang bebenduné Allah, sabab ana tulisan, mangkéné, "Pamales iku wewenangingsun. Ingsun kang bakal malesaké," mangkono pangandikaning Pangéran. 20 Nanging, "Menawa mungsuhmu kaluwèn, wènèhana mangan; yèn ngelak, wènèhana ngombé. Sabab kanthi patrap mangkono iku, kowé gawé wirangé, prasasat numpuk mawa ing sirahé." 21 Kowé aja nganti dikalahaké déning piala, nanging piala iku kalahna sarana kabecikan.
1 Saben wong sumuyuda marang pangwasa kang mbawahaké, sabab ora ana pangwasa kang asalé ora saka Allah; lan para pangwasa kang ana iku padha katetepaké déning Allah. 2 Mulané sing sapa mbaléla marang pamaréntah, ateges mbangkang marang pranatané Allah, lan sapa baé kang mbaléla, bakal nekakaké paukuman tumrap awaké dhéwé. 3 Awit sing sapa tumindak becik, ora usah wedi marang pamaréntah, mung menawa nglakoni panggawé ala baé. Apa kowé gelem urip tanpa wedi marang pamaréntah? Nindakna apa kang becik, temah kowé bakal olèh pangalemé. 4 Awit pamaréntah iku abdiné Allah kanggo kabecikanmu. Nanging menawa kowé nindakaké piala, pancèn iya kudu wedi, marga ora tanpa gawé anggoné pamaréntah iku nganggar pedhang. Pamaréntah iku abdiné Allah kanggo malesaké bebenduné Allah tumrap kang padha nindakaké piala. 5 Mulané kita prelu padha sumuyud, ora mung marga bebenduné Allah baé, nanging uga marga saka osiking ati kita. 6 Iya marga saka iku anggonmu padha mbayar pajeg. Awit kang padha ngurusi iku mau padha dadi abdiné Allah. 7 Mbayara marang wong kabèh apa baé kang kudu kokbayar. Pajeg marang wong kang wenang nampani pajeg, béya marang wong kang wenang nampani béya; pakèring marang wong kang wenang nampa pakèring lan pakurmatan marang wong kang wenang nampa pakurmatan. 8 Kowé aja padha duwé utang apa-apa marang sapa baé, kajaba mung utang tresna-tinresnan. Awit sing sapa nresnani pepadhané, iku wus netepi angger-anggering Torèt. 9 Awit dhawuh, "Aja laku jina, aja matèni, aja nyenyolong, aja mélik," apadéné dhawuh liyané, wus kacakup ana ing pangandika iki, yaiku, "Tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé!" 10 Katresnan iku ora nindakaké piala marang sapepadhané, mulané katresnan iku ngganepi angger-anggering Torèt. 11 Prakara iki kudu koktindakaké, sabab kowé mangerti kaanané wektu saiki, yaiku wus tekan wanciné kowé tangi saka anggonmu turu. Awit saiki wektu kang kanggo nylametaké kita wus saya cedhak, katimbang nalika kita dadi wong pracaya. 12 Wektuné wis lingsir wengi, wis mèh raina. Mulané payo kita padha ngrucat sakèhing panggawé kang peteng, sarta sikep gegamaning pepadhang! 13 Payo kita padha urip kang patut, kaya ing wayah awan, aja padha nguja memangan lan mendem-mendeman; aja padha laku jina lan ngumbar hawa-napsu; aja padha tukar padu lan kumèrèn. 14 Nanging padha ngrasuka Gusti Yésus Kristus lan aja nuruti watak kang asipat daging kanggo ngumbar pepénginané.
1 Wong kang ringkih pracayané iku tampanana, lan aja ngrembug panemuné. 2 Ana wong kang yakin, yèn kena mangan sawernaning pangan, nanging wong kang ringkih pracayané mung mangan jejanganan baé. 3 Sapa kang mangan, aja ngrèmèhaké kang ora mangan, sarta sapa kang ora mangan aja ngadili wong kang mangan, awit Allah wus kepareng nampa wong mau. 4 Kowé iku sapa ta, déné kok ngadili baturing liyan? Wong iku ngadeg apa tiba, iku rak urusané bendarané dhéwé. Nanging wong iku bakal tetep ngadeg, marga Pangéran kwaos njaga wong mau supaya terus ngadeg. 5 Ana wong kang nganggep yèn ana dina kang luwih wigati katimbang dina-dina liyané, nanging ana manèh kang ngarani menawa kabèh dina iku padha baé. Saben wong iku yakina kanthi temenan ana ing sajroné atiné dhéwé. 6 Sapa kang nggondèli salah siwijining dina, anggoné tumindak mangkono mau kagem ngurmati Gusti. Déné wong kang mangan, nindakaké kang mangkono iku kagem Gusti, awit wong iku ngaturaké panuwun marang Allah. Lan sapa kang ora mangan, wong mau nindakaké iku kagem Gusti, lan uga ngaturaké panuwun marang Allah. 7 Sabab ora ana siji baé ing antara kita kang uripé kanggo awaké dhéwé, lan ora ana siji baé ing antara kita kang patiné kanggo awaké dhéwé. 8 Marga menawa kita urip, urip kita iku kagem Gusti, lan menawa kita mati, mati kita iku iya kagem Gusti. Dadiné, urip utawa mati, kita iki padha dadi kagungané Gusti. 9 Sabab, iya minangka iku Kristus wus séda lan wungu manèh, supaya Panjenengané jumeneng Gusti tumrap wong-wong mati apadéné kang isih urip. 10 Nanging mungguhing kowé, yagéné kowé kok ngadili sadulurmu tunggal pracaya? Utawa yagéné kowé kok ngrèmèhaké sadulurmu iku? Awit kita kabèh kudu ngadhep dhamparing pangadilané Allah. 11 Awit ana tulisan, surasané, "Demi gesangingsun," mangkono pangandikaning Pangéran, kabèh dhengkul bakal padha sujud ana ing ngarsaningsun, sarta sakèhé ilat bakal ngluhuraké Allah." 12 Dadiné saben wong ing antara kita bakal ngaturaké panjawab kita dhéwé-dhéwé marang Allah. 13 Mulané kita aja padha adil-ingadilan manèh! Nanging luwih becik kowé nganut panemu iki: Kita aja nganti dadi jalarané sadulur tunggal pracaya kita tiba utawa kesandhung! 14 Aku mangerti lan yakin ana ing Gusti Yesus, yèn ora ana barang kang najis saka kaanané dhéwé; mung kanggo wong kang nganggep sawijining barang iku najis, tumrapé wong mau barang iku dadi najis. 15 Sabab yèn kowé nglarakaké atiné sadulurmu tunggal pracaya marga saka apa kang kokpangan, dadiné kowé ora urip awewaton katresnan manèh. Kowé aja gawé rusaké sadulurmu marga saka panganmu, sabab Kristus wus séda kanggo wong iku. 16 Kanthi mangkono, kowé aja nganti gelem dipitenah bab apa kang becik tumrapmu. 17 Sabab Kratoné Allah iku dudu bab pangan lan ombén-ombèn, nanging bab kayektèn, tentrem-rahayu sarta suka-pirena marga déning Roh Suci. 18 Awit sapa baé kang ngladosi Kristus kanthi patrap mangkono, iku dadi keparengé Allah sarta kaajènan ing wong. 19 Mulané payo kita padha nggayuh marang apa kang ndadèkaké rukun sarta bangun-binangun. 20 Kowé aja mbubrah pakaryané Allah marga déning pangan! Samubarang kabèh iku suci, nanging wong dadi luput, yèn pangané njalari wong liya kesandhung. 21 Beciké kowé aja mangan daging sarta aja ngombé anggur, utawa nindakaké apa baé kang dadi sandhungan tumrap sadulurmu tunggal pracaya. 22 Antepana kang dadi keyakinanmu iku tumrap awakmu dhéwé ana ing ngarsané Allah. Rahayu wong kang ora ngukum awaké dhéwé tumrap apa kang dianggep becik katindakaké. 23 Nanging sing sapa mangan kanthi mangu-mangu, iku ateges wis kaukum, awit anggoné nindakaké iku ora kadhasaran pracaya. Mangka samubarang kang ora kadhasaran pracaya iku dosa.
1 Anadéné kita kang kuwat, mèlu nyangga karingkihané wong kang ora kuwat, lan aja ngupaya kasenengan kita dhéwé. 2 Saben wong ing antara kita, kudu ngudi kasenengané sapadha-padha, murih beciké supaya padha kabangun. 3 Awit Kristus uga ora ngupaya karemenané piyambak, nanging kaya kang katulisan, surasané, "Tembung-tembung panacadipun tiyang ingkang sami nyacad Paduka, dhumawah dhateng kawula." 4 Ujer samubarang kang biyèn wus katulis, iku katulis minangka piwulang kanggo kita, supaya kita gondhèlan kanthi kenceng ing pangarep-arep kalawan sabar mantep sarta panglipur kang saka ing Kitab Suci. 5 Muga-muga Allah kang dadi etuking sabar mantep sarta panglipur, karsa maringi pirukun marang kowé, kaya kang dikarsakaké déning Kristus Yésus, 6 satemah kalawan saiyeg sarta tunggal tembung, kowé padha ngluhuraké Allah, lan Ramané Gusti kita, Yésus Kristus. 7 Mulané kowé padha tampa-tinampanana, padha kaya Kristus anggoné uga wus nampani kita, kagem kaluhurané Allah. 8 Kang dakkarepaké yaiku, marga kayektèné Allah, Kristus wus dadi peladosé para wong tetakan, kanggo ngukuhaké prasetyané kang wus kaparingaké marang para leluhur kita, 9 sarta supaya para bangsa padha bisa ngluhuraké Allah, awit saka sih-palimirmané, kaya kang katulis, surasané, "Mila kawula badhé ngluhuraken Paduka, wonten ing satengahing para bangsa, saha memuji asma Paduka kanthi pangidung mazmur." 10 Lan saterusé mangkéné, "Hé para bangsa, padha bungah-bungaha bareng karo umaté." 11 Lan manèh, "Hé para bangsa, padha saosa puji marang Pangéran, sarta sakèhé suku bangsa padha memujia marang Panjenengané." 12 Sarta sabanjuré pangandikané Yésaya, "Bakal ana sogol thukul saka tunggaké Isai, kang bakal jumeneng ngerèh para bangsa, sarta iya Panjenengané iku kang bakal dadi pangarep-arepé para bangsa." 13 Muga-muga Allah, etuking pangarep-arep, menuhi kowé kabèh kanthi sakèhing kabungahan sarta tentrem-rahayu ing sajroning pracayamu, supaya marga saka sawabé Roh Suci, kowé nduwèni lubèring pangarep-arep . 14 Para Sadulur, aku dhéwé pancèn yakin mungguhing kowé, yèn kowé wus padha sugih kabecikan, mumpuni ing sakèhing kawruh, sarta kaconggah padha éling-ingélingaké. 15 Éwadéné marga saka sih-rahmat peparingé Allah marang aku, ana ing layang iki ing kana-kéné aku rada wani awèh pepéling marang kowé kabèh, 16 yaiku menawa aku kepareng dadi peladosé Kristus Yésus minangka imam kanggo bangsa-bangsa liya, ing bab martakaké Injilé Allah, supaya bangsa-bangsa mau bisa katampi déning Allah, minangka pisungsung kang dadi keparengé, kang kasucèkaké déning Roh Suci. 17 Dadi aku bisa nglairaké panggunggung ana ing patunggilané Kristus tumrap peladosanku ana ing ngarsaning Allah. 18 Awit aku ora bakal kumawani nyritakaké bab liyané, kajaba samubarang kang wis katindakaké déning Kristus lantaran aku, yaiku nuntun bangsa-bangsa liya marang pambangun-turut, srana pangucap sarta panggawé, 19 kanthi kwasa awujud tandha pangéram-éram sarta kanthi pangwaosing Rohé Allah. Iya mangkono iku, sajroning mider-mider wiwit saka Yérusalèm nganti tekan Ilirikum, aku wis martakaké Injilé Kristus sakatogé. 20 Lan sajroné martakaké mau aku nganggep dadi utamaning lakuku, menawa anggonku martakaké ora ana ing panggonan-panggonan kang asmané Kristus wus dimangretèni ing wong, supaya anggonku mbangun iku aja nganti ana ing dhasar kang wis kapasang déning wong liya, 21 nanging padha karo kang katulis, surasané, "Wong kang padha durung kawartanan bab Panjenengané, bakal padha ndeleng Panjenengané, sarta kang padha durung tau krungu pawartané, bakal padha mangerti." 22 Ya marga saka iku aku tansah kepalang anggonku arep nemoni kowé kabèh. 23 Nanging saiki, sarèhné aku wus ora duwé papan nyambut-gawé manèh ana ing wilayah kéné, sarta sarèhné aku wis sawatara taun kepéngin nemoni kowé kabèh, 24 mulané ing lakuku menyang Spanyol, bisaa mampir menyang padununganmu, lan ketemu karo kowé, temah kowé banjur padha bisa ngeteraké aku mrana, sawisé aku bisa ngrasakaké seneng sawatara marga bisa ketemu karo kowé kabèh. 25 Ananging wektu saiki, aku lagi ana ing sajroning lakuku menyang Yèrusalèm, ngeteraké sumbangan kanggo para suci. 26 Sabab para sadulur ing Makédonia lan ing Akhaya wis padha gawé putusan nyumbang apa-apa marang wong-wong miskin panunggalané para suci ing Yérusalèm. 27 Prakara iku wis diputusaké kanthi éklas, lan pancèn wis dadi kuwajibané. Sabab, menawa bangsa-bangsa liya wis padha tampa panduman bandha karohanèné wong Yahudi, bangsa-bangsa mau iya wajib ngladèni uga marang wong Yahudi kalawan bandha kadonyané. 28 Kang mangkono, menawa aku wis nindakaké ayahan iku sarta wis masrahaké wohing pambudidayané bangsa-bangsa liya mau, aku tumuli mangkat menyang Spanyol liwat ing kuthamu. 29 Lan aku mangerti, menawa anggonku tilik kowé, aku bakal nindakaké kanthi kebak berkahé Kristus. 30 Ananging marga Kristus, Gusti kita, lan marga katresnan kang sumberé saka Roh, kowé padha dakpituturi, para Sadulur, supaya mbudidaya bebarengan karo aku ana ing pandonga marang Allah kanggo aku, 31 supaya aku kauwalaké saka wong-wong ing Yudéa kang padha ora mbangun-miturut, lan supaya peladosanku kanggo Yérusalèm iku katanggapana kanthi becik déning para suci ing kono, 32 supaya aku bisa kanthi kebak kabungahan nemoni kowé awit saka karsané Allah, lan anggonku bebarengan karo kowé bisa nyegeraké ati. 33 Allah, etuking tentrem-rahayu nunggila karo kowé kabèh! Amin.
1 Aku njaluk kawigatènmu tumrap Fébé, sadulur wanita tunggal pracaya kang dadi pelados ana ing pasamuwan Kéngkréa, 2 supaya koktampani ana ing patunggilané Gusti, kanthi patrap kang samesthiné tumrap para suci, sarta wènèhana, pitulungan samangsa dibutuhaké. Sabab wong iku wus awèh pitulungan marang wong akèh, klebu aku dhéwé. 3 Salam marang Priska lan Akwila, kanca-kancaku sapagawéan ana ing Kristus Yésus. 4 Wong-wong mau wus padha ngetohaké nyawané kanggo uripku. Ora mung aku baé kang awèh panarima, nanging iya sakèhing pasamuwan kang dudu Yahudi. 5 Uga salam marang pasamuwan kang ana ing omahé. Salam marang Épénétus, sadulur tunggal pracaya kang daktresnani, kang dadi woh kang kapisanan saka wilayah Asia kagem Kristus. 6 Salam marang Maria, kang wus nyambut-gawé tanpa ngétung sayah kanggo kowé kabèh. 7 Salam marang Andronikus lan Yunias, sadulurku tunggal bangsa, kang wis tau kinunjara bareng aku, kang padha kajèn ana ing antarané para rasul, sarta kang anggoné dadi Kristen sadurungé aku. 8 Salam marang Ampliatus kang daktresnani ana ing Gusti. 9 Salam marang Urbanus kancaku sapagawéan ana ing Kristus, sarta salam marang Stakhis, kang daktresnani. 10 Salam marang Apèlès, kang wus katitik tahan uji ana ing Kristus. Salam marang wong kang padha klebu kulawargané Aristobulus. 11 Salam marang Hérodion, kancaku tunggal bangsa. Salam marang wong kang padha klebu kulawargané Narkisus, kang ana ing patunggilané Gusti. 12 Salam marang Triféna lan Trifosa, kang padha mempeng banget anggoné lelados kagem Gusti. Salam marang Persis, kang daktresnani, kang wus mbudi daya kanthi mempeng kagem Gusti. 13 Salam marang Rufus, wong kang pinilih ana ing Gusti, sarta salam marang ibuné kang tumraping aku uga dadi ibuku. 14 Salam marang Asinkritus, Flégon, Hèrmès, Patrobas, Hèrmas sarta para Sadulur tunggal pracaya kang padha tetunggalan karo sadulur-sadulur. 15 Salam marang Filologus lan Yulia, Néréus sarta saduluré wadon, lan Olimpas, apadéné sakèhé para suci kang padha tetunggalan karo sadulur-sadulur mau. 16 Padha sesalamana kalawan pangambung kang suci. Salam marang kowé kabèh saka sakèhing pasamuwané Kristus. 17 Nanging kowé padha dakpituturi, para Sadulur, padha diwaspada marang para wong kang nyebar pasulayan, gawé sandhungan, cengkah karo piwulang kang wis koktampa. Singkirana wong-wong iku. 18 Sabab wong-wong kang kaya mangkono iku, padha ora lelados marang Kristus, Gusti kita, nanging padha ngawula marang wetengé dhéwé. Lan kanthi tetembungan kang muluk-muluk sarta basané kang manis, padha ngapusi marang wong-wong kang tulus atiné. 19 Pawarta bab kasetyanmu wus keprungu wong akèh. Mulané aku bungah banget ing ngatasé kowé. Nanging karepku, kowé padha wicaksanaa tumrap apa baé kang becik sarta kalis saka sarupaning piala. 20 Allah, kang dadi etuking tentrem-rahayu, bakal énggal nglebur Iblis ana ing sangisoring tlapakané sikilmu. Sih-rahmaté Yésus, Gusti kita, nunggila ing kowé kabèh. 21 Salam marang kowé kabèh saka Timotius, kancaku sapagawéan, lan saka Lukius, Yason apadéné Sosipatèr, kanca-kancaku tunggal bangsa. 22 Kula Tèrtius ingkang nyerat serat punika, inggih kintun salam dhateng panjenengan sadaya ing patunggilanipun Gusti. 23 Salam marang kowé kabèh saka Gayus, kang awèh panginepan marang aku, lan marang pasamuwan kabèh. Salam marang kowé kabèh saka Érastus, hartakaning nagara, lan saka Kwartus sadulur kita tunggal pracaya. 24 Sih-rahmaté Yésus Kristus, Gusti kita, nunggila ing kowé kabèh! Amin. 25 Kagem Panjenengané, kang kwasa nyantosakaké kowé kabèh, -- manut Injil kang dakwartakaké, sarta pawarta bab Yésus Kristus, cocog karo kawiyaké wewadi kang sumimpen pirang-pirang abad lawasé, 26 nanging kang saiki wis kababar, sarta wis kawartakaké déning kitab-kitabé para nabi, manut dhawuhé Allah kang langgeng marang sakèhing bangsa, kanggo nuntun marang ing pambangun-turuting pracaya -- 27 kagem Allah, iya mung Panjenengané piyambak kang kebak kawicaksanan, awit saka Yésus Kristus: sakèhing kamulyan langgeng ing salawas-lawasé! Amin.
1 Saka Paulus, kang katimbalan dadi rasulé Kristus Yésus, awit saka karsané Allah, lan saka Sostenès, sadulur kita tunggal pracaya, 2 marang pasamuwané Allah kang ana ing Korintus, yaiku para kang sinucèkaké ana ing Kristus Yésus, sarta kang padha katimbalan dadi wong suci, dalah sakèhé wong ing endi-endi, kang padha nyebut asmané Gusti kita Yésus Kristus, yaiku Gustiné wong-wong mau lan iya Gusti kita. 3 Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yésus Kristus, anaa ing kowé kabèh. 4 Aku tansah saos sokur marang Allahku karana kowé kabèh, awit saka sih-rahmaté Allah kang kaparingaké marang kowé ana ing Kristus Yésus. 5 Awitdéné ana ing Panjenengané, kowé wus padha dadi sugih samubarang, iya sarupaning pitembungan lan sawarnaning kawruh, 6 laras karo paseksi bab Kristus, kang wus kateguhaké ana ing antaramu. 7 Satemah kowé padha ora kekurangan ing bab sadhéngah ganjaran, sajroné kowé padha nganti-anti kababaré Gusti kita Yésus Kristus. 8 Panjenengané iya bakal neguhaké kowé nganti tumeka ing wekasan, temah kowé padha tanpa cacad bésuk ing dinané Gusti kita Yésus Kristus. 9 Allah, kang wus nimbali kowé marang patunggilané Kang Putra Yésus Kristus, Gusti kita, iku setya tuhu. 10 Éwadéné panjalukku kanthi banget marang kowé kabèh, para Sadulur, marga saka asmané Gusti kita Yésus Kristus, kowé kabèh dipadha saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowé dipadha manunggal, tunggal budi sarta tunggal pangrasa. 11 Sabab, para Sadulurku, aku wus diwartani déning wong-wong saka brayaté Khloè bab kowé kabèh, yèn ing antaramu ana pasulayan. 12 Kang dakkarepaké yaiku siji-sijiné panunggalanmu kandha: Aku iki golongané Paulus! Aku golongané Apolos! Aku golongané Kéfas! Utawa aku golongané Kristus! 13 Apa Kristus iku kabagi-bagi? Apa Paulus iku kasalib marga saka kowé? Utawa apa kowé padha kabaptis ing jenengé Paulus? 14 Aku saos sokur déné siji baé saka ing antaramu ora ana kang dakbaptis kajaba Krispus lan Gayus, 15 satemah ora ana wong kang bisa kandha yèn kowé padha kabaptis ing jenengku. 16 Aku iya mbaptis brayaté Stéfanas. Kejaba iku aku ora kèlingan, apa isih ana wong liyané manèh kang dakbaptis. 17 Sabab Kristus anggoné ngutus aku iku ora supaya mbaptis, nanging supaya ngabaraké Injil, lan bab iku ora nganggo kawicaksananing tembung, supaya salibé Kristus aja nganti tanpa guna. 18 Awit pawarta bab salib iku pancèn kaanggep bodho tumrapé wong kang bakal padha tiwas, nanging kanggo kita kang padha kapitulungan rahayu, pawarta iku dadi kakiyataning Allah. 19 Sabab ana tulisan mangkéné, "Ingsun bakal nglebur kawicaksanané para wong wicaksana, lan kapinterané para wong pinter bakal sunsirnakaké." 19: 20 Ana ing ngendi wong kang wicaksana? Ana ing ngendi ahli Torèt? Ana ing ngendi juru bantah ing jaman iki? Allah rak wus ndadèkaké kawicaksanané jagat iki bodho? 20: 21 Awit sarèhné sajroning kawicaksanané Allah jagat ora wanuh marang Panjenengané kalawan kawicaksanané, mulané wus dadi keparengé Allah mitulungi rahayu marang para wong kang padha pracaya marga saka kabar Injil kang kaanggep bodho. 22 Wong Yahudi padha ngudi pratandha, lan wong Yunani padha ngupaya kawicaksanan, 23 balik aku padha martakaké Kristus kang sinalib: Mungguhing wong Yahudi dadi sandhungan lan tumrap kang dudu Yahudi kaanggep bodho, 24 nanging tumrap para kang katimbalan, wonga Yahudi, wonga kang dudu Yahudi, Kristus iku dadi kakiyataning Allah lan kawicaksananing Allah. 25 Awit apa kang kaanggep bodhoning Allah iku luwih wicaksana katimbang karo manungsa, lan karingkihaning Allah iku luwih rosa katimbang karo manungsa. 26 Padha ngélingana baé, para Sadulur, kepriyé kaananmu nalikané kowé padha katimbalan, miturut ukuraning manungsa ora akèh kang kalebu wong wicaksana, ora akèh wong kang kalebu gedhé wibawané, ora akèh kang kalebu wong luhur. 27 Nanging kang kaanggep bodho mungguhing jagat, kapilih déning Allah kanggo mirangaké para wong wicaksana, apadéné kang kaanggep ringkih mungguhing jagat, kapilih déning Allah kanggo mirangaké kang rosa, 28 lan kang asor sarta nistha mungguhing jagat, iku kapilih déning Allah, malah kang ora ana ajiné kapilih déning Allah kanggo ngorakaké kang aji, 29 supaya aja ana manungsa siji baé kang gumunggung ana ing ngarsané Allah. 30 Nanging awit saka Panjenengané, kowé wis padha ana ing Kristus Yésus kang marga saka Allah wus dadi kawicaksanan tumrap kita. Panjenengané wis ngleresaké, nucèkaké sarta nebus kita, 31 mulané kaya kang katulis, suraosé, "Sing sapa gumunggung, iku gumunggunga ana ing Pangéran."
1 Mangkono uga nalikané aku nemoni kowé, para Sadulur, tekaku ora kanthi pitembungan kang muluk-muluk utawa nganggo kawicaksanan kang luhur anggonku nglantaraké wewadining Allah marang kowé. 2 Sabab aku wis mutusaké menawa ora duwé sedya nyumurupi apa-apa ana ing antaramu kajaba Yésus Kristus, yaiku Panjenengané kang sinalib. 3 Lan manèh tekaku nemoni kowé iku kalawan apes lan wedi banget sarta gumeter. 4 Anggonku guneman utawa anggonku martakaké ora nganggo tembung-tembunging kawicaksanan kang ngyakinaké, nanging kanthi buktining kakiyatané Roh, 5 supaya pracayamu aja gumantung marang kawicaksananing manungsa, nanging kakiyataning Allah. 6 Sanadyan mangkono aku padha nglairaké kawicaksanan ana ing kalangané wong kang wis padha mateng kawruhé, nanging dudu kawicaksanané jagat iki, lan dudu kawicaksanané para pangwasané jagat iki, yaiku pangwasa kang bakal kasirnakaké. 7 Nanging kang padha dakwartakaké iku kawicaksanané Allah kang kineker sarta winadi, kang wis kacawisaké déning Allah ing sadurungé jagat dumadi, kanggo kamulyan kita. 8 Lan pangwasaning jagat iki ora ana kang nyumurupi kawicaksanan iki, awit menawa padha nyumurupi mesthi ora nganti padha nyalib Gusti kang minulya. 9 Nanging kaya kang tinulis, suraosé, "Kang ora tau kadeleng ing mripat, lan ora tau rinungu ing kuping, sarta kang ora tau tuwuh ing atining manungsa, kang wus kacawisaké déning Allah, iku mau kabèh kanggo para kang padha nresnani Panjenengané." 10 Awit Allah wis nglairaké bab iku marang kita sarana Roh, sabab Roh iku nitipriksa samubarang kabèh, dalah bab kang winados ing Allah. 11 Awit sapa ta ing antarané manungsa kang bisa nyumurupi apa kang tinemu ana ing atiné, kajaba mung rohé manungsa iku dhéwé kang ana ing batiné? Mangkono uga ora ana wong kang sumurup apa kang dumunung ing Allah kajaba Rohé Allah. 12 Kita ora nampani rohé jagat, nanging Roh kang asalé saka Allah, supaya kita padha bisa nyumurupi apa kang dadi sih-peparingé Allah marang kita. 13 Lan sarèhné aku padha awèh katrangan bab-bab karohanèn marang wong-wong kasukman, anggonku ngrembug bab sih-kamirahané Allah iku nganggo tetembungan kang ora diwulangaké marang aku kabèh déning kawicaksananing manungsa, nanging déning Roh. 14 Nanging manungsa kadonyan ora nampani apa kang asalé saka Rohé Allah, awit bab iku tumraping wong mau kaanggep bodho; sarta wong iku ora bisa ngerti, awit bab mau mung bisa kawawas cara kasukman. 15 Balik wong kasukman iku nitipriksa samubarang kabèh, nanging awaké dhéwé ora katiti déning liyan. 16 Sabab, "Sapa ta kang nyumurupi panggalihé Pangéran, nganti bisa atur pirembag marang Panjenengané?" Nanging aku padha kadunungan panggalihé Kristus.
1 Anadéné aku, para Sadulur, nalika iku ora bisa guneman karo kowé kaya marang wong kasukman, nanging mung kaya marang wong kadagingan kang isih kaya bayi ana ing Kristus. 2 Kang dakwènèhaké marang kowé iku susu, dudu pangan kang akas, sabab kowé durung bisa nampa. Malah ing waktu saiki uga, kowé iya durung bisa. 3 Marga kowé isih wujud manungsa kadagingan. Sabab, menawa ing antaramu tinemu rasa kumèrèn sarta pasulayan, apa iku ora dadi tandha-yekti, yèn kowé kabèh iku manungsa kadagingan tuwin pratingkahmu apa ora cara manungsa lumrah? 4 Awit yèn kang siji kandha, "Aku golongané Paulus," lan liyané kandha, "Aku golongané Apolos," apa iku ora nélakaké yèn kowé iku mung manungsa lumrah? 5 Dadi Apolos iku apa? Paulus iku apa? Iku para abdi kang dadi lantarané anggonmu padha dadi pracaya, miturut ayahané dhéwé-dhéwé kang kaparingaké déning Pangéran. 6 Aku kang nandur, Apolos kang nyirami nanging Allah kang nuwuhaké. 7 Mulané kang penting iku dudu kang nandur utawa kang nyirami, nanging Allah kang nuwuhaké. 8 Anadéné kang nandur, lan kang nyirami iku padha; siji-sijiné bakal padha nampani pituwasé dhéwé-dhéwé, laras karo kangèlané. 9 Awit aku kabèh iki padha bebarengan nyambut-gawé kagem pakaryané Allah, déné kowé iku padha dadi lahan garapané Allah, iya dalem yasané Allah. 10 Laras karo sih-rahmaté Allah kang kaparingaké marang aku, aku kang dadi ahli gawé omah kang trampil wis masang pondhasiné, lan wong liya padha nerusaké mbangun ing sandhuwuré. Nanging saben wong kudu nggatèkaké, kepriyé anggoné padha mbangun ing sandhuwuré iku. 11 Sabab ora ana wong kang bisa masang pondhasi liyané kajaba kang wus dipasang, yaiku Yésus Kristus. 12 Embuh anggoné mbangun ing sandhuwuré iku mau migunakaké emas, pérak, watu aji, kayu, suket garing utawa damèn, 13 bésuk garapané saben wong mau bakal kawiyak, awit dinané Gusti kang bakal nélakaké. Amarga kebabaré dina iku srana geni, garapané saben wong bakal kadadar ing geni mau. 14 Menawa garapané bisa lestari, wong iku bakal tampa pituwas. 15 Menawa garapané kobong, wong iku bakal ora tampa pituwas, nanging wongé dhéwé bakal kapitulungan rahayu, mung baé kaya wong kang oncat saka geni. 16 Apa kowé padha ora sumurup, yèn kowé bebarengan iku padha dadi padalemaning Allah, sarta Rohé Allah iya dedalem ana ing kowé? 17 Menawa ana wong kang ngrusak padalemaning Allah, Panjenengané bakal ngrusak wong mau. Sabab padalemaning Allah iku suci, yaiku kowé kabèh. 18 Aja nganti ana wong kang ngapusi awaké dhéwé. Yèn ing antaramu ana kang rumangsa wicaksana miturut jagat iki, karebèn wong iku dadi bodho, supaya dadi wicaksana. 19 Awit kawicaksanané jagat iki kaanggep bodho tumrap Allah. Sabab ana tulisan suraosé, "Panjenengané nangkep para wicaksana sajroning kajuligané." 20 Lan ing panggonan liya, mangkéné, "Pangéran pirsa pikirané para wong wicaksana, menawa iku kabèh tanpa guna." 21 Mulané aja nganti ana wong kang ngegungaké para manungsa, amarga samubarang kabèh iku dadi darbèkmu: 22 dadia Paulus, Apolos, utawa Kéfas, dadia jagat, urip utawa pati, dadia wektu saiki utawa wektu kang bakal kelakon. Kabèh iku darbèkmu, 23 nanging kowé padha dadi kagungané Kristus, sarta Kristus iku kagungané Allah.
1 Kang iku, aku padha dianggepa kaya mangkono iku: dadi abdiné Kristus, kang pinitaya rumeksa ing kekerané Allah. 2 Wondéné para abdi kang kaya mangkono iku, saraté kudu katitik katemenané. 3 Tumraping aku dakanggep sepélé, apa kowé utawa sadhéngah pangadilaning manungsa kang ngadili marang aku. Malah awakku dhéwé iya ora dakadili. 4 Sabab aku pancèn ora rumangsa apa-apa mungguhing awakku dhéwé, nanging ora awit saka iku anggonku kabeneraké. Kang ngadili aku iku Gusti. 5 Mulané kowé aja ngadili sadurungé tekan waktuné, yaiku sadurungé Gusti rawuh. Panjenengané kang bakal nyunari samubarang kang sumimpen ana ing pepeteng, lan kang bakal nglairaké ciptaning ati. Ing kono saben wong bakal olèh pangalem saka Allah. 6 Para Sadulur, kandhaku iki mau daketrapaké marang awakku dhéwé lan marang Apolos, marga saka kowé, supaya marga saka tuladhaku iku, kowé padha sinau ngerti apa ta tegesé unèn-unèn, "Aja ngungkuli apa kang tinulis," supaya ing antaramu aja nganti ana kang kumlungkung kanthi ngegungaké kang siji ngrèmèhaké sijiné. 7 Awit sapa ta kang nganggep kowé iku kinacèk? Lan apa ta kang kokdarbèni kang ora saka anggonmu tampa? Déné yèn marga saka anggonmu tampa, yagéné kowé kok kumalungkung, kaya-kaya ora saka anggonmu tampa? 8 Kowé iku wus padha wareg, kowé wus padha dadi sugih, tanpa aku kowé wus padha dadi raja. Saiba beciké yèn ta pancèn nyata mangkono, menawa kowé wus padha dadi raja, satemah aku iya padha mèlu dadi raja karo kowé! 9 Sabab mungguhing panemuku Allah maringi papan kang asor dhéwé marang aku kabèh, para rasul, padha karo wong kang wus kapatrapan ing paukuman pati, marga aku wus padha dadi tontonaning jagat, para malaékat sarta manungsa. 10 Aku iki padha bodho awit saka Kristus, nanging kowé padha wasis ana ing Kristus. Aku padha apes, nanging kowé padha rosa. Kowé padha mulya, nanging aku padha ora kajèn. 11 Nganti tumeka ing waktu iki aku padha luwé, ngelak, kawudan, digebugi sarta urip nglembara, 12 nganggo tanganku dhéwé aku nindakaké pagawéan kang abot. Yèn aku dipoyoki, aku padha mujèkaké becik; yèn aku dikuya-kuya, aku padha sabar; 13 yèn aku dipitenah, aku padha mangsuli kanthi sumanak; aku wus padha dadi leletheking jagat, padha karo jejembering samubarang nganti tumeka saiki. 14 Bab iki daktulis ora nedya gawé isinmu, nanging kanggo ngélingaké kowé kabèh kang dadi anak-anakku kang daktresnani. 15 Marga sanadyan kowé padha duwé panuntun maèwu-èwu ana ing Kristus, nanging ora duwé bapa akèh. Marga iya aku kang dadi bapakmu ana ing Kristus Yésus sarana Injil. 16 Mulané kowé padha dakpituturi: Padha nulada marang aku! 17 Iya iku mulané aku banjur kongkonan Timotius anakku kang kinasih lan kang setya ana ing Gusti. Iku kang bakal ngélingaké kowé bab lakuku ana ing Kristus Yésus, kaya kang dakwulangaké ana ing endi-endi ing saben pasamuwan. 18 Nanging ana wong sawatara kang banjur padha kumenthus, marga wong mau padha duwé pangira, yèn aku ora bakal nekani kowé manèh. 19 Nanging menawa Gusti marengaké, aku bakal énggal nekani kowé. Ing kono aku bakal nyumurupi, dudu tembungé wong kang kumenthus mau, nanging kakuwatané. 20 Sabab kratoné Allah iku ora awujud tembung, nanging wujud kakiyatan. 21 Apa ta kang padha kokkarepaké? Apa tekaku marang kowé kudu nggawa penthung, apa kalawan katresnan lan budi sarèh?
1 Pancèn wis kaprungu, yèn ing antaramu ana kang laku cabul, malah anggoné laku cabul mau, patrapé ora tau kelakon ana ing antarané para bangsa kang ora wanuh marang Allah, yaiku ana wong kang ngepèk somahé bapakné. 2 Éwadéné kowé kok padha kumlungkung. Apa ora luwih becik kowé padha prihatin, satemah nyingkiraké wong kang duwé pratingkah mangkono mau saka ing tengahmu? 3 Sabab aku, sanadyan ing tata lair adoh, nanging sacara rohani adu-arep, lan kanthi cara kang mangkono, kaya-kaya aku wis matrapi paukuman marang wong kang nglakoni mangkono iku. 4 Menawa kowé padha kumpul ing asmané Gusti Yésus, sarta aku uga nunggal sajroning Roh, kanthi pangwaosé Yésus, Gusti kita, 5 wong iku kudu kapasrahaké marang Iblis, satemah dagingé rusak, supaya sukmané kapitulungan rahayu bésuk ing dinané Gusti. 6 Ora becik gumunggungmu iku. Apa kowé padha ora sumurup, yèn ragi sathithik iku rumasuk ing jladrèn kabèh? 7 Buwangen ragi kang lawas iku, supaya kowé padha dadi jladrèn kang anyar, sabab kowé rak pancèn tanpa ragi. Awit Cempéning Paskah kita uga wus disembelèh, yaiku Kristus. 8 Mulané payo kita padha pésta, ora nganggo ragi kang lawas, ragi piala utawa duraka, nanging nganggo roti kang tanpa ragi, yaiku kamurnèn lan kayektèn. 9 Aku wus nulis ana ing layangku marang kowé, supaya kowé aja srawung karo wong kang padha laku cabul. 10 Kang dakkarepaké iku ora karo sakèhing wong kang laku cabul ing jagat iki, utawa karo wong kabèh kang srakah sarta tukang njarah-rayah, utawa wong kabèh kang padha nyembah brahala, amarga yèn ta mangkonoa kowé mesthi kudu padha metu saka jagat iki. 11 Nanging, anggonku nulis marang kowé iku mau mangkéné: kowé aja nganti srawung karo wong, kang sanadyan wong mau ngaku sadulur tunggal pracaya, nyatané laku cabul, srakah, nyembah brahala, gawéné mitenah, seneng endem-endeman utawa tukang njarah-rayah; kowé aja pisan-pisan mangan bebarengan karo wong kang kaya mangkono iku. 12 Sabab kanggo apa aku padha ngakimi wong-wong kang ana sanjabaning pasamuwan? Wong-wong kang ana ing sajroning pasamuwan iku rak kang kuduné kokhakimi? 13 Para wong kang padha ana ing sanjabaning pasamuwan, iku bakal dihakimi déning Allah. Wong kang padha nandukaké piala iku tundhungen saka ing tengah-tengahmu.
1 Apa ana wong ing antaramu kang menawa prakaran karo padha sadulur, wani golèk kaadilan marang wong kang padha ora pracaya, ora marang para suci? 2 Utawa apa kowé padha ora sumurup, yèn para suci bakal ngadili jagat? Lan menawa pangadilané jagat iku ana ing tanganmu, apa kowé ora saguh ngrampungi prakara-prakara kang rèmèh? 3 Apa kowé padha ora sumurup, yèn kita bakal ngakimi para malaékat? Apamanèh prakara-prakara padinan. 4 Sanadyan mangkono menawa kowé arep ngurus prakara-prakara padinan, apa banjur kokpasrahaké marang wong kang ora kepétung ana ing pasamuwan? 5 Bab iki dakkandhakaké, supaya kowé padha rumangsa isin. Apa siji baé ora ana ta ing antaramu kang wicaksana, kang bisa ngrampungi prakarané para saduluré kang tunggal pracaya? 6 Apa sadulur kang prakaran karo sadulur liyané, malah golèk kaadilan marang wong-wong kang ora pracaya? 7 Bab anané prakara kang tuwuh ana ing antaramu iku baé, wus nélakaké kekalahanmu. Yagéné kowé ora luwih becik nandhang sangsara marga digawé sawenang-wenang? Yagéné kowé ora luwih becik nandhang kapitunan? 8 Ananging kowé dhéwé malah padha tumindak sawenang-wenang lan padha gawé pituna kanthi ngapusi, lan iku malah koktandukaké marang para sadulurmu tunggal pracaya. 9 Utawa kowé padha ora sumurup, yèn wong kang padha ora adil iku bakal ora tampa warisan Kratoning Allah? Aja padha kesasar. Wong kang laku cabul, nyembah brahala, seneng laku jina, wong lanang kang kawin karo padha lanang, lan pasangané wong-wong mau, 10 kang nyenyolong, srakah, seneng endem-endeman, tukang mitenah lan tukang njarah-rayah, iku ora bakal tampa warisan Kratoning Allah. 11 Sawenèhing panunggalanmu biyèn iya kaya mangkono iku, nanging kowé wis padha masrahaké awakmu supaya diresiki, kowé wis padha kasucèkaké, wis padha kabeneraké ing asmané Gusti Yésus Kristus lan ing Rohé Allah kita. 12 "Samubarang diparengaké tumraping aku", nanging ora samubarang maédahi. Samubarang diparengaké tumraping aku, nanging awakku dakjaga aja nganti dikwasani déning apa baé. 13 Pangan iku kanggo weteng, lan weteng kanggo pangan: nanging sakaroné bakal dilebur déning Allah. Badan iku ora kanggo laku cabul, nanging kagem Gusti, lan Gusti kanggo badan. 14 Allah wus mungokaké Gusti; kita iya bakal katangèkaké marga saka pangwaosé. 15 Apa kowé padha ora sumurup, yèn badanmu iku dadi gegelitaning Kristus? Kang iku gegelitaning Kristus apa bakal dakjupuk, tuwin dakdadèkaké gegelitané pelacur? Babar pisan ora! 16 Utawa, apa kowé ora sumurup, yèn sing sapa rumaket marang pelacur, iku dadi nunggal sabadan? Rak ana pangandika mangkéné, "Loro-loroné bakal dadi daging siji." 17 Balik sing sapa rumaket ing Gusti, iku dadi nunggal roh kalawan Panjenengané. 18 Padha ngedohana laku cabul! Sarupaning dosa liyané kang dilakoni wong iku tumindaké sanjabaning badané. Nanging wong kang nindakaké laku cabul iku ateges dosa marang badané dhéwé. 19 Apa kowé padha ora sumurup, yèn badanmu iku padha dadi padalemané Roh Suci kang dedalem ana ing kowé, Roh Suci kang kaparingaké marang kowé déning Allah, sarta menawa awakmu iku dudu awakmu dhéwé? 20 Sabab kowé wus padha tinuku lan wus kabayar lunas: Mulané padha ngluhurna Allah srana badanmu!
1 Saiki, masalah kang kasebut ing layangmu marang aku. Becik menawa wong lanang ora sesomahan, 2 nanging ngélingi anané bebaya laku cabul, beciké saben wong lanang duwé somahé dhéwé lan wong wadon iya duwé somahé dhéwé. 3 Sing lanang netepana kuwajibané marang sing wadon, mangkono uga sing wadon marang sing lanang. 4 Sing wadon ora ngwasani badané dhéwé, nanging sing lanang. Mangkono uga sing lanang iya ora ngwasani badané dhéwé, nanging sing wadon. 5 Kowé aja padha cegah-cinegah, kajaba kalawan padha sarujuké kanggo sawatara mangsa, supaya kowé bisa mligèkaké waktu kanggo ndedonga. Nanging sawusé iku padha kumpula manèh, supaya Iblis aja nganti nggodha kowé, awit saka anggonmu ora kuwat nahan napsumu. 6 Bab iki dakkandhakaké marang kowé minangka palilah, ora minangka préntah. 7 Sanadyan mangkono saiba beciké menawa wong kabèh padha nglakoni kaya aku; nanging saben wong kaparingan ganjaran dhéwé-dhéwé déning Allah, kang siji ganjaran mangkéné, sijiné ganjarané mangkono. 8 Déné wong kang ora sesomahan lan para randha, dakprayogakaké, supaya padha tetep kaya aku iki. 9 Nanging menawa ora kuwat nyegah napsuné, karebèn padha omah-omah. Awit luwih becik omah-omah tinimbang ngangah-angah marga déning hawa-napsu. 10 Mungguh para wong kang padha sesomahan -- dudu aku, nanging Gusti kang ndhawuhi, -- supaya wong wadon aja nganti pegatan karo somahé. 11 Lan yèn pegatan, tetepa anggoné ora jejodhoan utawa rukuna manèh karo sing lanang. Lan wong lanang ora kena megat somahé. 12 Nanging marang wong liya aku -- dudu Gusti -- mituturi mangkéné: Yèn ana sadulur tunggal pracaya duwé somah kang ora pracaya, mangka wong wadon iku gelem manggon tetunggalan, sadulur mau aja nganti megat sing wadon iku. 13 Lan wong wadon menawa duwé somah kang ora pracaya, mangka wong lanang iku gelem manggon tetunggalan, wong wadon mau aja nganti megat sing lanang iku. 14 Amarga wong lanang kang ora pracaya iku, wis kasucèkaké marga saka sing wadon, lan wong wadon kang ora pracaya mau wis kasucèkaké marga saka sing lanang. Saupama ora mangkono, anak-anakmu iku rak banjur dadi anak-anak kang najis, mangka saiki padha suci. 15 Nanging menawa kang ora pracaya iku kepéngin pegatan, iya karebèn megat; menawa mangkono iku sadulur lanang utawa wadon mau padha ora kacencang ing wajib. Nanging Allah nimbali kowé supaya padha urip ing sajroné atut-rukun. 16 Sabab kepriyé anggonmu bisa sumurup, hé wong wadon, menawa kowé ora bakal nylametaké somahmu? Utawa kepriyé anggonmu sumurup, hé wong lanang, menawa kowé ora bakal nylametaké somahmu? 17 Sabanjuré, saben wong iku lestaria uripé kaya kang wus katetepaké déning Gusti, lan ing sajroning kaanan kaya ing nalikané katimbalan déning Allah. Iya iki pranatan kang dakwènèhaké marang sakèhé pasamuwan. 18 Menawa ana wong kang katimbalan wus tetak, aja mbudidaya ngilangi tandaning tetaké. Lan menawa ana wong kang katimbalan ora tetak, aja banjur nglakoni tetak. 19 Sabab tetak utawa ora tetak iku ora penting. Kang prelu netepi angger-anggeré Allah. 20 Saben wong iku tetepa ing timbalané kaya nalikané katimbalan déning Allah. 21 Menawa nalikané katimbalan kowé dadi batur tukon, iku aja kokgrantesaké! Nanging menawa kowé bisa dadi wong mardika, gunakna kamardikanmu iku kanthi prayoga. 22 Sabab batur tukon kang katimbalan ing Gusti iku dadi wong mardika kagungané Gusti. Mangkono uga wong mardika, kang katimbalan déning Kristus, iku dadi abdiné Kristus. 23 Kowé wus padha tinuku lan wus kabayar lunas. Mulané kowé aja padha dadi batur tukoning manungsa. 24 Para Sadulur, saben wong iku tetepa ana ing ngarsané Allah, kaya nalikané katimbalan. 25 Saiki bab para wong kang durung omah-omah. Aku ora olèh dhawuh saka Gusti tumrap bab iki. Nanging aku nglairaké panemuku kayadéné wong kang kena dipracaya, awit saka palimirmané Allah. 26 Kang iku panimbangku, ngélingi gawating kaanan ing waktu saiki, becik menawa wong iku kaanané ora owah. 27 Menawa kowé wus kacancang ing wong wadon, aja ngarah pegaté! Menawa kowé durung kacancang ing wong wadon, ora prelu golèk! 28 Éwadéné menawa kowé omah-omah, iku kowé ora dosa. Lan yèn ana prawan omah-omah, iku iya ora dosa. Nanging wong-wong kang mangkono iku bakal nandhang kasusahan mungguh ing daging, mangka karepku kowé aja nganti ketaman ing kasusahan iku. 29 Para Sadulur, kang dakkarepaké mangkéné: Waktuné wus kari sathithik! Mulané ing waktu kang mung kari sadhéla iki, wong lanang kang padha sesomahan tumindaka kaya-kaya ora sesomahan; 30 lan wong kang padha nangis, dikaya ora nangis; lan kang bungah dikaya ora bungah; sarta para wong kang tetuku, dikaya ora nduwèni kang dituku. 31 Dadiné, wong kang padha nganggo barang-barang kadonyan iki, dikaya ora nganggo. Sabab donya kang wujudé kaya saiki iki, bakal sirna. 32 Kang dakkarepaké, supaya kowé padha urip tanpa was-sumelang. Wong lanang kang ora sesomahan, tansah nggatèkaké prakara-prakara kang mungguh ing Gusti, kepriyé murih dadi keparengé Gusti. 33 Déné wong lanang kang sesomahan, tansah nggatèkaké prakara-prakara kadonyan, kepriyé bisané gawé senengé sing wadon, 34 lan marga saka mangkono pikirané banjur kabagé-bagé. Wong wadon kang ora sesomahan, sarta para prawan, padha tansah nggatèkaké prakara-prakara kang mungguh ing Gusti, supaya jiwa-ragané dadi suci. Nanging wong wadon kang sesomahan tansah nggatèkaké prakara-prakara kadonyan, kepriyé bisané gawé senengé sing lanang. 35 Kabèh iki mau dakkandhakaké kanggo kabutuhanmu dhéwé, ora nedya ngalang-alangi kekarepanmu, nanging supaya kowé padha nglakoni samubarang kang patut sarta supaya anggonmu leladi marang Gusti tanpa alangan. 36 Déné menawa ana wong duwé pangira, yèn anggoné ngrengkuh marang pacangané kurang samesthiné, menawa prawan mau sangsaya tuwa, mangka duwé rasa adreng kudu neningkahan, menawa pancèn karepé mangkono, karebèn neningkahan. Iku ora dosa. 37 Déné menawa ana wong kang atiné yakin, ora kapeksa lan bisa ngerèh kekarepané, sarta wus kenceng sedyané ora arep omah-omah karo pacangané, iku tumindak becik. 38 Dadi wong kang omah-omah karo pacangané, iku tumindak becik, déné kang ora omah-omah karo pacangané, iku tumindak luwih becik. 39 Wong wadon somahan iku kacancang salawasé somahé isih urip. Nanging yèn bojoné wus tilar donya, wong wadon mau wenang neningkahan manèh karo sapa baé kang dikarepaké, anggeré wong kang pracaya. 40 Nanging mungguhing panemuku, luwih binerkahan, menawa wong mau tetep kaya mangkono. Lan pangrasaku, aku iya kadunungan Rohé Allah.
1 Mungguh daging sesajèning brahala iku, kita padha sumurup, "Kita kabèh padha duwé kawruh." Kawruh kang mangkono iku marakaké kumenthus, nanging katresnan iku mbangun. 2 Menawa ana wong duwé pangira, yèn duwé "kawruh" iku ateges durung bisa nggayuh kawruh kang kuduné digayuh. 3 Nanging wong kang tresna marang Allah, iku ditepangi déning Allah. 4 Mungguh bab mangan daging sesajèning brahala, kita padha sumurup, "Yèn brahala iku ing jagat satemené ora ana, lan ora ana Allah liyané kajaba mung Panjenengané." 5 Sabab, sanadyan ta ana kang sinebut "ilah", dadia ing swarga, utawa ing bumi -- sarta pancèn bener ana "ilah" akèh, lan "gusti" akèh kang kaya mangkono iku --, 6 nanging mungguh ing kita mung ana Allah siji, yaiku Sang Rama, kang dadi etuking samubarang kabèh, lan kita padha urip lumados marang Panjenengané, sarta Gusti iya mung siji, yaiku Yésus Kristus, kang lumantar Panjenengané samubarang katitahaké lan kita padha urip. 7 Déné kang duwé kawruh mangkono iku ora saben wong. Ana wong, kang awit saka anggoné isih kacancang ing brahala-brahala, anggoné mangan daging iku kaya mangan sesajèning brahala. Lan amarga pangrasaning atiné ringkih banjur dadi cacad. 8 "Pangan iku ora njalari kita saya cedhak karo Allah. Kita padha ora kapitunan apa-apa menawa ora mangan, lan ora bathi apa-apa menawa kita padha mangan." 9 Nanging poma kowé padha diawas, aja nganti wewenangmu iku dadi sandhungan tumrap wong kang padha ringkih. 10 Awit menawa nganti ana wong kang weruh kowé kang duwé kawruh, lagi mangan ana ing omahing brahala, apa wong kang pangrasaning atiné ringkih ora bakal kawanèkaké mangan daging sesajèning brahala? 11 Kalawan patrap mangkono wong kang ringkih, yaiku sadulurmu tunggal pracaya, dadi nemu tiwas marga saka "kawruhmu", mangka Kristus wus nglampahi séda kanggo wong iku. 12 Menawa kanthi patrap mangkono, kowé gawé dosa marang para Sadulurmu tunggal pracaya sarta natoni pangrasaning atiné kang ringkih, iku sajatiné kowé gawé dosa marang Kristus. 13 Mulané menawa pangan dadi sesandhungan tumrap sadulurku tunggal pracaya, ing salawasé aku ora arep mangan daging manèh, supaya aja nganti dadi sesandhungan tumrap sadulurku.
1 Apa aku iki dudu wong mardika? Apa aku iki dudu rasul? Apa aku ora wis ndeleng Yésus, Gusti kita? Kowé iku apa ora dadi wohing garapanku ana ing Gusti? 2 Sanadyan kanggoné wong liya aku iki dudu rasul, nanging tumraping kowé aku iki rasul. Amarga uripmu ana ing Gusti iku minangka tandha cap tumraping karasulanku. 3 Iki panjawabku marang wong kang padha nacad aku. 4 Apa aku ora duwé wewenang mangan lan ngombé? 5 Apa aku ora duwé wewenang ngajak wong wadon tunggal pracaya kang dadi somahku ing sajroning lakuku, padha kaya para rasul liyané lan para sadhèrèké Gusti apadéné Kéfas? 6 Utawa apa mung aku lan Barnabas baé kang ora duwé wewenang kabébasaké saka ing pagawéan kanggo golèk pangan? 7 Sapa ta kang wus tau mèlu maju perang kanthi wragad dhéwé? Sapa ta kang nanduri kebon anggur lan ora mangan wohé? Utawa sapa ta kang angon pepanthan wedhus lan ora ngombé susuné? 8 Kandhaku kang mangkono iku apa mung gagasaning manungsa baé? Angger-anggering Torèt rak iya mratélakaké mangkono, ta? 9 Sabab ing angger-anggeré Musa ana tulisan mangkéné, "Sira aja mbrangus cangkeming sapi kang lagi kanggo nggiling." Apa Allah iku nggumatosi sapi? 10 Apa dudu kita kang kakarsakaké? Iya, bab iki katulis kanggo kita, yaiku: kang mluku iya kudu mluku kanthi pangarep-arep, lan kang nggiling iya kudu nggiling kanthi pangarep-arep olèh pandumané. 11 Kang iku menawa aku kang wus padha nyebar wiji kasukman kanggo kowé kabèh, apa ora kena aku padha ngenèni pametumu tata kadonyan? 12 Menawa wong liya padha wenang ngarep-arep panduman saka kowé, luwih-luwih aku kabèh! Nanging aku padha ora migunakaké wewenang mau. Balik aku malah padha nahanaké samubarang, supaya aja nganti ngalang-alangi pakabaraning Injilé Kristus. 13 Apa kowé padha ora sumurup, yèn wong kang padha leladi ing papan kang suci iku pangané iya saka ing papan suci, lan wong kang padha leladi ing misbyah, iku iya padha olèh panduman saka ing misbyah kono? 14 Mangkono uga Gusti iya wus mranata, para kang ngabaraké Injil, iku uripé iya saka anggoné ngundhangaké Injil iku. 15 Nanging aku, ora tau migunakaké wewenang iku mau siji-sijia. Anggonku nulis kabèh iki, ora supaya aku uga nampa pituwas kang kaya mangkono. Sabab aku aluwung mati katimbang tumindak mangkono. Temenan, mongkoging atiku iki ora kena dibatalaké déning sapa baé! 16 Sabab yèn aku ngabaraké Injil, aku ora duwé dhasar kanggo gumunggung. Marga iku kuwajibanku. Malah bilai aku menawa ora ngabaraké Injil. 17 Saupama anggonku nindakaké iku mung manut karepku dhéwé, pancèn aku wenang nampa pituwas. Nanging menawa ora saka karepku dhéwé, iku dadi ayahan kang kabubuhaké marang aku. 18 Yèn mangkono banjur apa pituwasku? Pituwasku yaiku: Aku diparengaké ngabaraké Injil tanpa pituwas, lan aku ora migunakaké wewenangku anggonku dadi juru ngundhangaké Injil. 19 Sanadyan aku iki mardika tumraping wong kabèh, éwadéné aku ngabdèkaké awakku marang wong kabèh, supaya aku kepareng nggèndèng wong akèh. 20 Dadiné, tumrapé wong Yahudi aku dadi kaya wong Yahudi, supaya aku bisa nggèndèng wong Yahudi. Tumrap para wong kang kawengku ing angger-anggering Torèt aku dadi kaya wong kang kawengku ing angger-anggering Torèt, -- sanadyan aku dhéwé ora kawengku ing angger-anggering Torèt -- supaya aku bisa nggèndèng para wong kang kawengku ing angger-anggering Torèt. 21 Tumrapé wong kang padha ora kawengku ing angger-anggering Torèt, aku dadi kaya wong kang ora kawengku ing angger-anggering Torèt -- sanadyan uripku iku ora tanpa angger-anggering Allah, sabab aku kawengku ing angger-anggeré Kristus -- supaya aku bisa nggèndèng para wong kang ora kawengku ing angger-anggering Torèt. 22 Tumrapé wong kang padha ringkih, aku dadi kaya wong ringkih, supaya aku bisa nggèndèng marang wong kang padha ringkih. Tumrap sarupaning wong aku dadi kaya wong-wong mau, supaya sabisa-bisa aku nylametaké wong sawatara saka ing antarané. 23 Samubarang kabèh iku mau daktindakaké marga saka Injil, supaya aku mèlu nampa pandumané. 24 Apa kowé padha ora sumurup, yèn ana ing glanggang, wong kang padha mèlu iku kabèh padha lumayu, nanging mung siji kang tampa ganjaran? Mulané padha lumayua amrih kowé bisa tampa ganjaran. 25 Saben wong kang mèlu balapan, iku njaga awaké ing samubarang prakara. Wong mau padha tumindak mangkono supaya olèh makutha kang bisa rusak; balik kita supaya olèh makutha kang langgeng. 26 Mulané anggonku lumayu iku ora tanpa tujuan, lan aku dudu jago tinju kang mung waton njotos baé. 27 Nanging aku nggladhi sarta ngerèh badanku, supaya sawisé ngabaraké Injil marang wong liya, aja nganti aku dhéwé ditampik.
1 Anadéné karepku, para Sadulur, supaya kowé padha mangerti, yèn para leluhur kita padha ingauban ing méga, lan kabèh wus padha lumaku nratas sagara. 2 Supaya dadi pandhèrèké Musa, kabèh wus padha kabaptis sarana méga lan sarana sagara. 3 Wong kabèh mangan pangan kasukman kang padha, 4 lan wong kabèh ngombé ombèn-ombèn kasukman kang padha uga, awit padha ngombé saka ing parang kasukman kang ngetutaké lakuné; déné parang mau yaiku Kristus. 5 Éwadéné akèh saka panunggalané kang padha ora ndadèkaké keparengé Allah, iku padha katumpes ana ing pasamunan. 6 Kabèh iki mau wis kelakon minangka tuladha lan pepéling tumrap kita, supaya kita aja nganti padha kepéngin marang piala, kaya kang wis katindakaké déning wong-wong mau, 7 lan kita aja nganti padha dadi wong nyembah brahala kaya sawenèhing panunggalané, kaya kang katulis, suraosé, "Wong sabangsa iku padha lungguh, mangan lan ngombé; banjur padha ngadeg lan seneng-seneng jejogèdan." 8 Kita aja padha laku cabul, kaya kang padha katindakaké déning sawenèhing panunggalané, temahan ana wong telu likur èwu kang padha mati sadina. 9 Karomanèh kita aja padha nyoba marang Kristus, kaya kang padha katindakaké déning sawenèhing panunggalané, satemah padha tiwas déning ula. 10 Sarta aja padha grundelan kaya sawenèhing panunggalané, satemah padha ditumpes déning malaékating pati. 11 Kabèh iki mau wus tumempuh marang wong-wong mau minangka conto, lan katulis supaya dadi pepéling tumrap kita kang padha urip ing pungkasaning jaman kang wus wiwit kelakon. 12 Mulané sapa kang rumangsa ngadeg jejeg, dingati-ati aja nganti tiba! 13 Kang padha kokalami iku pacoban-pacoban kang lumrah, kang ora ngluwihi kakuwataning manungsa. Sabab Allah iku setya tuhu, mulané ora bakal négakaké kowé kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu. Menawa kowé kena ing pacoban, Panjenengané bakal maringi dalaning pangluwaran, satemah kowé padha bisa tahan. 14 Mulané para Sadulurku kinasih, padha nyingkirana panyembahing brahala. 15 Aku pitutur marang kowé iku kaya marang wong kang padha duwé pangertèn. Padha timbangen dhéwé apa kang dakpituturaké! 16 Tuwunging pamuji sokur kang kita sukuri iku, apa ora dadi wujuding patunggilan kalawan rahé Kristus? Apa roti kang kita cuwil-cuwil iku ora dadi wujuding patunggilan kalawan sarirané Kristus? 17 Sarèhné rotiné iku mung siji, mulané kita kang akèh, dadi badan siji; marga kabèh padha olèh panduman saka roti siji iku. 18 Padha titènana bangsa Israèl jasmani: Wong kang padha mangan kurban iku rak padha ndhèrèk ing paladosaning misbyah, ta? 19 Apa ta kang dakkarepaké kandha mangkono iku? Apa sesajèning brahala iku ana tegesé? Utawa, apa brahala iku ana maknané? 20 Ora! Déné kang dakkarepaké, sesajèné wong-wong iku mau tumuju marang roh-roh jahat, ora marang Allah. Lan ora dadi karepku yèn kowé padha tetunggalan karo para roh jahat. 21 Ora bisa kowé padha ngombé ing tuwungé Gusti lan iya saka ing tuwungé para roh jahat. Ora bisa kowé padha tampa panduman ing méjané Gusti lan iya ing méjané para roh jahat. 22 Utawa apa kita nedya memungu bentèring panggalihé Gusti? Apa iya karosan kita ngungkuli Panjenengané? 23 "Samubarang diparengaké", nanging ora samubarang iku maédahi. "Samubarang diparengaké", nanging ora samubarang mbangun. 24 Aja nganti ana wong kang mung golèk untungé dhéwé, nanging saben wong ngaraha untunging liyan. 25 Kowé padha kena mangan apa baé kang diedol ana ing pasar daging, aja nganggo neges apa-apa marga saka osiking ati. 26 Sabab, "bumi saisiné kabèh iku kagungané Pangéran." 27 Menawa kowé padha diulemi déning wong kang ora pracaya, lan uleman iku koktampani, padha mangana apa baé kang disuguhaké marang kowé, aja nganggo neges apa-apa marga saka osiking ati. 28 Nanging yèn ana wong kang ngandhani kowé, "Iku sesajèning brahala!" aja kokpangan, marga saka kang ngandhani mau lan iya awit saka osiking ati. 29 Kang dakkarepaké osiking ati iku dudu osiking atimu dhéwé, nanging osiking atiné wong liya iku. Mbokmenawa ana wong kandha, "Yagéné ta, déné kamardikanku kok ditemtokaké déning osiking atiné wong liya? 30 Menawa aku mèlu mangan apa-apa kanthi saos sokur, yagéné aku kok dicacad marga saka panganan kang daksukuri iku mau?" 31 Mulané, dadia kowé mangan, dadia kowé ngombé, dadia nglakoni apa baé liyané, kabèh iku mau lakonana kagem kaluhurané Allah. 32 Kowé aja nganti padha gawé sandhungan, dadia marang wong Yahudi, dadia marang wong Yunani, apadéné marang pasamuwané Allah. 33 Dikaya aku iki iya ngarah nglegakaké atiné wong kabèh ing bab apa baé, ora kanggo kapreluanku dhéwé, nanging kanggo kabutuhané wong akèh, supaya padha kaslametaké.
