Jawa John

INJIL YOKANAN

Sang Sabda kang manjalma

/1 Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah. 2 Wiwitane Panjenengane iku nunggil karo Gusti Allah. 3 Samubarang kabeh dumadine dening Sang Sabda, lan samubarang kang dumadi ora ana sawijiwijia kang ora didadekake dening Sang Sabda. 4 Sang Sabda kang kadunungan urip, sarta urip iku kang dadi pepadhanging manungsa. 5 Anadene Sang Padhang nelahi sajroning pepeteng, lan ora kalindhih dening pepeteng iku. 6 Ana priya rawuh kautus dening Allah asmane Yokanan. 7 Rawuhe dadi seksi, kapatah nekseni bab Sang Padhang, supaya dadia lantarane wong kabeh padha pracaya. 8 Panjenengane iku dudu Sang Padhang piyambak, mung kapatah nekseni bab Sang Padhang. 9 Sang Padhang kang sajati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhijagad.

10 Panjenengane wus ana ing jagad, dhasar jagad iku dumadine iya dening Panjenengane, nanging jagad iku ora wanuh marang Panjenengane. 11 Rawuhe murugi kagungane, nanging para kagungane iku ora gelem nampani. 12 Nanging sapa bae kang nampani Panjenengane iku diparingi wewenang dadi para putraning Allah iya iku kang padha pracaya marang asmane, l3 kang laire ora saka ing getih, iya ora saka pakaremaning daging utawa saka karepe wong lanang, nanging saka ing Allah.

14 Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten. 15 Nabi Yokanan nekseni mungguh Panjenengane sarta nguwuh-uwuh, pangandikane: "Iya iki kang dakkarepake nalika aku pitutur mangkene: Kang rawuh nungka aku iku wus ngrumiyini aku, amarga anane sadurunge aku." 16 Saka ing kasampurnane kita kabeh wus tampa ganjaran sih mawantu-wantu. 17 Sabab angger-angger iku anggone kaparingake lantaran Nabi Musa, dene sih-rahmat lan kayekten iku dumadine dening Sang Yesus Kristus.

18 Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-anting kang ana ing pangkone Sang Rama, iku kang nerangake kawontenane.

Paseksene Nabi Yokanan Pambaptis

19 Iki paseksene Nabi Yokanan nalika wong Yahudi saka ing Yerusalem kongkonan para imam lan para wong Lewi, dikon matur pitakon: "Panjenengan punika sinten?" 20 Nabi Yokanan ngaken kanthi bares: "Aku iki dudu Sang Kristus." 21 Pitakone kongkonan: "Manawi makaten panjenengan punika sinten? Punapa Nabi Elia?" Paring wangsulane Nabi Yokanan: "Dudu." 22 Ing kono ature kongkonan: "Panjenengan punika sinten, supados kula sami saged mratelakaken dhateng ingkang kengkenan kula. Pengaken panjenengan tumrap sarira panjenengan kadospundi?" 23 Pangandikane Nabi Yokanan: "Aku iki swarane wong kang nguwuh-uwuh ana ing pasamunan: Padha ngencengna margi ambah-ambahane Pangeran! Kaya kang wus dipangandikakake dening Nabi Yesaya."

24 Mungguh ing antarane para kongkonan mau ana wonge Farisi sawatara. 25 Iku banjur nyuwun pirsa maneh: "Manawi panjenengan sanes Sang Kristus, sanes Nabi Elia, sanes nabi ingkang sami kula antos-antos, punapaa dene panjenengan kok mawi mbaptis?" 26 Nabi Yokanan mangsuli, pangandikane: "Aku iki anggonku mbaptis nganggo banyu, nanging wus ana kang jumeneng ing tengahmu, kowe padha ora weruh, 27 iya iku kang rawuhe nungka aku. Ambok nguculi jangeting trumpahe bae aku ora patut."

28 Mungguh kelakone iku mau ana ing Betania, ing sabrange bengawan Yarden, panggonane Nabi Yokanan mbaptis.

Nabi Yokanan nedahake Gusli Yesus

29 Esuke Nabi Yokanan mirsa Gusti Yesus murugi, Nabi Yokanan mau banjur ngandika: "Delengen iku Cempening Allah kang ngilangi dosane jagad. 30 Iya Panjenengane iku kang dakkarepake nalika aku kandha mangkene: Ana priya rawuh nungka aku, kang wus ngrumiyini aku, amarga anane sadurunge aku. 31 Ing maune aku iya ora wanuh marang Panjenengane, nanging supaya Panjenengane kalairna marang Banisrael, mulane tekaku nganggo mbaptis ing banyu."

32 Lan maneh paseksene Nabi Yokanan mangkene: "Aku wus ndeleng Roh tumedhak saka ing swarga kaya manuk dara, dedalem ing sarirane. 33 Maune aku iya ora wanuh karo Panjenengane, nanging kang ngutus aku mbaptisi ing banyu, wus ngandika marang aku: Manawa sira weruh Roh iku nedhaki sawijining wong lan dedalem ing sarirane Wong mau, iya iku kang bakal mbaptis sarana Roh Suci. 34 Anadene aku wus ndeleng lan nekseni yen iku Putraning Allah."

Sakabate Gusti Yesus kang kawitan

35 Esuke Nabi Yokanan jumeneng ana ing papan kono maneh, karo sakabate loro. 36 Nalika padha weruh Gusti Yesus langkung, Nabi Yokanan ngandika: "Lah iku Cempening Allah!" 37 Sakabate loro mau padha krungu anggone Nabi Yokanan ngandika mangkono iku, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus. 38 Gusti Yesus tumuli noleh mirsa yen sakabat mau padha ndherekake, banjur didangu: "Kowe padha goiek apa?" Unjuke kang didangu: "Rabbi (tegese: Guru), pakendelan Paduka wonten ing pundi?" 39 Pangandikane Gusti Yesus: "Ayo, kowe bakal padha weruh!" Tumuli padha mara lan weruhmarang pakendelane, sarta ing dina iku banjur padha tetunggalan karo Panjenengane, dene mungguh wayahe iku watara jam papat. 40 Dene sakabat loro kang wus krungu pangandikane Nabi Yokanan banjur ndherekake Gusti Yesus iku, kang siji yaiku Andreas, sadulure Simon Petrus. 41 Dhisike Andreas ketemu karo Simon, sadulure, banjur dikandhani: "Aku wus padha ketemu karo Sang Mesih (tegese: Kristus)." 42 Simon mau tumuli diirid menyang ngarsane Gusti Yesus. Gusti Yesus banjur mandeng Simon sarta ngandika: "Kowe iku Simon anake Yokanan. Kowe bakal dijenengake Kefas (tegese: Petrus)."

43 Esuke maneh Gusti Yesus karsa tindak menyang ing tanah Galilea. Panjenengane pinanggih karo Filipus, banjur ngandika: "Melua Aku!" 44 Filipus mau wong saka ing Betsaida, kuthane Andreas lan Petrus. 45 Filipus ketemu Natanael, banjur dituturi mangkene: "Aku wus padha ketemu karo kang kasebutake dening Nabi Musa sajroning Toret sarta dening para nabi, iya iku Gusti Yesus putrane Bapak Yusuf, saka ing Nasaret." 46 Pangucape Natanael: "Saka Nasaret apa ana barang kang becik?" 47 Wangsulane Filipus: "Ayo, ndelenga!" Bareng Gusti Yesus mirsa Natanael sowan ing ngarsane, banjur ngandika bab dheweke: "Lah, iku wong Israel sajati, kang ora kadunungan cidra." 48 Natanael banjur munjuk: "Paduka nguningani kawula saking pundi?" Gusti Yesus mangsuli pangandikane: "Sadurunge kowe diajak dening Filipus, Aku weruh kowe ana ing sangisore wit anjir." 49 Natanael munjuk maneh: "Dhuh Rabbi, Paduka punika Putranipun Allah, Paduka punika Ratunipun Israel." 50 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: "Olehmu pracaya iku apa awit anggonKu pitutur ing kowe: Aku weruh kowe ana ing sangisore wit anjir? Kowe bakal weruh lelakon-lelakon kang luwih elok katimbang karo iku." 51 Banjur dipangandikani dening Gusti Yesus mangkene: "Satemene pituturKu ing kowe, kowe bakal padha weruh langit menga, lan para malaekating Allah padha mudhun lan munggah marang Putraning Manungsa."

Manten ing desa Kana

/2 Nalika ing dina katelune ing desa Kana tanah Galilea ana manten, sarta kang ibune Gusti Yesus ana ing kono. 2 Gusti Yesus dalah para sakabate, uga diulemi mrono. 3 Bareng padha kekurangan anggur, kang ibune Gusti Yesus tumuli ngandika marang Panjenengane: "Padha kentekan anggur." 4 Pangandikane Gusti Yesus: "Ibu, panjenengan ngarsakaken punapa dhateng Kula? Dereng dumugi wekdal Kula." 5 Nanging kang ibune Gusti Yesus banjur dhawuh marang para paladen: "Apa sadhawuhe marang kowe padha lakonana." 6 Ing kono ana genthong watu wadhah banyu nenem, sadhiyan kanggo sesuci manut adate wong Yahudi, isine saben genthong mau rong klenthing utawa telung klenthing. 7 Gusti Yesus tumuli dhawuh marang para paladen mau: "Genthonge pada kebakana banyu!" Tumuli iya diiseni nganti kebak. 8 Gusti Yesus banjur ngandika: "Saiki cidhuken, lan aturna marang pitayaning gawe!" Banjur kalakon digawa. 9 Pitayaning gawe bareng ngicipi banyu kang wus dadi anggur mau lan dheweke ora sumurup pinangkane, awit kang sumurup mung para paladen kang padha nyidhuki banyune tumuli ngaturi panganten lanang, 10 sarta matur: "Saben tiyang nyegah anggur punika ingkang sae rumiyin. Dene manawi para tamu anggenipun ngunjuk sampun kathah lajeng saweg nyegahaken ingkang kirang sae. Nanging Panjenengan kok nyimpen anggur ingkang sae ngantos sapunika."

11 Prakara mau katindakake dening Gusti Yesus ana ing Kana tanah Galilea, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat, lan srana mangkono Panjenengane wus mbabarake kaluhurane. Para sakabate tumuli padha pracaya marang Panjenengane.

Gusti Yesus ana ing kutha Kapernaum

12 Sawuse mangkono Gusti Yesus banjur tindak menyang ing kutha Kapernaum, bebarengan karo kang ibu lan para sadhereke tuwin para sakabate; nanging ana ing kono mung kendel sawatara dina bae.

Gusti Yesus nyucekake Padaleman Suci

13 Nalika ngarepake riyayane Paskah wong Yahudi, Gusti Yesus tindak menyang Yerusalem. 14 Ana ing Padaleman Suci Gusti Yesus mirsa wong-wong kang adol sapi, wedhus, manuk dara, apadene wong-wong preyalan padha dhasar ana ing kono. 15 Panjenengane mundhut tampar kagem pecut, banjur nundhungi wong-wong mau kabeh dalah wedhuse lan sapine, saka ing Padaleman Suci. Dhuwite preyalan-preyalan padha disuntaki, mejane padha digolingake. 16 Bakul-bakul dara padha kadhawuhan mangkene: "Kabeh iki padha singkirna saka ing kene! Padalemane RamaKu aja kokgawe omah padagangan." 17 Para sakabate tumuli kelingan manawa ana tulisan mangkene: "Katresnan Kawula dhateng Padaleman Paduka punika ngantos nggrantesaken Kawula." 18 Wong-wong Yahudi tumuli nyela atur marang Gusti Yesus: "Panjenengan saged damel mukjijat punapa ingkang saged Panjenengan ketingalaken dhateng kula sadaya, dene Panjenengan kok nindakaken pratingkah kados makaten?" 19 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: "Padaleman Suci iki bubrahen, sajroning telung dina bakal Dakdegake maneh." 20 Unjuke wong Yahudi: "Padaleman Suci punika kabangun ing salebetipun kawandasa nem taun, mangka Panjenengan kok badhe ngadegaken salebeting tigang dinten?" 21 Nanging kang dipangandikakake Padaleman Suci iku sarirane piyambak. 22 Ing tembe, sawuse Gusti Yesus wungu saka ing antarane wong mati, para sakabate lagi padha kelingan, yen Panjenengane wus tau ngandika mangkono mau, banjur padha pracaya marang Kitab Suci lan marang pangandika kang kadhawuhake dening Gusti Yesus.

23 Nalika Gusti Yesus ana ing Yerusalem, sajrone riyaya Paskah, akeh wong pracaya marang Panjenengane, marga padha weruh mukjijat-mukjijat kang katindakake. 24 Ananging Gusti Yesus piyambak ora nganggep marang pracayane wong-wong iku mau, amarga kabeh wus diuningani, 25 sarta ora prelu ana wong kang nyaosi paseksen bab manungsa marang Panjenengane, jalaran Panjenengane wis mirsa piyambak apa kang ana ing batine manungsa.

Piwulange Gusti Yesus marang Nikodhemus bab lair kapindho

/3 Ana wong Farisi jenenge Nikodhemus, panggedhene wong Yahudi, 2 seba marang ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi, sarta munjuk: "Rabbi, kawula sami sumerep bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus dening Gusti Allah, amargi boten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika, manawi boten tinunggil dening Allah." 3 Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: "Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah." 4 Unjuke Nikodhemus: "Tiyang sampun sepuh makaten anggenipun saged lair kadospundi? Punapa saged lumebet malih dhateng guwa-garbaning biyungipun, lajeng kalairaken malih?" 5 paring wangsulane Gusti Yesus: "Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake saka banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah. 6 Apa kang lair saka ing daging iku daging lan kang lair saka ing Roh, iku roh. 7 Aja gumun, dene Aku pitutur ing kowe: Kowe kudu padha kalairake maneh. 8 Menyang ngendi midide angin iku miturut ing sakarepe, lan kowe krungu sumiyute, nanging ora sumurup pinangkane lan parane. Kaya mangkono iku kaanane saben wong kang kalairake saka ing Roh!" 9 Nikodhemus munjuk: "Prakawis punika sagedipun kalampahan kadospundi?" 10 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: "Kowe iku rak dadi gurune wong Israel, dene kok ora ngreti prakara iku? 11 Satemen-temene pituturKu ing kowe: Kang padha Dakrembug iku, iya kang padha Daksumurupi sarta kang padha Daksekseni iya kang padha Daktingali, ewadene kowe ora padha nampani ing paseksenKu kabeh. 12 Manawa kowe nalika Daktuturi bab kadonyan padha ora ngandel, kapriye bisamu padha ngandel saupama Daktuturana bab kaswargan? 13 Ora ana wong siji-sijia kang sumengka menyang ing swarga, kajaba mung Pan jenengane kang wus tumurun saka ing swarga, iya iku Putrane Manungsa.

14 Kayadene Nabi Musa anggone manjer rerekan ula ana ing ara-ara-samun, iya mangkono uga Putrane Manungsa anggone pinesthi kapanjer, 15 supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane oleh urip langgeng. 16 Awifdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng. 17 Sabab Gusti anggone ngutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku ora supaya ngadili marang jagad, nanging supaya mitulungi rahayu marang jagad. 18 Sing sapa pracaya marang Panjenengane, iku ora bakal diukum, balik sing sapa ora pracaya, iku wus kapatrapan, amarga ora pracaya marang asmane Putraning Allah kang ontanganting. 19 Anadene mungguh paukuman mau mangkene; Sang Padhang iku wus rawuh ing jagad, nanging manungsa padha luwih rumaket marang pepeteng, tinimbang karo pepadhang, amarga panggawe-panggawene ala. 20 Sabab sing sapa nindakake piala mesthi sengit lan nyingkur marang pepadhang supaya aja kongsi katon panggawene kang ala iku. 21 Balik sapa kang tumindak bener iku marani pepadhang, supaya tetelaa yen panggawene iku mau linakonan ana ing patunggilaning Allah."

Paseksene Nabi Yokanan bab Gusti Yesus

22 Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak menyang ing tiatahe tanah Yudea kadherekake para sakabate, banjur kendel ana ing kono karo para sakabate sarta mbaptis. 23 Dene Nabi Yokanan anggone mbaptis ana ing Ainon, sacedhake Salim, awit ing kono akeh banyune, wong-wong nuli padha mrono sarta dibaptisi, 24 awit nalika samana Nabi Yokanan durung kalebokake ing pakunjaran.

25 Nalika samana tuwuh bebantahane para sakabate Yokanan karo wong Yahudi bab sesuci. 26 Sakabat mau tumuli padha sowan marang ngarsane Nabi Yokanan lan matur: "Rabbi, tiyang ingkang sesarengan kaliyan panjenengan wonten ing sabrangipun benawi Yarden saha ingkang sampun panjenengan sekseni punika inggih mbaptis sarta kapurugan dening tiyang kathah." 27 Nabi Yokanan mangsuli; pangandikane: "Wong ora bisa ndhaku apa-apa manawa ora kaparingan saka ing swarga. 28 Kowe dhewe padha dadi seksiku anggonku duwe pitutur: Aku iki dudu Sang Mesih, mung kautus lumaku dadi cecala ana ing ngarsane. 29 Kang nduweni panganten wadon iku panganten lanang, dene mitrane panganten lanang kang ngadeg ing sacedhake lan nilingake, iku bungah banget ngrungokake swarane panganten lanang iku. Iya iku kabungahanku lan kang kaya mangkono iku saiki wus katutugan. 30 Panjenengane iku pinasthi saya mundhak, nanging aku iki saya suda.

31 Kang rawuhe saka ing ngaluhur iku ngungkuli sakabehe, kang pinangkane saka ing bumi iku iya saka ing bumi, lan calathune iya nganggo basa ing bumi. Kang rawuhe saka ing swarga iku ngungkuli sakabehe. 32 Sarta apa kang wus ditingali lan dipiyarsakake iya iku kang disekseni; ewadene ora ana wong siji-sijia kang nampani ing paseksene. 33 Sapa kang nampani ing paseksene iku, ngakoni yen Gusti Allah iku sanyata. 34 Sahab kang kautus dening Gusti Allah iku kang ndhawuhake pangandikane Gusti Allah, amarga Gusti Allah anggone maringake Rohe tanpa wates. 35 Sang Rama ngasihi marang Sang Putra, sarta wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane. 36 Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduweni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebenduning Allah."

Gusti wawan sabda karo wong wadon Samana

/4 Bareng Gusti mirsa yen wong Farisi wus padha krungu pawarta yen kang manjing dadi siswa sarta dibaptis dening Gusti Yesus iku kehe ngluwihi sakabate Nabi Yokanan, 2 sanadyan dudu Gusti Yesus piyambak kang mbaptis, nanging mung para sakabate 3 Panjenengane tumuli nilar tanah Yudea, tindak wangsul menyang ing tanah Galilea.