1 Padha nulada marang aku, dikaya aku iya nulad marang Kristus. 2 Aku ngalem kowé, sabab ana ing samubarang prakara kowé padha tetep éling marang aku lan padha ngantepi tata cara kang dakwulangaké marang kowé. 3 Nanging karepku, kowé padha nyumurupana bab iki, yaiku sesirahé saben wong lanang iku Kristus, déné sesirahé wong wadon iku kang lanang, sarta sesirahé Kristus iku Allah. 4 Saben wong lanang kang ndedonga utawa medhar wangsit kanthi sirah kudhungan, iku ngina sirahé dhéwé. 5 Nanging saben wong wadon kang ndedonga utawa medhar wangsit sirahé tanpa kudhung, iku ngina sirahé dhéwé, sabab padha baé karo wong wadon kang nggundhuli sirahé. 6 Sabab wong wadon menawa ora gelem kudhungan, iku aluwung cukura pisan. Nanging menawa cukuran iku njalari wong wadon iku ina, beciké iya padha nganggoa kudhung. 7 Déné wong lanang iku ora prelu nganggo kudhung, awit wong lanang iku nyunaraké citra lan kamulyaning Allah. Déné wong wadon iku nyunaraké kamulyaning wong lanang. 8 Marga wong lanang iku asalé ora saka wong wadon, nanging wong wadon kang asalé saka wong lanang. 9 Sarta wong lanang iku anggoné katitahaké ora marga saka wong wadon, nanging wong wadon kang katitahaké marga saka wong lanang. 10 Mulané wong wadon iku nganggo pratandhaning kawibawané ana ing sirahé, marga saka para malaékat. 11 Éwadéné, ana ing Gusti ora ana wong wadon tanpa wong lanang, lan ora ana wong lanang tanpa wong wadon. 12 Awit kayadéné anané wong wadon iku saka wong lanang, mangkono uga anané wong lanang iku lantaran wong wadon; lan samubarang kabèh iku pinangkané saka Allah. 13 Padha timbang-timbangen dhéwé: Apa pantes wong wadon ndedonga marang Allah, sirahé kok ora kudhungan? 14 Saka kodraté dhéwé rak wus tetéla tumrap kowé, yèn asor mungguhing wong lanang, samangsa rambuté diingu dawa? 15 Nanging tumrap wong wadon ngingu rambut iku dadi lan kamulayané. Awit rambut iku kaparingaké minangka kudhung. 16 Nanging yèn ana wong ngèyèl, aku utawa pasamuwan-pasamuwané Allah padha ora duwé pakulinan kang kaya mangkono iku. 17 Ing sajroné aku awèh pituduh-pituduh sabanjuré iki aku ora bisa ngalem kowé, awit anggonmu padha kumpulan iku ora ndadèkaké mundhak becik, nanging malah mundhak ala. 18 Sabab, dhisiké aku krungu, samangsa kowé padha masamuwan, ing antaramu ana crah kang njalari pepisahan, mangka setengahé aku iya ngandel. 19 Awit ing antaramu pancèn kudu ana golongan-golongan, supaya ing mengko katitik sapa saka ing antaramu kang padha tahan uji. 20 Menawa kowé padha kumpulan iku ora nedya kembul bujanané Gusti. 21 Sabab nalikané padha kembul mangan iku, saben wong ndhisiki njupuk pangané dhéwé, satemah kang siji kaluwèn, sijiné mendem. 22 Apa kowé ora duwé omah dhéwé kang kena kokenggo mangan lan ngombé? Apa kowé padha arep ngrèmèhaké pasamuwané Allah, sarta mirangaké wong kang padha ora deduwèn? Apa ta kang kudu dakkandhakaké marang kowé? Apa aku kudu ngalem kowé? Tumrap prakara iki, aku ora ngalem. 23 Sabab apa kang wus daktampa saka Gusti iku, iya wus dakterusaké marang kowé, yaiku, yèn Gusti Yésus, ing wayah bengi nalika Panjenengané ndungkap kaulungaké, mundhut roti, 24 lan sawusé saos sokur, tumuli nyuwil-nyuwil rotiné sarta ngandika, "Iki badanku, kang kaulungaké marga saka kowé; iki padha tindakna kanggo pangéling-éling marang Aku!" 25 Mangkono uga tuwungé, sawusé dhahar, pangandikané, "Tuwung iki prajanjian anyar kang kaecap kalawan getihku. Saben-saben kowé padha ngombé, iku padha tindakna kanggo pangéling-éling marang Aku!" 26 Awit saben-saben kowé padha mangan roti iki sarta ngombé ing tuwung iki, iku ateges kowé padha martakaké sédané Gusti nganti tumeka ing rawuhé. 27 Dadi sing sapa kanthi sawiyah-wiyah anggoné mangan roti sarta ngombé ing tuwungé Gusti, iku dosa marang sarira lan rahé Gusti. 28 Mulané saben wong ndadara awaké dhéwé, lan sawusé mangkono lagi mangan roti lan ngombé ing tuwung iku. 29 Sabab sing sapa mangan sarta ngombé ora kalawan ngakoni bab sarirané Gusti, iku bakal nekakaké paukuman marang awaké dhéwé. 30 Mulané akèh ing antaramu kang padha ringkih lan laranen, sarta ora sathithik kang padha nemahi pati. 31 Nanging menawa kita padha ndadar awak kita dhéwé, kita ora bakal tampa paukuman. 32 Déné menawa kita padha tampa paukuman saka Gusti, iku kita padha kaperdi, supaya kita aja nganti kaukum bebarengan karo jagat. 33 Mulané para Sadulurku, samangsa kowé padha kembul mangan, padha entèn-ingentènana. 34 Déné yèn ana wong kang luwé, beciké mangan dhisik ana ing omahé, supaya anggonmu padha kembul mangan iku aja nganti nekakaké paukuman. Mungguh bab-bab liyané bakal dakpranata bésuk satekaku.
1 Saiki bab peparingé Roh. Para Sadulur, karepku kowé padha nyumurupana ing sanyatané. 2 Kowé rak padha sumurup, yèn ing nalikané kowé durung padha wanuh karo Allah, kowé padha kagèndèng marang brahala-brahala kang bisu. 3 Mulané kowé padha daksumurupaké, menawa ora ana wong kang guneman marga saka Rohé Allah kok bisa kandha, "Yésus kena ing ipat-ipat!" lan uga ora ana wong kang bisa ngakoni, "Yésus iku Gusti," yèn ora marga déning Roh Suci. 4 Peparing iku warna-warna, nanging Roh iku mung siji. 5 Lan wujuding paladosan iku rupa-rupa, nanging Gusti iku mung siji. 6 Apadéné panggawé kang ngéram-éramaké iku manéka warna, nanging Allah mung siji kang nindakaké samubarang ana ing wong kabèh. 7 Nanging saben wong kaparingan wedharané Roh kanggo kapreluaning wong akèh. 8 Sabab, kang siji kaparingan déning Roh ganjaran bisa guneman kanthi kawicaksanan, sijiné tampa peparing bisa guneman kanthi kawruh iya saka Roh iku uga. 9 Kang siji kaparingan pracaya, iya déning Roh iku mau, lan sijiné tampa peparing bisa marasaké iya saka Panjenengané uga. 10 Kang siji peparing bisa nganakaké mukjijat, sijiné pamedhar wangsit, sijiné manèh kabisan mbédak-mbédakaké sawarnaning roh. Kang siji kabisan guneman nganggo basa roh, sijiné manèh kabisan njarwakaké basa roh mau. 11 Nanging iki mau kabèh katindakaké déning Roh siji iku uga, kang paring ganjaran marang saben wong dhéwé-dhéwé ing sakarsané. 12 Sabab, kayadéné badan iku siji, mangka anggotané akèh; sarta sakèhing anggotané badan iku sanadyan akèh, padha dadi badan siji; mangkono uga Sang Kristus. 13 Marga sajroning Roh siji kita kabèh wus padha kabaptis dadi badan siji, padha kaombénan saka Roh siji, dadia wong Yahudi, dadia wong Yunani; dadia batur tukon, dadia wong mardika. 14 Awitdéné badan iku pérangané rak ora mung siji, nanging akèh. 15 Saupama sikil kandha mangkéné, "Sarèhné aku dudu tangan, mulané aku ora klebu péranganing badan," apa bener yèn sikil iku ora klebu péranganing badan? 16 Lan saupama kuping kandha mangkéné, "Sarèhné aku dudu mripat, mulané aku ora klebu péranganing badan," kang iku apa iya bener yèn kuping mau ora klebu péranganing badan? 17 Saupama badan sakojur iku mung wujud mripat, banjur pangrunguné ana ing ngendi? Saupama badan sakojur iku mung wujud kuping, panggandané ana ing ngendi? 18 Nanging Allah wus mrenahaké anggota iku, ing papané dhéwé-dhéwé ana ing badan, manut ing sakarsané. 19 Saupama kabèh iku mau mung dadi anggota siji, banjur badané iku ana ing ngendi? 20 Pancèn anggotané iku akèh, nanging badané mung siji. 21 Kang iku mripat ora kena kandha marang tangan mangkéné, "Aku ora butuh kowé." Lan sirah ora kena kandha marang sikil mangkéné, "Aku ora butuh kowé." 22 Malah péranganing badan kang katoné ringkih dhéwé, iku kang dibutuhaké banget. 23 Lan anggotaning badan kang miturut wawasan kita ora pati ana ajiné, iku padha kita paèsi ngluwihi liyané. Sarta péranganing badan kita kang saru, iku padha kita rumati kalawan kusus. 24 Déné pérang-péranganing badan kita kang wus pantes iku ora prelu karumat mangkono. Ujer Allah anggoné ndhapuk badan kita iku kalawan paring pangaji-aji kang linuwih marang pérangan kang rupané ora pantes, 25 supaya ing sajroning badan aja nganti ana pasulayan, nanging kabèh pérangan kang béda-béda kaanané iku malah padha reksa-rineksa. 26 Mulané yèn ana pérangan siji kang lara, pérangan liyané kabèh padha mèlu ngrasakaké; menawa ana siji kang ingajénan, kabèh padha mèlu bungah. 27 Kowé iku padha dadi sarirané Kristus, sarta siji-sijiné padha dadi pérangané. 28 Lan Allah wus netepaké wong sawatara ana ing pasamuwan: sapisan dadi rasul, kapindho dadi nabi, ping teluné dadi guru. Sabanjuré ana kang kaparingan ganjaran nganakaké mukjijat, marasaké, leladi, nenuntun, sarta kabisan migunakaké basa roh. 29 Apa kabèh iku dadi rasul utawa nabi utawa guru? Apa kabèh mau padha tampa peparing nganakaké mukjijat, 30 utawa marasaké, utawa migunakaké basa roh utawa njarwakaké basa roh? 31 Mulané padha nggayuha marang peparing-peparing kang luwih penting. Anadéné aku nuduhaké kowé dalan kang ora ana tandhingé.
1 Sanadyan aku bisa ngucapaké sarupaning basané manungsa lan malaékat, nanging yèn sepi ing katresnan, aku padha baé kaya gong kang ngumandhang utawa kecèr kang gumenjrèng. 2 Sanadyan aku kadunungan peparing bisa medhar wangsit, ngerti sarupaning wewadi lan sumurup sakèhé kawruh, sarta sanadyan aku duwé pangandel kang sampurna nganti bisa mindhah gunung, nanging yèn aku sepi ing katresnan, iku aku ora aji babar pisan. 3 Lan sanadyan aku ndanakaké sabarang darbèkku kabèh, malah sanadyan aku masrahaké badanku supaya diobong, nanging yèn sepi ing katresnan, iku ora maédahi apa-apa marang aku. 4 Katresnan iku sabar; katresnan iku loma; ora kumèrèn, ora gumunggung lan kumenthus. 5 Katresnan iku ora saru polahé lan ora golèk kepénaké awaké dhéwé. Katresnan iku ora gampang nepsu lan ora nyimpen kaluputaning liyan. 6 Katresnan iku ora bungah awit saka anané tumindak kang ora adil, nanging awit saka kayektèn. 7 Katresnan iku nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang. 8 Katresnan iku ora ana entèké; pamedhar wangsit iku bakal ana pungkasané; basa roh bakal sigeg; kawruh bakal sirna. 9 Awit kawruh kita iku ora ganep, lan pamedhar wangsit kita ora sampurna. 10 Nanging satekané kang sampurna, kang ora sampurna iku bakal sirna. 11 Nalika aku isih bocah, gunemanku kaya bocah, pangrasaku kaya bocah, pamikirku kaya bocah. Bareng saiki aku wus diwasa, kaananku kaya bocah mau wus dakbuwang. 12 Amarga kita saiki padha ndeleng gambar kang ora cetha ana ing pangilon, nanging bésuk kita bakal padha ndeleng adu arep. Saiki aku mung sumurup ora kalawan sampurna, nanging bésuk aku bakal sumurup kanthi sampurna, padha kaya anggonku kapirsanan. 13 Dadiné kari telung prakara iki, yaiku: Pracaya, pangarep-arep lan katresnan, nanging kang pinunjul dhéwé ing antarané iku, yaiku: katresnan.
1 Padha nggayuha katresnan lan ngudia ganjaran-ganjaran saka Roh, luwih-luwih peparing bab medhar wangsit. 2 Sapa kang ngucapaké basa roh, iku pangucapé ora tumuju marang manungsa nanging marang Allah. Sabab ora ana wong kang ngerti basané, déning Roh wong iku ngucapaké bab-bab kang winadi. 3 Balik sapa kang medhar wangsit iku, anggoné ngucap marang manungsa awujud pambangun, pitutur sarta panglipur. 4 Sing sapa guneman nganggo basa roh, iku mbangun awaké dhéwé; balik sapa kang medhar wangsit iku mbangun pasamuwan. 5 Aku seneng baé menawa kowé kabèh padha bisa ngucap nganggo basa roh, nanging luwih seneng manèh menawa kowé padha medhar wangsit. Sabab sapa kang medhar wangsit iku luwih migunani katimbang karo kang ngucap nganggo basa roh, kajaba menawa wong iku iya banjur nerangaké jarwané, satemah pasamuwan kabangun. 6 Kang iku para Sadulur, saupama aku nekani kowé lan ngucap nganggo basa roh, iku apa paédahé tumraping kowé, menawa aku ora mratélakaké bab wahyu, apa kawruh, apa pamedhar wangsit apa piwulang? 7 Iku padha baé karo piranti kang tanpa nyawa, nanging bisa muni, kayata suling lan clempung - yèn iku swarané ora béda, kepriyé bisané wong nyumurupi lagu apa kang diunèkaké nganggo suling utawa clempung mau? 8 Utawa menawa swarané slomprèt ora cetha, sapa kang bakal siyaga ing perang? 9 Mangkono uga kowé, kang padha guneman nganggo basa roh: menawa kowé ora migunakaké tembung-tembung kang cetha, kepriyé bisané wong padha ngerti kang kokucapaké? Dadiné tetembunganmu tanpa guna kaya guneman karo angin! 10 Ana basa rupa-rupa ing jagat iki -- embuh pira cacahé -- éwasamono ora ana siji baé ing antarané basa-basa mau kang tanpa teges. 11 Nanging menawa aku ora ngerti marang basa mau, aku rak ateges dadi wong manca tumraping wong kang migunakaké basa iku, lan wong iku dadi wong manca tumraping aku. 12 Mangkono uga kowé: Kowé pancèn padha nggayuh marang peparingé Roh, nanging luwih becik manèh padha ngudia, supaya kowé bisa migunakaké kanggo pambanguning pasamuwan. 13 Mulané sing sapa ngucapaké basa roh, nyenyuwuna supaya bisa njarwakaké. 14 Sabab yèn anggonku ndedonga nganggo basa roh, iku rohku kang ndedonga, nanging akal budiku ora ngasilaké apa-apa. 15 Kang iku apa kang kudu daktindakaké? Aku arep ndedonga nganggo rohku, nanging aku uga ndedonga nganggo akal-budiku; aku arep ngidung lan memuji nganggo rohku, nanging uga ngidung lan memuji nganggo akal-budiku. 16 Sabab, menawa anggonmu muji sokur mung nganggo rohmu, wong lumrah kang padha ana ing kono, kepriyé anggoné padha bisa ngamini pamuji sokurmu iku? Wong mau rak ora padha ngerti apa kang kokucapaké? 17 Sabab sanadyan pamuji sokurmu iku becik banget, nanging wong liya ora kabangun. 18 Aku saos sokur marang Allah, déné anggonku ngucapaké basa roh iku ngluwihi kowé kabèh. 19 Nanging ana ing pasamuwan aku luwih seneng ngucapaké limang tembung kang bisa dingretèni kanggo mulang wong liya, katimbang tembung pirang-pirang èwu ing basa roh. 20 Para Sadulur, pikiranmu aja kaya bocah. Ing bab piala baé dikaya bocah, nanging ing bab pikiran dikaya wong diwasa. 21 Ing angger-anggering Torèt ana tulisan mangkéné, "Ingsun bakal ngandikani bangsa iki lumantar wong kang basané séjé, sarta lumantar lambéné wong manca; éwasamono bangsa iku ora bakal ngrungokaké marang Ingsun, mangkono pangandikané Pangéran." 22 Dadiné basa roh iku minangka pratandha kanggo wong kang padha ora pracaya, ora kanggo wong kang padha pracaya; déné pamedhar wangsit iku minangka pratandha kanggo wong kang padha pracaya, ora kanggo wong kang padha ora pracaya. 23 Kang iku menawa pasamuwan kabèh padha nglumpuk, lan saben wong padha guneman nganggo basa roh, nuli ana wong njaba utawa wong kang ora pracaya padha lumebu, apa wong iku ora bakal padha ngarani, yèn kowé padha ngomyang? 24 Balik menawa kabèh padha medhar wangsit, nuli ana wong kang ora pracaya utawa wong anyar lumebu, iku bakal kayakinaké déning wong akèh, sarta dititi-priksa déning wong akèh mau; 25 sakèhé wewadi kang sumimpen ana ing batiné bakal kelair, satemah bakal sumungkem sujud marang Allah sarta ngakoni, "Sanyata Allah ana ing tengah-tengahmu." 26 Kang iku saiki kepriyé, para Sadulur? Samangsa kowé padha kumpulan, saben wong padha nyaosna: kang siji masmur, sijiné piwulang utawa wahyu, utawa peparing basa roh, utawa njarwakaké basa roh, nanging kabèh iku mau katindakna kanggo mbangun. 27 Déné menawa ana kang ngucap nganggo basa roh, beciké wong loro utawa akèh-akèhé wong telu baé, giliran, lan anaa siji kang njarwakaké. 28 Nanging menawa ora ana wong kang bisa njarwakaké, beciké wong-wong mau ana ing pasamuwan padha menenga baé, mung mosika ana ing atiné dhéwé, lan munjuk ana ing ngarsaning Allah. 29 Mungguhing nabi-nabi -- beciké anaa loro utawa telu saka ing antarané kang padha medharaké pitutur, déné liyané padha nimbang-nimbanga kang padha diwedharaké mau. 30 Nanging menawa wong panunggalané kang padha lungguhan iku ana kang kaparingan wahyu, prayogané kang dhisik iku menenga. 31 Marga kowé kabèh padha bisa gentènan medhar wangsit, satemah kowé padha olèh piwulang sarta olèh panglipur. 32 Karodéné rohing para nabi iku manut marang nabiné. 33 Awit kang dadi keparengé Allah iku dudu kaanan kang kisruh, nanging kaanan kang kebak tentrem-rahayu. 34 Padha kaya ana ing sakèhé pasamuwané para suci, yèn pinuju kumpulan wong wadon padha menenga, marga padha ora diparengaké guneman, nanging prelu padha sumuyud, kaya kang kapangandikakaké ana ing angger-anggering Torèt. 35 Déné menawa kepéngin nyumurupi apa-apa, beciké padha takona marang somahé ana ing omah. Awit ora pantes tumraping wong wadon menawa guneman ana ing pasamuwan. 36 Apa pangandikané Allah iku wiwité saka kowé? Utawa, apa tekané pangandika iku mung marang kowé dhéwé? 37 Menawa ana wong kang rumangsa dadi nabi utawa wong kasukman, iku kudu éling, menawa apa kang daktulis marang kowé iku, dhawuhé Gusti. 38 Nanging menawa wong iku ora nggatèkaké, iya aja kokgatèkaké. 39 Mulané, para Sadulurku, padha ngudia supaya tampa peparing medhar wangsit, lan aja ngalang-alangi wong kang guneman nganggo basa roh. 40 Nanging samubarang kabèh iku tumindaka kalawan patut lan tumata.
1 Para Sadulur, ing saikiné aku arep ngélingaké bab Injil kang wus dakwartakaké marang kowé, kang iya wus padha koktampa, lan uga kokantepi. 2 Iya Injil iku kang dadi margané kowé padha kapitulungan rahayu, anggeré kowé padha mantep anggonmu ngugemi, kaya kang wus dakwartakaké marang kowé, kajaba yèn anggonmu padha dadi pracaya iku mung tanpa guna. 3 Sabab kang wigati banget wus dakterusaké marang kowé, iya kaya kang wus daktampa dhéwé, yaiku yèn Kristus wus nglampahi séda marga saka dosa-dosa kita, nyondhongi surasaning Kitab Suci, 4 menawa Panjenengané wus kasarèkaké, sarta ing telung dinané wus kawungokaké, cundhuk karo surasaning Kitab Suci, 5 apadéné Panjenengané wus ngatingal marang Kéfas nuli marang para sakabaté rolas. 6 Sawisé iku, banjur ngatingal marang sadulur luwih saka limang atus bebarengan; kang akèh nganti sapréné isih padha urip, salong iya wis padha mati. 7 Nuli ngatingal marang Yakobus, banjur marang para rasul kabèh. 8 Déné kang kèri dhéwé, ngatingal marang aku, padha kaya marang anak kang lair durung mangsané. 9 Sabab aku iki kang asor dhéwé ing antarané para rasul, ora patut disebut rasul, awit aku wis tau nguya-uya pasamuwané Allah. 10 Nanging marga saka sih-rahmaté Allah, aku dadi kaya aku saiki iki, lan sih-rahmat kang kaparingaké marang aku iku ora kothong. Kosok-baliné, aku wis nglakoni pagawéan luwih akèh katimbang para rasul kabèh; mung baé dudu aku, nanging sih-rahmaté Allah kang nunggil kalawan aku. 11 Kang iku, dadia aku, dadia para rasul liyané, kaya mangkono anggonku padha martakaké, lan kaya mangkono anggonmu padha pracaya. 12 Anadéné yèn diwartakaké, menawa Kristus kawungokaké saka ing antarané wong mati, yagéné ing antaramu kok ana kang ngarani menawa ora ana tanginé wong mati? 13 Yèn ta ora ana tanginé wong mati, dadi Kristus iya ora kawungokaké. 14 Mangka menawa Kristus ora kawungokaké, dadi kang padha dakwartakaké iku kothong lan pracayamu iya kothong. 15 Malah aku iya banjur padha katitik dadi goroh ing ngatasé Allah, awit aku padha martakaké, yèn Panjenengané wis mungokaké Kristus, mangka ora mungokaké, iku mau saupama bener yèn ora ana wong mati katangèkaké. 16 Sabab menawa nyata wong mati ora katangèkaké, dadi Kristus iya ora kawungokaké. 17 Lan menawa Kristus ora kawungokaké, pracayamu iku dadi tanpa guna, lan kowé isih padha kawengku ing dosamu. 18 Apadéné mungguh para wong kang wis padha mati ana ing Kristus, dadiné iya padha sirna. 19 Menawa anggon kita ngarep-arep marang Kristus iku mung ing sajroné urip iki baé, dadi kita kalebu wong kang cilaka dhéwé ing antarané manungsa kabèh. 20 Nanging kang bener yaiku menawa Kristus wis kawungokaké saka ing antarané wong mati, minangka kang kawitan saka panunggalané kang wis padha mati. 21 Sabab, sarèhné tekané pati iku marga saka wong siji, mangkono uga tanginé wong mati iya marga saka wong siji. 22 Awit padha kaya ana ing Adam wong kabèh padha mati, mangkono uga ana ing Kristus wong kabèh iya bakal padha kauripaké manèh. 23 Nanging saben wong manut urut-urutané: Kristus minangka kang kawitan, sawisé iku kang padha dadi kagungané, bésuk ing sarawuhé. 24 Sawisé mangkono tumeka pungkasané jaman, yaiku samangsa Panjenengané masrahaké Kraton marang Allah Sang Rama, sawisé Panjenengané nyirnakaké sakèhé papréntahan, pangwasa sarta kakuwatan. 25 Sabab Panjenengané pinesthi ngratoni nganti tumeka sakèhing mungsuhé padha disèlèhaké ana ing sangisoring sampéyané. 26 Mungsuh kang pungkasan, kang disirnakaké iku pati. 27 Marga, "Samubarang kabèh wis ditelukaké ing sangisoring sampéyané". Nanging menawa ana pangandika: Samubarang katelukaké, dadi wis tetéla yèn Panjenengané kang nelukaké samubarang kabèh ing sangisoré sampéyané Kristus iku mau, mesthi ora kalebu ing kono. 28 Déne bésuk samangsa samubarang kabèh wis kelakon katelukaké ing sangandhapé Kristus, Panjenengané piyambak kang jumeneng Putra iku bakal nelukaké sarirané marang kang nelukaké samubarang kabèh marang Panjenengané mau, supaya Allah jumeneng ngabèhi ing sakabèhé. 29 Yèn ora mangkono, apa paédahé nglakoni kabaptis kanggo wong mati? Menawa babar pisan ora ana wong mati katangèkaké, sabab apa déné padha gelem kabaptis kanggo wong mati iku? 30 Lan uga aku kabèh -- yagéné aku sawayah-wayah padha gelem nemahi bebaya? 31 Para Sadulur, sadina-dina aku siyaga mati. Demi panggunggungku ing ngatasé kowé ana ing Kristus Yésus, Gusti kita, kandhaku iki bener. 32 Yèn ta cara manungsa, nalika ana ing Éfesus aku nganti gelut karo kéwan galak, bab iku apa ta paédahé mungguhing aku? Menawa wong mati padha ora katangèkaké, "Payo padha mangan lan ngombé, awit sésuk kita padha mati." 33 Kowé aja padha kesasar: Pasrawungan kang ala iku ngrusak padatan kang becik. 34 Padha diéling manèh kang temenan lan aja gawé dosa manèh! Sabab ing antaramu ana kang ora wanuh marang Allah. Bab iki dakpituturaké, supaya kowé padha rumangsa isin. 35 Nanging mbokmenawa ana wong kang takon, "Wong mati iku kepriyé anggoné katangèkaké? Lan tekané manèh nganggo badan kang kaya apa?" 36 Hé wong bodho! Apa kang koksebar iku ora bakal thukul sarta urip, menawa ora mati dhisik. 37 Lan apa kang koksebar iku dudu wujuding tanduran kang bakal thukul, nanging wiji las-lasan, upamané wiji gandum utawa wiji liyané. 38 Nanging Allah maringi wujud, kaya kang kinarsakaké, saben wiji, kaparingan wujud dhéwé. 39 Sarupané daging iku ora padha: Daging manungsa béda karo daging kéwan, béda karo daging manuk, béda karo daging iwak. 40 Ana badan kaswargan lan ana badan kadonyan, nanging kamulyané kang kaswargan ora padha karo kang kadonyan. 41 Kamulyaning srengéngé béda karo kamulyaning rembulan, sarta kamulyaning rembulan béda karo kamulyaning lintang-lintang, lan kamulyaning lintang kang siji béda karo kamulyaning lintang sijiné. 42 Mangkono uga mungguh bakal tanginé wong mati. Kang kasebar iku nandhang karusakan, kang katangèkaké iku sinandhangan kalanggengan. 43 Kang kasebar iku nandhang kanisthan, kang katangèkaké sinandhangan kamulyan. Kang kasebar iku nandhang kaapesan, kang katangèkaké kadunungan kakuwatan. 44 Kang kasebar iku badan wadhag, kang katangèkaké iku badan kasukman. Yèn ana badan wadhag, uga ana badan kasukman. 45 Kaya kang tinulis, suraosé, "Manungsa kawitan, Adam, iku dadi titah kang urip." Nanging Adam kang wekasan iku dadi sukma kang nguripaké. 46 Anadéné kang dhisik tekané iku dudu kang kasukman, nanging kang wadhag, sawusé iku nuli kang kasukman. 47 Manungsa kang kawitan iku asalé saka lemah sarta asipat kadonyan, déné manungsa kang kapindho asalé saka swarga. 48 Titah-titah kadonyan iku padha karo kang asalé saka lemah mau, déné titah-titah kaswargan iku padha karo Panjenengané kang asalé saka swarga. 49 Sarta kayadéné kita wus kadunungan rupa kadonyan, mangkono uga kita iya bakal kadunungan rupa kaswargan. 50 Iki kang dakpituturaké marang kowé, para Sadulur: Daging lan getih ora bisa tampa panduman Kratoning Allah, lan kang kena ing rusak iku ora tampa panduman kang ora rusak. 51 Padha gatèkna, aku nglairaké wewadi marang kowé: Kita bakal padha ora ngalami mati kabèh, nanging kita kabèh bakal padha malih rupa, 52 ing sakedhap nétra, bareng karo uniné kalasangka kang wekasan. Awitdéné kalasangkané bakal muni, para wong mati banjur bakal katangèkaké kalawan kadunungan kaanan kang ora kena ing rusak lan kita padha malih rupa kabèh. 53 Sabab kang kena ing rusak iki kudu ngrasuk kang ora kena ing rusak, lan kang kena ing pati iki ngrasuk kang ora kena ing pati. 54 Lan sawisé kang kena ing rusak iki ngrasuk kang ora kena ing rusak, sarta kang kena ing pati iki ngrasuk kang ora kena ing pati, ing kono bakal kayektènan pangandikaning Pangéran kang tinulis, suraosé, "Pati wis kalebur déning kaunggulan." 55 Hé pati, ana ing ngendi kaunggulanmu? Hé pati, ana ing ngendi entupmu? 56 Mungguh entupé pati iya iku dosa, lan pangwasané dosa iku angger-anggering Torèt. 57 Nanging puji sokur konjuk ing ngarsané Allah, kang paring kaunggulan marang kita marga saka Yésus Kristus, Gusti kita. 58 Mulané para Sadulurku kang kinasih, kowé padha dibakuh, ditanpa gingsir, lan tansah disregep anggonmu nglakoni ayahané Gusti! Awit kowé padha sumurup, yèn ana ing patunggilaning Gusti, kangèlanmu mesthi ora muspra.
1 Bab nglumpukaké dana kang tumuju marang para suci, iku padha tindakna manut pituduh-pituduh kang wus dakwènèhaké marang pasamuwan-pasamuwan ing Galatia. 2 Ing dina kapisan ing saben minggu, sawiji-wijining panunggalanmu -- adhedhasar apa kang padha koktampa -- padha nisihna sawatara lan simpenen ana ing omah, supaya anggonmu padha nglumpukaké iku aja nganti lagi koktindakaké samangsa aku teka. 3 Déné bésuk satekaku, aku arep kongkonan wong-wong kang kokwawas prayoga dakkongkon ngeteraké pisumbangmu menyang Yérusalèm, nganggo padha kinanthènan layang. 4 Menawa prelu aku iya mèlu mangkat, wong iku mau bakal padha mangkat bareng karo aku. 5 Déné anggonku bakal nekani kowé, bésuk sawusé aku liwat nratas Makédonia, awit lakuku metu Makédonia. 6 Bisa uga ana ing Korintus aku bakal tetunggalan karo kowé nganti sawatara suwé, utawa mbokmenawa ing sajroné mangsa bedhidhing, temah kowé padha bisa awèh pitulungan ing bab anggonku nerusaké lakuku. 7 Sabab karepku sapisan iki ora mung sakeplasan baé anggonku bakal niliki kowé, malah menawa Gusti marengaké anggonku tetunggalan karo kowé iku bisaa nganti rada suwé. 8 Nanging aku bakal lèrèn ana ing Éfesus nganti riyaya Péntakosta. 9 Marga ana ing kono, ana wewengan tumraping aku, kanggo nindakaké ayahan kang agung lan penting, sanadyan akèh wong kang padha nglawan. 10 Déné samangsa Timotius teka, padha ngaraha supaya sajroné ana ing satengahmu iku aja duwé rasa wedi, sabab wong iku nglakoni ayahané Gusti padha kaya aku. 11 Mulané aja nganti ana wong kang nyepélékaké! Malah wènèhana pitulungan, amrih bisané nerusaké lakuné kanthi slamet, supaya bali nemoni aku, awit dakanti-anti tekané karo para Sadulur tunggal pracaya liyané. 12 Déné mungguh sadulur Apolos, anggonku mrayogakaké wus bola-bali supaya niliki kowé bareng karo para Sadulur tunggal pracaya liyané, nanging durung dadi karepé nglakoni ing wektu saiki. Sedyané arep teka mengko yèn wus ana wektu kang becik. 13 Padha meléka! Padha dibakuh ing pangandel! Dadia kendel, disantosa! 14 Sakèhing ayahanmu lakonana kanthi katresnan. 15 Ana manèh panjalukku marang kowé, para Sadulur. Kowé padha sumurup yèn Stéfanas sabrayaté iku kang kawitan padha mratobat ana ing Akhaya, sarta wus padha ngabdi marang paladosan kanggo para suci. 16 Mulané padha manut-mituruta marang wong kang kaya mangkono iku lan saben wong kang mèlu tumindak ing gawé sarta padha nglakoni rekasa. 17 Aku bungah awit saka tekané Stéfanas, Fortunatus lan Akhaikus, amarga wong-wong iku padha minangka gantimu; 18 sabab para Sadulur iku padha gawé segering atiku lan atimu. Mulané padha ngajènana wong kang kaya mangkono iku. 19 Salam kanggo kowé kabèh, saka sakèhé pasamuwan ing Asia Cilik. Akwila, Priskila dalah pasamuwan kang ana ing omahé padha kirim salam sajroning Gusti mawantu-wantu marang kowé. 20 Sadulur tunggal pracaya kabèh padha kirim salam marang kowé. Padha salam-salamana kalawan pangambung suci. 21 Kalawan tanganku dhéwé, anggonku nulis iki: Salam saka Paulus. 22 Sapa kang ora tresna marang Gusti, iku kenaa ing ipat-ipat. Maranata! 23 Sih-rahmaté Gusti Yésus, nunggila ing kowé kabèh. 24 Tresnaku anaa ing kowé kabèh sajroning Kristus Yésus.
1 Saka Paulus, kang awit saka karsaning Allah dadi rasulé Kristus Yésus, lan saka Timotius sadulur kita tunggal pracaya, marang pasamuwaning Allah ing Korintus karo sakèhing wong suci ing sawrataning Akhaya. 2 Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yésus Kristus anaa ing kowé kabèh. 3 Pinujia Allah, Ramané Gusti kita Yésus Kristus, Rama kang kebak sih palimirma lan Allah kang dadi sumbering panglipur, 4 kang nglipur aku kabèh ing sajroning kasusahanku, satemah aku padha bisa nglipur wong-wong kang nandhang sarupaning kasangsaran kanthi panglipur peparingé Allah marang aku dhéwé. 5 Sabab kaya anggonku padha nampani panduman ing sangsarané Kristus kalawan lubèr, samono uga marga saka Kristus aku padha kaparingan panglipur nganti lubèr. 6 Yèn aku padha nemu kasusahan, iku dadi panglipur lan karahyonmu; déné yèn aku padha kalipur, iku iya dadi panglipurmu, satemah kowé padha olèh kakuwatan kang njalari kowé padha sabar ing sajroning kasangsaran kang padha kaya kang daksandhang. 7 Lan pangarep-arepku kabèh tumrap kowé iku tetep, awit aku padha sumurup, menawa padha kaya anggonmu mèlu kapanduman kasangsaranku kabèh, kowé iya padha mèlu kapanduman panglipur. 8 Sabab karepku kabèh, para Sadulur, supaya kowé padha sumurup mungguhing sangsara kang dakalami ana ing Asia Cilik; aku padha nandhang sangsara kang samono gedhéné lan aboté, nganti aku padha ora duwé pangarep-arep yèn bisa urip. 9 Malah aku kabèh rumangsa kaya wus kapatrapan paukuman pati. Nanging bab iku anggoné kelakon supaya aku aja padha nganti ngendelaké marang awakku dhéwé, nanging ngemungna marang Allah kang nangèkaké para wong mati. 10 Panjenengané wus nguwalaké lan bakal nguwalaké aku kabèh saka ing pati kang nggegirisi banget iku: Iya marang Panjenengané iku anggonku nggantungaké pangarep-arep, yèn Panjenengané bakal ngluwari aku kabèh manèh, 11 marga kowé uga mbiyantu aku kabèh kanthi pandonga, supaya akèh wong kang padha saos sokur mungguhing sih-rahmat kang kaparingaké marang aku kabèh, marga saka akèhé pandongané tumrap aku. 12 Iki kang padha dakegung-egungaké, yaiku paseksiné swaraning atiku, yèn lakuku ana ing jagat iki, apa manèh ing bab gegayutanku karo kowé kabèh, iku temen lan murni kang asalé saka Allah, ora marga saka kawicaksanan cara kadonyan, nanging marga saka dayaning sih-rahmaté Allah. 13 Sabab kang padha daktulis iki mung apa kang bisa kokwaca sarta kokngertèni. Lan pangarep-arepku muga-muga kowé padha bisa ngerti kabèh, 14 kayadéné anggonmu wus padha ngerti sawatara saka aku kabèh, yaiku yèn kowé bakal ngegung-egungaké aku, kayadéné anggonku iya bakal padha ngegung-egungaké kowé bésuk, ing dinané Gusti Yésus. 15 Adhedhasar keyakinan iki, aku mauné wus tau ngrancang arep niliki kowé dhisik, supaya kowé olèh sih-rahmat kang kaping pindhoné. 16 Banjur arep nerusaké lakuku menyang Makédonia, saka Makédonia bali manèh menyang panggonanmu, lan kalawan pitulunganmu aku bisa nerusaké lakuku menyang Yudéa. 17 Dadi, apa anggonku ngrancang mangkono iku sapénaké baé? Utawa apa mung manut pepénginanku dhéwé, temahan aku banjur duwé ujar "iya, iya" lan "ora, ora"? 18 Demi Allah kang setya tuhu, janjiku marang kowé ora "iya" lan "ora". 19 Awit Yésus Kristus, Putraning Allah, kang wus padha dakwartakaké ana ing antaramu, yaiku déning aku lan Silwanus sarta Timotius, dudu "iya" lan "ora", nanging kosok-baliné ana ing Panjenengané iku kang ana mung "iya". 20 Sabab Kristus iku "iya" tumraping sakèhé prasetyané Allah. Iya iku sababé anggon kita marga saka Panjenengané, banjur ngucap "Amin" minangka kamulyaning Allah. 21 Sabab Panjenengané kang wus nyantosakaké aku kabèh bebarengan karo kowé ana ing Kristus, yaiku Allah kang wus njebadi, 22 lan wus maringi tandha cap marang kita yèn kita iku dadi kagungané lan kang maringi Roh Suci ana ing ati minangka panjer tumrap sakèhing prakara kang wus kacawisaké kanggo kita. 23 Nanging aku nyebut marang Allah minangka seksiku kang nguningani isining atiku menawa anggonku ora teka ing Korintus iku sabab aku ngéman kowé. 24 Ora marga saka anggonku padha kepéngin mréntah, apa kang kudu kokpracaya, awit pracayamu santosa. Nanging aku padha kepéngin mèlu mbiyantu tumrap kabungahanmu.
1 Ing sajroning atiku aku wus netepaké, menawa aku ora bakal nekani kowé manèh kalawan susah. 2 Awit, menawa aku kang gawé sedhihmu, sapa manèh kang bisa gawé bungahku kajaba kang padha sedhih marga saka aku. 3 Lan iya iku karepé layangku iki, yaiku supaya menawa aku teka, aja nganti aku sedhih marga saka wong-wong, kang kuduné padha gawé bungahku. Sabab aku yakin ing bab kowé kabèh, menawa kabungahanku iku iya kabungahanmu. 4 Sabab anggonku nulis marang kowé iku kanthi was-was lan sedhihing ati kang banget lan kanthi nètèsaké eluh akèh, ora supaya kowé dadi sedhih, nanging supaya kowé padha sumurup sapira gedhéné katresnanku marang kowé kabèh. 5 Déné menawa ana wong kang gawé sedhih, iku dudu atiku kang digawé sedhih, nanging kowé kabèh, utawa saora-orané wong sawatara ing antaramu. Aku ora mbanget-bangetaké prakara iki. 6 Wong kang kaya mangkono iku wus cukup nampa paukuman saka wong akèh ing antaramu, 7 malah kosok-baliné kowé padha ngapuraa lan nglipura wong iku, supaya aja nganti ngenes marga saka bangeting sedhihé. 8 Mulané aku pitutur marang kowé kabèh, padha nandukna katresnan marang wong mau. 9 Awit iya iku tujuané anggonku nulis layang marang kowé, yaiku kanggo ndadar kowé, apa kowé padha tetep mituhu ing samubarang kabèh. 10 Awit sapa kang kokapura kaluputané, iku iya dakapura. Sabab yèn aku ngapura -- saupama ana kang kudu dakapura - anggonku ngapura iku marga saka kowé ana ing ngarsané Kristus, 11 supaya Iblis aja nganti ngapusi kita, sabab kita sumurup apa karepé. 12 Nalikané aku tekan Troas prelu martakaké Injilé Kristus, aku wus kawenganan lawang kanggo makarya déning Gusti ana ing kana. 13 Nanging atiku ora rumangsa tentrem, sabab aku ora kepethuk karo Titus, sadulurku tunggal pracaya, mula aku banjur pamitan lan mangkat menyang Makédonia. 14 Nanging puji sokur konjuk ing Allah, kang ana ing Kristus tansah nuntun aku kabèh ana ing dalaning kaunggulané. Lan lumantar aku kabèh Panjenengané nyebar aruming kawruh bab Panjenengané ing saenggon-enggon. 15 Awit kagem Allah aku kabèh iki dadi ganda kang arum saka Kristus ana ing tengah-tengahing wong kang padha nemu karahayon lan ana ing antarané wong kang padha nemu karusakan. 16 Tumrap kang nemu karusakan, aku kabèh iki gandaning pati kang njalari pati, lan tumrap kang nemu karahayon, gandaning urip kang nguripaké. Nanging sapa ta kang kaconggah nglakoni ayahan kang kaya mangkono iku? 17 Awit aku kabèh ora padha karo wong akèh liyané, kang padha mburu nawak-nawakaké pangandikaning Allah. Kosok-baliné ana ing Kristus aku padha ngucap ing samesthiné kanthi maksud-maksud kang murni awit saka dhawuhing Allah lan ana ing ngarsané.
1 Apa aku padha wiwit ngalem marang awakku dhéwé manèh? Utawa apa prelu aku kaya wong-wong liya padha nuduhaké layang pangalembana marang kowé kabèh utawa saka kowé? 2 Kowé iku layang pangalembanaku kang katulis ing atiku lan kang disumurupi sarta kang bisa kawaca déning wong kabèh. 3 Awit wus tetéla, menawa kowé iku layangé Kristus, kang katulis ing sajroné aku padha leladi, katulis ora nganggo mangsi, nanging nganggo Rohé Allah kang asipat gesang, dudu ing lèmpèngan watu, nanging ing lèmpèngan daging, yaiku ing atiné manungsa. 4 Iya kaya mangkono iku gedhéning kayakinanku marang Allah lantaran Kristus. 5 Kalawan awakku dhéwé aku padha ora bisa nganggep samubarang iku pagawéanku dhéwé; ora, anggonku bisa nindakaké samubarang iku marga saka pakaryaning Allah. 6 Panjenengané uga kang wus mbisakaké aku padha dadi abdining prajanjian kang anyar, kang ora saka angger-angger kang katulis, nanging saka Roh, sabab angger-angger kang katulis iku matèni, déné Roh iku nguripaké. 7 Pranatan leladi kang nuntun marang pati iku katulis ing watu nganggo aksara. Éwasamono nalika kaparingaké kinanthènan kamulyaning Allah, kang njalari wong Israèl padha ora betah nyawang marang wedanané Musa, sanadyan sunaré kang mancorong mau banjur mbleret. Menawa paladèn mau dumadiné kanthi kamulyan kang kaya mangkono iku, 8 méndahané manèh ayahaning Roh yèn oraa kinanthènan kamulyan kang ngluwihi iku. 9 Awit, menawa ayahan kang nekakaké paukuman iku luhur, méndahané manèh ayahaning kayektèn yèn oraa ngluwihi kamulyané. 10 Satemené apa kang biyèn kaanggep luhur, iku dudu apa-apa menawa katandhing karo kamulyan kang pinunjul iki. 11 Awit menawa kang bisa mbleret baé kinanthènan kamulyan, apamanèh kang tetep ora mbleret yèn oraa kinanthènan kamulyan kang ngluwihi iku. 12 Sarèhné aku padha duwé pangarep-arep kang kaya mangkono, mulané aku padha tumindak kanthi kendel banget, 13 ora kaya Musa, kang nganggo nutupi wedanané, supaya mripaté wong-wong Israèl aja nganti padha ndeleng ilanging cahyané kang mbleret iku. 14 Nanging budiné wong-wong iku wus padha dadi kethul, sabab nganti ing dina iki tutup iku mau isih tetep nutupi wong-wong mau, pamacaning prajanjian kang lawas tanpa kaungkap, marga mung ana ing Kristus piyambak tutup iku kabukak. 15 Malah nganti ing dina iki, saben maca kitab Musa, isih ana tutup kang nutupi atiné. 16 Nanging wong kang mratobat marang Gusti, iku tutupé banjur kasingkiraké. 17 Awit Gusti iku Roh; lan ing ngendi ana Rohé Gusti ing kono ana kamardikan. 18 Lan kita kabèh iki padha ngatonaké kamulyané Gusti kalawan rai kang ora katutupan. Amarga kamulyan mau pinangkané saka Gusti kang asipat Roh, mulané kita lagi kasalinan rupa madhani citraning Panjenengané, kalawan kamulyan kang saya mundhak-mundhak.
1 Kang iku sarèhné aku wus padha nampani ayahan iki, marga saka sih-palimirmané Allah, mulané atiku ora semplah. 2 Ananging aku padha nampik sakèhing panggawé dhedhelikan kang nistha; aku ora ngapusi lan ora malsu pangandikaning Allah, kosok-baliné aku nglairaké kayektèn lan awit saka iku aku masrahaké awakku supaya ditimbang-timbang déning wong kabèh sarana osiking atiné, ana ing ngarsané Allah. 3 Menawa Injil kang padha dakwartakaké isih meksa katutup uga, mesthi iku katutup tumrap wong kang bakal padha nemu karusakan, 4 yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angené wus dipicakaké déning ilahé jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning Injilé kamulyaning Kristus, kang dadi citrané Allah. 5 Awit kang padha dakwartakaké iku dudu awakku dhéwé, nanging Yésus Kristus kang jumeneng Gusti, lan aku kang padha dadi abdimu marga saka karsané Yésus. 6 Awit Allah kang wus ngandika, "Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!" Panjenengané uga kang nyorotaké pepadhangé ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyané Allah kang katingal ana ing wedanané Kristus. 7 Nanging rajabrana iki kawadhahan ing grabah, supaya tetéla menawa kakuwatan kang ngédab-édabi iku asalé saka Allah, dudu saka awakku dhéwé. 8 Mungguhing samubarang aku iki padha katindhes, nanging ora remuk kejepit; aku padha kentèkan akal, nanging ora kélangan pangarep-arep; 9 aku padha dikuya-kuya, nanging ora ditinggal ijèn; aku padha kabanting, nanging ora nemu bilai. 10 Aku tansah nggawa sédané Yésus ing badanku, supaya sugengé Yésus uga kawedhar ana ing badanku. 11 Awit aku kang isih urip iki, tansah kaulungaké marang pati marga saka Yésus, supaya gesangé Yésus uga kawedhar ing badanku kang ora langgeng iki. 12 Kanthi mangkono iku, pati tansah nandukaké dayané ana ing badanku, déné urip nandukaké dayané ana ing kowé. 13 Nanging sarèhné aku padha kadunungan rohing pracaya kang padha, kaya kang tinulis, "Aku kumandel, mulané aku ngucap", awit saka iku aku iya pracaya lan marga saka iku aku uga ngucap. 14 Sabab aku padha sumurup menawa Panjenengané kang wus mungokaké Gusti Yésus, iya bakal nangèkaké aku bareng karo Yésus. Lan bebarengan karo kowé kabèh kasowanaké ing ngarsané. 15 Jalaran iku kabèh kelakoné marga saka kowé, supaya sih-rahmat kang sangsaya mundhak gedhé, marga sangsaya akèhé wong kang dadi pracaya, ndadèkna sangsaya lubèré pamuji sokur kang konjuk marang kaluhuraning Allah. 16 Marga saka iku aku padha ora rumangsa semplah, malah sanadyan kamanungsanku kang lair sangsaya rusak, nanging kamanungsanku kang batin kaanyaraké saben dina. 17 Awitdéné kasangsaran kang ènthèng saiki iki, iku ngolèhaké kamulyan langgeng kang ngluwihi samubarang tumrap aku kabèh, banget anggoné ngungkuli kasangsaranku. 18 Marga kang padha dakgatèkaké dudu kang katon, nanging kang ora katon, awit kang katon iku anané mung sawatara mangsa, mangka kang ora katon iku langgeng.
1 Awit aku padha sumurup, menawa kémah padunungan kita ing bumi iki kabongkar, Allah wus nyawisaké panggonan ing swarga kanggo kita, kang langgeng, kang ora kagawé déning tanganing manungsa. 2 Salawasé kita ana ing kémah iki, kita padha sesambat, marga kita kepéngin banget ngenggoni papan padunungan kaswargan, 3 jalaran ana ing kono kita padha nganggo sandhangan sarta ora bakal tinemu wuda. 4 Sabab salawasé isih manggon ing kémah iki, kita sesambat déning aboté momotan, awit kita kepéngin nganggo sadhangan kang anyar iku, tanpa cucul sandhangan kang lawas, supaya kang kena ing pati kauntal déning urip. 5 Nanging iya Allah kang malah nyadhangaké kita tumrap bab iku, lan kang maringi Roh marang kita minangka jaminan. 6 Awit saka iku atiku tansah padha tatag, sanadyan aku padha ngerti, menawa salawasé aku padha manggon ing sajroning badan iki, isih adoh karo Gusti, -- 7 sabab urip kita iki sarana pracaya, ora sarana apa kang kena kadeleng -- 8 nanging atiku padha tatag, lan aku kabèh luwih seneng pindhah saka ing badan iki lan manggon nunggil karo Gusti. 9 Marga saka iku aku padha ngudi, sajroné aku padha manggon ing badan iki, utawa ana ing sajabané, supaya aku padha dadi kaparengaké. 10 Sabab kita kabèh kudu padha ngadhep ana ing ngarsané dhamparing pangadilané Kristus, prelu nampani ganjaran kang cundhuk karo kang padha kita lakoni dhéwé-dhéwé ing sajroné urip iki, dadia kang becik, dadia kang ala. 11 Kang iku sarèhné aku padha sumurup bab wedi marang Gusti, mulané aku ngudi ngyakinaké wong-wong. Tumrap Allah sedyaku iku wus cetha, lan pangarep-arepku uga mangkonoa tumrap osiking atimu. 12 Awit aku ora padha mbecikaké awakku dhéwé manèh marang kowé, nanging aku padha awèh margané kowé bisa ngegung-egungaké aku kabèh, supaya kowé bisa ngadhepi para wong kang gumunggung tumrap prakara tata lair, ora tumrap prakara-prakara tata batin. 13 Sabab menawa aku padha ora bisa ngemudhèni dhiri, iku marga demi Allah, lan saupama bisa, iku marga demi kowé. 14 Sabab iya sih-katresnané Kristus kang ngwasani aku kabèh, awit aku wus padha sumurup, menawa wong siji wus mati kanggo wong kabèh, dadiné kabèh wus padha mati. 15 Lan Kristus wus nglampahi séda kanggo wong kabèh, supaya wong kang padha urip, uripé ora lumadi marang awaké dhéwé manèh, nanging lumadia marang kang wus séda lan kang wus kawungokaké marga saka wong-wong mau. 16 Mulané wiwit saiki aku ora padha nyawang wong siji baé manut ukuraning manungsa manèh. Lan menawa aku wus padha tau mawas Kristus manut ukuraning manungsa, saiki aku ora padha mawas Panjenengané kanthi patrap mangkono manèh. 17 Dadi sapa kang ana ing Kristus, iku dadi titah anyar: Kang lawas wus sirna, lan kang anyar satemené wus teka. 18 Lan kabèh iku pinangkané saka Allah, kang lumantar Kristus wus ngrukunaké kita kalawan Panjenengané lan kang wus masrahaké ayahan kanggo ngrukunaké iku marang aku kabèh. 19 Awit Allah lumantar Kristus ngrukunaké jagat karo Panjenengané, ora ngétang paneraké, lan masrahaké pawarta karukunan iku marang aku kabèh. 20 Mulané aku iki iya padha dadi utusané Kristus, kang ateges Allah paring pitutur marang kowé kabèh lumantar aku; atas asmané Kristus panjalukku marang kowé: Padha gelema karukunaké karo Allah. 21 Panjenengané kang ora tepang karo dosa, wus kadosakaké marga saka kita, supaya ana ing Panjenengané kita kabeneraké déning Allah.
1 Anadéné aku iki sarèhné padha dadi kanca tunggal ayahan, pituturku marang kowé kabèh, supaya aja nganti padha gawé muspraning sih-rahmaté Allah, kang wis koktampa. 2 Sabab Allah ngandika, "Ing waktu kang prayoga, Ingsun miyarsakaké sira, lan ing dina kaslametan, Ingsun mitulungi sira." Satemen-temené, iya waktu iki waktu kang prayoga iku; iya dina iki dina kaslametan iku. 3 Ing prakara apa baé aku ora padha gawé dhadhakan wong padha kesandhung, supaya anggonku padha leladi aja nganti dicacad. 4 Nanging ing sadhéngah prakara aku nélakaké menawa aku iki padha abdining Allah, yaiku: Kebak kasabaran sajroning nandhang kasangsaran, ing karupekan, lan ing karibedan, 5 ing sajroné kasiksa, kakunjara lan kaributan, rekasa, kepeksa melèk, lan nglakoni puwasa; 6 ing kasucèning ati, ing kawruh, kasabaran, lan kadarman; ing Roh Suci lan ing sih katresnan kang salugu; 7 ing sajroning martakaké kayektèn lan pangwaosing Allah; kanthi migunakaké gegamaning kaadilan kanggo nempuh utawa nanggulangi; 8 nalika diaji-aji lan nalika dirèmèhaké; nalika diundhat-undhat utawa nalika dialem; nalika kadakwa dadi juru apus, nanging kena dipracaya, 9 kaya wong kang ora ana kang wanuh, nanging kondhang; kaya wong kang mèh mati, mangka padha urip, kaya wong kang disiksa nanging ora mati, 10 kaya wong kang sedhih, nanging tansah bungah-bungah; kaya wong kang mlarat nanging nyugihaké wong akèh; kaya wong kang ora duwé apa-apa, nanging aku padha nduwèni samubarang kabèh. 11 Hé wong Korintus! Aku wus padha kandha kanthi blak-blakan marang kowé, atiku menga amba tumrap kowé! 12 Kowé iku padha olèh papan kang jembar ana ing atiku, nanging aku mung koksedhiyani papan kang rupek ana ing atimu. 13 Mulané saiki, supaya padha-padha, -- anggonku pitutur iku kaya marang anak-anakku --: Atimu wengakna kang ngeblak! 14 Aja nganti kowé padha dadi pasangan kang ora timbang karo wong kang ora pracaya. Sabab apa kayektèn iku bisa kapadhaké karo kadurakan? Utawa kepriyé bisané pepadhang tetunggalan karo pepeteng? 15 Apa Kristus iku bisa kapadhakaké karo Bélial? Panduman apa kang diduwèni bebarengan déning wong kang pracaya lan wong kang ora pracaya? 16 Apa gegayutané padalemané Allah karo brahala? Awit kita iki padha dadi padalemané Allah kang gesang kaya kang dingandikaké déning Allah mangkéné, "Ingsun bakal dedalem bebarengan karo wong-wong mau, lan gesang ana ing tengah-tengahé, lan Ingsun bakal dadi Allahé, lan wong-wong mau bakal padha dadi umatingsun. 17 Mulané: Sira padha metua saka panunggalané wong-wong iku, lan sira misaha, mangkono pangandikané Pangéran, lan aja padha gepok-sénggol karo kang najis, tumuli sira bakal padha suntarimah. 18 Lan Ingsun bakal dadi ramanira, sarta sira bakal padha dadi putraningsun lanang lan wadon. Mangkono pangandikané Pangéran, Kang Mahakwasa."
1 Kang iku sarèhné kita kaparingan prasetya-prasetya mau, para Sadulur kinasih, mulané payo kita padha nucèkaké badan kita saka sarupaning jejember jasmani lan rohani, sarta kalawan mangkono kita nyampurnakaké kasucèn kita sajroné wedi-asih marang Allah. 2 Aku padha wènèhana papan ana ing atimu; aku ora tau kaluputan marang sapa baé, ora gawé kapitunaning sapa baé lan uga ora ngasil-asil marang sapa baé. 3 Anggonku kandha mangkono iku ora marga saka arep matrapi paukuman marang kowé, awit mau wis dakkandhakaké, menawa kowé wis padha olèh papan ana ing atiku, temahan kita bareng urip lan bareng mati. 4 Karo kowé iku aku blak-blakan banget, lan uga banget anggonku ngegung-egungaké kowé. Sajroné aku padha nandhang susah, aku kebak panglipur, lan kalubèran kabungahan. 5 Nalika aku padha teka ing Makédonia, aku padha ora bisa tentrem. Malah ana ing endi-endi aku padha nemu kasusahan: Saka jaba ana pasulayan lan saka jero ana rasa wedi. 6 Nanging Allah kang nglipur marang wong kang padha lembah atiné iku wus nglipur aku kabèh marga saka tekané Titus. 7 Ora mung marga saka tekané baé, nanging uga marga saka panglipur kang dialami ana ing tengah-tengahmu. Awit wong iku wus nyaritakaké marang aku mungguhing kangenmu, pasambatmu, katemenanmu anggonmu mbélani aku, temahan saya wuwuh kabungahanku. 8 Dadi sanadyan aku wis gawé sedhihmu marga saka layangku iku, nanging aku ora kaduwung. Pancèn aku tau kaduwung, marga aku sumurup menawa layang iku nyedhihaké atimu, sanadyan mung sawatara mangsa, 9 nanging saiki aku bungah, ora marga anggonmu wis sedhih, nanging marga kasedhihanmu iku njalari kowé mratobat: Sabab anggonmu padha sedhih iku nyondhongi karsané Allah, temahan sathithik baé kowé ora dakrugèkaké. 10 Sabab kasusahan kang nyondhongi karsané Allah iku nuwuhaké pitobat kang nuntun marang karahayon kang ora gawé getun, nanging kasusahan kang saka ing jagat iki nuwuhaké pati. 11 Sabab padha gatèkna saiba kasedhihan kang nyondongi karsané Allah iku malah marakaké kowé saya mempeng anggonmu padha nélakaké menawa ora salah, jèngkèl, wedi, kangen, greget, paukuman! Ing bab iku kabèh kowé wus padha nélakaké menawa ora kaluputan. 12 Mulané, anggonku wis nulis layang marang kowé, iku ora marga ana kang luput, utawa marga ana kang nandhang susah jalaran panggawé kang salah, nanging supaya gumatimu marang aku dadi cetha tumrap kowé ana ing ngarsané Allah. 13 Iya marga saka iku aku padha kalipur. Lan kajaba saka panglipur iku, aku padha saya bungah manèh amarga saka kabungahané Titus, sabab kowé kabèh wis padha ngayemaké atiné. 14 Sabab menawa aku nglairaké pangalembana tumrap kowé marang Titus, iku kowé ora gawé gelaku; nanging padha kaya anggonku tansah ngandhakaké apa kang bener marang kowé, samono uga pangalembanaku ana ing ngarepé Titus iku iya wis kayektènan temenan. 15 Lan katresnané marang kowé saya mundhak gedhé, yèn ngélingi marang pamanutmu kabèh, kepriyé anggonmu nampani tekané kalawan wedi lan geter. 16 Aku bungah banget, awit aku bisa pracaya marang kowé ing sabarang prakara.
1 Sadulur-sadulur, aku padha awèh weruh marang kowé bab sih-rahmat kang kaparingaké marang pasamuwan-pasamuwan ing Makédonia. 2 Awit sajroning tampa pacoban kang abot kang wujud kasangsaran mawarna-warna, kabungahané ngluwihi, lan sanadyan padha miskin banget, éwasamono sugih kamurahan. 3 Sabab aku neksèni yèn wong iku wis padha wèwèh manut kakuwatané, malah ngluwihi kakuwatané. 4 Sarta metu saka prentuling atiné dhéwé padha njaluk kanthi banget marang aku, supaya uga padha olèh kanugrahan mèlu ing sajroning ayahan ngladèni marang para suci. 5 Déné kang padha dipasrahaké iku ngluwihi pangiraku, awit nganti padha nyaosaké awaké dhéwé marang Allah dhisik, sabanjuré iya marang aku kabèh uga awit saka karsané Allah. 6 Awit saka iku aku padha ngatag marang Titus, supaya nekani kowé lan ngrampungaké ayahan sih-katresnan, kang biyèn wis miwiti ayahan iku. 7 Mula saikiné, padha kaya anggonmu wis sugih ing samubarang, -- ing pracaya, ing pamicara, ing kawruh, ing tumemenmu anggonmu mbiyantu, lan ing sih-katresnanmu marang aku kabèh -- samono uga kowé iya padha pinunjula ing ayahan sih-katresnan iki. 8 Anggonku mituturi mangkono iku ora ateges préntah, nanging mung marga saka anggonku kepéngin nguji éklasing sih-katresnanmu kalawan nuduhaké sakèhing pambudidayané wong-wong kang padha awèh pambiyantu. 9 Marga kowé wis padha sumurup marang sih-rahmaté Gusti kita Yésus Kristus, yaiku menawa Panjenengané, kang amarga saka kowé dadi mlarat, sanadyan Panjenengané iku sugih, supaya kowé dadia sugih marga kamlaratané. 10 Iya iki panemuku tumrap bab iku, kang mbokmenawa maédahi tumrap kowé. Pancèn wis wiwit taun kang kapungkur anggonmu wiwit nindakaké lan sumedya ngrampungaké uga. 11 Mulané saiki, rampungna kang koktindakaké iku! Wondéné anggonmu ngrampungaké iku cundhukna karo éklasing atimu sarta tindakna kalawan ngélingi sapira kang kokduwèni. 12 Awit menawa anggonmu wèwèh iku kalawan éklas, pawèwèhmu iku mesthi bakal ditampani, menawa pawèwèhmu iku awewaton apa kang kokduwèni, ora awewaton apa kang ora kokduwèni. 13 Awit anggonmu dieboti iku ora supaya wong liya padha kaènthèngna, nanging supaya dadi timbang. 14 Mulané beciké saiki kaluwihanmu kanggoa nyukupi kakuranganing liyan, supaya kaluwihaning liyan mengko genti kanggo nyukupi kekuranganmu, temahan banjur dadi timbang. 15 Kaya kang katulis, "Wong kang olèh akèh, ora turah lan kang olèh sathithik ora kurang." 16 Nanging puji sokur konjuk marang Allah, kang maringi katemenan kang kaya mangkono uga ana ing atiné Titus ing bab anggoné mbiyantu kowé, 17 déné nganti nuruti panjalukku, malah saka bangeting tumemené anggoné tumandang ing gawé, banjur metu saka karepé dhéwé mangkat nemoni kowé. 18 Lakuné dakkanthèni sadulur kita, kang wus olèh pangalembanané pasamuwan kabèh bab anggoné nggelaraké Injil. 19 Lan ora mung iku baé! Sadulur mau uga wis kapiji déning pasamuwan-pasamuwan kanggo ngancani anggonku padha nindakaké ayahan sih-katresnan iki, kang daktindakaké minangka kaluhuraning Gusti lan minangka bukti bab legawané atiku. 20 Sabab aku kabèh padha arep nyingkiri bab iki: Menawa ana wong kang nacad anggonku nindakaké ayahan sih-katresnan kang wohé akèh banget iku. 21 Awit aku padha mikiraké kang utama, ora mung ana ing ngarsané Gusti baé, nanging uga ana ing ngarepaning wong. 22 Karodéné wong loro mau padha dakkanthèni sadulur kita, kang wis dakuji lan katitik anggoné tansah mbudidaya mbiyantu, lan saiki saya banget anggoné mbudidaya marga saka gedhéning piandelé marang kowé. 23 Déné Titus, iku kancaku lan réwangku nyambut-gawé kanggo kowé; lan sadulur-sadulurku liyané iku padha dadi utusaning pasamuwan-pasamuwan lan minangka kaluhurané Kristus. 24 Awit saka iku buktining katresnanmu lan pangalembanaku marang kowé kabèh, iku tuduhna marang para Sadulur mau ana ing ngareping pasamuwan-pasamuwan.
1 Déné bab leladi marang para suci ora prelu aku nulis manèh marang kowé. 2 Sabab aku wis sumurup mungguh legawaning atimu, mulané kowé padha dakalem ana ing ngarepé wong Makédonia. Tembungku, "Akhaya wis cecawis wiwit taun kang kapungkur." Lan kasregepanmu wus dadi pangatag-atag tumrap wong akèh. 3 Nanging anggonku kongkonan sadulur-sadulur iku supaya pangalemku marang kowé aja nganti tinemu tanpa guna, nanging supaya tetéla anggonmu cecawis kanthi temenan kaya kang wis dakkandhakaké, 4 supaya, menawa wong-wong Makédonia teka bareng karo aku, aja nganti nyumurupi anggonmu durung cecawis, satemah aku kabèh -- supaya ora nyebut kowé kabèh -- rumangsa padha kawirangan ing bab kayakinanku iku. 5 Mulané dakanggep prelu, yèn sadulur-sadulur iku dakbereg mangkat ndhisiki, supaya bisa ngurus luwih dhisik dana kang wus dadi kasaguhanmu biyèn, temahan mengko wis cumawis minangka tandha-buktiné kamurahaning atimu lan dudu dana peksan. 6 Iki gatèkna: Wong kang nyebar sathithik, iya bakal ngenèni sathithik, lan wong kang nyebar akèh, uga bakal ngenèni akèh. 7 Saben wong pisungsungé dikaya kang dadi rilaning atiné, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Allah iku ngasihi wong kang misungsung kanthi bungah. 8 Lan Allah kwaos nglubèraké sawernaning sih-rahmat marang kowé kabèh, supaya kowé padha tansah kacukupan ing samubarang lan padha linuwihna anggonmu nglakoni sarupaning panggawé becik. 9 kaya kang katulis, "Panjenengané ngedum-edum, Panjenengané maringi marang wong miskin, kaadilané tetep ing salawas-lawasé." 10 Panjenengané kang nyawisaké winih kanggo kang nyebar, lan roti kanggo pangan, Panjenengané uga bakal nyawisi winih marang kowé lan ditikelaké sarta nuwuhaké pametuning bebeneranmu; 11 kowé bakal disugihaké ing sarupaning kamurahané ati kang nuwuhaké pamuji sokur konjuk marang Allah marga saka aku. 12 Awit ayahan katresnan kang kokladèkaké iki ora mung nyukupi kabutuhané para suci baé, nanging uga nglubèraké pamuji sokur marang Allah. 13 Lan marga saka anggonmu mantep ing sajroning leladi iki, wong iku padha ngluhuraké Allah awit saka pambangunturutmu ing bab ngakoni Injilé Kristus lan marga saka murahing atimu ing bab ngedum-edum samubarang kanggo wong-wong mau apadéné wong kabèh. 14 Sarta manèh sajroning pandongané, kowé uga padha dikangeni marga saka sih-rahmaté Allah kang nglubèri kowé. 15 Puji sokur konjuk marang Allah marga saka sih peparingé kang ora kena winirasa iku!
1 Aku Paulus, wong kang jirih yèn adu-arep karo kowé, nanging wani marang kowé yèn adoh, aku ngélingaké kowé demi Kristus kang lembah-panggalihé lan rumaket. 2 Panjalukku marang kowé: Kowé aja meksa aku ngatonaké kuwanènku ana ing ngarepmu kayadéné niyatku arep tumindak keras marang wong-wong sawenèh kang ngira menawa uripku iku padha nurut tata kadonyan. 3 Aku kabèh iki pancèn isih urip ana ing donya, nanging aku ora padha perang cara kadonyan, 4 awit gegamaning perangku iku dudu gegaman kadonyan, nanging gegaman kang kadunungan pangwaosing Allah, kang bisa njugrugaké bètèng. 5 Aku padha nyirnakaké sakèhing siasaté manungsa lan ngambrukaké saben bètèng kumalungkunging manungsa kanggo nglawan pangawruh marang Allah, sarta padha nawan sarupaning pangangen-angen, daktelukaké marang Kristus, 6 sarta aku padha sumadhiya ngukum sakèhing duraka, menawa pambangun-turutmu wus dadi sampurna. 7 Sawangen apa kang ana ing sangareping mripatmu! Menawa ana wong kang yakin temenan dadi kagungané Kristus, iku supaya mikir ing sajroning atiné, yèn aku uga padha dadi kagungané Kristus kaya wong mau. 8 Malah yèn aku rada keladuk anggonku ngegungaké wewenang kang diparingaké déning Gusti marang aku kabèh kanggo mbangun, ora kanggo ngrusak kowé, aku ora bakal kewirangan. 9 Nanging aku emoh yèn katoné kaya aku arep medèn-medèni kowé srana layang-layangku. 10 Awit, manut gunemé wong, layang-layangé pancèn tegas lan keras, nanging yèn adu-arep katon ora sapiraa lan tembung-tembungé rèmèh. 11 Nanging wong kang kandha mangkono iku kuduné ngerti menawa anggonku tumindak samasa adu-arep, padha baé karo tembung-tembungku ing layang-layangku, samasa aku ora adu-arep. 12 Pancèn aku padha ora wani nggolongaké utawa nandhingaké awakku karo wong-wong kang ngalem awaké dhéwé. Wong iku ngukur awaké nganggo ukurané dhéwé lan nandhing awaké mung karo awaké dhéwé. Bodho banget wong iku! 13 Kosok-baliné aku padha ora gelem ngegungaké dhiri nganti ngluwihi wates, nanging mung tetep ing sajroning watesing ayahan kang wus katetepaké déning Allah kanggo aku kabèh, sumrambahé nganti tekan kowé uga. 14 Marga anggonku padha martakaké Injilé Kristus wis luwih dhisik tekan panggonanmu, dadiné aku ora ngliwati watesé wilayahing pagawéanku, kaya-kaya menawa durung tekan panggonanmu. 15 Aku ora padha ngegungaké pagawéan kang dilakoni déning wong liya, ana ing wilayah pagawéan kang ora kanggo aku, nanging pangarep-arepku, menawa pracayamu saya mundhak, aku bakal olèh pakurmatan luwih gedhé manèh ana ing antaramu, yèn katandhing karo wilayah pagawéan kang katemtokaké kanggo aku. 16 Iya, uripku iki pancèn supaya padha bisa martakaké Injil menyang ing laladan kang luwih adoh katimbang karo laladanmu, lan ora ngegung-egungaké wohing pagawéan kang wus katindakaké déning liyan ana ing wilayah kang katemtokaké kanggo wong mau. 17 "Nanging sapa kang ngegung-egungaké, iku ngegungna ana ing Pangéran." 18 Awit dudu wong kang ngalem awaké dhéwé kang tanggon, nanging wong kang dialem déning Pangéran.