4 Anadene tindake mau kudu miyos ing tanah Samaria. 5 Banjur rawuh ing sawijining kutha ing tanah Samaria kang aran Sikhar, cedhak karo palemahan kang biyen diparingake dening Rama Yakub marang kang putra Yusuf. 6 Ing kono ana sumure Rama Yakub. Gusti Yesus sarehne kraos sayah saka anggone tindak, banjur lenggah ana pinggiring sumur kono. Nalika samana kira-kira wayah jam rolas. 7 Tumuli ana wong wadon Samaria teka arep ngangsu. Gusti Yesus ngandika marang wong mau: "Aku wenehana ngombe!" 8 Awit para sakabate lagi padha menyang kutha tuku pangan. 9 Wong wadon mau banjur munjuk: "Kadospundi dene Panjenengan tiyang Yahudi kok mundhut ngunjuk dhateng kula tiyang Samaria?" (Awit wong Yahudi ora srawung karo wong Samaria.) 10 Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: "Manawa kowe sumurup ing peparinge Allah, lan sapa wonge kang tutur ing kowe: Aku wenehana ngombe, mesthi kowe kang njaluk marang wong iku, tumuli kowe diwenehi banyu urip." 11 Unjuke wong wadon mau: "Bendara, Panjenengan boten kagungan timba, mangka sumuripun lebet, dados saking pundi anggen Panjenengan angsal toya gesang punika? 12 Panjenengan mesthi boten nglangkungi leluhur kula Yakub ingkang maringaken sumur punika dhateng bangsa kula. Dene panjenenganipun ugi ngunjuk saking sumur punika, samanten ugi para putra lan kewanipun." 13 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: "Sapa wong kang ngombe banyu iki bakal ngelak maneh, 14 nanging sing sapa ngombe banyu pawewehKu, bakal ora ngelak ing salawas-lawase. Malah banyu pawewehKu mau ana ing jerone wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka ing urip. langgeng." 15 Unjuke wong wadon mau: "Bendara, kula Panjenengan paringi toya punika, supados sampun ngantos ngelak, sarta boten sisah ngangsu mriki malih!" 16 Pangandikane Gusti Yesus: "Lungaa, undangen bojomu, tumuli balia mrene!" 17 Unjuke wong wadon: "Kula boten gadhah semah." Pangandikane Gusti Yesus: "Bener kandhamu, yen kowe ora duwe bojo iku. 18 Sabab anggonmu bebojoan wus ambal kaping lima, mangka kang saiki iku dudu bojomu. Pancen bener ujarmu kang mangkono iku."' 19 Unjuke wong wadon; "Gusti, sapunika tumrap kawula sampun cetha, bilih Paduka punika nabi. 20 Para leluhur kawula anggenipun sujud wonten ing redi punika, mangka bangsa Paduka criyos bilih panggenanipun tiyang nglampahi sujud punika ing Yerusalem." 21 Pangandikane Gusti Yesus: "He, wong wadon, ngandela marang Aku, bakal tumeka ing wektune anggonmu padha sujud marang Gusti Allah ora ana ing gunung iki, lan iya ora ana ing kutha Yerusalem. 22 Kowe iku padha sujud marang kang ora padha kokweruhi. Aku iki padha sujud marang kang padha Dakweruhi. Awit mungguh wijiling karahayon iku saka bangsa Yahudi. 23 Nanging bakal tumeka ing wektune, malah saiki wus tumeka ing wektune para wong sujud kang sajati iku anggone padha sujud marang Sang Rama sajroning Roh lan kayekten, awit wong sujud kang kaya mangkono iku kang dikarsakake dening Sang Rama. 24 Gusti Allah iku Roh, mulane kang padha sujud marang Gusti Allah, anggone sujud iku kudu ing sajroning roh lan kayekten." 25 Unjuke wong wadon: "Kawula sumerep bilih Sang Mesih badhe rawuh, ingkang ugi kasebat Sang Kristus; punika sarawuhipun badhe nyumerepaken samukawis dhateng kawula sadaya." 26 Pangandikane Gusti Yesus: "Iya Aku iki Panjenengane kang lagi ngandikan karo kowe iki."

27 Nalika samana para sakabate teka, sarta padha gumun dene Gusti Yesus imbal pangandika karo wong wadon. Ananging ora ana siji-sijia kang munjuk: "Ingkang Paduka karsakaken punapa?" Utawa: "Tiyang punika Paduka pangandikani punapa?" 28 Wong wadon mau tumuli ninggal June ana ing kono, banjur menyang kutha lan crita marang wongwong ing kono: 29 "Ayo padha ndelenga, ing kana ana wong kang ngandhakake lelakonku kabeh marang aku. Apa kirane iku Sang Kristus?" 30 Wong-wong mau tumuli padha mangkat menyang ing sajabane kutha sowan marang ngarsane Gusti Yesus.

31 Nalika samana para sakabate tumuli matur marang Gusti Yesus, unjuke: "Rabbi, sumangga Paduka dhahar!" 32 Nanging Gusti Yesus ngandika: "Aku duwe pangan kang ora padha koksumurupi." 33 Kang iku para sakabat padha sapocapan: "Apa kira-kira ana wong kang nyaosi dhahar?" 34 Pangandikane Gusti Yesus: "Kang dadi panganKu iya iku anggonKu nglakoni karsane karig ngutus Aku, sarta ngrampungake ayahane. 35 Rak ana ujarmu kang mangkene: Kurang patang sasi nuli panen. Nanging pituturKu ing kowe: Padha delengen ing kiwa tengenmu lan tamatna pategalanpategalan, kang katon kuning iku wus kena dieneni. 36 Saiki kang derep wus tampa bawon, sarta nglumpukake woh kang tumuju marang ing urip langgeng, satemah kang nyebar lan kang derep loro-lorone padha bungah. 37 Awit tumrap iki bener bebasan kang muni mangkene: Kang siji nyebar, sijine kang ngeneni. 38 Kowe padha Dakutus ngeneni kang dudu garapanmu. Wong liya kang padha nggarap, lan kowe kang padha ngundhuhi pametuninggarapane."

39 Kacarita akeh wong Samaria ing kutha kono kang padha pracaya marang Panjenengane awit saka paseksene wong wadon mau: "Panjenengane wus mbedhek sakabehing lelakonku." 40 Wongwong Samaria mau bareng wus sowan ing ngarsane Gusti Yesus, padha duwe atur panyuwun, muga karsaa lereb ana ing omahe. Panjenengane iya banjur lereb ana ing kono rong dina, 4' sarta mundhak akeh maneh kang padha manjing pracaya awit saka pangandikane, 42 lan padha tutur marang wong wadon mau: "Anggonku padha pracaya wus ora marga saka ujarmu iku. Amarga aku dhewe wus padha ngrungokake Panjenengane, lan aku wus padha sumurup yen sanyatane Panjenengane iku Pamartaningjagad."

Bali menyang Galilea

43 Sawuse rong dina iku Gusti Yesus tedhak saka ing kono menyang ing tanah Galilea, 44 sabab Gusti Yesus wus nekseni piyambak yen kang jeneng nabi iku ora kajen ana ing nagarane dhewe. 45 Sarawuhe ing tanah Galilea, banjur ditampeni dening wong-wong ing kono, marga iku wus padha ndeleng sakehing pandamele ana ing Yerusalem nalika riyaya, amarga wong-wong mau uga melu nekani riyaya iku.

Anake priyayi kadhaton

46 Gusti Yesus tumuli tindak maneh menyang ing Kana ing tanah Galilea; panggonane nalika Panjenengane nyabdakake banyu dadi anggur. Anadene ing Kapernaum ana priyayi kadhaton duwe anak lanang kang lagi lara. 47 Nalika priyayi mau krungu warta manawa Gusti Yesus saka ing tanah Yudea rawuh ing tanah Galilea, banjur seba marang ngarsane Gusti Yesus sarta darbe panyuwun muga karsaa tedhak nyarasake anake, awit anake iku wus arep mati. 48 Gusti Yesus tumuli ngandika marang priyayi mau: "Manawa ora ndeleng pratandha lan kaelokan, kowe ora bakal padha pracaya." 49 Unjuke priyayi mau: "Dhuh Gusti, mugi karsaa tedhak sapunika mumpung anak kawula dereng pejah." 50 Pangandikane Gusti Yesus: "Balia, anakmu urip." Priyayi mau pracaya marang pangandikane Gusti Yesus iku, tumuli bali. 51 Nalika isih ana ing dalan priyayi mau kapethuk abdi-abdine, kang padha nusul ngaturi pawarta, manawa anake urip. 52 Tumuli padha didangu, wayah apa anake wiwit waras. Ature: "Kala wingi wanci jam satunggal siyang, anggenipun mantun benter." 53 Bapakne mau banjur kelingan yen ing wayah iku anggone dipangandikani dening Gusti Yesus: "Anakmu urip." Priyayi mau tumuli pracaya dalah sabrayate kabeh.

54 Iku pratandha kang kapindho kang katindakake dening Gusti Yesus nalika kondur saka ing tanah Yudea menyang ing tanah Galilea.

Gusti nyarasake wong lara ing dina Sabat ana ing blumbang Betesdha

/5 Sawuse mangkono, kabener ana riyayane wong Yahudi, Gusti Yesus nuli tindak menyang ing Yerusalem. 2 Ing Yerusalem, ing sacedhake Seketheng Wedhus, ana blumbang kang ing tembung Ibrani diarani: Betesdha, kang ana bangsale lima. 3 Ing bangsal-bangsal kono akeh banget wong lara pating glethak, wong wuta, wong lumpuh, wong pincang, padha ngenteni kocaking banyu. 4 Awi; ing samasa-masa ana malaekating Pangeran tumedhak ing blumbang kono ngocakake banyune, sarta manawa banyu mau kocak, sing sapa nyegur dhisik dhewe, dadi waras, sanadyan apa bae lelarane. 5 Kocapa ing kono ana wong kang nandhang lara wus telung puluh wolu taun lawase. 6 Bareng Gusti Yesus mirsa wong mau ngglethak ana ing kono, sarta ngudaneni manawa wus lawas anggone mangkono mau, wong mau tumuli dipangandikani: "Kowe apa kapengin waras?" 7 Atur wangsulane sing lara: "Dhuh, Gusti, boten wonten tiyang ingkang nyemplungaken kawula dhateng ing blumbang samasa toyanipun wiwit kocak. Dene manawi kawula saweg murugi, lajeng wonten tiyang sanes ingkang ambyur ngrumiyini kawula." 8 Pangandikane Gusti Yesus: "Tangia, paturonmu angkaten, lan lumakua!" 9 Sanalika wong mau dadi waras, nuli ngangkat paturone lan banjur mlaku.

Nanging nalika iku pinuju dina Sabat. 10 Amarga saka iku wong-wong Yahudi padha ngaruh-aruhi wong kang lagi bae waras mau, pangucape: "Iki dina Sabat, kowe ora kena ngangkat paturonmu!" 11 Nanging wangsulane wong mau: "Tiyang ingkang nyarasaken kula punika ingkang dhawuh dhateng kula: Paturonmu angkaten, lumakua!" 12 Wong-wong Yahudi banjur padha takon: "Sapa wonge kang akon kowe: Paturonmu angkaten, lumakua?" 13 Nanging wong kang lagi bae waras ora weruh, iku sapa, amarga Gusti Yesus wus nylimpet ana ing tengahe wong akeh kang ana ing kono. 14 Sawuse mangkono Gusti Yesus mrangguli wong mau ana ing Padaleman Suci, banjur dipangandikani: "Kowe wus waras, aja gawe dosa maneh, supaya kowe aja nganti kataman kang luwih banget." 15 Wonge tumuli lunga aweh weruh marang wong-wong Yahudi manawa kang marasake dheweke iku Gusti Yesus. 16 Lan marga saka iku, wong-wong Yahudi padha ngudi arep nganiaya marang Gusti Yesus, amarga nindakake kang kaya mangkono ing dina Sabat. 17 Nanging Gusti Yesus ngandika: "RamaKu nindakake pakaryan nganti saprene, mulane Aku iya uga nglakoni pagaweanKu." 18 Kang iku wong Yahudi mundhak nemen maneh pangarahe nyedani Gusti Yesus iku, awit ora ngemungake nerak Sabat bae, nanging uga marga mastani yen Gusti Allah iku Kang Rama piyambak, dadi sarirane dipadhakake Gusti Allah.

Paseksene Gusli Yesus tumrap sarirane piyambak

19 Ing kono Gusti Yesus mangsuli pangandikane: "Satemen-temene pituturKu ing kowe: Sang Putra ora bisa nindakake apa-apa saka awake dhewe, manawa Panjenengane ora weruh kang katindakake dening Sang Rama. Sabab apa kang katindakake dening Sang Rama, iku uga katindakake dening Sang Putra. 20 Sabab Sang Rama ngasihi Sang Putra sarta Panjenengane nedahake sabarang kang ditindakake piyambak marang Sang Putra iku. Malah Panjenengane iya bakal nedahake marang Kang Putra pandamel kang luwih agung maneh katimbang karo iku, supaya kowe padha gumuna. 21 Awit padha kaya Sang Rama anggone nangekake lan nguripake wong kang padha mati, mangkono uga Sang Putra iya nguripake sok wonga kang dikarsakake. 22 Dene Sang Rama ora ngadili sapa bae, nanging pangadilan iku wus dipasrahake marang Sang Putra, 23 supaya kabeh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggone ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengane.

24 Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong kang ngrungokake ing pituturKu, sarta pracaya marang kang ngutus Aku, iku nduweni urip langgeng, tuwin bakal ora bakal katut kaukum, jalaran wus ngalih saka ing pati marang urip. 25 Satemen-temene pituturKu ing kowe, bakal tumeka ing wektune, malah wus tumeka ing wektune, wong mati padha krungu swarane Putraning Allah. Sarta kang padha ngrungokake iku bakal urip. 26 Sabab padha kaya Sang Rama anggone kagungan gesang ing sarirane piyambak, mangkono uga Sang Putra iya wus kaparengake kagungan gesang piyambak. 27 Sarta maneh wus kaparingan panguwasa ngasta pangadilan, amarga Panjenengane iku Putraning Manungsa. 28 Kowe aja padha gumun marang prakara iku mau. Sabab bakal tumeka ing wektune: Sakehe wong kang ana ing kubur padha krungu swarane, 29 banjur metu, kang kalakuane becik tangi lan urip ing salawase, kang kalakuane ala tangi lan banjur kaukum.

30 Aku ora bisa nindakake apa-apa saka awakKu dhewe, anggonKu ngadili iku laras karo apa kang Dakrungu, sarta putusanKu adil. Amarga ora nuruti karepKu dhewe, nanging manut karsane kang ngutus Aku. 31 Manawa Aku nekseni mungguh ing awakKu dhewe, paseksenKu mau ora bener. 32 Ana liyane kang nekseni mungguh ing Aku, lan Aku weruh yen paseksen kang dilairake mungguh ing Aku iku bener. 33 Kowe wus padha kongkonan marang Nabi Yokanan, lan iku wus nekseni ing bab kayekten. 34 Nanging Aku iki ora mbutuhake paseksen saka manungsa. AnggonKu tutur mangkono iku supaya kowe padha kapitulungan rahayu. 35 Nabi Yokanan iku minangka damar kang murub lan kang madhangi, nanging kowe iku mung sawatara mangsa bae anggonmu gelem nikmati padhange. 36 Nanging Aku iki nduweni paseksen kang ngungkuli paseksene Nabi Yokanan, iya iku sakabehing ayahan kang kaparingake Sang Rama marang Aku, supaya Daktindakake. Ayahan mau iya kang Daktindakake saiki, kang dadi paseksene anggonKu kaulus dening Sang Rama. 37 Karodene Sang Rama kang ngutus Aku iku wus nekseni piyambak ing ngatase Aku. Kowe ora tau krungu swarane utawa nyumurupi citrane, 38 apaderie pangandikanc ora tetep dumunung ing kowe, awit kowe padha ora ngandel marang kang diutus. 39 Kowe padha niti priksa Kitabkitab Suci, awit pandugamu marga saka Panjenengane kowe nduweni urip langgeng. Nanging sanadyan Kitab-kitab Suci iku nekseni ing bab Aku, 40 suprandene kowe padha lumuh marani Aku supaya nduwenana urip iku.

41 Aku ora kepengin diurmati dening manungsa. 42 Nanging tumrap kowe, Aku wus weruh, manawa padha ora kadunungan katresnan sajroning atimu marang Gusti Allah. 43 TekaKu iki atas asmane RamaKu, nanging ora koktampani. Manawa ana wong liya kang teka atas jenenge dhewe iku bakal koktampani. 44 Kowe iku anggonmu pada bisa pracaya kapriye, dene padha purihpinurih ing kaurmatan, mangka kaurmatan kang saka Gusti Allah Kang Maha-Tunggal iku ora kokgayuh. 45 Kowe aja padha duwe pangira yen Aku kang bakal nggugat kowe ana ing ngarsane Sang Rama, kang nggugat kowe iya iku 'Nabi Musa, yaiku Nabi Musa dununging pangarep-arepmu. 46 Sabab saupama kowe padha pracaya marang Nabi Musa, mesthi iya pracaya marang Aku, amarga Aku wus diwecakake ana ing tulisane. 47 Nanging manawa kowe padha ora ngandel marang tulisane Nabi Musa, kapriye anggonmu bakal padha pracaya marang kang Dakkandhakake?"

Gusti Yesus maringi mangan wong limang ewu

/6 Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak menyang ing sabrange sagara Galilea, yaitu sagara Tiberias. 2 Wong akeh padha grudugan ndherekake Panjenengane, amarga padha ndeleng mukjijat kang wus katindakake dening Gusti Yesus tumrap wong-wong kang padha lara. 3 Gusti Yesus tumuli minggah ing gunung, banjur lenggah ana ing kono, kaadhep dening para sakabate. 4 Nalika samana wus ngarepake Paskah, riyayane wong Yahudi. 5 Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha grudugan sowan, banjur ngandika marang Filipus: "Ing ngendi anggon kita arep tuku roti, supaya wong-wong iki bisa mangan?" 6 Anggone ngandika mangkono iku mung kagawe nyoba, awit wus mirsa piyambak apa kang bakal katindakake. 7 Unjuke Filipus: "Roti pangaos kalih atus dinar boten badhe nyekapi kangge tiyang samanten kathahipun punika, sanadyan namung sami kabagean nyakedhik." 8 Sawijining sakabat iya iku Andreas sadulure Simon Petrus tumuli munjuk: 9 "Punika wonten lare ingkang mbekta roti sair gangsal kaliyan ulam loh kalih, nanging punika nggawer sapinten kangge tiyang samanten kathahipun punika?" 10 Gusti Yesus ngandika: "Wong-wong iku konen padha linggih!" Anadene ing kono akeh sukete, wongwong mau banjur padha linggih, kang lanang cacahe watara limang ewu. 11 Gusti Yesus tumuli mundhut roti mau, lan sawuse saos sokur, banjur diedum-edum marang kang padha linggih ing kono, mangkono uga iwake, sakarepe olehe arep padha mangan. 12 Sawuse padha wareg, Gusti Yesus tumuli dhawuh marang para sakabate: "Cuwilan turahane padha klumpukna, supaya aja ana kang kececeran!" 13 Banjur iya diklumpukake oleh rolas wakul kebak isi cuwilan roti sair lima mau, yaiku sisane kang wus padha dipangan dening wong-wong mau. 14 Bareng wong-wong mau ndeleng kaelokan kang ditindakake dening Gusti Yesus iku, tumuli padha ngucap: "Panjenengane iku nyata Kangjeng Nabi kang bakal rawuh ingjagad."

15 Sarehne Gusti Yesus pirsa, yen sedyane wong-wong iku padha teka arep mboyong Panjenengane kalawan peksan, arep kajumenengake ratu, Panjenengane banjur sumingkir minggah ing gunung maneh piyambakan.

Gusti Yesus tindak napak ing banyu

16 Bareng wayah sore para sakabate padha mudhun menyang ing sagara, banjur padha nunggang prau 17 arep nyabrang menyang ing Kapernaum. Bareng wus wengi, Gusti Yesus kok meksa durung rawuh, 18 mangka ombaking sagara ngedab-edabi, amarga katempuh ing angin gedhe. 19 Bareng olehe padha ndhayung para sakabat mau wus oleh watara loro utawa telung mil, weruh Gusti Yesus tindak napak ing banyu nyelaki praune, temahan padha wedi. 20 Nanging tumuli dipangandikani: "Iki Aku, aja padha wedi!" 21 Para sakabat banjur ngaturi Panjenengane minggah ing prau, lan sanalika iku uga praune tekan ing dharatan kang kasedya.

Wong akeh padha nggoleki Gusti Yesus

22 Esuke wong akeh kang isih ana ing sabranging sagara, padha sumurup yen ing kono ora ana prau maneh kajaba mung siji mau, mangka Gusti Yesus ora nitih bareng karo sakabate, mung para sakabat dhewe kang mancal. 23 Nanging tumuli ana prau liyane sawatara teka saka ing Tiberias ana ing sacedhake panggonan mangan roti sawuse Gusti caos sokur mau. 24 Bareng padha weruh yen Gusti Yesus ora ana ing kono dalah para sakabate, banjur iya padha nunggang prau, nusul menyang ing Kapernaum, nggoleki Gusti Yesus. 25 Bareng wong-wong mau meruhi Panjenengane ana ing sabrange sagara, tumuli padha munjuk: "Rabbi, kala punapa anggen Paduka rawuh ing ngriki?" 26 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: "Satementemene pituturKu ing kowe, kowe padha nggoleki Aku iku ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg. 27 Padha tumindaka ing gawe, aja supaya oleh pangan kang kena ing rusak, nanging supaya oleh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingake marang kowe dening Putraning Manungsa, awit iya Panjenengane iku kang wus disahake kalawan dicap dening Sang Rama Allah." 28 Wongwong mau banjur padha munjuk: "Kawula kedah sami nglampahi punapa supados nindakaken padamelan ingkang kakarsakaken dening Allah?" 29 Dhawuh wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: "Iki pagawean kang dikarsakake dening Gusti Allah, yaiku supaya kowe padha pracaya marang kang kautus dening Allah."

30 Unjuke wong-wong mau: "Pratandha punapa ingkang Paduka tindakaken, supados kawula saged sami ningali sarta lajeng pitados dhateng Paduka? Paduka n'glampahi pandamel punapa? 31 Para leluhur kawula sami nedha mana wonten ing ara-ara-samun, kados ingkang sampun kaseratan: Padha diparingi roti saka ing swarga."

32 Pangandikane Gusti Yesus: "Satemen-temene pituturKu marang kowe: Dudu Nabi Musa kang maringi roti marang kowe saka ing swarga iku, nanging RamaKu kang maringi roti sajati kang saka swarga marang kowe kabeh. 33 Awitdene roti kang saka Gusti Allah yaiku kang tumurun saka ing swarga sarta kang nguripi jagad." 34 Unjuke wongwong mau: "Gusti, kawula mugi Paduka paringi roti punika ing salaminipun!" 35 Pangandikane Gusti Yesus: "Aku iki roti panguripan; sing sapa marani Aku, iku ora bakal luwe maneh, sarta sing sapa pracaya marang Aku, iku ora bakal ngelak maneh. 36 Nanging kowe wus padha Daktuturi: Sanadyan kowe wus padha ndeleng marang Aku, ewadene padha ora pracaya. 37 Kabeh kang diparingake marang Aku dening Sang Rama, iku bakal padha marani Aku. Sarta sapa kang marani Aku ora bakal Daktampik. 38 Sabab anggonKu tumurun saka ing swarga iku ora supaya nglakoni karepKu dhewe, nanging karsane kang ngutus Aku. 39 Dene karsane Sang Rama kang ngutus Aku iku mangkene: Kabeh kang wus kaparingake marang Aku iku aja nganti ana kang ilang, nanging supaya Daktangekna besuk ing wekasaning jaman. 40 Sabab karsane RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning jaman."

41 Wong-wong Yahudi banjur paling kedumel ing bab Panjenengane, awit ana pangandikane mangkene: "Aku iki roti kang tumurun saka ing swarga." 42 Padha grenengan mangkene: "Apa iku dudu Yesus anake Yusuf? Aku rak padha wanuh karo bapa-biyunge? Kang iku kapriye kok duwe pangucap: Aku tumurun saka ing swarga?" 43 Gusti Yesus banjur mangsuli pangandikane: "Aja padha pating kedumel.

44 Ora ana wong kang bisa marani Aku, kajaba manawa digendeng dening Sang Rama kang ngutus Aku, amarga Aku kang bakal nangekake besuk ing wekasaning jaman. 45 Ing kitabe para nabi ana tulisan mangkene: "Wong kabeh bakal kawulang dening Allah." Mulane sok wonga kang wus ngrungokake sarta nampani piwulang saka Sang Rama, iku marani Aku. 46 Kang mangkono iku ora ateges ana wong kang wus weruh marang Sang Rama. Mung kang pinangkane saka ing Allah iku kang wus ndeleng Sang Rama. 47 Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa pracaya, iku nduweni urip langgeng.

48 Aku iki roti panguripan. 49 Leiuhurmu padha mangan mana ana ing ara-arasamun, nanging wis padha mati. 50 Iki roti kang tumurun saka ing swarga: Sing sapa mangan iku, ora bakal mati. 5! Aku iki roti kang urip, kang wus tumurun saka ing swarga. Manawa wong mangan roti iki, bakal urip ing salawas-lawase. Anadene roti bakal pawewehKu yaiku dagingKu, kang bakal Dakwenehake kanggouripe jagad."

52 Wong-wong Yahudi tumuli padha bebantahan, pangucape: "Wong iku kapriye bisane menehake daginge supaya padha dakpangan?" 53 Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: "Satemen-temene pituturKu marang kowe: Manawa kowe ora mangan daginge Putrane Manungsa lan ora ngombe getihe mesthi ora padha kadunungan urip. 54 Sapa wong kang mangan dagingKu lan ngombe getihKu, iku nduweni urip langgeng, sarta Aku kang bakal nangekake besuk ing dina wekasaning jaman. 55 Sabab dagingKu iku pangan kang sajati, lan getihKu iku omben-omben kang sajati. 56 Wong kang mangan dagingKu lan ngombe getihKu, iku dadi tetep ana ing Aku, lan Aku ana ing wong iku. 57 Padha kaya Sang Rama kang gesang ngutus Aku lan Aku urip dening Sang Rama, mangkono uga sing sapa mangan Aku iku iya bakal urip dening Aku. 58 Iki roti kang wus tumurun saka ing swarga. Dudu roti kaya kang dipangan dening para leluhurmu, lan banjur wus padha mati. Sing sapa mangan roti iki bakal urip ing salawas-lawase."

59 Anggone mangandikakake iku mau nalika Gusti Yesus mulang ana ing papan pangibadah ing Kapernaum.

Para siswa ing Galilea kang pada mundur

60 Para siswa bareng krungu kang mangkono mau akeh kang padha ngucap mangkene: "Tetembungan iki keras temenan, kang betah ngrungokake bae sapa?' 61 Gusti Yesus mirsa sajroning panggalih manawa siswane padha ngedumel ing bab iku mau, banjur mangandikani: "Apa kowe padha kacenthok ing pituturKu iku mau? 62 Kang iku kapriye saupama kowe padha weruh Putrane Manungsa sumengka menyang padunungane kang dhisik? 63 Roh iku kang nguripake, daging iku ora ana paedahe. Tembung kang Daktuturake marang kowe iku roh lan urip. 64 Nanging ana panunggalanmu kang ora pracaya." Pancen Gusti Yesus ora kekilapan wiwit-wiwitan mula, sapa wonge kang padha ora pracaya, lan kang bakal masrahake Panjenengane. 65 Panjenengane banjur ngandika: "Mulane kowe wus padha Dakwarah mangkene: Ora ana wong kang bisa marani Aku kajaba manawa wus kaparingan wewenang saka Sang Rama." 66 Wiwit nalika iku para siswane akeh kang padha mundur, wus ora ndherekake tindake maneh.

Pangakune Petrus

67 Kang iku Gusti Yesus ngandika marang sakabat rolas: "Apa kowe ora padha arep lunga uga?" 68 Atur wangsulane Simon Petrus: "Gusti, ingkang kawula purugi sinten? Pangandika Paduka punika pangandikaning gesang langgeng. 69 Saha kawula sampun sami pitados tuwin sumerep, bilih Paduka punika Sang Suci kagunganing Allah." 70 Pangandikane Gusti Yesus: "Rak Aku dhewe kang milih kowe wong rolas iki, nanging salah siji ing panunggalanmu iku Iblis." 71 Anadene kang dipangandikakake mangkono iku Yudas anake Simon Iskariot, marga iku panunggalane sakabat rolas, kang bakal ngulungake Gusti Yesus.

Gusti Yesus tindak menyang Yerusalem ngrawuhi riyaya Tancebing Taruh

/7 Sawuse mangkono Gusti Yesus lelana ngideri ing tanah Galilea. Mulane ora karsa terus ana ing tanah Yudea, awit wong Yahudi padha ngarah sedane. 2 Nalika iku ngarepake riyayane wong Yahudi kang aran riyaya Tancebing Tarub. 3 Kang iku sadhereke Gusti Yesus padha matur marang Panjenengane: "Suwawi Panjenengan bidhal dhateng ing tanah Yudea, supados para murid Panjenengan inggih sami sageda ningali pandamel ingkang Panjenengan tindakaken. 4 Sabab sadaya tiyang ingkang ngangkah dados kawigatosanipun tiyang kathah punika rak boten women ingkang; tumindak kanthi sesidheman. Manawi Panjenengan nglampahi pandamel makaten punika, suwawi Panjenengan ngedheng dhateng jagad." 5 Sabab dalah para sadhereke iya padha ora pracaya marang Panjenengane. 6 Gusti Yesus tumuli ngandika marang sadhereke mau: "Durung tumeka ing wektuKu, nanging tumrape kowe kabeh tansah ana wektune. 7 Jagad iku ora bisa sengit marang kowe, nanging Aku disengiti, amarga Aku nekseni yen panggawene jagad iku ala. s Kowe padha mangkata nekani riyaya iku, Aku durung mangkat mrana, awit durung tumeka ing wektuKu." 9 Gusti Yesus sawuse ngandika mang-. kono banjur kantun ana ing tanah Galilea.

10 Nanging bareng para sadhereke wus mangkat nekani riyaya mau, Panjenengane iya tindak, nanging ora ngeblak, dadi kanthi sesidheman. 11 Nalika riyaya, wong-wong Yahudi padha nggoleki Panjenengane, calathune: "Wonge ana ing ngendi?" 12 Sarta ing antarane wong akeh mau keprungu rerasanan bab Panjenengane; ana kang ngucap mangkene: "Iku wong becik." Liyane maneh: "Ora, iku nasarake wong akeh." 13 Ewadene ora ana wong siji-sijia kang wani rembugan ngeblak bab Panjenengane, awit wedi marang wong Yahudi.

Paseksene Gusli Yesus lumrap sarirane

14 Bareng wus nengah-nengahi riyaya, Gusti Yesus lumebet ing Padaleman Suci sarta memulang. 15 Wong Yahudi padha kaeraman, pangucape: "Wong iku olehe kawruh kang kaya mangkono iku saka ing ngendi, dene ora nganggo sinau!" 16 Gusti Yesus mangsuli: "Piwulang iki dudu piwulangKu dhewe, nanging piwulange kang ngutus Aku. 17 Sok wonga kang gelem nglakoni karsane, mesthi bakal ngreti piwulangKu iki saka Allah, apa saka tetembunganKu dhewe. 18 Wong kang rembuge saka karepe dhewe iku ngarah kaluhurane dhewe. Nanging wong kang ngupaya kaluhurane kang ngutus, iku kang temen, sarta ora kadunungan cidra. 19 Apa dudu Nabi Musa kang ndhawuhake angger-anggering Toret marang kowe? Nanging panunggalanmu ora ana siji-sijia kang ngestokake angger-anggering Toret iku. Sabab apadene kowe padha ngarah patiKu?" 20 Atur wangsulane wong akeh: "Sampeyan punika kapanjingan dhemit. Ingkang ngangkah pejah sampeyan sinten?": 21 Paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: "Mung ana panggawe siji kang Daklakoni, inangka kowe kabeh padha gumun. 22 Nabi Musa ndhawuhake pranatan tetak marang kowe; sabenere pranatan tetak iku ora saka Nabi Musa, nanging saka para leluhur kita, lan ing dina Sabat kowe iya padha netaki wong. 23 Manawa wong ditetaki ing dina Sabat, supaya anggeranggere Nabi Musa aja nganti katerak, apa kowe padha panas atimu marang Aku, dene Aku marasake badan sakojur ing dina Sabat? 24 Anggonmu ngukumr aja manut apa kang katon, nanging ngukumana kanthi adil."

Padudon bab kawijilane Gusti Yesus

25 Wong Yerusalem sawatara padha ngucap: "Apa dudu Wong iku kang diarah patine? 26 Lah kok kanthi saenake bae pangucape, sarta wong-wong ora padha madoni apa-apa. Apa kirane para panggedhe kita iya wus ngreti manawa Dheweke iku Sang Kristus temenan? 27 Nanging mungguh wong iku kita wus ngreti pinangkane. Mangka samangsa Sang Kristus iku rawuh, ora ana kang weruh pinangkane." 28 Nalika Gusti Yesus memulang ana ing Padaleman Suci, Panjenengane nguwuh mangkene: "Pancen kowe padha wanuh marang Aku, lan iya padha weruh pinangkaKu, nanging tekaKu ora saka karepKu dhewe. Aku diutus dening Panjenengane kang asipat sayekti, kang kowe padha ora wanuh. 29 Aku kang wanuh, amarga wijilKu saka ing Panjenengane, lan iya iku kang ngutus Aku."

30 Ing kono wong-wong mau padha ngarah nyekel Gusti Yesus, ewadene ora ana kang nganti nggepok sarirane, amarga durung tekan ing wektune.

31 Ananging ing antarane wong akeh iku akeh kang padha pracaya marang Panjenengane sarta pangucape: "Manawa Sang Kristus rawuh, apa iya bakal nindakake mukjijat luwih akeh katimbang karo kang katindakake dening Panjenengane iki?" 32 Para wong Farisi tumuli padha krungu yen wong akeh padha grenengan kaya mangkono ing bab Panjenengane, mulane para pangareping imam lan para wong Farisi banjur padha kongkonan para tukang jaga Padaleman Suci dikon nyekel Panjenengane. 33 Gusti Yesus banjur ngandika: "Mung kari sawatara mangsa anggonKu ana ing antaramu, nuli Aku bakal sowan marang kang ngutus Aku. 34 Kowe bakal padha nggoleki Aku, nanging ora bakal ketemu, sarta kowe padha ora bisa marani padununganKu." 35 Wong-wong Yahudi tumuli padha sapocapan: "Menyang ngendi ta parane wong kuwi, dene nganti aku ora padha bisa nemokake? Apa arep marani wong kang padha ngumbara ana ing antarane wong Yunani, arep memulang wong Yunani? 36 Apa tegese tembung kang diucapake: Kowe bakal padha nggoleki Aku nanging ora bakal ketemu, sarta kowe ora bakal padha bisa marani padununganKu?"

Banyu sumbering urip

37 Bareng dina wekasan yaiku nalika gedhe-gedhening riyaya mau, Gusti Yesus jumeneng sarta nguwuh: "Sing sapa ngelak, iku maranana Aku lan ngombea! 38 Sing sapa pracaya marang Aku iku kaya wiraose kitab: Ilen-ilen banyu urip bakal padha mili saka ing batine!" 39 Pangandikane mangkono iku mau kang dikarsakake yaiku Roh, kang bakal ditampa dening wong-wong kang padha pracaya marang Panjenengane. Dene nalika samana Roh Suci durung rawuh, amarga Gusti Yesus durung kamulyakake. 40 Wong akeh iku bareng krungu pangandika iku mau, ana sawatara kang banjur ngucap: "Nyata yen iku Kangjeng Nabi kang kita anti-anti." 41 Liyane calathu: "Iku Sang Kristus." Lan ana maneh kang ngucap: "Dudu, wijile Sang Kristus iku ora saka ing Galilea! 42 Amarga manut wirasane Kitab Suci wijile Sang Mesih iku mesthi saka trahe Sang Prabu Dawud." 43 Temahane wong golongan padha diya-diniya bab ing ngatase Gusti Yesus. 44 Sarta ana panunggalane sawatara kang padha arep nyekel Panjenengane, ewadene ora ana kang nganti wani nggepok sarirane.

Gusli Yesus kabela dening Nikodhemus

45 Wong jaga mau tumuli padha bali menyang ing ngarsane para pangarepe imam lan para wong Farisi, sarta dipangandikani: "Kena apa kok ora kokgawa?" 46 Wangsulane wong-wong iku: "Salaminipun dereng nate wonten tiyang ingkang wicanten kados tiyang punika!" 47 Wangsulane para wong Farisi marang para wong jaga mau: "Apa kowe iya wus padha disasarake? 48 Para panggedhe lan para wong Farisi apa ana kang pracaya marang wong iku? 49 Nanging wong akeh kae padha ora weruh ing Toret, padha kena ing musibat." 50 Nikodhemus sawijining wong panunggalane, kang biyen wus tau sowan Gusti Yesus, calathu: 51 "Punapa angger-angger kita ngukum tiyang, saderengipun tiyang punika dipun priksa lan dipun yektosi pratingkahipun?" 52 Kancane padha mangsuli: "Panjenengan punapa inggih tiyang Galilea? Sumangga panjenengan priksa ing salebeting Kitab Suci; temah panjenengan badhe uninga bilih boten wonten nabi ingkang rawuh saking tanah Galilea."

Wong wadon kang lakn handrek

53 Wong-wong iku mau banjur padha 8mulih sowang-sowangan,

/8 nanging Gusti Yesus tindak menyang ing gunung Zaitun.

2 Bareng wayah bangun esuk Panjenengane rawuh maneh ing Padaleman Suci, lan rakyat kabeh padha sowan ing ngarsane, Panjenengane banjur lenggah mulang wong-wong iku. 3 Para ulama lan para wong Farisi tumuli padha ngajokake wong wadon kang kacekel nalika laku bandrek marang ngarsane. 4 Wongwong iku sawuse mapanake wong wadon mau ing tengah, banjur padha munjuk marang Gusti Yesus: "Rabbi, tiyang estri punika kacepeng nalika saweg lampah bandrek. 5 Wonten ing angger-anggering Toret Nabi Musa ndhawuhaken dhateng kita, supados tiyang-tiyang estri ingkang makaten punika dipun benturana ing sela. Ingkang punika menggah pamanggih Panjenengan kadospundi?" 6 Unjuke kang mangkono iku mung kanggo nyoba marang Panjenengane, supaya oleha jalaran anggone arep nggugat. Nanging Gusti Yesus tumungkul banjur nyerat ing lemah kalawan racikane. 7 Bareng olehe padha takon para wong Farisi iku ora uwis-uwis, Panjenengane tumuli jumeneng sarta ngandika: "Sapa bae panunggalanmu kang tanpa dosa, iku miwitana mbenturi watu wong wadon iku." 8 Panjenengane banjur tumungkul maneh sarta nyerat ing lemah. 9 Ananging sawuse kang padha munjuk mau krungu pangandika kang kaya mangkono, tumuli padha lunga baka siji, wiwit saka kang tuwa dhewe. Wekasan mung kari Gusti Yesus piyambak karo wong wadon kang isih tetep ana ing kono iku. 10 Gusti Yesus tumuli jumeneng, sarta ngandika: "He, wong wadon, ana ngendi wong-wong mau? Apa ora ana kang ngukum kowe?" 11 Unjuke wong wadon mau: "Boten wonten, Gusti." Pangandikane Gusti Yesus: "Aku uga ora ngukum kowe. Lungaa, lan wiwit saiki aja gawe dosa maneh!"

Gusti Yesus iku pepadhanging jagad

12 Gusti Yesus paring dhawuh maneh marang wong akeh: "Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip." 13 Unjuke para wong Farisi: "Panjenengan nekseni sarira Panjenengan piyambak, paseksen Panjenengan boten sah." 14 Dhawuh wangsulane Gusti Yesus: "Sanadyan Aku nekseni awakKu dhewe, nanging paseksenKu iku nyata, amarga Aku sumurup ing sangkan-paranKu. Nanging kowe padha ora sumurup sangkan-paranKu iku. 15 Anggonmu padha njeksani iku nganggo ukuraning manungsa, Aku ora njeksani wong siji-sijia, 16 dene manawa Aku njeksani, anggonKu njeksani iku sabenere, amarga Aku ora ijen, ananging Aku bebarengan karo Panjenengane kang ngutus Aku. 17 Lan sajroning Toretmu katulisan, yen paseksene wong loro iku sah. 18 Aku kang nekseni mungguh awakKu dhewe, lan uga Sang Rama kang ngutus Aku iya nekseni mungguh ing Aku." 19 Wong mau padha munjuk: "Ingkang Rama wonten ing pundi?" Paring wangsulane Gusti Yesus: "Kowe padha ora wanuh marang Aku, lan iya ora wanuh marang RamaKu. Manawa kowe wanuh marang Aku, mesthi iya wanuh marang RamaKu."