1 Iba beciké yèn kowé padha sabar tumrap aku kang rada bodho iki. Pancèn kowé padha nyabari aku! 2 Sabab aku cemburu ing ngatasé kowé kanthi cemburuning Allah. Awit kowé wis padha dakpacangaké karo wong lanang, kang nuntun kowé kayadéné prawan suci marang Kristus. 3 Nanging aku sumelang mbokmenawa angen-angenmu kasasaraké saka kasetyanmu kang sejati marang Kristus, padha kaya Hawa kablithuk déning ula sarana kajuligané. 4 Awit kowé mung sabar baé yèn ana wong teka martakaké Yésus kang béda karo apa kang wus dakwartakaké, utawa awèh roh kang béda karo kang wis koktampa utawa Injil kang béda karo kang wus koktampa. 5 Nanging manut panemuku sathithik baé aku ora kalah karo rasul-rasul kang pinunjul iku. 6 Menawa aku kurang pinter ing bab guneman, nanging ora mangkono ing bab kawruh, awit aku wis padha mratélakaké marang kowé ing sadhéngah waktu lan ing sabarang prakara. 7 Apa aku dosa menawa aku ngasoraké awakku dhéwé kanggo ngluhurake kowé, marga aku martakaké Injilé Allah marang kowé tanpa opah? 8 Pasamuwan-pasamuwan liya wis dakrampog srana anggonku nampani wragad saka pasamuwan-pasamuwan mau, supaya aku bisa ngladèni kowé! 9 Karo manèh nalika aku ana ing satengahmu, aku nandhang kakurangan, aku ora gawé rubeding wong, awit apa kang kurang wis dicukupi déning para Sadulur tunggal pracaya kang teka saka Makédonia. Ing samubarang prakara dakjaga aja nganti dadi gawému, lan saterusé aku bakal mangkono. 10 Demi apa kang bener miturut Kristus kang ana ing aku, dakantebaké kandhaku menawa panggunggungku iku ora bakal kaalang-alangan déning sapa baé kang ana ing wilayah-wilayah Akhaya. 11 Sababé apa, kok ora? Apa marga aku wis ora tresna marang kowé? Allah kang nguningani. 12 Nanging apa kang daktindakaké bakal dakterusaké kanggo ngawékani wong kang padha golèk dhadhakan kanggo nuduhaké, yèn wong-wong iku padha kaya aku sakanca ing sajroning prakara kang bisa diegung-egungaké. 13 Awit wong-wong kang mangkono iku rasul-rasul palsu, wong kang padha tumindak cidra, kang nyamar dadi rasulé Kristus. 14 Prakara iku ora nggumunaké, sabab Iblis uga mindha-mindha dadi malaékating Pepadhang. 15 Dadi dudu prakara kang anèh, menawa batur-baturé uga mindha-mindha dadi abdi-abdining kayektèn. Kawusanané wong-wong iku bakal timbang karo panggawéné. 16 Dakbalèni manèh: Aja ana wong kang ngarani aku bodho. Déné menawa kowé uga nganggep mangkono, aku tampanana kayadéné wong kang bodho, supaya aku bisa gumunggung sawatara. 17 Apa kang dakkandhakaké, iku anggonku ngandhakaké ora kaya wong kang guneman manut pangandikaning Allah, nanging kayadéné wong kang bodho, kang nduwèni kayakinan menawa bisa gumunggung. 18 Amarga akèh wong kang nglairaké panggunggung cara kadonyan, aku kepéngin gumunggung uga. 19 Sabab kowé padha gelem nyabari wong kang bodho, marga kowé iku padha luwih déning wicaksana. 20 Jalaran kowé sabar, menawa ana wong nganggep kowé batur-tukon, menawa ana wong nggrogoti kowé, menawa ana wong ngwasani kowé, menawa ana wong ngetokaké gumunggungé marang kowé, menawa ana wong napuk kowé. 21 Aku kudu ngakoni kanthi isin banget, yèn ing bab kang kaya mangkono iku aku kabèh padha ora keduga. Sanadyan mangkono menawa ana wong kang wani ngegung-egungaké sawijining prakara -- kandhaku iki ing sajroning kabodhoanku -- aku iya wani uga! 22 Apa wong-wong iku wong Ibrani? Aku iya wong Ibrani! Apa wong-wong iku wong Israèl? Aku iya wong Israèl! Apa wong-wong iku trahé Abraham? Aku iya trahé Abraham! 23 Apa wong-wong iku abdiné Kristus? -- kandhaku iki kaya wong ora waras -- aku luwih manèh! Anggonku keraya-raya luwih akèh, luwih kerep dikunjara, digebugi kaliwat-liwat, kerep kaancam ing bebaya pati. 24 Aku digebugi déning wong Yahudi kaping patang puluh kurang siji nganti ambal kaping lima, 25 aku disabeti ambal kaping telu, aku dibenturi watu sapisan, kaping telu aku nunggang prau kèrem, sadina sawengi aku kompal-kampul ana ing tengah sagara. 26 Lakuku kerep diancam ing bebaya banjir lan ing bebaya bégal, bebaya saka wong Yahudi lan saka wong-wong kang dudu Yahudi, bebaya ana ing kutha lan bebaya ana ing pasamunan, bebaya ana ing tengah sagara, lan bebaya saka sadulur-sadulur palsu. 27 Aku kerep rekasa lan nyambut-gawé abot; aku kerep melèk; luwé lan ngelak; aku kerep pasa, katisen lan kawudan, 28 lan tanpa nyebutaké prakara liyané manèh, momotanku sadina-dina, yaiku mikiraké bot-repoté pasamuwan kabèh. 29 Yèn ana wong rumangsa apes, apa aku ora rumangsa mèlu apes? Yèn ana wong kesandhung, apa atiku ora remuk déning kasedhihan? 30 Menawa prelu kudu gumunggung, aku bakal ngegung-egungaké ing bab kaapesanku. 31 Allah, Ramané Yésus, Gusti kita, kang pinuji nganti salawas-lawasé, pirsa, menawa aku ora goroh. 32 Ana ing Damsyik gubernur kang kaangkat déning Raja Arétas ndhawuhaké njaga Damsyik, karsané nyepeng aku. 33 Nanging aku kaudhunaké nganggo kranjang metu cendhéla, menyang sajabané bètèng, temah aku oncat saka astané.
1 Aku kudu ngegung-egungaké, sanadyan iku pancèn ora ana paédahé, éwasamono aku arep nyritakaké bab tetingalan lan wahyu-wahyu kang daktampa saka Gusti. 2 Aku wanuh sawenèhing wong ana ing Kristus; patbelas taun kepungkur -- embuh ing sajroning badan, aku ora mangerti, embuh ing sanjabaning badan, aku ora ngerti, Allah kang nguningani -- wong iku dumadakan diangkat menyang swarga tataran katelu. 3 Aku iya wanuh wong iku, -- embuh ing sajroning badan embuh ing sanjabaning badan, aku ora ngerti, Allah kang nguningani -- 4 dumadakan diangkat menyang Firdaus lan krungu pangandika kang ora kena dikandhakaké, kang ora kena kaucapaké déning manungsa. 5 Iya wong iku kang dakegung-egungaké, nanging awakku dhéwé ora bakal dakegung-egungaké, kajaba mung bab kaapesanku. 6 Awit saupama aku arep ngegungaké awak, aku dudu wong bodho manèh, awit aku ngandhakaké apa kang bener. Nanging aku nahan dhiri, supaya aja ana wong kang ngukur awakku luwih saka apa kang dideleng ana ing aku utawa kang dirungu saka aku. 7 Lan supaya aku aja ngunggul-unggulaké awak marga saka anané wahyu-wahyu kang linuwih iku, aku banjur kaganjar eri ing dagingku, yaiku kongkonané Iblis kang milara aku, supaya aku aja nganti ngunggul-unggulaké awak. 8 Mungguh bab iku aku wus kaping telu ngaturaké panyuwun marang Gusti, supaya kongkonané Iblis iku sumingkir saka aku. 9 Nanging paring wangsulané Gusti marang aku, "Sih-rahmatingsun iku wis cukup tumrap sira, awit kwasaningsun iku malah kasampurnakaké ana ing sajroning kaapesan." Awit saka iku aku luwih seneng ngegung-egungaké kaapesanku, supaya pangwaosé Kristus dumunung ana ing aku. 10 Mulané aku seneng lan rila ana ing kaapesanku, ing sajroning kasiksa, ing karubedan, ing panguya-uya lan kasangsaran marga saka Kristus. Awit yèn aku apes, iku aku kuwat. 11 Aku pancèn wis dadi bodho, nanging kowé kang padha meksa marang aku. Beneré aku kokalembana. Tumrap samubarang kabèh aku ora kalah karo para rasul kang pinunjul iku, sanadyan aku ora ana tegesé babar pisan. 12 Titikané yèn aku rasul iku wis katuduhaké ana ing antaramu kalawan sakèhing sabar-mantep, kanthi pratandha-pratandha, mukjijat-mukjijat lan kasektèn-kasektèn. 13 Sabab, apa kurangmu yèn katandhing karo pasamuwan-pasamuwan liyané, kajaba mung saprakara, yaiku déné aku dhéwé ora nganti dadi gawému? Anggonku ora adil iki apuranen! 14 Satemené iki wis kang kaping teluné anggonku cecawis arep nemoni kowé, lan aku ora bakal dadi gawému. Awit dudu barang darbèkmu kang dakgolèki, nanging kowé dhéwé. Marga dudu anak-anak kang padha wajib nglumpukaké bandha kanggo wong tuwané, nanging wong-tuwa kanggo anak-anaké. 15 Awit saka iku aku kanthi bungah masrahaké barang darbèkku, malah aku masrahaké awakku kanggo kowé kabèh. Dadi menawa aku tresna banget marang kowé, masa iya saya suda anggonku ditresnani? 16 Ya pancèn mangkono, aku dhéwé ora dadi gawému. Nanging kandhamu, sarèhné aku iki julig, kowé dakjiret kalawan akal. 17 Dadi, apa wus tau aku njupuk kauntungan saka kowé lumantar wong kang saka ing antarané wong kang dakkongkon nemoni kowé? 18 Pancèn aku wus njaluk tulung marang Titus supaya mangkat lan aku banjur akon sadulur liyané iku supaya ngancani. Apa Titus njupuk kauntungan saka kowé? Apa aku sakloron ora tumindak manut roh kang padha, lan apa aku sakloron ora tumindak manut cara kang padha? 19 Wis kepara suwé anggonmu padha ngira, menawa aku bakal mbeneraké awakku dhéwé ana ing ngarepmu. Nanging aku kandha ana ing ngarsané Allah lan demi Kristus, yèn kabèh iku kanggo mbangun pracayamu. 20 Awit aku sumelang, menawa bésuk samasa aku teka, kowé ora padha tinemu kaya kang dakkarepaké lan kowé ketemu aku ora kaya kang padha kokkarepaké. Aku sumelang ing bab anané pasulayan, kumèrèn, kanepson, brangasan, mung mikir awaké dhéwé, pitenah, panyatur ala, kumenthus, lan rerusuh. 21 Aku sumelang menawa aku teka manèh, Allahku bakal ngesoraké aku ana ing ngarepmu, sarta aku bakal sedhih awit déning wong akèh kang ing wektu kapungkur padha nglakoni dosa lan mangka durung mratobat saka panggawéné kang jember, laku cabul lan pamblunthah kang padha ditindakaké.
1 Iki kang kaping teluné anggonku nemoni kowé: Sahing prakara iku menawa wis ana katrangané seksi loro utawa telu. 2 Tumrap wong-wong kang ing waktu kang kapungkur padha nglakoni dosa, lan sakèhé wong liyané, wis dakkandhakaké luwih dhisik lan bakal dakkandhakaké sapisan manèh -- saiki sajroné aku adoh karo kowé kabèh padha kaya nalika tekaku kang kapindho -- menawa aku teka manèh aku ora bakal ngéman sapa baé. 3 Marga kowé kepéngin bukti, yèn Kristus ngandika lumantar aku. Lan Panjenengané iku ora apes ana ing ngarepmu, malah nindakaké pangwaosé ana ing antaramu. 4 Sabab sanadyan Panjenengané wis kasalib marga saka kaapesan, nanging gesang awit saka pangwaosé Allah. Pancèn aku kabèh iki apes ana ing Panjenengané, nanging bakal padha urip bebarengan karo Panjenengané kanggo kowé marga saka pangwaosé Allah. 5 Awakmu dhéwé ujinen, apa padha isih teguh ing pracaya. Titinen awakmu! Apa padha ora yakin ora tahan uji, menawa Kristus Yésus dumunung ana ing kowé? Awit yèn ora mangkono, kowé ora tahan uji. 6 Nanging pangarep-arepku, kowé bakal padha sumurup menawa dudu aku kang padha ora tahan uji. 7 Pandongaku marang Allah, supaya kowé aja nindakaké piala, ora supaya aku padha katitik tanggon, nanging supaya kowé padha nglakoni apa kang becik, sanadyan aku dhéwé katon padha kaya ora tahan uji. 8 Marga aku kabèh padha ora bisa nglakoni apa-apa kang sulaya karo kayektèn, nanging kang bisa daklakoni yaiku kang cundhuk karo kayektèn. 9 Awit aku padha bungah, menawa aku apes nanging kowé padha rosa. Déné kang padha daksuwun, yaiku supaya kowé dadi sampurna. 10 Iya iku sababé anggonku nulis prakara-prakara iki saka kadohan, supaya menawa aku mengko ana ing antaramu, aku ora kapeksa tumindak kereng miturut wewenang kang kaparingaké déning Gusti marang aku, kanggo mbangun, ora kanggo ngrubuhaké. 11 Wasana, para Sadulurku, padha bungaha, ngudia dadi sampurna. Tampanana sakèhing pituturku. Padha disarujuk, lan padha olah atut-rukun, temahan Allah etuking sih-katresnan lan tentrem-rahayu bakal nunggil karo kowé! 12 Padha salam-salamana kanthi pangambung suci. Sakèhé para suci kirim salam marang kowé kabèh. 13 Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus, lan sihé Allah tuwin patunggilané Roh Suci, anaa ing kowé kabèh!
1 Saka Paulus, rasul kang ora marga saka manungsa lan ora déning kekarepané manungsa, nanging déning Yésus Kristus lan Allah, Sang Rama, kang wis mungokaké Panjenengané saka antarané wong mati, 2 lan saka sakèhé sadulur tunggal pracaya kang dadi kanthiku, marang pasamuwan-pasamuwan ing Galatia: 3 Sih-rahmat anaa ing kowé kabèh lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yésus Kristus, 4 kang wis masrahaké sarirané karana dosa-dosa kita, supaya kita kaluwaran saka jagat-ala kang saiki iki, manut karsané Allah lan Rama kita, 5 kang sayogya kaluhurna ing salawas-lawasé! Amin. 6 Aku gumun, déné kowé énggal temen padha nyingkur Panjenengané, kang marga sih-rahmaté Kristus wis nimbali kowé, sarta banjur kèlu marang injil liyané, 7 kang satemené dudu Injil; mung jalaran ana wong kang ngisruhaké kowé lan kang sumedya ngingar-inger Injilé Kristus. 8 Nanging sanadyan aku kabèh utawa malaékat saka ing swarga martakaké marang kowé injil kang béda karo Injil kang wus padha dakwartakaké marang kowé, iku kenaa ing laknat! 9 Kaya anggonku biyèn wus padha mituturi, saiki iku dakkandhakaké sapisan manèh: menawa ana wong kang martakaké marang kowé kabèh injil kang béda karo kang wus koktampani, iku kenaa ing laknat! 10 Dadi kepriyé saiki: kang dakgolèki iku senengé manungsa apa renané Allah? Apa aku ngudi gawé senengé manungsa? Saupama aku isih kepéngin gawé senengé manungsa, dadi aku dudu abdiné Kristus. 11 Amarga aku wis tau nerangaké kanthi cetha marang kowé, para Sadulur, menawa Injil kang dakwartakaké iku dudu injil kang saka manungsa. 12 Awit anggonku nampani ora saka manungsa, lan iya dudu manungsa kang mulangaké bab iku marang aku, nanging marga saka wangsité Yésus Kristus. 13 Sabab kowé wis padha krungu bab uripku biyèn ana ing wewengkoné agama Yahudi: Luwih déning banget anggonku nguya-uya lan ngudi sirnané pasamuwaning Allah. 14 Malah, ing bab agama Yahudi aku ngluwihi kanca-kanca akèh tunggal bangsa sabarakanku; aku dadi wong kang sregep banget ngleluri adat-tata-carané para leluhurku. 15 Nanging bareng Allah, kang wis miji aku wiwit aku isih ana ing guwagarbaning ibuku, lan nimbali aku marga saka sih-rahmaté, 16 kepareng mbabaraké Kang Putra ana ing aku, supaya aku martakaké Panjenengané ana ing antarané bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi, aku babar pisan ora njaluk rembugé manungsa. 17 Aku uga ora lunga menyang Yérusalèm nemoni para wong kang wus dadi rasul sadurungé aku, nanging aku menyang tanah Arab, lan saka ing kono bali manèh menyang Damsyik. 18 Sawusé telung taun aku banjur menyang Yèrusalèm prelu nemoni Kéfas lan aku nginep ing dalemé limalas dina. 19 Nanging aku ora ketemu rasul liyané siji-sijia, kajaba Yakobus, sadhèrèké Gusti Yésus. 20 Padha gatèkna: Ana ing ngarsané Allah aku mesthèkaké, menawa kang daktulis marang kowé iki nyata. Aku ora goroh. 21 Sawisé iku aku banjur menyang wilayah Siria lan Kilikia. 22 Nanging pasamuwan-pasamuwané Kristus ing Yudéa tetep ora padha weruh marang rupaku; 23 mung padha krungu, menawa wong kang biyèn nguya-uya wong-wong mau, saiki martakaké iman kang biyèn diarah sirnané. 24 Lan wong-wong mau banjur padha ngluhuraké Allah marga aku.
1 Sawusé mangkono, bareng wis luwih saka patbelas taun, aku menyang Yèrusalèm manèh karo Barnabas, déné Titus uga dakajak. 2 Anggonku mrana mau awit saka wangsité Allah. Lan tumrap sadulur-sadulur ing kono aku nerangaké bab Injil kang dakwartakaké ana ing antarané para bangsa dudu Yahudi -- sajroning rerembugan mirunggan karo para kang kajèn-kéringan --, supaya anggonku mbudi-daya tekan saiki iku aja nganti muspra. 3 Nanging Titus kang bebarengan karo aku iku, sanadyan wong Yunani, éwasamono ora kudu tetak. 4 Pancèn ana pandheseké wong-wong kang ngaku-aku sadulur, kang padha nyusup mlebu, saprelu malangi kamardikan kita ana ing Kristus Yésus, supaya kanthi mangkono kita padha dadi kawulané. 5 Nanging sathithik baé aku padha ora gelem mundur lan emoh teluk marang wong-wong mau, supaya kayektèné Injil bisa tetep ana ing kowé. 6 Lan mungguh para wong kang kaanggep kajèn-kéringan iku -- kepriyé bab kalenggahané biyèn, iku ora prelu tumrap aku, sabab Allah ora mawas wong adhedhasar kalungguhan -- sanadyan kapriyé baé, aku ora dipeksa nindakaké prakara kang liya déning wong-wong kang kajèn iku. 7 Nanging kosok-baliné, sawisé wong-wong iku padha ngerti menawa aku wis dipracaya martakaké Injil marang wong-wong kang ora tetak, padha kaya Pétrus kanggo wong-wong kang tetak 8 -- awit Panjenengané kang wis maringi kakuwatan marang Pétrus dadi rasul tumrap wong-wong kang tetak, -- Panjenengané uga kang wis maringi kakuwatan marang aku kanggo wong-wong kang ora tetak. 9 Lan sawusé nyumurupi sih-rahmat kang kaparingaké marang aku, Yakobus, Kéfas lan Yohanes, kang kaanggep padha dadi saka-guruning pasamuwan, banjur sesalaman karo aku lan Barnabas minangka pratandhaning patunggalan, supaya aku marani marang wong-wong kang ora tetak, padha karo Yakobus, Kéfas lan Yohanes marang para kang tetakan; 10 mung aku kabèh kudu tansah éling marang wong-wong miskin lan pancèn iya iku kang padha dakprelokaké kalawan temen-temen. 11 Nanging nalika Kéfas teka ing Antiokhia, tanpa tèdhèng aling-aling dakpadoni, sabab panjenengané lepat. 12 Awit sadurungé ana wong sawatara saka golongané Yakobus teka, panjenengané kembul dhahar karo sadulur-sadulur tunggal pracaya kang ora tetak, nanging satekané wong-wong mau, banjur mengker lan misah marga ajrih marang sadulur kang tetak. 13 Lan para wong Yahudi liyané uga mèlu-mèlu tumindak lamis kaya Kéfas, dalah Barnabas dhéwé iya banjur kèlu. 14 Nanging bareng aku ngerti tumindaké iku ora cocog karo kayektèné Injil, aku matur marang Kéfas ana ing sangarepé wong kabèh, "Manawi panjenengan, tiyang Yahudi, gesang kadosdéné tiyang ingkang sanès Yahudi lan mboten kados tiyang Yahudi, kadospundi déné panjenengan kok badhé meksa sadhèrèk-sadhèrèk ingkang mboten tetak supados gesang kados tiyang Yahudi?" 15 Aku kabèh iki wong Yahudi adhedhasar keturunan, dudu wong dosa saka bangsa-bangsa liya. 16 Kita padha ngerti menawa ora ana wong siji baé kang kaanggep bener marga saka nglakoni angger-anggering Torèt, nanging mung marga pracaya ana ing Kristus Yésus. Mulané aku uga wus padha pracaya marang Kristus Yésus, supaya aku padha kaanggep bener, ora marga saka nglakoni angger-anggering Torèt. Awit, "Ora ana wong siji baé kang kaanggep bener", marga nglakoni angger-anggering Torèt. 17 Nanging menawa aku dhéwé ing sajroné padha ngudi supaya kaanggep bener ana ing Kristus iku nyatané wong-wong dosa, apa iku banjur ateges menawa Kristus iku jumeneng paladosing dosa? Babar pisan ora. 18 Awit menawa aku mbangun manèh apa kang wis dakrusak, iku aku ngétokaké menawa aku iki nerak angger-anggering Torèt. 19 Sabab aku wis mati marga saka anggger-anggering Torèt kanggo angger-anggering Torèt, supaya aku urip kagem Allah. Aku wis ndhèrèk kasalib karo Kristus, 20 nanging aku urip, éwadéné dudu aku dhéwé manèh kang urip, mung Kristus kang gesang ana ing aku. Urip jasmaniku kang saiki dakalami iki, urip marga saka pracaya ana ing Putraning Allah kang wis ngasihi aku sarta wis masrahaké sarirané kanggo aku. 21 Aku ora nampik sih-rahmaté Allah. Awit saupama ana kang kabeneraké marga saka angger-anggering Torèt, sédané Kristus iku dadi tanpa guna.
1 Hé wong Galatia kang bodho, sapa ta kang mblithuk kowé? Yésus Kristus kang kasalib iku rak wus katerangaké kanthi gamblang ana ing ngarepmu? 2 Kang arep dakngertèni saka kowé, mung iki: Apa anggonmu wus padha nampani Roh iku marga saka nglakoni angger-anggering Torèt, apa marga pracaya marang pangundhanging Injil? 3 Apa nganti samono bodhomu? Kowé wus miwiti kalawan Roh, apa kowé saiki arep mungkasi kalawan daging? 4 Apa muspra baé kabèh kang wis padha kokalami kang samono akèhé iku? Mongsok yèn muspra! 5 Dadi saiki kepriyé, apa Panjenengané kang maringi Roh marang kowé nganti lubèr-lubèr lan nindakaké mukjijat ana ing antaramu, anggoné nindakaké mangkono iku, marga kowé nglakoni angger-anggering Torèt, apa marga pracaya marang pangundhanging Injil? 6 Iya kanthi patrap mangkono iku anggoné Abraham pracaya marang Allah, sarta iya iku kang njalari kaanggep bener déning Allah. 7 Dadi kowé ngerti menawa wong-wong kang urip saka pracaya iku padha dadi putrané Abraham. 8 Lan Kitab Suci, kang sadurungé wis sumurup menawa Allah nganggep bener marang wong-wong kang dudu Yahudi marga saka pracaya, wis luwih dhisik martakaké kabar kabungahan marang Abraham, "Iya ana ing sira sakèhing bangsa bakal diberkahi." 9 Dadi wong-wong kang urip saka pracaya, iya iku kang padha diberkahi bebarengan karo Abraham kang pracaya iku. 10 Awit wong kabèh, kang uripé saka ayahaning angger-anggeré Torèt iku kabawah ing laknat, sabab ana tulisan mangkéné, "Kenaa ing laknat wong kang ora setya anggoné nglakoni samubarang kang katulis ana ing kitab angger-anggering Torèt." 11 Lan iya wus cetha yèn ora ana wong kang kaanggep bener ana ngarsané Allah marga saka nglakoni angger-anggering Torèt, awit, "Wong kang kaanggep bener iku bakal urip marga saka pracaya." 12 Awit angger-anggering Torèt iku dhasaré dudu iman, nanging sapa kang nglakoni angger-angger, iku bakal urip déning angger-angger. 13 Kristus wis nebus kita saka laknaté angger-anggering Torèt srana jumeneng laknat piyambak marga saka kita, sabab ana tulisan mangkéné, "Kenaa ing laknat saben wong kang digantung ing kayu salib!" 14 Yésus Kristus wus nglampahi iku, supaya berkahé Abraham ana ing Panjengenané sumrambah marang bangsa-bangsa liya, temahan marga saka pracaya, kita bisa nampani Roh kang kaprasetyakaké. 15 Para Sadulur, beciké aku daknganggo conto padinan. Layang wasiyat kang wis kaabsahaké iku, sanadyan saka manungsa, ora ana wong kang bisa mbatalaké utawa nambahi. 16 Anadéne prasetya iku kabèh kapangandikakaké marang Abraham lan marang turuné. Panjenengané ora ngandika, "Marang turun-turuné" kang kaya-kaya ateges wong akèh, nanging mung wong siji, "lan marang turunmu", yaiku Kristus. 17 Maksudku yaiku prasetya kang sadurungé wis kaabsahaké déning Allah iku ora kena dibatalaké déning angger-anggering Torèt, kang lagi ana sawisé patang atus telung puluh taun, nganti prasetya iku ilang kakuwatané. 18 Sabab menawa kang kaabsahaké déning Allah iku asalé saka angger-anggering Torèt, mesthiné iku asalé ora saka prasetya; nanging malah marga saka prasetya, Allah wis maringaké sih-rahmaté marang Abraham. 19 Yèn mangkono, apa maksudé angger-anggering Torèt iku? Iku katambahaké awit saka anané panerak-panerak, nganti tekané turun kang dikarsakaké ing prasetya iku -- lan angger-anggering Torèt iku kaparingaké lumantar malaékat-malaékat marang astané sawijining pantara. 20 Déné anggoné jumeneng pantara iku ora mung makili wong siji baé, mangka Allah iku siji. 21 Menawa mangkono, apa angger-anggering Torèt iku sulaya karo sakèhé prajanjining Allah? Babar pisan ora. Sabab saupama angger-anggering Torèt kang kaparingaké iku bisa nguripaké, mesthiné apa kang bener iku pancèn tuwuh saka angger-anggering Torèt. 22 Nanging Kitab Suci wis ngurung samubarang marang pamengkuning dosa, supaya awit saka pracaya marang Yésus Kristus janji mau kaparingaké marang wong kang padha pracaya. 23 Nanging sadurungé pracaya iku ana, kita kawengku ing pangreksané angger-anggering Torèt, kakurung nganti pracaya iku wis kababar. 24 Dadi angger-anggering Torèt iku minangka panuntun kita nganti Kristus rawuh, supaya kita kaanggep bener marga saka pracaya. 25 Nanging saiki bareng kita wis pracaya, wis ora kabawah manèh ing pangreksané panuntun mau. 26 Sabab marga saka pracaya marang Yésus Kristus kowé padha dadi putrané Allah. 27 Awit kowé kabèh, kang padha kabaptis ana ing Kristus, wis padha ngrasuk Kristus. 28 Ing bab iki ora ana wong Yahudi utawa wong Yunani, ora ana batur utawa wong mardika, ora ana lanang utawa wadon, awit kowé kabèh padha dadi siji ana ing Kristus Yésus. 29 Mangka yèn kowé kagungané Kristus, ateges kowé padha dadi trahing Abraham lan padha dadi ahli-waris miturut prasetyané Allah.
1 Kang dakarepake mangkéné: Sajroné ahli-waris durung diwasa, ora ana bédané sathithik-thithika karo abdi, sanadyan iku kang ngwasani samubarang, 2 nanging kawengku ing wali lan pamomong nganti tumeka ing waktu kang wis katemtokaké déning bapakné. 3 Samono uga kita: Sajroné durung diwasa kita iya kawengku déning para rohing jagat. 4 Nanging bareng wis tekan ing ganepé mangsa, Allah ngutus Kang Putra, kang miyos saka wanita, miyos kawengku ing angger-anggering Torèt, 5 saprelu nebus sakèhing wong kang padha kawengku ing angger-anggering Torèt, supaya kita bisa katarimah dadi putra. 6 Lan sarèhné kowé iku padha dadi putra, mulané Allah wis ngutus Rohé Kang Putra marang sajroning ati kita, kang nyebut, "Abba, Rama!" 7 Dadiné kowé kabèh iku wus dudu batur manèh, nanging putra; lan yèn kowé kabèh iku putra, kowé iku uga padha dadi ahli-waris marga pakaryaning Allah. 8 Biyèn, nalika kowé durung wanuh marang Allah, kowé ngawula marang kang kokanggep Allah, nanging sajatiné dudu Allah. 9 Nanging saiki sawisé kowé wanuh marang Allah, malah luwih saka iku, sawisé Allah tepang karo kowé, kepriyé déné kowé mbalik manèh marang roh-roh donya kang apes lan papa, sarta arep wiwit kokkawulani manèh? 10 Kowé padha netepi pétungané dina-dina, sasi-sasi, mangsa-mangsa, apadéné taun-taun. 11 Aku kuwatir yèn kangélanku kanggo kowé iku dadi muspra. 12 Para Sadulur, panjalukku marang kowé, kowé padha dadia kaya aku, sabab aku uga wis dadi padha kaya kowé. Durung tau kowé kaluputan marang aku. 13 Kowé padha sumurup, menawa aku martakaké Injil marang kowé kang wiwitan iku jalaran lelara kang ana ing awakku. 14 Sanadyan kaya mangkono kaanané awakku, kang dadi pacoban kanggo kowé kabèh, éwadéné ora kokanggep kaya barang kang nistha lan kang njijiki, nanging kowé wis padha nampani aku padha kaya nampani malaékaté Allah, malah padha kaya nampani Kristus Yésus piyambak. 15 Kaya apa begjamu nalika samana! Lan saiki ana ngendi kabegjanmu iku? Awit aku bisa neksèni mungguhing kowé, yèn bisaa mangkono, kowé wis padha nyuplaki mripatmu, kokwènèhaké marang aku. 16 Apa aku banjur dadi satrumu, marga aku mratélakaké bab kayektèn marang kowé? 17 Wong-wong iku kanthi mempeng padha ngudi nggèndèng kowé, nanging ora kalawan tulusing ati, awit karepé bakal misahaké kowé, supaya kowé nganut marang wong-wong mau kalawan tumemen. 18 Pancèn becik menawa wong kalawan sregep ngudi ing bab-bab kang becik, anggeré terus mangkono, lan ora mung yèn aku lagi ana ing antaramu baé. 19 Hé anak-anakku, iya marga saka kowé aku ngrasakaké lara kaya nglarani manèh, nganti sipat-sipaté Kristus katon cetha ana ing kowé. 20 Kaya apa kangenku kepéngin ana ing tengah-tengahmu ing waktu iki lan banjur bisa rerembugan kalawan swara kang béda, awit aku wis kentèkan akal ing ngatasé kowé iku. 21 Coba wangsulana pitakonku, hé kowé kang padha kepéngin urip kawengku ing angger-anggering Torèt, apa kowé padha ora ngrungokaké angger-anggering Torèt? 22 Rak ana tulisan, yèn Abraham iku kagungan putra loro, kang siji saka abdi lan sijiné saka wanita mardika? 23 Nanging putra saka abdi iku miyosé manut tata kadagingan, déné putra saka wanita kang mardika iku awit saka prasetya. 24 Iki sawijining pralambang. Sabab wanita loro iku mralambangi prajanjian loro: kang siji asalé saka gunung Sinai lan nglairaké anak-anak pangawulan, yaiku Hagar -- 25 Hagar iku gunung Sinai ing tanah Arab -- lan padha karo Yérusalèm kang saiki, awit uripé ana ing pangawulan saanak-anaké. 26 Nanging Yérusalèm kaswargan iku wanita kang mardika lan iya iku ibu kita. 27 Awit ana tulisan, "Padha bungaha, hé wong gabug kang ora tau nglairaké! Padha bungaha lan surak-suraka, hé kowé kang ora tau nglarani! Sabab kang ditinggal bojoné, bakal duwé anak luwih akèh tinimbang kang duwé bojo." 28 Lan kowé para Sadulur, padha kayadéné Ishak, kowé uga padha dadi anaking prasetyan. 29 Nanging padha kaya biyèn, kang kalairaké manut tata kadagingan, nguya-uya marang kang kalairaké miturut Roh, samono uga saiki iki. 30 Nanging kepriyé surasané nas Kitab Suci? "Tundhungen batur wadon iku saanaké, sabab anaké batur wadon iku ora bakal mèlu kapanduman warisan karo anaké wanita kang merdika iku." 31 Awit saka iku, sadulur-sadulur, kita iki dudu anak-anaké batur wadon, nanging padha dadi anak-anaké wanita kang mardika.
1 Supaya kita mardika temenan, Kristus wus mardikakaké kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem dietrapi pasangan pangawulan manèh. 2 Satemen-temené, aku, Paulus pitutur marang kowé: Menawa kowé tetak, Kristus bakal ora migunani babar pisan tumrap kowé. 3 Sapisan manèh dakpituturaké marang saben wong kang tetak, menawa wong iku wajib nglakoni sakèhing angger-anggering Torèt. 4 Menawa kowé ngarah supaya kaanggep bener marga saka angger-anggering Torèt, kowé dadiné uwal saka Kristus; kowé urip ing sanjabaning sih-rahmat. 5 Marga saka Roh, lan awit saka pracaya kita nganti-anti padha kabeneraké kaya kang kita arep-arep. 6 Sabab tumraping wong-wong kang ana ing Kristus Yésus, bab tetak utawa ora tetak iku ora ana paédahé, kacaba mung pracaya kang tumindaké kalawan katresnan. 7 Biyèn anggonmu mèlu tetandhingan iku kalawan becik. Sapa ta kang memalangi kowé, satemah kowé banjur ora manut ing kayektèn manèh? 8 Pambujuk supaya ora manut manèh iku ora saka Panjenengané, kang nimbali kowé kabèh. 9 Ragi sathithik wis bisa njalari jladrèné mekar. 10 Ana ing Gusti aku yakin mungguh ing kowé, menawa kowé ora nduwèni panemu liya kajaba panemu iki. Nanging sapa kang ngisruhaké kowé, iku bakal nyangga paukumané, sanadyan sapa baé wong iku. 11 Lan manèh, tumrap aku, Sadulur-sadulur, menawa aku isih martakaké bab tetak, généya aku isih dikuya-kuya? Sabab yèn mangkono, salib iku ora dadi sandhungan manèh. 12 Beciké wong-wong kang padha mbujuki kowé iku padha ngebiria awaké sisan baé! 13 Para Sadulur, kowé wus padha katimbalan, supaya mardika, nanging aja nganti kowé migunakaké kamardikan iku dadi dhadhakan tumrap urip tata kadagingan, nanging padha ladèn-linadènana srana katresnan. 14 Sabab angger-anggering Torèt kabèh iku kacakup ing pangandika siji iki, yaiku, "Sira tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé." 15 Déné menawa kowé padha kerah lan padha mangsa-minangsa, padha diawas, aja nganti padha tumpes-tinumpes. 16 Maksudku yaiku: Lakumu padha manuta marang Roh, satemah kowé ora nuruti pepénginaning daging. 17 Awit pepénginaning daging iku nyulayani karsané Roh lan karsané Roh iku nyulayani pepénginaning daging -- awit sakaroné padha lelawanan -- satemah kowé saben-saben ora nindakaké apa kang kokkarepaké. 18 Ananging menawa kowé padha masrahaké awakmu supaya dituntun déning Roh, mesthi kowé padha ora kawengku ing angger-anggering Torèt. 19 Déné panggawéning daging wus cetha: laku cabul, laku rusuh, hawa napsu, 20 panyembah brahala, sihir, sesatron, pasulayan, kamèrèn, kanepson, pamrih, padudon, cecongkrahan, 21 drengki, endem-endeman, ropyan-ropyan lan sapanunggalané. Tumrap sakabèhé iku kowé dakélingaké -- kaya kang wus daktindakaké biyèn -- menawa sapa kang nindakaké bab-bab kang kaya mangkono iku, ora bakal tampa warisan Kratoning Allah. 22 Déné wohing Roh yaiku: katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sarèh, paramarta, kabecikan, kasetyan, 23 alusing budi, bisa ngemudhèni dhiri. Ora ana angger-angger kang nglawan iku mau kabèh. 24 Lan sapa kang dadi kagungané Kristus Yésus, iku wis nyalib daging dalah sakèhing hawa napsu lan pepénginané. 25 Menawa kita urip marga saka Roh, urip kita uga katuntun déning Roh 26 lan kita aja mendem drajad, aja padha tantang-tantangan, sarta aja padha drengki.
1 Para Sadulur, yèn ana wong kang tinemu nglakoni panerak, kowé kang kasukman, kudu nuntun wong iku marang dalan kang bener kalawan budi kang sarèh, karo njaga awakmu dhéwé, supaya kowé aja kena ing panggodha. 2 Padha tulung-tinulungana ing bot-répot! Iya kaya mangkono iku anggonmu netepi angger-anggeré Kristus. 3 Sabab yèn ana sawenèhing wong kang rumangsa menawa awaké aji, mangka babar pisan ora aji, iku ngapusi awaké dhéwé. 4 Beciké saben wong ndadara pagawéané dhéwé; lagi kena mongkog ndeleng kaanané dhéwé lan ora ndeleng kaanané wong liya. 5 Sabab saben wong bakal mikul tanggungané dhéwé. 6 Lan wong kang nampani piwulanging pangandika iku ngedumna samubarang kang becik marang wong kang awèh piwulang iku. 7 Aja padha kesasar! Allah ora kena digawé geguyon. Awit apa kang disebar ing wong, iya iku kang bakal dienèni. 8 Sabab sing sapa nyebar ing dagingé, bakal ngenèni karusakan saka dagingé -- nanging sapa kang nyebar ing Roh, iya bakal ngenèni urip langgeng saka ing Roh iku. 9 Aja nganti kita bosen anggon kita gawé kabecikan, awit menawa wis tekan ing kala-mangsané, kita bakal ngenèni, anggeré kita ora nganti nglokro. 10 Awit saka iku mumpung isih ana wewengan, ayo padha gawé becik marang wong kabèh, luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang nunggal pracaya. 11 Padha delengen, sapira gedhéné aksara-aksara kang daktulis marang kowé nganggo tanganku dhéwé. 12 Wong-wong kang cara lair seneng nonjolaké awaké dhéwé, iya wong-wong iku kang padha mbudidaya bisané meksa kowé supaya tetak, karepé mung supaya padha ora dikuya-kuya marga saka salibé Kristus. 13 Sabab wong-wong kang padha tetak iku iya padha ora netepi angger-anggering Torèt. Nanging karepé supaya kowé padha tetak amrih wong mau bisa gumunggung ing bab kaananmu tata lair. 14 Déné aku ora pisan-pisan gelem gumunggung, kajaba ing salibé Gusti kita Yésus Kristus, sabab marga saka Panjenengané jagat wis disalib kanggo aku lan aku kanggo jagat. 15 Sabab tetak utawa ora tetak ora ana paédahé, nanging dadi titah kang anyar iku kang ana paédahé. 16 Lan tumrap wong kabèh kang lakuné katuntun déning wewaton iki, tentrem-rahayu lan rahmat muga tumurun marang wong-wong iku lan marang Israèl kagungané Allah. 17 Sabanjuré aja ana kang gawé ribedku, marga ing awakku ana tilas-tilas tatu tandha kagungané Yésus. 18 Sih-rahmaté Gusti kita Yésus Kristus nunggila ing rohmu, Sadulur-sadulur! Amin.
1 Saka Paulus, rasulé Kristus Yésus awit saka karsané Allah, marang para suci ing Éfesus, iya para wong kang padha pracaya ana ing Kristus Yésus. 2 Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita lan saka Gusti Yésus Kristus anaa ing kowé kabèh. 3 Pinujia Allah lan Ramané Gusti kita Yésus Kristus, kang wus mberkahi kita ana ing Kristus kalawan sarupané berkah kasukman kang ana ing swarga. 4 Awit iya ana ing Panjenengané iku Allah wis milih kita sadurungé jagat katitahaké, supaya kita padha suci tanpa cacad ana ing ngarsané. 5 Marga saka sih-palimirmané wiwit wiwitan mula Panjenengané wus kepareng netepaké kita kaangkat dadi para putrané, marga saka Yésus Kristus, manut sakeparenging karsané. 6 Supaya pinujia sih-rahmaté kang luhur, kang kaparingaké marang kita ana ing Panjenengané kang kinasih. 7 Sabab iya ana ing Panjenengané, kita kaparingan tebusan, yaiku pangapuraning dosa marga saka rahé, manut gunging sih-rahmaté, 7: 8 kang wus kalubèraké marang kita kalawan sagunging kawicaksanan lan pangertèn. 9 Marga Panjenengané wis medharaké wewadining karsané marang kita, miturut rancanganing-keparengé, yaiku kang wiwit sakawit wus katetepaké ana ing Kristus. 10 Minangka pacawisan ganeping mangsa anggoné nunggilaké samubarang kabèh ana ing Kristus, kang dadi sesirahing samubarang kang ana ing swarga apadéné ing bumi. 11 Ana ing Kristus, awit iya ana ing Panjenengané iku aku kabèh padha olèh warisan kang kaprasetyakaké -- aku kang saka wiwitan wis padha kapilih déning Panjenengané cocog karo karsané Allah, kang nindakaké samubarang manut putusaning karsané -- 12 supaya aku kang sadurungé wis padha duwé pangarep-arep ana ing Kristus, kepareng dadi srana pamujining kaluhurané. 13 Ana ing Panjenengané kowé kabèh uga padha kaecap kalawan Roh Suci kang kaprasetyakaké iku, -- awit kowé wis padha ngrungokaké pangandikaning kayektèn, yaiku Injiling karahayonmu, -- sawusé kowé kabèh padha pracaya. 14 Déné Roh Suci iku kang dadi tanggunganing warisan kita nganti kita padha tampa tebusan kang njalari kita dadi kagungané Allah, supaya memuji kaluhurané. 15 Mulané, aku iki sawisé krungu warta bab pracayamu ana ing Gusti Yésus lan bab tresnamu marang sakèhé para suci, 16 ora kendhat anggonku saos sokur marga saka kowé kabèh. Lan aku tansah ngélingi kowé sajroning pandongaku, 17 supaya Allahé Gusti kita Yésus Kristus, yaiku Sang Rama kang mulya iku, karsa paring Rohing kawicaksanan lan wahyu marang kowé, supaya wanuhmu marang Panjenengané kanthi bener temenan. 18 Sarta murih Panjenengané madhangaké mripating atimu, supaya kowé ngerti mungguh pangarep-arep apa kang kamot ing timbalané: Iba gedhéning warisan kamulyané kanggo para suci, 19 lan iba gunging pangwaosé tumrap kita, kang pracaya, cocog karo dayaning pangwaosé kang gedhé, 20 kang katindakaké ana ing Kristus kalawan anggoné mungokaké saka antarané wong mati lan nglenggahaké ing swarga ana ing sisih tengené, 21 banget anggoné ngungkuli luhuré sakèhing pamaréntah lan pangwasa sarta wisésa tuwin kraton lan sadhéngaha jeneng kang kena sinebut, ora ngamungaké ana ing donya iki baé, nanging uga ing jaman kang bakal kelakon. 22 Karodéné samubarang wis kapapanaké ing sangisoring sampéyané Kristus lan Panjenengané wis kaparingaké marang pasamuwan minangka sesirahing samubarang kang sarwa dumadi. 23 Déné pasamuwan iku kang dadi sarirané, yaiku kapenuhan kasampurnan ing Panjenengané, kang menuhi samubarang.
1 Kowé biyèn padha mati marga saka sakèhing panerak lan dosa-dosamu. 2 Kowé biyèn padha dumunung ana ing kono, awit kowé manut lakuning donya iki, lan mbangun-miturut marang pamaréntahé pangwasaning akasa, yaiku roh kang saiki lagi nandukaké dayané ana ing satengahé para wong duraka. 3 Satemené biyèn aku kabèh uga padha klebu ing antarané wong-wong iku, nalika urip ana ing sajroning hawa-napsuning daging lan nuruti pakaremané daging lan pangangen-angenku kang ala. Samesthiné aku padha kaparingan deduka, kayadéné wong-wong liyané. 4 Nanging Allah kang sugih kawelasan, awit saka gedhéning katresnan kang kalubèraké marang kita, 5 wis nguripaké kita bareng karo Kristus, sanadyan kita wis padha mati awit saka kaluputan-kaluputan kita -- marga saka sih-rahmat kowé padha kapitulungan rahayu -- 6 lan ana ing Kristus kita padha ditangèkaké lan uga diparingi papan bareng karo Panjenengané ana ing swarga, 7 supaya ing jaman kang bakal kelakon Panjenengané ngatingalaké marang kita anggèné sugih sih-rahmat kang lubèr-lubèr cocog karo kasaénané marang kita ana ing Kristus Yésus. 8 Sabab anggonmu padha kaslametaké iku saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparingé Allah, 9 iku dudu wohing panggawému; supaya aja ana wong kang gumunggung. 10 Marga kita iki titahé Allah, katitahaké ana ing Kristus Yésus, supaya padha nglakoni panggawé becik kang kacawisaké Allah sadurungé. Panjenengané ngarsakaké supaya kita padha urip kaya mangkono. 11 Mulané ngélingana, menawa biyèn kowé -- wong-wong kang cara kajasmanèn dudu wong Yahudi, kang sinebut wong-wong kang ora tetak déning wong-wong kang ngarani awaké dhéwé "tetak", yaiku tetak tata-lair srana tanganing manungsa. -- 12 Nalika samana kowé tanpa Kristus, ora klebu warga Israèl lan ora olèh panduman tumrap prasetya kang kaprasetyakaké, tanpa pangarep-arep lan tanpa Allah ana ing donya. 13 Nanging saiki kowé ana ing Kristus Yésus, kowé kang nalika samana "adoh", saiki wus dadi "cedhak" marga saka rahé Kristus. 14 Marga iya Panjenengané iku tentrem-rahayu kita, kang wus nunggilaké sakaroné dadi siji lan kang wus ngrubuhaké tembok singgetan, yaiku sesatron, 15 awit Panjenengané sarana sédané cara manungsa, wus mbatalaké angger-anggering Torèt dalasan sakèhing pepakon lan katamtuané, supaya sakaroné dadi manungsa anyar siji ana ing Panjenengané, lan kalawan mangkono iku banjur njalari anané tentrem-rahayu, 16 lan kanggo ngrukunaké sakaroné ana ing badan siji, karo Allah srana salib, kanthi ngilangaké sesatron ana ing salib iku. 17 Panjenengané rawuh lan martakaké tentrem-rahayu marang kowé kabèh kang "adoh" lan tentrem-rahayu marang wong-wong kang "cedhak", 18 awit iya marga saka Panjenengané iku kita sakaroné ana ing Roh siji padha olèh dalan marang ngarsané Sang Rama. 19 Marga saka iku, kowé dudu wong manca lan wong neneka manèh, nanging wus nunggal dadi sagolongan karo para suci lan nunggal dadi brayating Allah, 20 kang kabangun kanthi dhasar para rasul lan para nabi, kalawan Kristus Yésus kang minangka watu pojokan. 21 Ana ing Panjenengané sawetahing bangunan iku tuwuh, tinata kanthi becik dadi Padalemaning Allah kang Suci, ana ing sajroné Gusti. 22 Ana ing Panjenengané iku kowé uga padha mèlu kabangun dadi Padalemaning Allah, ana ing sajroné Roh.
1 Iya iku sababé aku iki, Paulus, dikunjara marga saka Kristus Yésus kanggo kowé wong-wong kang dudu Yahudi, 2 Kowé rak wis padha krungu bab ayahaning sih-rahamaté Allah, kang kapitayakaké marang aku marga saka kowé kabèh, 3 yaiku anggonku wis kasumurupaké bab wewadi iku srana wahyu, kaya kang wis daktulis ing dhuwur kanthi ringkes. 4 Yèn kokwaca, kowé bisa nyumurupi pangertènku bab wewadiné Kristus, 5 kang ing biyèn-biyèné ora kawartakaké marang anak-anaké manungsa, nanging kang saiki kawedharaké sajroning Roh marang rasul-rasul lan nabi-nabiné Gusti kang suci, 6 yaiku menawa wong-wong dudu Yahudi, marga saka Injil mèlu dadi ahli waris lan gegelitaning sarira sarta mèlu duwé panduman ana ing prasetyan kang kaparingaké ana ing Kristus Yésus. 7 Krana Injil iku aku wus dadi abdiné miturut ganjaraning sih-rahmaté Allah kang kaparingaké marang aku cocog karo makaryaning pangwaosé. 8 Aku, wong kang asor dhéwé ing antarané para suci kabèh, wis kaparingan sih-rahmat iki, kanggo martakaké marang wong-wong dudu Yahudi bab kasugihané Kristus, kang ora kena kinira-kira iku, 9 sarta kanggo nerangaké marang wong kabèh apa isiné ayahaning wewadi kang wis atusan taun kineker ing Allah, kang nitahaké samubarang, 10 supaya saiki sawarnaning kawicaksanané Allah disumurupaké marang para pamaréntah lan para pangwasa ing swarga lantaran pasamuwan, 11 laras karo karsané kang langgeng, kang wus katindakaké ana ing Kristus Yésus, Gusti kita. 12 Ana ing Panjenengané kita olèh kakendelan lan dalan kang anjog ing ngarsané Allah kalawan kebak ing pangandel marga saka pracaya kita marang Panjenengané. 13 Mulané panjalukku marang kowé kabèh, aja nganti padha semplah nyawang marang kasangsaranku marga saka kowé, awit kasangsaranku iku kamulyanmu. 14 Iya iku mulané aku sujud ana ing ngarsané Sang Rama, 15 kang saka Panjenengané sakèhing trah kang ana ing swarga lan ing bumi padha kaparingan jeneng. 16 Aku ndedonga supaya Panjenengané, saka gunging kamulyané nyantosakaké kowé srana pangwasa lantaran Rohé ing batinmu, 17 temahan marga saka pracayamu, Kristus dedalem ana ing atimu sarta kowé padha ngoyoda lan tetalesa ing katresnan. 18 Aku ndedonga, supaya kowé karo sakèhing para suci bisa nyumurupi sapira ambané lan dawané sarta dhuwuré lan jeroné sihé Kristus 19 sarta bisa ngawruhi marang sihé kang ngungkuli sakèhing kawruh iku. Aku ndedonga, supaya kowé padha kapenuhan kasampurnaning Allah. 20 Kagem Panjenengané, kang kwaos nindakaké luwih akèh tinimbang apa kang kita dongakaké utawa kita pikir, kaya kang kacetha ana ing daya-kakuwatan kang makarya ana ing kita, 21 iya Panjenengané iku kang sayogya kasaosan kamulyan turun-tumurun nganti salawas-lawasé ana ing pasamuwan lan ana ing Kristus Yésus. Amin.
1 Mulané, aku kang dadi wong ukuman marga saka Gusti, mituturi kowé, supaya kowé kang wus padha katimbalan iku, uripmu laras karo timbalan mau. 2 Ditansah andhap-asor, sarèh lan sabar. Padha lairna katresnanmu sarana tulung-tinulung. 3 Lan ngudia lestariné anggonmu tetunggalan ing Roh sarana tentrem-rahayu kang minangka taliné: 4 Mung ana badan siji, lan iya Roh siji, kayadéné anggonmu wus padha katimbalan marang pangarep-arep siji kang dumunung ana ing timbalanmu, 5 mung ana Gusti siji, pracaya siji lan baptis siji, 6 mung ana Allah siji, Ramané wong kabèh, Allah kang mengku samubarang, lumantar samubarang, lan ana ing samubarang. 7 Nanging saben gegelitaning panunggalan kita wus kaparingan sih-rahmat undha-usuk manut ukuran peparing kang saka Kristus. 8 Mulané ana pangandika mangkéné, "Nalika sumengka dhateng ngaluhur, Panjenenganipun ngasta tiyang-tiyang tawanan, Panjenenganipun paring ganjaran-ganjaran dhateng manungsa." 9 Déné, "Panjenengané wis sumengka" iku rak ateges menawa Panjenengané iya wis tumedhak menyang péranganing bumi kang ngisor dhéwé? 10 Panjenengané kang wis tumedhak, iya Panjenengané kang wis sumengka ngungkuli sakèhing langit, supaya menuhi samubarang. 11 Lan iya Panjenengané kang maringi para rasul, para nabi, para juru-warta Injil, mangkono uga para pangon lan para pamulang, 12 supaya padha nyamektakaké para suci anggoné nindakaké ayahan leladi, minangka pambanguning sarirané Kristus, 13 nganti kita kabèh wus padha bisa nggayuh manunggaling pracaya lan kawruh kang bener tumrap Putraning Allah, kadiwasan kang sampurna, lan tataraning tumuwuh kang laras karo kasampurnaning Kristus, 14 temahan kita ora dadi bocah manèh, kang diontang-antingaké déning sarupaning anginé piwulang, déning pratingkah nasar lan culikané manungsa kang mblasukaké, 15 nanging kalawan tatag ngandhemi kayektèn sajroning katresnan, kita mundhak-mundhak ing samubarang ngener marang Kristus kang jumeneng sesirah. 16 Iya marga Panjenengané iku badan sakojur -- kang tumata runtut lan tinalènan dadi siji déning paladosaning pérangané kabèh, cocog karo boboting pakaryané saben pérangan iku -- kepareng tumuwuh sarta mbangun dhiri ana ing sajroning katresnan. 17 Mula iki dakkandhakaké lan daktandhesaké marang kowé ana ing patunggilané Gusti: Uripmu aja kaya lakuning wong-wong kang ora wanuh marang Allah manèh, kang pangangen-angené tanpa guna 18 lan kang peteng pikirané, adoh saka urip kang asalé saka Allah, marga saka bodhoné lan marga saka wangkoting atiné. 19 Pangrasané wis kethul, temahan padha masrahaké awaké marang hawa-napsu lan kanthi srakah nglakoni sakèhing panggawé kang rusuh. 20 Nanging ora kanthi patrap kang mangkono iku anggonmu padha sinau bab Kristus. 21 Awit kowé wis krungu bab Panjenengané lan nampani piwulang ana ing Panjenengané manut kayektèn kang kawedhar ana ing Yésus, 22 yaiku menawa kowé, ing bab lakumu kang biyèn, kudu ngrucat kamanungsan lawas, kang nemahi rusak awit saka anané hawa-napsu kang nasaraké, 23 supaya kowé padha dianyaraké ing roh lan pikiranmu, 24 lan ngrasuk kamanungsan anyar, kang wis tinitahaké manut karo karsaning Allah ing kayektèn lan kasucèn kang satuhu. 25 Awit saka iku aja padha goroh lan ngucapa kang bener marang para Sadulur siji lan sijiné, awit kita padha-padha dadi gegelitaning badan siji. 26 Menawa kowé nepsu aja nganti gawé dosa: Nepsumu kudu wus ilang, sadurungé srengéngé angslup, 27 lan aja awèh papan marang Iblis. 28 Wong kang gawéné nyolong, aja nyolong manèh, nanging becik nyambuta-gawé kanthi mempeng lan nglakoni pagawéan kang becik nganggo tangané dhéwé, supaya bisa mbiyantu wong kang kekurangan. 29 Aja nganti ana tembung reged kawetu saka ing cangkemmu, nanging munga tembung kang becik kanggo mbangun, supaya kang krungu olèh sih-rahmat, cocog karo kabutuhané. 30 Lan kowé aja gawé sekelé Rohing Allah kang suci, kang wus mratandhani kowé ndungkap dinaning panebusan. 31 Sadhéngahing rasa serik, ngigit-igit, brangasan, tukar-padu lan pitenah buwangen saka ing antaramu, samono uga sadhéngahing piala. 32 Nanging kowé, siji lan sijiné dipadha sumanak, kebak ing sih-katresnan lan apura-ingapuraa kayadéné Allah ana ing Kristus iya wus ngapura marang kowé kabèh.
1 Awit saka iku padha nulada marang Allah, dikaya putra-putra kang kinasihan 2 lan padha uripa ing katresnan, kayadéné Kristus Yésus uga wis ngasihi kowé kabèh lan masrahaké sarirané kanggo kita minangka pisungsung lan kurban kang arum kagem Allah. 3 Nanging, kaya kang pantes tumraping para suci, laku-cabul lan sarupané pratingkah rusuh utawa kasrakahan iku aja nganti tinemu ana ing antaramu, sanadyana mung kasebut baé. 4 Samono uga aja ngucap tetembungan kang kotor, clemang-clemong utawa sembranan -- marga iku kabèh ora pantes -- nanging luwih prayoga ngucapa pamuji sokur. 5 Awit padha élinga temenan bab iki: Ora ana sundel, wong kang najis utawa kang srakah, yaiku kang nyembah brahala, olèh panduman ana ing kratoné Kristus lan Allah. 6 Aja nganti kowé kena disasaraké kanthi tetembungan kang ngayawara, awit prakara-prakara kang mangkono iku nekakaké dedukaning Allah tumrap wong-wong duraka. 7 Marga saka iku aja nganti kowé kekancan karo wong-wong iku. 8 Pancèn, biyèn kowé iku pepeteng, nanging saiki kowé iku pepadhang ana ing Gusti. Mulané uripa kaya putra-putraning pepadhang. 9 Marga wohing pepadhang iku mung sarupaning kabecikan, kaadilan lan kayektèn. 10 Lan titi-priksanen apa kang dadi keparengé Gusti. 11 Aja mèlu-mèlu pratingkahé pepeteng kang ora metokaké woh apa-apa. Nanging kosok-baliné welèhna pratingkah-pratingkah iku: 12 Awit mung ngucapaké baé apa kang katindakaké déning wong-wong iku ana ing pasingidan, iku wis jeneng saru. 13 Nanging samubarang kang wis kawiyak déning pepadhang iku dadi katon, awit kabèh kang katon iku pepadhang. 14 Awit saka iku ana pangucap, "Meléka, hé kowé kang turu lan tangia saka antarané wong mati, temahan Kristus bakal madhangi kowé." 15 Marga saka iku, padha gatèkna temenan kepriyé mungguhing uripmu, aja kaya wong kang bodho, nanging dikaya wong kang pinter, 16 lan pigunakna waktu kang isih ana, awit jaman iki ala. 17 Mulané aja padha bodho, nanging udinen supaya kowé ngreti, apa kang dadi karsané Gusti. 18 Lan aja nganti kowé mendem anggur, awit anggur iku nggugah hawa-napsu, nanging kapenuhana ing Roh, 19 lan padha ngucapa tumraping siji lan sijiné nganggo masmur, kidung pamuji lan kidung kasukman. Ngidunga lan surak-suraka kagem Gusti kanthi tulusing ati. 20 Tansah saosa sokur marang Allah Rama kita tumrap samubarang ing asmané Gusti kita Yésus Kristus. 21 Diandhap-asor tumraping siji lan sijiné ana ing sajroné wedi-asih marang Kristus. 22 Para wong wadon, manut mituruta marang somahmu dhéwé kayadéné marang Gusti, 23 awit kang lanang iku sesirahé kang wadon, kayadéné Kristus iya sesirahing pasamuwan. Iya Panjenengané kang jumeneng Pamartaning sarirané. 24 Awit saka iku kayadéné pasamuwan sumuyud marang Kristus, mangkonoa uga para wong wadon marang kang lanang tumraping sabarang prakara. 25 Para wong lanang, padha tresnaa marang somahmu kayadéné Kristus anggoné wis ngasihi pasamuwané nganti masrahaké sarirané kanggo pasamuwan iku, 26 supaya dadi suci, sawusé Panjenengané nucèkaké pasamuwan srana padusan banyu lan pangandika; 27 kanthi mangkono pasamuwan kapapanaké ana ing ngarsané, éndah tanpa cacad lan ora njengkerut utawa sapepadhané, satemah pasamuwan dadi suci lan tanpa cacad. 28 Mangkono uga para wong lanang padha kudu tresna marang somahé dhéwé kaya marang awaké dhéwé: Sing sapa tresna marang somahé dhéwé, iku nresnani awaké dhéwé. 29 Marga ora tau ana wong sengit marang awaké dhéwé, nanging awaké mau malah diopèni lan diupakara, padha kaya Kristus marang pasamuwan, 30 awit kita iki gegelitaning sarirané. 31 Marga saka iku wong lanang bakal ninggal bapa lan biyungé lan rumaket marang somahé, temahan sakaroné iku dadi daging siji. 32 Iki wewadi gedhé, nanging kang dakkarepaké yaiku gegayutané Kristus karo pasamuwan. 33 Dadi tumraping kowé: Padha tresnaa marang somahmu dhéwé kaya marang awakmu dhéwé, déné para wong wadon padha ngajènana marang kang lanang.
1 Para bocah, manut-mituruta marang wong-tuwamu ana ing patunggilané Gusti, mangkono iku kang bener. 2 "Sira ngajènana bapa-biyungira", iki pepakon kang wigati, kaya kang kacetha ana ing prasetya iki, 3 "supaya sira slamet lan dawa umurira ana ing donya." 4 Lan kowé para bapa, aja padha gawé seriking atiné anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepéling kang saka Gusti. 5 Para batur, manut-mituruta marang bendaramu kang ana ing donya kanthi wedi lan geter sarta kalawan tulusing ati, padha kaya anggonmu manut-miturut marang Kristus, 6 aja mung menawa ana ing ngarepé baé kanggo nyenengaké atining wong, nanging dikaya abdiné Kristus kang kalawan gumolonging ati nindakaké karsané Allah, 7 lan kang kanthi éklas anggoné leladi, kaya wong kang lelados marang Gusti lan ora marang manungsa. 8 Kowé padha sumurup, menawa saben wong, apa batur-tukon, apa wong mardika, yèn wus nindakaké kabecikan, bakal tampa pituwasé saka Gusti. 9 Lan kowé para bendara, iya mangkonoa uga pangrengkuhmu marang para baturmu lan aja nganggo pangancam. Élinga, menawa Gustiné wong-wong mau lan Gustimu ana ing swarga, lan Panjenengané iku ora pilih kasih. 10 Wasana, padha dadia santosa ana ing patunggilané Gusti, lan ing kakiyataning pangwaosé. 11 Padha nggawaa gegamané peranging Allah, supaya kowé bisa nglawan kajuligané Iblis; 12 awit anggon kita perang iku ora nglawan daging lan getih, nanging para pamaréntah, para pangwasa, para panggedhéning jagat kang peteng iki, para roh ala kang ana ing langit. 13 Mulané padha nggawaa sakèhing praboté peranging Allah, supaya kowé bisa nindakaké panglawan ing tekané dina kang ala iku lan tetep ngadeg jejeg, sawusé kowé ngrampungaké iku kabèh. 14 Mulané padha ngadega kang jejeg, pinggangmu sabukana ing kayektèn lan nganggoa kotang-waja arupa kaadilan, 15 sikilmu nganggoa trumpahing suka-lila tumrap pangundhanging Injilé tentrem-rahayu; 16 ing kaanan apa baé padha nganggoa pangandel minangka tamèng, sabab iya tamèng kang kaya mangkono iku kang kena kokanggo nangkis sakèhing panah geni saka si pangawak dursila, 17 karomanèh padha nampanana tetopong karahayon lan pedhang Roh, yaiku sabdaning Allah, 18 kanthi sakèhing pandonga lan panyuwunmu, padha tansah ndedongaa ana ing patunggilaning Roh, sarta padha meléka ing sajroné pandongamu iku kanthi panyuwun kang tanpa kendhat kanggo para suci kabèh; 19 uga kanggo aku, supaya menawa aku ngucap, aku diparingana tetembungan kang bener, lan supaya kanthi kendel anggonku nggiyaraké kekeraning Injil, 20 kang dakladosi nganti aku dadi utusan kang dikunjara. Padha ndedongaa, supaya aku bisa nglairaké bab iku kalawan kendel, awit pancèn kudu mangkono. 21 Supaya kowé uga padha sumurup marang kaananku, mula Tikhikus, sadulur kita tunggal pracaya kang kinasih lan abdi kang tumemen ana ing Gusti, bakal awèh sumurup marang kowé bab iku mau kabèh. 22 Iya kanthi maksud kang mangkono mau anggonku kongkonan Tikhikus nemoni kowé kabèh, supaya kowé padha ngerti kaananku lan supaya nglipur atimu. 23 Tentrem-rahayu lan katresnan kang kanthi pracaya saka Allah Sang Rama lan saka Gusti kita Yésus Kristus nunggila ing para Sadulur kabèh. 24 Sih-rahmat nunggila ing wong kabèh, kang padha nresnani Gusti kita Yésus Kristus kanthi katresnan kang ora bisa sirna.
1 Saka Paulus lan Timotius abdi-abdiné Kristus Yésus marang sakèhing para suci ana ing Kristus Yésus kang ana ing Filipi lan para pamomongé pasamuwan sarta para Dhiaken. 2 Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah Rama kita lan saka Gusti Yésus Kristus anaa ing kowé kabèh. 3 Aku saos sokur marang Allahku, saben-saben aku ngélingi marang kowé kabèh. 4 Lan saben aku ndongakaké kowé kabèh, anggonku ndedonga tansah kalawan bungah. 5 Aku ngunjukaké panuwun marang Allahku marga saka anggonmu padha tetunggalan ing bab Injil wiwit ing dina wiwitan nganti sapréné. 6 Tumraping iku aku yakin banget, menawa Panjenengané, kang miwiti pakaryan becik ana ing antaramu, iku bakal nglajengaké nganti tumeka ing wekasané, ing dinané Kristus Yésus. 7 Pancèn wis sapantesé menawa aku mikir mangkono tumraping kowé kabèh, awit kowé padha klebu ing atiku, amarga kowé kabèh padha olèh panduman ing sajroning sih-rahmat kang kaparingaké marang aku, iya nalikané aku dikunjara, iya nalikané mbélani sarta ngantepi Injil. 8 Awit Allah kang dadi seksiku, kaya apa kangenku marang kowé kabèh kalawan sih-katresnané Kristus Yésus. 9 Lan iya iki pandongaku: Muga-muga katresnanmu saya mundhak-mundhak ing kawruh kang bener lan ing sarupaning pangertèn, 10 satemah kowé padha bisa milih apa kang becik, supaya kowé padha dadi resik lan ora cacad ndungkap dinané Kristus, 11 padha kapenuhan wohing kayektèn pakaryané Yésus Kristus minangka kamulyan lan pamuji tumrap Allah. 12 Kang dakkarepaké, para Sadulur, supaya kowé padha sumurup, menawa apa kang wus dakalami iki, malah njalari majuning Injil, 13 satemah dadi cetha tumrap sakèhing punggawa kraton lan wong liya-liyané kabèh, menawa aku dikunjara marga saka Kristus. 14 Apa manèh Sadulur ing patunggilané Gusti, akèh-akèhé wus nampa keyakinan marga saka anggonku dikunjara lan dadi luwih kendel sarta ora kalawan wedi anggoné nglairaké pangandikaning Allah. 15 Ana wong martakaké Kristus amarga drengki lan dhemen pasulayan, nanging ana uga kang martakaké Panjenengané kalawan sedya kang becik. 16 Wong iki padha martakaké Kristus marga saka tresna, awit padha ngerti, menawa aku ana ing kéné kanggo mbélani Injil, 17 nanging liyané marga saka kabutuhané dhéwé lan ora kanthi kekarepan kang éklas, pangirané bisa ngundhakaké aboté kasangsaranku ana ing pakunjaran. 18 Nanging ora dadi apa, awit sanadyan ta kepriyé baé Kristus kawartakaké, apa kanthi sedya kang palsu, apa kanthi jujur. Tumrap iku aku bungah. Lan aku bakal tetep bungah, 19 awit aku sumurup menawa kawusanané iki kabèh iku karahayonku sabab saka pandongamu lan pitulunganing Rohé Yésus Kristus. 20 Amarga kang banget dakpéngini lan dakarep-arep, yaiku yèn tumraping samubarang kabèh aku ora bakal kewirangan, nanging kaya sing uwis-uwis, mangkono uga saiki, Kristus kanthi cetha kaluhuraké ana ing badanku, dadia sarana uripku, utawa sarana patiku. 21 Awit mungguh ing aku urip iku Kristus, déné mati iku kabegjan. 22 Nanging menawa aku kudu urip ana ing donya iki, iku tumraping aku ateges nyambut-gawé ngetokaké woh. Dadi endi kang kudu dakpilih, aku ora ngerti. 23 Aku kabereg déning rong prakara: Aku kepéngin lunga lan nunggal karo Kristus -- iku pancèn luwih déning becik; 24 nanging urip ana ing donya iki isih luwih prelu marga saka kowé kabèh. 25 Lan ing sajroning keyakinan iki aku mangerti: aku isih bakal manggon lan urip bebarengan manèh karo kowé kabèh, supaya kowé padha sangsaya maju lan bungah-bungah ana ing sajroning pracaya, 26 temahan sangsaya mongkog anggonmu ana ing Kristus Yésus marga saka aku, samangsa aku nekani kowé manèh. 27 Mung baé kelakuanmu kacundhukna karo Injilé Kristus, supaya menawa aku teka aku ndeleng, déné menawa aku ora teka aku krungu, yèn kowé padha mantep tunggal roh lan saiyeg padha mbudidaya sakatogé kanggo pangandel kang tuwuh saka Injil 28 kalawan ora wedi babar pisan marang mungsuhmu. Iku mau kabèh tumraping mungsuh-mungsuhmu dadi pratandhaning karusakan, nanging tumrap kowé kabèh dadi pratandhaning karahayon, lan iku asalé saka Allah. 29 Amarga kowé wis padha kaparingan kanugrahan ora mung supaya pracaya marang Kristus baé, nanging uga supaya nandhang sangsara kagem Panjenengané, 30 padha kaya tarungku kang wus kokdeleng biyèn, lan kang saiki kokrungu mungguh ing aku.
1 Dadi sarèhné ana ing Kristus iku ana pepéling, ana panglipuring katresnan, ana patunggilaning Roh, ana sih-katresnan lan piwelas, 2 mulané padha sampurnakna kabungahanku kalawan mangkéné: Dipadha sarujuk, tunggal katresnan, tunggal budi, tunggal sedya, 3 sepi ing pamrih utawa pangalembana kang tanpa guna. Nanging kosok-baliné kalawan andhap-asor kang siji nganggepa marang sijiné luwih utama katimbang awaké dhéwé; 4 lan saben wong aja mung mikir marang kabutuhané dhéwé, nanging élinga uga marang kabutuhaning liyan. 5 Ing sajroné anggonmu padha urip bebarengan padha kadunungana pangangen-angen lan pangrasa kang uga tinemu ana ing Kristus Yésus, 6 kang sanadyan ngagem wujuding Allah, éwadéné anggoné sadrajat karo Allah iku ora kaanggep barang darbé kang kudu dikekahi, 7 nanging malah wus nyuwungaké sarirané piyambak, lan ngagem wujuding abdi, sarta wus dadi padha karo manungsa. 8 Apamanèh ing sajroné wujud manungsa iku Panjenengané wis ngasoraké sarirané lan sumuyud nganti séda, malah nganti séda ana ing kayu salib. 9 Iya iku sababé Allah banget anggoné banjur ngluhuraké Panjenengané lan maringi asma marang Panjenengané ngungkuli sadhéngahing jeneng, 10 supaya ana ing asmané Yésus, samubarang kang ana ing langit lan kang ana ing bumi lan kang ana ing sangisoré bumi, padha sujud 11 lan sakèhing ilat padha ngakonana, "Yésus Kristus iku jumeneng Gusti", murih kaluhuraning Allah, Sang Rama! 12 Para Sadulur kang kinasih, kowé iku tansah padha mituhu, mulané padha tansah udinen karahayonmu kalawan wedi lan geter, ora mung kaya nalikané aku isih ana ing satengahmu, nanging luwih-luwih saiki ing waktu aku adoh karo kowé; 13 awit iya Allah kang makarya ana ing kowé, iya ing bab kekarepan, iya ing bab panggawé miturut sakeparengé. 14 Lakonana samubarang kabèh tanpa panggrundel lan pambantah, 15 supaya kowé ora padha nistha lan ora padha ciri, padha dadi putraning Allah kang tanpa cacad ing satengahing golongan kang jahat lan mblasar iki, satemah ana ing satengahing wong-wong iku kowé sumunar dadi pepadhang ana ing jagat, 16 kanthi ngandhemi sabdaning urip, supaya aku bisa mongkog ing dinané Kristus, déné ora nglaha anggonku nglakoni balapan sarta ora nglaha anggonku kangélan. 17 Nanging sanadyan getihku kawutahaké ana ing kurban lan pangibadahing pracayamu, aku bungah, lan aku bungah bebarengan karo kowé kabèh. 18 Lan kowé iya padha bungaha kaya mangkono, lan bungaha bebarengan karo aku. 19 Nanging ana ing sajroning Yésus aku kepéngin endang bisané kongkonan Timotius nemoni kowé, supaya ayem atiku menawa wis krungu bab kaananmu. 20 Awit aku ora duwé wong liyané manèh kang tunggal budi lan tunggal pangangen-angen lan kang temen-temen nggatèkaké kabutuhanmu; 21 sabab kabèh mburu butuhé dhéwé, dudu kabetahané Kristus Yésus. 22 Kowé rak wis padha ngerti bab kasetyané kang wus kauji lan anggoné wus ngréwangi aku ing bab anggonku ngladèni Injil, kayadéné anak anggoné ngréwangi bapakné. 23 Iya iku kang tumuli arep dakkongkon, sawusé cetha tumraping aku kepriyé kadadéané prakaraku, 24 nanging ana ing Gusti aku pracaya, menawa aku dhéwé uga bakal énggal teka. 25 Mung baé dakkira prelu aku kongkonan Épafroditus bali manèh marang kowé, yaiku sadulurku tunggal pracaya lan kanca nyambut-gawé sarta kancaku sapeperangan, kang kokkongkon nulungi aku ing bab kabutuhanku. 26 Awit banget kangené marang kowé kabèh lan uga prihatin marga kowé krungu anggoné lara. 27 Pancèn iya lara temenan nganti mèh mati, nanging Allah paring kawelasan, lan ora mung marang Épafroditus baé, uga marang aku, supaya kasusahanku aja tumpa-tumpa. 28 Iya iku sababé anggonku kongkonan luwih cepet, supaya samangsa ketemu kowé, kowé padha bisa bungah manèh lan kuwatirku suda. 29 Mulané tampanana ana ing patunggilaning Gusti kalawan sakèhing kabungahan lan wong kang kaya mangkono iku padha ajènana. 30 Marga saka ayahané Kristus, nganti mèh tinggal donya lan ngetohaké nyawané kanggo ngganepi apa kang isih kurang sajroning anggonmu padha leladi marang aku.
1 Wasana Sadulur-sadulurku, padha bungaha ana ing patunggilané Gusti. Tumraping aku ora ana angèlé nulis manèh lan awèh katemtuan bab iki marang kowé. 2 Dipadha ngati-ati tumraping asu-asu, dipadha ngati-ati karo wong-wong kang nglakoni panggawé ala, dipadha ngati-ati karo para juru tetak. 3 Awit iya kita iki wong tetakan, kang padha ngabekti marga saka Rohé Allah lan mongkog ana ing Kristus Yésus lan ora ngandelaké prakara-prakara tata-lair, 4 sanadyan aku uga duwé dhasar kanggo ngandelaké prakara-prakara tata-lair. Yèn ana wong liya rumangsa bisa ngandelaké prakara-prakara tata-lair, aku iki luwih manèh: 5 Ditetaki ing dina kang kawolu, trahé bangsa Israèl, saka taler Bènyamin, wong Ibrani tulèn, tumrap wawasan bab angger-anggering Torèt aku wong Farisi, 6 mungguhing panggawé, aku iki tukang nguya-uya pasamuwan, ing bab netepi angger-anggering Torèt aku tanpa cacad. 7 Nanging apa kang biyèn dadi kabegjan tumraping aku, saiki dakanggep kapitunan marga saka Kristus. 8 Malah samubarang kabèh dakanggep kapitunan, marga wanuh marang Kristus Yésus, Gustiku, kang mulyané ngungkuli iku mau kabèh. Iya marga saka Panjenengané iku aku wis mbuwang samubarang kabèh iku lan dakanggep uwuh, supaya aku olèh Kristus 9 lan dumunung ana ing Panjenengané, iku ora jalaran aku bener marga netepi angger-anggering Torèt, nanging aku bener marga saka pracaya marang Kristus, yaiku kayektèn kang kaparingaké déning Allah adhedhasar pracaya. 10 Kang dakkarepaké yaiku wanuh marang Panjenengané lan dayaning wunguné sarta nunggal ing sajroning sangsarané, temahan aku dadi madha-rupa karo Panjenengané ana ing sédané, 11 supaya wekasané aku olèh patangèn saka ing antarané wong mati. 12 Ora kok kaya-kaya aku wis kadunungan bab iki utawa wis sampurna, nanging iku dakoyak, mbokmenawa bisa kecandhak, awit aku iya wus dicandhak déning Kristus Yésus. 13 Para Sadulur, aku dhéwé ora rumangsa menawa aku wis bisa nyandhak, nanging iki kang daktindakaké: Kalawan nglalèkaké apa kang wis ana ing samburiku sarta ngener marang apa kang ana ing sangarepku, 14 lan aku lumayu nuju marang tujuan supaya olèh ganjaran, yaiku timbalan kaswargan kang saka ing Allah ing sajroné Kristus Yésus. 15 Awit saka iku payo kita, kang padha sampurna iki duwéa pikiran kang mangkono. Lan menawa tumraping salah sawijining prakara panemumu séjé, Allah kang bakal nélakaké prakara iku marang kowé. 16 Mung baé tataraning pangertèn kang wus kita gayuh iku terusna nurut dalan kang wus kita liwati. 17 Para Sadulur, padha nulada marang aku lan gatèkna wong kang lakuné padha kaya aku kabèh, kang padha dadi tuladhamu. 18 Awit, kaya kang wis kerep banget dakkandhakaké marang kowé kabèh, lan kang saiki dakpratélakaké manèh kalawan nangis, akèh wong kang uripé dadi satruning salibé Kristus. 19 Wekasané wong-wong iku nemahi karusakan, kang dadi allahé yaiku wetengé, kang dadi kamulyané yaiku kanisthané, pangangen-angené mung tumuju marang prakara kadonyan. 20 Sabab kita iki wargané swarga lan saka kono uga kita nganti-anti Gusti Yésus Kristus kang jumeneng Juruwilujeng, 21 kang bakal nyantuni badan kita kang nistha iki, temahan dadi madha-rupa karo sarirané kang mulya, manut pangwaosé kang bisa nelukaké samubarang kabèh marang Panjenengané.
1 Awit saka iku Sadulur-sadulurku kang daktresnani lan kang dakkangeni, kang dadi kabungahanku lan makuthaku, padha disantosa ana ing Gusti, hé Sadulur-sadulurku kang kinasih. 2 Éudia dakpituturi lan Sintikhé iya dakpituturi, dipadha sarujuk ana ing Gusti. 3 Lan aku uga duwé panjaluk marang kowé, Sunsugos, kancaku kang setya: Iku padha tulungana. Awit wong-wong iku wis padha nyambut-gawé bebarengan karo aku ana ing pakabaran Injil, sarta bebarengan karo Klèmèns lan kanca-kancaku nyambut-gawé liyané, kang jenengé padha kapacak ana ing buku kauripan. 4 Padha tansah bungah-bungaha ing sajroning Gusti! Dakbalèni manèh pituturku: Padha bungah-bungaha! 5 Kabecikanmu iku disumurupana déning wong kabèh. Gusti wus celak! 6 Aja padha nyumelangaké bab apa baé, nanging sakèhing pepénginanmu padha aturna marang Allah ana ing pandonga lan panyuwun kalawan saos sokur. 7 Tentrem-rahayu kang saka ing Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu ana ing Kristus Yésus. 8 Wasana, Sadulur-sadulur, sabarang kang bener, sabarang kang luhur, sabarang kang adil, sabarang kang suci, sabarang kang manis, sabarang kang kepénak dirungu, sabarang kang sinebut kautaman lan pantes dialem, iku kabèh tansah padha udinen. 9 Lan apa kang wis padha koksinau lan kang koktampani sarta kokrungu tuwin kokdeleng ana ing aku, iku lakonana; temahan Allah etuking tentrem-rahayu bakal nunggal karo kowé kabèh. 10 Aku bungah banget ana ing Gusti, déné wusanané pangangen-angen lan pangrasamu tumrap aku tuwuh manèh. Kowé pancèn tansah padha nggatèkaké, nanging ora ana kobermu. 11 Bab iki dakkandhakaké ora marga kakurangan, awit aku wis sinau nyukupi awakku dhéwé ing sadhéngah kaanan. 12 Aku mangerti kakurangan iku apa lan iya ngerti kalubèran iku apa. Ing sadhéngah bab lan ing sadhéngah prakara ora ana kang dadi wadi tumrap aku; ing bab kawaregan, ing bab kaluwèn, ing bab kalubèran apa ing bab kakurangan. 13 Sakèhing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengané kang paring kakuwatan marang aku. 14 Nanging iya prayoga tumindakmu, déné kowé wis padha mèlu ngrasakaké karibedanku. 15 Lan kowé dhéwé uga padha sumurup, hé wong-wong Filipi, nalikané aku miwiti ngabaraké Injil, nalikané aku mangkat saka Makédonia, ora ana pasamuwan siji-sijia kang mèlu ngrasakaké pawèwèh lan panampa bebarengan karo aku, kajaba kowé. 16 Amarga ana ing Tésalonika baé kaping pisan pindho kowé wis ngirimaké apa kang dadi kabutuhanku marang aku. 17 Mung baé kang dakudi dudu pawèwèh iku, nanging wohé, kang sangsaya nggedhèkaké kauntunganmu. 18 Saiki aku wis tampa sadéngah kabutuhanku saka kowé, malah luwih saka iku, aku kalubèran, awit aku wis tampa kirimanmu lumantar Épafroditus, pisungsung kang arum, korban sesaosan kang nengsemaké lan ndadèkaké renaning Allah. 19 Allahku bakal nyekapi sakèhing kabutuhanmu laras karo kasugihaning kamulyané ana ing Kristus Yésus. 20 Allah iya Rama kita kaluhurna ing salawas-lawasé! Amin. 21 Aku titip salam marang saben wong suci ana ing Kristus Yésus. Salam marang kowé saka sadulur-sadulur tunggal pracaya kang bebarengan karo aku. 22 Salam marang kowé saka sakèhing para suci, luwih manèh saka kang ana ing kratoné Kaisar. 23 Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus nunggila ing rohmu!
1 Saka Paulus, rasulé Kristus Yésus, marga saka karsané Allah, lan saka sadulur kita Timotius, 2 marang para Sadulur kang suci lan kang pracaya ana ing patunggilané Kristus, kang ana ing Kolosé. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita, anaa ing kowé kabèh. 3 Saben-saben ndongakaké kowé, aku tansah padha saos sokur marang Allah, Ramané Gusti kita Yésus Kristus, 4 awit aku wis padha krungu bab pracayamu ana ing Kristus Yésus, mangkono uga bab katresnanmu marang para suci kabèh, 5 marga saka pangarep-arep marang apa kang wis kacawisaké marang kowé ana ing swarga. Mungguh pangarep-arep mau ing sadurungé wis kokrungu saka pangandikaning kayektèn, yaiku Injil, 6 kang wis padha koktampa. Injil mau ngetokaké woh lan mekar sumrambah ing sajagat, malah iya tekan ing antaramu wiwit ing dina anggonmu padha krungu lan mangerti temenan marang sih-rahmaté Allah. 7 Iku mau kabèh wis koksumurupi saka Épafras kancaku leladi kang daktresnani, kang tumraping kowé dadi abdiné Kristus kang setya. 8 Iya wong iku kang ngabari aku bab katresnanmu ing patunggilané Roh. 9 Marga saka iku, wiwit aku olèh kabar mau, tanpa kendhat anggonku ndongakaké kowé. Kang daksuwun supaya kowé kaparingan sakèhing kawicaksanan lan kawruh kasukman kanggo nyumurupi bab karsané Pangéran. 10 Temah uripmu ana ing ngarsané bisa kaya kang wis samesthiné lan ndadèkaké keparengé tumrap sadhéngah prakara, lan sajroné nindakaké sakèhing panggawé becik bisa ngetokaké woh, lan manèh kawruhmu bab Allah saya mundhak. 11 Apadéné kowé padha kasantosakaké sarana daya pangwaosing kamulyané Pangéran, supaya anggonmu nanggung samubarang kabèh kalawan tumemen lan sabar. 12 Sabanjuré padha saosa sokur kanthi bungah marang Sang Rama, kang wis ndadèkaké kowé patut kapanduman apa kang wis katamtokaké tumrap para suci ana ing pepadhang. 13 Panjenengané wis ngluwari kita saka pangwasaning pepeteng, kapindhah menyang kratoné Sang Putra kang kinasih. 14 Ana ing Panjenengané anggon kita nduwèni tebusan, yaiku pangapuraning dosa. 15 Panjenengané iku citrané Allah kang ora katingal, kang pambajeng, kang luwih utama katimbang samubarang kabèh kang katitahaké, 16 marga dumadiné samubarang kabèh iku déning Panjenengané, iya kang ana ing swarga, iya kang ana ing bumi, kang kasat mripat, lan kang ora kasat mripat, dadia awujud dhampar dadia kaprabon, apadéné para pamaréntah lan para pangwasa; samubarang kabèh katitahaké déning Panjenengané lan lumadi kagem Panjenengané; 17 Panjenengané iku ana sadurungé samubarang kabèh ana, lan samubarang kabèh iku nunggil ana ing Panjenengané; 18 Panjenengané iku jumeneng dadi mustakaning sarira, yaiku pasamuwan. Panjenengané dadi pambajeng, kang ndhisiki wungu saka ing antarané wong mati, mulané luwih utama ing samubarang kabèh. 19 Marga sakèhing kasampurnané Allah kepareng dedalem ana ing Panjenengané, 20 sarta ngrukunaké samubarang kabèh kang ana ing bumi lan kang ana ing swarga karo sarirané; yaiku sawisé ngawontenaké pirukun sarana rahé Kristus kang sinalib. 21 Mangkono uga kowé kabèh kang mauné urip adoh saka Allah, sajroning ati lan pikiranmu dadi mungsuh tumrap Panjenengané, kaya kang katitik saka panggawému kang ala, 22 saiki wis karukunaké ana ing sarira kadagingané Kristus sarana sédané, supaya kowé padha tinemu suci tanpa cacad lan resik anggonmu kasowanaké ana ing ngarsané. 23 Marga saka iku, kowé kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora kéguh, lan aja nganti nylèwèng saka ing pangarep-areping Injil kang wis padha kokrungu lan wis kagelaraké ana ing salumahing bumi sakurebing langit, lan aku iki, Paulus, kang wis dadi abdiné. 24 Saiki aku bungah déné aku kepareng nandhang sangsara marga saka kowé lan sangsaraning awakku ngganepi kakuranganing sangsarané Kristus tumrap sarirané, yaiku pasamuwan. 25 Anggonku wis dadi abdiné pasamuwan iku nyondhongi ayahan kang kaparingaké déning Allah marang aku, yaiku nglantaraké sabdané kanthi jangkep marang kowé, 26 yaiku kekeran kang sumimpen sajroning pirang-pirang abad lan turun-tumurun, nanging kang saiki wis kawedharaké marang para suci kagungané. 27 Iku padha diparingi sumurup sapira ajiné lan mulyané wewadi mau ana ing antarané para bangsa liya, yaiku: Kristus ana ing satengahmu, lan iya Kristus iku kang jumeneng pangarep-arep marang kamulyan. 28 Iya Panjenengané iku kang dakwartakaké samangsa aku padha mituturi lan mulang saben wong bab sarupané kawruh kanggo nuntun saben wong marang kasampurnan kang ana ing Kristus, 29 iku kang dakudi lan daklabuhi kanthi ngetog kakuwatan, laras karo pangwasané kang makarya kanthi kuwat ana ing aku.
1 Amarga karepku, supaya kowé padha sumurup, sapira gedhéné kangèlanku kang dakalami kanggo kowé lan para wong kang ana ing Laodikia, lan iya kanggo sapa baé kang durung tau ngreti marang pribadiku, 2 supaya padha kalipur atiné, lan padha manunggal sajroning katresnan, satemah bisa nggayuh aji sarta kayakinaning pangertèn apadéné nyumurupi kekerané Allah yaiku Kristus, 3 sabab ana ing Panjenengané sumimpen sakèhing ajiné kawicaksanan lan kawruh. 4 Bab iki dakwedharaké marang kowé, supaya aja nganti ana wong kang mbebujuk kowé nganggo pitembungan kang éndah. 5 Sabab sanadyan aku dhéwé ora ana ing satengahmu, nanging ana ing sajroné roh aku lan kowé padha tetunggalan, lan aku rumangsa bungah nyumurupi uripmu kang tumata lan pracayamu kang santosa ana ing Kristus. 6 Kowé wis padha nampani Kristus Yésus, Gusti kita, mulané uripmu tetepa ana ing Panjenengané. 7 Padha dinganti ngoyod ana ing Panjenengané lan kabanguna lelandhesan Panjenengané, saya wuwuha santosaning pracayamu, kayadéné kang wis kawulangaké marang kowé lan atimu kebak panuwun. 8 Diprayitna, aja nganti ana kang nawan kowé nganggo ngèlmu filsafaté kang ngayawara lan manut piwulang turun-temurun lan roh-rohing jagat, kang ora manut marang Kristus. 9 Sabab ana ing Panjenengané iku, sawetahé kasampurnaning kaallahané Allah dedalem ana ing sarirané, 10 lan kowé wis padha kapenuhan ana ing Panjenengané, kang jumeneng mustakané sarupaning pamaréntah lan pangwasa. 11 Ana ing Panjenengané anggonmu padha katetakan, dudu tetak kang katindakaké déning manungsa, nanging sarana supité Kristus kang awujud pangrucating badan kang dosa, 12 marga ana ing Panjenengané kowé padha ndhèrèk kakubur sarana baptis, lan ana ing Panjenengane ndhèrèk katangèkaké uga lantaran pracayamu marang pakaryané kwasaning Allah, kang wis mungokaké Panjenengané saka antarané wong mati. 13 Mangkono uga kowé, sanadyan ing mauné kowé padha mati déning panerakmu lan ora tetak sacara lair, wis diuripaké déning Allah bareng karo Panjenengané, yaiku sawisé Panjenengané ngapura sakèhing panerak kita, 14 sarana mbatalaké layang pratandha utang, kang adhedhasar katemtuan-katemtuaning angger-angger kang ndakwa lan ngancam marang kita. Déné iku wis kalebur sarana kapaku ana ing kayu salib. 15 Panjenengané wis mblèjèdi para pamaréntah lan para pangwasa sarta padha kadadèkaké tontonan umum, ana ing arak-arakan kaunggulané. 16 Marga kang mangkono, aja nganti ana wong kang ngadili kowé bab mangan lan ngombé, utawa bab dina riyaya, sasi anyar lan dina Sabat. 17 Sabab iku kabèh mung dadi wewayangané apa kang bakal kelakon, déné wujudé yaiku Kristus. 18 Aja nganti kaunggulanmu iku diwurungaké déning wong kang katoné andhap-asor lan ngibadah marang malaékat, sarta manèh ngegung-egungaké wangsit bab kaanan kang ora katon, apadéné tanpa waton anggoné gumunggung déning pikirané kang cara kadonyan, 19 mangka ora ngugemi marang sirah, kang njalari badan sakojur kasangga lan kaiket dadi siji déning otot-otot lan ros-rosan, tuwuh miturut caraning Allah. 20 Menawa kowé wis ndhèrèk mati bareng karo Kristus lan luwar saka para rohing jagat, yagéné kowé kok isih nurut marang pranatan rupa-rupa, kaya-kaya kowé isih padha urip ana ing donya, 21 kayata: aja ndemèk iki, aja ngicipi kuwi, aja nyénggol iki, 22 kabèh iku mung tumrap barang kang bakal rusak sajroné kagunakaké lan mung nuruti préntah lan piwulangé manungsa. 23 Pranatan-pranatan mau sanadyan katoné kebak kawicaksanan, nganggo pangibadah rerékané dhéwé, kayata: andhap-asor, nyiksa-awak, iku ora ana paédahé kajaba mung kanggo kamaremaning urip kadonyan.
1 Marga saka iku yèn kowé wis padha ndhèrèk katangèkaké bareng karo Kristus, padha ngupayaa sabarang kang ana ing ngaluhur, yaiku papan pamanggèné Kristus, kang lenggah ing satengené Allah. 2 Padha nggatèkna apa kang ana ing ngaluhur, aja kang ana ing bumi. 3 Sabab kowé wis padha mati lan uripmu iku ndèrèk sinengker nunggil karo Kristus, ana ing Allah. 4 Yèn Kristus kang dadi urip kita iku ing tembé ngatingal, kowé iya bakal padha ndhèrèk ngaton karo Panjenengané ana ing kamulyan. 5 Mulané kowé padha matènana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu, yaiku laku-cabul, tindak rusuh, ngumbar hawa napsu, kapéncuting daging, mangkono uga budi srakah, kang padha karo panyembah marang brahala, 6 kabèh iku njalari dukané Allah marang para wong duraka. 7 Ing mauné kowé iya padha nglakoni mangkono, nalika kowé isih padha rumaket marang prakara-prakara mau. 8 Nanging saiki, iku mau kabèh buwangen, yaiku nepsu, brangasan, piala, pitenah lan tembung-tembung kotor kang kokucapakaké. 9 Aja nganti kowé padha goroh-ginorohan manèh, marga kowé wis padha ngrucat kamanungsan lawas sapratingkahé, 10 lan wis ngrasuk kamanungsan anyar kang tansah kaanyaraké, supaya olèh kawruh kang bener miturut citrané Kang Nitahaké; 11 ing kono wis ora ana wong Yunani utawa Yahudi, wong tetakan lan wong kang ora tetakan, wong Barbar utawa wong Skit, abdi utawa wong mardika, nanging Kristus iku kang sakabèhé lan ana ing samubarang kabèh. 12 Mulané sarèhné kowé wis padha dadi pepilihané Allah, kang wis kasucèkaké lan kinasihan, padha duwéa welas-asih, loma, andhap-asor, alusing budi, lan sabar. 13 Padha sabar-sinabarana, apura-ingapuraa menawa ana kang duwé niat kepéngin males pialané, kayadéné Allah anggoné wis ngapura kowé, kowé uga tumindaka mangkono. 14 Lan kang ngungkuli iku kabèh: nindakna katresnan, iku kang ngesuhi lan nyampurnakaké. 15 Muga tentrem-rahayuné Kristus ngerèh ana ing atimu, marga iya kaya mangkono iku anggonmu padha katimbalan dadi badan siji. Padha saosa sokur. 16 Muga-muga pangandikané Kristus dumunung ana ing antaramu kalawan lubèr, satemah anggonmu padha wulang-winulang lan éling-ingélingaké nganggo sakèhing kawicaksanan apadéné sinambi ngidungaké masmur, kidung pamuji sarta kidung kasukman, kowé padha saos sokur marang Allah sajroning atimu. 17 Lan sadhéngah apa kang koktindakaké kalawan tembung utawa kalawan panggawé, iku kabèh lakonana ing asmané Yésus, kanthi saos sokur marang Allah, Rama kita lumantar Panjenengané. 18 Para wong wadon, padha sumuyuda marang somahmu, dikaya sapatuté ana ing Gusti. 19 Para wong lanang, somahmu tresnanana lan aja nganti kokkasari. 20 Para bocah, padha manut-mituruta marang wong-tuwamu ing sadhéngah prakara, sabab iku ndadèkaké keparengé Gusti. 21 Para bapa, aja nglarakaké atiné anakmu, supaya aja nganti semplah. 22 Para batur, mituhua marang bendaramu kadonyan ing sadhéngah prakara, aja mung ana ing sapangarepan anggonmu gawé senengé, nanging diklawan tulusing ati kang marga saka wedi marang Gusti, 23 lan sadhéngah apa kang koktindakaké iku tindakna kalawan terus ing batin kayadéné kagem Gusti, ora kanggo manungsa. 24 Kowé wus padha sumurup, yèn Gusti bakal maringi warisan kang wus katemtokaké minangka ganjaranmu. Kristus iku bendara, lan kowé dadi abdiné. 25 Sapa baé kang gawé kaluputan, iku bakal nanggung kaluputané, marga Gusti ora mbédakaké wong.
1 Para bendara, tumindaka adil lan jujur marang baturmu, élinga yèn kowé uga duwé bendara kang ana ing swarga. 2 Sing tegen ndedonga, lan sajroné mangkono iku padha diwaspada kambi saos sokur. 3 Aku kabèh iya dongakna, supaya Allah maringi wewengan tumrap anggonku padha nyebar pangandika, lan bisa nyaritakaké bab kekerané Kristus, kang njalari anggonku kinunjara. 4 Sarana mangkono iku aku bisa nerangaké bab mau ing samesthiné. 5 Tumindaka kanthi sakèhing kawicaksanan tumrap wong njaba, sarta padha nggemènana waktu. 6 Tetembunganmu sing tansah kebak katresnan, aja cemplang, satemah kowé sumurup, kepriyé anggonmu bakal padha mangsuli pitakoné saben wong. 7 Sakèhé kabar bab kaananku bakal dikandhakaké marang kowé kabèh déning Tikhikus, sadulur kita kang kinasih, abdi kang setya lan kanca tunggal paladosan ana ing Gusti, 8 kang dakkongkon nemoni kowé supaya kowé nyumurupi kaananku kabèh lan supaya nglipur atimu. 9 Lakuné dikanthèni Onésimus, sadulur kita kang setya lan kinasih, wong saka ing antaramu, iku bakal padha nyaritakaké marang kowé samubarang kabèh kang kelakon ana ing kéné. 10 Salam marang kowé saka Aristarkhus, kancaku kinunjara, lan saka Markus keponakané Barnabas -- tumrap wong iku kowé rak wis diweling -- yèn nekani kowé tampanana. 11 Lan salam saka Yésus kang apeparab Yustus. Saka antarané para wong tetakan, iya mung wong telu iku kancaku tunggal-gawé kagem Kratoné Allah; iku padha ndadèkaké lipuring atiku. 12 Salam kanggo kowé saka Épafras, kang asalé saka ing antaramu, iku abdiné Kristus Yésus, kang tansah ngganter anggoné ndongakaké kowé, supaya kowé tetep tanggon, kayadéné wong-wong kang diwasa lan kang yakin temenan marang apa kang dadi karsané Allah. 13 Mungguh Épafras iku aku bisa awèh paseksi, bab anggoné keraya-raya nyambut-gawé kanggo kowé lan para wong ing Laodikia lan ing Hiérapolis. 14 Salam marang kowé saka Lukas, dhokter kang kinasih lan saka Démas. 15 Salamku marang para Sadulur tunggal pracaya ing Laodikia; uga marang Nimfa lan pasamuwan kang ana ing omahé. 16 Sarta manèh samangsa layang iki wis diwacakaké ana ing antaramu, udinen supaya diwacakaké uga ana ing pasamuwan Laodikia, lan layang kang marang Laodikia supaya uga diwacakaké ana ing ngarepmu. 17 Lan Arkhipus kandhanana mangkéné: Poma gatèkna, kawajiban lelados, kang wis koktampani ing Gusti iku tetepana kalawan samesthiné. 18 Salam saka aku Paulus. Salam iki daktulis nganggo tanganku dhéwé. Élinga yèn aku diblenggu. Sih-rahmat nunggila ing kowé.
1 Saka Paulus, Silwanus lan Timotius marang pasamuwané wong-wong ing Tésalonika, kang ana ing Allah Sang Rama lan ana ing Gusti Yésus Kristus. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowé kabèh. 2 Aku tansah padha saos sokur marang Allah marga saka kowé kabèh sarta ngélingi kowé ana ing pandongaku. 3 Sabab aku tansah padha éling marang pagawéaning pracayamu, pambudi-dayaning katresnanmu sarta anteping pangarep-arepmu marang Gusti kita Yésus Kristus ana ing ngarsané Allah lan Rama kita. 4 Sarta aku padha sumurup, hé para Sadulur kang kinasihan déning Allah, yèn Panjenengané wis milih kowé kabèh. 5 Awit Injil kang kita wartakaké iku, mungguhing kowé kabèh iku ora mung lantaran tembung-tembung baé, nanging uga kalawan daya-kakuwataning Roh Suci sarta kalawan katamtuan kang mantep. Pancèn kowé padha sumurup, kepriyé anggonku padha makarya ana ing antaramu marga saka kowé kabèh. 6 Lan kowé wus padha nulad aku sarta nulad Gusti; sajroning kasangsaran kang banget, kowé wus padha nampani pangandika iku kalawan bungah marga saka pakaryané Roh Suci, 7 satemah kowé padha dadi tuladha tumrap wong kabèh kang pracaya ing tlatah Makédonia lan Akhaya. 8 Amarga saka ing antaramu pangandikané Gusti ngumandhang ora mung ana ing Makédonia lan ing Akhaya baé, nanging ana ing sakèhing panggonan wis kawentar kabar bab pracayamu marang Allah, mulané aku wis ora susah ngandhakaké apa-apa bab iku. 9 Sabab wong-wong iku dhéwé kang wis padha nyritakaké bab aku sakanca, kepriyé anggonmu padha ngrengkuh aku kabèh, sarta anggonmu padha ninggal brahala-brahala banjur mratobat marang Allah tuwin leladi marang Panjenengané kang gesang lan sejati, 10 sarta kanggo nganti-anti rawuhé Sang Putra saka ing swarga, kang wis kawungokaké saka antarané wong mati, yaiku Yésus, kang ngluwari kita saka ing bebendu kang bakal kelakon.
1 Kowé dhéwé iya wis padha sumurup, para Sadulur, yèn anggonku padha teka ana ing antaramu iku ora nglaha. 2 Sanadyan sadurungé, kaya kang wis padha koksumurupi, aku padha kaaniaya lan kagawé wirang ana ing Filipi, éwadéné marga saka pitulungané Allah kita, aku padha olèh kekendelan kanggo martakaké Injiling Allah marang kowé kabèh ana ing pambudidaya kang abot. 3 Amarga pituturku iku pinangkané ora saka panasaran utawa saka kekarepan kang ora murni sarta ora kaworan kaculikan. 4 Kosok-baliné, amarga Allah wis manggalih, yèn aku kabèh pantes kapitayanan Injil, mulané aku padha rembugan iku ora murih senenging manungsa, nanging supaya ndadèkaké keparenging panggalihé Allah, kang ndadar ati kita. 5 Awit kaya kang padha koksumurupi, aku padha ora tau migunakaké tembung manis, utawa nganggo budi-srakah kang siningidaké - iku Allah kang neksèni. 6 Samono uga aku padha ora tau golèk pangalem saka manungsa, dadia saka kowé utawa saka wong-wong liya, sanadyan aku padha bisa tumindak mangkono, amarga padha dadi rasulé Kristus. 7 Nanging kalawan sumanak anggonku ana ing tengahmu, kaya patrapé biyung anggoné momong lan ngopèni anaké. 8 Kaya mangkono anggonku padha nélakaké gedhéning katresnanku marang kowé kabèh, ora mung kalawan rila anggonku padha mènèhi Injiling Allah marang kowé, nanging uga uripku pisan, jalaran kowé kabèh padha daktresnani. 9 Amarga kowé isih padha kèlingan, para Sadulur, marang kangèlan lan rekasaku kabèh. Anggonku nyambut-gawé rina-wengi nalika nggelaraké Injiling Allah marang kowé, supaya aja nganti ngrépoti sapa baé ing antaramu. 10 Kowé padha dadi seksi, samono uga Allah, bab anggonku padha tumindak kanthi salèh, adil lan tanpa cacad ana ing antaramu kang padha pracaya. 11 Kowé padha sumurup, kepriyé anggonku wis mituturi kowé sarta nyantosaké atimu dhéwé-dhéwé, kayadéné bapa marang anak-anaké, 12 sarta anggonku ngatag kalawan banget, supaya kowé kabèh padha urip laras karo karsané Allah, kang nimbali kowé marang Kratoné lan kamulyané. 13 Awit saka iku aku iya tansah padha saos sokur marang Allah, amarga kowé padha nampani pangandikané Allah kang dakwartakaké iku, ora kaya pituturing manungsa, nanging -- lan iki pancèn sanyata mangkono -- iku sabdaning Allah, kang uga makarya ana ing kowé kang padha pracaya. 14 Sabab kowé, para Sadulur, wis padha niru pasamuwan-pasamuwané Allah ing Yudéa, yaiku pasamuwan-pasamuwan ana ing Kristus Yésus, jalaran kowé uga wis padha nandhang sangsara marga saka panggawéné wong-wong kang tunggal bangsa karo kowé, padha kaya kang sinandang déning pasamuwan ing Yudéa kono, marga saka panggawéné wong-wong Yahudi. 15 Malah wong-wong Yahudi mau wis nyédani Gusti Yésus lan para nabi apadéné wis nganiaya aku kabèh. Apa kang dadi keparenging Allah ora padha dipreduli sarta wong kabèh padha dimungsuhi. 16 Awit arep padha ngalang-alangi anggonku padha martakaké pangandika marang bangsa-bangsa liya murih karahayoné. Dadiné padha tansah ngundhaki dosané sakatogé, lan wekasané padha ketaman paukuman. 17 Nanging aku kabèh, para Sadulur, kang sawatara mangsa pisah karo kowé, adoh ing pandulu, nanging ora adoh ing ati, temen-temen kalawan kangen banget wis mbudi-daya bisané ketemu adu-arep karo kowé. 18 Amarga niyatku kabèh arep nemoni kowé, -- aku, Paulus, malah ora mung sapisan baé -- nanging aku padha kapalangan déning Iblis. 19 Sabab sapa ta kang dadi pangarep-arepku utawa kabungahanku utawa makutha kaunggulanku kabèh ana ing ngarsané Yésus, Gusti kita, mbésuk ing dina rawuhé menawa dudu kowé? 20 Sanyata, kowé iku kang dadi kamulyan lan kabungahanku kabèh.
1 Sarèhné aku wis padha ora betah ngampet kangenku, mulané aku padha sarujuk yèn aku dhéwé kèri ana ing Aténa, 2 banjur padha kongkonan Timotius, sadulur kita tunggal pracaya lan kanca tunggal pakaryané Allah bab martakaké Injilé Kristus, supaya nyantosakaké atimu lan mituturi kowé kabèh bab pracayamu, 3 murih aja ana wong kang goyah pracayané marga saka kasusahan-kasusahan iki. Kowé dhéwé padha sumurup, yèn kita iki padha kagadhang mangkono. 4 Amarga, uga nalika aku isih padha ana ing antaramu, kowé wis padha dakkandhani, menawa kita bakal padha ngalami panguya-uya. Lan kaya kang wis padha koksumurupi, iku mau wis kelakon. 5 Iya iku sababé, nalika wis ora betah manèh, aku nuli kongkonan Timotius, supaya aku sumurup bab pracayamu, jalaran aku kuwatir, menawa kowé wis padha kacoba déning si panggodha sarta menawa pambudi-dayaku kabèh dadi tanpa guna. 6 Nanging saiki, bareng Timotius wis bali saka panggonanmu kalawan nggawa kabar kang mbungahaké bab pracayamu lan katresnanmu, apadéné bab anggonmu padha tansah ngéling-éling apa kang becik ing ngatasé aku kabèh lan bab anggonmu kepéngin ketemu karo aku kabèh, kayadéné anggonku kabèh uga padha kepéngin ketemu karo kowé, 7 mulané, para Sadulur, ana ing sajroning panganiyaya lan sangsara, aku padha kalipur marga saka kowé lan marga saka pracayamu. 8 Saiki aku padha krasa urip manèh, anggeré kowé padha tetep-mantep ana ing Gusti. 9 Amarga apa ta kang padha kena daksaosaké marang Allah minangka panuwun sokur tumrap sakèhing kabungahan kang wis padha daktampani marga saka kowé kabèh ana ing ngarsané Allah kita? 10 Rina-wengi aku padha ndedonga kanthi adreng, supaya bisa ketemu adu-arep karo kowé lan nyampurnakaké kakuranganing pracayamu. 11 Muga-muga Panjenengané, Allah lan Rama kita, sarta Yésus, Gusti kita, karsa paring wewengan marang aku kabèh, supaya padha bisa ketemu kowé. 12 Muga Gusti karsa ndadèkaké saya wuwuh lan lubèring katresnanmu marang padha sadulur lan marang wong kabèh, padha kaya anggonku iya padha nresnani kowé. 13 Muga Panjenengané karsa nyantosakaké atimu, supaya tanpa cacad lan suci ana ing ngarsané Allah lan Rama kita, samangsa rawuhé Yésus, Gusti kita, ginarebeg sakèhing para suci kagungané.
1 Wasana, para Sadulur, panjaluk lan pituturku kabèh marang kowé ana ing patunggilané Gusti Yésus: Kowé wis padha krungu saka aku, kepriyé kuduné lakumu supaya ndadèkaké keparenging Allah. Bab iku pancèn wis padha koktindakaké, éwasamono prayogané kowé saya tumemena anggonmu padha tumindak mangkono. 2 Kowé uga wis padha ngerti marang pituduh-pituduh kang wis padha dakwènèhaké marang kowé awit saka asmané Gusti Yésus. 3 Amarga kang dadi karsané Allah iku: kasucènmu, yaiku supaya kowé padha nyingkiri laku-cabul, 4 supaya wong panunggalanmu ngepèk wong wadon siji dadi somahé dhéwé sarta urip ing sajroning kasucèn lan kasusilan, 5 ora amarga saka derenging hawa-napsu, kayadéné tumindaking wong kang padha ora wanuh marang Allah, 6 apamanèh wong aja gawé pitunané utawa ngapusi saduluré tunggal pracaya. Amarga Gusti kang bakal malesaké iku kabèh, kaya kang wis tau padha dakkandhakaké lan daktandhesaké marang kowé. 7 Allah anggoné nimbali kita iku ora supaya laku-najis, nanging supaya nindakaké apa kang suci. 8 Mulané sapa baé kang nampik bab iki, iku ora nampik manungsa, nanging nampik marang Allah kang uga wis maringaké Rohé kang suci marang kowé kabèh. 9 Bab katresnaning pasaduluran ora prelu daktulis marang kowé, awit kowé dhéwé wus padha ngulinakaké tresna-tinresnan saka Allah. 10 Bab iku uga padha koktindakaké marang sadulur tunggal pracaya kabèh ing saindenging Makédonia. Éwadéné, para Sadulur, aku padha pitutur marang kowé, supaya kowé padha luwih mempeng anggonmu nindakaké mangkono. 11 Apadéné anggepen sawijining pakurmatan menawa bisa urip tentrem, bisa ngurus prakara-prakarané dhéwé, sarta bisa nyambut-gawé kalawan tanganmu, kaya kang wis tau padha dakwelingaké marang kowé, 12 satemah uripmu dadi wong-wong sopan ing ngarepé wong njaba sarta ora gumantung marang wong-wong mau. 13 Sabanjuré, para Sadulur, karepku kowé aja nganti padha ora mangerti bab para wong kang wus mati, supaya kowé aja padha sedhih kaya wong-wong liya kang ora duwé pangarep-arep. 14 Amarga yèn kita pracaya, menawa Yésus wus séda lan wus kawungokaké, kita uga pracaya, menawa lantaran Yésus, Allah bakal ngempalaké wong-wong kang wis mati mau bareng karo Panjenengané. 15 Bab iku padha dakkandhakaké marang kowé sarana pangandikané Gusti: Kita kang isih urip, kang isih kari nganti tumeka rawuhé Gusti, babar pisan ora bakal ndhisiki kang wis padha mati. 16 Sabab sawusé ana tengara, yaiku samangsa panggedhéné malaékat nyuwanten sora, sarta kalasangkaning Allah kaunèkaké, Gusti piyambak bakal tumedhak saka swarga, lan wong-wong kang mati ana ing Kristus bakal padha tangi dhisik. 17 Sawusé iku, kita kang isih urip, kang isih kari, bakal padha kapulung bareng karo wong-wong mau ana ing méga, methukaké Gusti menyang awang-awang. Mangkono kita bakal bebarengan karo Gusti ing salawas-lawasé. 18 Mulané kowé padha lipur-linipura sarana tembung-tembung iki.
1 Nanging para Sadulur, mungguh mangsa lan waktuné ora prelu ditulis kanggo kowé, 2 amarga kowé dhéwé wis padha sumurup kalawan cetha, yèn dinané Gusti iku tekané kaya maling ing wayah bengi. 3 Menawa wong-wong padha kandha: Kabèh tentrem lan ora ana bebaya -- mangka dumadakan wong-wong padha katempuh ing bilai, kayadéné wong wadon ngandheg dhadhakan nglarani -- mesthi bakal padha ora bisa ngoncati. 4 Nanging kowé, para Sadulur, kowé padha ora urip ana ing pepeteng, nganti kowé padha keblejog ing dina iku kang tekané kaya maling, 5 amarga wong kabèh iku padha dadi anaking pepadhang lan anaking raina. Kita iku dudu wong-wonging wengi utawa wong-wonging pepeteng. 6 Awit saka iku prayogané kita aja padha turu kaya wong-wong liyané, nanging padha tangia lan siyaga. 7 Jalaran wong kang padha turu, iku turuné ing wayah bengi, lan kang padha mendem, iku anggoné mendem ing wayah bengi. 8 Nanging kita iki wong-wonging raina, mulané kita padha diwaspada, kudu ngrasuk keréning pracaya lan katresnan sarta tetopong pangarep-areping karahayon. 9 Awit Allah ora netepaké kita supaya nampa deduka, nanging supaya olèh karahayon marga déning Yésus Kristus, Gusti kita, 10 kang wis séda kanggo kita, supaya kita, dadia siyaga, dadia turu, padha urip bareng karo Panjenengané. 11 Mulané kowé padha éling-ingélingna lan bangun-binanguna, kayadéné kang pancèn padha koklakoni. 12 Panjalukku marang kowé kabèh, para Sadulur, padha urmatana wong-wong kang mempeng ing gawé ana ing antaramu, kang nuntun kowé ana ing Gusti lan kang awèh pepéling marang kowé, 13 lan supaya padha kokajèni kang banget kalawan katresnan marga saka pagawéané. Tansah padha uripa kanthi rukun ana ing antaramu. 14 Aku uga padha awèh pitutur marang kowé, para Sadulur, wong kang uripé padha ora tumata, perdinen; wong kang padha cilik atiné, bombongen; wong kang padha ringkih, bélanana; disabar marang wong kabèh. 15 Padha gatèkna, supaya aja ana wong kang males ala marang wong kang gawé piala, nanging tansah padha ngudia marang kang becik, marang pepadhamu lan marang wong kabèh. 16 Tansah padha bungaha. 17 Aja kendhat anggonmu ndedonga. 18 Padha ngunjukna panuwun ing sabarang prakara, awit iku kang dikarsakaké déning Allah ana ing Kristus Yésus tumrap kowé. 19 Aja nyirep Roh, 20 lan aja ngrèmèhaké pamedhar wangsit. 21 Titinen samubarang kabèh, lan ugemana kang becik. 22 Padha ngedohana sarupaning piala. 23 Muga Allah kang kagungan tentrem-rahayu iku nucèkaké kowé ing sasampurnané lan muga roh, jiwa lan badanmu kareksa kanthi tanpa cacad nalika rawuhé Yésus Kristus, Gusti kita. 24 Panjenengané kang nimbali kowé iku setya, Panjenengané uga bakal minangkani. 25 Para Sadulur, aku kabèh padha dongakna. 26 Salamku kabèh marang para Sadulur tunggal pracaya kalawan pangambung kang suci. 27 Demi asmané Gusti panjalukku kanthi banget marang kowé, supaya layang iki kawacakaké marang sadulur tunggal pracaya kabèh. 28 Sih-rahmaté Yésus Kristus, Gusti kita, nunggila ing kowé kabèh.
1 Saka Paulus, Silwanus lan Timotius, marang pasamuwané wong-wong ing Tésalonika ana ing Allah Rama kita lan ing Gusti Yésus Kristus. 2 Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yésus Kristus anaa ing kowé kabèh. 3 Para Sadulur, Aku kabèh padha kuwajiban tansah saos sokur marang Allah marga saka kowé kabèh. Lan pancèn patuté mangkono, awit pracayamu sangsaya mundhak-mundhak lan anggonmu padha tresna-tinresnan sangsaya banget, 4 satemah ana ing pasamuwan-pasamuwané Allah aku dhéwé bombong atiku tumrap kowé amarga anggonmu padha tatag sarta pracaya ana ing sajroning sakèhé panganiaya lan panindhes kang padha kokalami. 5 Iku dadi tandha-bukti mungguh pangadilané Allah kang adil, kang mratélakaké yèn kowé kabèh iku pantes dadi warganing Kratoné Allah, kowé kang saiki padha nandhang sangsara amarga Kraton iku. 6 Jalaran pancèn adil kagem Allah malesaké panindhes marang wong-wong kang padha nindhes kowé kabèh, 7 sarta murih leganing atimu kang padha ditindhes, lan uga kanggo aku kabèh, samangsa Gusti Yésus bakal ngatingal saka swarga ginarebeg para malaékaté kang gedhé pangwasané, ing sajroning geni kang murub ngalad-alad, 8 lan nandukaké piwales marang wong-wong kang padha ora gelem wanuh marang Allah sarta ora mbangun-turut marang Injilé Yésus, Gusti kita. 9 Wong-wong iku bakal padha nampa paukuman kang gawé rusak ing salawas-lawasé, diedohaké saka ing ngarsané Gusti lan saka ing kamulyaning pangwaosé, 10 samangsa Panjenengané rawuh ing dina iku, supaya kaluhuraké ana ing antarané para suci kagungané, sarta supaya dadi pangéram-éramé wong kabèh kang pracaya, awit paseksi kang wis padha daklairaké marang kowé kabèh iku wis padha kokpracaya. 11 Awit saka iku, aku kabèh tansah padha ndedonga uga kanggo kowé kabèh, supaya Allah kita nganggep kowé padha sembada tumrap timbalané lan kalawan pangwaosé nyampurnakaké sakèhing pepénginanmu tumindak becik sarta nyampurnakaké sakèhé pakaryaning pracayamu, 12 satemah asmané Yésus, Gusti kita, kaluhuraké ana ing kowé kabèh lan kowé kabèh ana ing Panjenengané, miturut sih-rahmating Allah kita lan Gusti Yésus Kristus.
1 Bab rawuhé Gusti kita Yésus Kristus lan anggon kita bakal katunggilaké kalawan Panjenengané, panjalukku kabèh marang kowé, para Sadulur, 2 supaya kowé aja padha gampang bingung lan sumelang, marga saka wangsiting roh utawa marga saka pakabaran utawa marga saka layang kang diakokaké saka aku kabèh, kaya-kaya dinané Gusti wis kelakon. 3 Kowé aja nganti padha disasaraké nganggo patrap kepriyé baé! Awitdéné sadurungé dina iku kelakon mesthi didhisiki anané pamurtad lan kababaré manungsa duraka, kang kudu kasirnakaké, 4 yaiku tukang-nglawan kang ngunggul-unggulaké awaké dhéwé ngluwihi sakèhé kang disebut utawa disembah kayadéné Allah, nganti wani lungguh ing Padaleman Suci sarta ngaku Allah. 5 Apa kowé ora padha éling yèn bab iku wis kerep dakkandhakaké marang kowé, nalika aku isih ana ing satengahmu? 6 Déné saiki kowé padha sumurup apa kang nyandhet tekané, satemah lagi bakal jumedhul ing waktu kang wis katemtokaké. 7 Amarga kanthi patrap sesidheman, duraka iku wiwit tumindak, nanging saiki isih ana kang nyandhet. Menawa kang saiki nyandhet wis kasingkiraké, 8 ing waktu iku manungsa duraka lagi arep muncul, nanging Gusti Yésus nuli bakal numpes kalawan napasing tutuké lan samangsa rawuh, bakal nyirnakaké sarana ngatingalé. 9 Tekané manungsa duraka iku marga saka panggawéné Iblis lan bakal dikanthèni kasektèn warna-warna sarta pratandha-pratandha apadéné mukjijat-mukjijat palsu; 10 kalawan réka-daya ala rupa-rupa tumrap wong-wong kang bakal nemu karusakan, jalaran padha ora nampani sarta nresnani kayektèn kang ndadèkaké karahayoné. 11 Iya iku sababé Allah anggoné ndhatengaké panasaran marang wong-wong iku, kang njalari padha pracaya marang kang goroh, 12 supaya wong kabèh kang padha ora pracaya marang kayektèn, kaukum lan seneng marang piala. 13 Nanging para Sadulur, aku kudu padha tansah saos sokur marang Allah marga saka kowé kabèh, kang dikasihi déning Gusti, amarga Allah wiwit wiwitan mula wus milih kowé kabèh supaya dislametaké ana ing sajroning Roh, kang nucèkaké kowé lan ana ing sajroning kayektèn kang padha kokpracaya. 14 Tumrap kang mangkono iku Panjenengané wis nimbali kowé kabèh lantaran Injil, kang padha dakwartakaké, satemah kowé padha kepareng nampa kamulyané Yésus Kristus, Gusti kita. 15 Mulané, kowé padha dibakuh lan padha ngantepana piwulang-piwulang kang wis padha koktampani saka aku kabèh, kanthi patrap lésan utawa tulisan. 16 Anadéné Panjenengané, Gusti kita Yésus Kristus lan Allah, Rama kita, kang sajroning sih-rahmaté wis ngasihi kita sarta kang wis ngganjar panglipur kang langgeng tuwin pangarep-arep becik marang kita, 17 muga karsa paring panglipur lan nyantosakaké atimu ing sadhéngah panggawé lan pitembungan kang becik.
1 Sabanjuré, para Sadulur, padha ndedongaa kanggo aku kabèh, supaya pangandikané Gusti saya maju lan diluhuraké, kayadéné kang wis kelakon ana ing antaramu kabèh, 2 lan supaya aku padha uwal saka para wong kang padha gawé rerusuh lan para wong ala, sabab ora saben wong kaparingan pracaya. 3 Nanging Gusti iku setya-tuhu. Panjenengané bakal nyantosakaké atimu lan ngayomi kowé kabèh saka piala. 4 Anadéné aku kabèh padha pracaya ana ing Gusti, yèn apa kang wis padha dakpituturaké marang kowé kabèh, iku padha koklakoni lan bakal koklakoni. 5 Muga Gusti tansah ngeneraké atimu marang katresnané Allah lan marang kasetyané Kristus. 6 Nanging welingku marang kowé kabèh, para Sadulur, ana ing asmané Gusti Yésus Kristus, padha sumingkira saka saben sadulur tunggal pracaya kang ora nindakaké pagawéané lan kang ora manut marang piwulang kang wis padha koktampani saka aku kabèh. 7 Sabab kowé dhéwé padha sumurup, kepriyé anggonmu kudu padha nulad marang aku kabèh, amarga aku padha ora nglirwakaké pagawéan ana ing antaramu, 8 sarta ora tau mangan rotining liyan kanthi lelahanan, nanging aku kabèh padha mbudi-daya lan nyambut-gawé rina-wengi kalawan rekasa, supaya aja dadi gawéné sapa baé ana ing antaramu. 9 Ora marga aku padha ora duwé hak ing bab iku, nanging marga aku kabèh bisaa dadi tuladha kanggo kowé kabèh, supaya padha kokanut. 10 Sabab, uga nalika aku padha ana ing satengahmu, aku padha awèh pepéling marang kowé kabèh: Yèn wong ora gelem nyambut-gawé, iku iya aja mangan. 11 Iki padha dakkandhakaké amarga aku padha krungu, yèn ana wong ing antaramu kang uripé seneng kluyuran, ora nyambut-gawé, kejaba mung nindakaké bab-bab kang tanpa guna. 12 Wong-wong kang kaya mangkono iku padha dakélingaké lan padha dakpituturi ing sajroning Gusti Yésus Kristus supaya padha tansah nindakaké pagawéané kanthi tentrem sarta kalawan mangkono padha mangana rejekiné dhéwé. 13 Lan kowé, para Sadulur, aja padha bosen nindakaké panggawé becik. 14 Menawa ana wong kang ora gelem ngrungokaké apa kang dakkandhakaké ing layang iki, iku titènana lan aja sesrawungan karo wong iku, supaya dadi isin. 15 Mung baé aja kokanggep mungsuh, nanging élingna kaya marang sadulur tunggal pracaya. 16 Muga Panjenengané, iya Gustining tentrem-rahayu, tansah paring tentrem-rahayu marang kowé kabèh kanthi sadhéngah patrap. Gusti nunggila karo kowé kabèh. 17 Salam saka aku, Paulus. Salam iki daktulis nganggo tanganku dhéwé. Iki minangka titikaning saben layangku: Iya mangkéné iki tulisanku. 18 Sih-rahmaté Yésus Kristus, Gusti kita, nunggila ing kowé kabèh.
1 Saka Paulus, rasulé Kristus Yésus manut dhawuhé Allah, Juruslamet kita, lan Kristus Yésus, pangarep-arep kita, 2 marang Timotius, anakku kang sejati sajroning pracaya: Palimirma, sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah Sang Rama lan Kristus Yésus, Gusti kita anaa ing kowé. 3 Nalika aku arep nerusaké lakuku menyang wilayah Makédonia, kowé wis dakwanti-wanti, supaya tetep ana ing Éfesus lan mituturi wong-wong sawenèh, supaya aja mulangaké piwulang liya, 4 utawa dongèng lan sarasilah kang ora ana entèké, kang olèh-olèhané mung pangangen-angen, sarta dudu tatanan keslametan kang kaparingaké Allah sajroning pracaya. 5 Kang dituju ing pitutur iku, yaiku katresnan kang muncul saka ati kang suci, saka swaraning batin kang murni lan saka pracaya kang tulus-éklas. 6 Nanging ana wong kang nyimpang saka iku lan banjur kesasar ing omongan kang tanpa guna. 7 Wong-wong iku arep padha dadi pamulanging angger-anggeré Torèt, mangka ora ngerti marang tembung-tembungé dhéwé sarta prakara-prakara baku kang diwulangaké kanthi mutlak. 8 Kita padha sumurup, yèn angger-anggering Torét iku becik, menawa bener anggoné ngecakaké, 9 yaiku kanthi pangerti, yèn angger-anggering Torèt iku ora kanggo wong sampurna, nanging kanggo wong duraka lan murang-sarak, wong lamis lan wong dosa, kanggo wong kadonyan lan kang tanpa agama, kanggo kang matèni bapa lan biyungé, kanggo wong kang gawéné matèni, 10 kanggo wong kang tumindak cabul lan laku-jina padha lanangé, kanggo wong kang gawéné nyulik, kanggo wong kang tukang ngapusi, kanggo wong kang dhemen sumpah palsu, lan sabanjuré samubarang kabèh kang cengkah karo piwulang kang bener, 11 kang adhedhasar Injiling Allah kang luhur lan pinuji, kaya kang wis kapitayakaké marang aku. 12 Aku saos sokur marang Panjenengané, kang nyantosakaké aku, yaiku Kristus Yésus, Gusti kita, amarga Panjenengané karsa nganggep aku setya, sarta mitayakaké bubuhan leladi iki marang aku, 13 aku kang mauné tukang nyenyamah, nganiaya sarta kejem, nanging wus karentahan palimirma, awit iku kabèh daklakoni saka ora ngertiku sajroning ora pracaya. 14 Malah sih-rahmaté Gusti kita iku wis kaparingaké nganti lubèr marang aku kalawan pracaya lan katresnan sajroning Kristus Yésus. 15 Tembung iki nyata lan pantes diugemi temenan, "Kristus rawuh ing donya prelu mitulungi rahayu marang wong dosa," lan antarané para wong dosa iku aku iki kang gedhé dhéwé dosané. 16 Nanging malah marga saka iku aku karentahan palimirma, supaya ana ing aku kang gedhé dhéwé dosané iki, Yésus Kristus nélakaké sakèhing kasabarané. Sarana mangkono, aku dadia tuladha tumrap wong kang bakal padha pracaya marang Panjenengané lan olèh urip langgeng. 17 Pakurmatan lan kamulyan ing salawas-lawasé kasaosna marang Rajané sakèhing jaman, Allah kang langgeng, kang ora katingal lan kang asipat tunggal! Amin. 18 Kuwajiban iki dakpasrahaké marang kowé, anakku Timotius, cundhuk karo apa kang wus kaweca tumrap kowé, supaya marga pameca iku kowé ngudi marang pambudidaya kang utama kalawan pracaya sarta swaraning batin kang murni. 19 Ana wong sawatara kang wus ngemohi swaraning batin kang murni iku, marga saka iku pracayané kandhas, 20 kayata: Himénéus lan Alèksander, kang wus dakpasrahaké marang Iblis, supaya padha kapok anggoné nyenyamah.
1 Awit saka iku, kang dhisik dhéwé aku mituturi: Padha ngaturna panyuwun, pandonga safaat lan panuwun sokur tumrap ing wong kabèh, 2 tumrap para raja sarta tumrap sakèhing panggedhé, supaya urip kita bisa tentrem lan ayem ana ing sajroning sakèhé kamursidan lan kaurmatan. 3 Iya iku kang becik lan kang dadi keparenging Allah, Pamarta kita, 4 kang ngarsakaké, supaya wong kabèh padha kapitulungan rahayu lan padha olèh kawruh bab kang bener. 5 Amarga Allah iku asipat tunggal, samono uga Pantawis antarané Allah lan manungsa iya mung siji, yaiku Kristus Yésus kang jumeneng Manungsa, 6 kang wis masrahaké sarirané minangka panebus kanggo wong kabèh: Iku paseksi ing waktu kang wis katemtokaké. 7 Iya kanggo paseksi iku aku wus katetepaké dadi juru-warta lan rasul, -- kang dakkandhakaké iki bener, aku ora goroh -- lan dadi guruné wong-wong dudu Yahudi, sajroning pracaya lan apa kang bener. 8 Awit saka iku, aku kepéngin supaya ing sadhéngah papan wong lanang padha ndedonga kalawan ngulukaké tangan kang suci, aja nganggo nepsu utawa padudon. 9 Mangkono uga wong wadon, padha manganggoa kang pantes, sopan lan prasaja, rambuté aja diklabang, aja manganggo mas-masan, mutiyara utawa sandhangan kang larang-larang, 10 nanging manganggoa sandhangan kang wujud panggawé becik, dikaya sapatuté wong wadon kang ngibadah. 11 Wong wadon iku kuduné anteng lan nampani piwulang kalawan mbangun-turut. 12 Wong wadon ora dakwenangaké memulang sarta ora dakwenangaké ngwasani wong lanang, padha antenga baé. 13 Awitdéné Adam kang katitahaké dhisik, banjur lagi Hawa. 14 Apamanèh dudu Adam kang kagodha, nanging wong wadon iku kang kagodha lan tumiba ing dosa. 15 Nanging wong wadon bakal kapitulungan rahayu amarga saka anggoné duwé anak, anggeré ngantepi ing pracaya lan katresnan sarta kasucèn kalawan prasaja.
1 Iki tembung kang bener, "Wong kang kepéngin nggayuh kalungguhan pamomonging pasamuwan, iku kepéngin nindakaké pagawéan kang adi." 2 Mulané pamomonging pasamuwan iku kudu kang tanpa cacad, kang somahé siji, bisa ngendhalèni dhiri, wicaksana, sopan, seneng awèh pamondhokan, pinter memulang, 3 ora karem minum, ora gampang nepsu, sumanak, dhemen ngrukunaké, ora ngawula marang bandha, 4 dadi sesirahing brayat kang becik, kang diéringi lan diajèni déning anak-anaké. 5 Menawa wong ora bisa ngemudhèni brayaté dhéwé, kepriyé anggoné bisa ngurus pasamuwané Allah? 6 Aja wong kang durung suwé anggoné mratobat, supaya aja dadi gumunggung lan kena paukuman kaya kang kelakon tumrap Iblis. 7 Apamanèh nduwènana jeneng kang becik ing sanjabaning pasamuwan, supaya aja kena ing panggugating wong lan tumiba ing kala-jireting Iblis. 8 Mangkono uga para Dhiaken iya kudu wong kang kajèn, kang ora méncla-ménclé, ora karem anggur, ora srakah, 9 nanging wong kang bisa nyimpen wewadining pracaya ing sajroné swaraning batin kang suci. 10 Wong iku iya kudu ditliti dhisik, banjur lagi padha ditetepaké ing ayahan leladi iku, sawusé tetéla yèn tanpa cacad. 11 Mangkono uga somahé kudu kang kajèn, kang ora dhemen mitenah, bisa ngendhalèni dhiri sarta kena dipracaya ing samubarang kabèh. 12 Dhiaken iku kudu kang somahé siji sarta becik anggoné ngurus anak-anaké lan brayaté. 13 Amarga wong-wong kang becik anggoné leladi iku olèh kalungguhan kang becik, satemah sajroning pracaya marang Kristus Yésus bisa awèh paseksi kalawan kendel. 14 Kabèh iku daktulis marang kowé, sanadyan pangarep-arepku bisaa énggal niliki kowé. 15 Dadi, yèn ana kasèpku kowé bisa nyumurupi, kepriyé uripé wong kang dadi brayating Allah, yaiku pasamuwané Allah kang gesang, saka-pikukuh lan dhasaring kayektèn. 16 Satemené luhur wewadiné pangibadah kita iku, "Panjenengané kang wis ngatingal ngagem wujud manungsa wis kaleresaké marga déning Roh kang ngatingal marang para malaékat, kawartosaké ing antarané para bangsa; kang dipracaya ana ing jagat, sinengkakaké sajroning kamulyan."