20 Pangandika iku mau kadhawuhake dening Gusti Yesus nalika Panjenengane memulang ana ing Padaleman Suci, sacedhake pethi bet-amal, ewadene ora ana wong siji-sijia kang nyekel Panjenengane, amarga durung tumeka ing wektune.

Pinangkane Gusti Yesus ora saka ing donya iki

21 Gusti Yesus tumuli ngandika maneh marang wong akeh: "Aku iki bakal lunga, lan kowe bakal padha nggoleki Aku, nanging bakal padha mati sajroning dosamu. Ing ngendi paranKu, kowe ora padha bisa mrana." 22 Pangucape wong-wong Yahudi: "Apa Dheweke iku arep ngendhat, dene kok duwe pangucap: Ing ngendi paranKu, kowe padha ora bisa mrana?" 23 Pangandikane Gusti Yesus: "Kowe iku pinangkamu saka ing ngisor, Aku iki saka ing ngaluhur, kowe iku pinangkamu padha saka ing donya iki, nanging Aku ora saka ing donya iki. 24 Mulane Aku mau tutur ing kowe, manawa kowe bakal padha mati sajroning dosamu. Amarga manawa kowe padha ora ngandel yen Aku iki Panjenengane, wus mesthi kowe bakal padha mati ing sajroning dosamu." 25 Ing kono pangucape wong-wong mau: "Panjenengan punika sinten?" Pangandikane Gusti Yesus: "Apa gunane rembugan maneh karo kowe kabeh? 26 Akeh prakara kang prelu Daktuturake mungguh ing kowe lan akeh uga kang kudu Dakukumake tumrap kowe kabeh; nanging kang ngutus Aku bener, apa kang Dakrungu saka Panjenengane, yaiku kang Dakwarahake marang jagad." 27 Wong-wong kang kadhawuhan iku ora nggraita manawa kang kadhawuhake iku Sang Rama. 28 Kang iku Gusti Yesus ngandika: "Besuk samasa kowe wus nyengkakake Putraning Manungsa, tumuli kowe lagi bakal padha sumurup yen Aku iki Panjenengane, sarta ora nglakoni apa-apa saka karepKu dhewe, nanging apa kang Dakwarahake iku miturut kaya anggonKu wus diwulang dening RamaKu. 29 Kang ngutus Aku iku nunggil karo Aku. Sang Rama ora nilar Aku ijen, awit Aku tansah nglakoni kang dadi keparenge."

Kayekten marganing kamardikan

30 Bareng Gusti Yesus wus ngandika bab iku mau kabeh, akeh wong kang padha pracaya marang Panjenengane. 31 Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi kang padha pracaya, dhawuhe: "Manawa kowe padha ngantepi ing pituturKu, kowe sanyata padha dadi siswaKu, 32 sarta bakal padha mangreti ing kayekten, lan kayekten iku bakal mardikakake kowe." 33 Wongwong tumuli padha mangsuli: "Kula sami tedhak-turunipun Rama Abraham, lan dereng nate ngawula dhateng sok tiyanga; kadospundi kok Panjenengan ngandika: Kowe bakal padha mardika?" 34 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: "Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa nglakoni dosa iku dadi bature dosa. 35 Anadene mungguh batur iku ora tetep pamanggone ana ing omah, nanging Putra iku tetep pamanggone. 36 Kang iku manawa Sang Putra wus mardikakake kowe, kowe iya padha mardika temenan."

Tedhak-turune Rama Abraham kang wijile ora saka ing Allah

37 "Aku wus weruh manawa kowe iku padha tedhak-turune Rama Abraham, nanging kowe padha ngarah mateni Aku, awit pituturKu ora oleh papan ana ing kowe. 38 Apa kang wus Dakdeleng ana ing RamaKu, iya iku kang Dakucapake. Mangkono uga kowe, padha nglakoni apa kang kokrungu saka bapakmu." 39 Wong Yahudi padha mangsuli unjuke: "Bapa kula inggih Rama Abraham." Pangandikane Gusti Yesus: "Manawa kowe padha dadi putrane Rama Abraham kowe mesthi padha nglakoni apa kang katindakake dening Rama Abraham. 40 Nanging kang koktindakake yaiku ngarah mateni Aku, wong kang wus nglairake kayekten marang kowe, iya iku kang wus, Dakrungu saka Gusti Allah; panggawe kang kaya mangkono iku ora katindakake dening Rama Abraham. 41 Kowe kabeh padha nglakoni panggawene bapakmu dhewe." Unjuke wong-wong mau: "Lair kula punika boten saking bedhang, kula sami gadhah Rama satunggal inggih punika Gusti Allah."

42 Pangandikane Gusti Yesus: "Manawa Gusti Allah iku Ramamu, kowe mesthi padha tresna marang Aku, awit wijilKu lan tekaKu iki saka ing Allah. Apa maneh tekaKu iku iya ora saka karepKu dhewe, nanging Panjenengane kang ngutus Aku. 43 Sabab apa kowe padha ora mangreti tembungKu? Iku awit kowe padha ora bisa nyandhak pituturKu. 44 Bapakmu iku Iblis, lan kowe padha seneng nglakoni kasenengane bapakmu iku. Dheweke dadi tukang mateni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora ngandhemi ing kayekten, awit kayekten iku ora dumunung ing dheweke. Samasa dheweke ngucapake goroh, pangucape iku saka wateke dhewe, amarga dheweke iku tukang goroh lan bapakne sakabehing goroh. 45 Nanging sarehne Aku iki mituturake kayekten, mulane ora kokandel. 46 Sapa panunggalanmu kang mbuktekake manawa Aku tumindak dosa? Manawa Aku mituturake kayekten, sabab apa kowe padha ora pracaya marang Aku? 47 Wong kang wijile saka Allah iku mesthi ngrungokake pangandikaning Allah. Mulane kowe ora padha ngrungokake, awit asalmu iku ora saka ing Allah."

Gusti Yesus wus ana sadurunge Rama Abraham dumadi

48 Wong Yahudi padha mangsuli: "Rak ya bener, ta, kandhaku yen kowe iku wong Samaria kang kapanjingan dhemit?" 49 Paring wangsulane Gusti Yesus: "Aku ora kapanjingan dhemit, nanging Aku ngluhurake RamaKu sarta kowe ora padha ngajeni Aku. 50 Nanging Aku ora ngudi marang kaluhuranKu: Ana siji kang ngupaya lan Panjenengane iku uga kang ngadili. 51 Satemene pituturKu marang kowe: Sapa kang netepi ing pituturKu iku bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase." 52 Pangucape wong-wong Yahudi: "Saiki aku padha weruh yen Kowe iku kranjingan dhemit. Rama Abraham seda para nabi mangkono uga, mangka Kowe iku kok duwe pangucap: Sapa wong kang netepi ing pituturKu, bakal ora ngalami pati ing salawaslawase. 53 Kowe apa ngungkuli leluhurku Rama Abraham kang wus seda! Para nabi iya padha seda. Kowe iku ngakuaku sapa ta?" 54 Gusti Yesus mangsuli: "Manawa Aku ngluhurake awakKu dhewe, kaluhuranKu iku ora ana gunane sathithik-thithika. Kang ngluhurake Aku iku RamaKu, iya iku kang koksebut Allahmu. 55 Mangka kowe padha ora wanuh marang Panjenengane, nanging Aku kang wanuh. Saupama Aku" munia yen ora wanuh, Aku dadi wong goroh padha kaya kowe. Nanging Aku wanuh marang Panjenengane, sarta netepi ing pangandikane. 56 Rama Abraham leluhurmu rena panggalihe dene bakal nguningani ing dinaKu, lan iya wus nguningani sarta ndadekake bingahe." 57 Pangucape wong Yahudi sabanjure: "UmurMu durung nganti seket taun, kapriye anggonMu wus weruh Rama Abraham?" 58 Paring wangsulane Gusti Yesus: "Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Aku wus ana." 59 Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengane; nanging Panjenengane ngoncati, sarta nilar Padaleman Suci.

Wong wula wiwil lair mula

/9 Nalika Gusti Yesus langkung, mirsa wong kang wuta wiwit lair mula. 2 Para sakabate banjur munjuk pitakon marang Panjenengane: "Rabbi, sinten ingkang damel dosa, tiyang punika piyambak punapa tiyang sepuhipun, dene ngantos lairipun wuta makaten?" 3 Paring wangsulane Gusti Yesus: "Dudu wong iki, lan iya dudu wong tuwane, nanging iku supaya pakaryan-pakaryane Gusti Allah kalairna ana ing wong iku. 4 Aku kudu padha nglakoni ayahane Panjenengane kang ngutus Aku mumpung isih awan. Wayah bengi bakal teka, wayahe wong ora bisa nglakoni pagawean. 5 Sasuwene Aku ana ing donya, Aku dadi pepadhanging jagad." 6 Sawuse ngandika mangkono, tumuli kecoh ing lemah. Kecoh mau digawe luluhan lemah banjur dileletake ing mripate wong kang wuta mau. 7 Banjur dipangandikani: "Lungaa, adusa menyang ing blumbang padusan ing Siloam." Siloam tegese "Kang diutus". Wonge tumuli mangkat lan adus; baline wus bisa ndeleng.

8 Tangga-tanggane lan wong-wong kang maune weruh anggone papriman banjur padha ngucap: "Apa wong iku dudu kang adate papriman?" 9 Ana kang mangsuli: "Bener iya iku wonge." Ana maneh kang calathu: "Dudu, mung madha rupa bae." Wonge dhewe banjur calathu: "Leres, inggih kula punika tiyangipun." 10 Tumuli ditakoni: "Kapriye mripatmu bisane meiek?" 11 Wangsulane: "Tiyang nama Yesus damel luluhan siti, lajeng dipun leletaken ing mripat kula; kula tumunten dipun dhawuhi: Lungaa menyang padusan ing Siloam, adusa! Kula lajeng mangkat, lan sasampunipun adus tumunten saged ningali punika." 12 Wong-wong mau takon maneh: "Ana ing ngendi Dheweke?" Wangsulane kang ditakoni: "Kula boten sumerep."

13 Wong kang maune wuta mau banjur diirid menyang ngarsane para wong Farisi. 14 Anadene anggone Gusti Yesus damel luluhan lemah lan ngelekake mripate wong wuta mau pinuju dina Sabat. 15 Para wong Farisi tumuli iya ndangu marang wong mau, kapriye bisane melek. Ature kang kadangu: "Mripat kula dipun leleti luluhan siti, kula lajeng adus, samangke kula saged ningali." 16 Sawenehing para wong Farisi mau tumuli ngandika: "Wong kae ora saka ing Allah, awit ora netepi dina Sabat." Liyane ana kang. padha ngandika: "Wong kang nandhang dosa kapriye bisane gawe mukjijat kang kaya mangkono iku?" Temahan padha diyadiniya. 17 Para wong Farisi banjur padha ngandika maneh marang wong kang maune wuta iku: "Panganggepmu marang wong iku kapriye, rehne kowe kang dielekake mripatmu?" Ature kang didangu: "Panjenenganipun punika nabi." 18 Anadene wong-wong Yahudi iku padha ora ngandel yen dheweke maune wuta lan lagi bae bisa ndeleng maneh, nganti padha nimbali wong tuwane, 19 sarta didangu: "Apa iki anakmu kang kokkandhakake yen wuta wiwit lair mula iku? Yen mangkono kapriye dene kok saiki bisa ndeleng?" 20 Wangsulane wong tuwane mau: "Kula sami sumerep bilih punika anak kula, saha wuta wiwit lair mila, 21 nanging kadospundi dene sapunika saged ningali, kula sami boten sumerep. Utawi sinten ingkang ngelekaken mripatipun, kula inggih sami boten sumerep. Anak kula sampun diwasa, panjenengan dangu piyambak, piyambakipun saged ngaturaken prakawis badanipun piyambak." 22 Ature wong tuwane kang kaya mangkono iku awit padha wedi marang wong Yahudi, marga wong Yahudi wus padha sarujuk, samasa ana wong kang ngakoni Panjenengane iku Sang Kristus, bakal disebratake. 23 Mulane wong tuwane mau padha matur: "Anak kula sampun diwasa, panjenengan dangu piyambak."

24 Wong kang maune wuta iku banjur diundang kang kaping pindhone, sarta diaturi: "Kowe ngurmatana Allah; akil padha sumurup manawa kae wong dosa." 25 Wangsulane wong mau: "Tiyang punika punapa tiyang dosa, kula boten sumerep, namung saprakawis ingkang kula mangretosi, inggih punika suwaunipun kula wuta, sapunika saged ningali." 26 Pitakone maneh: "Kowe dikapakake? Anggone ngelekake mripatmu kapriye patrape?" 27 Wangsulane wong mau: "Kula sampun matur dhateng panjenengan lan panjenengan boten midhangetaken. Punapaa dene panjenengan badhe midhangetaken malih? Punapa panjenengan inggih kapengin dados muridipun?" 28 Wong mau tumuli dipisuhi, pangucape: "Kowe iku muride, nanging aku kabeh iki murid-muride Nabi Musa. 29 Aku padha sumurup yen Gusti Allah wus ndhawuhake pangandika marang Nabi Musa. Nanging mungguh wong kae aku padha ora weruh pinangkane." 30 Wong mau tumuli mangsuli: "Lah, punika rak aneh, dene panjenengan malah boten sami mirsa pinangkanipun, mangka Panjenenganipun sampun ngelekaken mripat kula. 31 Kula sami sumerep, bilih Gusti Allah punika mesthi boten nyembadani dhateng tiyang dosa, nanging tiyang-tiyang mursid sarta ingkang nglampahi karsanipun, punika ingkang dipun sembadani. 32 Salaminipun dereng nate kapireng bilih wonten tiyang ingkang saged ngelekaken mripatipun tiyang wuta lair mila. 33 Tiyang punika manawi boten saking Allah, mesthi boten saged nindakaken punapa-punapa." 34 Wangsulane wong-wong iku: "Kowe iku kalairake sajrone dosa babar pisan, kok arep mulang aku?" Temahan wong iku katundhung.

35 Gusti Yesus mireng manawa wong kang maune wuta mau wus katundhung. Bareng Panjenengane kepranggul wong mau banjur dipangandikani: "Apa kowe pracaya marang Putraning Manungsa?" 36 Unjuke: "Sinten punika Gusti, supados kawula pitados dhateng Panjenenganipun?" 37 Pangandikane Gusti Yesus: "Kowe ora mung wus weruh Panjenengane bae, nanging Panjenengane kang lagi sapocapan karo kowe, yaiku Panjenengane." 38 Kang kapangandikanan munjuk: "Kawula pitados, Gusti." Dheweke banjur sumungkem sujud marang Gusti Yesus. 39 Pangandikane Gusti Yesus: "TekaKu ing jagad iki arep ngadili, supaya wong kang ora ndeleng padha bisa ndeleng, lan kang ndeleng padha dadia wuta."

40 Pangandika iku kaprungu dening wong Farisi sawatara kang lagi ana ing kono, wong iku tumuli padha munjuk: "Kula punika punapa inggih sami wuta?" 41 Pangandikane Gusti Yesus: "Manawa kowe wutaa, mesthi padha ora duwe dosa. Nanging sarehne saiki kowe padha kandha: Aku padha ndeleng, dadi tetepdosamu."

Pangon kang utama

/10 "Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sapa kang miebu ing kandhang wedhus ora metu ing lawang, nanging menek ing tembok, iku maling utawa rampog; 2 balik kang lumebune metu ing lawang, iku pangone wedhus. 3 Iku kang diwengani dening kang tunggu lawang sarta wedhus-wedhuse padha nilingake swarane lan dheweke tumuli ngundangi wedhus-wedhuse manut jenenge dhewe-dhewe sarta banjur digiring metu. 4 Manawa wedhuse iku wus diwetokake kabeh, dheweke lumaku ing ngarep lan wedhuse padha ngetut-buri, marga wedhus-wedhus mau niteni swarane. 5 Nanging wong liya mesthi ora ditutburi, malah ditinggal miayu, marga wedhus-wedhus iku ora wanuh marang swarane wong-wong liyane."

6 Pasemon iku dipangandikakake dening Gusti Yesus marang wong-wong mau, nanging padha ora ngreti tegese pangandika iku. 7 Gusti Yesus tumuli ngandika maneh: "Satemen-temene pituturKu marang kowe: Iya Aku iki lawange wedhus-wedhus iku. 8 Sakehe wong kang tekane sadurunge Aku, iku maling lan rampog, lan wedhus-wedhus iku ora padha ngrungokake marang wong-wong iku. 9 Aku iki lawange; sapa kang lumebune metu ing Aku, iku bakal kapitulungan rahayu, sarta bakal lumebu lan metu, apadene bakal nemu pangonan. 10 Maling iku tekane mung arep nyolong lan nyembeleh sarta nyirnakake; Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwea urip, kanthi kaluberan.

11 Iya Aku iki pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohake nyawane kanggo wedhus-wedhuse, 12 nanging mungguh buruh kang dudu pangon sarta dudu kang duwe wedhus-wedhus iku dhewe, samasa weruh ana asu ajag teka, wedhuse ditinggal miayu, temah asu ajag iku nubruki lan mbuyarake wedhuse. 13 Anggone lumayu iku jalaran mung buruh, lan ora gumati marang wedhus-wedhuse iku. 14 Aku iki pangon kang utama sarta Aku niteni kang dadi wedhus-wedhusKu lan wedhus-wedhusKu padha wanuh marang Aku 15 kayadene Sang Rama anggone tepang marang Aku sarta Aku wanuh marang Sang Rama, sarta Aku ngetohake nyawaKu kanggo wedhus-wedhusKu. 16 Aku isih duwe wedhus liyane maneh, kang ora saka ing kandhang kene; wedhus-wedhus iku iya prelu Dakgiring uga, lan bakal padha ngrungokake swaraKu sarta bakal dadi pepanthan siji, pangon siji. 17 Sang Rama ngasihi Aku, jalaran Aku ngulungake nyawaKu supaya Daktampani maneh. 18 Ora ana wong siji bae kang ngrebut nyawaKu, nanging Dakulungake miturut sakarepKu dhewe. Aku kuwasa ngulungake, lan kuwasa ngukup maneh. Dhawuh iki kang Daktampa saka RamaKu."

19 Marga saka pangandika kang mangkono iku tumuli tuwuh pasulayan maneh ing antarane wong-wong Yahudi. Panunggalane akeh kang duwe pangucap mangkene: 20 "Wong iku kapanjingan dhemit sarta owah; yagene padha kokrungokake?" 21 Ana liyane kang calathu: "Iku rak dudu tembunge wong kranjingan dhemit; apa dhemit bisa ngelekake mripate wong-wong wuta?"

Gusti Yesus katampik dening wong Yahudi

22 Ora antara lawas, ing Yerusalem pinuju riyaya Pambangune Padaleman Suci; nalika samana mbeneri mangsa bedhidhing. 23 Gusti Yesus tindak-tindak ana ing Padaleman Suci, ing bangsal Suleman. 24 Ing kono wong-wong Yahudi banjur padha ngrubung Panjenengane lan padha munjuk: "Ngantos pinten dangunipun anggen Panjenengan damel mangu-mangunipun manah kula? Manawi Panjenengan punika Sang Kristus, Panjenengan blakakaken dhateng kula sadaya." 25 Paring wangsulane Gusti Yesus: "Kowe wus padha Daktuturi na-. nging padha ora pracaya; panggawe Rang Daklakoni atas asmane RamaKu, iku kang padha nekseni mungguhing Aku, 26 nanging kowe padha ora pracaya, amarga kowe dudu panunggalane wedhus-wedhusKu. 27 Wedhus-wedhusKu padha nilingake swaraKu, sarta Aku wanuh marang wedhus-wedhusKu, lan wedhus-wedhusKu padha ngetut-buri Aku, 28 apadene padha Dakwenehi urip langgeng, lan dheweke mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawase lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka ing tanganKu. 29 RamaKu kang maringake wedhuswedhus iki marang tanganKu, iku kaluhurane ngungkuli samubarang kabeh, lan ora ana kang bisa ngrebut wedhuswedhus mau saka ing astane RamaKu. 30 Aku lan Sang Rama iku siji."