1 Ananging ana pangandikané Roh kanthi cetha, yèn ing tembé bakal ana wong kang padha murtad banjur kèlu marang roh-roh panasaran lan piwulangé sétan-sétan 2 marga saka pambujuking para tukang ngapusi, kang swaraning batiné nganggo ecaping sétan-sétan mau, 3 wong-wong iku nganakaké larangan jejodhoan, larangan mangan pangan kang dititahaké déning Allah, supaya dipangan kalawan saos sokur déning para wong kang pracaya lan kang wis wanuh marang kayektèn. 4 Awitdéné kabèh kang dititahaké déning Allah iku becik, lan siji baé ora ana kang haram, angger ditampani kanthi saos sokur, 5 amarga kabèh iku wis kasucèkaké déning pangandikané Allah lan déning pandonga. 6 Sarana ngélingaké bab-bab iku marang sadulur-sadulur kita, kowé bakal dadi abdiné Kristus Yésus kang becik, kang kagulawenthah ing bab dhasar-dhasaring pracaya kita sarta ing bab piwulang kang becik kang wis kokanut nganti sapréné. 7 Nanging dohana dongèng-dongèng gugontuhoné wong nini-nini. Nggegulanga ing pangibadah. 8 Nggegulang kajasmanèn iku winates paédahé, nanging pangibadah iku maédahi tumrap samubarang kabèh, awit iku isi prajanji kanggo urip saiki lan ing tembé. 9 Tembung iki bener lan wajib ditampani kalawan temen-temen. 10 Iya iku sababé anggon kita padha rekasa lan mbudidaya kanthi ngetog kakuwatan, jalaran kita padha nduwèni pangarep-arep marang Allah kang gesang, kang dadi Pamartané wong kabèh, kususé para wong kang pracaya. 11 Iku kabèh wartakna lan wulangna. 12 Aja nganti ana wong kang ngrèmèhaké kowé, amarga kowé isih enom. Dadia tuladha tumrap para wong kang pracaya, ing bab tembung-tembungmu, tindak-tandukmu, katresnanmu, kasetyanmu tuwin ing kasucènmu. 13 Sabanjuré, nganti satekaku tegena anggonmu macakaké pérangan-péranganing Kitab Suci, sarta anggonmu mbangun lan memulang. 14 Aja nglirwakaké anggonmu migunakaké kanugrahan kang ana ing kowé, kang wis kaparingaké marang kowé sarana pameca lan sarana tumpangan-tanganing parepatané para pinituwa. 15 Kabèh iku mau gatèkna, uripa sajroning iku kabèh, supaya kemajuanmu tetéla marang wong kabèh. 16 Awasana awakmu dhéwé lan piwulangmu. Tegena anggonmu nindakaké iku kabèh, amarga sarana mangkono, kowé bakal mitulungi awakmu dhéwé lan wong kabèh kang padha ngrungokaké piwulangmu.
1 Wong kang wis tuwa aja koksrengeni, nanging élingna kayadéné marang bapa. Wong nom-noman padha élingna kayadéné sadulurmu, 2 para wong wadon kang wis tuwa kayadéné ibu, para wong wadon kang isih enom kayadéné adhimu, kalawan ati kang resik. 3 Para randha kang tetep dadi randha lan uripé ijèn, iku padha ajènana. 4 Nanging randha kang duwé anak utawa putu, anak utawa putuné iku prayogané luwih dhisik padha sinau bekti marang kulawargané dhéwé lan males kabecikané wong-tuwané tuwin embahé, amarga iku kang dadi keparengé Allah. 5 Déné randha kang tetep dadi randha, kang uripé mung ijèn, iku pangarep-arepé marang Allah lan tansah nenuwun sarta ndedonga rina-wengi. 6 Nanging randha kang uripé nguja kasenengan, iku wis mati sajroning urip. 7 Sakèhé randha mau padha élingna bab-bab iki, supaya uripé tanpa cacad. 8 Déné menawa ana kang ora mikiraké sanak-saduluré, apamanèh brayaté, iku wis murtad lan luwih ala katimbang karo wong kang ora pracaya. 9 Randha kang kadhaftar iku kang umuré ora kurang saka sewidak taun, kang mung omah-omah sapisan 10 lan kabuktèn anggoné wis nindakaké panggawé becik, kayata: Nggulawenthah anak, dhemen awèh pamondhokan, ngwisuhi sikilé para Sadulur tunggal pracaya, nulungi wong kang uripé kesrakat, cekaké kang tansah mrelokaké nindakaké sarupaning panggawé becik. 11 Para randha kang luwih enom iku aja kokdhaftar, awit menawa kataman napsu birai kang njalari pisahé saka Kristus, banjur padha kepéngin omah-omah, 12 satemah padha nyingkur kasetyané kang sekawit marang Panjenengané, iku padha nekakaké paukuman tumrap awaké dhéwé. 13 Sarta manèh, sarana mlebu-metu ing omahé wong, padha kulina kesèd-kesèdan, malah ora mung kesèd-kesèdan baé, nanging iya seneng nyatur lan nyampuri urusané wong liya sarta ngandhak-ngandhakaké prakara kang ora patut. 14 Awit saka iku karepku supaya randha-randha kang isih enom padha omah-omah manèh, padha duwé anak, nuntun brayaté sarta aja padha awèh dhadhakan marang mungsuh, kanggo ngala-ala jeneng kita. 15 Amarga wis ana sawatara randha kang kesasar nuruti Iblis. 16 Menawa ana wong kang pracaya, lanang utawa wadon, kang ing brayaté ana randha-randhané, wong iku mbiyantua para randha mau, supaya padha ora dadi sesanggané pasamuwan. Sarana mangkono, pasamuwan bisa mitulungi randha kang uripé ijèn. 17 Para pinituwa kang becik pangrèhé iku pantes diajèni tikel loro, luwih manèh kang kanthi tumemen anggoné khotbah lan memulang. 18 Sabab ing Kitab Suci ana pangandika mangkéné, "Sapi kang lagi dianggo nggiling aja dibrangus," lan manèh, "Wong kang nyambut-gawé iku patut olèh pituwasé." 19 Aja ngladèni pandakwa marang sawijining pinituwa, kajaba yèn ana seksiné loro utawa telu. 20 Wong-wong kang padha nglakoni dosa iku welèhna ing ngarepé wong kabèh, supaya wong-wong liyané uga padha wedi. 21 Ana ing ngarsané Allah lan Kristus Yésus sarta para malaékat pepilihané, aku weling kalawan temen-temen marang kowé: Gatèkna pituduh iki tanpa sangga-runggi lan tumindakmu ing samubarang ditanpa pilih kasih. 22 Aja kesusu numpangaké tangan marang wong lan aja nganti katut ing dosané wong liya. Jaganen resiking atimu dhéwé. 23 Aja mung ngombé banyu baé, nanging tambahana anggur sathithik, amarga wetengmu ringkih lan awakmu kerep lara. 24 Dosané wong sawatara iku wis cetha banget, kaya-kaya ndhisiki wong-wong mau menyang pangadilan, nanging dosané wong sawatara manèh lagi cetha mbésuk. 25 Samono uga panggawé becik iku énggal kasumurupan, lan yèn ora mangkono, panggawé iku tetep ora tansah kaaling-alingan.
1 Wong kabèh kang nyangga momotan marga anggoné dadi batur, iku nganggepa bendarané wus sapantesé nampa sakèhing pakurmatan, supaya asmané Allah lan piwulang kita aja dicamah. 2 Menawa bendarané mau wong pracaya, aja nganti dikurangi pakurmatané amarga padha tunggal-sadulur ana ing Kristus, nanging malah saya dibecik anggoné ngladèni, amarga bendara kang nampa wohing leladiné iku sadulur kang pracaya lan kinasih. Kabèh iki wulangna lan pituturna. 3 Menawa ana wong kang mulangaké piwulang liya lan ora miturut pangandika kang bener -- yaiku pangandikané Gusti kita Yésus Kristus -- lan kang ora miturut piwulang kang laras karo paugeraning kamursidan kita, 4 wong iku kaya ngerti-ngertia, nanging sejatiné ora ngerti apa-apa. Penyakité yaiku golèk-golèk prakara lan waton sulaya, kang njalari drengki, padudon, pitenah, sangga-runggi, 5 regejegan ing antarané wong-wong kang pikirané ora waras manèh lan kang wis kélangan kayektèn, kang ngira yèn iku dadi sumbering kauntungan. 6 Pancèn menawa kamursidan iku dikanthèni ati kang marem, iku ngolèhaké kauntungan gedhé. 7 Sabab anggon kita teka ana ing donya ora kanthi nggawa apa-apa, lan kita uga ora bisa nggawa apa-apa, anggon kita ninggalaké donya mau. 8 Angger wis ana pangan lan sandhang, wis cukup. 9 Nanging wong kang kepéngin sugih padha tumiba ing panggodha lan kena ing kala-jiret sarta pepénginan warna-warna kang kothong lan gawé cilaka, kang ngèremaké manungsa marang bilai tuwin karusakan. 10 Awit oyoding sakèhing piala iku karem bandha, lan karana anggoné mburu dhuwit iku sawenèhing wong padha nyimpang saka pracaya sarta nyiksa awaké dhéwé sarana kasusahan warna-warna. 11 Nanging kowé, hé, manungsaning Allah, ngedohana iku kabèh, ngaraha marang kaadilan, kamursidan, pangandel, katresnan, kasabaran lan budi sarèh. 12 Nindakna tetandhingan kang becik ana ing gelangganging pangandel, nggayuha urip langgeng. Iya tumrap kang kaya mangkono iku anggonmu katimbalan sarta nglairaké sahadat kang bener, sineksènan déning wong akèh. 13 Ana ing ngarsané Allah kang maringi urip marang samubarang lan ana ing ngarsané Kristus Yésus kang wis paring paseksi kang bener ing ngarepé Pontius Pilatus, aku ngatag marang kowé: 14 Pepakon iki tetepana ditanpa cacad lan tanpa luput, nganti tumekané titimangsa Gusti kita Yésus Kristus ngatingal, 15 yaiku ing titimangsa kang bakal katemtokaké déning Pangwaos tunggal lan kang dadi sumbering karahayon, Rajané para raja sarta Gustiné para gusti. 16 Iya mung Panjenengané iku kang kalis ing pati, kang ngedhaton ana ing pepadhang, kang tan kena cinelakan. Ora ana wong siji baé kang tau weruh Panjenengané, jalaran pancèn ora bisa ndeleng Panjenengané. Kagem Panjenengané iku kaurmatan lan pangwaos kang langgeng! Amin. 17 Para wong sugih ing donya iki padha élingna, supaya aja padha gumunggung lan aja padha duwé pangarep-arep marang samubarang kang ora tetep kaanané, kayata kasugihan, nanging ngarep-arepa marang Allah, kang maringi kita samubarang kanthi lubèr, supaya padha kita rasakaké. 18 Padha élingna, supaya padha nglakoni panggawé becik, dadi sugih ing bab kabecikan, dhangan wèwèh lan ngedum-edum barang darbèké 19 sarta sarana mangkono padha ngumpulaké bandha kanggo pawitan kang becik, supaya ing tembé, padha olèh urip kang sanyata. 20 Hé, Timotius, apa kang wis kapitayakaké marang kowé iku reksanen. Guneman kang ngayawara lan ora suci sarta padudon kang asalé saka apa kang dianggep kawruh, iku singkirana. 21 Amarga ana wong sawatara kang mulangaké iku, lan sarana mangkono wis padha nyimpang saka pracayané. Sih-rahmat nunggila ing kowé!
1 Saka Paulus, rasulé Kristus Yésus kang awit saka karsaning Allah, supaya martakaké prasetya bab urip ana ing sajroné Kristus Yésus, 2 marang Timotius, anakku kang kinasih: Palimirma, sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah Sang Rama lan Kristus Yésus, Gusti kita, anaa ing kowé. 3 Aku saos sokur marang Allah, kang dakladosi kalawan swaraning ati kang resik, kaya kang dilakoni déning para leluhurku. Sarta aku tansah ngélingi kowé sajroning panyuwunku rina-wengi. 4 Menawa aku kélingan anggonmu nètèsaké eluh, aku banjur kepéngin weruh kowé manèh, supaya atiku kapenuhan ing kabungahan. 5 Amarga aku kélingan marang pracayamu kang tulus-éklas, yaiku pracaya kang wiwitané dumunung ana ing embahmu-putri Lois lan ibumu Éunike lan aku yakin iku iya dumunung ana ing kowé. 6 Marga saka iku kowé dakélingaké supaya tetep gawé ngrembakané sih-peparingé Allah kang ana ing kowé sarana anggonmu wis katumpangan tanganku. 7 Sabab Allah maringi kita dudu roh kang njalari jirih, nanging roh kang nuwuhaké kakuwatan, katresnan lan katertiban. 8 Mulané aja isin nglairaké paseksi bab Gusti kita sarta aja isin marga saka aku, kang dadi wong ukuman marga saka Panjenengané, nanging mèlua nandhang sangsara kanggo Injilé kalawan kakuwataning Allah. 9 Panjenengané kang milujengaké kita lan nimbali kita kalawan timbalan kang suci, ora adhedhasar panggawé kita, nanging adhedhasar karsa lan sih-rahmaté piyambak, kang wus kaparingaké marang kita ana ing Kristus Yésus sadurungé wiwitaning jaman. 10 Lan saiki kawujudaké ana ing rawuhé Juru-wilujeng kita Yésus Kristus, kang lantaran Injil wus nyirnakaké pangwasaning pati sarta mbabaraké urip kang ora bisa rusak. 11 Iya kanggo Injil iki aku wis katetepaké dadi juru-warta, dadi rasul lan dadi guru. 12 Iya iku kang njalari kasangsaranku iki kabèh, nanging aku ora isin, sabab aku sumurup sapa kang dakpracaya sarta aku yakin yèn Panjenengané iku kwaos rumeksa marang apa kang wis dipitayakaké Panjenengané marang aku nganti tumeka dinané Gusti. 13 Samubarang kang wis kokrungu saka aku, iku antepana, dadia tuladha piwulang kang bener sarta lakonana sajroning pracaya lan katresnan ana ing Kristus Yésus. 14 Rajabrana kang éndah, kang wis dipitayakaké Panjenengané, déning Roh Suci, kang dedalem ana ing kita, iku reksanen. 15 Kowé wis padha sumurup, menawa wong-wong ing tlatah Asia-Cilik iku padha nyingkur aku; kalebu Figelus lan Hérmogenès. 16 Muga Gusti karsa paring sih-rahmat marang Onésiforus sabrayat, kang wus bola-bali gawé senenging atiku. Wong iku ora isin niliki aku ana ing pakunjaran. 17 Nalika ana ing Roma, wis ngudi nggolèki aku lan iya wis bisa nemoni aku. 18 Muga Gusti karsa maringaké sih-rahmaté marang wong mau mbésuk ing dinané Gusti. Sapira anggoné leladi ana ing Éfesus, kowé luwih ngerti katimbang aku.
1 Mulané, hé anakku, disantosa marga saka sih-rahmat kang ana ing Kristus Yésus. 2 Apa kang wis kokrungu saka aku kang sineksènan déning wong akèh, iku pitayakna marang wong-wong kang padha kena dipracaya, kang uga bisa memulang wong liya. 3 Mèlua nandhang sangsara kayadéné prajurité Kristus Yésus kang utama. 4 Prajurit kang lagi perang iku ora mreduli marang prakara-prakara kang magepokan karo panguripané, supaya marga saka mangkono iku ndadèkaké senenging komandhané. 5 Wong kang mèlu tetandhingan iku anggoné bisa olèh makuthaning kamenangan mung menawa manut tatanan olah-raga. 6 Wong tani kang panyambut-gawéné kanthi rekasa iku kuduné kang wiwitan ngrasakaké wohing pagawéané. 7 Apa kang dakkandhakaké iku gatèkna, amarga Gusti bakal paring pangerti bab samubarang marang kowé. 8 Élinga: Yésus Kristus, kang wus kawungokaké saka antarané wong mati, kang dadi tedhaké Daud, miturut Injil kang dakwartakaké. 9 Iya marga saka martakaké Injil iku, aku nandhang sangsara, malah kablenggu kayadéné durjana, nanging pangandikané Allah ora bisa kablenggu. 10 Mulané, kalawan sabar aku nglakoni iku kabèh kanggo para pepilihané Allah, supaya wong-wong iku iya padha olèh karahayon ana ing Kristus Yésus kalawan kamulyan kang langgeng. 11 Iki tembung kang bener, "Menawa kita ndhèrèk Panjenengané ana ing sédané, kita iya ndhèrèk Panjenengané ana ing wunguné. 12 Menawa kita tegen, kita iya bakal ndhèrèk ngerèh bareng karo Panjenengané. Menawa kita nyélaki Panjenengané, kita iya bakal disélaki Panjenengané. 13 Menawa kita ora setya, Panjenengané tetep setya, awit Panjenengané ora bisa nyélaki sarirané piyambak." 14 Wong-wong padha élingna lan pituturana ing bab iku kabèh kalawan temenan ana ing ngarsané Allah, supaya aja padha mbulet tembungé, amarga iku ora ana gunané babar pisan, malah ngisruhaké kang padha ngrungokaké. 15 Udinen, supaya kowé pantes ana ing ngarsané Allah anggonmu dadi abdi kang ora usah isin, kang ngundhangaké pangandikaning kayektèn kalawan terus terang. 16 Nanging singkirana tetembungan kang ngayawara lan panyenyamah kang mung nambahi duraka. 17 Tembungé wong-wong kang mangkono iku sumebar kaya lelara kangker. Himénéus lan Filétus iku panunggalané wong-wong iku, 18 kang wis nyimpang saka kayektèn sarana anggoné mulangaké yèn patangèn kita wis kelakon, sarta marga saka iku banjur gawé rusaking pracayané wong sawatara. 19 Nanging tetales kang dipasang déning Allah iku santosa lan nganggo tenger tulisan, surasané, "Gusti nguningani sapa kang dadi kagungané," lan "Saben wong kang nyebut asmané Pangéran iku supaya ninggal pialané." 20 Ing sajroning omah gedhé iku kang tinemu ora mung prabot emas lan pérak, nanging uga barang-barang kang kagawé saka kayu lan lemah; kang kawitan iku kapigunakaké kanggo kapreluan kang luhur, déné kang pungkasan iku kanggo kapreluan kang kurang luhur. 21 Menawa wong nucèkaké awaké saka piala, iku bakal dadi praboting omah kang mulya, iku disucèkaké, dianggep pantes tumrap kang duwé lan dicawisaké kanggo sadhénggah pakaryan kang becik. 22 Mulané ngedohana hawa-napsuné wong anom, ngudia kaadilan, kasetyan, katresnan lan tentrem-rahayu bebarengan karo wong-wong kang padha nyebut Pangéran kalawan ati kang tulus. 23 Sakèhing prakara kang diothak-athik, kang tanpa budi lan kang ora pantes iku singkirana. Kowé sumurup, yèn prakara-prakara iku nuwuhaké dredah. 24 Mangka abdiné Gusti iku ora kena cecongkrahan, nanging kudu sumanak marang wong kabèh. Kudu bisa mulang, sabar, 25 lan kalawan alus bisa nuntun wong kang seneng nglawan, sabab mbokmenawa Gusti maringi wewengan marang wong-wong mau bisa mratobat, sarta nuntun wong-wong mau nganti padha wanuh marang kayektèn; 26 lan sarana mangkono, banjur padha éling manèh, marga wis uwal saka kala-jireting Iblis, kang wis ngendhalèni wong-wong iku nindakna kekarepané.
1 Sumurupa, yèn ing dina-dina pungkasan bakal ana mangsa kang rekasa. 2 Wong bakal padha mung mikir awaké dhéwé lan karem bandha. Bakal padha umuk lan gumunggung, bakal dadi tukang mitenah, bakal wani karo wong tuwa sarta ora ngerti ngaturaké panuwun, ora mreduli marang agama, 3 ora ngerti olah-tresna, ora gelem rukun, seneng ngala-ala wong, ora bisa ngendhalèni dhiri, galak, ora seneng kang becik, 4 seneng cidra, ora mulur nalaré, kumenthus, luwih seneng nuruti hawa-napsuné katimbang nurut marang Allah. 5 Anggoné padha nindakaké pangibadah mung cara lair baé, nanging sajatiné padha nyélaki sawabé, wong-wong iku dohana! 6 Sabab ing antarané wong-wong iku ana kang padha nylimpet lumebu ing omahé wong liya lan mbebujuk wong-wong wadon kang ringkih kang kabotan dosa sarta kawengku déning hawa-napsu rupa-rupa, 7 kang sanadyan kepéngin tansah kawulang, nanging ora tau bisa sumurup marang kayektèn. 8 Padha kaya Yanès lan Yambrès anggoné padha nglawan Musa, mangkono uga wong-wong mau padha nglawan kayektèn. Pikirané bobrok lan pracayané ora sembada. 9 Nanging wong-wong iku wis mesthi ora bakal luwih maju, amarga kayadéné Yanès lan Yambrès, bodhoné iku bakal konangan déning wong kabèh. 10 Nanging kowé wis nampa lan nindakaké piwulangku, caraku urip, panemuku, pracayaku, kasabaranku, katresnanku lan katemenanku. 11 Kowé wis mèlu tampa panganiaya lan nandhang sangsara kaya kang wis dakrasakaké ing Antiokhia lan ing Ikonium sarta ing Listra. Sakèhing panganiaya iku daklakoni lan Gusti wis ngluwari aku saka iku kabèh. 12 Pancèn saben wong kang nedya urip kalawan nindakaké pangibadah ing sajroné Kristus Yésus, iku bakal tampa panganiaya. 13 Déné wong ala lan culika iku alané bakal saya ndadra, padha nasaraké lan disasaraké. 14 Nanging kowé ngantepana kayektèn kang wis koktampa lan kokyakini, kalawan tansah éling marang wong kang wis mulangaké iku marang kowé. 15 Élinga uga, yèn wiwit cilik kowé wis wanuh Kitab Suci, kang bisa ngolèhaké kawicaksanan marang kowé lan nuntun kowé marang karahayon marga saka pracaya marang Kristus Yésus. 16 Sakèhing tulisan ing Kitab Suci iku kawangsitaké déning Allah lan migunani kanggo memulang, kanggo melèhaké kaluputan, kanggo mbangun kelakuan tuwin kanggo nggulawenthah wong sajroning kayektèn. 17 Marga saka mangkono saben wong kagungané Allah iku disamektani kanggo nindakaké sakèhing panggawé becik.
1 Ana ing ngarsané Allah lan Kristus Yésus kang bakal ngadili wong kang urip lan kang mati, aku pitutur marang kowé ing satemené, demi rawuhé sarta demi Kratoné. 2 Kowé nggelarna pangandika, samektaa ing waktu kang becik utawa kang ora becik, nuduhna apa kang salah, ngélingna lan mituturana kalawan sakèhing kasabaran lan piwulang. 3 Amarga bakal tumeka ing waktuné, wong bakal ora bisa nampani manèh piwulang kang becik, nanging bakal padha ngumpulaké guru-guru kang dikarepaké kanggo maremaké pepénginaning kupingé. 4 Bakal padha ngingeraké kupingé saka kayektèn lan ngrungokaké dongèng. 5 Nanging kowé, dibisa ngemudhèni awakmu ing sajroning samubarang kabèh, disabar sajroning nandhang sangsara, nindakna pagawéané juru-warta Injil, lan nglakonana kuwajibaning leladi! 6 Mungguh aku iki, getihku wis wiwit kaesokaké minangka pisungsung lan ajalku wis cedhak. 7 Aku wis mungkasi tetandhingan kang utama, aku wis tekan garis wekasan, aku wis ngantepi ing pracaya. 8 Saiki aku wis cinawisan makuthaning kayektèn, kang bakal kaparingaké marang aku déning Gusti, Hakim kang adil, ing titi-mangsané; nanging ora mung kanggo aku baé, malah uga kanggo sakèhing wong kang padha cecengklungen marang rawuhé. 9 Udinen supaya kowé énggal bisa nemoni aku, 10 Démas wis ninggal aku awit kepéncut marang donya iki, lan wis mangkat menyang Tésalonika. Krèskès wis lunga menyang Galatia lan Titus menyang Dalmatia. 11 Mung Lukas kang isih nunggal karo aku. Markus pethuken lan ajaken mréné, awit anggoné leladi migunani aku. 12 Tikhikus wis dakkongkon menyang Éfesus. 13 Yèn kowé mréné, jubah kang daktinggal ana ing Troas ing omahé Karpus iku cangkingen lan uga buku-bukuku, sing prelu dhéwé buku kang digawé saka walulang. 14 Alèksander tukang tembaga iku, wis nindakaké piala akèh marang aku. Iku bakal diwales déning Gusti miturut panggawéné. 15 Kowé uga sing waspada marang wong iku, awit banget anggoné nglawan piwulang kita. 16 Nalika aku ngaturaké panjawab ing pengadilanku kang kapisan, ora ana wong siji-sijia kang mbe'lani aku, kabèh padha ninggal aku -- bab iku muga aja ditempuhaké marang wong-wong mau -- 17 nanging Gusti wis ngamping-ampingi aku lan nyantosakaké aku, supaya lantaran aku, Injil kaundhangaké wutuh lan sakèhing wong dudu Yahudi padha ngrungokaké! Sarana mangkono, aku luwar saka cangkemé singa. 18 Gusti bakal ngluwari aku saka sarupaning panggawé ala. Panjenengané bakal milujengaké aku, nganti aku lumebu Kratoné ing swarga. Kaluhuran kagema Panjenengané ing salawas-lawasé! Amin. 19 Salam marang Priska lan Akwila lan marang brayaté Onésiforus. 20 Érastus kari ana ing Korintus lan Trofimus daktinggal lara ana ing Milétus. 21 Udinen anggonmu mréné sadurungé mangsa bedhidhing. Salam saka Ébulus lan Pudès sarta Linus lan Klaudia apadéné saka sadulur kabèh. 22 Gusti mugi nunggil ing rohmu. Sih-rahmaté nunggila ing kowé!
1 Saka Paulus, abdining Allah lan rasulé Yésus Kristus, kanggo ngrumati pracayaning para pepilihané Allah sarta kawruh ing bab kayektèn, kaya kang kababar ing pangibadah kita, 2 kadhasaran pangarep-arep marang urip langgeng kang sadurungé wiwitaning jaman wis kaprasetyakaké déning Allah kang ora cidra. 3 Ing waktu kang kinersakaké, Panjenengané wis medhar pangandika ana ing pangundhanging Injil, kang wis kapitayakaké marang aku cundhuk karo dhawuhing Allah, Pamarta kita. 4 Marang Titus, anakku kang satuhu awit saka tunggal pracaya: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah Sang Rama lan Kristus Yésus, Pamarta kita, anaa ing kowé. 5 Kowé daktinggal ana ing Kréta, supaya mranata apa kang isih prelu ditata sarta supaya ngangkat pinituwa-pinituwa ana ing saben kutha, kaya kang wis dakwelingaké marang kowé, 6 yaiku para wong kang tanpa cacad, kang somahé siji, kang anak-anaké padha pracaya lan ora didakwa marga uripé ora pantes tuwin ora tumata. 7 Amarga pamomonging pasamuwan iku dadi juru-pranatané padalemaning Allah, mulané kudu tanpa cacad, ora gumunggung, ora gampang nepsu, ora seneng endem-endeman, ora brangasan, ora srakah, 8 nanging seneng awèh pamondhokan, seneng marang kang becik, wicaksana, adil, salèh, bisa ngendhalèni dhiri 9 sarta ngantepi pitembungan kang bener, kang cundhuk karo piwulang kang sanyata, supaya bisa mituturi wong adhedhasar piwulang iku tuwin bisa ngyakinaké wong kang padha nglawan. 10 Amarga wis akèh wong kang uripé padha ora tumata, luwih manèh saka panunggalané wong kang ngugemi pranatan tetak; iku padha nasaraké wong nganggo tembung-tembung ngayawara. 11 Wong-wong kang kaya mangkono iku kudu dibungkem, awit iku gawé kisruhing brayat akèh kalawan piwulangé kang ora patut, supaya olèh kauntungan kang nistha. 12 Ana panunggalané wong-wong iku, yaiku nabiné dhéwé, iku tau kandha mangkéné, "Dhasar wong Kréta iku tukang goroh, kéwan galak lan wong dremba kang kesèd." 13 Paseksi mangkono iku bener. Awit saka iku welèhna kang banget, supaya pracayané dadi pulih, 14 sarta aja manèh-manèh nggatèkaké marang dongèng-dongèng Yahudi lan angger-anggering manungsa kang nyingkur kayektèn. 15 Tumrap wong kang suci, samubarang kabèh iku resik, nanging tumrap wong kang najis lan kang ora pracaya, ora ana barang siji baé kang resik, awit pikirané lan osiking atiné najis. 16 Wong-wong iku ngakuné padha wanuh marang Allah, nanging kalawan tingkah-lakuné, padha nyélaki Panjenengané. Padha njemberi lan murang sarak sarta ora bisa nindakaké samubarang kang becik.
1 Nanging kowé, wartakna apa kang cundhuk karo piwulang kang satuhu. 2 Para wong lanang kang wis tuwa supaya padha urip kajèn, prasaja, wicaksana sarta mantep ing pracaya, ing katresnan lan katemenan. 3 Mangkono uga para wong wadon kang wis tuwa, iku padha mujudna anggoné dadi wong ngibadah, aja mitenah, aja karem ngombé anggur, nanging bisa memulang prakara-prakara kang becik, 4 lan sarana mangkono bisa merdi wong-wong wadon kang isih enom, supaya padha tresna marang kang lanang tuwin marang anak-anaké, 5 urip kalawan wicaksana lan suci, sregep mranata balé-omahé, becik atiné sarta sumuyud marang kang lanang, supaya pangandikané Allah aja nganti dicecamah. 6 Mangkono uga para wong nom-noman, padha pituturana, supaya padha bisa ngendhalèni awaké dhéwé ing sadhéngah prakara, 7 lan kowé dhéwé dadia tuladha ing bab nindakaké panggawé becik. Anggonmu memulang dikalawan jujur sarta tumemen, 8 tetembunganmu disatuhu lan tanpa cacad, satemah wong kang nglawan padha dadi wirang, amarga ora ana prakara-prakara ora becik kang kena kanggo ngala-ala kita. 9 Para abdi padha pituturana supaya sumuyud marang bendarané tumrap sadhéngah prakara, lan padha gawéa senenging atiné lan aja mbantah, 10 aja clemer, nanging tansah nélakna anggonmu temen lan setya, supaya marga saka mangkono tumrap ing sadhéngah prakara, padha ngluhuraké piwulangé Allah, Pamarta kita. 11 Awitdéné sih-rahmaté Allah kang nylametaké manungsa kabèh iku wis kababar. 12 Iku merdi marang kita, supaya kita ninggal pamblasar lan pepénginan kadonyan sarta supaya kita urip kalawan wicaksana, adil tuwin ngabekti ana ing donya samengko iki, 13 kalawan nganti-anti kaleksananing pangarep-arep kita kang kalubèran berkah karahayon lan ngatingalaké kamulyaning Allah kang mahaagung sarta Pamarta kita Yésus Kristus, 14 kang wis masrahaké sarirané kanggo kita, supaya ngluwari kita saka sakèhing piala sarta nucèkaké kagem Panjenengané, umat kagungané piyambak, kang taberi ing panggawé becik. 15 Iku mau kabèh kandhakna, wong-wong padha pituturana lan welèhna kalawan prabawamu ing sakatogé. Aja nganti ana wong kang ngrèmèhaké kowé.
1 Wong-wong padha élingna, supaya padha sumuyud marang pamaréntah lan para kang ngasta pangwasa, mbangun-turuta sarta padha cumadhang marang sadhéngah panggawé becik. 2 Aja padha nyenyamah, aja padha regejegan, nanging padha disumanak lan dialus ing budi marang sadhéngah wong. 3 Amarga ing mauné urip kita iya padha tanpa budi: wangkal, nasar, kawengku ing hawa-napsu rupa-rupa lan kanikmatan kadonyan, urip ing sajroning piala lan drengki, rusuh, sengit-sinengitan. 4 Nanging bareng kamirahaning Allah, Pamarta kita, wis kababar, sarta katresnané marang manungsa, 5 ing waktu iku Panjenengané nylametaké kita, ora marga saka panggawé becik kang wis kita lakoni, nanging marga saka sih-rahmaté sarana padusan-lair-manèh lan marga kaanyaraké déning Roh Suci, 6 kang wis kaparingaké marang kita déning Yésus Kristus, Pamarta kita, 7 supaya kita, kang wis kabeneraké déning sih-rahmaté, padha wenang nampani urip langgeng, cundhuk karo pangarep-arep kita. 8 Iki tembung kang satuhu lan karepku supaya kowé kanthi yakin luwih ngantepaké, supaya wong-wong kang wis padha pracaya marang Allah, padha ngudi kanthi temen-temen nglakoni panggawé becik. Iku kang prayoga lan migunani tumrap manungsa. 9 Nanging singkirana bebantahan kang ora teges, prakara sarasilah, apadéné padudon lan regejegan bab angger-anggering Torèt, amarga kabèh iku ora ana gunané sarta muspra. 10 Wong kang njalari crah, menawa wis kokpituturi pisan, pindho, iku adohana. 11 Kowé mangerti, yèn wong kang kaya mangkono iku nasar temenan lan ngukum awaké dhéwé kalawan dosané. 12 Sawisé aku kongkonan Artémas utawa Tikhikus mréné nemoni kowé, udinen bisané kowé nemoni aku ana ing Nikopolis, awit wis dakniyati arep manggon ana ing kono sasuwéné mangsa bedhidhing iki. 13 Zénas ahli Torèt lan Apolos, padha tulungana sacukupé, supaya lakuné aja nganti kekurangan sawiji apa. 14 Sarta wong-wong kita cikbèn padha sinau nglakoni pagawéan kang migunani, supaya bisa nyukupi kabutuhaning urip kang baku, amrih uripé aja nganti tanpa guna. 15 Wong kabèh kang bebarengan karo aku padha kirim salam. Salamku marang wong-wong kang padha tresna marang aku kabèh sajroning pracaya. Sih-rahmat muga nunggila ing kowé kabèh!
1 Saka Paulus, wong ukuman marga saka Kristus Yésus, lan saka Timotius sadulur kita tunggal pracaya marang Filémon kang kinasih, kancaku tunggal gawé, 2 lan marang Apfia, sadulurku wadon tunggal pangandel, sarta marang Arkhipus, kanca kita sapagawéan, tuwin marang pasamuwan kang ana ing omahmu. 3 Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah Rama kita lan saka Yésus Kristus, anaa ing kowé kabèh. 4 Aku saos sokur marang Allahku, samangsa aku ngèlingi kowé sajroné pandongaku, 5 sabab aku wis krungu bab katresnanmu marang para suci lan bab pracayamu marang Gusti Yésus. 6 Lan aku ndongakaké, supaya anggonmu tunggal pracaya iku mèlu mbangun kawruh prakara-prakara kang utama ana ing antara kita kagem Kristus. 7 Saka katresnanmu, aku wis nampa kabungahan gedhé lan pambombong marga kowé wus nglipur atiné para suci, Sadulurku! 8 Marga saka iku, sanadyan ana sajroning patunggilané Kristus, aku bisa baé awèh préntah marang kowé bab apa kang wajib koklakoni, 9 éwasamono ngèlingi katresnanmu iku, luwih prayoga yèn aku duwé panjaluk marang kowé mangkéné: Aku Paulus kang wus tuwa, luwih-luwih saiki kinunjara marga saka Kristus Yésus, 10 duwé panjaluk marang kowé, bab anakku kang daktemu nalika aku ana ing sajroné pakunjaran, yaiku Onésimus. 11 Biyèn, wong iku pancèn ora migunani marang kowé, nanging saiki maédahi banget marang kowé, samono uga marang aku. 12 Wong mau, kang dadi woding atiku, dak kongkon bali mèlu kowé. 13 Sanyatané, mauné arep dakendheg ana ing pakunjaran, minangka sesulihmu ngladèni aku sajroné dikunjara marga saka Injil, 14 nanging tanpa palilahmu, aku ora wani tumindak apa-apa, supaya prakara kang becik iku aja nganti kok tindakaké kaya-kaya kanthi kapeksa, nanging kanthi lega-lila. 15 Sabab, mbokmenawa sarana patrap mangkono iku wong mau kapisahaké saka kowé kanggo sawatara mangsa, supaya kowé bisa mengku ing salawasé, 16 ora kaya batur manèh, nanging luwih saka iku, yaiku kayadéné sadulur tunggal pracaya kang kinasih. Kanggoné aku, pancèn iya wus mangkono iku, saya manèh tumrap kowé, dadia cara kamanungsan semono uga ana ing Gusti. 17 Yèn aku kokanggep kanca tunggal pracaya, wong iku iya tampanana kaya anggonmu nampani aku dhéwé. 18 Déné yèn wong mau wis gawé rugimu, utawa utang marang kowé, aku kang bakal nanggung -- 19 aku Paulus, kang nanggung kanthi tulisaning tanganku iki: Aku kang bakal nglunasi. Beciké aku aja nganti ngucap, "Menawa kowé uga utang marang aku", yaiku awakmu dhéwé. 20 Sadulurku, muga-muga kowé migunanana tumrap aku ana ing Gusti: Lipuren atiku ana ing Kristus. 21 Kanthi ngugemi ing pambangun-turutmu, layang iki daktulis kanggo kowé. Aku mangerti yèn kowé bakal tumindak ngluwihi panjalukku. 22 Kajaba saka iku, aku uga cawisana pamondhokan, marga saka pandongamu, aku duwé pangarep-arep yèn aku bakal bisa bali manèh. 23 Salam marang kowé saka Épafras, kancaku sapakunjaran marga saka Kristus Yésus, 24 lan saka Markus, Aristarkhus, Démas lan Lukas padha kancaku sapagawéan. 25 Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus nunggila ing rohmu!
1 Sawusé ing jaman biyèn Allah ngandika marang para leluhur kita nganti marambah-rambah sarta kalawan patrap mawarna-warna lantaran para nabi, 2 ing jaman pungkasan iki Panjenengané wis ngandika marang kita lantaran Kang Putra, kang wis katetepaké dadi ahli-warisé samubarang kabèh; lan iya lantaran Panjenengané, Allah wis nitahaké jagat raya. 3 Panjenengané dadi cahya kamulyané Allah sarta gambar kawontenaning Allah ing sanyatané lan nyanggi samubarang kabèh sarana sabdané kang kebak pangwaos. Sawisé rampung anggoné mbirat dosa, Panjenengané lenggah ing satengené Kang Mahaagung ana ing ngaluhur; 4 ngungkuli sakèhé malaékat, padha kaya pinunjuling asmané kang wis kaparingaké marang Panjenengané kang luwih unggul katimbang asmané para malaékat mau. 5 Awit sapa ta panunggalané para malaékat kang tau dingandikani mangkéné, "Sira iku Putraningsun! Sira wis sunputrakaké ing dina iki?" sarta "Ingsun bakal dadi Ramané, lan Panjenengané bakal dadi Putraningsun?" 6 Apamanèh nalika Panjenengané maringaké Ingkang Putra Pambajeng marang jagat, Panjenengané ngandika, "Sakèhé malaékating Allah kudu nyembah Panjenengané." 7 Tumrap para malaékat Panjenengané ngandika, "Kang ndadèkaké para malaékaté dadi prahara sarta para abdiné dadi geni kang ngalad-alad." 8 Nanging tumrap Kang Putra, "Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun, lantaran kaprabon Paduka punika lantaraning kayektosan." 9 "Paduka punika tresna dhateng kaadilan saha sengit dhateng duraka, pramila, dhuh Allah, Allah Paduka sampun njebadi Paduka mawi lisahing kabingahan, nglangkungi para mitra Paduka." 10 Lan manèh, "Dhuh Gusti, wiwitanipun Paduka ingkang nalesi bumi, saha langit punika yasanipun asta Paduka. 11 Sadaya punika badhé sirna, nanging Paduka tetep langgeng sarta sadaya punika badhé sami lungset kados panganggé; 12 saha badhé Paduka gulung kados jubah, saha sami badhé kasantunan kados panganggé, nanging Paduka punika lestantun sami, sarta taun-taun Paduka badhé tanpa wates." 13 Sapa panunggalané para malaékat kang naté dingandikani mangkéné, "Lungguha ana ing tengeningsun, nganti mungsuh-mungsuhira padha sundadèkaké ancik-anciking tlapakanira?" 14 Kabèh iku mau apa ora padha dadi roh kang ngladèni, kang kautus leladi marang wong-wong kang bakal marisi karahayon?
1 Mulané kita kudu luwih teliti anggon kita nggatèkaké apa kang wis kita rungu, supaya kita ora kéntir ilining banyu. 2 Sabab menawa pangandika kang kadhawuhaké lantaran para malaékat iku tetep tumindak, sarta sarupané panerak lan pambangkang iku tampa piwales kang murwat, 3 kepriyé anggon kita bakal oncat, menawa kita nglirwakaké karahayon kang samono gedhéné, kang wiwitané kaundhangaké déning Gusti sarta kaantepaké marang kita déning kang padha ngrungokaké? 4 Déné Allah ngekahaké paseksiné kanthi tandha-tandha lan mukjijat-mukjijat sarta pangwaos warna-warna apadéné peparing Roh Suci, kang diparingaké manut sakarsané. 5 Jalaran Panjenengané ora nelukaké jagating jaman tembé, kang lagi kita rembug iki, marang para malaékat. 6 Ana wong kang nglairaké paseksi, mangkéné, "Manungsa punika punapa ta, déné ngantos Paduka èngeti, utawi anaking manungsa, déné ngantos Paduka gatosaken? 7 Kanggé sawatawis wekdal sampun Paduka dadosaken langkung asor sakedhik tinimbang kaliyan para malaékat, saha sampun Paduka makuthani kaluhuran tuwin kaurmatan, 8 samukawis sampun Paduka telukaken ing sangandhaping tlapakanipun." Amarga sajroning nelukaké samubarang marang Panjenengané, ora ana siji baé kang kliwatan, kang ora teluk marang Panjenengané. Éwadéné ing samengko kita padha durung weruh samubarang kabèh wis ditelukaké marang Panjenengané. 9 Nanging, kang padha kita sumurupi yaiku Yésus kang sawatara mangsa didadèkaké luwih asor sathithik tinimbang karo para malaékat, kang jalaran nglampahi sangsara séda, banjur kaparingan makutha kamulyan lan kaurmatan, supaya marga saka sih-rahmaté Allah, Panjenengané nglampahi séda iku kanggo manungsa kabèh. 10 Jalaran pancèn wis sapantesé Allah -- kang kagem Panjenengané sarta déning Panjenengané samubarang kabèh iku dititahaké, yaiku Allah kang nuntun wong akèh marang kamulyan, uga nyampurnakaké Pangarep kang ngirid wong-wong iku marang karahayon, sarana nandhang sangsara. 11 Jalaran Panjenengané kang nucèkaké, sarta para kang padha kasucèkaké iku asalé saka Siji; mulané Panjenengané iya ora lingsem nyebut sadulur marang wong-wong iku, 12 Pangandikané, "Kawula badhé martosaken asma Paduka dhateng para sadhèrèk Kawula, saha Kawula badhé ngidungaken pangalembana dhumateng Paduka wonten ing satengahing pasamuwan." 13 Sarta manèh, "Aku bakal pracaya marang Panjenengané," lan manèh, "Satemené, lah iki Aku sarta para putra kang wis diparingaké déning Allah marang Aku." 14 Kang iku sarèhné para putra iku iya para anaking getih lan daging, mulané Panjenengané banjur dadi padha karo para putra mau lan kadunungan kaanan mangkono, supaya marga saka sédané, Panjenengané nyirnakaké Iblis kang ngwasani pati; 15 kanthi patrap mangkono, Panjenengané ngluwari wong-wong, kang sajegé urip padha kawengku ing pangawulan marga saka wediné marang pati. 16 Awit satemené dudu para malaékat kang dipenggalihaké déning Panjenengané, nanging trahé Abraham kang dipenggalihaké. 17 Mulané, ing bab apa baé Panjenengané kudu dipadhakaké karo para sadhèrèké, supaya jumeneng Imam Agung kang welasan sarta setya marang Allah, minangka panebus tumrap dosa-dosané umat. 18 Awit, sarèhné Panjenengané piyambak wis nandhang sangsara marga saka kagodha, dadi Panjenengané saged mitulungi wong kang padha kena ing panggodha.
1 Mulané, para Sadulur kang suci, kang padha olèh pandumaning timbalan kaswargan, padha nggatèkna marang Yésus, Rasul sarta Imam Agung kang kita akoni, 2 kang setya marang Panjenengané kang wis njumenengaké, kayadéné Musa uga setya ing padalemané Allah kabèh. 3 Jalaran Panjenengané sembada kaparingan kamulyan kang ngluwihi Musa, padha kayadéné kang gawé omah luwih kajèn katimbang omah yeyasané. 4 Amarga saben omah digawé déning ahliné gawé omah; nanging ahli kang yasa samubarang kabèh iku Allah. 5 Musa pancèn tumemen anggoné dadi pelados ana ing padalemané Allah sakwewengkoné kabèh, dadi pelados, supaya paring paseksi mungguh apa kang ing tembé bakal dingandikakaké, 6 nanging Kristus kang jumeneng Putra iku mengku tanggel jawab kanthi setya tumrap padalemané; sarta padalemané iku kita, angger kita padha kukuh ing pracaya sarta ing pangarep-arep kang kita gung-gungaké nganti tumeka ing wekasan. 7 Jalaran saka iku, kaya kang kapangandikakaké déning Roh Suci, "Ing dina iki, menawa sira padha krungu swantené, 8 aja padha mangkotaké atinira, kaya nalika padha mbaléla, ing jaman panyoba ana ing pasamunan, 9 ing kono para leluhurira padha nyoba marang Ingsun, sarana ndadar Ingsun, sanadyan padha weruh pakaryan-pakaryaningsun, lawasé patang puluh taun. 10 Iya iku sababé Ingsun duka marang wong-wong iku sarta ngandika: Wong-wong iku tansah nasar atiné, sarta padha ora nyumurupi marginingsun, 11 temahan Ingsun supaos sajroning dukaningsun: Wong-wong iku ora bakal padha mlebu ing papan paleremaningsun." 12 Para Sadulur, padha diwaspada, supaya ing antaramu aja ana kang kadunungan ati ala sarta ora pracaya satemah murtad saka Allah kang gesang. 13 Nanging padha éling-ingélingna ing sadina-dina sajroné isih bisa diarani "dina iki", supaya panunggalanmu aja ana kang dadi wangkot atiné, marga saka pamblithuking dosa. 14 Jalaran kita wis padha olèh panduman ana ing Kristus, angger kita padha ngukuhi ing keyakinaning pracaya kita kang wiwitan, nganti tumeka ing wekasan. 15 Nalika kapangandikakaké, "Ing dina iki, menawa sira krungu swantené, aja padha mangkotaké atinira, kaya nalika padha mbaléla." 16 Sapa ta kang memungu dukaning Allah, sanadyan padha krungu swantené? Apa iku dudu wong-wong kang padha metu saka Mesir kairid déning Musa? 17 Sarta sapa kang dibendoni déning Panjenengané lawasé patang puluh taun? Apa dudu wong-wong kang padha nglakoni dosa sarta kang jisimé padha pating glimpang ana ing pasamunan? 18 Sapa kang wis disupaosi yèn bakal ora padha lumebu ing papan paleremané? Apa dudu wong-wong kang padha ora mbangun-turut iku? 19 Dadiné kita padha sumurup, menawa wong-wong iku padha ora bisa lumebu amarga padha ora pracaya.
1 Marga saka iku, payo padha diwaspada, supaya aja nganti ana wong ing antaramu kang kaanggep kèri, sanadyan prasetya bab lumebu ing paleremaning Panjenengané isih tumindak. 2 Amarga kita uga padha kawartanan kabar kabungahan, padha kaya wong-wong iku, nanging pangandika kang kawartakaké iku tanpa guna tumrap wong-wong mau, jalaran ora tinunggilaké ing pracaya karo wong-wong kang padha ngrungokaké. 3 Awit, kita kang padha pracaya, bakal lumebu ing papan palereman, kaya kang kapangandikakaké déning Panjenengané, "Temahan Ingsun supaos sajroning dukaningsun: Wong-wong iku mesthi padha ora bakal lumebu ing papan paleremaningsun." Sanadyan pakaryané wis rampung wiwit jagat tinalesan. 4 Amarga bab dina kapitu iku wis tau ana pangandika mangkéné, "Lan ing dina kapitu Allah kèndel saka pakaryané kabèh." 5 Ing pangandika iku, kita maca, "Wong-wong iku bakal ora lumebu ing papan paleremaningsun." 6 Dadi, wus cetha menawa ana sawatara wong kang bakal lumebu ing papan palereman iku, déné wong-wong kang wis luwih dhisik diwartani kabar kabungahan iku ora lumebu, amarga ora padha mbangun-turut. 7 Mulané, Panjenengané nemtokaké dina manèh, yaiku "dina iki", nalika Panjenengané ngandika lantaran Daud suwé sawisé iku, kaya kang wis kasebut ing ngarep mau, "Ing dina iki, menawa sira padha krungu swantené, aja padha mangkotaké atinira!" 8 Jalaran, saupama Yosua wis nglebokaké wong-wong iku ing papan palereman, mesthi sawisé mangkono Allah ora bakal ngandikakaké dina liyané manèh. 9 Dadi isih ana dina palereman, dina kapitu kanggo umaté Allah. 10 Awit sapa kang wis lumebu ing papan paleremané Allah, wong iku dhéwé wis lèrèn saka sakèhing pagawéané, padha kaya Allah anggoné kèndel saka pakaryané. 11 Mulané luwih becik kita mbudi-daya lumebu ing palereman iku, supaya aja nganti ana kang tiba amarga nuladha marang pambaléla kang kaya mangkono. 12 Sabab pangandikané Allah iku gesang lan kiyat sarta luwih landhep tinimbang sakèhing pedhang kang landhep kiwa-tengen. Nunjem jero nganti misahaké nyawa lan roh, ros-rosan lan sungsum; bisa ngadili pikiran sarta pangangen-angening ati kita. 13 Ora ana titah siji baé kang sinamar ana ing ngarsané, jalaran samubarang kabèh katon ngeblak lan binuka ana ing ngarsaning paningalé, kang mundhut supaya kita padha ngaturaké tanggung jawab kita. 14 Sarèhné kita padha duwé Imam Agung Pinunjul, kang wus sumengka nratas sakèhing langit, yaiku Yésus, Putraning Allah, mulané kita padha ngantepana sahadat kita. 15 Awit Imam Agung kita iku dudu imam agung kang ora bisa ngrasakaké sakèhing kaapesan kita. Nanging malah kang padha karo kita, Panjenengané wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa. 16 Kang iku payo padha sowan kalawan tatag marang dhamparing sih-rahmat, supaya kita olèh palimirma sarta nemu sih-rahmat kang njalari kita kapitulungan ing waktuné.
1 Awitdéné saben imam agung, kang kapiji saka ing antarané manungsa, iku katetepaké kanggo manungsa minangka pantaraning manungsa karo Allah, supaya nyaosaké pisungsung sarta kurban karana dosa. 2 Panjenengané kudu saged tumut ngraosaké kaanané para wong kang ora ngerti lan kang kesasar, amarga panjenengané piyambak uga kebak ing kaapesan, 3 kang ngudokaké saos kurban panebusing dosa, ora mung kanggo para umat, nanging uga kagem panjenengané piyambak. 4 Sarta ora ana wong kang nggunakaké kaurmatan iku kanggo awaké dhéwé, nanging katimbalan déning Allah kaya kang wis kelakon tumrap Harun. 5 Mangkono uga Kristus ora mulyakaké sarirané piyambak sarana jumeneng Imam Agung, nanging kamulyakaké déning Panjenengané kang ngandikani, "Sira iku Putraningsun! Sira wis Sunputrakaké ing dina iki," 6 iya kaya pangandikané Allah ing ayat liyané manèh, "Sira iku dadi Imam kanggo salawas-lawasé, manut pranatané Mèlkisèdèk." 7 Nalika sugengé cara manungsa, Panjenengané wis ngaturaké pandonga sarta panyuwun kanthi pasambat lan muwun marang Sang Rama, kang kwaos milujengaké saka pati, sarta marga saka kamursidané Panjenengané wis dipiyarsakaké. 8 Sanadyan Panjenengané iku Putra, éwasamono wis sinau mbangun-turut sarana anggoné nandhang sangsara, 9 lan sawisé Panjenengané kasampurnakaké, banjur dadi sumbering karahayon kang langgeng tumrap sakèhing wong kang mituhu marang Panjenengané, 10 sarta Panjenengané katimbalan dadi Imam Agung déning Allah, manut pranatané Mèlkisèdèk. 11 Mungguh prakara iku akèh kang kudu padha dakkandhakaké, ananging angèl diterangaké, marga kowé wis padha lamban menawa ngrungokaké. 12 Sabab sanadyan kowé kuduné wis padha dadi guru, yèn kapirid saka ing waktu, éwadéné kowé isih prelu diwulang manèh bab dhasar-dhasaring pangandikané Allah sarta kowé isih mbutuhaké banyu susu, dudu pangan kang akas. 13 Amarga saben wong kang isih butuh banyu susu, iku durung ngerti piwulang bab kang bener, sabab isih dadi bayi suson. 14 Nanging pangan kang akas iku kanggo para wong diwasa, kang duwé pangerti kang wus digladhi kanggo mbédakaké kang becik lan kang ala.
1 Marga saka iku, payo padha ninggal dhasar-dhasar wiwitaning piwulang bab Kristus sarta padha ngalih marang piwulang kang sampurna. Kita aja nganti masang manèh tetalesing pamratobat saka panggawé-panggawé kang tanpa guna, sarta tetalesing pracaya marang Allah, 2 yaiku piwulang bab baptisan kang rupa-rupa, tumpangan tangan, tanginé para wong mati sarta paukuman langgeng. 3 Sarta iku kang bakal padha kita tindakaké, menawa dadi keparengé Allah. 4 Sabab mungguh wong-wong kang wis tau kapadhangan atiné, kang wis tau ngrasakaké peparing kaswargan sarta kang wis tau kapanduman Roh Suci, 5 lan kang wis ngrasakaké pangandikané Allah kang utama sarta daya pangwasaning jaman kang bakal kelakon, 6 nanging padha murtad manèh, iku ora bisa dianyaraké sapisan manéh nganti padha mratobat, amarga padha nyalib Putrané Allah manéh kanggo awaké dhéwé, sarta ngrèmèhaké Panjenengané ana ing sangarepé wong akèh. 7 Sabab bumi kang nyerot banyu udan kang kerep tumiba ing kono, banjur ngetokaké tanem-tuwuh kang maédahi kanggo kang nggarap iku, nampa berkah saka Allah; 8 nanging menawa bumi iku nuwuhaké eri bebondhotan lan rerungkudan, iku tanpa guna sarta wis cepak kena ing supata, kang wekasané kaobong. 9 Éwadéné, para Sadulur kang kinasih, sanadyan aku padha pitutur mangkono marang kowé, aku padha yakin menawa kowé padha duwé prakara kang luwih becik sarta isi karahayon. 10 Amarga Allah ora kurang adil, nganti Panjenengané kesupèn marang panggawé lan katresnanmu kang koktindakaké kagem asmané srana anggonmu padha ngladèni para suci, kaya kang tansah padha koklakoni. 11 Nanging kang padha dakarep-arep, supaya saben wong panunggalanmu padha nélakna katemenan kang kaya mangkono satemah bisa nggayuh katemtuaning pangarep-arepmu, nganti tumeka ing wekasan, 12 supaya kowé aja padha lamban, nanging padha nulad marang wong kang awit saka pracaya lan kasabarané padha olèh warisan kang kaprasetyakaké iku. 13 Awitdéné nalika Allah maringaké prasetyané marang Abraham, wis supaos demi Panjenengané piyambak, amarga ora ana kang ngungkuli Panjenengané, 14 pangandikané, "Satemené sira bakal sunberkahi nganti lubèr sarta sira bakal suntangkaraké dadi akèh banget." 15 Abraham ngentosi kalawan sabar sarta marga saka mangkono banjur nampi apa kang kaprasetyakaké marang panjenengané. 16 Mungguh manungsa iku anggoné sumpah demi kang luwih luhur sarta sumpah iku minangka pikukuhé kang mungkasi sakèhing padudon. 17 Marga saka iku, nalika Allah kagungan karsa nedahaké amrih saya ngyakinaké bab katemtuaning prasetyané marang wong-wong kang dadi ahli warisé, Panjenengané nanggel kanthi supaos, 18 supaya marga prakara loro kang ora owah-owah mau -- ing bab iku mokal menawa Allah iku cidra -- kita kang padha ngupaya pangayoman, padha olèh pambereg kang kuwat amrih ngantepi pangarep-arep kang kaprasetyakaké. 19 Déné pangarep-arep iku minangka jangkar kang kuwat lan santosa tumrap nyawa kita, kang wis ditibakaké tekan samburining geber, 20 kang wis dilebeti déning Yésus ngrumiyini kita, nalika Panjenengané jumeneng Imam Agung ing salawas-lawasé manut pranatané Mèlkisèdèk.
1 Awitdéné Mèlkisèdèk iku ratu Salèm sarta imamé Allah Kang Mahaluhur, kang methukaké sarta mberkahi Abraham, nalika Abraham kondur saka paprangan ngalahaké para raja. 2 Abraham uga nyaosaké saprasepuluhé samubarang marang panjenengané. Asma Mèlkisèdèk iku ateges ratuning kaadilan, sarta uga raja Salèm, yaiku rajaning tentrem-rahayu, 3 Panjenengané iku tanpa rama, tanpa ibu, tanpa sarasilah, ora ana dina wiyosé, sarta sugengé ora ana wekasané, lan sarèhné panjenengané kasamèkaké karo Putraning Allah, panjenengané lestari jumeneng imam ing salawasé. 4 Padha gatèkna, saiba luhuré panjenengané iku, déné Abraham leluhur kita, nganti nyaosi saprasepuluhé saka sakèhing jarahan kang becik dhéwé. 5 Manut angger-anggering Torèt, para turuné Lèwi kang padha tampa kalungguhan imam, iku kang diwajibaké nglumpukaké pisungsung prasepuluhan saka umat Israèl, yaiku para Saduluré, sanadyan wong-wong iku uga tedhaké Abraham. 6 Nanging Mèlkisèdèk, kang ora tunggal turun karo wong-wong iku, mundhut prasepuluhan saka Abraham sarta mberkahi panjenengané kang wis kagungan prasetya iku. 7 Pancèn wis ora kena dibantah, menawa kang luwih asor diberkahi déning kang luwih luhur. 8 Imam-imam kang padha nampa prasepuluhan iku wong-wong kang kena ing pati, déné Mèlkisèdèk kang uga nampa prasepuluhan iku sineksènan menawa Panjenengané iku tetep gesang. 9 Malah kena dikandhakaké, menawa alantaran Abraham, Lèwi kang wenang nampani prasepuluhan iku iya saos pisungsung prasepuluhan, 10 amarga Lèwi isih ana ing sariraning leluhuré nalika Mèlkisèdèk methukaké leluhuré mau. 11 Marga saka iku, saupama lantaran kaimamané Lèwi kasampurnan iku bisa digayuh -- jalaran marga kaimaman iku, umat Israèl wis nampa Torèt -- apa sababé déné isih ana imam agung liyané kang prelu katetepaké manut pranatané Mèlkisèdèk, kang ora kasebut manut pranatané Harun? 12 Sabab, menawa pranataning kaimaman iku ganti, wis samesthiné angger-anggering Torèt iya bakal ganti. 13 Sabab Panjenengané, kang dikarepaké ing kéné iki, kalebu taler liya, saka taler iki ora ana sing tau leladi ing misbyah. 14 Amarga wis disumurupi wong kabèh, menawa Gusti kita iku trah saka Yéhuda; déné tumrap taler iki Musa ora tau ngandikakaké apa-apa bab imam-imam. 15 Sarta bab iku saya tetéla manèh, menawa ana imam liyané kang katetepaké kaya Mèlkisèdèk, 16 kang jumeneng imam ora alandhesan pranataning manungsa, ananging alandhesan dayaning urip kang ora bisa lebur. 17 Sabab tumrap Panjenengané ana paseksi mangkéné: "Sira iku dadi Imam ing salawas-lawasé, manut pranatané Mèlkisèdèk." 18 Ing sasisih, pranatan kang katetepaké dhisik iku kabatalaké, menawa pranatan iku ora nduwèni kakuwatan lan marga saka iku tanpa guna, 19 -- sabab angger-anggering Torèt iku babar pisan ora ngolèhaké kasampurnan -- nanging ing sisih liyané, pangarep-arep kang luwih prayoga katuwuhaké, kang nyedhakaké kita marang Allah. 20 Lan bab iki anggoné dumadi ora tanpa sumpah. Wong-wong liyané iku anggoné dadi imam pancèn tanpa sumpah, 21 nanging Panjenengané iki nganggo supaos, amarga Allah kang ngandika marang Panjenengané, "Gusti wis supaos sarta Panjenengané ora bakal keduwung: Sira iku Imam ing salawas-lawasé" -- 22 Marga saka iku Yésus wis dadi tanggelaning prajanjian kang luwih becik. 23 Kang padha dadi imam iku cacahé akèh, awit padha ora bisa lestari anggoné jumeneng, jalaran kepalang déning pati. 24 Nanging, sarèhning Panjenengané tetep jumeneng salawas-lawasé, kaimamané ora bisa lumèngsèr marang wong liya. 25 Mulané Panjenengané uga saged mitulungi rahayu kalawan sampurna marang sakèhing wong kang sowan ing ngarsané Allah lumantar Panjenengané. Jalaran Panjenengané gesang ing salawasé minangka Pantarané wong-wong mau. 26 Sabab iya Imam Agung kang kaya mangkono iku kang kita butuhaké, yaiku kang mursid, tanpa salah, tanpa blentong, kang kapisah saka para wong dosa sarta kasengkakaké ngungkuli tingkat-tingkatané swarga, 27 Panjenengané ora kaya para imam agung liyané, kang saben dinané kudu nyaosaké kurban tumrap dosané dhéwé lan sawisé iku lagi tumrap dosané umat. Sabab prakara iku wis katindakaké déning Panjenengané sapisan kanggo salawasé, nalika Panjenengané ngurbanaké sarirané piyambak. 28 Sabab angger-anggering Torèt iku netepaké para wong kang nandhang kaapesan dadi imam agung, nanging supaos, kang kalairaké sawusé angger-anggering Torét, njumenengaké Sang Putra, kang wis kadadosaké sampurna ing salawas-lawasé.
1 Wosé kabèh kang kita rembug iku mangkéné: kita padha duwé Imam Agung kang kaya mangkono, kang lenggah ing satengening dhamparé kang Mahaagung ing swarga, 2 sarta kang ngladosi pangibadah ing papan kang suci, yaiku ing sajroné kémah kang sejati, yasané Allah sarta dudu gawéané manungsa. 3 Jalaran saben imam agung kapatah nyaosaké kurban sarta pisungsung, mulané imam agung prelu kagungan kang kapisungsungaké. 4 Saupama Panjenengané ana ing bumi iki, Panjenengané babar pisan ora bakal jumeneng imam, amarga ing kéné wis ana kang padha nyaosaké pisungsung manut angger-anggering Torèt. 5 Anggoné padha leladi ana ing kémah iku minangka gambar lan wewayangané apa kang ana ing swarga, kaya kang kapangandikakaké marang Musa, nalika arep ngadani yasa kémah, "gatèkna," mangkono dhawuhé, "kabèh iku kudu sira gawé manut conto kang wis katedahaké marang sira ana ing ndhuwur gunung iku." 6 Nanging saiki Panjenengané wis tampa ayahan kang luwih agung, amarga Panjenengané jumeneng Pantaraning prajanjian kang luwih mulya, kang linandhesan prajanji kang uga luwih mulya. 7 Sabab menawa prajanjian kang kawitan iku tanpa cacad, kang kapindho ora bakal digolèkaké panggonan manèh. 8 Déné Panjenengané nglepataké wong-wong iku nalika ngandika, "Satemené, bakal tumeka ing waktuné," mangkono pangandikané Gusti, "Ingsun bakal mranata prajanjian anyar kalawan turuné Israèl sarta turuné Yéhuda, 9 ora kaya prajanjian kang wis sunpranata karo para leluhuré wong-wong iku, nalika Ingsun nganthi wong-wong iku sunirid metu saka tanah Mesir. Amarga wong-wong iku padha ora setya marang prajanjianingsun, sarta Ingsun nampik wong-wong iku," mangkono pangandikané Gusti. 10 "Iya iki prajanjian kang bakal sunpranata kalawan turuné Israèl sawisé waktu iku," mangkono pangandikané Gusti. "Ingsun bakal maringaké angger-anggeringsun ana ing budiné, sarta sunserat ing atiné, satemah Ingsun bakal jumeneng Allahé sarta wong-wong iku bakal dadi umatingsun. 11 Sarta wong-wong iku ora bakal padha mulang manèh marang pepadhané warga utawa marang pepadhané sadulur kanthi ngucap: Wanuha marang Gusti! Amarga kang cilik dalah kang gedhé, kabèh bakal padha wanuh marang Ingsun. 12 Awit Ingsun bakal paring sih-piwelas tumrap kaluputané sarta ora bakal ngèngeti marang dosa-dosané." 13 Nalika Panjenengané ngandika bab prajanjian anyar, iya mratélakaké menawa kang kawitan iku prajanjian kang wis dadi lawas. Sarta apa kang wis dadi lawas lan kadaluwarsa iku wis cepak sirnané.
1 Anadéné mungguh prajanjian kang wiwitan iku uga pancèn ana pranatan-pranatané bab pangibadah sarta bab pasucèn gawéané manungsa. 2 Jalaran ana kémah kang kapasang, yaiku pérangan kang ngarep dhéwé lan ing kono ana cagak padamaran sarta méja kanggo roti caosan. Pérangan iku kaaranan pasucèn. 3 Ing samburiné geber kang kapindho ana kémahé manèh siji kang diarani pasucèn pinunjul. 4 Ing kono ana misbyahé padupan emas sarta pethi prajanjian kang kalapis emas warata; ing njeroné ana guci emas isi manna sarta teken kagungané Harun kang wis tau semi sarta watu blèbèkan kang isi prajanjian, 5 lan ing sandhuwuré ana kerubé kamulyan loro kang ngaubi tutup pangruwatan. Nanging prakara iki ing samengko ora bisa kacaritakaké kanthi wijang. 6 Iya mangkono iku anggoné mranata papan kang suci iku. Dadiné para imam tansah lumebu ing pérangan kémah kang ngarep dhéwé prelu nindakaké pangibadahé, 7 nanging ing kémah kang kapindho iku mung dilebeti imam agung piyambak setaun sapisan, lan kudu ngasta getih kang kacaosaké marga saka sarirané piyambak sarta marga saka panerak-paneraking umaté kang ora kajarag. 8 Kalawan mangkono iku Roh Suci anggoné nélakaké menawa dalan menyang papan suci durung kawengakaké, salawasé kémah kang ngarep iku isih ana. 9 Iku minangka pasemon tumrap jaman saiki. Cundhuk karo iku ana kurban lan pisungsung kang kasaosaké, kang ora bisa ndadèkaké sampurna tumrap rumangsaning atiné wong-wong kang padha nyaosaké, 10 nanging mung magepokan karo bab pangan, ombèn-ombèn sarta cara sesuci rupa-rupa, yaiku pranatan-pranatan tata-lair kang mung tumindak nganti tumekané jaman samubarang kaanyaraké. 11 Ananging Kristus wis rawuh jumeneng Imam Agung tumrap prakara-prakara becik kang bakal kelakon; Panjenengané wis nglangkungi kémah kang luwih gedhé lan luwih sampurna, kang ora kayasa déning tangané manungsa, -- tegesé dudu panunggalané kang tumitah iki --, 12 sarta Panjenengané wis lumebet ing pasucèn sapisan kanggo salawas-lawasé, ora ngasta getihé wedhus lanang sarta getihé pedhèt, nanging ngasta rahé piyambak. Lan marga saka iku Panjenengané wis ngangsalaké tebusan kang langgeng. 13 Jalaran, menawa getihé wedhus lanang sarta getihé sapi lanang lan kepyuraning awuné pedhèt iku ndadèkaké suciné wong kang najis, satemah padha kasucèkaké tata-lair, 14 méndahané manèh rahé Kristus, kang marga déning Roh kang langgeng wis ngurbanaké sarirané piyambak konjuk ing Allah minangka pisungsung kang tanpa cacad, iku bakal nucèkaké rumangsaning ati kita saka panggawé kang tanpa guna, supaya kita bisa ngabekti marang Allah kang gesang. 15 Mulané Panjenengané jumeneng Pantawisé prajanjian anyar, supaya wong-wong kang wis katimbalan padha bisa tampa warisan langgeng kang kaprasetyakaké, amarga wis ana kang séda kanggo nebus panerak-panerak kang ditindakaké sajroning prajanjian kang kawitan. 16 Jalaran menawa ana layang wasiyat, ing kono iya kudu ana katrangan kang mratélakaké matiné kang gawé wasiyat iku. 17 Sabab layang wasiyat iku lagi sah, menawa kang gawé wasiyat iku wis tilar donya, sabab wasiyat iku ora kena katindakaké, sajroné kang gawé wasiyat mau isih urip. 18 Iya iku sababé, prajanjian kang kawitan ora dianggep sah menawa tanpa getih. 19 Sabab nalika Musa wis ndhawuhaké sakèhing pepakon miturut angger-anggering Torèt marang umat kabèh, banjur mendhet getihé pedhèt lan getihé wedhus lanang sarta banyu lan wulu abang sarta isop, banjur dikepyuraké piyambak ing kitab iku sarta marang umat kabèh, 20 kalawan ngandika, "Iki getihing prajanjian kang katetepaké déning Allah tumrap kowé." 21 Mangkono uga kémahé lan sakèhé piranti kang kanggo ing pangibadah iya padha dikepyuri getih. 22 Sarta mèh samubarang kabèh karesikaké sarana getih manut angger-anggering Torèt, sarta ora ana pangapura menawa tanpa wutahing getih. 23 Dadiné, samubarang kang dadi lambangé kabèh kang ana ing swarga iku kudu kasucèkaké kalawan patrap mangkono, nanging barang-barang kaswargan dhéwé kasucèkaké sarana kurban-kurban kang luwih becik katimbang iku. 24 Sabab Kristus ora lumebet ing pasucèn gawéaning tangané manungsa kang mung dadi gegambarané kang sejati, nanging lumebet ing swarga piyambak prelu sowan ing ngarsané Allah kanggo kapreluwan kita. 25 Panjenengané ora prelu bola-bali lumebet ngurbanaké sarirané piyambak, kayadéné imam agung kang saben taun lumebet ing pasucèn ngasta getih kang dudu rahé piyambak. 26 Jalaran menawa mangkono, Panjenengané kudu bola-bali anggoné nandhang sangsara wiwit jagat iki dititahaké. Nanging saiki Panjenengané mung sapisan anggoné ngetingalaké sarirané, yaiku ing jaman wekasan kanggo mbirat dosa sarana ngurbanaké sarirané piyambak. 27 Kayadéné manungsa anggoné katetepaké mati mung sapisan baé, lan sawisé iku diadili, 28 mangkono uga Kristus iya mung sapisan baé anggoné ngurbanaké sarirané kanggo nanggel dosané wong akèh. Sawisé iku, Panjenengané bakal ngatingalaké sarirané kang kaping pindhoné ora kanggo nanggel dosa, nanging kanggo maringaké karahayon marang wong kang padha nganti-anti Panjenengané.
1 Ing sajroning angger-anggeré Torèt iku mung tinemu wewayangané prakara-prakara becik kang bakal kelakon, dudu wujudé prakara-prakara iku dhéwé. Marga saka iku, sarana kurban kang padha, kang saben taun tansah dikurbanaké, angger-anggering Torèt ora bakal gawé sampurnané wong kang padha nindakaké pangibadah. 2 Jalaran saupama bisa kelakon mangkono, wong-wong rak ora padha nyaosaké kurban manèh? Sabab wong kang padha nindakaké pangibadah iku ora ngrumangsani dosa manèh, awit wis padha kasucèkaké sapisan kanggo salawas-lawasé. 3 Ananging iya marga saka kurban-kurban iku saben taun wong-wong padha diélingaké bab anané dosa. 4 Sabab mokal menawa getihé sapi lanang utawa getihé wedhus lanang bisa mbirat dosa. 5 Mulané nalika Panjenengané rawuh ing jagat, Panjenengané matur, "Kurban saha pisungsung mboten Paduka karsakaken -- nanging Paduka sampun nyawisaken sarira kanggé kawula --. 6 Kurban obaran saha kurban pambirating dosa mboten ndadosaken kepareng Paduka. 7 Kawula lajeng munjuk: Lah punika kawula sowan; ing salebeting kitab gulungan wonten seratanipun bab kawula supados nglampahi karsa Paduka, dhuh Allah kawula." 8 Sakawit Panjenengané matur, "Kurban saha pisungsung, kurban obaran saha kurban pambirating dosa sami mboten Paduka karsakaken sarta mboten ndadosaken kepareng Paduka" -- sanadyan kapisungsungaké manut angger-anggering Torèt --. 9 Nuli pangandikané, "Lah punika kawula sowan, badhé nglampahi karsa Paduka." Kang kapisan kasuwak déning Panjenengané, supaya kang kapindho bisa kelakon. 10 Amarga saka karsané iki, kita wis disucèkaké sapisan kanggo salawas-lawasé sarana pisungsung awujud sarirané Yésus Kristus. 11 Sabanjuré saben imam ing sadina-dinané nindakaké ayahané sarta bola-bali nyaosaké kurban kang padha, kang babar pisan ora bisa mbirat dosa. 12 Nanging, sawisé nyaosaké kurban kang mung siji baé karana dosa, Panjenengané banjur lenggah ana ing tengené Allah kanggo salawas-lawasé, 13 sarta ing samengko Panjenengané mung ngantos-antos tekan waktuné anggoné mungsuh-mungsuhé kadadèkaké ancik-anciking sampéyané; 14 sabab sarana kurban siji baé Panjenengané wis damel sampurna kanggo salawas-lawasé tumrap para wong kang padha kasucèkaké. 15 Lan Roh Suci uga maringi paseksi marang kita, 16 sabab sawisé Panjenengané ngandika, "Iki prajanjian kang bakal sunanakaké karo wong-wong iku, sawisé dina-dina iku," Panjenengané banjur ngandika manèh: "Ingsun bakal maringaké angger-anggeringsun ana ing atiné, sarta sunserat ana ing budiné, 17 sarta Ingsun ora ngènget-ènget manèh marang sakèhing dosa lan paneraké." 18 Dadi menawa iku kabèh wis kaapura, ora prelu ana kurban manèh kang kasaosaké marga saka dosa. 19 Kang iku para Sadulur, sarana rahé Yésus, ing samengko kita bisa lumebu ing pasucèn kanthi kendel lan mantep, 20 amarga Panjenengané wis mbikak dalan kang anyar sarta kang urip kanggo kita metu ing geber, yaiku sarirané piyambak, 21 lan kita duwé imam kang luhur tumrap padalemané Allah. 22 Mulané, payo kita padha sowan ing ngarsané Allah kanthi ati kang tulus lan éklas sarta kalawan iman kang teguh, amarga ati kita wis karesikaké saka rumangsaning ati kang ala lan badan kita wis dikumbah nganggo banyu kang resik. 23 Payo padha dikukuh anggon kita ngandhemi pangarep-arep kang wis dadi paugeman kita, jalaran Panjenengané, kang mrasetyakaké iku setya-tuhu. 24 Sarta payo padha nggatèkaké siji lan sijiné, supaya kita padha atag-ingatag ing katresnan lan ing panggawé kang utama. 25 Kita aja padha ngedohi pakumpulan-pakumpulan pangibadah kita, kaya pakulinané sawenèhing wong, ananging payo padha éling-ingélingaké, luwih manèh anggon kita ngerti menawa dina rawuhé Gusti wis saya cedhak. 26 Sabab menawa kita njarag gawé dosa sawisé padha nampa kawruh bab kayektèn, mesthi ora ana kurban manèh kanggo mbirat dosa iku. 27 Ananging, anané mung nunggu tekané pangadilan kang nggegirisi sarta geni kang ngalad-alad kang bakal ngobong sakèhé wong kang mbaléla. 28 Menawa ana wong nampik angger-anggeré Musa, iku kaukum pati tanpa palimirma kanthi paseksiné wong loro utawa telu. 29 Méndah saya aboté paukuman kang kudu kasangga déning wong kang nyawiyah Putraning Allah, sarta kang nganggep najis marang rahing prajanjian kang nucèkaké wong mau, tuwin nyenyamah marang Rohing sih-rahmat! 30 Jalaran kita sumurup marang Panjenengané kang ngandika, "Piwales iku wewenangingsun. Ingsun kang bakal nindakaké piwales." Sarta manèh, "Pangéran bakal ngadili umaté." 31 Nggegirisi banget, menawa tumiba ing astané Allah kang gesang. 32 Padha élinga marang mangsa kang wis kapungkur. Sawisé kowé tampa pepadhang, kowé padha tahan nglakoni perang kang abot sarta nandhang sangsara, 33 dadia nalika kowé padha kagawé tontonan kanthi diwewada sarta dianiaya, samono uga nalika kowé' padha mèlu ngrasakaké panandhangé wong-wong kang padha digawé kaya mangkono mau. 34 Kowé pancèn padha ngrasakaké panandhangé wong-wong ukuman sarta nalika barang darbèkmu dijarah, kowé nampa iku kanthi bungah, amarga kowé padha sumurup, menawa kowé nduwèni bandha kang luwih aji sarta langgeng. 35 Kang iku kowé aja padha ninggal keyakinanmu, amarga gedhé ganjaran kang wis kacawisaké. 36 Sabab kowé padha mbutuhaké sabar-mantep, supaya sawisé kowé nglakoni karsané Allah, padha nampa apa kang wis kaprasetyakaké iku. 37 "Amarga kari sadhéla manèh, malah mung kurang sadhéla banget, Panjenengané kang bakal rawuh, bakal tedhak, lan ora nyumenèkaké rawuhé. 38 Nanging wong kagunganingsun kang bener iku uripé marga saka pracaya. Déné menawa mundur saka pracayané, Ingsun bakal ngemohi wong iku." 39 Balik kita iki dudu panunggalané wong-wong kang mundur saka pracayané sarta nemahi karusakan, nanging wong-wong kang padha pracaya lan kang kaparingan urip.
1 Pracaya iku dhasaring samubarang kang kaarep-arep sarta buktining samubarang kang ora katon. 2 Awit iya marga saka pracaya iku wis kaparingaké paseksi menawa Allah karenan marang para leluhur kita. 3 Marga saka pracaya kita ngerti, menawa alam jembar iku wis katitahaké déning sabdaning Allah, satemah samubarang kang katon iku dumadiné saka kang ora katon. 4 Marga saka pracaya Habél wis nyaosaké kurban marang Allah kang luwih becik katimbang kurbané Kain. Marga saka iku banjur kaseksènan menawa Habél iku wong bener, amarga pisungsungé ndadèkaké keparengé Allah sarta marga saka pracaya isih bisa guneman sawusé mati. 5 Marga saka pracaya Hénokh kapulung, supaya ora ngalami mati, sarta ora ana wong kang bisa nemokaké, jalaran wis kapulung déning Allah. Awit sadurungé kapulung, wis kaseksènan menawa ndadèkaké keparengé Allah. 6 Nanging menawa tanpa pracaya mokal yèn ndadèkaké keparengé Allah. Jalaran sapa kang sowan marang Allah, iku kudu pracaya menawa Allah iku ana, sarta maringi ganjaran marang wong-wong kang padha temen-temen ngupaya Panjenengané. 7 Marga saka pracaya, Nuh -- sawisé kaparingan pepènget déning Allah bab kang durung disumurupi - ngèstokaké dhawuh yasa prau kanggo nylametaké kulawargané; lan marga saka pracaya iku panjenengané ngadili jagat sarta dadi ahli-warising kayektèn, laras karo pracayané. 8 Marga saka pracaya Abraham mbangun-turut, nalika katimbalan supaya bidhal menyang panggonan kang bakal ditampèni dadi pusakané, banjur bidhal mangka ora pirsa papan kang katuju. 9 Marga saka pracaya, panjenengané manggèn ing tanah kang kaprasetyakaké iku dadi wong ngamanca sarta ana ing kono panjenengané dedalem ana ing kémah karo Ishak lan Yakub, kang padha nunggil dadi ahli warisé prasetya. 10 Jalaran panjenengané ngantos-antos kutha kang dhasaré karancang sarta kayasa déning Allah. 11 Marga saka pracaya, sanadyan Sara iku gabug, Abraham kagungan putra-wayah, mangka yuswané wis lungsé, amarga ngugemi menawa Panjenengané kang paring prasetya iku setya-tuhu. 12 Iya iku jalarané, saka wong siji, kang prasasat wis mati, sumebar tedhak turuné, kaya lintang ing langit sarta kaya wedhi ing pinggir sagara kang tanpa wilangan cacahé. 13 Iku mau kabèh sédané sajroning pracaya, durung nganti nampani apa kang kaprasetyakaké, nanging mung mirsani sarta ngawé-awé saka kadohan, lan padha ngakeni menawa dadi wong manca sarta wong neneka ana ing bumi iki. 14 Jalaran wong kang ngucap mangkono iku nélakaké, menawa padha kepéngin ngupaya tanah wutah-rah. 15 Saupama padha ngèngeti tanah asal kang wis ditilar, padha kagungan waktu kang ombèr kanggo kondur mrana. 16 Nanging saiki padha ngangen-angen tanah wutah-rah kang luwih becik, yaiku tanah wutah-rah kaswargan. Mulané Allah ora lingsem sinebut Allahé, amarga Panjenengané wis nyawisi kutha kanggo wong-wong iku. 17 Marga saka pracaya Abraham nalika kacoba, ngurbanaké Ishak. Panjenengané kang wis nampi prasetya iku, kanthi éklas ngurbanaké putrané ontang-anting, 18 sanadyan marang panjenengané wis dingandikani, "Trah kang saka Ishak iku kang bakal kasebut turunira." 19 Jalaran panjenengané manggalih, menawa Allah kwaos nangèkaké wong, sanadyan saka antarané wong mati, sarta saka ing kono anggoné prasasat nampèni wangsul putrané. 20 Marga saka pracaya, Ishak anggoné mberkahi marang Yakub lan Esau kanthi mirsani kang bakal kelakon ing tembé. 21 Marga saka pracaya, Yakub nalika ndungkap sédané, mberkahi putrané Yusuf sakaroné, banjur nyembah karo séndéan bongkoting tekené. 22 Marga saka pracaya, Yusuf nalika ndungkap sédané, martosaké bab bakal budhalé Banisraèl sarta paring piweling bab layoné. 23 Marga saka pracaya, Musa sawusé miyos, diumpetaké déning rama-ibuné lawasé telung sasi, amarga padha pirsa menawa bayi iku bagus rupané sarta ora wedi marang préntahé raja. 24 Marga saka pracaya, Musa nalika wis diwasa ora karsa sinebut putraning putriné Firaun, 25 jalaran panjenengané milih nandhang sangsara bareng karo umaté Allah, katimbang ngraosaké kamuktèning dosa kang mung sawatara mangsa, 26 sarta nganggep, menawa karèmèhaké amarga Kristus iku bandha kang luwih aji katimbang karo sakèhing raja-branané Mesir, awit kang dianti-anti iku ganjaran. 27 Marga saka pracaya, panjenengané nilar Mesir, ora ajrih marang dukané raja; awit tansah madhep-mantep prasasat pirsa apa kang ora katon. 28 Marga saka pracaya, panjenengané mranata Paskah sarta pangepyuring getih, supaya juru-tumpes anak-anak pambarep, aja nganti nggepok umat. 29 Marga saka pracaya, wong-wong iku padha nyabrang Sagara Abang kaya ngliwati dharatan, mangka wong-wong Mesir padha klelep, nalika uga padha nyoba mangkono. 30 Marga saka pracaya, bètèngé Yérikho padha jugrug, sawusé diubengi pitung dina lawasé. 31 Marga saka pracaya, Rahab sundel iku, ora katut katumpes bareng karo wong-wong duraka, amarga wus nampani para telik-sandi iku kalawan becik. 32 Apa manèh kang kudu dakpratélakaké? Jalaran aku bakal kakurangan waktu, menawa aku arep nyaritakaké bab Gidéon, Barak, Simson, Yéfta, Daud lan Samuèl sarta para nabi, 33 kang marga saka pracaya wis nelukaké nagara-nagara, nindakaké apa kang bener, nampani apa kang wis kaprasetyakaké, mbungkem cangkemé singa-singa, 34 nyirep geni kang ngalad-alad. Wong-wong iku wis padha oncat saka landhepé pedhang, wis nampa kakuwatan sajroné kaapesan, wis padha dadi santosa sajroning paprangan sarta wis ngunduraké wadya-balané mungsuh. 35 Para wong wadon wis padha nampani manèh wong-wongé kang wis mati, jalaran padha ditangèkaké. Nanging wong-wong liyané padha pilih dipilara sarta ora gelem diluwari, supaya padha tampa patangèn kang luwih becik. 36 Ana manèh kang dipoyoki lan disiksa, lan ana uga kang dibanda sarta dikunjara. 37 Padha dibenturi watu, digraji, dipatèni kalawan pedhang; wong-wong iku padha nglembara kalawan manganggo walulang wedhus gèmbèl lan walulang wedhus jawa, padha nandhang kacingkrangan, kasangsaran sarta panganiaya. 38 Jagat iki ora pantes kanggo wong-wong iku, mulané padha ngumbara ana ing pasamunan sarta ing pagunungan, sajroning guwa-guwa sarta sela-selaning gunung. 39 Nanging wong-wong iku kabèh padha ora tampa apa kang kaprasetyakaké iku, sanadyan marga saka pracaya wis padha kaparingan paseksi kang becik. 40 Jalaran Allah wis nyawisi kang luwih becik tumrap kita; wong-wong iku ora bakal bisa nggayuh kasampurnan menawa ora bareng kita.
1 Sarèhné kita padha duwé seksi akèh, kayadéné méga kang ngupengi kita, mulané payo padha mbuwang sakèhing momotan sarta dosa kang tansah ngganggu-gawé kita, sarta kalawan sabar-mantep padha lumayu ing pabalapan kang kawajibaké tumrap kita. 2 Payo padha kita lakoni kanthi mandeng marang Yésus, kang ngasta kita ing sajroning pracaya sarta kang nuntun pracaya kita marang kasampurnan, kang ora ngétang kanisthan kalawan mantep manggul salib, sulihing kabungahan kang kacawisaké kagem Panjenengané kang samengko lenggah ana ing tengening dhamparé Allah. 3 Padha tansah élinga marang Panjenengané, kang mantep anggoné nahan pambantahé para wong dosa kang samono kerasé iku marang Panjenengané, supaya kowé aja nganti padha lesu sarta semplah. 4 Anggonmu perang nglawan dosa, iku durung nganti padha ngwutahaké getih. 5 Apa kowé wis padha lali marang pitutur kang kadhawuhaké marang kowé kaya marang para putra, "Hé anakku, aja nyepèlèkaké panggulawenthahé Gusti, sarta aja padha nglokro menawa kowé diélikaké; 6 amarga Gusti matrapi marang wong kang ditresnani, sarta nggitiki wong kang kaanggep putra." 7 Menawa kowé padha ngalami dipatrapi, Allah iya ngrengkuh kowé kaya marang putra. Endi ta ana anak kang ora tau dipatrapi déning bapakné? 8 Nanging menawa kowé ora tau dipatrapi, kang kudu kasandhang déning saben wong, dadiné kowé iku anak jadah lan dudu putra. 9 Sabanjuré, saka bapa kita kadonyan, kita wis padha kapatrapan, mangka iya padha kita éringi, menawa mangkono apa kita ora kudu padha luwih sumuyud marang Ramané sakèhing roh, supaya kita kepareng urip? 10 Bapa kita matrapi kita mung sawatara mangsa miturut apa baé kang kaanggep becik, nanging Panjenengané anggoné matrapi kita iku murih beciké, supaya kita kapanduman kasucèné. 11 Sarupaning patrapan iku samangsa lagi kaparingaké pancèn ora mbungahaké, nanging nyedhihaké. Déné saterusé banjur metokaké wohing kayektèn kang njalari tentrem marang wong-wong kang padha dikulinakaké ing bab iku. 12 Mulané, kencengna tangan kang lemes sarta dhengkul kang théklok; 13 sarta ratakna dalan kang kaambah sikilmu, supaya kang pincang aja nganti kesléo, nanging dadi waras. 14 Padha ngudia rukun karo wong kabèh, sarta ngaraha marang kasucèn; jalaran tanpa kasucèn, ora ana wong siji baé kang bakal ndeleng Gusti. 15 Padha diprayitna aja nganti ana wong kang ngoncati sih-rahmaté Allah, murih aja nganti ana oyod pait kang thukul sarta nuwuhaké rerusuh kang njemberi wong akèh. 16 Aja ana wong kang laku cabul utawa kang nduwèni napsu kang asor kaya Ésau, kang ngedol wewenangé pambarep diijolaké pangan sapiring. 17 Jalaran kowé padha sumurup, menawa sawisé mangkono, nalika arep nampani berkah, ditampik, sabab ora olèh wewengan kanggo ndandani kaluputané, sanadyan anggoné ngupaya iku kanthi mbrebes mili. 18 Amarga kowé ora padha marani apa kang bisa kagepok sarta geni kang ngalad-alad, tuwin marang pepeteng, palimengan lan prahara, 19 marang unining kalasangka apadéné unining swara, kang ndadèkaké para kang padha krungu nganti padha nyuwun, supaya aja nganti dingandikani manèh, 20 awit padha ora betah ngrungokaké dhawuh iki, "Dalah kéwan baé menawa ana kang nggepok gunung iku, kudu dibenturi watu." 21 Sanyata nggegirisi banget apa kang dipirsani iku, nganti Musa ngandika, "Aku giris banget lan gumeter." 22 Nanging kowé wis sowan menyang Gunung Sion, menyang kuthané Allah kang gesang, Yérusalèm kaswargan sarta marang golongané malaékat maèwu-èwu, kumpulan kang mbungahaké, 23 sarta marang pasamuwané para pambarep, kang jenengé wis padha katulis ana ing swarga, sarta marang Allah, kang ngadili sakèhing wong, sarta marang rohé para wong mursid kang wis kasampurnakaké, 24 sarta marang Yésus, Pantawisé prajanjian anyar, lan marang rah pangepyuran, kang swarané luwih cetha tinimbang karo getihé Habél. 25 Padha diprayitna, supaya aja nampik Panjenengané, kang medhar pangandika. Jalaran menawa wong-wong kang nampik Panjenengané kang wis paring dhawuh pepènget ana ing bumi iki, ora bisa oncat, apamanèh kita, menawa kita nyingkur Panjenengané, kang ngandika saka ing swarga. 26 Ing nalika iku swantené nggonjingaké bumi, nanging samengko Panjenengané paring prasetya, "Ingsun bakal ngoregaké sapisan engkas, ora mung bumi baé, malah langit uga." 27 Tembung, "sapisan engkas" iku nuduhaké owah-owahané samubarang kang bisa digonjingaké, yaiku apa kang katitahaké, supaya apa kang ora bisa gonjing, iku lestari. 28 Kang iku, sarèhné kita padha nampani kraton kang ora bisa gonjing, payo padha ngaturaké panuwun lan padha ngabekti marang Allah, miturut patrap kang ndadèkaké keparengé, kalawan urmat lan wedi-asih, 29 sabab Allah kita iku latu kang memangsa.
1 Katresnaning pasaduluran iku padha rumatana! 2 Kowé aja padha lali awèh pamondhokan marang wong, jalaran saka mangkono iku ana sawenèhing wong tanpa kasumurupan wis ngaturi pasugatan marang para malaékat. 3 Padha élinga marang para wong ukuman, jalaran kowé dhéwé uga wong ukuman. Sarta padha élinga marang wong kang padha dianiaya, amarga kowé dhéwé iya isih urip ana ing donya iki. 4 Kowé kabèh padha ngajènana marang nenikahan sarta aja padha njemberi paturon, sabab Allah bakal matrapi para sundel lan kang laku jina. 5 Kowé aja padha karem bandha sarta padha marema karo apa kang kokduwèni. Awit Allah wis ngandika, "Ingsun ora bakal négakaké sira lan sira ora pisan-pisan bakal suntilar." 6 Marga saka iku kanthi yakin kita bisa ngucap, "Gusti iku pitulunganku. Aku bakal ora wedi. Manungsa bisa manggawé apa marang aku?" 7 Padha élinga marang para pemimpinmu, kang wis nggelaraké pangandikané Allah marang kowé. Padha gatèkna wekasaning sugengé sarta padha nulada pracayané. 8 Yésus Kristus iku tetep, ora éwah-gingsir, iya wingi, dina iki sarta ing salawas-lawasé. 9 Kowé aja nganti padha kena disasaraké déning piwulang warna-warna liyané. Kang becik yaiku menawa atimu kasantosakaké déning sih-rahmat, sarta ora marga déning pranatan bab pangan kang ora maédahi marang wong kang nuruti iku. 10 Kita padha duwé misbyah, sarta wong-wong kang padha ngladèni kémah iku ora kena mangan apa kang saka ing misbyah kono. 11 Mungguh kéwan-kéwan kang getihé kagawa lumebu menyang pasucèn déning imam agung minangka kurban pambirating dosa, iku padha kaobong ing saknjabané kémah. 12 Iya iku sababé Yésus wis nandhang sangsara ana ing saknjabaning gapura kanggo nucèkaké umat kagungané sarana rahé piyambak. 13 Awit saka iku, payo padha sowan Panjenengané ana ing saknjabané kémah sarta nglabuhi kanisthané. 14 Amarga ana ing kéné kita padha ora duwé kutha kang tetep; kita padha ngupaya kutha ing jaman kang bakal kelakon. 15 Kang iku, lantaran Panjenengané, payo kita padha tansah saos kurban pamuji-sokur marang Allah, iya iku kang arupa tetembungan kang ngluhuraké asmané. 16 Sarta aja lali nindakaké kabecikan lan awèh pitulungan, jalaran iya kurban-kurban kang mangkono iku kang ndadèkaké keparengé Allah. 17 Padha mbangun-turuta sarta sumuyuda marang para pemimpinmu, awit iku kang padha rumeksa marang nyawamu, kaya wong kang padha kudu ngunjukaké tanggung-jawab, supaya anggoné padha nglakoni kalawan bungah, ora kalawan ngesah, awit iku ora bakal maédahi tumrap kowé. 18 Aku padha tansah dongakna, jalaran aku padha yakin, menawa duwé rumangsaning ati kang becik, amarga ing sakèhé prakara kita padha ngarah urip kang becik. 19 Mligi kanggo kowé aku pitutur, kowé padha nglakonana, supaya aku énggal diparengaké bali nunggal karo kowé. 20 Muga Allahing tentrem-rahayu, kang kanthi rahing prasetyan kang langgeng wis mungokaké saka ing antarané wong mati, Pangèn Agung tumrap para wedhus, yaiku Yésus, Gusti kita, 21 mirantènana kowé kalawan samubarang kabèh kang becik kanggo nindakaké karsané, sarta nindakaké ana ing urip kita apa kang ndadèkaké keparengé, lantaran Yésus Kristus. Panjenengané iku kang sayogya kamulyakaké nganti salawas-lawasé! Amin. 22 Aku pitutur marang kowé, para Sadulur, tembung-tembung pepéling iki padha tampanana kalawan éklasing ati, sanadyan layangku marang kowé iki mung cekak. 23 Wruhanamu, Timotius, sadulur kita, wis mangkat. Samangsa wis teka, aku arep énggal bebarengan niliki kowé kabèh. 24 Salamku tumekaa marang sakèhing pemimpinmu sarta marang para suci. Para Sadulur tunggal pracaya ing Italia ngirimaké salam marang kowé kabèh. 25 Sih-rahmat nunggila ing kowé kabèh.
1 Salam saka Yakobus, abdiné Allah sarta Gusti Yésus Kristus, marang taler rolas kang padha sumebar ana ing tanah manca. 2 Para Sadulurku, anggepen sawijining kabungahan, menawa kowé padha ketaman pacoban mawarna-warna, 3 jalaran kowé padha sumurup, menawa pandadar tumrap pracayamu iku nuwuhaké sabar-mantep. 4 Sarta sabar-mantep iku karebèn metokaké woh kang sembada, supaya kowé dadi sampurna lan mateng, sarta ora kekurangan sawiji apa. 5 Déné menawa panunggalanmu ana kang kekurangan kawicaksanan, iku nyuwuna marang Allah, kang maringi marang sakèhing wong kanthi loma lan éklas, temah bab iku bakal kaparingaké marang wong mau. 6 Mung baé panyuwuné iku kanthia pracaya sarta aja nganggo mangu-mangu, jalaran wong kang mangu-mangu iku padha karo ombaking sagara, kang diontang-antingaké angin mrana-mréné. 7 Wong kang mangkono iku aja duwé pangira, menawa bakal nampa apa-apa saka Gusti. 8 Jalaran wong kang atiné mangro ora bakal tentrem uripé. 9 Sadulur tunggal pracaya kang asor iku mongkoga samangsa kaluhuraké, 10 déne wong kang sugih iku mongkoga menawa kaasoraké, jalaran wong iku bakal sirna kaya kembanging suket. 11 Sabab sawisé srengéngé mlethèk kalawan panasé kang sumelèt, banjur ngalumaké suket iku, temahan gogrog kembangé, lan ilang kaéndahané. Mangkono uga mungguh wong sugih iya bakal sirna ing sajroné sakèhing pambudidayané. 12 Rahayu wong kang tanggon sajroné kena pacoban, jalaran menawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning urip, kang wis kaprasetyakaké déning Allah marang wong-wong kang padha tresna marang Panjenengané. 13 Menawa ana wong kang kena pacoban aja ngucap mangkéné, "Aku lagi dicoba déning Allah." Jalaran Allah ora kena cinoba déning piala, sarta Panjenengané ora nindakaké panyoba marang sapa baé. 14 Nanging saben wong dicoba déning pepénginané dhéwé, jalaran disèrèd sarta dipilut déning pepénginan iku. 15 Menawa pepénginan iku wis ngandhut, banjur nglairaké dosa, lan samangsa dosa iku wis katog, bakal nglairaké pati. 16 Para Sadulur kang daktresnani, aja padha kesasar! 17 Saben peparing kang becik sarta saben ganjaran kang sampurna iku asalé saka ing ngaluhur, katedhakaké saka Ramané sakèhing pepadhang; kagem Panjenengané ora ana owah-owahan utawa gambaran bakal molah-malih. 18 Marga saka karsané piyambak, Panjenengané wis nitahaké kita sarana pangandikaning kayektèn, supaya kita padha ana ing tataran kang pinasthi padha dadi putra pambarep ing antarané para titah kabèh. 19 Para Sadulur kang daktresnani, élinga marang bab iki: saben wong diénggal menawa ngrungokaké, nanging disarèh ing wicara, mangkono uga disarèh menawa nepsu; 20 jalaran nepsuné manungsa iku ora nindakaké apa kang bener ana ing ngarsané Allah. 21 Mulané padha buwangen samubarang kang reged sarta piala kang kliwat akèh lan tampanana kanthi sarèh pangandika kang katanem ing atimu, kang kwaos nylametaké nyawamu. 22 Nanging padha dadia wong kang nindakaké pangandika, aja mung ngrungokaké baé, jalaran menawa ora mangkono kowé ngapusi awakmu dhéwé. 23 Sabab menawa wong mung ngrungokaké baé, mangka ora dilakoni, iku umpamané kaya wong kang lagi maspadakaké rainé kang sanyatané ana ing pangilon. 24 Sawusé ndeleng rainé banjur lunga lan nuli lali kaya apa rupané mau. 25 Nanging sapa kang nliti angger-angger kang sampurna, yaiku angger-angger kang mardikakaké manungsa, sarta padha diantepi, dadi ora mung ngrungokaké banjur nglalèkaké, nanging nglakoni kanthi temen-temen, iku bakal rahayu marga saka panggawéné iku. 26 Saupama ana wong kang rumangsa ngibadah, mangka ora mekak ilaté, iku ngapusi awaké dhéwé, lan pangibadahé tanpa guna. 27 Pangibadah kang murni sarta tanpa cacad ana ing ngarsané Allah, Rama kita, yaiku mitulungi bocah lola sarta para randha sajroning kasusahané lan njaga supaya awaké dhéwé aja nganti dijemberaké déning donya.
1 Para Sadulurku, kowé kabèh iku wong kang pracaya marang Yésus Kristus, Gusti kita kang mulya, anggonmu ngetrapaké pracayamu aja nganggo mawang wong. 2 Jalaran saupama ana wong kang lumebu ing kumpulanmu nganggo ali-ali emas, nganggo sandhangan sarwa mompyor sarta uga ana wong miskin kang lumebu nganggo sarwa ala, 3 nuli kowé padha ngajèni marang wong kang manganggo mompyor mau, banjur matur mangkéné, "Panjenengan kula aturi lenggah ing papan ingkang saé punika!", mangka tumrap wong kang miskin kokkandhani mangkéné, "Sampéyan ngadeg ngriku mawon!" utawa, "Sampéyan linggih ngandhap ngriki celak ancik-anciking suku kula!", 4 apa kowé ora wis padha mbédak-mbédakaké sajroning atimu sarta tumindak dadi hakim kang ala pikirané? 5 Rungokna ta, para Sadulur kang daktresnani, Allah apa ora wis milih wong-wong kang dianggep miskin déning donya iki padha dadi sugih mungguhing pracaya sarta padha dadi ahli-warisé Kraton kang wis diprasetyakaké marang kang padha nresnani Panjenengané? 6 Nanging kowé iku wis padha ngrèmèhaké wong-wong miskin. Malah apa dudu wong-wong sugih kang padha nindhes sarta nyèrèd kowé marang pangadilan? 7 Apa dudu wong-wong iku kang padha nyenyamah Asma kang mulya, kang njalari kowé padha dadi kagungané Allah? 8 Menawa kowé netepi angger-angger kang utama kang katulis ing Kitab Suci, "Sira tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé," dadi kowé tumindak becik. 9 Nanging, menawa kowé padha mawang wong, kowé nglakoni dosa sarta marga saka angger-angger iku, banjur nyata yèn kowé nglakoni panerak. 10 Jalaran sing sapa ngangkah netepi sakèhing angger-angger iku, nanging nglirwakaké sapérangan baé, wong iku kaluputan marang sakabèhé. 11 Jalaran Panjenengané kang ngandika, "Sira aja laku bédhang," iku uga ngandika, "Sira aja mematèni." Dadi sanadyan kowé ora laku bédhang, nanging yèn kowé gawé pepati, iku kowé uga dadi wong kang nerak angger-angger. 12 Ngucapa sarta tumindaka kaya wong kang bakal diadili sarana angger-angger kang mardikakaké wong. 13 Sabab pangadilan kang tanpa welas bakal tumindak ing ngatasé wong kang ora nglakoni kawelasan. Mangka kawelasan iku bakal ngungguli pangadilan. 14 Para Sadulurku, apa gunané menawa ana wong ngaku nduwèni iman, mangka ora ana panggawéné? Apa imané bisa gawé slameté wong iku? 15 Saupama ana sadulur lanang utawa wadon kang ora duwé sandhangan lan kekurangan pangan sadina-dinané, 16 banjur ana panunggalanmu kang kandha mangkéné, "Mangkata, daksangoni slamet, nganggoa sandhangan kang anget sarta mangana sing wareg", nanging ora mènèhi wong iku apa kang dadi kabutuhaning ragané, iku apa gunané? 17 Mangkono uga tumraping iman: Menawa iman iku ora dikanthèni panggawé, iman iku sejatiné mati. 18 Nanging bisa uga ana kang ngucap mangkéné, "Kowé duwé iman, aku duwé panggawé." Aku bakal mangsuli, "Coba tuduhna imanmu kang tanpa panggawé iku marang aku lan aku bakal nuduhaké marang kowé imanku saka panggawé-panggawéku." 19 Kowé pracaya menawa mung ana Allah siji? Iku becik! Nanging sétan-sétan uga pracaya bab iku lan padha gumeter. 20 Hé, wong bodho, apa kowé saiki gelem ngakoni, menawa iman tanpa panggawé iku iman kang kothong? 21 Abraham, Rama leluhur kita, apa ora awit saka pandamel-pandamelé anggoné kaleresaké, nalika panjenengané ngurbanaké Ishak, kang putra, ana ing misbyah? 22 Kowé padha sumurup, menawa iman iku tumindaké bebarengan karo panggawé-panggawéné, sarta marga saka panggawé-panggawé iku iman dadi sampurna. 23 Sarana mangkono kayektènan pangandika kang surasané mangkéné, "Abraham pracaya marang Allah, mangka iya pracayané iku kang njalari Abraham kaanggep bener." Amarga saka iku Abraham kasebut, "Mitrané Allah." 24 Dadi kowé padha sumurup, menawa manungsa anggoné kabeneraké jalaran saka panggawé-panggawéné, ora mung saka imané baé. 25 Mangkono uga Rahab, sundel iku, apa ora awit saka panggawéné anggoné kabeneraké, nalika ndhelikaké para telik-sandi ana ing omahé, banjur mitulungi lolosé, metu dalan liya? 26 Sabab kayadéné badan tanpa roh iku mati, mangkono uga iman tanpa panggawé iku iya mati.
1 Para Sadulurku, ing antaramu aja akèh kang kepéngin dadi pamulang; jalaran kowé padha sumurup, menawa kita dadi pamulang, bakal padha diadili kalawan ukuran kang luwih abot. 2 Amarga kita kabèh padha kaluputan ing prakara akèh; sing sapa ora kaluputan ing tetembungané, iku wong sampurna, kang bisa ngendhalèni awaké sakojur. 3 Kita padha masang kendhali ing cangkemé jaran, satemah nuruti kekarepan kita, sarana mangkono kita uga bisa ngendhalèni awaké sakojur. 4 Lan manèh, delengen kapal-kapal, sanadyan gedhé banget sarta kasurung déning angin banter, nanging kena dikendhalèni déning kemudhi kang cilik banget, manut kekarepané jurumudhi. 5 Mangkono uga ilat, sanadyan dadi pérangané badan kang cilik, éwadéné kena kanggo ngandhakaké prakara-prakara kang gedhé. Delengen, sanadyan mung sapelik, geni iku bisa ngobong alas kang gedhé. 6 Ilat iku iya geni, prasasat jagating kadurakan sarta dadi gegelitaning badan kita, kang bisa ngregedi badan sakojur sarta ngobong jantraning urip kita; déné ilat iku dhéwé kaobong déning geni naraka. 7 Sakèhing kéwan alas, bangsa manuk, sarta kéwan-kéwan rumangkang lan kéwan-kéwan segara, iku bisa digawé tutut lan wis kelakon digawé ora giras déning manungsa, 8 nanging ora ana wong sijia baé kang bisa gawé tututing ilat; ilat iku piala kaya kéwan galak kang ora kena dikendhalèni sarta kebak wisa kang mematèni. 9 Sarana ilat kita memuji Pangéran, Rama kita, sarta sarana ilat kita nyupatani manungsa, kang katitahaké manut citraning Allah, 10 saka cangkem siji metokaké berkah lan ipat-ipat. Kang mangkono iku, para Sadulurku ora kena kelakon. 11 Apa ana sumber kang metu banyuné tawa lan pait saka etuk siji? 12 Para Sadulurku, wit anjir apa bisa awoh zaitun utawa wit anggur awoh anjir? Mangkono uga etuk banyu asin ora bisa metokaké banyu tawa. 13 Sapa panunggalanmu kang wicaksana sarta wasis? Iku nuduhna panggawéné sarana caraning urip kang becik marga kawicaksanan kang tuwuh saka alusing budi. 14 Menawa kowé padha duwé rasa mèri sarta mung mikir awakmu dhéwé, kowé aja padha gumunggung sarta aja goroh, iku nglawan kayektèn! 15 Iku dudu kawicaksanan kang tumurun saka ngaluhur, nanging saka donya iki, saka kamanungsan, saka sétan-sétan. 16 Sabab angger ana kumèrèn sarta mung mikir awaké dhéwé, mesthi bakal ana kekisruhan sarta sarupané panggawé ala. 17 Balik kawicaksanan kang saka ngaluhur, iku kang dhisik dhéwé murni, sabanjuré dhemen rukun, alus ing budi, mbangun turut, sugih kawelasan sarta awoh kabecikan, ora ilon-ilonen sarta ora lamis. 18 Déné woh kang dumadiné saka kayektèn iku kasebaraké sajroning tentrem-rahayu kanggo wong-wong kang padha mbangun tentrem-rahayu.
1 Saka ngendi tekané pasulayan sarta cecongkrahan ing antaramu iku? Apa ora saka hawa-napsu kang tansah peprangan ana ing awakmu? 2 Kowé padha mélik sawijining barang, nanging ora kelakon, kowé banjur mematèni; kowé mèri, nanging ora kegayuh tujuanmu, kowé banjur padha padu sarta kerengan. Kowé padha ora olèh apa-apa, amarga padha ora ndedonga. 3 Utawa kowé uga padha ndedonga, nanging padha ora olèh apa-apa, amarga anggonmu ndedonga iku klèru, jalaran apa kang koksuwun iku bakal kokentèkaké kanggo ngumbar hawa-napsumu. 4 Hé wong kang padha ora setya, apa kowé padha ora sumurup, menawa memitran karo donya iku ateges sesatron karo Allah? Kang iku sapa baé kang dadi mitrané donya, iku ndadèkaké awaké dhéwé satruné Allah. 5 Aja padha duwé pangira, menawa tanpa alesan ing Kitab Suci iku ana pangandika, mangkéné, "Roh kang wis kadunungaké Allah ana ing kita, dikarsakaké kalawan cemburu." 6 Nanging sih-rahmat kang kaparingaké marang kita iku ngluwihi saka iku. Mulané Panjenengané ngandika, "Allah nglawan wong kang gumunggung, nanging maringi sih-rahmat marang wong kang andhap-asor." 7 Mulané padha tumungkula ing ngarsané Allah, sarta Iblis tanggulangana, temahan bakal lumayu saka ngarepmu! 8 Padha nyedhaka marang Allah, temah Panjenengané bakal nyelaki kowé. Tanganmu padha resikana, hé para wong dosa lan sucèkna atimu, hé wong kang atiné mangro! 9 Padha rumangsaa cilaka, padha prihatina lan nangisa; guyumu salinana tangis, sarta kabungahanmu salinana prihatin. 10 Esorna badanmu ana ing ngarsané Pangéran, sarta Panjenengané bakal ngluhuraké kowé. 11 Para Sadulur, kowé aja padha mitenah siji marang sijiné! Sapa baé kang mitenah utawa ngadili saduluré tunggal pracaya, iku nacad lan ngadili angger-angger, sarta menawa kowé ngadili angger-angger, dadiné kowé dudu kang nglakoni angger-angger, nanging dadi hakimé. 12 Mung ana siji kang yasa angger-angger sarta kang jumeneng Hakim, yaiku Panjenengané kang kwaos nylametaké sarta numpes. Nanging kowé iku sapa, déné arep ngadili pepadhamu? 13 Dadi saikiné, hé kowé kang padha duwé ujar mangkéné, "Dina iki utawa sésuk aku arep mangkat menyang kutha anu, sarta arep manggon ing kono setaun lawasé, laku dagang sarta olèh bathi", 14 mangka kowé padha ora sumurup apa kang bakal kelakon ing dina sésuk. Apa ta tegesé uripmu iku? Uripmu iku padha karo uwab, katon mung sadhéla banjur sirna. 15 Sing bener kowé kudu ngucap mangkéné, "Menawa Pangéran marengaké, aku bakal urip lan tumindak mangkéné lan mangkono." 16 Nanging saiki kowé ngegungaké umukmu. Sarta sarupané gumunggung kang mangkono iku salah. 17 Dadi sing sapa ngerti bab panggawé becik, mangka ora nglakoni, iku dosa.
1 Mulané saiki, hé para wong sugih, padha nangisa sarta sesambata marga tekané kasangsaran kang bakal nempuh kowé! 2 Kasugihanmu wis bobrok sarta sandhanganmu wis dipangan renget. 3 Mas sarta pérakmu kapangan timbrah lan timbrahé bakal dadi paseksi tumrap kowé kabèh, sarta bakal memangsa dagingmu kayadéné geni. Kowé wis numpuk bandha ing dina-dina wekasan iki. 4 Sanyatané wis kaprungu pasambat sora, marga opahing buruh kang wis ngenèni pametuné tegalanmu koktahan, sarta wis kapireng déning Pangéran ing sakèhing tumitah pangresulané wong-wong kang padha ngenèni panènanmu. 5 Kowé wis urip mukti-wibawa lan mubra-mubru ing donya, sarta kowé wis nyeneng-nyenengaké atimu ngarepaké dina panyembelèhan. 6 Kowé wis ngukum wong bener, malah kokpatèni lan iku ora bisa nglawan kowé. 7 Kang iku para Sadulur, padha disabar nganti tumeka rawuhé Gusti! Satemené wong tani iku nganti-anti pametuning buminé kang akèh ajiné sarta disrantèkaké, nganti tekané udan mangsa rontog lan udan mangsa semi. 8 Kowé uga padha disabar, santosakna atimu, amarga rawuhé Gusti wis cedhak! 9 Para Sadulur, kowé aja padha nggresah sarta luput-linuputaké, supaya kowé aja nganti nampa paukuman. Satemené Hakim wus jumeneng ing ngarep lawang. 10 Para Sadulur, padha nulada kasangsaran sarta kasabarané para nabi, kang wis medharaké pangandika atas asmané Pangéran. 11 Satemené kita padha nyebut rahayu tumrap wong-wong kang padha sabar-mantep iku; kowé wis padha krungu bab sabar-mantepé Ayub, sarta wis padha sumurup apa kang ing wekasané kacawisaké déning Pangéran tumrap panjenengané, amarga Pangéran iku maha-asih sarta maha-welas. 12 Nanging kang perlu dhéwé para Sadulurku, poma kowé aja padha sumpah demi swarga utawa demi bumi utawa demi apa baé liyané. Menawa iya, kandhaa iya, menawa ora, kandhaa ora, supaya kowé ora kena ing paukuman. 13 Menawa ana panunggalanmu kang nandhang sangsara, ndedongaa! Menawa ana kang seneng atiné, ngidunga! 14 Menawa ana panunggalanmu kang lara, ngaturana para pinituwané pasamuwan, supaya padha ndongakaké sarta ngusapi nganggo lenga wong mau atas asmané Gusti. 15 Pandonga kang metu saka pracaya bakal nylametaké wong lara, lan Gusti bakal nangèkaké wong iku; déné menawa wong mau wis gawé dosa, dosané iku bakal diapura. 16 Marga saka iku kowé padha akon-ingakonana dosamu sarta donga-dinongakna supaya kowé padha waras. Pandongané wong bener, iku gedhé dayané lan ana wohé. 17 Élia iku manungsa lumrah kaya kita, sarta panjenengané wis ndedonga kanthi temen-temen, supaya aja ana udan, sarta ing bumi iya ora ana udan nganti telung taun nem sasi lawasé. 18 Panjenengané banjur ndedonga manèh sarta langit banjur ngesokaké udan lan bumi banjur metokaké woh. 19 Para Sadulurku, menawa ana panunggalanmu kang nyimpang saka kayektèn sarta ana wong kang njalari mratobaté, 20 padha sumurupa, sapa kang ndadèkaké wong dosa mratobat saka dalané kang nasar, iku bakal ngentasaké nyawané wong iku saka ing pati sarta nutupi dosa akèh.
1 Saka Pétrus rasulé Yésus Kristus, marang kang padha neneka kang sumebar ana ing Pontus, Galatia, Kapadokia, Asia-Cilik lan Bitinia, 2 yaiku para kang pinilih miturut rancanganing Allah, Rama kita sarta kang kasucèkaké déning Roh, supaya padha mbangun turut marang Yésus Kristus lan nampa ciprataning rahé. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saya lubèra ana ing kowé. 3 Pinujia Allah Ramané Gusti kita Yésus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmané wis nglairaké kita manèh lantaran wunguné Yésus Kristus saka ing antarané wong mati, tumuju marang urip kang kebak pangarep-arep 4 supaya kita padha nampa warisan kang ora bisa sirna, ora cacad sarta ora bisa alum, kang kasimpen ana ing swarga kanggo kowé kabèh. 5 Yaiku, kowé kang padha kareksa déning pangwaosing Allah lantaran pracayamu, sajroné kowé padha nganti-anti marang karahayon kang wis cumawis bakal kawedharaké ing dina wekasaning jaman. 6 Padha bungah-bungaha tumrap prakara iku, sanadyan ing wektu iki kowé isih padha kudu prihatin kanggo sawatara mangsa, marga saka anané godha-rencana warna-warna. 7 Kabèh iku mau pamrihé supaya tetéla murnining pangandelmu -- kang ajiné luwih banget katimbang ajiné emas kang bisa rusak, kang kauji murniné srana geni -- satemah kowé padha nampa pangalembana sarta kamulyan lan kaurmatan, bésuk ing dinané Yésus Kristus mbabaraké sarirané. 8 Sanadyan kowé durung tau weruh dhéwé Panjenengané, nanging padha koktresnani. Kowé pracaya marang Panjenengané, sanadyan saiki ora padha nyipati dhéwé. Padha sukarenaa kanthi kabungahan kang mulya lan kang ora bisa kaucapaké, 9 amarga kowé wis padha bisa nggayuh tujuané pracayamu, yaiku kaslametaning nyawamu. 10 Iya kaslametan iku kang wis dititi-priksa sarta diteliti déning para nabi kang wis padha meca bab sih-rahmat kang kacawisaké marang kowé. 11 Déné para nabi iku padha niti-priksa: Kapan wektuné lan kepriyé kang kakersakaké déning Rohé Kristus, kang ana ing batiné, yaiku Roh kang sadurungé paring paseksi bab sakèhing kasangsaran kang bakal nempuh marang Kristus sarta bab sakèhing kamulyan sawisé iku. 12 Marang para nabi iku wis kapratélakaké, menawa ora padha ngladosi sarirané piyambak, nanging ngladèni kowé kanthi samubarang kang saiki wis kawartakaké marang kowé déning wong-wong, kang padha nggelaraké Injil marang kowé kabèh, marga saka pakaryané Roh Suci kang kautus saka ing swarga, yaiku prakara-prakara kang kepéngin disumurupi déning para malaékat. 13 Mulané, cawisna akal-budimu sarta padha diwaspada, apadéné sakèhing pangarep-arepmu dhasarna ing sih-rahmat kang kaparingaké marang kowé ing waktu Yésus Kristus mbabaraké sarirané. 14 Uripmu dikaya bocah kang mbangun turut, aja nuruti hawa-napsu kang ngwasani kowé nalika kowé isih padha bodho. 15 Nanging kowé padha dadia suci ing sajroning uripmu, kayadéné Panjenengané kang suci, kang wis nimbali kowé, 16 sabab ana tulisan mangkéné: Sira padha dadia suci, jalaran Ingsun iki suci. 17 Sarta menawa kowé padha nyebut Panjenengané Rama, yaiku kang ngadili wong kabèh manut panggawéné tanpa pilih-kasih, uripmu dikanthi wedi-asih sajroné kowé mondhok ing donya iki. 18 Sabab kowé mangerti, menawa wis padha katebus saka kalakuanmu kang tanpa guna, kang kokwarisi saka para leluhurmu iku, ora sarana barang kang bisa sirna, uga ora kalawan salaka utawa emas, 19 nanging sarana getih kang aji banget, yaiku rahé Kristus kang padha kaya getihing cempé kang tanpa cacad lan tanpa blentong. 20 Panjenengané iku wis pinilih sadurungé jagat katitahaké, nanging marga saka kowé, Panjenengané mbabaraké sarirané, ing jaman wekasan. 21 Marga saka Panjenengané, kowé padha pracaya marang Allah kang wis mungokaké Panjenengané saka ing antarané wong mati sarta kang wis maringi kamulyan marang Panjenengané, satemah pracayamu lan pangarep-arepmu tumuju marang Allah. 22 Sarèhné kowé wis nucèkaké nyawamu sarana pambangunturut marang kayektèn, satemah padha bisa nindakaké katresnaning pasaduluran kang tulus-éklas, mulané padha tumemena anggonmu tresna-tinresnan kanthi gumolonging atimu. 23 Jalaran kowé wis padha kalairaké manèh ora saka wiji kang bisa sirna, nanging saka wiji kang langgeng, lantaran pangandikaning Allah kang gesang lan kang langgeng. 24 Sabab, "Sakèhing manungsa iku kaya suket sarta kaluhurané kabèh iku kaya kembangé, suketé dadi garing, lan kembangé padha gogrog, 25 nanging pangandikané Pangéran iku tetep ing salawas-lawasé." Iya pangandika iku Injil kang wis kawartakaké marang kowé.
1 Marga saka iku, sakèhing piala sarta sarupané apus-apus, sakèhing lamis, drengki, apadéné pitenah padha buwangen. 2 Dikaya bayi kang mentas lair, kang tansah kepéngin marang susu kang murni lan kang rohani, supaya marga saka iku padha tuwuh lan antuk kaslametan, 3 menawa kowé wus padha ngrasakaké tenanan yèn Allah iku becik. 4 Padha sowana Panjenengané, watu kang urip iku, kang pancèn ditampik déning manungsa, nanging kang pinilih lan kinurmatan ana ing ngarsaning Allah. 5 Sarta karebèn kowé iya padha kapigunakaké kayadéné watu urip kanggo mbangun padaleman kasukman tumrap kaimaman kang suci, kanggo nyaosaké pisungsung rohani, kang marga Yésus Kristus njalari keparengé Allah. 6 Sabab ing Kitab Suci wis katulis, mangkéné, "Sajatiné, Ingsun wis masang watu ana ing Sion, iya iku watu pojokan kang pinilih lan aji, déné sapa wong kang kumandel marang Panjenengané, ora bakal kawirangaké." 7 Mulané, tumraping kowé kang pracaya, Panjenengané iku aji banget, nanging tumrap kang padha ora pracaya, "Watu kang ditampik déning para tukang bangunan, iku wis dadi watu pojokan, apadéné iya wis dadi watu patanggoran lan watu sandhungan." 8 Anggoné padha kasandhung iku marga ora mbangun turut marang pangandikané Allah; sarta wong-wong iku pancèn iya wis kacadhangaké tumrap bab iku. 9 Balik kowé iku bangsa kang pinilih, kaimaman kang ngrajani, bangsa kang suci, umat kagungané Allah pribadi, supaya kowé padha martakaké pakaryan-pakaryan agung kang katindakaké déning Panjenengané, kang wis nimbali kowé metu saka pepeteng marang pepadhangé kang ngéram-éramaké. 10 Kowé, kang mauné dudu umaté Allah, nanging saiki wis dadi umaté, kang mauné ora padha kawelasan, nanging saiki wis nampa piwelas. 11 Hé, para Sadulur kang kinasih, aku pitutur marang kowé, supaya kayadéné wong kang mondhok lan wong neneka, padha ngedohana sakèhing pepénginané daging kang padha nglawan nyawamu. 12 Dibecik uripmu ana ing satengahé bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah, supaya menawa kowé dipitenah nindakaké kadurjanan, wong-wong iku padha meruhi panggawému kang becik, satemah ngluhuraké Allah ing dina nalika Panjenengané ngrawuhi wong-wong mau. 13 Marga saka karsané Pangéran, padha sumuyuda marang sakèhing pangwasa kang katetepaké manut tatananing manungsa, dadia marang raja kang mengku pangwasa kang dhuwur dhéwé, 14 apadéné para pangwasa sangisoré kang kadhawuhan ngukum wong kang nindakaké piala sarta ngurmati wong kang tumindak becik. 15 Sabab, kang dadi karsané Allah, yaiku supaya sarana panggawé becik, kowé mbungkem wong bodho kang cethèk kawruhé. 16 Uripa kayadéné wong mardika, aja kaya wong kang nylèwèngaké kamardikan iku kanggo nutupi pialané, nanging uripa kayadéné abdining Allah. 17 Padha ngajènana wong kabèh, padha nresnanana sadulur-sadulurmu kang tunggal pracaya. Duwéa rasa wedi-asih marang Allah, ngurmatana raja! 18 Hé, kowé para abdi; padha sumuyuda kanthi pakéring marang bendaramu, ora mung marang kang becik lan grapyak baé, nanging uga marang kang kereng. 19 Jalaran iku mujudaké sih-rahmat, menawa ana wong kang rumangsa kakersakaké déning Allah nandhang sangsara, kang ora samesthiné kasandhang. 20 Sabab, menawa kowé digebugi marga pokalmu kang dosa, apa iku kena diarani pangalembana? Nanging menawa kowé tumindak kang becik sarta marga saka iku kowé nandhang sangsara, iku sih-rahmat ana ing ngarsané Allah. 21 Jalaran iya tumrap kang mangkono iku anggonmu katimbalan, marga Yésus Kristus iya wis nandhang sangsara kanggo kowé sarta wis nilari tuladha marang kowé, supaya kowé uga tumindak kaya Panjenengané. 22 Panjenengané iku ora damel dosa, sarta saka ing tutuké ora ana kang cidra. 23 Nalika Panjenengané dipisuhi, ora males misuh; nalika nandhang sangsara ora ngancam, nanging sumarah marang Panjenengané kang ngadili kanthi adil. 24 Panjenengané piyambak wis ngrembat dosa kita ing sarirané ana ing kayu salib, supaya kita kang wis mati tumraping dosa, padha urip tumrap prakara kang bener. Marga saka bilur-biluré kowé wis padha kawarasaké. 25 Awitdéné biyèn kowé padha kaya wedhus kang kesasar, nanging saiki wis padha bali marang Pangon sarta Pamomonging nyawamu.
1 Mangkono uga kowé para wong wadon, padha sumuyuda marang somahmu, supaya menawa ana wong lanang kang padha ora pracaya marang Pangandika, sanadyan tanpa pitembungan padha dadia pracaya déning tingkah-lakuné kang wadon, 2 samangsa padha nyawang uripé kang suci sarta mursid iku. 3 Kang dadi pepaèsmu aja tata-lair, yaiku sarana nglabang rambut, nganggo mas-masan utawa kanthi panganggo kang sarwa éndah, 4 nanging pepaèsmu iku kamanungsaning batinmu kang ora katon, kang ora bisa rusak, kang asalé saka roh kang lembah-manah, tentrem, kang aji banget ana ing paningalé Allah. 5 Déné iya kaya mangkono iku, patrapé para wong wadon suci biyèn anggoné manganggo, yaiku wong wadon kang pangarep-arepé marang Allah sarta padha sumuyud marang somahé, 6 padha kaya Sara anggoné mituhu marang Abraham sarta nyebut panjenengané iku bendarané. Déné kowé iku padha dadi putrané, angger kowé tumindak becik sarta ora wedi ing pangancam. 7 Samono uga kowé, para wong lanang, uripa kanthi wicaksana karo somahmu, kang klebu golongan kang ringkih! Padha ajènana kayadéné kanca tunggal warising sih-rahmat, yaiku kauripan, supaya pandongamu aja nganti kaalang-alangan. 8 Wasana kowé kabèh padha disaiyeg saéka-praya, tunggal rasa, nresnani para Sadulur tunggal pracaya, ambek-welasan, sarta andhap-asor. 9 Aja males piala kanthi piala, utawa pepisuh kanthi pepisuh, nanging kosok-baliné, kowé padha mberkahana, amarga iya kanggo kang mangkono iku anggonmu padha katimbalan, yaiku supaya padha olèh berkah. Sabab, 10 "Sing sapa arep nresnani urip sarta ngalami dina-dina kang becik, kudu mekak ilaté saka kang ala, sarta lambéné saka pitembungan kang kebak apus-apus. 11 Wong iku kudu ngedohi piala sarta nglakoni kabecikan; kudu ngupaya katentreman sarta ngudi supaya bisa nggayuh prakara iku. 12 Jalaran tingalé Pangéran iku tumuju marang para wong kang bener, sarta talingané nilingaké marang pasambating wong-wong kang nyuwun pitulungan, nanging wedanané Pangéran iku nglawan marang wong kang padha nindakaké piala." 13 Sarta sapa ta kang bakal nindakaké piala marang kowé, menawa kowé sregep gawé becik? 14 Nanging sanadyan kowé kudu nandhang sangsara marga saka laku bener, kowé bakal rahayu. Mulané iku aja wedi marang apa kang padha diwedèni wong-wong mau, sarta aja nganti giris. 15 Nanging padha nucèkna Kristus kayadéné Pangéran ana ing sajroning atimu! Sarta tansah padha sumadhiyaa awèh panjawab marang saben wong kang njaluk katrangan marang kowé bab pangarep-arep kang ana ing kowé, mung baé dikalawan alus lan andhap-asor, 16 sarta kanthi nurani kang suci, supaya wong kang padha mitenah marang kowé, marga tumindakmu kang becik ana ing Kristus, iku padha kawirangan marga saka pitenahé. 17 Jalaran luwih becik nandhang sangsara marga tumindak becik, menawa iku dikarsakaké déning Allah, katimbang nandhang sangsara marga tumindak ala. 18 Sabab Yésus Kristus uga wis nglampahi séda sapisan marga dosa kita kabèh, Panjenengané kang tanpa kaluputan, séda kanggo wong-wong kang padha duwé kaluputan, supaya kita padha bisa kasowanaké marang ngarsaning Allah: Panjenengané kang tata-kamanungsan wis kasédanan, nanging kagesangaké mungguh ing Roh, 19 sarta ing sajroning Roh iku uga, Panjenengané paring pangandika marang para roh kang ana ing pakunjaran, 20 yaiku marang roh-rohé para wong kang ing biyèn nalika jamané Nuh padha ora mbangun-turut marang Allah, nalika Allah tetep ngentosi kalawan sabar, ing kalané Nuh lagi yasa prau, lan mung wong sathithik, yaiku wong wolu, kang kaslametaké saka ing banjir. 21 Samono uga kowé saiki iya padha kaslametaké kalawan ibarating lelakon mau, yaiku baptis -- kang ora ateges ngresiki reregeding badan, nanging minangka panyuwun marang Allah supaya kaparingan nurani kang becik -- marga saka wunguné Yésus Kristus, 22 kang sumengka menyang swarga, lenggah ing satengené Allah, sawisé sakèhing malaékat, pangwasa sarta kakuwatan ditelukaké marang Panjenengané.
1 Dadi, sarèhné Yésus Kristus wis nglampahi sangsara cara kadagingan, mulané kowé uga kudu sikep gegaman arupa pikiran kang kaya mangkono -- amarga sapa kang wis nandhang sangsara cara kadagingan iku wis marèni anggoné nglakoni dosa -- 2 supaya waktu kang isih ana, aja kokanggo nuruti pepénginaning manungsa, nanging nuruta marang karsaning Allah. 3 Jalaran wis cukup suwéné waktu kang kokgunakaké kanggo nindakaké apa kang disenengi déning bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah. Kowé wis padha urip nuruti sawarnané hawa-napsu, pepénginan, endem-endeman, andra-wina, pésta ombèn-ombènan, sarta nyembah brahala kang ora diparengaké. 4 Marga saka iku wong-wong padha gumun déné kowé kok ora mèlu bebarengan karo wong-wong iku njegur ing blethokaning pamblasar iku uga, temahan kowé banjur dipitenah. 5 Nanging wong-wong iku kudu padha ngaturaké panjawab marang Panjenengané kang wis siyaga ngadili wong urip lan wong mati. 6 Awit iya karana iku, Injil kawartakaké marang wong-wong mati uga, supaya padha kayadéné manungsa kabèh, diadili cara kadagingané, nanging mungguh ing roh bisa urip, manut karsaning Allah. 7 Kawusanané samubarang kabèh wus cedhak. Marga saka iku dibisa ngerèh awakmu sarta diwaspada, supaya kowé padha bisa ndedonga. 8 Nanging kang prelu dhéwé: Padha tumemena anggonmu tresna-tinresnan, jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akèh banget. 9 Padha senenga awèh pondhokan tanpa panggrundel. 10 Padha ladèn-linadènana, miturut peparing kang wis ditampani déning saben wong, kayadéné juru-pangruktining sih-rahmaté Allah kang becik. 11 Menawa ana wong kang pitutur, iku dikaya wong kang nglantaraké pangandikaning Allah; menawa ana wong kang leladi, iku katindakna kanthi kakuwatan peparingé Allah, supaya Allah kaluhurna ing samubarang marga saka Yésus Kristus. Panjenengané iku kang kagungan kamulyan sarta pangwaos langgeng salawas-lawasé! Amin. 12 Para Sadulur kang kinasih, aja padha gumun marang urubing geni panyiksa kang nempuh kowé minangka pandadaran, kaya-kaya ana bab kang ora lumrah tumama ing kowé. 13 Malah padha bungaha, cocog karo panduman kang koktampa saka ing sangsarané Kristus, supaya kowé uga kepareng bungah sarta sukarena bésuk samangsa Panjenengané mbabar kamulyané. 14 Rahayu kowé, menawa kowé padha diwewada marga saka asmané Kristus, amarga Rohing kamulyan yaiku Rohé Allah dumunung ana ing kowé. 15 Aja ana panunggalanmu kang kudu nandhang sangsara marga matèni wong, utawa dadi maling, utawa nindakaké piala, utawa ngisruhi urusané wong liya. 16 Nanging menawa nandhang sangsara marga dadi wong Kristen, iku aja isin, malah ngluhurna Allah atas asmané Kristus. 17 Jalaran saiki wis tekan titi-mangsané pangadilan bakal kawiwitan saka umaté Allah. Menawa pangadilan iku kawiwitan saka kita, kepriyé bakal kawusanané wong kang padha ora pracaya marang Injiling Allah? 18 Sarta menawa wong bener iku baé mèh ora kaslametaké, banjur kepriyé bakal kadadéané wong duraka lan wong dosa iku? 19 Mulané, para kang nandhang sangsara marga saka karsaning Allah, iku padha pasraha marang Panjenengané kang nitahaké, iya kang setya tuhu, kalawan tansah nindakaké kabecikan.