31 Wong Yahudi tumuli njupuki watu maneh, arep kanggo mbenturi Panjenengane. 32 Pangandikane Gusti Yesus: "Wus akeh panggawe utama kang saka RamaKu kang Daktuduhake marang kowe. Panggawe iku mau endi kang dadi jalarane kowe arep padha mbenturi watu marang Aku?" 33 Wangsulane wongwong Yahudi: "Anggonku arep mbenturi Kowe iku ora marga panggawe kang utama, nanging marga anggonMu nyenyamah marang Gusti Allah, iya iku amarga Kowe iku manungsa kok madhakake awakMu karo Gusti Allah." 34 Gusti Yesus mangsuli: "Ing Toretmu apa ora katulisan mangkene: Ingsun wus ngandika: Sira kabeh iku allah. 35 Manawa wong kang padha kadhawuhan pangandikaning Allah iku diarani allah mangka Kitab Suci iku ora kena dibatalake 36 kapriye dene wong sesengkeraning Allah kang diutus marani jagad, kok kokcalathoni: Kowe nyenyamah Gusti Allah. Apa marga ana tuturKu: Aku iki Putraning Allah? 37 Saupama Aku ora nglakoni pakaryaning RamaKu, aja pracaya marang Aku. 38 Nanging manawa Aku nglakoni iku mau, mangka kowe padha ora gelem pracaya marang Aku, padha pracayaa marang pakaryan-pakaryan iku supaya kowe padha sumurup lan pracaya yen Sang Rama ana ing Aku lan Aku ana ing Sang Rama."

39 Wong Yahudi tumuli ngarah arep nyekel Gusti Yesus maneh, nanging Panjenengane ngoncati.

Gusti Yesus lindak menyang sabrange bengawan Yarden

40 Gusti Yesus tumuli tindak menyang ing sabrange bengawan Yarden maneh, ing panggonane Nabi Yokanan miwiti mbaptisi, banjur lereb ana ing kono. 41 Lan akeh wong kang sowan marang ing ngarsane sarta padha rasanan: "Sanadyan Nabi Yokanan ora damel pratandha apa-apa, nanging kabeh kang dipangandikakake dening Nabi Yokanan tumrap wong iku, iku nyata." 42 Lan sabanjure akeh wong ing kono kang padha manjing pracaya marang Panjenengane.

Lazarus kalangekake

/11 Nuli ana sawijining wong kang lagi lara, jenenge Lazarus, omahe ing Betania, ing desane Maryam lan Marta sadulure wadon. 2 Dene Maryam iya iku wong wadon kang wus tau njebadi sampeyane Gusti kalawan lenga wangi, sarta banjur diusapi nganggo rambute. 3 Anadene Lazarus kang lagi lara iku sadulure. Wong wadon loro iku banjur padha kongkonan munjuk marang Gusti Yesus, mangkene: "Gusti, tiyang ingkang Paduka tresnani punika sakit." 4 Gusti Yesus bareng miyarsa kabar iku banjur ngandika: "Larane iku ora ndadekake patine, nanging bakal mbabarake kaluhuraning Allah, awit marga saka larane iku Putraning Allah bakal kaluhurake." 5 Anadene Marta lan mbakyune tuwin Lazarus iku, pancen padha ditresnani dening Gusti Yesus. 6 Nanging sawuse miyarsa yen Lazarus lara, Gusti Yesus nemaha kendel rong dina maneh ana ing palerebane. 7 Ewadene sawuse mangkono banjur ngandika marang para sakabate: "Payo padha bali menyang tanah Yudea maneh." 8 Unjuke para sakabat: "Rabbi, saweg kemawon tiyang Yahudi sami nyobi mbenturi sela Paduka, punapa Paduka taksih karsa tindak mrika malih?" 9 Paring wangsulane Gusti Yesus: "Sadina iku apa ora rolas jam? Sapa kang lumaku ing wayah awan, mesthi ora kesandhung, marga ndeleng padhange jagad iki. 10 Nanging manawa wong lumaku ing wayah bengi, mesthi kesandhung, amarga ora kadunungan padhang." 11 Mangkono pangandikane, tumuli disambeti maneh: "Lazarus, sadulur kita lagi turu, anggonKu mrana prelu arep nggugah anggone turu." 12 Para sakabate banjur munjuk: "Gusti, manawi piyambakipun tilem, badhe saras." 13 Nanging karsane Gusti Yesus turu kang ateges mati. Dene panyanane para sakabat kang kapangandikakake turu iku turu temenan. 14 Marga saka iku Gusti Yesus tumuli ngandika sabarese: "Lazarus wus mati. 15 Nanging sokur dene nalika iku Aku ora ana ing kana, kang mangkono iku luwih becik tumrap kowe, supaya kowe padha bisa sinau pracaya. Payo, saiki kita padha marani dheweke." 16 Banjur Tomas, kang karan Dhidhimus, kandha marang kanca-kancane para sakabat: "Payo, kita padha bela pati Panjenengane."

17 Sarawuhe Gusti Yesus, Lazarus tinemu wus dikubur patang dina. 18 Desa Betania iku dununge cedhak karo kutha Yerusalem, dohe watara rong mil. 19 Anadene wong Yahudi wus akeh kang padha teka ing omahe Marta lan Maryam prelu nglipur anggone kesripahan sadulure. 20 Nalika Marta krungu yen Gusti Yesus rawuh, tumuli methuk, nanging Maryam kari ana ing omah. 21 Marta banjur munjuk marang Gusti Yesus: "Gusti, manawi Paduka wonten ing ngriki, sadherek kawula mesthi boten pejah. 22 Nanging sapunika ugi, kawula mangretos, bilih punapa ingkang Paduka suwun dhateng Gusti Allah, Gusti Allah mesthi badhe nyembadani." 23 Pangandikane Gusti Yesus: "Sadulurmu bakal tangi maneh." 24 Unjuke Marta: "Kawula inggih mangretos bilih badhe tangi benjing ing dinten patangen, ing wekasaning jaman." 25 Gusti Yesus tumuli ngandika: "Iya Aku iki patangen lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati. 26 Lan sok wonga kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing salawas-lawase. Kowe apa pracaya marang iku?" 27 Unjuke'Marta: "Inggih Gusti, kawula sampun pitados bilih Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah, ingkang pinasthi rawuh ing jagad." 28 Sawuse munjuk mangkono, Marta banjur mundur ngundang Maryam sadulure, lan mbisiki mangkene: "Guru wus rawuh, nimbali kowe." 29 Maryam bareng krungu banjur mak nyat ngadeg marani Gusti Yesus. 30 Nalika iku Gusti Yesus durung lumebet ing desa, isih ana ing papan nalika Marta methuk mau. 31 Bareng wong-wong Yahudi kang padha ana ing omah karo Maryam prelu nglipur weruh Maryam mak nyat ngadeg sarta metu, tumuli padha ngetutake, dikira yen Maryam arep menyang kuburan, nangis ana ing kono. 32 Satekane Maryam ing panggonane Gusti Yesus, bareng weruh marang Panjenengane, banjur nyungkemi sampeyane sarta munjuk: "Gusti, upami Paduka wonten ing ngriki, sadherek kawula mesthi boten saestu pejah."

33 Bareng Gusti Yesus pirsa Maryam nangis, mangkono uga wong Yahudi kang padha ngetutake, temah rengu ing panggalih. Panjenengane trenyuh banget lan tumuli ngandika: 34 "Anggonmu ngubur ana ing ngendi?" Kang kadangu banjur munjuk: "Sumangga Gusti, kawula aturi mirsani!" 35 Gusti Yesus muwun. 36 Calathune wong-wong Yahudi: "Delengen, samono anggone ngasihi!" 37 Nanging ana saweneh kang muni: "Panjenengane kang wis ngelekake mripate wong wuta, apa iya ora bisa murungake patine wong iki?" 38 Gusti Yesus tumuli rengu maneh sajroning panggalih, banjur nyelaki kuburan, kang adhapur guwa ditutupi watu. 39 Pangandikane Gusti Yesus: "Watune singkirna!" Marta, sadulure kang ngajal mau, munjuk: "Gusti, sampun mambet, amargi anggenipun pejah sampun sakawan dinten." 40 Pangandikane Gusti Yesus: "Apa Aku ora wus tutur marang kowe: Angger kowe pracaya mesthi bakal weruh kamulyaning Allah?" 41 Watune tumuli disingkirake. Gusti Yesus banjur tumenga sarta matur: "Dhuh Rama, Kawula saos sokur dhumateng Paduka, dene Paduka sampun nyembadani dhateng Kawula. 42 Kawula sumerep, bilih Paduka tansah nyembadani dhateng Kawula. Nanging unjuk Kawula makaten punika margi tiyang kathah sami ngrubung Kawula, supados sami pitados bilih Paduka ingkang ngutus Kawula." 43 Sawuse matur mangkono tumuli nguwuh Palawan swara sora: "Lazarus, metua!" 44 Kang mati banjur metu, tangan lan sikile isih kablebed ing ules, lan raine katutupan ing kacu. Pangandikane Gusti Yesus: "Uculana ulese, kareben lunga!"

Pirembugan anggone arep nyedani Gusti Yesus

45 Wong-wong Yahudi kang nglayad menyang omahe Maryam lan meruhi pandamele Gusti Yesus mau, akeh kang manjing pracaya marang Panjenengane. 46 Nanging ana saweneh kang padha nemoni para wong Farisi, banjur martakake pandamele Gusti Yesus mau. 47 Para pangarepe imam lan para wong Farisi tumuli padha ngaturi marepat pradataning agama, banjur padha rembugan mangkene: "Punapa ingkang kedah kita tindakaken, jalaran Tiyang punika damel mukjijat kathah? 48 Manawi makaten punika dipun uja, mesthi sadaya tiyang sami pitados dhateng Piyambakipun, sarta kita lajeng sami kalurugan tiyang Rum sami ngrebat papan suci kita dalah bangsa kita pisan." 49 Nanging sawijining panunggalanc, iya iku kang asma Kayalas, kang jumcneng imam agung ing taun iku, banjur ngandika: "Panjenengan kok sami boten mangretos punapa-punapa, 50 lan boten sami nggalih bilih langkung maedahi tumrap panjenengan, manawi wonten tiyang satunggal pejah kangge tiyang kathah, tinimbang tiyang sabangsa sadaya tiwas." 51 Anadene pangandika kang mangkono iku ora tumuwuh saka panggalihe piyambak, nanging marga jumeneng imam agung ing taun iku, dadine medhar pameca, yen Gusti Yesus bakal nglampahi seda kanggo bangsa iku, 52 lan ora ngemungake kanggo bangsa iku bae, malah uga supaya putraning Allah kang paling slebar padha dikumpulna dadi siji. 53 Wiwit ing dina iku para warganing pradata mau padha sarujuk bakal nyedani Gusti Yesus.

54 Marga saka iku Gusti Yesus wus ora ngedheng maneh ana ing antarane wong- wong Yahudi, sarta banjur tedhak saka ing kono menyang tanah sacedhake pasamunan njujug ing kutha kang aran Efraim, banjur lereb ana ing kono karo para sakabate.

55 Nalika samana Paskahe wong Yahudi wus cedhak, lan wong-wong ing kutha kono akeh kang padha menyang ing Yerusalem, arep padha sesuci, sadurunge Paskah iku. 56 Wong-wong mau padha nggoleki Gusti Yesus, sarta kalawan ngadeg ana ing Padaleman Suci, padha sapocapan: "Pandugamu kapriye, apa kirane Dheweke ora bakal nekani riyaya?" 57 Anadene para pangarepe imam lan para wong Farisi wus padha ndhawuhake prentah, manawa ana wong kang weruh panggonane, tumuli ngaturana uninga supaya kenaa kacepeng.

Maryam njebadi sarirane Gusli Yesus

/12 Nalika Paskah kurang nem dina, Gusti Yesus rawuh ing Betania panggonane Lazarus kang wus ditangekake saka ing antarane wong mati. 2 Ana ing kono Panjenengane kasugata dhahar lan Marta ngladeni, dene Lazarus iku panunggalane kang ndherek kembulan karo Gusti Yesus. 3 Maryam banjur njupuk lenga jebad nared tulen kang akeh ajine, bobote satengah kati, banjur dijebadake ing sampeyane Gusti Yesus, lumuli diusapi kalawan rambute. Ing sajroning omah kabeh kongsi kebak gandane jebad mau. 4 Nanging sawijining sakabate Gusti Yesus kang aran Yudas Iskariot, kang bakal ngulungake Panjenengane, banjur ngucap: 5 "Yagene lenga jebad iku ora diedol telung atus dinar, banjur didanakake marang para wong miskin?" 6 Ujare kang mangkono iku ora marga dheweke iku mikirake wong miskin, nanging awil ambeke culika, dheweke kerep nylingkuhake dhuwit kang dicekel. 7 Gusti Yesus tumuli ngandika: "Nengna bae dheweke tumindak mangkono, iku kacadhangake kanggo ing dinane anggonKu kakubur. 8 Awit wong-wong miskin iku salawase ana ing kowe, nanging Aku iki anaKu ing kowe ora salawase."

9 Anadene akeh wong Yahudi kang krungu warta, manawa Gusti Yesus ana ing kono lan padha teka ora mung marga saka Gusti Yesus bae, ananging uga padha arep ndeleng Lazarus, kang wus ditangekake saka ing antarane wong mati. 10 Para pangarepe imam tumuli padha pirembugan, sumedya mateni Lazarus pisan, " sabab marga saka Lazarus iku wong Yahudi akeh kang padha nyingkur marang para pangarepe imam, lan pracaya marang Gusti Yesus.

Gusti Yesus diarak rawuh ing Yerusalem

12 Esuke bareng wong akeh kang padha teka mahargya riyaya krungu warta, manawa Gusti Yesus isih ana ing dalan arep tindak menyang Yerusalem, 13 wong-wong iku banjur padha njupuki papahe wit palem, tumuli metu padha methukake Panjenengane, kambi suraksurak:

"Hosana! Binerkahana Panjenenganipun ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran, Ratunipun Israel!" 14 Gusti Yesus banjur manggih kuldi isih belo, tumuli dititihi, nocogi kang katulisan mangkene:

15 "He, putri Sion, siraajawedi, lah, tontonen Ratunira rawuh, nitih beloning kuldi."

16 Para sakabate Gusti Yesus ing wiwitan ora nyandhak marang prakara iku, nanging sawise Gusti Yesus kaluhurake, lagi padha kelingan, yen nas iku kagem Panjenengane lan manawa bab iku wus katindakake uga kagem Panjenengane.

17 Anadene wong akeh kang ndherekake Panjenengane nalika nimbali Lazarus metu saka ing kubur lan nangekake saka ing antarane wong mati, padha nekseni ing bab Panjenengane. 18 Mulane Panjenengane dipethuk dening wong akeh iku, marga padha krungu warta, manawa Panjenengane kang nindakake mukjijat iku. 19 Para wong Farisi banjur padha sapocapan: "Kowe wus padha weruh dhewe, yen kowe padha ora oleh gawe babar pisan; tontonen, wong sajagad kabeh padha ngetut-buri Dheweke."

Gusti Yesus mratelakake bab sedane

20 Ing antarane wong-wong kang nekani riyaya arep sembahyang iku, ana wong Yunani sawatara. 21 Wong-wong iku padha marani Filipus, kang saka ing Betsaida tanah Galilea, padha calathu marang dheweke: "Kisanak, kula sami kapengin badhe sowan manggihi Gusti Yesus." 22 Filipus tumuli lunga ngandhani Andreas; Filipus karo Andreas tumuli padha lunga munjuk marang Gusti Yesus. 23 Ananging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: "Wus tekan wektune Putrane Manungsa kaluhurake. 24 Satemen-temene pituturKu marang kowe: Manawa wiji gandum ora tumiba ing lemah, lan mati, mesthi tetep saelas bae; nanging manawa wiji iku mati, bakal metokake woh akeh. 25 Sapa kang nresnani nyawane, iku bakal kelangan nyawane, nanging sapa kang ora nresnani nyawane ana ing donya iki, iku kang bakal ngrumati nyawane kanggo urip kang langgeng. 26 Sapa kang ngawula marang Aku, padha ngetut-buria Aku lan ing ngendi padununganKu, kawulaKu iya bakal ana ing kono uga. Sing sapa ngawula Aku, dheweke bakal diajeni dening Sang Rama. 27 Saiki nyawaKu trenyuh. Lan Aku bakal matur apa? Dhuh, Rama, Paduka mugi ngluwari Kawula saking wekdal punika? Ora, awit iya iku prelune anggonKu teka ing wektu iki. 28 Dhuh Rama, Paduka mugi ngluhuraken asma Paduka!" Tumuli ana swara saka ing swarga: "Wus Ingsun luhurake, lan bakal Ingsun luhurahe maneh!" 29 Wong akeh kang padha ngadeg ana ing kono lan krungu swara may padha ngarani, yen iku mau swaraning gludhug. Saweneh ana kang ngucap: "Iku malaekat kang imbal pangandika karo Panjenengane." Gusti Yesus tumuli ngandika: 30 "Anane swara mau kaprungu ora marga saka Aku, nanging marga saka kowe. 31 Samengko ana pangadilan ing ngatase jagad iki: Samengko uga panggedhene jagad iki bakal kabuwang metu; 32 dene Aku, samasa wus kasengkakake saka ing bumi, Aku bakal nggendeng sakabehing wong supaya padha rumaket marang Aku." 33 Pangandikane kang mangkono iku kanggo mratelakake patrap bakal sedane. 34 Wong akeh tumuli mangsuli: "Pamireng kula saking angger-anggering Toret, Sang Kristus punika badhe tetep gesang ing salami-laminipun; kadospundi dene Panjenengan ngandika, bilih Putraning Manungsa pinasthi kasengkakaken? Menggah Putranipun Manungsa punika sinten?" 35 Gusti Yesus tumuli ngandika: "Pepadhang iku ana ing kowe mung kari sagebyaran bae. Sasuwene pepadhang iku ana ing kowe, pracayaa marang dheweke, supaya kowe aja nganti kesaput ing pepeteng, sing sapa lumaku ana ing pepeteng, iku ora weruh menyang ngendi parane. 36 Mumpung kowe padha kanggonan pepadhang, padha pracayaa marang pepadhang iku, supaya kowe padha dadia ahlining pepadhang."

Sawuse ngandika mangkono, Gusti Yesus tumuli tindak asingidan.

Wong kang wangkot lan kang pracayane ora dilairake

37 Sanadyan Gusti Yesus wus nindakake mukjijat samono akehe ana ngarepe wong-wong iku, ewadene padha ora pracaya marang Panjenengane, 38 supaya kayektenana pamedhar wangsite Nabi Yesaya, mangkene:

"Dhuh, Pangeran, sinten ingkang pitados dhateng pawartos kawula? Punapa dene sinten ingkang kawedharan asta panguwaosing Pangeran?"

39 Marga saka iku mulane wong-wong padha ora pracaya, jalaran Nabi Yesaya wus ngandika uga mangkene:

40 "Panjenengane wus padha micakake mripate lan mangkalake atine, supaya aja padha nganti ndeleng sarana mripate lan mangreti sarana atine, temah padha mratobat sarta Sunwarasake."

41 Bab iki dipangandikakake dening Nabi Yesaya marga wus ningali kamulyane sarta wus mangandikakake bab Panjenengane.

42 Suprandene akeh uga para panggedhe kang padha pracaya marang Gusti Yesus, nanging marga saka para wong Farisi, pracayane mau ora kanthi blakblakan, supaya aja nganti disebratake. 43 Awitdene padha luwih seneng marang kaurmatan kang saka manungsa tinimbang karo kaurmatan kang saka ing Gusti Allah.

Pitutur kang ngadili

44 Nanging Gusti Yesus banjur nguwuh pangandikane: "Sing sapa pracaya marang Aku, iku ora pracaya marang Aku, nanging pracaya marang Panjenengane kang ngutus Aku. 45 Sarta sing sapa nyawang Aku, iku nyawang Panjenengane kang ngutus Aku. 46 Aku wus teka ing jagad dadi pepadhang, supaya sok wonga kang pracaya marang Aku, aja tetep ana ing pepeteng. 47 Lan manawa wong ngrungokake pituturKu, nanging ora nindakake, Aku ora dadi hakime, awitdene tekaKu iki ora supaya ngadili jagad, nanging mitulungi rahayu. 48 Sing sapa nampik Aku, lan ora nampani pituturKu, iku wus ana kang ngadili, yaiku pitutur kang wus Dakwedharake, iku kang bakal ngadili besuk ing dina wekasan. 49 Awit Aku mituturi iku ora saka Aku dhewe, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku; Panjenengane iku kang paring dhawuh marang Aku, supaya ngandhakake apa kang kudu Daktuturake lan kang Dakterusake. 50 Lan Aku sumurup, yen dhawuhe iku urip kang langgeng. Dadine apa kang Dakkandhakake iku anggonKu nglairake kaya kang didhawuhake dening Sang Rama marang Aku."

Gusti Yesus ngwijiki sikile para sakabat

/13 Anadene sadurunge riyaya Paskah, Gusti Yesus wus mirsa, manawa wus tekan ing titi-mangsane anggone bakal tindak saka ing donya iki sowan marang ing ngarsane Sang Rama. Padha kayadene Panjenengane anggone tansah ngasihi marang para kagungane kang ana ing donya, mangkono uga saiki Panjenengane anggone ngasihi iku nganti tumeka ing wekasane. 2 Nalika Gusti Yesus karo para sakabate padha bujana, Iblis wus ngosikake pangrantam ana ing sajroning atine Yudas Iskariot, anake Simon, arep mitenah Gusti Yesus. 3 Gusti Yesus mirsa, yen Sang Rama wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane sarta yen Panjenengane iku pinangkane saka ing Allah, lan wangsul marang Allah. 4 Gusti Yesus banjur jumeneng sarta lukar pangageman lan mundhut lawon banjur diubetake ing sarirane, 5 tumuli ngesok banyu ing pawisuhan, sarta wiwit ngwijiki sikile para sakabate lan kausapan kalawan lawon kang kaubetake ing sarirane mau. 6 Sarawuhe ing panggonane Simon Petrus, Petrus tumuli munjuk: "Gusti, Paduka badhe ngwijiki suku kawula?" 7 Paring wangsulane Gusti Yesus: "Apa kang Daktindakake, saiki kowe durung nyandhak tegese, nanging besuk kowe bakal mangreti." 8 Unjuke Petrus: "Paduka sampun ngantos ngwijiki suku kawula ing salami-laminipun." Gusti Yesus mangsuli pangandikane: "Manawa Aku ora ngwisuhi kowe, kowe ora nduweni panduman ana ing Aku." 9 Unjuke Simon Petrus: "Gusti, sampun ngamungaken suku kawula kemawon, nanging dalah tangan saha sirah pisan." 10 Pangandikane Gusti Yesus: "Wong kang wus adus, ora susah adus maneh, cukup mung wisuh sikil bae, awit badane sakojur wus resik. Mangkono uga kowe iku wus resik, mung bae ora kabeh." 11 Awit Gusti Yesus mirsa sapa kang bakal ngulungake sarirane. Marga saka iku Panjenengane ngandika: "Kowe iku ora kabeh resik."

12 Sawuse Gusti Yesus ngwijiki sikile para sakabat mau, banjur ngrasuk pangagemane maneh lan wangsul lenggah sarta ngandika: "Apa kowe padha ngreti tegese panggaweKu marang kowe iku mau? 13 Kowe padha nyebut Aku Guru lan Gusti, lan panyebutmu iku wus bener, awit Aku iki pancen Guru lan Gusti. 14 Dadi manawa Aku iki kang dadi Gusti lan Gurumu wus ngwisuhi sikilmu, dadi kowe iya padha kuwajiban wisuh-winisuhan sikil. 15 Awit Aku wus menehi tuladha marang kowe, supaya kowe kabeh uga nindakake kaya kang wus Daktindakake marang kowe. 16 Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sawijining abdi iku ora ngungkuli bendarane, utawa sawijining utusan iya ora ngungkuli kang ngutus. 17 Manawa kowe padha sumurup prakara iki kabeh, rahayu kowe, manawa kowe kabeh padha nglakoni.

18 PituturKu iki ora tumrap kowe kabeh; Aku weruh, sapa kang wus Dakpiji. Nanging kudu kayektenan tulisan kang mangkene surasane: Tiyang ingkang tumut nedha roti Kawula, punika sampun ngagagaken sukunipun dhateng Kawula. 19 Samengko kowe padha Daktuturi sadurunge bab iku kalakon, supaya manawa bab iku kalakon, kowe padha pracayaa, yen iya Aku iki Panjenengane. 20 Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa nampani wong kang Dakutus, iku nampani Aku, lan sapa kang nampani Aku, iku nampani Panjenengane kang ngutus Aku."

Gusti Yesus paring pitedah sapa kang bakal ngulungake Panjenengane

21 Sawuse Gusti Yesus ngandika mangkono, Panjenengane banget trenyuh ing galih, sarta banjur paring paseksen mangkene: "Satemen-temene pituturKu marang kowe: Wong siji panunggalanmu bakal ngulungake Aku." 22 Para sakabat tumuli padha pandeng-pandengan, kanthi melang-melang, sapa kang dipangandikakake iku. 23 Sawijining sakabate, iya iku sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus, lungguh sendhen sandhing Panjenengane, ing sisih tengene, 24 iku disasmitani dening Simon Petrus sarta dicalathoni: "Nyuwuna pirsa sapa kang dipangandikakake iku." 25 Sakabat kang lungguh cedhak Gusti Yesus mau tumuli noleh sarta matur marang Gusti Yesus: "Gusti, sinten tiyangipun?" 26 Paring wangsulane Gusti Yesus: "Wonge iya iku kang bakal Dakwenehi roti sawuse Dakcelupake." Sawuse ngandika mangkono, banjur mundhut roti sarta kacelupake tumuli kaparingake marang Yudas anake Simon Iskariot. 27 Lan sawuse nampani roti iku, Yudas tumuli kapanjingan Iblis. Gusti Yesus tumuli ngandika marang dheweke: "Apa kang dadi sedyamu iku enggal tindakna!" 28 Ananging ora ana wong siji-sijia ing antarane para sakabat kang padha kembulan iku kang mangreti, apa karsane Gusti Yesus ngandika mangkono marang Yudas iku. 29 Sarehne Yudas kang nyekel kas, ana kang duwe pangira manawa Gusti Yesus ngutus Yudas tuku apa-apa kang prelu kanggo riyaya iku, utawa didhawuhi dedana marang wong miskin. 30 Yudas nampani roti iku banjur enggal-enggal lunga. Nalika iku wayahe wis wengi.

Pepakon anyar

31 Sawuse Yudas lunga, Gusti Yesus banjur ngandika: "Samengko Putraning Manungsa kaluhurake sarta Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane. 32 Manawa Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane, Gusti Allah iya bakal ngluhurake Panjenengane ana ing sarirane piyambak, malah Panjenengane bakal tumuli kaluhurake. 33 He, anak-anakKu, anggonKu tunggal karo kowe mung kari sadhela. Kowe bakal padha nggoleki Aku, kayadene anggonKu wus tutur marang wong Yahudi: Ing ngendi paranKu, kowe ora bakal padha bisa mrana, saiki Aku iya pitutur mangkono marang kowe.

34 Kowe padha Dakwenehi pepakon anyar, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana: dikaya anggonKu wus tresna marang kowe, kowe iya padha tresnatinresnanana uga. 35 Kanthi mangkono saben wong bakal padha weruh, yen kowe padha dadi siswaKu, yaiku manawa kowe padha tresna-tinresnan."

Gusti Yesus paring pepenget marang Petrus

36 Simon Petrus tumuli munjuk: "Gusti, Paduka tindak dhateng pundi?" Paring wangsulane Gusti Yesus: "Menyang ngendi paranKu kowe ora bisa melu Aku saiki, nanging besuk kowe bakal padha nusul Aku." 37 Unjuke Petrus: "Gusti, punapaa kawula boten saged ndherek Paduka samangke? Kawula badhe ngetohaken nyawa kawula kagem Paduka." 38 Paring wangsulane Gusti Yesus: "Nyawamu bakal koketohake kanggo Aku? Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge jago kluruk, kowe wus nyelaki Aku ambal pingtelu."

Daleme Sang Rama

/14 "Atimu aja melang-melang; padha kumandela ing Allah; iya kumandela ing Aku uga. 2 ing daleme RamaKu akeh panggonan. Manawa ora mangkono, kowe rak mesthi wis padha Dakkandhani. Awit Aku mrana prelu nyawisake papan marang kowe. 3 Dene manawa Aku wus mrana lan wus nyawisake papan kanggo kowe, tumuli Aku bakal bali lan ngajak kowe menyang ing papan padununganKu, supaya ing ngendi ipadununganKu, kowe iya padha anaa ing kono uga.

4 Lan menyang ngendi paranKu, kowe iya padha sumurup dalane mrana." 5 Tomas tumuli munjuk: "Gusti, kawula boten sumerep dhateng pundi tindak Pa.duka; dados kadospundi anggen kawula sumerep marginipun mrika?" 6 Pangandikane Gusti Yesus: "Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku. 7 Manawa kowe padha wanuha marang Aku, mesthi kowe kabeh iya wanuh marang RamaKu. Wiwk saiki kowe padha wanuh marang Panjenengane sarta wus padha ndeleng marang Panjenengane."

8 Unjuke Filipus: "Gusti, kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama punika, supados kawula sadaya sami marem." 9 Pangandikane Gusti Yesus: "Wus samono lawase anggonKu nunggal karo kowe kabeh, Filipus, nanging kowe kok ora wanuh marang Aku? Sing sapa wus ndeleng Aku, iku wus ndeleng Sang Rama; kapriye dene kowe kandha: Kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama? 10 Apa kowe ora ngandel yen Aku iki ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku? Apa kang Daktuturake marang kowe iku, ora Dakucapake saka karepKu dhewe, nanging Sang Rama, kang dumunung ana ing Aku, Panjenengane iku kang nindakake pandamele. 11 Padha ngandela marang Aku, yen Aku ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku; utawa saora-orane, padha ngandela, marga saka pandamelpandamel iku. 12 Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa pracaya marang Aku, iku bakal nindakake uga panggawe-panggawe kang Daklakoni, malah panggawe-panggawe kang luwih wigati katimbang karo iku. Awit Aku lunga menyang ing ngarsane RamaKu; 13 lan apa bae kang koksuwun atas saka jenengKu, Aku bakal ngleksanani, supaya Sang Rama kaluhurna ana ing Sang Putra. 14 Manawa kowe padha nyuwun apa-apa marang Aku atas saka jenengKu, iku Aku kang bakal ngleksanani."

Gusti Yesus njanjekake Sang Juru Panglipur

15 "Manawa kowe padha tresna marang Aku, padha netepana pepakonKu. 16 Aku bakal nyuwun marang Sang Rama, nuli kowe bakal padha diparingi Sang Juru Panglipur liyane, supaya Panjenengane nunggala karo kowe, 17 iya iku Rohing Kayekten. Jagad ora bisa nampani Panjenengane, amarga jagad ora nyumurupi lan ora wanuh karo Panjenengane, nanging kowe padha wanuh marang Panjenengane, amarga Panjenengane nunggil karo kowe lan bakal dedalem ana ing kowe.

18 Kowe ora bakal Daktinggal lola, Aku bakal mbaleni kowe. 19 Kurang sadhela lan jagad ora bakal ndeleng Aku maneh, nanging kowe ndeleng Aku, awit Aku urip, lan kowe iya bakal urip. 20 ing wektu iku kowe bakal padha nyumurupi, yen Aku ana ing RamaKu lan kowe padha ana ing Aku, tuwin Aku ana ing kowe.

21 Sing sapa nggondheli pepakonKu kalawan ditetepi, iya iku kang tresna marang Aku. Lan sing sapa tresna marang Aku, iku bakal dikasihi dening RamaKu sarta iya bakal Dakkasihi sarta Aku bakal nglairake sariraKu marang wong iku." 22 Yudas, dudu si Iskariot, tumuli munjuk marang Gusti Yesus: "Gusti, sababipun punapa dene Paduka badhe nglairaken sarira Paduka dhateng kawula sadaya, lan boten dhateng jagad?" 23 Gusti Yesus mangsuli, pangandikane; "Manawa ana wong kang tresna marang Aku, iku bakal netepi ing pituturKu sarta bakal dikasihi dening RamaKu lan Aku karo Sang Rama bakal padha ngrawuhi sarta makuwon ana ing wong iku. 24 Sing sapa ora tresna marang Aku, iku ora netepi ing pituturKu; lan pituturKu kang kokrungu iku ora saka Aku, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku.

25 Kabeh iku mau Dakwarahake marang kowe, mumpung Aku isih nunggal karo kowe; 26 nanging Sang Juru Panglipur, iya iku Sang Roh Suci, kang bakal diutus dening Sang Rama atas saka jenengKu, iku kang bakal mulangake samubarang kabeh marang kowe sarta bakal ngelingake kowe sabarang kang wus Dakwulangake marang kowe.

27 Kowe padha Daktinggali tentremrahayu. Tentrem-rahayuKu Dakwenehake marang kowe, lan apa kang Dakwenehake iku ora kaya pawewehe jagad marang kowe. Atimu aja melang-melang lan aja giris. 28 Kowe wus padha krungu, yen Aku wus kandha marang kowe: Aku lunga, nanging bakal nekani kowe maneh. Manawa kowe tresna marang Aku, kowe mesthi padha bungah dene Aku lunga menyang ngarsane Sang Rama, sabab Sang Rama iku ngluwihi Aku. 29 Lan saiki uga kowe padha Daktuturi sadurunge bab iku kalakon, supaya samangsa kalakon, kowe padha pracaya. 30 Aku ora rembugan akeh maneh karo kowe, awit panggedhene jagad iki teka lan iku ora duwe wewenang sathithikthithika ing ngatase Aku. 31 Nanging supaya jagad sumurupa, yen Aku tresna marang Sang Rama sarta manawa Aku nglakoni samubarang kabeh kang didhawuhake Sang Rama marang Aku, mara ngadega, ayo padha lunga saka ing kene."

Wit anggur kang sajati

/15 "Aku iki wit anggur kang sajati, sarta RamaKu iku kang among tani. 2 Saben pang kang ana ing Aku kang ora metu wohe, dipagas lan kang metu wohe, diresiki, supaya mundhaka akeh wohe. 3 Kowe iku wus padha resik awit saka pitutur kang wus Dakwulangake marang kowe. 4 Kowe tetepa dumunung ing Aku lan Aku ana ing kowe. Padha kaya pang ora bisa metu wohe saka awake dhewe, manawa ora tetep dumunung ana ing wit anggur, mangkono uga kowe ora bisa metokake woh manawa ora tetep dumunung ana ing Aku. 5 Aku iki wite anggur lan kowe pang-pange. Sing sapa tetep dumunung ana ing Aku, lan Aku ana ing dheweke, iku kang metu wohe akeh, awit manawa tanpa Aku, kowe padha ora bisa tumindak apa-apa. 6 Sing sapa ora tetep dumunung ana ing Aku, iku dibuwang metu kaya pang mau, temah dadi garing, tumuli padha dikukupi lan banjur dicemplungake ing geni, sarta diobong. 7 Manawa kowe padha tetep dumunung ana ing Aku lan pituturKu tetep dumunung ana ing kowe, padha nyenyuwuna apa bae kang kokkarepake mesthi bakal katurutan. 8 Kang dadi margane RamaKu kaluhurake, yaiku manawa kowe padha metokake woh akeh; sarta marga saka mangkono kowe padha tetela yen dadi siswaKu."

Dhawuh supaya padha tresna-tinresnan

9 "Kaya Sang Rama wus ngasihi Aku, mangkono uga Aku iya wus ngasihi kowe; padha tetepa dumunung ing sihKu iku. 10 Manawa kowe netepi pepakonKu, kowe mesthi padha tetep dumunung ing sihKu, padha kaya anggonKu wus netepi dhawuhe RamaKu lan letep dumunung ingsihe.

11 Kabeh iku Daktuturake marang kowe, supaya kabungahanKu dumununga ing kowe lan kabungahanmu dadia sampurna. 12 PepakonKu iku mangkene, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana, dikaya anggonKu wus nresnani kowe. 13 Ora ana katresnan kang gedhene ngluwihi katresnaning wong kang ngelohake nyawane kanggo nglabuhi mitramitrane. 14 Kowe iku milraKu, manawa kowe padha nglakoni pepakonKu marang kowe. 15 Aku ora ngarani abdi maneh marang kowe, sabab abdi iku ora sumurup marang panggawene bendarane, nanging kowe wus padha Dakarani mitra, jalaran sabarang kang wus Dakrungu saka RamaKu, iku wus Daksumurupake kabeh marang kowe. 16 Dudu kowe kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowe. Sarta Aku wus netepake, supaya kowe padha lunga lan metokake woh lan wohmu iku lestaria, dimen kowe padha kajurungana apa kang koksuwun marang Sang Rama alas saka jenengKu. 17 Iki pepakonKu marang kowe: Padha tresna-tinresnanana."

Sengite jagad marang Gusti Yesus lan para sakabate

18 "Manawa kowe padha disengiti dening jagad, wruhanamu yen Aku wus disengiti sadurunge kowe. 19 Saupama pinangkamu saka ing jagad, mesthi jagad tresna marang kowe awit dadi duweke, nanging sarehne pinangkamu ora saka ing jagad, malah Aku wus milihi kowe saka ing jagad, mulane jagad sengit marang kowe. 20 padha elinga marang pitutur kang wus Dakwulangake marang kowe; Kang jeneng abdi iku ora ngungkuli bendarane. Manawa Aku iki wus dikaniaya, kowe iya mesthi bakal dikaniaya; manawa iku padha netepi dhawuhKu, mesthi iya netepi pituturmu. 21 Nanging iku kabeh bakal katandukake marang kowe marga saka Aku, awit padha ora wanuh marang Panjenengane kang ngutus Aku. 22 Saupama Aku ora teka lan ora mituturi wong-wong iku, mesthi ora padha gawe dosa. Nanging saiki wong-wong iku ora duwe alasan ing bab dosane. 23 Sing sapa sengit marang Aku, iya sengit marang RamaKu uga. 24 Saupama Aku ora nindakake panggawe ana ing antarane kang durung tau ditindakake dening wong liya, mesthi ora padha dosa. Nanging saiki sanadyan wus padha weruh marang iku kabeh, ewadene iya padha sengit marang Aku lan marang RamaKu. 25 Nanging kang mangkono iku supaya kaycktenana pangandika kang katulisan ing kitab Toret surasane: Tiyang-tiyang punika sami sengit dhateng Kawula tanpa sabab.

26 Manawa Sang Juru Panglipur kang bakal Dakutus saka Sang Rama rawuh, iya iku Rohing kayektcn kang miyos saka Sang Rama, iku bakal nekseni bab ing ngatase Aku. 27 Ananging kowe iya kudu padha dadi seksi, marga kowe padha hunggal karo Aku wiwit wiwitan mula."

Tetep setya

/16 "Kabeh iku Daktuturakc marang kowe, supaya kowe aja padha kacuwan lan nampik marang Aku. 2 Kowe bakal padha disebratakc, malah bakal tumeka ing wektune saben wong kang mateni kowe, padha rumangsa yen saos pangabekti marang Gusli Allah. 3 Wong-wong iku lumindak mangkono, awit ora padha wanuh marang Sang Rama lan uga ora wanuh marang Aku. 4 Nanging kabeh iki Daktuturake marang kowe, supaya manawa tekan ing titimangsane kowe padha eling, yen kowe wus padha Dakkandhani."