1 Para pinituwa kang ana ing antaramu iku dakpituturi, -- amarga aku iki dadi kanca pinituwa sarta seksi sangsarané Kristus, kang iya bakal olèh panduman kamulyan kang bésuk bakal kawedharaké --: 2 Pepanthan méndané Allah kang ana ing kowé iku engonen, aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati kang laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka mburu kauntungan, nanging marga wajibing leladi. 3 Kowé aja tumindak kaya-kaya arep ngwasani wong-wong kang dipracayakaké marang kowé, nanging dadia tuladha tumrap pepanthan iku. 4 Bésuk menawa Pangon Agung rawuh, kowé bakal padha nampani makuthaning kamulyan kang ora bisa rusak. 5 Samono uga kowé, hé para nom-noman, padha mituruta marang para wong tuwa, sarta siji lan sijiné dipadha andhap-asor, amarga, "Allah nglawan marang wong kang kumalungkung, nanging paring sih-rahmat marang wong kang andhap-asor." 6 Kang iku padha ngasorna awakmu ing sangisoring astané Pangéran kang rosa, supaya kowé padha linuhuraké ing wektu kang wus katemtokaké. 7 Sakèhing sumelangmu pasrahna marang Panjenengané, sabab Panjenengané kang ngrimati kowé kabèh. 8 Padha diwaras ing budi sarta diprayitna, jalaran mungsuhmu Iblis iku, klinteran kaya singa nggero-nggero nggolèki manungsa kang kena dimangsa. 9 Tanggulangana kalawan pracaya kang bakuh, jalaran kowé padha mangerti menawa sadulurmu tunggal pracaya ing saindenging jagat, kabèh iya padha ketaman ing sangsara kaya mangkono. 10 Déné Allah sumbering sakèhé sih-rahmat, kang wis nimbali kowé kabèh ana ing Kristus marang kamulyané kang langgeng, bakal nyampurnakaké, neguhaké, nyantosakaké sarta ngukuhaké kowé, sawusé kowé padha nandhang sangsara sawatara mangsa. 11 Iya Panjenengané iku kang kagungan pangwasa langgeng salawas-lawasé! Amin. 12 Anggonku nulis cekak marang kowé iki lantaran Silwanus, kang dakanggep sadulur tunggal pangandel kang kena dipracaya, prelu mituturi sarta ngyakinaké kowé, menawa iki sih-rahmat kang temenanan saka Allah. Mulané padha ngadega kang jejeg ana ing sajroné sih-rahmat iku mau! 13 Salam marang kowé kabèh, saka sadulurmu kang pinilih ing Babilon lan uga Markus, anakku. 14 Padha salam-salamana kanthi pangambung kang suci. Tentrem-rahayu anaa ing kowé kabèh kang padha ana ing patunggilané Kristus. Amin.
1 Saka Simon Pétrus, abdi sarta rasulé Yésus Kristus, marang para kang nunggal karo aku kabèh, padha kaparingan pracaya marga saka kaadilaning Allah sarta Pamarta kita Yésus Kristus. 2 Sih-rahmat lan tentrem-rahayu nglubèrana kowé, marga saka anggonmu padha wanuh marang Allah sarta marang Yésus, Gusti kita. 3 Marga saka pangwaosing kaallahané, kita wis padha kaparingan samubarang kang perlu kanggo urip kang mursid, sarana anggon kita wanuh marang Panjenengané kang wis nimbali kita marga saka pangwaosé kang mulya lan ngéram-éramaké. 4 Kanthi patrap kang mangkono iku Panjenengané wis maringi kita prasetya-prasetya kang adi sarta pinunjul, supaya sarana iku kowé padha kepareng ndhèrèk ing sajroné kodrat kaallahan lan uwal saka dayaning hawa-napsu kadonyan kang nyirnakaké donya. 5 Iya marga saka iku kowé padha kudu kanthi temenan anggonmu mbudidaya nambahaké kautaman marang pracayamu lan kawruh marang kautaman, 6 tuwin pangerèhing dhiri marang kawruh, katekunan marang pangerèhing dhiri, kamursidan marang katekunan, 7 nresnani para Sadulur marang kamursidan, lan tresna marang para Sadulur kawuwuhan tresna marang wong kabèh. 8 Jalaran menawa kowé padha kadunungan iku mau kabèh nganti lubèr, kowé mesthi bakal dadi mempeng ing panggawé sarta kasembadan anggonmu wanuh marang Yésus Kristus, Gusti kita. 9 Nanging sing sapa ora kadunungan iku mau kabèh, bakal dadi wuta sarta cethèk panemuné, jalaran lali menawa dosa-dosané kang mbiyèn wis kabirat. 10 Mulané para Sadulur, tansah mbudidayaa kanthi temenan supaya saya kukuh anggonmu padha tinimbalan lan pinilih iku. Jalaran menawa kowé nglakoni kang mangkono, kowé bakal padha ora tau kesandhung. 11 Kanthi mangkono, kowé bakal kaparingan sakèhing wewenang kanggo lumebu ing Kraton kang langgeng, yaiku Kratoné Gusti lan Pamarta kita Yésus Kristus. 12 Mulané aku tansah kepéngin ngélingaké kowé marang bab iku mau kabèh, sanadyan kowé iya wis padha mangerti sarta santosa ing sajroné kayektèn kang wus koktampani. 13 Sadurungé aku ngrucat kémahing badanku iki, dakanggep dadi kuwajibanku, anggonku tansah ngélingaké kowé tumrap iku mau kabèh. 14 Jalaran aku mangerti, menawa aku bakal énggal ngrucat kémahing badanku iki, kayadéné kang wis kapangandikakaké marang aku déning Yésus Kristus, Gusti kita. 15 Nanging aku bakal mbudidaya, supaya saungkurku kowé uga tansah padha ngéling-éling marang prakara iku mau kabèh. 16 Jalaran anggonku padha ngandhani kowé bab pangwaos lan bakal rawuhé Gusti kita, Yésus Kristus kang jumeneng raja iku, ora marga ngandel marang dongèngé wong kang ngayawara, nanging aku kabèh iki padha dadi seksi kang nyipati dhéwé bab kaluhurané. 17 Awit Panjenengané tampa kaurmatan lan kamulyan saka Allah Sang Rama, nalika swanten saka Kang Mahaluhur nedhaki Panjenengané, Pangandikané, "Iki Putraningsun kang sunkasihi, kang ndadèkaké keparenging galihingsun." 18 Aku dhéwé padha krungu swara iku mau tumurun saka swarga, nalika aku padha ndhèrèk Panjenengané ana ing gunung kang suci. 19 Marga saka iku aku kabèh padha saya kasantosakaké déning pangandika kang wis kawedharaké déning para nabi. Saiba beciké, menawa kowé padha nggatèkaké bab iku, kayadéné nggatèkaké diyan kang madhangi panggonan kang peteng, nganti gagat raina sarta jumedhulé lintang panjer ésuk kang sumunar ana ing sajroning atimu. 20 Déné kang prelu dhéwé kang kudu koksumurupi, yaiku menawa pameca-pameca ing Kitab Suci iku ora kena ditafsiraké sakarepé dhéwé, 21 jalaran ora tau ana pameca kang metu saka karepé manungsa, nanging marga kabereg déning Roh Suci, wong-wong padha guneman atas asmaning Allah.
1 Kayadéné dhèk biyèn ing antarané umaté Allah ana kang ngaku-aku nabi, mangkono uga ing antaramu iya bakal ana guru-guru palsu, kang padha nylundupaké piwulang-piwulang panasaran kang nuntun marang karusakan, malah bakal padha nyélaki Kang Kuwaos, kang wis nebus wong-wong mau lan marga saka iku bakal njalari karusakané dhéwé. 2 Bakal akèh wong kang niru pratingkahé wong-wong iku kang dikwasani hawa-napsu, sarta marga saka pokal-gawéné iku Marganing Kayektèn bakal dicecamah. 3 Sarta marga saka srakahé, guru-guru palsu iku bakal padha ngudi golèk kauntungan saka kowé kabèh kanthi dongèng-dongèngé kang ngayawara. Nanging paukuman tumrap tumindaké iku wus katetepaké lan karusakané bakal ora kacandhet. 4 Jalaran Allah ora ngéman marang para malaékat kang padha gawé dosa, mulané dicemplungaké ing naraka, padha diranté, ing kono ana ing sajroné pepeteng nganti tekan dinaning pangadilan; 5 Allah uga ora ngéman jagating jaman kuna; Panjenengané mung milujengaké Nuh kang martakaké kayektèn iku, karo wong pitu liyané, nalika ndhatengaké banjir patopan tumrap jagaté para wong mblasar; 6 Allah ngukum kutha Sodom lan Gomora sarta nyirnakaké kalawan geni, minangka pepéling marang wong kang ing tembé uripé padha mblasar, 7 nanging Panjenengané milujengaké Lot, kang mursid, kang tansah sangsara déning tingkah lakuné wong-wong kang padha ora mreduli marang angger-angger lan mung tansah nuruti hawa-napsuné baé, 8 -- jalaran wong mursid iki manggon ing satengahé wong-wong mau sarta ing sadina-dina krungu lan weruh pratingkah-pratingkahé kang ala iku, satemah atiné kang mursid iku kaya kasiksa -- 9 dadi tetéla, menawa Pangéran pirsa carané ngentasaké wong mursid saka ing godha-rencana sarta nyadhangaké para wong duraka iku kasiksa ing dina pangadilan, 10 luwih manèh wong kang padha ngumbar hawa-napsuné, kang ndadèkaké awaké jember sarta nyenyamah pangrèhé Allah. Wong-wong iku padha kumawani sarta gumunggung, nganti tanpa rikuh-pakéwuh nyenyamah marang para titah kang luhur, 11 mangka para malaékat dhéwé, sanadyan luwih peng-pengan sarta luwih kwasa katimbang wong-wong iku, ora nggunakaké pitembungan panyenyamah menawa nggugat wong-wong mau ana ing ngarsaning Allah. 12 Nanging wong-wong iku padha baé karo kéwan kang tanpa budi, kang tinitahaké dadi kéwan kang mung dicekel sarta dipatèni. Wong-wong iku padha nyenyamah marang kang ora dimangretèni, temahan marga saka panggawéné kang duraka, bakal padha nemoni karusakané dhéwé kaya kéwan alasan, 13 sarta bakal ngalami nasib ala minangka opahing durakané. Nguja kasenengan ing wayah awan kaanggep sawijining kanikmatan. Padha dadi jejember lan blentong, kang mendem ing sajroning hawa napsuné, samangsa padha mangan lan ngombé bebarengan karo kowé kabèh. 14 Mripaté kebak napsu cabul, ora bosen-bosen anggoné gawé dosa. Wong-wong iku padha mbujuki wong-wong kang ringkih atiné. Wateké wis kulina srakah. Pancèn wong kang padha kena ing ipat-ipat! 15 Sarehné wis padha ninggal dalan kang bener, mulané padha kesasar, banjur ngetutaké lakuné Biléam anaké Béor kang seneng tampa opah tumrap panggawé-panggawé ala. 16 Nanging Biléam kawelèhaké kalawan keras marga saka tumindaké kang ala iku, jalaran kuldi momotan kang bisu, bisa guneman nganggo basaning manungsa, sarta nyegah tumindaké nabi kang ora bener iku. 17 Guru-guru palsu iku kaya sumber kang asat, kaya méga kang kabuncang ing prahara; wong-wong iku wis padha kacawisan panggonan ana ing pepeteng kang nggegirisi banget. 18 Jalaran wong-wong mau padha ngucapaké tetembungan kang muluk-muluk nanging kothong, sarta migunakaké napsu cabul kanggo mbujuki wong-wong kang lagi baé uwal saka ing para wong kang kesasar uripé. 19 Padha njanjèni kamardikan marang wong liya, mangka awaké dhéwé padha dadi baturing karusakan. Jalaran sing sapa katelukaké déning wong, iku iya dadi baturé wong iku. 20 Sabab menawa wong-wong mau marga saka anggoné wis wanuh marang Gusti sarta Juru-wilujeng kita Yésus Kristus, wis padha ngoncati jejemberé donya, mangka banjur kasrimped manèh ing kono, wekasané kaanané luwih ala katimbang sadurungé. 21 Jalaran saka iku, tumraping wong-wong mau luwih becik menawa padha ora tau mangretèni marganing kayektèn, katimbang mangertèni, nanging banjur nyingkur saka pepakon suci kang wis kadhawuhaké marang wong-wong mau. 22 Kaanané wong-wong iku cocog karo uniné paribasan kang bener iki, mangkéné, "Asu mbalèni utah-utahané, sarta babi kang wis diguyang bali manèh menyang ing blethokané."
1 Para Sadulur kang kinasih, layang iki wis kang kapindho, kang daktulis marang kowé. Ana ing layang sakaroné iku, aku mbudidaya nenangi pangertèn kang murni srana pepéling-pepéling, 2 supaya kowé padha éling marang pangandika kang biyèn wis kadhawuhaké déning para nabi kang suci, sarta marang dhawuhé Gusti lan Juru-wilujeng, lantaran para rasulmu marang kowé kabèh. 3 Kang prelu banget kudu kokmangertèni, yaiku menawa ing dina-dina wekasan bakal ana para wong kang teka memoyoki, yaiku wong kang lakuné padha nuruti hawa-napsuné, 4 sarta kang padha duwé uni mangkéné, "Endi prasetya bakal rawuhé iku? Jalaran wis wiwit nalika ngajalé para leluhur kita, samubarang kabèh ajeg baé kaya nalika katitahaké." 5 Wong-wong iku njarag ora gelem ngerti, menawa marga saka sabdaning Allah wiwit biyèn mula wus ana langit lan uga ana bumi, kang dumadiné saka banyu sarta sarana banyu. 6 Sarta marga saka banyu iku bumi kala samana wis sirna, kelem déning banjir patopan. 7 Nanging déning pangandika iku mau uga, langit lan bumi kang saiki bakal kaobong ing geni, déné saiki isih kareksa nganti ing dina pangadilan lan tumpesé para wong mblasar. 8 Mung baé para Sadulur kang kinasih, prakara siji iki ora kena kok lalèkaké, yaiku yèn ing ngatasé Pangéran sadina iku prasasat sèwu taun, sarta sèwu taun iku prasasat sadina. 9 Pangéran ora rendhet anggoné netepi prasetyané, sanadyan ana sawenèhing wong kang ngarani rendhet. Panjenengané nyabari kowé, sabab karsané aja nganti ana wong kang nemu bilai, nanging supaya wong kabèh padha mbalik sarta mratobat. 10 Déné dina rawuhé Gusti iku tekané kaya patrapé maling; ing dina iku langit bakal sirna kanthi swara gumuruh nggegirisi sarta pérang-pérangané bakal lebur kobong, apadéné bumi lan kabèh kang ana ing kono bakal sirna. 11 Mulané menawa samubarang kabèh iki bakal lebur kanthi patrap mangkono iku, saiba gedhéné kasucèn lan kamursidan kang kudu kok udi ing uripmu, 12 ing sajroné kowé padha nganti-anti sarta nyengkakaké tekané dinané Allah. Ing dina iku langit bakal lebur déning geni sarta pérang-pérangané luluh marga urubé. 13 Nanging cocog karo prasetyané, kita padha nganti-anti marang langit anyar sarta bumi anyar kang kadunungan kayektèn. 14 Mulané para Sadulur kinasih, sajroné kowé padha nganti-anti marang iku mau, padha mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacad sarta tanpa blentong ana ing ngarsané kalawan tentrem-rahayu. 15 Sarta kasabarané Gusti kita iku anggepen minangka wewengan tumrap kowé kabèh kanggo olèh karahayon, iya kaya kang wis katulis déning Paulus sadulur kita kang kinasih marang kowé, miturut kawicaksanan kang kaparingaké marang panjenengané. 16 Prakara iku katindakaké ana ing layangé kabèh, nalika ngrembug prakara-prakara iki. Ing sajroning layang-layangé iku ana bab-bab kang angel dipahami, satemah wong-wong kang ora ngerti sarta ora kukuh imané, njungkir-balikaké prakara iku mau, njalari karusakané dhéwé, padha kaya kang katindakaké tumrap tulisan-tulisan liyané. 17 Nanging kowé kabèh, para Sadulur kang kinasih, sadurungé wus padha mangerti prakara iku. Mulané padha diwaspada, supaya aja nganti kasèrèt ing panasaré wong-wong kang ora ngerti pepakon, sarta aja kélangan gondhèlanmu kang kukuh. 18 Malah padha mundhak-mundhaka ing sih-rahmat sarta ing pangertèn marang Gusti lan Juru-wilujeng kita, Yésus Kristus. Panjenengané kang sayogya sinaosan kamulyan ing samengko nganti tumeka ing salawas-lawasé.
1 Apa kang wis ana ing wiwitan mula, kang wis padha dakrungu, kang wis padha dakdeleng kalawan mripatku, kang wis padha dakwaspadakaké, sarta kang wis padha dakgrayang kalawan tanganku bab Sabdaning urip -- iya iku kang padha daktulis marang kowé. 2 Urip iku wis kababar lan wis padha dakdeleng, sarta saiki aku kabèh padha dadi seksi lan martakaké marang kowé kabèh bab urip langgeng kang dumunung ana ing Sang Rama lan kang wis kalairaké marang aku kabèh. 3 Apa kang wis padha dakdeleng lan dakrungu iku mau iya dakwartakaké marang kowé kabèh, supaya kowé uga padha bisa tetunggalan karo aku kabèh. Lan tetunggalanku kabèh iku, tetunggalan karo Sang Rama lan Sang Putra, Yésus Kristus. 4 Iku mau kabèh padha daktulis marang kowé, supaya kabungahanku dadi sampurna. 5 Anadéné iki pawarta kang wis padha dakrungu saka Panjenengané lan dakwartakaké marang kowé kabèh: Allah iku pepadhang lan Panjenengané ora kadunungan pepeteng babar pisan. 6 Saupama kita padha ngaku tetunggalan karo Panjenengané, mangka urip kita padha ana ing sajroning pepeteng, dadi kita padha goroh lan ora padha nindakaké apa kang bener. 7 Nanging menawa urip kita padha ana ing sajroning pepadhang kayadéné Panjenengané iya ana ing pepadhang, dadi kita siji lan sijiné padha tetunggalan, sarta rahé Yésus, ingkang Putra iku, nucèkaké kita kabèh saka sakèhé dosa. 8 Saupama kita padha ngaku ora duwé dosa, dadi kita padha ngapusi awak kita dhéwé lan padha ora kadunungan kayektèn. 9 Menawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengané iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakèhé dosa kita, sarta nucèkaké kita saka sakèhing piala. 10 Saupama kita padha ngaku ora gawé dosa, dadi kita padha nganggep Panjenengané dora, sarta pangandikané ora dumunung ana ing kita.
1 Anak-anakku, prakara iki daktulis marang kowé supaya kowé aja padha gawé dosa. Éwadéné menawa ana kang gawé dosa, kita padha duwé Pantara ana ing ngarsané Sang Rama, yaiku: Yésus Kristus kang adil. 2 Iya Panjenengané iku kang dadi pangruwat tumrap sakèhé dosa kita lan ora mung kanggo dosa kita baé, nanging uga kanggo dosané wong sajagat kabèh. 3 Déné titikané menawa kita padha wanuh marang Allah yaiku menawa kita padha netepi pepakèné. 4 Sapa kang ngucap, "Aku wanuh Panjenengané," mangka ora netepi pepakèné, iku wong goroh lan ora kadunungan kayektèn. 5 Ananging sapa baé kang netepi pangandikané, iku kang sanyata kadunungan sihing Allah kang sampurna; iya iku margané anggon kita padha sumurup, yèn kita padha dumunung ana ing Panjenengané. 6 Sapa kang ngucap yèn nunggil karo Panjenengané, uripé wajib kaya sugengé Kristus. 7 Para Sadulur kinasih, kang daktulis marang kowé iki dudu pepakon anyar, nanging pepakon lawas kang wis ana ing kowé wiwit wiwitan mula. Pepakon kang lawas iku yaiku pangandika kang wis padha kokrungu. 8 Éwasamono kang daktulis marang kowé iku, uga pepakon anyar, kang sanyata ana ing Panjenengané lan ana ing kowé, amarga pepeteng iku lagi sirna lan pepadhang kang sejati wis sumunar. 9 Sing sapa ngucap yèn dumunung ana ing pepadhang, nanging sengit marang saduluré tunggal pracaya, iku isih dumunung ana ing pepeteng nganti sapréné. 10 Sing sapa tresna marang saduluré tunggal pracaya, iku kang lestari ana ing pepadhang, sarta ora dadi sandhungan. 11 Nanging sing sapa sengit marang saduluré tunggal pracaya, iku dumunung ana ing pepeteng, sarta urip ana ing pepeteng. Wong iku ora weruh menyang ngendi parané, amarga pepeteng mau wis gawé picaking mripaté. 12 Hé, anak-anak, aku nulis marang kowé, awit dosamu wis padha kaapura marga saka asmané. 13 Hé, para bapa, aku nulis marang kowé, amarga kowé wis padha wanuh marang Panjenengané kang ing wiwitan mula wis ana. Hé, para wong anom, aku nulis marang kowé, amarga kowé wis padha ngalahaké piala. 14 Hé, anak-anak, aku nulis marang kowé, amarga kowé wis padha wanuh marang Sang Rama. Aku nulis marang kowé, hé, para bapa, amarga kowé padha wanuh marang Panjenengané, kang ing kala purwa wis ana. Aku nulis marang kowé, hé, para wong anom, amarga kowé padha santosa, sarta pangandikané Allah dumunung ana ing kowé lan kowé wis padha ngalahaké piala. 15 Kowé kabèh aja padha nresnani donya lan samubarang kang ana ing kono. Menawa wong nresnani donya, iku ora kadunungan katresnan marang Sang Rama. 16 Sabab samubarang kang ana ing donya, yaiku pepénginané daging lan pepénginané mripat tuwin angkuhing urip, iku pinangkané ora saka Sang Rama, nanging saka ing donya. 17 Lan donya iki dalah pepénginané lagi sirna, nanging sapa wong kang nglakoni karsané Allah iku tetep urip ing salawas-lawasé. 18 Anak-anakku, saiki-iki jaman kang wekasan. Lan kaya kang wis padha kokrungu yèn antikristus bakal teka, samengko iya wis akèh antikristus kang padha jumedhul. Kang mangkono iku dadi pratandha yèn saiki-iki jaman kang wekasan temenan. 19 Pancèn asalé antikristus iku saka ing antara kita, nanging sanyatané padha dudu panunggalan kita; awit saupama temen-temen dadi panunggalan kita, mesthi tetep padha nunggal karo kita. Nanging iku kelakon mangkono, supaya tetéla yèn wong-wong iku kabèh dudu panunggalan kita. 20 Balik kowé iku wis padha kajebadan déning Kang Suci lan marga saka mangkono kowé dadi padha mangerti. 21 Aku nulis marang kowé iku ora marga kowé padha ora sumurup marang kayektèn, nanging iya marga kowé padha sumurup marang bab iku, lan uga marga kowé padha sumurup yèn sakèhing goroh iku ora ana kang asalé saka kayektèn. 22 Sapa ta si pangawak goroh iku? Apa dudu kang nyélaki yèn Yésus iku Kristus? Iku antikristus, yaiku kang nyélaki marang Sang Rama lan Sang Putra. 23 Amarga sapa baé kang nyélaki Sang Putra iku iya ora nduwèni Sang Rama. Sapa baé kang ngakoni Sang Putra, iya nduwèni Sang Rama. 24 Mungguh ing kowé kabèh, apa kang wis padha kokrungu wiwit wiwitan mula, iku tetepa dumunung ana ing kowé. Menawa apa kang wis kokrungu wiwit wiwitan mula iku tetep dumunung ana ing kowé, kowé iya bakal padha tetep ana ing Sang Putra lan ana ing Sang Rama. 25 Anadéné prasetya kang wis kaprasetyakaké déning Panjenengané piyambak marang kita, yaiku urip langgeng. 26 Kabèh kang daktulis marang kowé iku mau, yaiku bab wong-wong kang sumedya nasaraké kowé. 27 Sabab jebadan kang wis padha koktampani saka Panjenengané iku tetep ana ing kowé. Marga saka iku kowé padha ora prelu diwulang déning wong liya. Nanging kayadéné jebadan saka Panjenengané iku mulang marang kowé bab samubarang -- lan piwulangé iku nyata, ora goroh -- sarta kayadéné anggoné Panjenengané biyèn wis mulang marang kowé, mangkono uga kowé padha tetepa ana ing Panjenengané. 28 Ing samengko, anak-anakku, padha tetepa ana ing Kristus, supaya samangsa Panjenengané ngatingal, kita padha kanthi tatag lan ora usah isin ana ing ngarsané bésuk ing dina rawuhé. 29 Menawa kowé padha sumurup yèn Panjenengané iku leres, kowé iya padha mangertia yèn saben wong kang nglakoni apa kang bener, iku lairé saka Panjenengané.
1 Mangertia, iba gedhéné katresnan kang kaparingaké déning Sang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut para putraning Allah, lan kita pancèn para putraning Allah. Mulané jagat ora wanuh marang kita, amarga jagat iku ora wanuh marang Panjenengané. 2 Para Sadulurku kang kinasih, saiki kita padha dadi putraning Allah, ananging durung cetha kepriyé kaanan kita ing tembé. Nanging kita padha sumurup, samangsa Kristus ngatingal, kita bakal dadi padha karo Panjenengané, amarga kita bakal padha ndeleng kaananing Panjenengané ing sanyatané. 3 Saben wong kang duwé pangarep-arep mangkono marang Panjenengané, wong iku nucèkaké awak kayadéné Panjenengané iku suci. 4 Saben wong kang nglakoni dosa, iku uga nerak angger-anggeré Allah, sabab dosa iku panerak tumrap angger-anggering Allah. 5 Lan kowé padha sumurup yèn anggoné Panjenengané wis rawuh, iku prelu mbirat sakèhing dosa, sarta Panjenengané iku ora kadunungan dosa. 6 Saben wong kang tetep ana ing Panjenengané, iku ora gawé dosa manèh; saben wong kang tetep gawé dosa, iku ora tau weruh lan ora tau wanuh marang Panjenengané. 7 Anak-anakku, kowé aja gelem disasaraké déning sapa baé. Sapa kang nindakaké apa kang bener iku kadunungan kayektèn, padha kaya Kristus iku leres. 8 Sapa kang tetep nindakaké dosa, iku asalé saka Iblis, sabab Iblis anggoné gawé dosa wus wiwit wiwitan mula. Déné rawuhé Putraning Allah iku supaya nglebur sakèhing panggawéné Iblis. 9 Saben wong kang lairé saka Allah, iku tansah ora nglakoni dosa; amarga wijining ka-Allahan tetep ana ing batiné, lan ora bisa tansah nglakoni dosa, amarga lairé saka ing Allah. 10 Iki titikané para putraning Allah lan para anaké Iblis; sapa baé kang ora nindakaké apa kang bener iku asalé ora saka Allah, mangkono uga kang ora tresna marang saduluré tunggal pracaya. 11 Sabab iya iki pawarta kang wis padha kokrungu saka wiwitan mula, yaiku supaya kita padha tresna-tinresnan. 12 Aja kaya Kain, kang asalé saka si jahat sarta matèni adhiné. Apa sababé anggoné matèni iku? Amarga sakèhing panggawéné ala, lan panggawéning adhiné becik. 13 Para Sadulur, aja padha gumun menawa jagat padha sengit marang kowé. 14 Kita padha sumurup, yèn kita wis padha pindhah saka ing pati marang urip, yaiku marga kita padha tresna marang para Sadulur kita tunggal pracaya. Sapa wong kang ora nresnani, iku tetep dumunung ana ing pati. 15 Saben wong kang sengit marang saduluré tunggal pracaya iku ateges matèni saduluré mau. Lan kowé padha sumurup, menawa wong sing seneng matèni iku ora kadunungan urip langgeng. 16 Sarana iki anggon kita nyumurupi katresnané Kristus, yaiku: Panjenengané wis masrahaké nyawané kanggo kita; dadi kita iya padha duwé kuwajiban masrahaké nyawa kita kanggo sadulur-sadulur kita tunggal pracaya. 17 Sapa sing uripé ing donya kalubèran, mangka weruh saduluré tunggal pracaya kacingkrangan, éwadéné nutup lawanging atiné tumrap saduluré mau, kepriyé bisané kasebut yèn katresnaning Allah tetep dumunung ing wong iku? 18 Anak-anakku, anggon kita padha tresna aja kalawan tembung utawa ilat, nanging sarana panggawé sarta ing sajroning kayektèn. 19 Mangkono iku anggon kita padha nyumurupi, yèn asal kita iku saka ing kayektèn lan bisa nentremaké ati kita ana ing ngarsané Allah, 20 samangsa ati kita melèhaké kita. Sabab kaagungané Allah iku ngluwihi ati kita sarta Panjenengané ngawuningani samubarang. 21 Para Sadulurku kang kinasih, menawa ati kita ora melèhaké kita, dadi kita padha kanthi teguh ing pracaya sowan ing ngarsané Allah, 22 lan apa baé kang padha kita suwun, bakal kaparingaké marang kita, amarga kita padha netepi sakèhing pepakoné sarta nglakoni apa kang ndadèkaké keparengé. 23 Anadéné pepakoné iya iku, supaya kita padha pracaya marang asmané Yésus Kristus, Kang Putra, lan supaya padha tresna-tinresnan cundhuk karo pepakon kang kadhawuhaké déning Panjenengané marang kita. 24 Sapa kang netepi sakèhing pepakoné, iku dumunung ana ing Allah, lan Allah ing wong iku. Déné anggon kita padha sumurup yèn Allah dumunung ana ing kita iku sarana Roh kang wis kaparingaké marang kita.
1 Para Sadulurku kang kinasih, aja padha pracaya marang sadhéngah roh, nanging roh-roh iku tlitinen, apa asalé saka Allah; amarga akèh nabi palsu kang jumedhul lan ndlajahi sajagat kabèh. 2 Anggonmu padha ngerti yèn iku Rohing Allah, mangkéné: Saben roh kang ngakoni menawa Yésus Kristus wis rawuh dadi manungsa, iku asalé saka Allah. 3 Lan saben roh kang ora ngakoni Yésus, iku asalé ora saka Allah. Roh iku rohing antikristus, kang wis padha kokrungu wartané yèn bakal teka, lan samengko wis ana ing jagat. 4 Anak-anakku, kowé kabèh iku asalé saka Allah lan wis padha ngalahaké para nabi palsu iku; sabab Roh kang dumunung ana ing kowé iku ngungkuli roh kang dumunung ana ing jagat. 5 Wong-wong iku asalé saka jagat, mulané kang padha diucapaké iku iya prakara-prakara kadonyan, lan jagat ngrungokaké. 6 Kita iki asalé saka Allah; sapa kang wanuh marang Allah, iku padha ngrungokaké marang kita. Wong kang asalé ora saka Allah iku ora ngrungokaké marang kita. Kaya mangkono titikané Rohing kayektèn karo rohing panasaran. 7 Para Sadulur kang kinasih, payo kita padha tresna-tinresnan, amarga katresnan iku asalé saka Allah, lan saben wong kang nindakaké katresnan, iku lairé saka Allah lan wanuh karo Allah. 8 Sapa kang ora nindakaké katresnan, iku ora wanuh karo Allah, sabab Allah iku katresnan. 9 Katresnané Allah iku kababaraké ing antara kita, yaiku Allah wis ngutus Kang Putra ontang-anting ngrawuhi jagat supaya kita padha urip marga déning Panjenengané. 10 Katresnan iku mangkéné: Dudu kita kang wis padha tresna marang Allah, nanging Allah kang wis nresnani kita lan wis ngutus Kang Putra minangka pangruwating dosa kita. 11 Para Sadulur kang kinasih, sarèhné nganti samono anggoné Allah nresnani kita, mulané kita iki iya padha kuwajiban tresna-tinresnan. 12 Ora ana wong kang tau ndeleng marang Allah. Menawa kita padha tresna-tinresnan, Allah tetep dumunung ana ing kita, lan katresnané iku sampurna ana ing kita. 13 Kaya mangkono anggon kita padha sumurup yèn kita tetep ana ing Panjenengané, lan Panjenengané ana ing kita, amarga Panjenengané wus maringaké Rohé marang kita. 14 Lan aku kabèh wis padha ndeleng lan neksèni yèn Sang Rama wis ngutus Sang Putra dadi Pamartaning jagat. 15 Sapa kang ngakoni yèn Yésus iku Putrané Allah, Allah tetep ana ing wong iku, lan wong iku ana ing Allah. 16 Kita iki wis padha nyumurupi lan pracaya marang katresnané Allah marang kita. Allah iku katresnan, lan sapa kang tetep dumunung ing katresnan, iku tetep ana ing Allah, lan Allah ana ing wong iku. 17 Katresnané Allah iku sampurna ana ing kita, yaiku menawa kita padha tatag ing pracaya ing dina pangadilan, awit kayadéné Panjenengané, kita uga ana ing donya kéné. 18 Sajroning katresnan ora ana rasa wedi, katresnan kang sampurna iku malah mbéngkas rasa wedi, amarga wedi iku ngandhut paukuman, lan wong kang wedi iku ora sampurna katresnané. 19 Anggon kita padha tresna iku, amarga Allah wis luwih dhisik nresnani kita. 20 Menawa ana wong kang muni, "Aku tresna marang Allah," nanging sengit marang saduluré, iku wong goroh. Awit sapa kang ora tresna marang saduluré kang katon, mokal bisa nresnani Allah kang ora katon. 21 Iki dhawuh timbalan saka Panjenengané: Sapa kang tresna marang Allah, iku iya kudu nresnani saduluré.
1 Saben wong kang pracaya menawa Yésus iku Kristus, iku lairé saka ing Allah, lan saben wong kang tresna marang kang mutrakaké, iku iya tresna marang kang diputrakaké Panjenengané. 2 Anggon kita mangerti yèn kita padha nresnani para putraning Allah, yaiku menawa kita padha tresna marang Allah sarta netepi pepakoné. 3 Amarga iya iki katresnan marang Allah, yaiku yèn kita padha netepi pepakoné. Pepakon-pepakoné iku ora abot, 4 amarga kabèh kang lair saka Allah iku ngalahaké jagat. Lan iki kaunggulan kang ngalahaké jagat, yaiku: pracaya kita. 5 Sapa ta kang ngalahaké jagat, kajaba wong kang pracaya menawa Yésus iku Putrané Allah? 6 Iki Panjenengané kang rawuhé sarana banyu lan getih, yaiku Yésus Kristus, ora mung kalawan banyu baé, nanging kalawan banyu lan getih. Déné Roh iku kang paring paseksi, amarga Roh iku kayektèn. 7 Awit ana telu kang padha paring paseksi ana ing swarga: Rama, Sang Sabda lan Roh Suci; sarta kateluné iku siji. 8 Lan ana telu kang dadi seksi ana ing bumi: Roh lan banyu sarta getih lan kateluné iku siji. 9 Kita padha nganggep marang paseksiné manungsa, ananging paseksiné Allah iku ngluwihi. Amarga iki paseksiné Allah, yaiku: Panjenengané aneksèni mungguhing Kang Putra. 10 Sing sapa pracaya marang Putraning Allah, iku nduwèni paseksi mangkono ana ing batiné; sing sapa kang ora pracaya marang Allah, iku nganggep Panjenengané dora, amarga ora ngandel marang paseksi kang wis kaparingaké Allah mungguhing Kang Putra. 11 Anadéné paseksiné yaiku: Allah wus maringaké urip kang langgeng, lan urip iku dumunung ana ing Sang Putra. 12 Sapa kang nduwèni Sang Putra, iku nduwèni urip. Sapa kang ora nduwèni Putraning Allah, iku ora nduwèni urip. 13 Kabèh iku mau daktulis marang kowé, supaya kowé kang padha pracaya marang asmané Putraning Allah, padha sumurupa yèn kowé kabèh iku padha nduwèni urip langgeng. 14 Anggon kita tatag ing pracaya marang Panjenengané, jalaran Panjenengané mesthi nyembadani pandonga kita, samangsa kita nyuwun apa-apa marang Panjenengané, kang nyondhongi ing karsané. 15 Lan menawa kita padha sumurup yèn Panjenengané nyembadani apa baé, kang kita suwun, dadiné kita padha sumurup uga, yèn kita wis tampa apa kang kita suwun marang Panjenengané. 16 Menawa ana wong kang weruh saduluré tunggal pracaya nglakoni dosa, yaiku dosa kang ora nekakaké pati, iku ndedongaa marang Gusti Allah, temah Panjenengané bakal maringi urip marang wong iku, yaiku kang padha gawé dosa kang ora nekakaké pati. Ana dosa kang nekakaké pati: Yèn tumrap iku, aku ora akon ndongakaké. 17 Sakèhing piala iku dosa, nanging ana dosa kang ora nekakaké pati. 18 Kita sumurup, yèn saben wong kang lair saka Allah iku ora gawé dosa, nanging kaayoman déning Panjenengané, kang miyos saka ing Allah, temah si pangawak dursila ora bisa nggepok wong mau. 19 Kita sumurup, yèn asal kita saka ing Allah, lan sajagat kabèh kawengku déning pangawak dursila. 20 Nanging kita padha sumurup, yèn Putraning Allah wis rawuh sarta wis maringi pangertèn marang kita, supaya kita wanuh marang Kang Sejati; lan kita dumunung ana ing Kang Sejati, ana ing patunggilané Kang Putra Yésus Kristus. Panjenengané iku Allah Kang Sejati lan gesang kang langgeng. 21 Anak-anakku, padha diwaspada marang sakèhé brahala.
1 Saka aku pinituwa, marang Ibu kang pinilih lan anak-anaké kang padha daktresnani ing sajroning kayektèn. Ora mung aku baé kang nresnani kowé kabèh, nanging dalah sakèhing wong kang wis padha ngawruhi kayektèn, 2 marga saka kayektèn kang tetep dumunung ana ing kita lan bakal nunggal karo kita nganti salawas-lawasé. 3 Sih-palimirma, rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah Sang Rama lan saka Yésus Kristus, Putrané Sang Rama, bakal nunggal klawan kita sajroning kayektèn lan katresnan. 4 Aku bungah banget déné nyumurupi, menawa ana anak-anakmu sawatara kang padha urip ing sajroning kayektèn, cundhuk karo pepakon kang wis kita tampani saka Sang Rama. 5 Lan samengko panjalukku marang kowé, ibu, -- aja kok anggep aku nulis pepakon anyar kanggo kowé, nanging kang daktulis iki miturut pepakon kang wis kita duwèni wiwit wiwitan mula -- supaya kita padha tresna-tinresnan. 6 Déné katresnan iku, kita kudu urip manut pepakoné. Lan pepakon iku, yaiku supaya kowé padha urip sajroning katresnan, kaya anggonmu wis padha krungu saka wiwitan mula. 7 Awit wis akèh juru panasaran kang padha jumedhul lan ndlajahi salumahing bumi, kang ora ngakoni menawa Yésus Kristus wis rawuh dadi manungsa. Iku si juru panasaran lan antikristus. 8 Padha diwaspada, supaya kowé aja nganti padha kélangan apa kang wis padha dakgarap, satemah anggonmu padha nampa ganjaranmu sampurna. 9 Saben wong kang nyimpang lan ora dumunung ana ing piwulangé Kristus, iku ora nduwèni Allah. Sing sapa dumunung ana ing piwulang iku, nduwèni Sang Rama lan Sang Putra pisan. 10 Menawa kowé padha katekan wong kang ora ngemban piwulang iku, aja koktampa ana ing omahmu, lan aja kokuluki salam. 11 Sabab sapa kang nguluki salam wong iku, kalépétan panggawéné kang ala. 12 Sanadyan akèh kang kudu daktulis marang kowé, aku ora gelem nulis nganggo kertas lan mangsi, nanging pangarep-arepku bakal teka dhéwé, banjur rerembugan adu-arep karo kowé kabèh, supaya kabungahan kita bisa sampurna. 13 Salam marang kowé kabèh saka anak-anaké sadulurmu wadon kang pinilih.
1 Saka aku pinituwa, marang Gayus kang kinasih, kang daktresnani ing sajroning kayektèn. 2 Sadulurku kang kinasih, pandongaku muga-muga kowé padha becik ing sabarang prakara lan ginanjara bagas-kuwarasan, semono uga nyawamu. 3 Awit aku bungah banget, nalika ana sadulur sawatara teka, awèh paseksi ing bab anggonmu padha urip ing sajroning kayektèn, sabab uripmu pancèn iya mangkono. 4 Tumraping aku, ora ana kabungahan kang gedhéné ngluwihi kabungahanku samangsa aku krungu, menawa anak-anakku padha urip sajroning kayektèn. 5 Sadulurku kang kinasih, kowé tumindak ngetrepi anggonmu dadi wong pracaya, samangsa kowé nindakaké samubarang kanggo para Sadulur tunggal pracaya, sanadyan iku padha wong bangsa liya. 6 Wong-wong iku ana ing sangarepé pasamuwan wis padha awèh paseksi bab katresnanmu. Becik temenan panggawému, menawa padha kokbiyantu kanggo mbacutaké lakuné, kanthi patrap kang ndadèkaké keparengé Allah. 7 Awit anggoné padha lelungan iku marga saka asmané, tanpa nampani apa-apa saka wong-wong kang ora wanuh marang Allah. 8 Kita padha kuwajiban nampa wong-wong kang kaya mangkono iku, supaya kita padha dadi kanca tunggal gawé tumrap apa kang bener. 9 Aku wis nulis sathithik marang pasamuwan, nanging Diotrèfès, kang kepéngin dadi pangarep ana ing pasamuwan, iku ora gelem ngakoni marang aku. 10 Mulané, bésuk samangsa aku teka bakal dakélingaké kang dadi panggawéné, sabab wis ngundhat-undhat nganggo tembung kasar marang aku kabèh; lan ora trima mangkono baé, malah wong mau ora mung emoh nampani para Saduluré tunggal pracaya kang teka baé, nanging sapa kang arep nampa wong-wong mau padha dipenggak, sarta disébrataké saka pasamuwan. 11 Sadulurku kang kinasih, aja nulad marang kang ala, nanging nulada kang becik. Sapa kang gawé becik, iku asalé saka Allah, nanging sapa kang gawé piala, iku ora tau weruh marang Allah. 12 Mungguh Démétrius wis diseksèni becik déning wong kabèh, malah kaseksènan déning kayektèn dhéwé. Lan manèh aku kabèh iya padha awèh paseksi becik tumrap wong iku, lan kowé sumurup, yèn paseksiku iku nyata. 13 Akèh prakara kang kudu daktulis marang kowé, nanging aku ora gelem nulis marang kowé nganggo mangsi lan pèn. 14 Pangarep-arepku énggal bakal nemoni kowé, lan rerembugan adu-arep. 15 Tentrem-rahayu anaa ing kowé! Salam saka para mitramu. Salamku marang para mitra siji-siji.
1 Saka Yudas, abdiné Yésus Kristus sarta saduluré Yakobus, marang para kang katimbalan, kang kinasih ana ing Allah Sang Rama sarta kang padha sinengker kagem Yésus Kristus. 2 Sih-rahmat, tentrem-rahayu, apadéné sih-katresnan nglubèrana kowé kabèh. 3 Para Sadulur kang kinasih, sajroné aku mbudidaya kanthi temenan nulis layang marang kowé bab karahayon kita kabèh, aku rumangsa kadereng nulis iki lan mituturi kowé, supaya padha tetepa anggonmu ngudi mbélani pangandel kang wis kaparingaké marang para suci. 4 Amarga ana sawenèhing wong kang wis nusup ing satengahmu, yaiku wong kang wis suwé padha pinesthèkaké bakal kaukum: para wong duraka kang migunakaké sih-rahmaté Allah kita kanggo ngumbar hawa-napsu, sarta kang nyélaki marang Pangwasa Tunggal lan Gusti kita, Yésus Kristus. 5 Nanging sanadyan kowé wis padha mangerti iku mau kabèh sarta ora mangu-mangu manèh, aku kepéngin ngélingaké kowé, menawa Gusti iku pancèn ngentasaké umat kagungané saka tanah Mesir, nanging sabanjuré numpes kang padha ora pracaya. 6 Mangkono uga, para malaékat kang ora padha manut marang wates-watesing pangwasané, temah ninggal papan padunungané, bakal katahan kanthi blenggu kang langgeng ana ing pepeteng, nganti tekaning pangadilan ing dina gedhé, 7 iya kaya kang mangkono, Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing sakubengé, kang kanthi cara kang padha, nindakaké laku jina, sarta padha mburu kamareman kang ora lumrah, wus padha kasiksa ing geni langgeng, minangka pepéling tumrap manungsa kabèh. 8 Ewadéné, para juru ngimpi uga padha njemberaké badané lan ngrèmèhaké pangwasaning Allah sarta anyenyamah marang sakèhing kamulyan ing swarga. 9 Malah Mikhaèl, panggedhéning para malaékat, nalika padu karo Iblis bab layoné Musa, ora wani ngadili Iblis iku nganggo tembung-tembung panyenyamah, nanging mung ngucap mangkéné, "Kowé muga didukani déning Gusti." 10 Ananging wong-wong iku padha nyenyamah samubarang kang ora padha dimangertèni lan apa kang padha dimangertèni kaya patrapé kéwan kang tanpa budi, malah iku kang njalari karusakané. 11 Bilai wong-wong iku, sabab padha mèlu mlaku ing dalan kang katempuh déning Kain lan marga mburu opah, njegur ing panasarané Biléam, temah padha tumpes, marga anggoné mbaléla kayadéné Korah. 12 Wong iku padha dadi rereged ana ing bujananing katresnanmu, jalaran tanpa nduwèni rasa isin ngentèk-entèkaké sarta mung mentingaké awaké dhéwé. Wong iku padha kaya méga kang tanpa banyu, kang kabur katut ing angin; prasasat wit-witan kang ora metokaké woh ing mangsa gogrog godhongé, kaya wit-witan kang rungkat sarta mati babar pisan. 13 Prasasat ombaking sagara kang nggegirisi, kang ngumplukaké kanisthané dhéwé, padha kaya lintang-lintang kang ngumbara, kang wis kacawisan panggonan ana ing jagating pepeteng langgeng salawasé. 14 Hénokh, turun kang kapitu saka Adam, uga wis meca wong-wong iku, surasané, "Lah Gusti rawuh ginarebeg déning para suci abdiné kang maèwu-èwu cacahé, 15 karsa nindakaké pangadilan tumrap wong kabèh, sarta matrapi paukuman marang sakèhing pratingkah mblasar kang padha dilakoni, sarta jalaran saka sakèhing tembung kang nistha, kang diucapaké déning para wong dosa kang mblasar iku marang Gusti." 16 Iku wong kang padha grundelan lan ora nrima ing pepesthèn, urip nuruti hawa-napsu, nanging cangkemé padha ngucapaké tembung-tembung kang ngayawara, ngonggrong wong, supaya olèh kauntungan. 17 Nanging kowé iku, para Sadulur kinasih, padha élinga marang pangandika kang biyèn wis kawedharaké marang kowé kabèh déning para rasulé Gusti kita, Yésus Kristus. 18 Jalaran kowé wis padha dipangandikani, "Mbésuk ngarepaké jaman wekasan bakal ana juru pamoyok, kang lakuné padha ngumbar hawa-napsuné kang mblasar." 19 Wong-wong iku kang padha njalari cecongkrahan, manungsa kadonyan kang ora kadunungan Roh Suci. 20 Nanging kowé, para Sadulur kinasih, padha mbanguna awakmu dhéwé, kanthi kadhasarana pracayamu kang suci linuwih, sarta ndedongaa ana ing patunggilané Roh Suci. 21 Awakmu padha reksanen kanthi patrap mangkono iku, ana ing sajroning sihé Allah, kalawan nganti-anti marang sih-rahmaté Gusti kita, Yésus Kristus, tumuju ing urip langgeng. 22 Wong-wong kang atiné isih mangu-mangu padha welasana. 23 Wong iku padha entasna sarana karebut saka ing geni. Nanging télakna welas-asihmu kanthi rasa wedi marang wong-wong liyané uga, sarta padha sengita marang sandhangané wong-wong kang kajemberaké déning pepénginan-pepénginaning dosa. 24 Kagem Panjenengané kang kwasa ngreksa marang kowé kabèh, supaya padha ora kesandhung sarta mrenahaké kowé kalawan tanpa cacad lan kanthi kebak kabungahan ana ing ngarsaning kamulyané. 25 Allah kang mung siji, Pamarta kita, marga déning Yésus Kristus, Gusti kita, iku kang sayogya sinaosan kamulyan, kaluhuran, kasantosan sarta pangwaos, sadurungé dumadining jaman, saiki sarta nganti ing salawasé. Amin.
1 Iki wahyuné Yésus Kristus, kang kaparingaké déning Allah marang Panjenengané, supaya katedahaké marang para abdiné bab apa kang pinasthi bakal énggal kelakon. Panjenengané wus medharaké bab iku marang Yohanes abdiné, lantaran malaékat utusané. 2 Yohanes wus neksèni bab pangandikané Allah lan bab paseksi kang kaparingaké déning Yésus Kristus, yaiku samubarang kang wus kadeleng. 3 Rahayu wong kang macakaké lan para wong kang padha ngrungokaké pamedhar wangsit iki sarta kang netepi apa kang katulis ing kono, awit waktuné wus cedhak. 4 Saka Yohanes marang pasamuwan pepitu kang ana ing Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowé kabèh, saka Panjenengané, kang ana lan kang wis ana sarta kang bakal rawuh, apadéné saka roh pepitu kang padha ana ing ngarsaning dhamparé, 5 sarta manèh saka Yésus Kristus, Seksi kang setya, kang dhisik dhéwé wungu saka ing antarané wong mati lan kang ngwaosi para raja ing bumi iki. Kagem Panjenengané, kang ngasihi kita lan kang wis mbirat dosa kita kalawan rahé, -- 6 lan kang wis ndadèkaké kita sawijining kraton, lan imam-imam sumaos marang Allah, ingkang Rama, -- iya kagem Panjenengané iku kamulyan lan pangwasa nganti ing salawas-lawasé. Amin. 7 Kawruhana, Panjenengané rawuh nitih méga lan saben mripat bakal ndeleng Panjenengané, dalah wong kang wis padha njojoh Panjenengané. Sakèhing bangsa ing bumi bakal nangisi Panjenengané. Iya, Amin. 8 "Ingsun iki Alfa lan Oméga, Pangandikané Gusti Allah kang ana, lan kang wus ana, sarta kang bakal rawuh, kang Mahakwasa." 9 Aku, Yohanes, sadulur sarta panunggalanmu sajroning kasusahan, ing sajroning Kraton sarta kanthi mantep nganti-anti marang Yésus, lagi ana ing pulo kang aran Patmos marga saka pangandikané Allah lan paseksi kang kaparingaké déning Yésus. 10 Mbeneri ing dinané Gusti, aku kalimputan ing Roh lan aku krungu swara kang sora ana ing mburiku, kaya uniné kalasangka, 11 pangandikané, "Apa kang sira deleng, iku tulisen ana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: Marang Éfesus, marang Smirna, marang Pèrgamus, marang Tiatira, marang Sardis, marang Filadèlfia lan marang Laodikia." 12 Aku tumuli nolèh arep meruhi swara kang ngandikani aku iku. Lan sawisé aku nolèh, aku weruh ana cagak padamaran mas pitu. 13 Sarta ing tengah-tengahé cagak padamaran pitu mau ana kang madha rupa karo Putraning Manungsa, ngagem jubah kang dawané nganti klangsrah tekan sampéyané, lan jajané apaningset emas. 14 Mustaka lan rékmané putih kaya wulu wedhus gèmbèl, memplaké kaya salju lan tingalé kaya urubing geni. 15 Sampéyané kaya tembaga mengangah ana sajroning prapèn; swarané kaya kumrosaking banjir gedhé. 16 Astané kang tengen ngasta lintang pitu sarta tutuké ngedalaké pedhang kang landhep kiwa-tengen, wedanané sumunar kaya srengéngé kang padhang sumilak. 17 Nalika aku weruh Panjenengané, aku nuli sujud ana ing ngarsaning sampéyané kaya wong mati; nanging aku banjur ditumpangi astané kang tengen, sarta dingandikani, "Aja wedi! Ingsun iki Kang Wiwitan lan Kang Wekasan, 18 lan Kang Gesang, Ingsun wus séda, nanging delengen, Ingsun gesang nganti salawas-lawasé lan Ingsun ngasta sakèhing kunciné pati lan kratoning pati. 19 Marga saka iku tulisen apa kang wis sira deleng, iya kang kelakon ing samengko tuwin kang bakal kelakon ing tembé. 20 Mungguh wadiné lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningsun tengen lan cagak padamaran emas pitu iku mangkéné: Lintang pitu iku malaékaté pasamuwan pepitu lan cagak padamaran emas pitu iku pasamuwan pepitu."
1 "Sira nulisa marang malaékaté pasamuwan ing Éfesus: Iki pangandikané kang ngasta lintang pepitu ing astané tengen lan kang tindak ing antarané cagak padamaran mas pepitu iku. 2 Ingsun pirsa sakèhing panggawénira, iya marang rekasanira iya marang kaantepanira. Ingsun pirsa, menawa sira ora bisa nyabari para wong duraka, lan menawa sira wus nliti wong-wong kang ngaku-aku rasul, mangka ing sanyatané dudu, menawa sira wis meruhi wong-wong iku tukang goroh. 3 Sira tetep sabar sarta nandhang sangsara marga saka asmaningsun; lan sira ora tau krasa sayah. 4 Sanadyan mangkono sira Ingsun cacad, marga sira wis ninggal katresnanira kang kawitan. 5 Mulané sira élinga sapira jeroné anggonira wis keplorod! Padha mratobata sarta nglakonana kaya panggawénira kang sakawit. Menawa ora mangkono, Ingsun mesthi bakal ngrawuhi sira, sarta Ingsun bakal mundhut cagak padamaranira saka ing panggonané, menawa sira ora mratobat. 6 Nanging iki kang dumunung ing sira, yaiku sira sengit marang tumindaking wong-wongé Nikolaus, kang uga Ingsun sengiti. 7 Sapa kang duwé kuping, ngrungokna apa kang kapangandikakaké déning Roh marang pasamuwan-pasamuwan. Sing sapa unggul, iku bakal sunparingi mangan wohing wit panguripan kang ana ing Taman Firdaus kagungané Allah." 8 "Sira nulisa marang malaékaté pasamuwan ing Smirna: Iki pangandikané Kang Wiwitan sarta Kang Wekasan, kang wus séda lan gesang manèh: 9 Ingsun pirsa kasusahanira lan kamlaratanira, --ananging sira sugih -- apadéné pitenahé wong kang ngaku-aku wong Yahudi, mangka sanyatané dudu; kosok-baliné wong-wong iku panunggalané Iblis. 10 Sira aja wedi marang sadhéngah kasangsaran kang kudu sira sangga! Satemené Iblis bakal nglebokaké wong sawatara panunggalanira marang pakunjaran, supaya sira nampa pacoban sarta sira bakal ketaman kasusahan sapuluh dina lawasé. Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, lan sira bakal sunganjar makuthaning kauripan. 11 Sapa kang duwé kuping, ngrungokna apa kang dipangandikakaké déning Roh marang pasamuwan-pasamuwan: Sing sapa unggul, iku ora bakal nandhang sangsara déning pati kang kapindho." 12 "Sira nulisa marang malaékaté pasamuwan ing Pèrgamus: Iki pangandikané kang ngasta pedhang landhep kiwa-tengen: 13 Ingsun pirsa ana ing ngendi pamanggonira, iya iku panggonan dhamparé Iblis; éwadéné sira ngugemi asmaningsun, sarta ora nyélaki pracayanira marang Ingsun, uga ora ing nalika jamané Antipas, seksiningsun, kang setya marang Ingsun kang dipatèni ana ing ngarepira, ing panggonané Iblis. 14 Ananging sira, ana sawatara kang suncacad; ing antaranira ana sawatara kang padha ngugemi piwulangé Biléam, kang ngajani Balak supaya njlomprongaké wong Israèl, supaya padha mangana sesajèné brahala sarta laku-jina. 15 Mangkono uga ing antaranira ana kang padha ngugemi piwulangé para panganuté Nikolaus. 16 Marga saka iku sira mratobata! Menawa ora mangkono, Ingsun bakal énggal ngrawuhi sira sarta Ingsun bakal nempuh perang marang wong-wong mau kalawan pedhang kang ana ing tutukingsun iki. 17 Sapa kang duwé kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikané Roh marang pasamuwan-pasamuwan: Sapa kang unggul, bakal sunparingi mangan manna kang piningit; sarta sunganjar watu putih, kang ing ndhuwuré katulisan jeneng anyar, kang ora kawruhan ing wong, kajaba kang nampani iku." 18 "Sira nulisa marang malaékaté pasamuwan ing Tiatira: Iki pangandikané putraning Allah, kang tingalé kaya urubing geni lan sampéyané kaya tembaga: 19 Ingsun pirsa sakèhing panggawénira: iya katresnanira, iya pracayanira, apadéné pangabdinira lan kaantepanira. Ingsun pirsa, menawa panggawénira kang wekasan iku ngluwihi kang wiwitan. 20 Nanging sira suncacad, amarga sira ngumbar Izébèl, wong wadon kang ngaku-aku nabi, memulang lan nasaraké para abdiningsun supaya laku-cabul lan mangan sesajèné brahala. 21 Ingsun wus paring waktu marang wong mau supaya mratobat, nanging ora gelem mratobat saka anggoné laku-cabul. 22 Wruhanira, wong iku bakal sungluntungaké ing paturon, sundadèkaké lara lan para kang laku-jina karo wong mau bakal suntempuhaké ing sangsara gedhé, menawa padha ora mratobat saka pratingkahé wong wadon iku. 23 Apadéné anak-anaké bakal suntumpes. Satemah sakèhé pasamuwan bakal padha mangerti yèn Ingsun iki kang nliti pikiran lan atining manungsa. Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijiné panunggalanira miturut sapanggawénira. 24 Nanging sira, iya iku wong-wong liyané kang ana ing Tiatira, kang ora ngugemi piwulang iku, lan kang ora nyinau wewadining Iblis, kayadené anggoné ngarani, iku sundhawuhi, mangkéné: Ingsun ora karsa ngetrapi momotan liyané marang sira. 25 Nanging apa kang sira duwèni iku kukuhana nganti sarawuhingsun. 26 Déné sapa kang unggul lan nindakaké pakaryaningsun nganti tumeka ing wekasan, iku bakal sunganjar pangwasa mengku para bangsa, 27 lan iku bakal padha dirèh klawan teken wesi; wong-wong iku bakal karemuk kaya grabah, -- padha kaya pangwasa kang Ingsun tampèni saka Ramaningsun --, 28 apadéné bakal sunganjar lintang panjer ésuk. 29 Sapa kang duwé kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikané Roh marang pasamuwan-pasamuwan."
1 "Sira nulisa marang malaékaté pasamuwan ing Sardis: Iki pangandikaning Panjenengané, kang kagungan Rohé Allah pepitu lan lintang pepitu iku: Ingsun pirsa sakèhing panggawénira; sira kaaranan urip, mangka satemené mati! 2 Sira tangia, lan nyantosakna apa kang isih kari kang wis ngarepaké mati, awit panggawénira iku ora ana siji-sijia kang sunpanggih sampurna ana ing ngarsané Allahingsun. 3 Awit saka iku sira élinga, kepriyé anggonira nampani lan krungu; iku tetepana lan mratobata! Awit menawa sira ora jumaga, Ingsun bakal ngrawuhi sira kaya maling, sarta sira ora bakal mangerti wayah apa anggoningsun ngrawuhi sira. 4 Nanging ing Sardis kono uga ana wong sawatara kang ora ngregedi sandhangané; wong-wong iku bakal ndhèrèk ing satindakingsun kalawan manganggo putih, marga padha sembada. 5 Sapa kang unggul, iku bakal dienggoni sandhangan putih kaya mangkono; Ingsun bakal ora mbusak jenengé saka ing buku kauripan, nanging ingsun bakal ngakeni jenengé ana ing ngarsané Ramaningsun lan ing ngarepé para malaékaté. 6 Sapa kang duwé kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikané Roh marang pasamuwan-pasamuwan." 7 "Sira nulisa marang malaékaté pasamuwan ing Filadèlfia: Iki pangandikané Kang Suci, Kang Sanyata, kang ngasta kunciné Daud; samangsa Panjenengané ngengakaké, ora ana kang bisa nutup, samangsa Panjenengané nutup, ora ana kang bisa ngengakaké. 8 Ingsun pirsa sakèhing panggawénira: Wruhanira, sira wis sunwengani lawang kang ora bisa kainebaké déning wong. Ingsun pirsa menawa kakuwatanira ora sapiraa, nanging sira netepi pangandikaningsun sarta ora nyélaki asmaningsun. 9 Wruhanira, wong sawatara saka panunggalané Iblis, yaiku kang padha ngaku-aku Yahudi, mangka sajatiné dudu, nanging goroh, iku bakal sunpasrahaké marang sira. Sanyatané Ingsun nekakaké wong-wong iku, supaya padha sumungkem sujud ana ing ngareping sikilira sarta padha mangerti, yèn Ingsun ngasihi sira. 10 Amarga sira wis netepi pangandikaningsun, supaya kalawan sabar mantep nganti-anti marang Ingsun, mulané Ingsun iya bakal ngreksa sira ing dina pacoban kang bakal nekani ing sajagat kabèh kanggo nliti wong-wong kang padha manggon ing bumi. 11 Ingsun bakal énggal rawuh. Kukuhana, apa kang sira duwèni, supaya aja ana wong kang ngrebut makuthanira. 12 Sapa kang unggul, iku bakal sundadèkaké saka-guru ana ing Padaleman Suciné Allahingsun, lan bakal ora metu manèh saka kono; karodéné bakal suntulisi asmané Allahingsun, jenengé kuthané Allahingsun, yaiku Yérusalèm anyar, kang tumurun saka swarga saka Allahingsun, sarta asmaningsun kang anyar. 13 Sapa kang duwé kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikané Roh marang pasamuwan-pasamuwan." 14 "Lan sira nulisa marang malaékaté pasamuwan ing Laodikia: Iki pangandikané Sang Amin, Seksi kang setya tuhu lan sanyata, wiwitané titahing Allah: 15 Ingsun pirsa sakèhing panggawénira: sira iku ora adhem lan ora panas. Saiba beciké saupama sira adhem utawa panas. 16 Kang iku sarèhné sira iku manget-manget, ora adhem lan ora panas, mulané Ingsun bakal nglepèh sira saka ing tutukingsun. 17 Sarèhné sira duwé ujar: Aku iki sugih lan aku wis ngudi kasugihan sarta ora kekurangan apa-apa, apa manèh marga sira ora mangerti, yèn sira iku mlarat lan memelas, wuta lan kawudan, 18 mulané Ingsun ndhawuhi sira, supaya sira tuku mas kang binesot ing geni marang Ingsun, supaya sira dadi sugih; lan uga sandhangan putih, supaya sira anggo, temah aja nganti katon anggonmu wuda, kang ngisin-isini; apadéné lenga kanggo mblonyohi mripatira, supaya sira bisa ndeleng. 19 Sapa wong kang sunkasihi, iku sunwelèhaké lan sunpatrapi; marga saka iku, sing tumemen lan mratobata! 20 Wruhanira, Ingsun jumeneng ana ngarep lawang sarta thothok-thothok; menawa ana wong kang krungu swaraningsun lan mbukakaké lawang, Ingsun bakal lumebet manggihi wong iku lan kembul bujana bareng wong iku lan wong iku karo Ingsun. 21 Sapa kang unggul, iku bakal sunlenggahaké bareng karo Ingsun ana ing dhamparingsun, kayadéné Ingsun uga wis unggul lan banjur lenggah bareng Ramaningsun ana ing dhamparé. 22 Sapa kang duwé kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikané Roh marang pasamuwan-pasamuwan."
1 Sawisé mangkono aku weruh: Lah sanyata, lawanging swarga ana kang menga sarta ana swara kang wis dakrungu biyèn, ngandikani aku kaya swarané kalasangka, mangkéné, "Sira munggaha mréné bakal suntedahi apa kang sawisé iki pinasthi kelakon." 2 Sanalika iku aku kalimputan ing Roh, lah ing swarga ana dhampar, lan ana kang lenggah ing dhampar iku. 3 Panjenengané kang lenggah ing dhampar iku sawangané kaya sesotya yaspis lan sardis; lan ing sakubengé dhampar ana kluwungé kang katon sumunar kaya jamrud. 4 Anadéné ing sakubengé dhampar mau ana dhamparé patlikur linenggahan déning pinituwa patlikur, padha ngagem ageman putih sarta ngagem makutha emas. 5 Saka ing dhampar mau ana kilaté kang metu lan swara gludhug kang gumleger, lan ing ngarepé dhampar ana obor pitu kang padha murub: yaiku Rohé Allah pepitu. 6 Karodéné ing ngarepé dhampar ana sagara kaca kristal; ing satengahé dhampar lan ing sakubengé ana makluk papat padha kebak mripat ana ing ngarep lan ing buri. 7 Déné makluk mau kang kapisan kaya singa, kang kapindho kaya pedhèt, kang katelu iku rainé kaya manungsa, lan kang kapaté kaya manuk garudha mabur. 8 Makluk papat mau siji-sijiné ana swiwiné enem, ing sisih njaba lan njeroné padha kebak mripat, lan rina-wengi tanpa lèrèn anggoné ngucap mangkéné, "Suci, suci, suci, Gusti Allah ingkang Mahakwaos, ingkang rumiyin wonten, ingkang samangké wonten, saha ingkang badhé rawuh." 9 Saben-saben makluk mau padha ngunjukaké pamuji lan pakurmatan tuwin puji sokur marang Panjenengané kang lenggah ing dhampar lan kang gesang langgeng ing salawas-lawasé, 10 para pinituwa patlikur mau banjur padha sumungkem ana ing ngarsané kang lenggah ing dhampar iku, sarta manembah marang Panjenengané kang gesang ing salawas-lawasé. Sarta padha nyèlèhaké makuthané ana ing sangarepé dhampar iku kalawan munjuk, 11 "Dhuh Gusti saha Allah kawula, Paduka ingkang sayogi tampi pamuji saha pakurmatan sarta pangwaos. Amargi Paduka sampun nitahaken samukawis; sarta amargi saking karsa Paduka, samukawis punika wonten lan tinitahaken."