Pakaryane Sang Juru Panglipur

"Prakara iki ora Daktuturake marang kowe saka wiwitan mula, awit nganti saiki Aku isih tetunggalan karo kowe, 5 nanging saiki Aku lunga menyang ing ngarsane Panjenengane kang wus ngutus Aku, lan panunggalanmu ora ana kang takon marang Aku: Paduka tindak dhateng pundi? 6 Ananging marga kowe padha Dakkandhani bab iku mau, tcmah atimu sedhih. 7 Nanging kang Dakpituturake marang kowe iki bener: Luwih maedahi marang kowe, manawa Aku lunga. Jalaran manawa Aku ora lunga. Sang Juru Panglipur iku ora bakal ngrawuhi kowe, nanging manawa Aku lunga, Sang Juru Panglipur Dakutus marang kowe. 8 Dene iku sarawuhe, bakal ngyakinake marang jagad bab dosa, bab kayekten, lan bab pangadilan; 9 bab dosa, amarga padha tetep ora pracaya marang Aku. 10 Bab kayekter»» awit Aku lunga marang ing ngarsan Sang Rama lan kowe padha ora ndeleng Aku maneh; 11 bab pangadilan, amarga panggedhene jagad iki wus diadili.

12 Isih akeh prakara kang prelu Daktuturake marang kowe, nanging saiki kowe durung bisa nggayuh. 13 Nanging yen Sang Juru Panglipur iku rawuh, iya iku Rohing Kayekten, iku bakal nuntun kowe marang kayekten sasampurnane. Awit mungguh pamangsite iku ora bakal saka karsane piyambak, nanging sapamirenge iku kang bakal diwangsitake sarta kowe bakal diwartani bab-bab kang bakal kalakon. 14 Panjenengane bakal ngluhurake Aku, amarga bakal martosake marang kowe apa kang katampi saka Aku. 15 Apa sakagungane Sang Rama, iku iya duwekKu; mulane Aku pitutur: Sang Juru Panglipur bakal martosake marang kowe apa kang wus katampi saka Aku."

Kasusahan sadurunge menang

16 "Mung kari sadhela kowe nuli bakal ora padha ndeleng marang Aku. Lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh." 17 Krungu kang kaya mangkono iku sakabate ana sawatara kang tumuli padha rasanan: "Apa ta tegese pangandikane marang aku: Kari sadhela nuli kowe padha ora ndeleng marang Aku, sadhela engkas banjur padha ndeleng Aku maneh? Lan maneh: Aku lunga menyang ngarsane Sang Rama?" 18 Pangucape: "Apa ta tegese pangandika: Mung kari sadhela? Aku padha ora ngreti apa kang dipangandikakake iku." 19 Gusti Yesus mirsa, yen para sakabate padha sumedya munjuk miterang marang Panjenengane, banjur ngandika: "Kowe apa padha rasanan bab pituturKu mau: Mung kari sadhela nuli kowe padha ora ndeleng Aku lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh? 20 Satementemene Aku pitutur ing kowe: Kowe bakal padha nangis lan sesambat, nanging jagad bakal bungah; kowe bakal padha nandhang susah, nanging kasusahanmu bakal salin dadi kabungahan. 21 Mungguh wong wadon samasa lagi nglarani, iku ngrasakake susah, nanging samasa wus nglairake bayine, wus ora kelingan maneh marang larane, marga saka bungahe dene ana manungsa kalairake ing donya. 22 Mangkono uga kowe samengko iya padha nandhang susah, nanging Aku bakal nemoni kowe maneh temahan bakal padha bungah atimu lan ora ana wong siji-sijia kang bisa ngilangake kabungahanmu iku. 23 Lan ing dina iku kowe ora bakal padha miterang apaapa marang Aku. Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sabarang kang koksuwun marang Sang Rama, iku bakal kaparingake atas jenengKu. 24 Nganti saprene kowe durung tau nyuwun apa-apa atas saka jenengKu. Padha nyenyuwuna, kowe mesthi bakal padha kaparingan supaya sampurnaa kabungahanmu.

25 PituturKu marang kowe iku mau kabeh adhapur pasemon. Bakal ana wektune anggonKu mituturi kowe ora adhapur pasemon maneh, nanging sabarese bae anggonKu martani kowe mungguh Sang Rama. 26 Ing dina iku kowe bakal padha nyenyuwun atas saka jenengKu. Lan ora Daktuturake marang kowe, yen Aku kang bakal nyuwunake kowe marang Sang Rama, 27 awitdene Sang Rama piyambak ngasihi kowe, marga kowe wus padha tresna marang Aku, lan pracaya yen Aku iki pinangkane saka ing Allah. 28 Aku mijil saka Sang Rama, lan wus teka ing donya; Aku ninggal donya maneh sarta bali menyang ing ngarsane Sang Rama."

29 Unjuke para sakabate: "Lah, sapunika pangandika Paduka sabaresipun kemawon, sampun boten adhapur pasemon. 30 Sapunika kawula sami sumerep, bilih Paduka mirsa samukawis lan boten susah tiyang munjuk pitaken dhateng Paduka. Pramila kawula sami pitados, bilih pinangka Paduka punika saking Gusti Allah." 31 Paring wangsulane Gusti Yesus: "Apa kowe saiki padha pracaya? 32 Lah, bakal tumeka ing titi-mangsane malah iya wus tumeka, kowe padha kabuyarake ing saparan-paranmu dhewedhewe, lan Aku koktinggal ijen. Ananging Aku ora ijen amarga Sang Rama nunggil karo Aku. 33 AnggonKu mulangake iku mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe padha oleha tentrem-rahayu ana ing Aku. Ana ing donya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahake donya."

Gusti Yesus ndongakake para sakabate

/17 Kaya mangkono may pangandikane Gusti Yesus. Panjenengane banjur tuinenga marang langit sarta matur: "Dhuh Rama, sampun dumugi ing wancinipun; mugi Putra Paduka kaluhurna, supados Putra Paduka ngluhuraken Paduka. 2 Kadosdene anggen Paduka sampun maringi panguwaos dhateng Piyambakipun mengku sawarnining agesang, makaten ugi Piyambakipun inggih badhe nyukani gesang langgeng dhateng sadaya ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Piyambakipun. 3 Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka. 4 Kawula sampun ngluhuraken Paduka wonten ing bumi kanthi patrap anggen Kawula sampun ngrampungaken padamelan ingkang Paduka bebahaken dhateng Kawula supados katindakaken. 5 Dene sapunika, dhuh Rama, Paduka mugi ngluhuraken Kawula wonten ing pangayunan Paduka piyambak kanthi kaluhuran ingkang dados gadhahan Kawula wonten ing ngarsa Paduka saderengipun jagad dumados.

6 Kawula sampun nglairaken asma Paduka dhateng para tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula saking jagad. Tiyang-tiyang punika kagungan Paduka sarta sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, saha sampun sami netepi ing pangandika Paduka. 7 Sapunika sampun sami sumerep, bilih sadaya peparing Paduka dhateng Kawula punika pinangkanipun saking Paduka. 8 Amargi sadaya Pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika sampun Kawula tampekaken dhateng tiyang-tiyang wau saha sampun dipun tampeni. Punapadene sampun sami sumerep saestu, bilih pinangka Kawula punika saking Paduka lan sami pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula. 9 Kawula ndongakaken tiyangtiyang punika. Sanes jagad ingkang Kawula dongakaken, nanging tiyang-tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika, awit punika sami kagungan Paduka 10 lan sadaya gadhahan Kawula inggih kagungan Paduka sarta kagungan Paduka inggih gadhahan Kawula, saha Kawula sampun kaluhuraken wonten ing tiyang-tiyang punika. 11 Wondene Kawula sampun boten wonten ing donya malih, nanging tiyang-tiyang punika taksih wonten ing donya, tuwin Kawula sowan dhateng ing ngarsa Paduka. Dhuh Rama ingkang Suci, tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika mugi. Paduka reksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, supados tiyang-tiyang wau sami dados satunggal kadosdene Paduka kaliyan Kawula. 12 Salaminipun Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyang punika, Kawula ingkang ngreksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula; Kawula sampun rumeksa dhateng tiyangtiyang wau ngantos boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang ical kajawi namung tiyang satunggal ingkang sampun pinesthi kedah ical, supados kayektosana wiraosing Kitab Suci. 13 Nanging samangke, Kawula sowan dhateng ing ngarsa Paduka, lan Kawula ngaturaken sadaya punika ing salebetipun Kawula taksih wonten ing donya, supados sampurnaa kabingahan Kawula wonten ing tiyang-tiyang wau. 14 Tiyang-tiyang wau sampun sami Kawula sukani pangandika Paduka, lan sami dipun sengiti dening jagad, amargi pinangkanipun boten saking jagad, kadosdene pinangka Kawula punika inggih boten saking jagad. 15 Kawula boten nyuwun, supados sami kapundhuta saking donya, namung supados Paduka reksa, sampun ngantos kapanduk ing piawon. 16 Pinangkanipun tiyang-tiyang punika boten saking jagad, kadosdene pinangka Kawula punika inggih boten saking jagad. 17 Mugi sami Paduka sucekaken ing salebeting kayektosan; pangandika Paduka inggih punika kayektosan. 18 Kadosdene Paduka sampun ngutus Kawula dhateng ing jagad, makaten ugi Kawula inggih kengkenan tiyang-tiyang punika dhateng jagad; 19 sarta Kawula nucekaken badan Kawula kangge tiyang-tiyang punika, supados ugi sami kasucekna wonten ing kayektosan.

20 Lan boten namung kangge tiyangtiyang punika kemawon anggen Kawula ndedonga, nanging ugi kangge tiyang-tiyang ingkang pitados dhateng Kawyla margi saking piwulangipun, 21 supados sadayanipun sami dadosa satunggal kadosdene Paduka, dhuh Rama, wonten ing Kawula, sarta Kawula wonten ing Paduka, supados inggih sami dadosa satunggal kaliyan Paduka lan Kawula, supados jagad pitadosa, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula. 22 Lan Kawula sampun nyukakaken kamulyan, ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, dhateng tiyang-tiyang punika, supados sami dadosa satunggal, kadosdene Paduka kaliyan Kawula inggih dados satunggal: 23 Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ing Kawula supados sampurnaa anggenipun dados satunggal, sarta supados jagad sumerepa, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula saha bilih tiyang punika sami Paduka kasihi kadosdene anggen Paduka ngasihi Kawula.

24 Dhuh Rama, ingkang dados pikajeng Kawula, Kawula wontena ing pundi kemawon, tiyang-tiyang punika tansah nunggila kaliyan Kawula, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula punika, supados sami nyawang dhateng kamulyan Kawula peparing Paduka. Awit Paduka ngasihi Kawula wiwit saderengipun jagad tinalesan. 25 Dhuh Rama ingkang adil, jagad punika pancen boten wanuh dhumateng Paduka, nanging Kawula wanuh kaliyan Paduka, sarta tiyang-tiyang punika sami sumerep, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula; 26 punapa dene Asma Paduka sampun Kawula sumerepaken dhateng tiyangtiyang punika sarta inggih badhe Kawula sumerepaken, supados sih ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika wontena ing liyang-tiyang punika, sarta Kawula inggih wontena ing tiyang-tiyang punika."

Gusti Yesus kacepeng

/18 Sawise Gusti Yesus ngaturake kabeh iku mau banjur miyos saka ing kono tindak menyang ing sabrange kali Kidron kadherekake dening para sakabate. Ing kono ana patamanan kang tumuli dilebeti karo para sakabate. 2 Anadene Yudas, kang ngulungake Gusti Yesus iya weruh panggonan iku, amarga Gusti Yesus asring nglempak karo para sakabate ana ing kono. 3 Yudas banjur teka ing kono kanthi prajurit sapantha lan para tukang jaga Padaleman Suci, kang diutus dening para pangarepe imam tuwin para wong Farisi, padha nggawa ting lan obor sarta gegaman. 4 Anadene Gusti Yesus wus mirsa apa sabarang kang bakal nempuh marang sarirane, banjur majeng sarta ngandika marang wong-wong mau: "Kowe padha nggoleki sapa?" 5 Wangsulane kang kadangu: "Yesus Nasarani." Pangandikane Gusti Yesus: "Iya Aku iki." Yudas kang ngulungake Panjenengane uga ngadeg ana ing kono awor karo wong-wong mau. 6 Bareng padha kadhawuhan: "Iya Aku iki," tumuli padha mundur sarta niba ing lemah. 7 Gusti Yesus banjur ndangu maneh: "Kowe padha nggoleki sapa?" Unjuke wong-wong mau: "Yesus Nasarani." 8 Paring wangsulane Gusti Yesus: "Aku wus tutur marang kowe, iya Aku iki wonge. Manawa Aku kang kokgoleki, wong-wong iki kareben padha lunga." 9 Mangkono iku supaya kayektenana ature kang mangkene: "Tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika boten wonten satunggaltunggala ingkang kawula icalaken." 10 Simon Petrus kang asikep pedhang, banjur ngunus pedhange, disabetake marang abdine Imam Agung, kupinge kang tengen perung. Abdi mau jenenge Malkhus. 11 Gusti Yesus tumuli ngandika marang Petrus: "Pedhangmu wrangkakna; apa Aku ora kudu ngombe isine tuwung peparinge Sang Rama marang Aku?"

Gusti Yesus kaladosake marang ing ngarsane Sang Hanas Petrus nyelaki Gusti Yesus

12 Prajurit sapantha lan opsire dalah para tukang jaga, kang dikongkon dening wong Yahudi banjur nyekel Gusti Yesus tumuli kabesta, 13 banjur kadhabyang kajujugake dhisik menyang daleme Sang Hanas, awit iku marasepuhe Sang Kayafas, kang jumeneng Imam Agung ing taun kang lumaku iki; 14 lan iya Imam Agung Kayafas iku kang maune ngrembugi wong-wong Yahudi: "Luwih maedahi manawa wong siji mati kanggo sakabehing bangsa." 15 Simon Petrus karo sakabate siji liyane ngetutake Gusti Yesus. Sakabat kang bebarengan karo Simon Petrus iku wanuh karo Imam Agung, iku banjur miebu menyang platarane Imam Agung bareng karo Gusti Yesus, 16 nanging Petrus kari ana ing jaba cedhak regol. Murid liyane kang wanuh Imam Agung mau, tumuli metu maneh, caturan karo wong wadon kang tunggu regol, Petrus banjur diajak miebu. 17 Abdi wadon kang tunggu regol mau tumuli calathu marang Petrus: "Dika niku rak enggih panunggalane sakabate wong niku, ta?" Wangsulane Petrus: "Sanes." 18 Ing nalika iku para abdi lan para tukang jaga Padaleman Suci wus padha gawe bedhiyang marga ing wektu iku hawane adhem, wongwong iku padha ngadeg api-api ana ing kono. Petrus uga ngadeg api-api awor karo wong-wong mau.

19 Ing kono Imam Agung banjur wiwit ndangu marang Gusti Yesus bab para sakabate lan bab kang diwulangake. 20 Wangsulane Gusti Yesus: "AnggonKu mituturi jagad iku ana ing ngedhengan: AnggonKu mulang ing salawase ana ing papan-papan pangibadah utawa ing Padaleman Suci, yaiku papan pakumpulane kabeh wong Yahudi; Aku ora tau rembugan apa-apa kalawan dhedhelikan. 21 Apa sababe kowe takon marang Aku? Takona marang wong-wong iku, kang wus padha krungu apa kang Dakkandhakake marang wong-wong iku. Iku wus padha nyumurupi temenan apa kang Dakkandhakake." 22 Nalika Panjenengane ngandika mangkono iku, panunggalane para tukang jaga kang ngadeg sacedhake kono, banjur napuk pasuryane Gusti Yesus kambi calathu: "Mangkono iku saurMu marang Imam Agung?" 23 Gusti Yesus tumuli mangsuli pangandikane: "Manawa tembungKu iku luput, tuduhna lupute, nanging manawa bener sabab apa kowe kok napuk Aku?" 24 Gusti Yesus banjur kapurugake kalawan bebestan menyang ing ngarsane Sang Kayafas kang jumeneng Imam Agung.

25 Simon Petrus isih ngadeg api-api. Tembunge wong-wong kang ana ing kono marang Petrus: "Dika rak enggih panunggalane sakabate, ta?" 26 Petrus selak, pangucape: "Sanes." Sawijine abdine Imam Agung, kalebu sanake kang kaperung kupinge dening Petrus, tumuli calathu: "Napa kula boten weruh dika wonten ing patamanan sareng kalih Wong niku?" 27 Petrus banjur selak maneh lan nalika iku ana jago kluruk.

Gusti Yesus ana ing ngarsane Sang Pilatus

28 Gusti Yesus banjur diladosake saka ing daleme Imam Agung Kayafas menyang ing gedhong pangadilan. Nalika iku wayahe isih esuk. Kang ngladosake mau padha ora lumebu dhewe ing gedhong pangadilan, supaya aja kongsi kena ing najis, awit arep padha mangan Paskah. 29 Mula Sang Pilatus kang miyos, sarta ngandika: "Panggugatmu marang Wong iku bab prakara apa?" 30 Wong-wong mau padha mangsuli ature: "Manawi Tiyang punika sanes durjana mesthi boten kula ladosaken dhateng Panjenengan!" 31 Dhawuhe Sang Pilatus: "Wis gawanen, patrapana miturut angger-anggering Toretmu." Ature wong-wong Yahudi: "Kula boten sami kawenangaken matrapi paukuman pejah dhateng tiyang." 32 Kang mangkono iku supaya kayektenana pangandikane Gusti Yesus, kang dipangandikakake kagem mratelakake kapriye patrap bakal sedane.

33 Sang Pilatus banjur lumebet maneh ing gedhong pangadilan, nuli nimbali Gusti Yesus sarta ngandika: "Punapa Panjenengan ratunipun tiyang Yahudi?" 34 Wangsulane Gusti Yesus: "Pangandika panjenengan makaten punika punapa saking panggalih panjenengan piyambak, punapa wonten tiyang sanes ingkang munjuk makaten dhateng panjenengan bab ing ngatasipun Kula?" 35 Wangsulane Sang Pilatus: "Punapa kula punika tiyang Yahudi? Bangsa Panjenengan piyambak lan para pangajenging imam ingkang ngladosaken Panjenengan dhateng kula; Panjenengan tumindak punapa?" 36 Gusti Yesus mangsuli: "Kraton Kula boten saking donya punika; manawi kraton Kula saking donya punika, mesthi tiyang-tiyang Kula sami lumawan ing perang, supados Kula sampun ngantos kaulungaken dhateng tiyang Yahudi. Nanging kraton Kula boten saking ngriki." 37 Sang Pilatus banjur ngandika: "Dados punapa Panjenengan punika inggih ratu?" Wangsulane Gusti Yesus: "Panjenengan sampun mastani, bilih Kula punika ratu. Inggih punika prelunipun Kula lair lan inggih punika prelunipun Kula dhateng donya, supados Kula neksenana ing kayektosan; sinten tiyang ingkang aslinipun saking kayektosan mesthi mirengaken swara Kula." 38 Pangandikane Sang Pilatus: "Kayektosan punika punapa?"

Gusti Yesus kaukum pati

Sawuse ngandika mangkono. Sang Pilatus tumuli miyos manggihi wongwong Yahudi maneh sarta ngandika: "Mungguh ing aku Wong iki ora ana kaluputane apa-apa. 39 Nanging kowe padha duwe adat, samasa riyaya Paskah kowe padha daklilani nyuwun luware wong siji. Kang iku apa karepmu kang daklilakake marang kowe ratune wong Yahudi?" 40 Ing kono wong-wong padlia mbengok maneh: "Sampun Piyambakipun, Barabas kemawon!" Anadene Barabas iku sawijining begal.

/19 Sang Pilatus tumuli dhawuh nggawa Gusti Yesus supaya disapu. 2 Para prajurit banjur padha ng'anam eri kanggo makuthan diagemake ing mustakane, sarta diagemi jubah wungu, 3 tumuli padha maju sarta ngucap: "Sugeng, ratunipun tiyang Yahudi!" Wong-wong mau banjur napuk pasuryane.

4 Sang Pilatus tumuli miyos maneh sarta ngandika marang wong-wong: "Lah tontonen, iku wonge dakwetokake marang ngarepmu, supaya kowe padha sumurup, yen mungguh ing aku ora ana kaluputane." 5 Gusti Yesus tumuli miyos, ngagem makutha eri lan jubah wungu. Pangandikane Sang Pilatus marang wong-wong: "Sawangen manungsa iku!" 6 Nalika para pangarepe imam lan para wong jaga ndeleng marang Gusti Yesus, banjur padha mbengok: "Kasaliba, kasaliba!" Pangandikane Sang Pilatus: "Wis, gawanen lan saliben; awit mungguh. ing aku ora ana kaluputane apa-apa." 7 Wangsulane wong-wong Yahudi: "Kula sami gadhah angger-angger, dene miturut angger-angger wau tiyang punika kedah pejah, amargi ngaken-aken Putranipun Allah."

8 Sang Pilatus bareng miyarsa atur kang mangkono iku, saya wuwuh ajrihe, 9 banjur lumebet ing gedhong pangadilan maneh sarta ngandika marang Gusti Yesus: "Asal Panjenengan saking pundi?" Nanging Gusti Yesus ora paring wangsulan. 10 Kang iku Sang Pilatus tumuli ngandika: "Punapa Panjenengan boten kersa rembagan kaliyan kula? Punapa Panjenengan boten mirsa, manawi kula punika gadhah panguwaos ngluwari Panjenengan lan ugi kuwaos nyalib Panjenengan?" 11 Wangsulane Gusti Yesus: "Panjenengan mesthi boten kagungan panguwaos punapa-punapa tumrap Kula, manawi panguwaos wau boten kaparingaken dhateng panjenengan saking nginggil. Pramila: tiyang, ingkang ngladosaken Kula dhateng panjenengan, punika dosanipun langkung ageng." 12 Wiwit nalika iku Sang Pilatus ngangkah ngluwari marang Panjenengane, nanging wong-wong Yahudi padha mbengok: "Manawi panjenengan ngluwari tiyang punika ateges panjenengan sanes mitranipun Sang Nata Agung, sinten ingkang ngaken-aken dados ratu, ateges mbalila'dhateng Sang Nata Agung."

13 Bareng Sang Pilatus miyarsa atur kang mangkono iku, tumuli dhawuh ngwedalake Gusti Yesus lan banjur lenggah ana ing kursi pangadilan, ing panggonan kang aran Litostrotos, ing basa Ibrani: Gabata. 14 Ing nalika iku pinuju dina pacawisan Paskah, kira-kira jam rolas. Sang Pilatus banjur ngandika marang wong-wong Yahudi: "Sawangen ratumu!" 15 Nanging wong-wong mau padha bengok-bengok; "Kasirnakna! Kasirnakna! Kasaliba!" Pangandikane Sang Pilatus: "Apa aku kudu nyalib ratumu?" Wangsulane para pangarepe imam: "Kula sami boten gadhah ratu kajawi namung Sang Nata Agung." 16 Wasana Sang Pilatus banjur masrahake Gusti Yesus marang wong-wong mau supaya disalib.

Gusti Yesus kasalib

Gusti Yesus nuli ditampani. 17 Banjur miyos kalawan manggul salibe lan tindak menyang panggonan kang aran Pacumplungan, ing basa Ibrani: Golgota. 18 Ana ing kono tumuli kasalib bareng karo wong loro liyane, dumunung ing kiwa lan tengene, Gusti Yesus ana ing tengah. 19 Sang Pilatus uga dhawuh masang tulisan ana ing sadhuwure salib, unine: "Yesus Nasarani, Ratune wong Yahudi." 20 Akeh wong Yahudi kang maca tulisan mau, amarga papan panyalibe Gusti Yesus iku cedhak kutha, lan tulisan mau nganggo basa Ibrani, Latin lan Yunani. 21 Para pangarepe imam bangsa Yahudi banjur padha matur marang Sang Pilatus: "Panjenengan sampun nyerat: Ratune wong Yahudi, nanging bilih pangakenipun: Aku iki ratune wong Yahudi." 22 Wangsulane Sang Pilatus: "Apa kang wus daktulis, tetep katulis."

23 Sawuse para prajurit mau padha nyalib Gusti Yesus, banjur padha njupuk pangagemane dipara papat, saben prajurit nyaduman lan ageme jubah uga kajupuk. Jubah iku ora nganggo dondoman, tenunane lajuran wiwit saka ing dhuwur tutug ing ngisor. 24 Kang iku prajurit mau padha rembugan: "Iku aja dibage-bage dadi suwekan, ayo padha digebug ing dhadhu kanggo nemtokake sapa kang bakal nduweni." Iku supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci:

Sandhangan Kawula sami dipun dumdum, saha jubah Kawula dipun gebag ing dhadhu."

Kang mangkono iku wus katindakake dening para prajurit iku. 25 Anadene kang ibu lan sadulure kang ibu, Maryam, bojone Klopas tuwin Maryam Magdalena padha ngadeg cedhak salibe Gusti Yesus. 26 Bareng Gusti Yesus mirsani kang ibu lan sakabat kang dikasihi ngadeg sandhinge, banjur ngandika marang kang ibu: "Ibu, punika ingkang putra!" 27 Nuli ngandika marang sakabate mau: "Lah iku ibumu!" Lan wiwit nalika iku sakabat mau banjur mboyong ibu Maryam menyang omahe.

Sedane Gusti Yesus

28 Sawuse mangkono, ing sarehne Gusti Yesus mirsa, yen samubarang kabeh wus rampung, banjur ngandika supaya kayektenana kang katulisan ing Kitab Suci -: "Aku ngelak!" 29 Ing kono ana wadhah kang kebak isi anggur kecut. Tumuli ana wong kang nyelupake jamur karang ing anggur kecut mau, nuli kacublesake ing pang hisop, banjur dicecepake marang tutuke Gusti Yesus. 30 Sawise nyecep anggur kecut mau, Gusti Yesus tumuli ngandika: "Wus rampung!" Banjur ndhingklukake mastaka lan masrahake nyawane.

Lambunge Gusti Yesus kajojoh

31 Sarehne pinuju dina pacawisan lan supaya ing dina Sabat layon-layon aja kabanjur ana ing kayu salib sabab dina Sabat iku dina Sabat kang pinunjul - mulane wong-wong Yahudi padha teka sarta duwe panyuwun marang Sang Pilatus supaya wong-wong kang ana ing kayu salib padha karemukana sikile, lan layone kaudhunna. 32 Mulane para prajurit banjur padha mara sarta ngremuki sikile wong kang siji lan kang sijine kang disalib bareng karo Gusti Yesus; 33 nanging bareng nekani marang Gusti Yesus sarta padha weruh manawa wus seda, Gusti Yesus ora diremuk sampeyane, 34 ewasamono salah sijining prajurit panunggalane iku njojoh lambunge Gusti Yesus kalawan tumbak, temah sanalika metu getihe lan banyune. 35 Anadene wong kang ndeleng dhewe bab iku, iku kang nekseni, lan paseksene iku nyata, sarta wong iku sumurup, yen pratelane iku nyata, supaya kowe uga padha pracaya. 36 Sabab kalakone iku mau supaya kayektenana kang tinulis ing Kitab Suci: "Ora ana balunge kang diremuk." 37 Lan ana tulisan maneh kang mratelakake: "Wong-wong bakal padha nyawang marang Panjenengane, kang wus dijojoh."

Gusti Yesus kasarekake

38 Sawuse mangkono Yusuf saka ing kutha Arimatea iku dadi siswane Gusti Yesus nanging kanthi sidheman marga wedi karo wong Yahudi duwe atur panyuwun marang Sang Pilatus, supaya dililanana ngukup layone Gusti Yesus. Lan Sang Pilatus uga nglilani. Yusuf tumuli sowan sarta ngukup layone. 39 Apadene Nikodhemus uga teka ing kono. lya iku kang sakawit sowan ing ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi. Nikodhemus nggawa caruban lenga mur lan lenga garu, bobote watara seket kati. 40 Wong-wong mau ngukup layone Gusti Yesus lan diulesi ing lawon nganggo adon-adon kaya adate wong Yahudi yen metak layon. 41 Sacedhake papan panggonane Gusti Yesus kasalib iku ana patamanane lan ing patamanan mau ana pakuburan anyar kang durung tau dianggo ngubur wong. 42 Sarehne pinuju dina pacawisane wong Yahudi, sarta kuburane iku cedhak, mula Gusti Yesus banjur disarekake ana ing kono.

Wungune Gusti Yesus

/20 Ing dina kapisan ing minggu iku esuk umun-umun, nalika isih peteng, Maryam Magdalena menyang pasarean lan dheweke weruh manawa; watu tutupe guwa wus kasingkirake saka ing pasarean. 2 Tumuli lumayu nemoni Simon Petrus lan sakabat liyane kang dikasihi dening Gusti Yesus, padha diwartani: "Gusti dipun pendhet ing tiyang saking pasarean, lan kula boten sumerep women ing pundi anggenipun nyarekaken."

3 Petrus lan sakabat liyane mau banjur padha mangkat menyang pasarean. 4 Sakarone padha miayu bebarengan, nanging sakabat liyane iku playune luwih rikat tinimbang Simon Petrus, temahan luwih dhisik tekane ing pasarean. 5 Lan bareng nginguk, weruh yen ulese wus sumeleh ing lemah; nanging dheweke ora miebu. 6 Simon Petrus olehe nututi iya tumuli tekan sarta banjur miebu ing pasarean, lan weruh ulese sumeleh ing lemah 7 dene lawon riwe kang maune ana ing mastakane Gusti Yesus ora awor karo ulese, nanging sumeleh rada nyele ana ing panggonan liya lan wis gulungan. 8 Sakabat liyane kang dhisik tekane ing pasarean mau iya tumuli miebu, banjur ndeleng sarta pracaya. 9 Awit salawase sakabat-sakabat mau durung padha mangreti isine Kitab Suci kang mratelakake, yen Gusti Yesus pinesthi wungu saka ing antarane wong mati. 10 Sakabat loro mau tumuli padha mulih.

Gusti Yesus ngatingal marang Maryam Magdalena

11 Nanging Maryam Magdalena ngadeg ana ing sacedhake pasarean karo nangis. Sajrone nangis nginguk ing pasarean, l2 sarta weruh ana malaekat loro ngagem-agem putih, padha lenggah, kang siji ana ing ulon-ulon, sijine ana ing dagan tilas panggonan sumarene layone Gusti Yesus. 13 Malaekat iku banjur padha ngandika marang Maryam: "Ibu, kena apa kowe nangis?" Ature Maryam: "Gusti kula dipun pendhet tiyang lan kula boten sumerep women ing pundi anggenipun nyarekaken." 14 Sawuse matur mangkono, tumuli mengo sarta weruh Gusti Yesus jumeneng ana ing kono, nanging ora sumurup, manawa iku Gusti Yesus. 15 Gusti Yesus tumuli ngandika: "Ibu, kena apa kowe nangis? Kowe nggoleki sapa?" Panyanane Maryam iku juru taman, banjur matur: "Bapak, manawi sampeyan ingkang mendhet Panjenenganipun, kula sampeyan criyosi, wonten ing pundi anggen sampeyan nyarekaken, kula pendhetipun." 16 Gusti Yesus tumuli ngandika: "Maryam!" Maryam banjur minger sarta munjuk ing basa Ibrani: "Rabuni!" Jarwane; Guru. 17 Pangandikane Gusti Yesus: "Aja nggepok marang Aku, awit Aku durung sowan ing ngarsane RamaKu, nanging lungaa nemonana para sadulurKu, lan padha kandhanana, manawa Aku arep sowan menyang ing ngarsane RamaKu lan Ramamu ing ngarsane AllahKu lan Allahmu." 18 Maryam Magdalena tumuli lunga wewarta marang para sakabat: "Aku wus ndeleng Gusti!" sarta yen kang mangandikani bab-bab iku mau uga Panjenengane.

Gusti Yesus ngatingal marang para sakabat

19 Bareng ing wayah bengi ing dina kapisan minggu iku para sakabate Gusti Yesus padha nglumpuk ana ing sawijining papan, lawange padha kakancing awit saka wedine marang wong Yahudi. Ing nalika iku Gusti Yesus rawuh jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: "Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh!" 20 Sawuse ngandika mangkono, tumuli nedahake astane lan lambunge marang para sakabat. Para sakabat iku padha bungah nalika ndeleng Gusti Yesus. 21 Gusti Yesus banjur ngandika maneh: "Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh! Kaya anggonKu kautus dening Sang Rama, kowe saiki iya padha Dakkongkon." 22 Sawuse ngandika mangkono, tumuli padha didamoni, lan dipangandikani: "Padha nampanana Roh Suci. 23 Manawa kowe padha ngapura dosane wong, iku dosane diapura, lan manawa kowe padha netepake dosane, iku dosane ditetepake."

Gusti Yesus ngatingal marang Tomas

24 Nanging Tomas, panunggalane sakabat rolas iku, kang karan Dhidhimus, nalika rawuhe Gusti Yesus mau ora nunggal karo kanca-kancane. 25 Banjur dikandhani dening para sakabat liyane iku: "Aku wus padha ndeleng Gusti!" Nanging Tomas calathu: "Manawa aku durung ndeleng tabete paku ana ing astane lan sadurunge aku nduiek tilas paku iku nganggo drijiku tuwin lambunge daklodok nganggo tanganku, aku ora bakal' ngandel pisan-pisan."

26 Bareng tumeka ing wolung dinane para sakabate Gusti Yesus padha ana ing jero omah iku maneh sarta Tomas iya ana. Gusti Yesus tumuli rawuh nalika lawange padha kakancing, banjur jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: "Tentrem-rahayu anaa ing kowe!" 27 Nuli ngandika marang Tomas: "Drijimu prenekna, tanganKu tontonen, sarta tanganmu ulungna, lodokna ing lambungKu lan kowe aja nganti ora ngandel maneh, nanging kumandela!" 28 Tomas mangsuli, unjuke: "Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!" 29 Pangandikane Gusti Yesus: "Amarga kowe wus ndeleng Aku, temah kowe kumandel. Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel."

Tujuane Injil iki katulis

30 Dhasar isih ana pratandha liyane akeh maneh kang katindakake dening Gusti Yesus ana ing ngarepe para sakabate, kang ora kasebut ana ing kitab iki, 31 nanging kabeh kang kamot ing kene, iku katulisan supaya kowe padha pracaya, yen Gusti Yesus iku Sang Kristus, Putrane Gusti Allah, sarta supaya srana pracayamu kowe padha nduwenana urip ana ing Asmane.

Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate ana ing pinggir sagara Tiberias

/21 Sawuse mangkono, Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate maneh ana ing pinggire sagara Tiberias; dene anggone ngatingal mau mangkene: 2 Ana ing pasisir kono kang padha ngumpul: Simon Petrus lan Tomas kang karan Dhidhimus, Natanael kang saka ing kutha Kana tanah Galilea, anake Zebedheus lan sakabate liyane loro. 3 Simon Petrus tumuli kandha marang kancakancane mau: "Aku arep lunga goiek iwak." Wangsulane kancane: "Aku iya padha melu kowe." Banjur padha mangkat nunggang prau, nanging sawengi iku padha ora oleh apa-apa. 4 Nalika wus bangun esuk, Gusti Yesus jumeneng ana ing gegisik. Nanging para sakabate padha ora ngreti, yen iku Gusti Yesus. 5 Gusti Yesus tumuli ngandika: "He, bocah-bocah, apa kowe padha duwe lawuh?" Wangsulane: "Boten." 6 Pangandikane Gusti Yesus: "Jalamu tibakna ing satengene prau, temah kowe bakal padha oleh." Jalane tumuli ditibakake, nanging banjur ora kena ditarik, awit saka akehe iwake. 7 Sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus tumuli kandha marang Petrus: "Iku Gusti." Bareng Simon Petrus krungu, yen iku Gusti Yesus, tumuli nganggo sandhangane, rriarga isih ngliga; banjur ambyur ing sagara. 8 Praune diajokake dening para sakabat liyane, jalaran ora adoh saka ing dharatan, mung watara rong atus asta, sarta jalane kang kebak iwak iku digered. 9 Samentase ing dharatan, para sakabat padha weruh geni areng, lan iwak tumumpang ing geni mau sarta roti. 10 Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabat: "Njupuka iwak sawatara, oleh-olehane anggonmu mentas njala iku!" 11 Simon Petrus banjur munggah ing prau lan ngentas jalane menyang ing dharatan, jala iku kebak iwak gedhegedhe: nganti satus seket telu kehe. Nanging sanadyan nganti samono kehe, jalane ora bedhah.

12 Pangandikane Gusti Yesus marang para sakabat: "Mrenea, padha sarapana." Ora ana ing antarane para sakabat iku kang wani munjuk pitakon: "Paduka punika sinten?" Amarga wus padha ngreti, yen Panjenengane iku Gusti Yesus. 13 Gusti Yesus tumuli majeng, sarta mundhut roti mau, tumuli diparingake marang para sakabat, mangkono uga iwake. 14 Iku wus ping telune anggone Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate sawuse wungu saka ing antarane wong mati.

Angona wedhus-wedhusKu

15 Sawuse padha sarapan, Gusti Yesus ngandika marang Simon Petrus: "Simon anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku ngluwihi wong-wong iki?" Unjuke Petrus: "Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka." Pangandikane Gusti Yesus: "Engonen cempe-cempeKu!" 16 Pangandikane Gusti Yesus maneh marang Petrus kang kapindhone: "Simon, anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku?" Unjuke Petrus: "Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka." Pangandikane Gusti Yesus: "Engonen wedhus-wedhusKu!" 17 Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus kang kaping telune: "Simon, anake Yokanan, apa kowe dhemen marang Aku?" Petrus dadi sedhih atine amarga Gusti Yesus ndangu kang kaping telune: "Apa kowe dhemen marang Aku?" Petrus banjur munjuk: "Dhuh, Gusti, Paduka mirsa samukawis, inggih mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka." Pangandikane Gusti Yesus: "Engonen wedhus-wedhusKu! 18 Satemen-temene pituturKu ing kowe: Nalika kowe isih enom, kowe sabukan dhewe lan kowe lumaku menyang ngendi bae kang kokkarepake, nanging besuk manawa kowe wus tuwa, kowe bakal mulung tanganmu lan wong liya kang bakal nyabuki, banjur nggawa kowe menyang panggonan kang ora kokkarepake." 19 Bab iku dipangandikakake kanggo mrasemoni kapriye patrape Petrus anggone bakal mati kanggo ngluhurake Gusti Allah. Sawuse ngandika mangkono mau tumuli dhawuh marang Petrus: "Melua Aku!"

Sakabal kang dikasihi dening Gusti Yesus

20 Bareng Petrus noleh, weruh sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus ndherek, iya iku sakabat kang nalika bujana lungguh cedhak Gusti Yesus sarta munjuk: "Gusti, sinten tiyangipun ingkang badhe-ngulungaken Paduka?" 21 Nalika Petrus weruh sakabat iku mau, tumuli munjuk marang Gusti Yesus: "Gusti, dene punika badhenipun kadospundi?" 22 Pangandikane Gusti Yesus: "Saupama Dakkarepake, supaya iku tetep urip nganti satekaKu, iku rak dudu prakaramu. Nanging kowe: melua Aku!" 23 Banjur sumebar kabar ing antarane para sadulur, yen sakabat iku mau bakal ora mati. Nanging Petrus ora dipangandikani dening Gusti Yesus, yen sakabat mau bakal ora mati, nanging: "Saupama dheweke Dakkarepake supaya tetep urip nganti satekaKu, iku dudu prakaramu."

Panutup

24 Iya iku sakabat, kang nekseni lan wus nulisi bab iki kabeh lan aku kabeh padha sumurup, yen paseksene iku nyata.

25 Isih akeh bab-bab liyane maneh kang katindakake dening Gusti Yesus, nanging saupama kabeh iku kudu katulisan siji-sijine, mesthi jagad iki ora bisa ngemot kabeh buku kang kudu katulis iku.

free web site hit counter