1 Aku tumuli sumurup kitab gulungan ana ing astané tengen Panjenengané kang lenggah ing dhampar mau, kang katulisan ing njero lan ing njaba lan disègel nganggo sègel pitu. 2 Aku weruh malaékat kang prakosa nguwuh-uwuh klawan swara sora, "Sapa kang pantes ngudhari gulungan kitab iku sarta mbukaki sègelé?" 3 Nanging ing swarga lan ing bumi tuwin sangisoring bumi, ora ana kang bisa ngudhari gulungan kitab mau sarta ndeleng sisih njeroné. 4 Aku banjur nangis kelara-lara, amarga ora ana wong sijia baé kang dianggep pantes ngudhari gulungan kitab iku utawa ndeleng sisih njeroné. 5 Banjur ana salah sijiné pinituwa kang ngandika marang aku, "Kowé aja nangis! Delengen, singa kang saka trah Yéhuda, yaiku sogolané Daud, kang wis unggul, temah Panjenengané bisa ngudhari gulungan kitab iku sarta mbukaki sègelé pitu." 6 Aku banjur ndeleng ing satengahé dhampar lan makluk papat iku tuwin ing satengahé para pinituwa mau ana Cempé jumeneng katoné kaya wis kasembelèh, singaté pitu lan tingalé pitu: yaiku Rohé Allah pepitu kang kautus menyang salumahing bumi. 7 Panjenengané iku banjur nyelak sarta nampani gulungan kitab mau saka astané tengen Panjenengané kang pinarak ing dhampar. 8 Nalika Panjenengané mundhut gulungan kitab mau, makluk papat lan pinituwa patlikur iku nuli sungkem ana ing ngarsané Cempé iku, karo padha nyekel clempung lan bokor emas, isi dupa kebak; yaiku pandongané para suci. 9 Sarta padha ngidungaké kidung anyar, tembungé, "Paduka sembada nampèni gulungan kitab punika sarta mbikaki sègelipun; amargi Paduka sampun kasembelèh lan sarana rah Paduka, Paduka sampun nebus tiyang-tiyang saking saben taler saha basa tuwin umat miwah bangsa kagem Allah. 10 Sarta Paduka ndadosaken tiyang-tiyang punika satunggaling kraton lan imam-imam kagem Allah kita, sarta sami badhé ngerèh dados raja wonten ing bumi." 11 Aku tumuli ndeleng lan krungu swarané malaékat akèh ing sakubenging dhampar, lan makluk-makluk tuwin para pinituwa; cacahé pirang-pirang atus èwu lan pirang-pirang yuta, 12 pangucapé kalawan swara sora, "Sang Cempé ingkang sampun kapragat punika sembada nampèni pangwaos, lan kasugihan, sarta kawicaksanan, saha kakiyatan, tuwin kaurmatan, miwah kamulyan lan pangalembana." 13 Aku banjur krungu sakèhing makluk kang ana ing swarga lan ing bumi tuwin sangisoring bumi, sarta ing sagara, apadéné kang urip ing njeroné, padha ngucap: "Pangalembana lan kaurmatan, tuwin kamulyan sarta pangwaos kagem Panjenenganipun ingkang lenggah ing dhampar saha Sang Cempé, ngantos salami-laminipun!" 14 Makluk papat iku padha ngucap, "Amin!" Sarta para pinituwa mau padha sujud lan manembah.
1 Aku banjur ndeleng Cempé iku mbikak sègel kang kapisan saka sègel pitu mau, lan aku krungu makluk papat kang kapisan iku ngucap, swarané kaya gludhug, "Mara delengen!" 2 Tumuli aku ndeleng: Lah, ana jaran putih, kang nunggang nyekel panah lan kaparingan ganjaran makutha. Wong iku tumuli maju kaya wong kang wis unggul supaya ngrebut kaunggulan. 3 Nalika Cempé mau mbikak sègel kang kapindho, aku krungu makluk kang kapindho ngucap, "Mara delengen!" 4 Tumuli ana jaran liyané maju, ulesé abang mbranang, sarta kang nunggang kaparingan pangwasa mundhut tentrem-rahayu saka ing bumi, supaya wong padha patèn-pinatèn, lan uga kaparingan pedhang gedhé. 5 Nalika Cempé iku mbikak segel kang katelu aku krungu makluk kang katelu ngucap, "Mara delengen!" Nuli aku weruh: lah, ana jaran ireng, kang nunggang nyekel timbangan. 6 Aku krungu ana swara ing tengah-tengahé makluk papat iku tembungé, "Gandum sataker sadinar, lan sair telung taker sadinar. Ananging aja ngrusak lenga lan anggur iku." 7 Nalika Cempé mau mbikak sègel kang kapat, aku krungu makluk kang kapat ngucap, "Mara delengen!" 8 Tumuli aku weruh: Lah ana jaran ijo-kuning siji, sarta kang nunggang jenengé Pati, lan dietutaké déning teleng-palimenganing pati. Lan iku padha kaparingan pangwasa matèni isining jagat saprapat srana pedhang, pailan sarta pageblug, apadéné srana kéwan-kéwan galak ing bumi. 9 Nalika Cempé iku mbikak sègel kalima, aku nuli weruh sangisoré misbyah ana nyawané wong-wong kang wis dipatèni marga saka pangandikané Allah lan marga saka paseksiné. 10 Nyawa-nyawa mau padha nguwuh-uwuh klawan swara sora, "Ngantos pinten dangunipun malih, dhuh Pangéran Ingkang Mahakwaos, ingkang suci sarta leres, anggèn Paduka mboten ngadili saha malesaken rah kawula dhateng tiyang ingkang manggèn wonten ing bumi?" 11 Tumuli padha kaparingan jubah putih, sarta kadhawuhan, supaya lerem sawatara mangsa manèh nganti tumeka saganeping cacahé para kanca-leladi lan sadulur-saduluré tunggal pracaya, kang iya bakal dipatèni, kaya wong-wong mau. 12 Aku nuli weruh, Cempé mau mbikak sègel kang kanem, sanalika ana lindhu kang nggegirisi lan srengéngé dadi peteng kaya kanthong wulu ireng sarta rembulan dadi abang mbranang kaya getih. 13 Lan lintang-lintang ing langit padha rontog ing bumi, kaya wohing anjir kang isih mentah padha rontog, nalika katempuh ing angin gedhé. 14 Langit tumuli nglunthung kaya gulungan kitab sarta sakèhing gunung lan pulo padha ngalih saka panggonané. 15 Para raja ing bumi lan para panggedhé sarta para prawira, lan para wong sugih sarta wong-wong kang kwasa, lan sakèhing batur sarta wong mardika padha ndhelik ana ing guwa-guwa lan ing antarané watu-watu karang ing gunung. 16 Iku mau kabèh padha kandha marang gunung-gunung lan marang watu karang, "Aku padha jugrugana lan dhelikna saka ngarsaning Panjenengané, kang lenggah ing dhampar, sarta saka bebenduné Cempé iku." 17 Sabab wis tekan waktuné dina agung, yaiku dinaning bebendu, sarta sapa kang kuwagang nadhahi?
1 Sawisé iku aku weruh malaékat papat jumeneng ana ing kéblat-papat, padha nyandhet anginé bumi, supaya aja ana angin niyup menyang dharatan utawa menyang sagara tuwin menyang wit-witan. 2 Sarta aku ndeleng malaékat liyané njedhul saka panggonan plethèking srengéngé. Panjenengané ngasta cap kagungané Allah kang gesang, lan banjur nywara kanthi sora marang malaékat papat kang padha kaparingan kuwajiban ngrusak bumi lan sagara, 3 pangandikané, "Aja ngrusak bumi lan sagara utawa wit-witan sadurungé aku ngecapi para abdiné Allahku ing bathuké!" 4 Aku krungu yèn cacahé kang padha kaecapan iku: Saka panunggalané taler Banisraèl kabèh kang kaecapan ana satus patang puluh papat èwu. 5 Saka taler Yéhuda kang kaecapan rolas èwu, saka taler Rubèn rolas èwu, taler Gad rolas èwu, 6 taler Asyèr rolas èwu, taler Naftali rolas èwu, taler Manasyé rolas èwu, 7 saka taler Siméon rolas èwu, taler Lèwi rolas èwu, taler Isakhar rolas èwu, 8 saka taler Zébulon rolas èwu, taler Yusuf rolas èwu, taler Bènyamin rolas èwu. 9 Sawisé mangkono aku weruh: Lah ana golonganing wong akèh kang cacahé tanpa wilangan, saka sakèhing bangsa lan taler tuwin umat sarta basa, ngadeg ana ing sangarepé dhampar lan ing ngarsané Cempé, padha nganggo jubah putih lan nyekel godhong palem. 10 Iku padha nywara kalawan sora, "Karahayon konjuk ing Allah kawula ingkang lenggah ing dhampar saha ing ngarsanipun Sang Cempé!" 11 Lan sakèhing malaékat padha jumeneng ing sakubenging dhampar lan para pinituwa tuwin makluk papat iku, sarta padha sujud ana ing ngarepé dhampar lan manembah marang Allah, 12 klawan munjuk, "Amin! Sakathahing puji lan kamulyan, sarta kawicaksanan tuwin panuwun, saha kaurmatan miwah pangwaos saha kasantosan konjuk ing Allah kita langgeng salami-laminipun! Amin!" 13 Tumuli ing antarané para pinituwa mau ana kang ndangu marang aku, "Sapa kang padha nganggo jubah putih iku lan pinangkané saka ngendi?" 14 Atur wangsulanku, "Bapa, punika panjenengan ingkang uninga." Pinituwa mau banjur ngandika marang aku, "Iku para kang luwar saka ing sangsara gedhé sarta wus padha ngumbah jubahé nganti putih sarana rahé Cempé iku. 15 Mulané padha ngadeg ana ing ngarsané dhamparing Allah lan padha ngladosi Panjenengané rina-wengi ana ing Padaleman Suciné. Panjenengané kang lenggah ing dhampar iku bakal masang tarub minangka pangaubané, 16 sarta ora bakal padha ngelih lan ngelak manèh, tuwin bakal ora kena dayaning srengéngé utawa panas kang sumelèt. 17 Amarga bakal padha diengon déning Cempé mau sarta diirid menyang tuking banyu kauripan. Déné Allah bakal ngusapi sakèhing eluh saka ing mripaté."
1 Bareng Sang Cempé iku mbikak sègel kang kapitu, ing swarga banjur sidhem-premanem watara satengah jam suwéné. 2 Tumuli aku weruh malaékat pitu kang marak ing ngarsaning Allah, padha kaparingan kalasangka pitu. 3 Banjur ana malaékat liyané kang nungka lan jumeneng cedhak misbyah kalawan ngasta padupan mas. Nuli padha kaparingan dupa akèh supaya dianggo sesaosan bebarengan karo pandongané para suci ana ing misbyah mas kang ana ing ngarepé dhampar iku. 4 Kukusé dupa kumelun awor karo pandongané para suci iku saka ing astané malaékat mau marang ing ngarsané Allah. 5 Malaékat mau tumuli mundhut padupan mas iku, diisèni geni saka misbyah, lan iku banjur diuncalaké ing bumi. Nuli ana swara gumlegering gludhug bebarengan karo bledhèg sarta lindhu. 6 Malaékat pepitu kang ngasta kalasangka pitu mau banjur padha cecawis arep ngungelaké kalasangkané. 7 Malaékat kang kapisan banjur ngungelaké kalasangkané, nuli ana udan ès, lan geni, campur getih; lan kabèh mau kauncalaké menyang bumi; temah saprateloné bumi lan saprateloné wit-witan kobong sarta sakèhé sesuketan ijo padha geseng. 8 Malaékat kang kapindho nuli ngungelaké kalasangkané banjur ana rerupan saèmper gunung gedhé kang murub, kaceguraké ing sagara. Temah saprateloné sagara iku dadi getih, 9 lan makluk ing sagara kang duwé nyawa saprateloné padha mati tuwin saprateloné prau-prau padha tumpes. 10 Malaékat kang katelu nuli ngungelaké kalasangkané, banjur ana lintang gedhé tiba saka langit, murub kaya obor, sarta nibani saprateloné kali-kali lan etuk-etuking banyu. 11 Anadéné lintang mau jenengé Apsintus. Satemah saprateloné sakèhing banyu dadi pait, njalari akèh wong kang padha mati marga saka banyu mau, awit wus dadi pait. 12 Malaékat kang kapat banjur ngungelaké kalasangkané, nuli saprateloné srengéngé lan saprateloné rembulan tuwin saprateloné lintang-lintang katempuh, temah saprateloné iku kabèh padha dadi peteng, lan saprateloné rina ora padhang, sarta wenginé iya mangkono uga. 13 Aku banjur weruh, lan krungu ana manuk garudha mabur dhuwur ing langit lan ngucap kanthi swara sora, "Bilai, bilai, bilai wong kang manggon ana ing bumi, awit saka swara kalasangkané malaékat telu liyané, kang isih bakal ngungelaké kalasangkané."
1 Malaékat kang kalima tumuli ngungelaké kalasangkané, aku banjur weruh ana lintang kang tiba ing bumi saka langit, sarta lintang mau kaparingan kunciné lawanging teleng palimenganing pati. 2 Lawanging teleng palimenganing pati mau nuli kabukak, banjur ana pega kumelun saka ing teleng iku kaya pegané pawon gedhé, temahan srengéngé lan awang-awang padha dadi peteng déning pegané teleng mau. 3 Saka ing pega iku metu walangé akèh padha neba ing bumi lan padha kaparingan daya kayadéné dayané kalajengking ing bumi. 4 Lan padha kadhawuhan, supaya aja padha ngrusak suket-suket ing bumi, utawa marang sadhéngaha thethukulan lan wit-witan, kajaba mung marang manungsa kang ing bathuké ora ana capé Allah. 5 Walang-walang mau ora diparengaké matèni manungsa, ananging mung nyiksa baé lawasé limang sasi, lan anggoné nyiksa iku kaya panyiksané kalajengking, samasa ngentup wong. 6 Ing mangsa iku wong-wong bakal ngupaya pati, nanging ora bisa, lan padha kepéngin mati, ananging padha kaoncatan déning pati. 7 Anadéné rupané walang-walang iku mau kaya jaran kang samekta ing perang, ing endhasé ana kang saèmper makutha emas, rainé kaya rainé manungsa, 8 lan rambuté kaya rambuté wong wadon, lan untuné kaya untuné singa, 9 lan dhadhané kaya nganggo keré wesi, kumrasaking swiwiné kaya gumrubyuging kréta-kréta kang digèrèd jaran akèh, kang padha mlayu menyang paprangan. 10 Buntuté kaya kalajengking, lan uga ana entupé, déné buntuté iku gunané kanggo milara manungsa lawasé limang sasi. 11 Kang dadi rajané iya iku malaékat teleng palimenganing pati, jenengé ing basa Ibrani Abadon, lan ing basa Yunani Apolion. 12 Kasangsaran kang kapisan wis kliwat. Saiki isih ana kasangsaran loro kang bakal nekani. 13 Malaékat kang kanem tumuli ngungelaké kalasangkané, aku banjur krungu swara kang metu saka sungu papat ing misbyah mas kang ana ing ngarsané Allah, 14 kang dhawuh marang malaékat kang kanem kang ngasta kalasangka mau mangkéné, "Malaékat papat kang padha kabanda ana ing sacedhaké bengawan Éfrat iku uculana." 15 Malaékat papat kang padha kacawisaké ngentèni jam, dina, sasi lan taun kang wus pinanci iku nuli diuculi, supaya padha matèni saprateloné umat manungsa. 16 Lan cacahé wadyabala jaranan iku rongatus yuta; aku ngerti pira cacahé. 17 Mungguh jaran-jarané lan kang padha nunggangi ana ing wahyu iki katoné mangkéné: Padha nganggo keré, warnané abang kaya geni lan biru tuwin kuning walirang; endhasé jaran mèmper kaya endhasing singa, tuwin cangkemé ngetokaké geni, lan pega sarta welirang. 18 Saprateloné umat manungsa padha dipatèni déning wewelak telu iku, yaiku geni, lan pega tuwin welirang kang padha metu saka ing cangkemé. 19 Awitdéné pangwasané jaran-jaran mau dumunung ana ing cangkemé lan buntuté; amarga buntuté iku kaya ula; padha ana endhasé, iku kanggo nekakaké karusakan. 20 Ananging wong-wong liyané kang ora mati marga saka wewelak iku mau, padha ora mratobat saka panggawéning tangané: Padha ora marèni anggoné padha nyembah roh-roh reged lan brahala-brahala emas, pérak, tembaga, watu lan kayu kang ora bisa ndeleng, krungu utawa lumaku. 21 Lan wong-wong iku padha ora mratobat saka anggoné mematèni, nenung, laku-jina, lan nyenyolong.
1 Aku tumuli weruh malaékat liyané kang prakosa tumedhak saka swarga, asingep méga, lan ing sandhuwuring mustakané ana kluwungé, wedanané kaya srengéngé, sampéyané kaya tugu geni. 2 Astané ngasta gulungan kitab cilik bukakan. Sampéyané kang tengen tumapak ing sagara, lan kang kiwa ing dharatan. 3 Malaékat mau nguwuh kalawan swara sora kaya panggeroning singa. Sawusé nguwuh, gludhug pitu banjur padha nyuwara. 4 Lan sawusé gludhug pitu mau padha ngucap, aku banjur arep nyatheti, nanging aku nuli krungu swara saka swarga kang ngandika, "Apa kang diucapaké déning gludhug pitu iku mau sira sègela, aja sira tulis!" 5 Malaékat kang dakdeleng jumeneng ana ing sagara lan ing dharatan mau, tumuli ngangkat astané tengen marang langit, 6 sarta banjur supaos demi Panjenengané kang gesang langgeng salawas-lawasé, kang wis nitahaké langit saisiné, lan bumi saisiné, tuwin sagara saisiné, "Ora bakal kaundur manèh! 7 Nanging samangsa unining kalasangkané malaékat kang kapitu keprungu, yaiku menawa malaékat iku ngungelaké kalasangkané, bakal kayektènan kekeraning Allah, kaya kang wus kawartosaké marang para abdiné, yaiku para nabi." 8 Swara kang wis dakrungu saka ing langit mau, nuli ngandika manèh marang aku mangkéné, "Mangkata, jupuken kitab bukakan kang ana ing tangané malaékat, kang jumeneng ana ing sagara lan ing dharatan iku." 9 Aku banjur marani malaékat mau sarta nyuwun, supaya gulungan kitab iku kaparingna marang aku. Dhawuhé marang aku, "Tampanana lan panganen; iki bakal marakaké wetengmu pait, nanging ana ing cangkemmu rasané legi kaya madu." 10 Aku tumuli njupuk kitabé saka astané malaékat mau, banjur dakpangan: ana ing cangkemku rasané legi kaya madu, nanging sawisé dakpangan, wetengku krasa pait. 11 Aku nuli dingandikani, mangkéné, "Kowé kudu medhar wangsit manèh marang para bangsa lan umat tuwin basa sarta para raja."
1 Aku tumuli kaparingan glagah, kaya piranti ngukur, kanthi pangandika, mangkéné, "Sira ngadega lan ukuren Padaleman Suciné Allah lan misbyah dalah wong-wong kang padha manembah ana ing kono iku. 2 Mung plataran sajabané Padaleman Suci iku aja sira ukur, marga iku wis kapasrahaké marang bangsa-bangsa liya kang bakal padha ngidak-idak Kutha Suci lawasé patang puluh loro sasi. 3 Ingsun bakal ndhawuhi saksiningsun loro supaya padha medhar wangsit klawan manganggo bagor, lawasé sèwu rong atus sawidak dina." 4 Yaiku wit zaitun loro apadéné padamaran loro kang ana ing ngarsané Gustining jagat Rat. 5 Menawa ana wong kang arep milara, bakal ana geni metu saka cangkemé memangsa satruné kabèh. Lan menawa ana wong kang arep milara, wong iku mesthi mati kanthi patrap mangkono. 6 Seksi loro mau padha duwé pangwasa ngancing langit, supaya ora ana udan sajroné padha medhar wangsit; lan padha duwé pangwasa ing ngatasé sakèhing banyu bisa kadadèkaké getih; sarta nggebug bumi kalawan sarupaning wewelak sawayah-wayah miturut sakarepé. 7 Samangsa wis rampung anggoné padha nglairaké paseksiné, nuli kéwan kang njedhul saka teleng bakal nempuh perang marang seksi-seksi mau, sarta bakal padha dikalahaké lan dipatèni. 8 Layoné bakal gilang-gilang ana ing lurunging kutha gedhé, kang sacara kasukman kaaranan Sodom lan Mesir, iya ing panggonané Gustiné kasalib. 9 Wong-wong saka panunggalané para bangsa lan taler tuwin basa sarta umat, padha ndeleng layoné lawasé telu satengah dina lan wong-wong iku ora ngolèhaké layoné dikubur. 10 Wong-wong kang padha manggon ing bumi padha bungah awit saka kang wis tilar iku lan padha pésta apadéné padha kirim-kiriman bebungah, amarga nabi loro iku mau padha dadi siksa tumrap wong kabèh kang manggon ana ing bumi. 11 Sawusé telu satengah dina tumuli rohing kauripan saka Allah manjing ing layon-layon mau, temahan banjur padha gesang, agawé banget girisé wong kang padha weruh. 12 Nabi loro mau nuli padha mireng swara kang sora saka swarga mangandikani, "Padha munggaha mréné!" Banjur padha munggah menyang ing swarga, katutupan méga, kadeleng déning para satruné. 13 Ing nalika iku ana lindhu gedhé lan saprasapuluhé kutha iku jugrug, lan wong pitung èwu padha mati déning lindhu iku; lan wong-wong liyané padha giris banget, banjur padha ngluhuraké Allah kang ana ing swarga. 14 Wewelak kang kapindho wis liwat; lah kasusul wewelak kang katelu. 15 Malaékat kang kapitu tumuli ngungelaké kalasangkané, lan ing swarga kaprungu swara sora muni, mangkéné, "Papréntahan ing donya iku kaasta déning Pangéran kita lan Panjenengané kang jinebadan, sarta Panjenengané bakal jumeneng Raja langgeng ing salawas-lawasé." 16 Para pinituwa patlikur, kang padha linggih ing dhampar ana ing ngarsané Allah, padha sujud lan sumungkem marang Allah, 17 sarta munjuk, "Kawula sami saos sokur dhumateng Paduka, dhuh Pangéran, Allah Ingkang Mahakawasa, Ingkang Wonten, saha ingkang kala rumiyin wonten, amargi Paduka sampun ngagem pangwaos Paduka ingkang agung saha sampun wiwit jumeneng Raja. 18 Para bangsa sampun sami nepsu, nanging bebendu Paduka sampun katingal sarta sampun dumugi wekdalipun para tiyang pejah dipun adili tuwin Paduka paring ganjaran dhateng para abdi Paduka, para nabi kaliyan para suci saha para ingkang sami ajrih-asih dhumateng asma Paduka, dhateng para kawula alit kaliyan para pangageng, sarta badhé nglebur soksintena ingkang sami ngrisak bumi." 19 Padaleman Suciné Allah kang ana ing swarga nuli binuka lan pethi prajanjiané katon ana ing Padaleman Suci iku, banjur ana kilat lan swara gumlegering gludhug apadéné lindhu lan udan ès kang deres banget.
1 Tumuli ana pratandha gedhé katon ana ing langit: Ana wanita asingeb srengéngé, lan rembulan ana ing sangandhaping samparané sarta ngagem makutha lintang rolas ana ing mustakané. 2 Wanita mau lagi nggarbini sarta sajroné sesambat nyakiti arep babaran iku njerit marga kraos sakit. 3 Nuli ing langit katon ana pratandha liyané: Lah ana naga gedhé abang mbranang, endhasé pitu, lan ana sunguné sepuluh, sarta ing endhasé ana makutha pitu. 4 Pethité nyèrèd saprateloné lintang-lintang ing langit, banjur ditibakaké ing bumi. Naga mau mapan ana ing ngarsané wanita kang arep babaran iku, sedyané arep nguntal Putrané, samangsa wis miyos. 5 Wanita mau banjur mbabar Putra kakung, kang bakal ngengèn para bangsa kalawan gada wesi; dumadakan Putra mau karebat lan kaplajengaké menyang ngarsané Allah lan ing dhamparé. 6 Wanita mau mlajeng menyang ara-ara samun, ing panggonan kang wis dicawisaké déning Allah, supaya dirimati ana ing kono lawasé sèwu rong atus sawidak dina. 7 Ing swarga nuli ana paprangan. Mikhaèl lan para malaékaté padha perang nglawan naga mau, sarta naga iku kabantu déning para malaékaté, 8 nanging naga lan malaékaté padha kasoran; temah padha ora diparengaké manggon ana ing swarga. 9 Naga gedhé, si ula kang saka jaman wiwitan, kang karan Iblis utawa Sétan, kang nasaraké saisining jagat, iku kauncalaké ing bumi, bareng karo para malaékaté. 10 Aku nuli krungu swara kang sora ana ing swarga, mangkéné, "Samengko karahayon lan pangwaos tuwin papréntahaning Allah kita, lan pangwaosing Panjenengané kang Jinebadan, wis kababar, marga kang ndakwa sadulur-sadulur tunggal pracaya, kang rina-wengi nggugat ana ing ngarsaning Allah kita, iku wis kauncalaké mangisor. 11 Lan anggoné ngalahaké sarana rahé Sang Cempé, lan sarana tembung paseksiné. Sabab padha ora ngéman marang nyawané dhéwé nganti tumeka ing pati. 12 Mulané padha suka-renaa, hé swarga lan hé sira kabèh kang padha ngenggoni, bilai kowé, hé bumi lan sagara! marga Iblis wis ngudhuni sira, kalawan nepsu banget, marga sumurup, menawa waktuné mung kari sadhéla." 13 Nalikané naga mau éling, yèn wis kauncalaké menyang bumi banjur ngoyak wanita kang wis mbabar Putra kakung mau. 14 Wanita mau tumuli kaparingan swiwi garudha gedhé sapasang, supaya mabur menyang panggonané, iya iku ing ara-ara samun, ing kono wanita iku diopèni, adoh saka papané ula, lawasé samangsa lan rong mangsa lan satengah mangsa. 15 Ula mau banjur nyemburaké banyu dadi kaya kali saka ing cangkemé, kaeneraké marang wanita mau, supaya kéntir. 16 Nanging wanita iku ditulungi déning bumi. Bumi iku ngangapaké cangkemé, lan nguntal kali kang disemburaké saka cangkemé naga mau. 17 Naga mau nuli nepsu banget marang wanita iku, banjur lunga merangi turuné liyané, kang padha netepi pepakoning Allah lan ngantepi paseksiné Yésus, 18 naga mau banjur ngadhang ana ing pinggir sagara.
1 Aku banjur weruh ana kéwan kang nggegirisi njedhul saka sajroning sagara, sunguné sepuluh lan endhasé pitu; ing pucuking sunguné ana makuthané sepuluh, lan ing endhasé katulisan jeneng-jeneng panyenyamah. 2 Kéwan kang dakdeleng iku rupané kaya macan tutul, sikilé kaya sikil bruwang lan cangkemé kaya cangkem singa. Naga mau banjur mènèhaké kakuwatané lan dhampar tuwin pangwasané kang gedhé marang kéwan iku. 3 Aku nuli ndeleng endhasé kang siji iku kaya ana tatuné kang mbebayani tumrap uripé, nanging tatuné kang mbebayani iku wis mari. Wong-wong sajagat padha kaéraman, banjur ngetut buri kéwan iku. 4 Wong-wong iku padha nyembah marang naga mau, awit wis mènèhaké pangwasané marang kéwan iku. Déné wong-wong mau padha nyembah marang kéwan iku, sarta pangucapé, "Sapa kang madhani kéwan iki? Lan sapa kang bisa nandhingi perangé?" 5 Kéwan iku kaparingan cangkem, kang kebak gumunggung lan panyenyamah; sarta uga kaparingan pangwasa nglakoni mangkono iku lawasé patang puluh loro sasi. 6 Kéwan iku nuli ngangapaké cangkemé sarta nyenyamah marang Allah, iya nyenyamah marang asmané lan padalemané sarta marang kabèh kang padha manggon ana ing swarga. 7 Sarta manèh diparengaké nempuh perang lan ngalahaké para suci; tuwin kaparingan pangwasa tumrap saben taler lan umat tuwin basa sarta bangsa. 8 Lan sakèhing wong kang manggon ing bumi bakal padha nyembah marang kéwan iku, yaiku saben wong kang jenengé wiwit nalika dumadiné jagat ora katulis ing buku kauripan kagungané Cempé kang wis kasembelèh. 9 Sapa kang duwé kuping, ngrungokna! 10 Sapa kang pinasthi ditawan, iku bakal ditawan; sapa kang pinasthi dipatèni sarana pedhang, iku bakal dipatèni sarana pedhang. Kang prelu ing kéné yaiku sabar-mantep lan pracayané para suci. 11 Aku tumuli weruh kéwan liyané njedhul saka sajroning bumi, sunguné loro kaya cempé lan calathuné kaya naga. 12 Sakèhing pangwasané kéwan kang kapisan iku katindakaké déning kéwan liyané mau ana ing sangarepé. Iku marakaké bumi lan sakèhé kang ngenggoni padha nyembah marang kéwan kang kapisan, kang wis waras tatuné kang mbebayani mau. 13 Sarta manèh kéwan mau nganakaké pratandha-pratandha kang nggegirisi, malah nganti ngudhunaké geni saka langit menyang bumi ana ing ngarepé wong kabèh. 14 Kéwan iku nasaraké wong-wong kang manggon ing bumi sarana pratandha-pratandha, kang wis diwènèhaké supaya ditindakaké ana ing ngarepé kéwan kang kapisan mau. Wong-wong kang manggon ing bumi dikongkon gawé reca déning kéwan mau, kanggo ngurmati kéwan kang ketaton déning pedhang, nanging kang isih tetep urip iku. 15 Apamanèh kéwan iku dikwasakaké nganjingi nyawa marang reca iku mau, satemah reca kéwan iku uga bisa calathu, sarta njalari saben wong kang ora nyembah marang reca kéwan mau dipatèni. 16 Kéwan kang kapindho mau marakaké wong kabèh, gedhé utawa cilik, sugih utawa mlarat, mardika utawa batur, padha diwènèhi tenger ana ing tangané tengen utawa ing bathuké, 17 sarta ora ana wong bisa tetuku utawa dodolan kajaba mung kang kanggonan tenger mau, yaiku jenengé kéwan mau utawa angka pétunganing jenengé. 18 Kang prelu ing kéné yaiku kawicaksanan; sapa kang wicaksana iku ngétunga wilangané kéwan iku, awit iku wilangané manungsa, yaiku nem atus sawidak enem.
1 Aku tumuli weruh: Satemené Sang Cempé jumeneng ana ing gunung Sion, kaayap déning wong satus patang puluh papat èwu, kang ing bathuké padha tinengeran asmané lan asmané Kang Rama. 2 Aku banjur krungu swara saka langit kaya kumrosaking banjir lan kaya gumlegeré gludhug. Swara kang dakrungu iku kaya swaraning clempung kang lagi padha kaunèkaké déning para panylempung. 3 Iku padha ngidungaké kidung anyar ana ing sangareping dhampar lan ing sangareping makluk papat tuwin para pinituwa iku, lan ora ana wong kang bisa nyinau kidung mau, kajaba mung wong satus patang puluh papat èwu kang wis padha katebus saka ing bumi. 4 Yaiku wong-wong kang ora padha njemberaké awaké karo wong wadon, amarga padha murni kaya prawan. Iku kang padha ndhèrèkaké Sang Cempé ing satindak-tindaké. Wong-wong iku padha katebus saka ing antarané manungsa minangka kurban wiwitan sumaos marang Allah lan marang Sang Cempé. 5 Ana ing cangkemé ora tinemu cidra; wong iku padha tanpa cacad. 6 Aku tumuli weruh malaékat liyané mabur ing awang-awang ngasta kabar kabingahan kang langgeng supaya diwartakaké marang wong kang padha manggon ing bumi lan marang sadhéngah bangsa lan taler tuwin basa sarta umat, 7 sarta pangandikané klawan swara kang sora, "Padha wedi-asiha marang Allah lan ngluhurna Panjenengané, awit wis tekan wektuning pangadilané, sarta padha nyembaha marang Panjenengané kang wis nitahaké langit lan bumi tuwin sagara apadéné sakèhé sumbering banyu." 8 Banjur ana malaékat liyané manèh, malaékat kapindho, nusul lan ngandika, "Wus ambruk, Babél wis ambruk, kutha kang gedhé iku, kang wis ngendemi sakèhé para bangsa kalawan angguring hawa-napsu laku cabul." 9 Tumuli ana malaékat liya, kang katelu nusul, pangandikane kanthi swara sora, "Menawa ana wong kang nyembah marang kéwan lan marang recané iku, tuwin nampani tenger ana ing bathuké utawa ing tangané, 10 iku bakal ngombé anggur bebenduné Allah, kang wis kasadhiyakaké tanpa campuran ana ing tuwung dedukané; sarta bakal kasiksa kalawan geni lan walirang ana ing ngarepé para malaékat suci lan ing ngarsané Sang Cempé. 11 Anadéné asepé geni paniksa iku kumelun ing salawas-lawasé, lan paniksané tanpa lèrèn rina-wengi, yaiku kang padha nyembah marang kéwan lan recané iku, mangkono uga sapa kang nampani tengering jenengé." 12 Kang prelu ing kéné yaiku sabar-mantepé para suci, kang padha ngantepi pepakoning Allah lan pracaya marang Yésus. 13 Aku tumuli krungu swara saka swarga kang ngandika, "Tulisen: Rahayu para wong kang mati lan matiné ana ing patunggilané Gusti, wiwit ing samengko." "Pancèn mangkono," pangandikané Roh, "Supaya padha aso saka rekasané, awit sakèhing panggawéné padha mbarengi lakuné." 14 Aku banjur weruh: Satemené, ana méga putih, lan ing méga mau ana kang lenggah kaya Putrané Manungsa, mustakané ngagem makutha emas lan astané ngasta arit landhep. 15 Tumuli ana malaékat liyané medal saka Padaleman Suci; sarta munjuk kalawan swara sora marang Panjenengané kang lenggah ing méga mau, "Mugi Paduka ngempakaken arit Paduka sarta ngenènana, amargi sampun dumugi mangsanipun ngenèni; awit panènan ing bumi sampun sepuh." 16 Panjenengané kang lenggah ing méga mau banjur ngempakaké arité ing bumi, sarta bumi nuli kaenénan. 17 Tumuli ana malaékat liyané medal saka Padaleman Suci kang ana ing swarga; iku uga ngasta arit landhep. 18 Lan ana malaékat liyané manèh kang ngwaosi geni medal saka ing misbyah; iku banjur nywara kalawan sora marang malaékat kang nyepeng arit landhep mau, "Aritmu kang landhep iku empakna, lan dhompolané wohé wit anggur ing bumi undhuhana, awit wohé wus padha mateng." 19 Malaékat mau nuli ngempakaké arité ing bumi sarta ngundhuhi wohé wit anggur ing bumi lan diuncalaké ing bak-pamipitan gedhé, yaiku bebenduné Allah. 20 Wohé wit anggur mau tumuli dipipit ana ing sanjabaning kutha, lan saka ing pamipitan iku ana getih mili, kang nganti tekan kendhalining jaran, lan adohé kurang luwih 300 km.
1 Aku tumuli weruh pratandha liyané ana ing langit kang gedhé lan élok: ana malaékat pitu padha ngasta wewelak pitu kang pungkasan, awit iku kang mungkasi bebenduné Allah. 2 Aku banjur weruh rerupan kaya sagara kaca campur geni, sarta wong-wong kang wis unggul anggoné perang karo kéwan iku dalah recané, sarta cacah pétungané jenengé, padha ngadeg ana ing pinggiring sagara kaca mau. Sarta iku padha nyekel clempungé Allah. 3 Wong-wong iku padha ngidungaké kidungé Musa, abdiné Allah, lan kidungé Sang Cempé, uniné, "Agung saha élok pakaryan Paduka, dhuh Pangéran, Allah ingkang Mahakwaos! Adil saha leres sadaya margi Paduka, dhuh Rajanipun sadaya bangsa! 4 Dhuh Pangéran, sinten ingkang mboten ajrih, saha mboten ngluhuraken asma Paduka? Awit namung Paduka piyambak ingkang suci; amargi sakathahipun bangsa sami badhé sowan sarta nyembah sujud dhumateng Paduka, sabab sampun tetéla leresing sadaya pangadilan Paduka." 5 Sawusé mangkono aku tumuli weruh Padaleman Suci -- Tarubing Paseksi -- ing swarga, binuka. 6 Malaékat pitu kang ngasta wewelak pitu mau, padha medal saka Padaleman Suci, ngagem mori alus putih resik tuwin gumilap lan jajané apaningset emas. 7 Makluk siji ing antarané makluk papat mau tumuli ngulungaké bokor emas pitu marang malaékat pitu mau, kabèh kebak isi bebenduning Allah kang gesang langgeng ing salawas-lawasé. 8 Padaleman Suci mau nuli kebak pega awit saka kaluhurané lan pangwaosing Allah, sarta ora ana wong siji-sijia kang bisa lumebu ing Padaleman Suci iku, sadurungé wewelak pitu kang kaasta déning malaékat pitu mau rampung.
1 Aku tumuli krungu swara sora saka Padaleman Suci dhawuh marang malaékat pitu mau mangkéné, "Padha lungaa, bokor pitu kang isi bebenduning Allah iku padha suntakana ing bumi." 2 Malaékat kang kapisan banjur tindak lan nyuntak bokoré menyang bumi; banjur tuwuh memala wudun ngureng lan mbebayani banget tumrap wong kabèh kang padha nganggo tengeré kéwan mau lan kang sujud nyembah marang recané. 3 Malaékat kang kapindho nyuntak bokoré ing sagara; banyuné banjur dadi getih, kaya getihé wong mati, temahan isining segara kang mawa nyawa padha mati kabèh. 4 Malaékat kang katelu nyuntak bokoré ing kali-kali lan etuking banyu, satemah banyuné dadi getih. 5 Aku banjur krungu malaékat kang ngwaosi banyu iku munjuk, "Paduka punika adil, Paduka ingkang wonten sarta ingkang kala rumiyin sampun wonten, Paduka ingkang suci, ingkang sampun ndhawahi paukuman punika. 6 Amargi tiyang-tiyang punika sampun sami ngwutahaken rahipun para suci lan para nabi, Paduka inggih sampun ngombèni rah dhateng tiyang-tiyang punika; makaten punika sampun samesthinipun tumrap tiyang-tiyang punika!" 7 Apadéné aku krungu misbyah ngucap mangkéné, "Dhuh Pangéran, Allah, Ingkang Mahakwaos, leres lan adil sadaya pangadilan Paduka punika." 8 Malaékat kang kapat nyuntak bokoré menyang srengéngé, lan iku nuli kaparingan pangwasa mbrangas wong kalawan geni. 9 Satemah wong padha gosong déning panasing geni kang sumelèt, banjur padha nyenyamah marang asmaning Allah, kang ngwaosi wewelak-wewelak iku mau, sarta padha ora mratobat supaya ngluhuraké marang Allah. 10 Malaékat kang kalima nyuntak bokoré menyang dhamparé kéwan iku, satemah kratoné iku dadi peteng, sarta wong-wong padha nggeget ilaté dhéwé marga saka kelaran, 11 lan banjur padha nyenyamah marang Allah ing swarga marga saka kelaran lan marga saka wuduné, nanging padha ora mratobat saka panggawéné iku. 12 Malaékat kang kanem nyuntak bokoré menyang bengawan Éfrat, satemah banyuné dadi asat, murih cumawis dalané para raja kang rawuh saka wilayah wétan. 13 Aku banjur weruh saka cangkemé naga lan cangkemé kéwan tuwin saka ing cangkemé nabi palsu iku ana roh najis telu padha metu kaya kodhok. 14 Yaiku roh-rohing sétan kang nganakaké mukjijat-mukjijat, kang padha lunga nggolèki raja-raja saindenging jagat, padha diklumpukaké diajak perang ing dina kang agung, yaiku dinané Allah Kang Mahakwaos. 15 "Wruhanira, Ingsun rawuh kaya maling. Rahayu, wong kang jumaga lan kang ngrumat sandhangané, supaya anggoné lumaku aja nganti kalawan wuda lan aja katon kawirangané." 16 Tumuli padha kaklumpukaké ana ing panggonan, kang ing basa Ibrani aran Harmagédon. 17 Malaékat kang kapitu nyuntak bokoré menyang awang-awang. Saka Padaleman Suciné banjur kaprungu swara kang sora saka ing dhampar iku, pangandikané, "Wis kelakon." 18 Tumuli ana thathit cumlèrèt lan gludhug gumleger, sarta ana lindhu gedhé kang salawasé bumi dienggoni manungsa durung tau kelakon. Kaya mangkono lindhu iku nggegirisi banget. 19 Satemah kutha kang gedhé iku pecah dadi telu lan kutha-kuthané para bangsa kang padha ora wanuh marang Allah padha jugrug. Allah banjur kèngetan marang Babél kang gedhé iku, nuli kaparingan tuwung kang isi anggur bebenduning dukané kebak. 20 Sakèhé pulo banjur padha musna, lan gunung-gunung wis padha ora tinemu manèh. 21 Sarta ana udan ès gedhé, saben prongkol boboté sa-talènta, tiba saka langit nibani wong-wong, satemah wong-wong padha nyenyamah marang Allah marga saka wewelak udan ès iku, amarga wewelak iku mau nggegirisi banget.
1 Salah sijiné malaékat pitu kang ngasta bokor pitu iku mau, rawuh sarta ngandika marang aku, "Mrénéa, aku bakal nuduhaké marang kowé paukumané sundel gedhé, kang lungguh ana ing papan kang akèh banyuné. 2 Para raja ing bumi padha tumindak cabul karo sundel mau, lan para wong kang manggon ing bumi wis padha mendem déning angguring bédhangé." 3 Ing sajroning roh aku digawa menyang ara-ara samun. Aku weruh ana wanita nunggang kéwan abang sulak wungu, kang awaké kebak tulisan jeneng-jeneng panyenyamah. Kéwan iku endhasé pitu lan sunguné sapuluh. 4 Déné wanita mau manganggo sarwa wungu lan jingga, sarta nganggo rerenggan emas, sesotya lan mutiyara, sarta ing tangané nyekel tuwung emas kang kebak sakèhing barang najis lan jejembering laku cabul. 5 Lan ing bathuké tinulisan jeneng, sawijining wewadi, "Babél gedhé baboning para sundel lan sakèhing panggawé nistha ing bumi." 6 Anadéné aku weruh wanita mau mendem marga ngombé getihé para suci lan para seksiné Yésus. Aku gumun banget nalika ndeleng iku mau. 7 Malaékat mau tumuli ngandika marang aku, "Yagéné kowé gumun? Kowé dakkandhani wewadiné wanita lan wewadiné kéwan tunggangané kang endhasé pitu lan sunguné sapuluh iku. 8 Kéwan kang kokdeleng iku mauné ana, nanging saiki ora ana, lan bakal njedhul saka ing teleng palimenganing pati, sarta bakal ngalami rusak. Anadéné para kang manggon ana ing bumi, kang jenengé ora tinulis ing buku kauripan wiwit jagat tinalesan, iku bakal padha kaéraman, samangsa padha weruh kéwan iku, déné mauné ana saiki ora ana, mangka bakal ana manèh. 9 Kang prelu ing kéné yaiku budi kang wicaksana: endhas pitu iku ngibarati gunung pitu kang dilungguhi déning wanita mau. 10 Karodéné uga ngibarati raja pitu; kang lima wus padha ambruk, kang siji saiki ana, sijiné durung teka, déné samangsa wis teka, iku mung sawatara mangsa. 11 Anadéné kéwan kang mauné ana, saiki ora ana, iku dhéwé dadi raja kang kawolu lan iya tunggalé kang pitu iku, sarta bakal ngalami rusak. 12 Déné sungu sapuluh kang kokdeleng iku raja sapuluh kang durung wiwit mréntah, nanging bakal padha nampani pangwasaning raja suwéné sajam, bebarengan karo kéwan mau. 13 Iku padha sarujuk, masrahaké kasektèn lan pangwasané marang kéwan iku. 14 Kabèh mau bakal padha nempuh perang nglawan Sang Cempé. Nanging bakal padha dikalahaké déning Sang Cempé, amarga Panjenengané iku Gustiné para gusti lan Rajané para raja. Wong-wong kang padha nunggal karo Panjenengané iya bakal unggul, yaiku kang padha katimbalan sarta kang padha pinilih apadéné kang setya." 15 Malaékat mau tumuli ngandika marang aku, "Sakèhing banyu kang kokdeleng, kang dilungguhi déning sundel iku ngibarati para bangsa lan rakyat akèh tuwin umat apadéné basa. 16 Déné sungu sapuluh kang kokdeleng lan kéwan iku bakal padha sengit marang sundel iku, kang bakal ditinggal ijèn lan kawudan sarta dipangan dagingé, banjur kaobong sarana geni. 17 Amarga atiné wis dipadhangi déning Allah supaya nglakoni kang dadi karsané kanthi tunggal sedya, apadéné supaya masrahaké papréntahané marang kéwan iku, nganti tumeka pangandikané Allah kabèh wis katetepan. 18 Déné wanita kang kokdeleng iku, yaiku kutha gedhé kang ngerèh para raja ing bumi."
1 Sawisé mangkono, aku weruh malaékat liyané tumedhak saka swarga. Malaékat mau kagungan pangwaos gedhé sarta bumi dadi padhang marga saka kamulyané. 2 Malaékat mau nguwuh-uwuh kalawan swara sora, "Wis ambruk, Babél wis ambruk, kutha gedhé iku. Lan wis dadi padunungané roh-roh jahat lan papan pandhelikané sakèhing roh najis, tuwin papan pandhelikané sarupaning kéwan kang najis lan kang sinengitan, 3 awit sakèhé para bangsa wis padha ngombé anggur hawa-napsuné kang cabul, sarta para raja ing bumi padha laku-jina karo Babél, tuwin para sudagar ing bumi wis padha dadi sugih marga saka nguja hawa-napsuné." 4 Aku tumuli krungu swara liyané, saka swarga, kang ngandika, "Hé, umatingsun, padha sumingkira saka kutha iku, supaya sira aja nganti kalèpètan ing dosané, lan aja nganti mèlu kena ing wewelak-wewelaké. 5 Amarga dosa-dosané wis tumpuk-undhung kongsi sundhul ing langit, lan Allah wis ngèngeti sakèhing pialané. 6 Walesen kaya kang dadi pamalesé marang sira, lan tikelana loro pamalesmu tumrap panggawéné, tuwungé kang kanggo nyampur iku isènana tikel loro. 7 Siksanen lan gawénen prihatin, timbang karo anggoné wis ngrasakaké kaluhuran lan kamuktèn. Sabab osiking atiné mangkéné: Aku lungguh ing dhampar kaya raja, aku dudu randha, lan aku ora bakal ngalami prihatin. 8 Mulané sakèhing wewelaké bakal nekani bareng sadina, yaiku pageblug lan prihatin tuwin pailan; sarta bakal kaobong ing geni, amarga Gusti Allah, kang ngadili iku kwaos." 9 Para raja ing bumi, kang padha laku bédhang lan urip mukti karo wanita mau, samangsa padha ndeleng asepé geni kang ngobong Babél iku, bakal padha nangisi lan nggrantesaké. 10 Para raja mau bakal padha ngadeg ana ing kadohan, awit saka wediné marang panyiksané, lan bakal ngucap, "Cilaka, cilaka kowé, hé kutha gedhé Babél, hé kutha kang santosa, sabab paukumanmu wis kelakon mung ing sajroné sajam baé!" 11 Para sudagar ing bumi padha nangisi lan sesambat, marga wis ora ana kang tuku dagangané, 12 yaiku dagangan arupa emas lan pérak, sesotya lan mutiyara, mori alus lan kain sutra wungu lan kain jingga, barang warna-warna saka kayu wangi, dandanan warna-warna saka gadhing, saka kayu kang larang, saka prunggu, wesi lan marmer, 13 manis-jangan lan bumbu-bumbu, lenga wangi, blendok mur lan menyan, anggur lan lenga, glepung alus lan gandum, sapi lan wedhus, jaran lan kréta, batur lan malah nyawané wong. 14 Iku kabèh bakal padha ngucap, "Sarupaning pepénginané atimu iku wis musna; samubarang kang gumebyar lan éndah iku wis sirna saka ing ngarepmu, ora bakal ketemu manèh." 15 Wong kang dedagangan barang-barang iku mau, kang wis dadi sugih marga saka iku, bakal padha ngadeg ana ing kadohan awit saka wediné marang anggoné kasiksa, sarta padha nangis lan sesambat, 16 pangucapé, "Cilaka, cilaka kutha gedhé, kang manganggo mori alus, tuwin kain wungu lan jingga, sarta nganggo rerenggan emas, lan sesotya tuwin mutiyara iku, amarga sajroné sajam baé kasugihan kang samono iku wus lebur." 17 Saben jurumudhi lan para kang lelayaran, tuwin para punggawa kapal lan sakèhé wong kang panguripané ana ing sagara, padha ngadoh, 18 lan padha weruh asepé geni kang ngobong, banjur nguwuh-uwuh, pangucapé, "Kutha endi kang madhani kutha gedhé iki?" 19 Banjur padha nguwur-uwuraké lebu ing sirahé, sarta nywara sora kalawan nangis lan sesambat pangucapé, "Cilaka, cilaka kutha gedhé, kang njalari sakèhé wong kang padha duwé kapal ana ing sagara, wus dadi sugih déning dagangan kang larang, amarga kutha iku wus lebur ing sajroné sajam baé. 20 Padha bungaha marga saka iku, hé swarga, lan para suci, para rasul sarta para nabi, sabab Allah wus ndhawahaké paukuman marang kutha iku marga saka kowé kabèh." 21 Tumuli ana malaékat kang prakosa, ngangkat watu kang gedhéné sawatu panggilingan, banjur kajeguraké ing sagara, pangandikané, "Iya kaya mangkono iku kutha gedhé Babél, bakal kauncalaké sarosané mangisor, lan banjur ora bakal tinemu manèh. 22 Swarané clempung sarta para pasindhèn, tuwin swaraning suling apadéné kalasangka, bakal ora keprungu manèh ana ing antaramu, lan wis bakal ora ana wong kang olah sarupaning kagunan kang tinemu ana ing antaramu, sarta swarané panggilingan bakal ora kaprungu manèh ana ing antaramu. 23 Padhanging lampu bakal ora madhangi kowé manèh, lan swarané pengantèn lanang lan wadon bakal ora keprungu manèh ing kowé. Awit sudagar-sudagarmu iku mauné padha dadi panggedhéné bumi, lan marga saka tenungmu sakèhing bangsa padha disasaraké." 24 Ing kutha iku tinemu rahé para nabi lan para suci, apadéné getihé sakèhing wong, kang padha kapatènan ana ing bumi.
1 Sawisé iku aku krungu swara sora kaya swarané wong golongan gedhé ana ing swarga, pangucapé, "Haléluya! Karahayon lan kamulyan sarta pangwaos punika wonten ing Allah kita, 2 awit leres lan adil sakathahing pangadilanipun, amargi Panjenenganipun sampun ngadili sundel ageng punika, ingkang ngrisak bumi sarana lampah-cabulipun; sarta Panjenenganipun punika ingkang sampun malesaken rahing para abdinipun dhateng wanita punika." 3 Tumuli padha ngucap kang kaping pindhoné, "Haléluya! Inggih, asepipun punika kumelun langgeng ing salami-laminipun." 4 Para pinituwa patlikur lan makluk papat iku banjur padha sujud lan nyembah ing ngarsané Allah kang lenggah ing dhampar, sarta munjuk, "Amin, Haléluya!" 5 Tumuli keprungu swara saka dhampar iku, "Padha saosa puji marang Allah kita, hé para abdi kabèh, sira kang padha wedi-asih marang Panjenengané, kang cilik lan kang gedhé!" 6 Aku banjur krungu kaya swarané wong golongan gedhé, kaya kumrosaking banjir lan kaya swarané gludhug kang gumuruh, tembungé, "Haléluya! Amarga Pangéran, Allah kita, Kang Mahakwaos, wis jumeneng raja. 7 Payo kita padha sumyak-sumyak asukarena, lan ngluhuraké Panjenengané! Amarga wis tekan ing dina palakramané Sang Cempé, lan pangantèn putri wis rumanti. 8 Pangantèné putri kaparingan pangageman mori alus kang putih resik gumilap!" (Mori alus iku ngibarati kautamané para suci.) 9 Aku tumuli dingandikani mangkéné, "Nulisa: Rahayu wong kang tinimbalan marang bujana palakramané Sang Cempé." Sarta aku dingandikani manèh, "Iki sabda kang satuhu, iya pangandikané Allah." 10 Aku banjur sujud nyungkemi sampéyané kang ngandika mau, nanging tumuli dingandikani, "Aja mangkono! Aku iki abdi, padha kaya kowé lan para Sadulurmu, kang padha nduwèni paseksiné Yésus. Sujuda marang Allah! Awit paseksi bab Yésus iku rohing pameca." 11 Aku banjur weruh swarga menga: Satemené, ana jaran putih; déné asmané kang nitihi, "Sang Setya-tuhu lan Sang Sanyata." Panjenengané nindakaké pangadilan lan paprangan kalawan adil. 12 Tingalé kaya urubing geni lan mustakané ngagem makutha akèh, sarta Panjenengané ngagem seratan asma kang ora kasumurupan ing wong, kajaba mung Panjenengané piyambak. 13 Pangagemané jubah kang wis kacelup ing getih, sarta asmané kasebut, "Sabdaning Allah." 14 Kabèh wadya-bala ing swarga padha ndhèrèkaké tindaké; lan padha nunggang jaran putih sarta manganggo mori alus kang putih memplak. 15 Saka ing tutuké metu pedhang kang landhep, kang bakal disabetaké marang sakèhing bangsa. Panjenengané kang bakal ngengèn kalawan gada wesi lan bakal meres anggur ana ing pamipitan anggur, yaiku bebendu dedukaning Allah, Kang Mahakwaos. 16 Ana ing jubahé, lan wentisé tinulisan asma, "Rajané para raja lan Gustiné para gusti." 17 Aku tumuli weruh malaékat jumeneng ana ing srengéngé, sarta nguwuh klawan swara sora marang sakèhing manuk kang mabur ana ing awang-awang, dhawuhé, "Mrénéa, padha nglumpuka ing bujanané Allah, bujana kang gedhé, 18 padha mangana dagingé para raja, lan dagingé para sénapati perang sarta dagingé para kang kwasa, apadéné dagingé jaran lan kang padha nunggangi sarta dagingé sarupaning wong kang mardika lan batur tukon, kang cilik lan kang gedhé." 19 Aku tumuli weruh kéwan iku lan para raja ing bumi sawadya-balané padha nglumpuk arep nglawan perang marang Panjenengané Kang Nitih jaran iku sawadya-balané. 20 Kéwan iku banjur dicepeng, bareng karo para nabi palsu, kang wis nindakaké mukjijat ana ing ngarepé, kagawé nasaraké wong kang wis padha nampani tenger saka kéwan iku lan padha nyembah recané. Sakaroné padha kacemplungaké urip-uripan ing sagara geni welirang kang murub ngalad-alad. 21 Déné wong-wong liyané padha dipatèni déning Panjenengané Kang Nitih jaran, sarana pedhang, kang metu saka ing tutuké; sakèhing manuk banjur padha wareg mangan dagingé.
1 Aku tumuli weruh ana malaékat tumedhak saka swarga ngasta kunci teleng-palimenganing pati lan ranté gedhé ing astané; 2 malaékat mau nyepeng naga, si ula kang saka jaman wiwitan, yaiku Iblis utawa Sétan. Nuli diranté sèwu taun lawasé, 3 banjur diuncalaké menyang teleng-palimenganing pati, nuli katutup lan ing sandhuwuré disègel, supaya Iblis utawa Sétan iku aja nasaraké para umat manèh, sadurungé ganep sèwu taun mau; sawusé mangkono bakal kaeculaké sawatara mangsa. 4 Aku banjur weruh dhampar-dhampar lan kang padha nglenggahi; sarta padha diampili pangwaos kanggo ngadili. Aku uga weruh nyawané wong-wong kang wis katigas guluné marga saka paseksiné bab Yésus lan marga saka pangandikané Allah; kang ora padha nyembah kéwan iku dalah recané, sarta kang ora nampani tenger ana ing bathuké lan ing tangané, iku kabèh padha urip manèh lan ndhèrèk ngratoni, bareng karo Kristus lawasé sèwu taun. 5 Nanging wong-wong mati liyané iku ora padha urip manèh sadurungé genep sèwu taun mau. Iku patangèn kang kapisan. 6 Rahayu lan suci wong kang kaparingan panduman ing patangèn kang kapisan iku. Wong iku padha ora kawasésa manèh déning pati kang kapindho, nanging bakal padha dadi imamé Allah lan Kristus, sarta bakal ndhèrèk ngratoni bareng karo Panjenengané nganti sèwu taun lawasé. 7 Sawisé genep sèwu taun iku mau, Iblis tumuli bakal kaeculaké saka ing pakunjaran, 8 sarta bakal metu nasaraké para bangsa kang ana ing kéblat-papat, yaiku Gog lan Magog, padha dikerigaké kaajak maju perang, cacahé kaya wedhi ing sagara. 9 Tumuli padha ambyuk mratani saindenging jagat, sarta ngepung pasanggrahané para balané wong suci lan kutha kang kinasih iku. Nanging banjur ana geni tumurun saka langit, memangsa wong-wong mau, 10 déné Iblis, kang nasaraké wong-wong mau, nuli kacemplungaké ing sagara geni welirang, yaiku panggonané kéwan lan nabi palsu mau, lan iku bakal padha kasiksa rina-wengi ing salawas-lawasé. 11 Aku banjur weruh dhampar gedhé putih lan Panjenengané, kang lenggah ing kono. Bumi lan langit padha sirna saka ngarsané lan wis ora ketemu manèh dunungé. 12 Aku tumuli weruh wong mati, gedhé cilik, padha ana ing ngarep dhampar iku. Kabèh kitab banjur padha kabukak lan ana kitab liyané kang uga kabukak, yaiku kitab kauripan. Wong-wong mati mau tumuli padha diadili miturut panggawéné adhedhasar apa kang katulis ing kitab-kitab mau. 13 Sagara banjur masrahaké wong-wong mati kang ana ing jeroné, apadéné pati lan kratoné pati iku padha masrahaké wong-wong mati kang ana ing kono, sarta iku kabèh padha diadili miturut panggawéné dhéwé-dhéwé. 14 Pati lan kratoning pati banjur padha kajeguraké ing sagara geni. Iku pati kang kapindho: Sagara geni. 15 Saben wong kang jenengé ora katulis ana ing kitab kauripan mau, iku kajeguraké ing sagara geni.
1 Aku tumuli weruh langit anyar lan bumi anyar, awit langit kang kapisan lan bumi kang kapisan wis sirna, lan sagara uga wis ora ana manèh. 2 Lan aku uga weruh kutha suci, Yérusalèm kang anyar, tumurun saka ing swarga, saka ing Allah, kang kacawisaké kaya pangantèn putri kang dipaèsi lumadi marang kakungé. 3 Aku banjur krungu swara sora kang ngandika saka ing dhampar iku, "Delengen, tarubing Allah ana ing tengahing manungsa, lan Panjenengané bakal dedalem ana ing antarané manungsa. Iku bakal padha dadi umaté, lan Allah piyambak bakal nunggil sarta dadi Allahé. 4 Panjenengané bakal ngusapi sakèhé luh saka ing mripaté, lan bakal ora ana pati manèh; sedhih lan pasambat apadéné kasusahan iya wis ora ana manèh; amarga samubarang kang lawas wis padha kapungkur." 5 Panjenengané kang lenggah ing dhampar banjur ngandika, "Delengen, samubarang kabèh sundadèkaké anyar!" Pangandikané manèh, "Sira nulisa, awit pangandika iki kena diprecaya lan bener." 6 Sarta aku dipangandikani manèh, mangkéné, "Samubarang kabèh wis kelakon. Ingsun iki Alfa lan Oméga, Kang Wiwitan lan Kang Pungkasan. Wong kang ngelak bakal Sunparingi ngombé kanthi lalahanan saka tuking banyu kauripan. 7 Sing sapa unggul, bakal tampa iki kabèh, sarta Ingsun bakal dadi Allahé, lan iku bakal dadi putraningsun. 8 Nanging para wong kang jirih, kang padha ora pracaya, kang padha tumindak nistha, kang gawéné padha mematèni, sundel-sundel, kang padha olah panenungan, kang padha nyembah brahala, lan sakèhing para-cidra, iku padha olèh pandumané ana ing sagara geni welirang kang murub ngalad-alad; yaiku pati kang kapindho." 9 Malaékat panunggalané malaékat pitu kang ngasta bokor pitu isi kebak wewelak pitu kang wekasan iku banjur rawuh, panjenengané nuli ngandikani aku, "Mrénéa, kowé daktuduhi pangantèn putri, garwané Sang Cempé." 10 Tumuli, ing sajroning roh, aku diasta panjenengané menyang gunung kang gedhé lan dhuwur, aku ditedahi kutha kang suci, yaiku Yèrusalèm kang tumurun saka swarga, saka Allah. 11 Kutha iku kebak kamulyané Allah lan cahyané kaya sesotya kang adi linuwih, kaya sesotya yaspis, bening saèmper kristal. 12 Bètèngé gedhé lan dhuwur, ana gapurané rolas; lan ing sandhuwuré gapura-gapura mau ana malaékaté rolas, sarta ana tulisan jenengé taler Israèl rolas. 13 Ing sisih wétan ana gapurané telu, ing sisih lor telu, ing sisih kidul telu, ing sisih kulon telu. 14 Ing bètèngé kutha iku ana tetales-watu rolas, ing kono ana tulisan asmané para rasulé Sang Cempé cacahé rolas. 15 Malaékat kang ngandikani aku iku ngasta piranti ngukur saka emas, kagem ngukur kutha iku, sarta gapurané lan bètèngé. 16 Kutha iku wanguné pesagi, dawané padha karo ambané. Déné anggoné ngukur kutha iku ngagem piranti ngukur mau: kurang luwih rong èwu patang atus kilometer; dawané lan ambané sarta dhuwuré iku padha. 17 Bètèngé uga diukur tinemu kurang luwih sewidak meter, manut ukurané manungsa, kang iya dadi ukurané malaékat. 18 Bètèng iku kabangun saka sesotya yaspis; lan kuthané iku saka emas tulèn, kaya kaca murni. 19 Tetalesé bètèng kutha padha rinengga ing sesotya adi manéka-warna. Tetalesé kang kapisan iku yaspis, kang kapindho nilam, kang katelu mirah, kang kapat jamrud, 20 kang kalima sardonik, kang kanem sardis, kang kapitu retna cempaka, kang kawolu beril, kang kasanga krisolit, kang kasepuluh krisopas, kang kasewelas lazuardi, lan kang karolas kecubung. 21 Gapurané rolas iku arupa mutiyara rolas; saben gapura wujud mutiyara siji, lan dalan-dalané kutha iku saka emas tulèn, kaya kaca kang bening. 22 Ing kono aku ora weruh Padaleman Suci; amarga Allah, Pangéran kang Mahakwaos iku Padaleman Suciné, mangkono uga Sang Cempé. 23 Kutha iku ora mbutuhaké padhanging srengéngé lan rembulan, amarga kamulyané Allah kang madhangi lan Sang Cempé kang dadi damaré. 24 Para bangsa bakal padha lumaku ana ing pepadhangé sarta para raja ing bumi padha ngaturaké kamulyané marang Panjenengané; 25 gapurané bakal ora kainebaké ing sadina muput, awit ing kono bakal ora ana wengi manèh. 26 Karodéné kamulyan lan kaurmatané para bangsa uga bakal kagawa kasaosaké marang Panjenengané. 27 Nanging sabarang kang najis bakal ora bisa mlebu mrono, utawa wong kang nindakaké panggawé nistha utawa cidra; kejaba mung wong-wong kang jenengé padha katulis ing kitab kauripan kagungané Sang Cempé.
1 Aku tumuli dituduhi kali banyuning kauripan, kang bening kaya kristal, kang mili metu saka ing dhamparé Allah lan dhamparé Sang Cempé. 2 Ing satengahé dalaning kutha iku, yaiku ing sakiwa-tengené bengawan, ana wit kauripan kang metokaké woh ping rolas, saben sasi sapisan; lan godhongé wit iku mau dianggo maluyakaké para bangsa. 3 Ing kana bakal ora ana laknat manèh. Dhamparé Allah lan Sang Cempé bakal ana ing tengahé, lan para abdiné bakal padha ngabekti marang Panjenengané, 4 lan bakal padha nyawang pasuryané sarta bakal katulisan asmané ing bathuké. 5 Ing kana bakal ora ana manèh wayah bengi, sarta ora mbutuhaké padhanging damar utawa padhanging srengéngé, amarga Pangéran Allah bakal madhangi, sarta wong-wong mau bakal padha mréntah dadi raja langgeng ing salawas-lawasé. 6 Aku tumuli dingandikani mangkéné, "Pangandika iku mau satuhu lan nyata, sarta Pangéran, Allah kang paring roh marang para nabi, wis ngutus malaékaté supaya nuduhaké marang para abdiné apa kang pinasthi énggal kelakon." 7 "Satemené Ingsun bakal énggal rawuh. Rahayu wong kang netepi pangandika pamecané kitab iki!" 8 Anadéné aku, Yohanes, kang wis ndeleng lan krungu prakara iku mau kabèh. Sawusé krungu lan ndeleng, aku nuli sumungkem ing sampéyané malaékat, kang wus nedahaké iku mau kabèh marang aku, prelu sujud. 9 Nanging pangandikané marang aku, "Aja mangkono! Amarga aku iki abdi, padha kaya kowé lan sadulur-sadulurmu tunggal pracaya, para nabi, sarta sakèhing kang padha netepi pangandikané kitab iki. Sujuda marang Allah!" 10 Aku tumuli dingandikani manèh, "Pangandika pawedhar-wangsité kitab iki aja sira sègel, awit wektuné wus cedhak. 11 Sing sapa gawé duraka, terusna gawé duraka, sing sapa jember, terusna njemberaké awak; lan sing sapa laku bener, terusna laku bener; sing sapa suci, terusna nucèkaké awaké!" 12 "Satemené Ingsun bakal énggal rawuh, sarta ngasta ganjaraningsun, kagawé males marang saben wong miturut sapanggawéné. 13 Ingsun iki Alfa lan Oméga, Kang Murwani lan Kang Mungkasi, Kang Wiwitan lan Kang Pungkasan. 14 Rahayu wong kang padha ngumbah sandhangané. Iku kang bakal padha duwé wewenang tumrap kauripan, lan lumebu ing kutha, liwat gapura-gapurané. 15 Nanging asu lan para juru-tenung, tuwin para sundel, wong kang gawé pati, lan kang padha nyembah brahala, sarta saben wong kang dhemen lan nglakoni para-cidra, iku padha ana ing sanjabaning kutha. 16 Ingsun, Yésus, wis ngutus malaékatingsun supaya gawé paseksi tumrap iku kabèh marang sira kanggo pasamuwan-pasamuwan. Ingsun iki sogolan, yaiku trahé Daud, lintang panjer ésuk kang mancorong." 17 Roh lan pangantèn putri padha nyebut, "Paduka mugi rawuh!" Lan sapa kang krungu, iku munjuka, "Paduka mugi rawuh!" Lan sapa kang ngelak, nyedhaka lan sapa kang gelem, njupuka banyu kauripan kanthi lelahanan. 18 Aku awèh paseksi marang saben wong kang ngrungokaké pawedhar-wangsité pangandika ing kitab iki, "Menawa ana wong kang muwuhi apa-apa ing pangandika iki, Allah bakal muwuhi wewelak marang wong iku, padha kaya kang katulis ing kitab iki. 19 Lan menawa ana wong kang ngurangi pangandikané kitab pamedhar-wangsit iki, Allah bakal mundhut pandumané saka ing wit kauripan lan saka ing kutha suci, kaya kang katulis ana ing kitab iki." 20 Panjenengané kang nglairaké paseksi iku mau kabèh ngandika mangkéné, "Iya, Ingsun énggal rawuh!" Amin, inggih Gusti Yésus, Paduka mugi rawuh! 21 Sih-rahmaté Gusti Yésus nunggila ing kowé kabèh! Amin.